diff --git "a/train/jav.jsonl" "b/train/jav.jsonl" new file mode 100644--- /dev/null +++ "b/train/jav.jsonl" @@ -0,0 +1,2650 @@ +{"id": "1791", "text": "Pas neng Bogor, aku biasane diterke yen arep neng endi-endi. Aku biasane diterke karo simbah utowo paklike pas lagi ora nyambut gawe. Nanging, simbah lan paklike kui ora mesthi iso ngeterke aku terus. Dheweke podo duwe urusane dhewe-dhewe sing ora iso ditinggal. Pas lagi koyo ngono kui, gelem ora gelem, aku kudu numpak kendaraan umum. Numpak kendaraan umum pas kui rodo repot, soale durung ono ojek daring. Siji-siji kendaraan umum sing iso dienggo kui angkot. Masalah seko omahku tekan dalan gedhe kui adoh banget. Aku kudu mlaku kiro-kiro sekitar rong kilo luwih, supoyo iso numpak angkot. Kui pas aku isih SD. Dadani jarak sak mono kui rosone wis adoh banget.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10056", "text": "Yogurt sakmenika kathah dipunsade kanthi regi ingkang awis wonten minimarket kaliyan supermarket. Boten kathah tiyang, mliginipun lare enem ingkang ngertos menawi Indonesia ugi gadhah yogurt tradisional. Asmanipun yogurt menika dadiah. Tiyang Minangkabau damel dadiah saking fermentasi susu maesa. Wadah kangge nyimpen dadiah inggih punika batang pring ingkang dipuntutup kangge godhong gedhang. Dadiah lumrahipun dipundahar kaliyan ampiang saking beras ketan. Salah satunggaling panggonan ingkang sadeyan ampiang dadiah inggih punika warung Lestari H. Minah wonten Bukittinggi. Dahar dadiah sae kangge kesarasan pencernaan. Daharan menika saged nyerap nutrisi kanthi optimal. Raosipun khas dadiah menika kecut lan wonten wanginipun batang pring. Sakmenika tiyang ingkang damel dadiah sampun langka. Pramila dadiah dados daharan tradisional ingkang eksklusif. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8940", "text": "Aku iku arek e muales pol ben dikongkon ngelakoni olahraga sembarang kalir jenis e. Tapi aku iku sadar nek bobotku iku wes berlebih. Soale aku mlaku dilut ae pas nang Mal iku rasane sikilku wes njarem dan ambekanku wes menggos. Teko kono, aku iku sadar nek wes wayahe aku olahraga. Tapi berhubung aku males ngelakoni olahraga sing intensitas e abot, aku milih gawe mlaku sampe 10 ewu langkah ben dinone. Awale sih aras-arasen kabeh, opo maneh ben dinone aku kudu mlaku keliling omah sampe sak jam an ben isok nyapai target iku mau. Suwe-suwe aku maleh kulino dan mboh opo’o rasane awakku mulai enteng kabeh. Terus pas wes dalan sak wulan, aku ngecek bobotku iku wes mudun sampe 3 kg. Padahal aku gak atek diet, tapi mek mlaku iku tok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9245", "text": "Sapa sing ora seneng mangan cokelat? jajan iki dadi salah siji jajan sing paling laris ana ing toko lan digoleki kabeh wong saka kabeh umur. Wiwit bocah nganti wong gedhe kaneh seneng mangan coklat. Nanging mangan coklat uga perlu diwatesi. Nalika keakehan mangan coklat bisa nyebabake penyakit. Misale lara untu. Coklat sing dipangan lan nyantol ana ing untuk kudu cepet diresiki supaya ora thukul dadi bakteri lan nyebabake lara untu. Coklat iku legi, dadine yen keakehan uga bisa ningkatake kemungkinan kena diabetes. Saliyane iku, coklat bisa nggarai thukul kukul ing rai. Ora pengen toh raine kebak kukul? aja keakehan mangan coklat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3184", "text": "Jarene situs online sing nerangno manfaate olahraga, mlayu iku tibake akehe pol manfaate, salah sijine yoiku gawe guatno jantung ben sehat. Tapi jarene koncoku nag mlayune iku maeng mok angger mlayu ambek ora merhatekno liyane yo tambah loro kabeh. Contone koyok mlayu ora atek pemanasan sing ancene dibutuhno kanggo ngelemesno awak awit teko tangan, sikil, sampek endas. Nah gunane pemanasan iku maeng kanggo ngelemesno bagian-bagian sendi awit teko sikil sampek endas ben ora lora ambek breset utowo kesleo nag di gawe mlayu. Yo ancene apik mlayu iku tapi yo kudu ngerti carane ben ora marakno awak loro kabeh soale ora ngerti. Terus sing paling penting kudu tlaten olahragae.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2765", "text": "Kabeh kitab suci iku mesti ngulangno ajaran sing intine noto urip nang dunyo. Salah sijine yoiku kitab al quran. Kitab iki duweni pirang-pirang ajaran sing ancene kanggo noto uripe menungso ben ora kesasar nang rusake donyo sing wes akhir iki. Jarene kyai-kyai sing ngulangno ajaran sing ono nang jero al-quran, kitab suci iki termasuk kitab sing bener-bener mulyakno menungso soale, kabeh sing dicontokno iku cerito-cerito sing bakal noto uripe menengso ben slamet teko blahine urip nang dunyo ambek akhirat. Mangkane kitab suci iki sampek saiki isek dijogo ambek digawe poro ulama, guru ngaji, ambek liyan-liyane kanggo ngulang generasi enom soale isine iku pas terus ambek jaman sing terus maju iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "535", "text": "Awak dhewe mungkin sok binungung kerungu akeh versi seko cerita rakyat. Ono detail cerita sing bedo-bedo. Nanging perkoro kui wajar kanggo cerita rakyat. Cerita rakyat kui cerito sing dimidunke seko generasi sing tuwo neng generasi sing luwih enom. Sing generasi enom kuwi mengko bakal cerito meneh neng generasi selanjute. Prosese kui sing dowo kui iso gawe kemungkinan cerito kui berubah. Koyo awak dhewe ora iso baline meneh omongane guru/dosen sing podo plek. Awak dhewe mung iso jipuk intine utowo garis besar seko omongane dosen. Detail-detaile, awak dhewe tambahi dewe seko pengalaman sing ono neng pikirane awak dhewe. Dadi, cerito rakyat kui mungkin ono detail sing bedo-bedo nanging mesthi duwe alur utama sing podo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9288", "text": "Salah sawijining buah kang miturutku rasane enak lan bisa nyegerake awak kuwi buah strawberry. Buah kang subur uripe ing dhaerah dataran tinggi iki bisa diolah dadi panganan, ombenan, apadene campuran panganan kang maneka warna, kayata: jus, susu, selai, puding, mochi, lan liyane. Sing luwih marai nyenengake yaiku buah kang duwe rasa asem kecut lan sethithik legi iki manfaate kepetung akeh, ing antarane: bisa nyegah kanker, bisa ngundhakake imunitas awak, bisa gawe balung luwih rosa, bisa njaga kadar gula darah, bisa uga njaga kasarasaning netra manungsa. Mula, ayo wiwit padha mangan strawberry, ning aja dicampur lelegen kang akeh lho, mengko mundhak manfaate ilang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2708", "text": "Nag kampungku biasane ono kegiatan rutin sing biasane kanggo bocah-bacoh enom ben ngerti sejarahe kanjen nabi Muhammad S.A.W. Nah kegiatan iku jenenge Dibaan. Nag wes wayae dibaan bocah-bocah ancene dianjurno ambek tokoh agama kanggo ngelakoni dibaan iku soale iku termasuk acara sing digawe kanggo ngulangi bocah-bocah enom ben ora dadi generasi sing ora ngerti sejarah islam. Nah dibaan iku acarae iku moco sholawat bareng sing artine iku yo ngisahno perjalanane kanjeng nabi ambek dongakno kanjeng nabi ben oleh syafaate beliau maneh nag dino kiamat. Dadi bocah-bocah nang kampung gonanku iku kudu bener-bener melok kegiatan rutin iku ben dadi generasi sing apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4025", "text": "Wong sing duwe tonggo kudune iso jogo kerukunan ben urip ambek tonggone iku adem ayem. Jarene koncoku tonggone iku ono wong sing ora ngurusi ambek tonggone, sak ben dinone iku yo tutupan terus lawange, ambek ora tau gembulan karo kiwo tengene, padal kiwo tengene maeng yo akehe megilan wong sing jandon. Nah sing ngunuku ancene yo ora tepak, kudune ambek tonggone iku yo mesti sing guyup ambek sing gelem ngomong ben tonggone nag ono opo-opo iku gelem ngewangi ambek ora sungkan nag ate jaluk tolong. Nah tonggo iku iso luweh apik timbang dulur, soale nag ono opo-opo mesti tonggone disek sing ngewangi mangkane karo tonggo iku kudune sing rukun.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "554", "text": "Panganan khas daerah kui kerep dadi oleh-oleh wong-wong sing plesiran. Panganan khas kui digowo bali neng omahe supoyo dheweke iso ngiling-iling meneh suasana kota wingi kanggo cara magan panganane mau utowo sekadar kanggo supoyo wong-wong omah ora nesu. Nanging ono fenomena anyar saiki, yaiku akeh jedul kue-kue artis sing dadi oleh-oleh khas seko kota tertentu, contohe koyo Bogor Rain Cake e Shireen Sungkar lan Jogja Scrummy e Dude Herlino. Kudu diakoni, kue-kue artis kue pancen enak nanging ora ono unsur panganan utowo oleh-oleh khas seko kota kui. Bogor Rain Cake kui pancen ono kue sing dawe nganggo tales bogor. Nanging olahan tales sing dadi kue kui dudu pangan khas seko kota udan kui.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4058", "text": "Koncoku sing gelek ngadepi bencana alam, mesti ngelengno aku nag nang wayae rendeng. Nah deke iku mesti ngandani nag ono udan deres iku biasane mesti banjir gede, dadi barang-barang sing sekirane regane iku dukur ambek apik yo kudu disimpen sak apike, soale jagani nag banjire iku gede terus akhire dadekno perkoro sing elek sing kudu diadohi. Nah anjuran iku maeng yo apik soale kanggo jogo-jogo nag ancene kedaden bencana alam koyok bancir sing biasane gelek kedaden nang daerahe koncoku. Yo nag apan rendeng mesti koncoku maeng ngelengno soale deke wes tau ngalami ora enake nag kenek banjir terus dampak sing diakibatno iku ora karoan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7809", "text": "Jaman saiki, wes akeh banget game sing genre ne tentang peperangan. Padahal, ket mbiyen game tentang peperangan iku wes onok. Salah sijine iku Age of Empires sing wes onok ket tahun 1997. Sesuai ambek genre ne, game iki ngongkon awak dewe nyusun strategi sak durunge engkok ngelakoni peperangan. Mulai sing nyiapno tentara sing jumlahe akeh, beraliansi ambek kerajaan sebelah, dan akeh maneh. Penyusunan stategi koyok ngono iku isok diterapno nang kehidupan sehari-hari. Segampang nyusun strategi yaopo carane gawe sinau sing tepak, iku wes dadi bentuk output nyata teko penyusunan strategi iku mau. Dadi ayo dolen Age of Empires rek, wes asik, terus hasil nyotone sing positif iku onok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7091", "text": "Adikku nduwe akeh banget hobi. Tapi onok siji hobi sing marai aku kagum, yaiku nail art. Nail art iku seni nglukis kuku nganggok pitek. Adekku iki seneng banget ngelukisi kuku. Gak mek kukune de’e dewe, tapi yo kukune wong liyo, termasuk kukuku. Nang omah, koleksi pitekke uakeh banget. Jare adekku seh soale nail art iku onok macem macem jenis gambare dan butuh akeh werno, dadi de’e ngoleksi pitek sing bedo-bedo wernoe. Awale ambek mamaku diomeli, tapi suwe-suwe dijarno soale tambah diomeli tambah nambah koleksi pitekke. Jare de’e nek wes jago banget kate buka jasa nail art gawe wong liyo dan digawe bisnis ngono. Yo tak dungakno ae mugo-mugo isok kedaden.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8100", "text": "Bapak karo mamaku iku podo podo nduwe usaha dewe-dewe. Bapakku iku nduwe usaha tambak, terus mamaku nduwe warung. Wong tuwoku iku pingine engkok anake niru nduwe usaha sisan. Tapi sayange aku sek durung nduwe ketertarikan gawe mulai usaha blas. Bapakku ngarahno gawe buka usaha sing cilik-cilik ae, contohe dodolan pulsa. Akhire tak iyani ae, sopo eroh engkok aku entok untung akeh. Dimodali hp, nomer anyar, ambek saldo pulsa 500 ewu, aku mulai dodolan pulsa nang Sekolah. Dan sing gak tak songko, dadakno akeh banget konco-koncoku sing tuku pulsa nang aku. Alesane iku mergo regane luwe murah timbang nang panggon liyane. Akhire tak tekuni ae usaha dodolan pulsa iki. Bahkan dalam wektu sak tahun, aku wes isok balik modal saking akehe sing tuku pulsa nang aku.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5478", "text": "Nonton bal-balan kuwi pancen paling nyenengake yen nonton langsung amarga energi sing dinggo kanggo ndukung kuwi bedha lan biyasane luwih gede. Ana unsur solidaritas sing ana ning suporter kuwi. Nanging amarga peristiwa sing ana ning Kanjuruhan, suporter bal-balan saiki kudu luwih waspada amarga ketertiban saiki mulai disorot. Akeh supoter sing padha seda amarga musibah kuwi lan ora ana sing nyangka yen bakal dadi apes lan malane. Kamangka kuwi, awak dhewe bareng-bareng bisa ndunga kanggo ketenangane para korban ning alam arwah uga nggawe perjanjian para suporter kedadian iki ora keulang maneh. Awak dhewe uga kudu bisa netral lan ndelok kejadian kuwi secara adil.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7322", "text": "Nabi Musa AS iki lahir nang Mesir tahun 1527 sak durunge Masehi. Mbiyen cilike nabi Musa AS iki urip nang istanane Fir’aun ket umur 3 wulan. Pas mulai gede, Nabi Musa AS iki Nabi sing memerangi raja Fir’aun sing terkenal ambek sifat sombonge. Beliau mimpin Bani Israil gawe nyembah Allah. Atas izin Allah SWT, Nabi Musa AS iki dinehi mukjizat. Siji, isok nguripno wong sing wes mati sing tujuane gawe ngungkapno kasus pembunuhan. Loro, nduwe tongkat sing isok berubah dari ulo. Telu, isok mbelah laut merah pas diserang ambek pasukan tentarane Fir’aun. Terakhir, dianugerahi kitab Tarat sing isine tentang 10 firman Allah gawe Bani Israil.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "451", "text": "Selama urip iki, aku methi ngerayake bakdo idul adha lan idul fitri karo keluarga. Nanging neng 2019, aku ngerayake bakdo adoh seko keluarga mergo aku lagi KKN. Rasane rodo sedih ora iso bareng karo keluarga pas hari raya Islam kui. Nanging ngerayake bakdo, karo konco-konco KKN jebul seru. Sedino, sak durunge salat, aku ngancani konco sing jupuk jurusan peternakan neng masjid-masjid cerak pondokan. Dheweke duwe program kerja ngecek-ngeceki khewan sing arep dikurban. Sesoke bar salat, awak dhewe ngewangi remaja masjid neng deso kui kanggo ngiris-ngirisi daging sing wis disembeleh. Bar kui, awak dhewe bareng-bareng mubeng deso kanggo ngebagike hasil kurban kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7879", "text": "Pas awakmu lagi ngamong ponakan, kadangan pasti buntu ide kate ngajaki dolan opo ae nek arek-arek iku wes podo bosen nang omah. Nek wes ngono, awakmu isok ngajak ponakanmu dolan nang Mall gawe numpak animal ride. Animal ride iku robot dolanan sing bentuke kewan dan isok dikendarai gawe keliling Mall. Bentuke sing lucu iku pasti marakno arek cilik tertarik gawe numpak iku. Terus sisan, awak dewe isok ngenalno macem-macem jeneng kewan teko kono. Regane sing murah yo isok sisan gawe nyenengno arek cilik. Dadi gawe awakmu sing bingung kate ngajak anak utowo ponakan dolan opo, animal ride iki isok dadi alternatif.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2813", "text": "Rumah adat yaiku bangunan omah sing digawe ambek ciri-ciri kusus sing ngelambangno karaktere wong adat kono. Omah iku yo dibangun polahe fungsine sing macem-macem contone koyok kanggo kumpulan, kanggo turu, ambek liyan-liyane sing iso gawe ngiyop wong nang adat iku maeng. Lah sing jenenge omah adat nang negoro iki iku pirang-pirang ambek macem-macem bentuke sing ancene iso digawe identitas suku, budaya ambek adat istiadat sing kelakon nang adat suku iku maeng. Sak liyane iku, omah adat saiki yo dadi identitas bangsa sing iso ngelambangno sopo bangsa iku, mari ngunu yo kenek di gawe ngenali adat iku wes pirang generasi utowo gawe identitase adat iku maeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2882", "text": "Toko adat yaiku wong sing paling dianggep penting utowo wong sing duwe fungsi penting nang daerah masyarakat adat iku maeng. Sak liyane iku yo ono sing ngarani nang masyarakat nag toko adat yaiku wong sing duwe status sosial duwur nang masyarakat adat iku contone koyok wong sing dituwahno, mari ngunu wong sing ditunjuk ambek masyarakat adat iku maeng dadi pemimpin, ambek liyan-liyane sing makili masyarakat adat maeng. Mangkane nang masyarakat adat iku sing jenenge tokoh iku macem-macem, bedo suku mesti seje oleh ngarani, contone nag nang daerah gonku sing jenenge kepolo dusun, iku diarane petinggi, tapi nang daerah sunda iku diarani kuwuh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9710", "text": "Hania pas wayah preian sekolah, deweke lan keluargae plesir ing Papua. Ing Papua Hania nemui omah-omah kang lucu lan unik, omah iku jenenge Honai. Omah Honai yaiku rumah adat khas masyarakat Papua sing biasane ditemui ing kawasan lembah Baliem, Jayawijaya. Ing kunu dinggoni dening suku Dani, suku Yali lan suku Lani. Omah Honai kasusun saka telu jenis, yaiku honai omah gawe wong lanang, Ebei yaiku omah gawe wong wedok, lan omah Wamai yaiku omah kanggo kewan ternak. Omah honai dibangun kanti ngelumpuk dadi siji, amarga sekeluwarga ora cukup yen mung siji omah wae. Hania nyobak mlebu ing salah sijine omah Honai duwene warga deso iku. Hania seneng amarga iku dadi pengalaman pertama deweke melbu ing omah iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2892", "text": "Kabeh daerah iku mesti duwe sing cenenge ciri khas, mboh iku teko klambine, budayae, utowo panganane. Lah sing jenenge makanan khas daerah yaiku panganan sing biasane dipangan nang ponggonan utowo daerah iku maeng. Lah panganan iku ora angger panganan, tapi yo duwe cirikhas sing nyimbolno utowo sing ngelambangno karakteristik daerah iku maeng, koyok contone teko rasa, terus bentuke, ambek iso teko warnai barang yo iso. Tapi kadang ono daerah sing duwe ciri khas panganan sing mirip tapi bedo rasane. Lah mari ngunu yo ono panganan sing wes saking ramene nang endi-endi sampek bingung iku aslie teko endi. Mangkane ciri khas panganan iku mesti bedo, mboh iku rasane utowo tambahan panganan sing ora ono nag enggon liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6951", "text": "Aku nek ben ketemu ambek uwong, seringe pasti seneng ambek rasa coklat. Nek pesen terang bulan opo roti bakar, pasti andalane milih rasa coklat. Jare seh nek rasa coklat iku wes pasti enake, dan aku setuju. Pengecualian gawe adikku. De’e iku buenci banget ambek sembarang olahan panganan sing terbuat teko coklat. Mbiyen pas cilik, de’e sempet seneng ambek rasa coklat. Semenjak de’e tau loro terus karo dokter gak dioleni mangan coklat, dadine yo mulai ngehindari. Akhire sampe saiki kegowo kebiasaane dan dadi benci ambek rasa coklat. Ben nek tuku jajanan, mesti milih rasa liyane pokoke sak liyane coklat. Ancene kabeh iku isok terjadi mergo kebiasaan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7345", "text": "Jaman saiki, lagi rame banget pembahasan aurate wong wedok. Wong-wong jauh luwe seneng gawe bahas tentang aturan aurate wong wedok, mulai teko kerudung sing kudune nutup dodo, klambi sing gak oleh nyepret nang awak, dan gak oleh nganggo celono. Padahal mereka gak sadar, nek aurate wong lanang iku yo perlu dibahas. Hal iku mergo sek akeh lanang sing lalai gawe nutup aurate saking fokuse mek aurate wong wedok tok. Aurate wong lanang iku mulai teko puser sampe lutut. Ketoke enteng, tapi sek akeh sing lalai. Opo maneh saiki akeh banget wong lanang sing senengane nganggo celono cekak dan sampe mamerno pupune. Sing koyok ngono iku wes dadi bentuk gak menutup aurat dengan bener, soale pupune ketok.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5113", "text": "Ing salah sawijining film, yaiku Tenggelamnya Kapal van Der Wijck, ana omah adat sing disorot, yaiku omah khas adat Minangkabau sing uga diarani omah Gadang. Omah gadang iki uga dikenal karo sebutan bagonjong utawa baanjuang amarga bentuk gendhenge lancip. Miturut adat, omah gadang iki dibangun saka kayu juha sing kuat lan bisa nampung akeh beban uga ora gampang rusak. Jumlah kamar ning omah iki miturut jumlah anggota keluarga putri. Ning bangunane uga ana hiasan ukiran kaya kembang utawa sulur tanduran. Gendhenge omah gadang iki bentuke kaya sungu kebo kanggo mengeti crita Tambo Alam Minangkabau, yaiku cerita babagan wong Minang sing menang adu kebo karo wong Jawa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9254", "text": "Lembaga databooks.katadata.co.id, nate ngetokake laporan. Laporan mau nuduhake yen panganan batagor dadi sawijining panganan favorit ing kalangan masyarakat Indonesia. Bokmenawa akeh sabab musababe batagor dadi karemenane warga Indonesia. Siji, batagor duwe tekstur kang mawarni. Kulite crispy, campuran tepung lan daging ana sajrone krasa lembut, katambah tekstur creamy seka saos kang dadi sandhingane. Loro, panganan kang asale saka Bandung iki duwe rasa kang mawarni uga. Rasa gurih saka gorengan, banjur rasa gurih pedes saka sambel kacang, uga rasa legi saka kecap. Yen remen, adate diperesi jeruk nipis barang supaya nambah rasa asem dadi seger. Telu, panganan kang minangka cekakan saka tembung 'bakso tahu goreng' iki yen di dol dening bakul grobag kaki lima regane ora kapetung larang, mula isih bisa katumbas dening warga tanpa mikir yen kentekan dhuwit. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8101", "text": "Koyok biasa, ben isuk konco-konco kelasku iku pasti ngenteni Risa gawe teko nang kelas. Pas areke wes teko, kabeh podo nagih burger sego gawenane Risa. Arek iku gak suwe langsung bagikno dodolane iku mau. Dadi burger segone Risa iku wes terkenal banget nang Kampus, terutama nang Fakultas iki. Dan sing paling sering tuku iku yo arek-arek jurusane. Awale de’e buka PO disik rong dino sak durunge. Mbari ngono dibatesi pesenane sampe jam 6 sore ndek dino sing podo. Pesen luwe teko jam iku gak bakal direken. Pas H-1 bengine, Risa pasti bakal sibuk gawe masak burger nasi iku. Pas bengine iku mek disiapno bahan mentahane ae, terus pas shubuh buru dimasak ben sek anget. Terus isuke, de'e langsung bagi-bagi sego burgere nang arek-arek sing pesen wingi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5199", "text": "Salah siji panganan khas Malang sing ora terkenal nanging enak yaiku tela saka gunung kawi. Tela iki ya kaya tela biyasa warna ungu nanging bentuke luwih cilik lan bisa dikemas ning jero besek anyaman pring. Tela iki rasane legi lan uga ngandung karbohidrat sing cocok kanggo diet lan bisa nangani masalah kesehatan pencernaa. Nanging kadang ana pedagang sing nakal, yaiku nyuntikake sari manis ning telo godhog ben rasane legi nanging ya ora alami. Biyasane pedagang nakal iki ana ning musim udan amarga wayah kuwi rasa telane ora legi. Kamangka kuwi, awak dhewe yen arep tuku tela Gunung Kawi kudu pinter nggoleke lan yen bisa ya tuku sing mentah lan digodhog dhewe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5017", "text": "Ing agama Katolik, ana sing identik karo babagan titah saka Gusti, yaiku titah Gusti kanggo dadi biarawati utawa dadi pastor. Sak durunge diangkat dadi biarawati utawa pastor, para pemudha iki kudu sekolah dhisik. Kanggo biarawati, ana 4 cara sing kudu dilakoni. Kaping pisan yaiku kudu ngerti syarate apa wae kaya ora oleh nikah lan kudu gelem dadi prawan seumur urip. Kaping pindho yaiku kudu cukup umur, yaiku umur 18 taun kanthi umur 40 taun. Kaping telu, yen calon biarawati nduwe anak, kudu dipastekake anake wis gedhe utawa wis mandiri. Kaping papat, calon biarawati kudu ana ning posisi kesehatan lan keuangan sing stabil amarga proses dadi biarawati iki dawa.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4683", "text": "Indonesia iki pancen akeh rempah daerahe. Salah sijine andaliman, yaiku sing uga bisa disebut lombok batak. Andaliman iki angel ditemoni ning jaba tlatah batak amarga iklim sing cocok ya mung ning bagian lor Sumatera iki. Andaliman iki rasane pedhes nanging pedhese beda. Ing Aceh ya ana Andaliman nanging ora seakeh ning daerah asale. Bentuke kaya merica nanging cara masake bedha. Bentuke bunder cilik-cilik alan langsung bisa digawe masak yen wes digeprek. Andaliman iki wajib ana ing masakan batak amarga bisa ngasilake rasa sing anget lan khas. Andaliman iki ya bisa ngilangi ambu amis iwak lan ambu daging sing ing masakan Batak. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9048", "text": "Nang Indonesia iku sek akeh pol kasus kemalingan. Salah siji penyebabe iku mergo kunci pintu sing manual dan gampang pol gawe dibobol. Nek gelem rodok bondo sitik, awakmu kudune nganggo kunci digital otomatis. Mbasio regane jelas luwe larang timbang kunci pintu biasa, tapi keamanan omahmu isok luwe terjamin. Hal iku mergo kunci digital iku nganggo sensor sidik jari utowo kode khusus gawe mbukake, dadi gak sembarangan uwong isok melbu nang omah. Wes ngono, nek sek dipekso melbu, kunci digital iku isok munikno alarm tanda peringatan sing berisik pol dan bakal mancing perhatian. Teko kono, maling iku pasti bakal panik dan cepet-cepet kabur. Dadi gawe awakmu sing gak kepingin kemalingan, coba deh nganggo kunci digital iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "960", "text": "Ibuku kepengen tuku blender ket disik. Ibuku lagi iso tuku blender kui pas aku kuliah. Kebetulan, pas kui ibuku lagi entuk rejeki sing luwih. Ibu kui kepengen tuku blender kui ben iso gawe jus dhewe. Sak liyane kui, ibu kepengen nganggo blender kui kanggo ngaluske panganan koyo ayam, daging, lan urang. Jarena dheweke pengen gawe siomay neng omah. Pas ibuku tuku kui entuk rong wadah. Sing siji blender kanggo ngejus lan sing keloro kui kanggo ngaluse panganan. Nanging ibuku ora yakin yen sing keloro kui iso dienggo giling daging. Dadine ibu tuku meneh, nanging jebul kui blender sing salah. Sing dituku kui sebenere kanggo nyacah sayuran. Tekan saiki, blender sing ketelu kui rung tau dibuka seko kerduse.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2347", "text": "Nag ngopi nang salah sijine kafe nag jogja koncoku mesti senengane teh jurek (Lemon Tea), padahal nag omah yo iso gawe teh jeruk dewe. Nag pengen gawe dewe nang omah yo mok nyiap no teh, banyu panas, ambek jeruk. Ngunu ae yo koncoku senengane ngejak nag kafe jare alasane nag nang kafe ono sing es. Dadi, ora mok angger panas tok. Masio nang kafe jaceren koncoku lengkap tapi aku ora seneng karo kopine soale mesti ngampas, terus ampase nag diombe mesti kantel nag untu. Iki sing garae aku ora senenge pol. Padahal asline aku yo seneng ambek kopi. Tapi nag ndelok sing ngeladeni kopi koyok ngunu maleh ora seneng tuku kopi nag kafe utowo warung pinggiran.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9641", "text": "Saiki wes bulan mei wayah e wong islam iki riyoyoan. mari sak wulan muput oleh e ngelakoni poso. raihan atine bungah amarga yen dino riyoyo mesti bocah e duwe kelambi anyar ditukokno ibune ning pasar . raihan mesti ditukokno kelambi telu karo ibune. yen wayah e riyoyoan iki raihan tangi isuk ben ora kari oleh e semabayang riyoyo e . rehan budhal e isuk nemen nganti ga onok wong seng budal dadine rehan baris onok ngarep dewe oleh e sembayang. akhire sembayang riyoyo e dilakokake. yen marine sembayang mesti onok khotbah . rehan ngerungokno khotbah e sing temen-temen. buyar e semabyang rehan cerito karo ibuk e mbakas khotbah isuk mau sing bahas zakat. rehan takon ning ibune opo rehan wis dibayari ibune zakat. rehan ora bayar dewe amarga dewek e durung kerjo isih sekolah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9621", "text": "Salah siji mukjizat nabi Yusuf yaiku bisa ngerti apa artine impen. Nalika iku Nabi Yusuf diangkat dari anak karo Raja. Nabi Yusuf diramut lan disayang banget karo raja iku. Nganti ing suatu dina, Nabi Yusuf difitnah karo Zulaikah utawa Ibu Angkate yen Yusuf nggoda Zulaikha. Akhire Nabi Yusuf dipenjara senajan ora salah. Ngerti Nabi Yusuf bisa ngerteni artine impen, Raja marani Yusuf kanggo nakok apa artine impene Raja. Dheweke ngimpi ana 7 wedhus kuru mangan 7 wedhus lemu lan Raja ndelok ana 7 gandum sing subur lan 7 gandum sing garing. Yusuf ngandani Raja nalika bakal ana 7 taun mangsa iku bakalan apik banget, kabeh tanduran subur, kewan uga urip seger waras. Nanging sawise iku ana 7 taun mangsa angel nalika kabeh ora bisa tukul lan Raja kudu cepak kanggo nyepakna panganan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1746", "text": "Awak dhewe mesthi duwe konco sing wis adoh seko awak dhewe. Disik awak dhewe karo wonge kui kerep dolan bareng, nanging mergo kahanan awak dhewe dadi kepisah. Senadyan wis ora sekota meneh karo dheweke, nanging awak dhewe tetep pengen kancanan. Supoyo awak dhewe iso jogo hubungan kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngikuti koncone dhewe neng media sosial. Sing keloro, awak dhewe iso kontak-kontakan liwat media sosial kui. Awak dhewe iso telpon video sing rutin pas podo selo. Sing ketelu, pas preinan utowo pas wektu selo, awak dhewe iso agendake dolan bareng karo wonge kui. Iso awak dhewe sing ngampira utowo awak dhewe sing ngampiri.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3245", "text": "Mesin umbah-umbah iku ancenen manfaate gede kanggo wong-wong sing ora kober umbah-umbah ambek wong sing repote megialan soale iso gampangno nyambut gawene. Tapi mesin cuci nag ora iso gawe yo bakal bejatno klambi contone nak mesine iku kan ono sing kanggo ngatur bantere umbah-umbah ambek waktu suwene umba-umba. Nag salah ngatur iku maeng yo mesin cuci koyok ora duwe fungsi blas soale klambi bakale bejat. Dadi bener jarene Ibuk kosku biyen, nag umba-umba gawe mesin ngunuku kudu ati-ati nag ora tepok bakale ngenesno ati. Nak tak pikir yo iyo temen soale sing jenenge mesin kan ora iso mikir mok iso mlaku ambek mandek tok terus yo ora iso masi barang.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6603", "text": "Pasangan biasane ana amarga ana wong loro sing nduweni urip lan cara pikir sing meh padha. Nanging ana karya sastra sing nggambarake pasangan saka latar belakang sing bedha adoh, yaiku Edward lan Bella Swan ning novel Twilight. Edward iki saka bangsa vampir sing seneng karo Bella saka bangsa menungsa. Pasangan iki ana ning 4 film sing diangkat saka novel iki. Edward lan Bella iki dadi wujud pasangan fiksi sing bisa dadi inspirasi ning sastra pop lan uga media liyane kaya sinetron lan uga film. Artis sing dadi pasangan iki yaiku Kristen Stewart lan Robert Pattision sing dadi kondhang ning Hollywood. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1712", "text": "Awak dhewe kudu duwe tabungan, senadyan awak dhewe ora pengen tuku opo-opo. Tabungan kui ora mung dienggo tuku barang sing larang, naning iso dienggo pas awak dhewe lagi butuh. Misale ono kejadian sing ora awak dhewe pengingke lan kui butuh duwit sing ora sitik. Kahanan sing mekso awak dhewe kanggo tabungan darurat mau ono akeh. Awak dhewe iso nganggo dana darutat pas awak dhewe utowo anggota keluargane dhewe ono sing lara. Awak dhewe uga butuh nganggo dana darurat kui pas wong sing dadi sumber nafkah keluarga ngerti-ngerti ora nyambut gawe utowo penghasilane berkurang. Tabungan darurat kui iso dienggo pas lagi ono resesi ekonomi.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6315", "text": "Generasi enom jaman saiki kudune wis paham kepiye carane ngolah dhuwit, utamane nyelengi kanggo dana darurat. Dana darurat kuwi penting banget amarga bisa nambal kekurangan pas menuhi kebutuhan. Sing dadi masalah yaiku akeh perusahaan sing ora bisa ngewenehi gaji sing cocok kamangka kadang generasi sing saiki angel nabung. Gaji sing pas-pasan iki marai wong kangelan nyiyapake dana kanggo kebutuhan sing dadakan iki. Amarga kuwi, akeh sing mikir yen danda darurat iki mug kanggo wong sing gajine akeh lan sempet nyiyapake asuransi saka rancangan kebutuhan sing sekunder lan tersier. Kamangka, wong uga mikir yen dana darurat iki ora perlu lan ora wajib diduweni.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8942", "text": "Tenis utowo bal tempel iku olahraga sing didoleno antara rong pemain utowo antara rong pasang sing masing-masing rong pemain. Ben pemain iku nganggo raket gawe mukul bal raket. Tujuan permainan tenis iku gawe doleno bal nganggo cara tertentu ben lawan iku gak isok mbalekno bal mau. Tenis iku meh podo karo bulu tangkis, mek bedo jenis raket karo bal e tok. Tenis iku didoleno pertama kali antara tahun 1859 sampe 1865 nang Birmingham, Inggris. Turnamen tenis sing terkenal iku mulai teko Piala Davis, All-England, Roland Garros, AS Terbuka, ambek Australia Terbuka. Salah siji manfaat permainan tenis iku isok gawe ngelatih otot sikil ambek otot lengan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1797", "text": "Kanggo wong sing arep numpak angkot kanggo pertama kaline kui pancen rodo angel, opo meneh neng Bogor. Yen awak dhewe ora ngerti rutene, awak dhewe iso kesasar mergo salah numpak angkot. Yen misale, awak dhewe wis ngerti rutene. Aku andani cara numpake. Sing kesiji, awak dhewe nyetop angkut sesaui karo rute sing podo karo tujuane dhewe. Yen misale, awak dhewe durung yakin, awak dhewe iso takon meneh neng sopire. Sing keloro, awak dhewe iso lingguh. Saranku, pilih neng kursi sing cerak jendelo. Sing ketelu, pas arep tekan tujuane dhewe awak dhewe iso bengok kiwo neng sopire. Yen ora awak dhewe iso ngetok-ngetok atep angkote ben sopire ngerti.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "905", "text": "Menurutku, gim Harvest Moon sing paling apik kui Harvest Moon: Friends of Mineral Town. Gim iki pertama kali metu taun 2004 lan tekan saiki iki isih versi Harvest Moon sing tak dolanke. Aku seneng sing versi iki soale cara dolane isih simpel. Ora ono mekanik sing marake sing dolan kui. Alur critane uga simpel lan ora dakik-dakik. Karakter sing ono neng kono uga ora keakehan. Cara konconan karo wong-wong sing ono neng kono ora angel lan cendurung luwih gampang cerak. Malah, yen wong sing dolan Harvest Moon neng PS 1, bakal familiar karo sing versi iki. Karaktere podo plek. Sing ngebedani mung beberapa panggon sing ono neng petane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3276", "text": "Saiki ancene wes akeh negoro sing melajaricarane gawe robot. Tapi ora kabeh negoro robote iku podo. Sing garai bedo robote iku maeng, karek tujuan pengembangan robot iku maeng. Nah komponen sing paling penting kanggo gawe robot iku maeng koyok contone Power supply sing digawe nglebokno listriki nang robot iku maeng, mari ngunu sensor sing digawe deteksi robote nang barang-barang sing ono nang pinggire, controller iku kanggo wong sing ngontrol robot iku, Efector ambek actuator. Peralatan elektonik iku maeng ancene penting ben robote iku iso obah ambek kerjo sing cocok ambek sing dikarepno sing gawe. Mari ngunu ono sing jenenge data utowo program sing digawe ngelakokno robot iku maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6393", "text": "Kereta Bawah Tanah Metropolitan Seoul yaiku sistem angkutan ning Korea Selatan sing dadi langganan para penduduk wiwit saka wong kantoran, bocah sekolah, lan uga wisatawan. Akses sepur sing apik kuwi marai warga betah keliling kutha nganggo sepur sing nduweni 23 jalur lan dadi sepur sing paling dawa ning Korea Selatan. Sepur iki uga ngelayani transportasi ning wilayah penyangga kaya Incheon lan uga Gyeonggi. Kereta sambungan sak sepur iki uga ngelayani daerah Chungnam lan Gangwon sing identik karo pedesaan. Sistem sepur iki dadi sing paling apik sak ndunyo amarga modern lan antrean sing tertib. Sistem iki dilengkapi WiFi lan uga peta perjalanan sing jelas lan uga petugas sing tanggap. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7355", "text": "Paskah iku perayaan hari kebangkitane Yesus Kristus dan dadi salah siji perayaan paling penting. Hal iku mergo kebangkitan iki dadi peristiwa paling sakral nang uripe Yesus sing tercatat nang patang Injil nang Perjanjian Baru. Perayaan iki dijenengi Minggu Paskah, Hari kebangkitan, utowo Minggu Kebangkitan. Perayaan iki mesti identik ambek ndhog sing dihias werno-werni. Hal iki berawal teko abad ke-13, ndek ndi ndhog iku justru dadi panganan terlarang pas masa prapaskah. Pas iku, umat Kristiani kudu poso dan gak oleh mangan produk hewani jenis opo ae, termasuk ndhog. Teko kono, wong-wong bakal ngelukis ambek ngehias ndhog gawe nandai akhir periode penebusan duso.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "871", "text": "Pas lagi awal mlebu kuliah, aku sempet melu UKM baseball. Aku uga bingung kenopo aku melu klub olahraga kui. Aku ora ono minat opo-opo pas SMA neng baseball. Aku melu koyo meng mergo penasaran wae. Yo wislah, aku melu latiane kui sak ben dino Selasa karo Kemis. Biasane latiane kui dimulai nganggo mlayu lapangan peng telu. Bar kui, awak dhewe latian uncal-uncalan bal. Awak dhewe golek pasangan, dadi ono sing nguncal lan ono sing nyekel. Nah, tau, pas kui, aku entuk pasangan sing wis jago. Bejone aku, kui pas lagi latian nguncal sing jarake adoh. Pas dheweke nguncal, aku ora iso nyekel bale, malah keno sirahku. Langsung mumet rasane sirahku. Banjur aku metu seko lapangan, dikon leren karo pelatihe.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10007", "text": "Biyen pas isih SMP aku iku kalebu bocah sing sregep olahraga. Saben isuk aku mesti mlayu muteri omah. Saiki nalika aku wis kerja, aku males kanggo olahraga amarga ngerasa ora duwe wektu maneh kanggo olahraga. Nanging aku uga dikandani kancaku supaya rasa sregep lan semangat kanggo olahragaku balik maneh. Nomer siji, kudu duwe tujuan sing jelas. Nomer loro, kudu disiplin. Supaya luwih gampang bisa nggawe jadwal kanggo olahraga. Nomer telu, ngewenehi hadiah kanggo awak dhewe yen kasil kanggo olahraga misale langsung tuku panganan enak. Sing terakhir yaiku nyathet kabeh kemajuan sing wis dilakoni. Ora perlu olahraga abot-abot, olahraga enteng wae sing penting rutin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3195", "text": "Saiki wong sing delok pertandingan olahraga mboh iku bal-balan, balapan, utowo sing balakane ngunuku mesti rame. Padal sing lomba ae ora aneh-aneh sing penting usaha sak iso-isone ben iso menang. Terus saiki sing delok iku mesti aneh-aneh, ono sing toh-tohan, ono sing eyel-eyelan ambek koncone, ambek liyan-liyane sing model ngunuku yo akeh. Tapi sing jenenge delok pertandingan iku kudune nikmati ae pertandingane ora kok tambak elok-elokan, terus maen duwek utowo udu endi sing menang ambek sing kalah nag bosone polisi jarene judi. Padal asline nag wong sing ngerti delok pertandingan yo cukup delok ae ora atek sing aneh-aneh. Opo maneh sampek tawuran sak bature dewe tambah nemen iku.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2841", "text": "Nag pas nang omah, aku biasane gowo gaman gawe babat-babat suket, ngetoki kayu, ambek nugel-nugel sembarang-barang. Asline aku iku ora ngerti gaman iku opo. Aku nganggepe gaman yo mok gaman sing kenel gawe nugel ambek ngiris-iris. Tibak'e pas aku golek-golek sing jenenge senjata tradisional, gaman iki termasuk salah sijine jenis senjata tradisional sing ono kat jaman ora enak utowo biyen pas ono penjajah. Lah gaman iki selain gawe bacok ambek iris-iris, tibake fungsine yo akeh koyok gawe nang sawah nag bacok-bacok kayu utowo bacok wite gedang. Terus gedene yo ora sepiro gede ambek abote yo ora sepiro abot. Dadi wong nang daerah nggonku akeh sing duwe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9027", "text": "Food processor iku salah siji alat dapur sing akeh digawe ambek ibu-ibu. Food processor iku nduwe fungsi utama gawe ngalusno sembarang kalir bahan panganan. Mulai teko bumbu, es watu, sampe daging iku isok dialusno nang food processor mau. Nek awakmu kate ngalusno daging nganggo food processor, koyok ngene carane. Siji, pastikno daging iku wes lembut dan gak beku. Loro, potong daging dadi pirang bagian, tapi ojok cilik cilik. Telu, siapno food processor terus pasang bilah sing bentuke S utowo bilah sabatier nang njerone. Papat, lebokno daging iku mau nang njero food processor. Limo, petek tombol “pulse” pirang kali sampe nyapai hasil sing dipingini.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3280", "text": "Ulan wingi aku oleh kabar nag Indonesia saiki pengen ngembangno montor listrik utowo batu sing ancene gawe intine montor listrik. Nah perkembangane saiki ancene kebukti nak akeh montor listrik sing wes ketok nag dalan-dalan masio iku duduk ora asli produke Indonesia tapi paling gak ikui diproduksi nang Indonesia. Metune motor listrik iku maeng yo oleh sambutan apik teko wong-wong soale teknologi sing dilebokno nang montor iku sak pirang-pirang awit teko sistem keslametan, terus sensor, ambek hiburan iku ora karuan. Opo maneh perawatane jarene yo mok saitik. Tapi masio iku akeh wong sing seneng tapi ora kabeh wong langsung iso tuku soale regane isek larange megilan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1757", "text": "Neng beberapa daerah neng Indonesia iki, dadi langganan keno banjir sak ben taune. Wong-wong sing tinggal neng daerah koyo ngono wis semesthi cepak-cepak disik sak durunge banjire kui teko neng omahe. Ono beberapa hal sing, iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngamanke surat-surat utowo dokumen-dokumen sing penting. Awak dhewe iso nyimpen kui neng jero plastik lan deleh neng panggon sing duwur. Sing keloro, awak dhewe kudu ngamanke saluran listrik lan piranti-piranti eletronik neng omahe dhewe. Sing ketelu, awak dhewe iso gawe persiapan supoyo wong sing lara lan sing sepuh kui iso dievakuasi disikan. Sing kepapat, awak dhewe kudu sregep golek informasi perkoro ramalan cuaca utowo kahanan neng sekitar lingungane dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3165", "text": "Nag jareku nglangi iku yo termasuk olahraga ekstrim soale nyowo nag kono yo dadi taruhan. Nah sing marakno nyowo iku dadi taruhan yoiku nag klelep terus ora ono sing nulungi mesti mati. mangkane nag ngelangi iku mesti kudu ono sing ngawasi jogo-jogo ben nag ono perkoro koyok ngunu iso ngadepi ambek ono sing nulungi. Tapi saiki sing jenege ngelangi iku wes ono panggonan kususe sing iku wes ora sepiro mblaheni kokok biyen polahe wes diatur ambek sing gawe panggonan iku. Mangkane biyen olahraga sing dianggep ekstrim ambek mblaekno saiki wes ora sepiro'oh polahe wes ono pengamane dewe-dewe ambek wes ora mrawasno koyok biyen.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2710", "text": "Nag tahun sing bakale gawe pemilihan calon pemimpin biasane akeh calon sing moroh nang gone Tokoh-Tokoh Agama soale pengen menangno suarane wong akeh, opo maneh nang daerahku, nag wayae pemilihan Bupati mesti calon bupatine moro nang pondok-pondok gawe jaluk dongane Tokoh Agama maeng ben menang. Tapi kadang yo ora mok nang pondok tok, kadang yo sampek anjok ustad-ustad kampung yo diparani utowo warga deso maeng dijok ngadakno pengajian barang ben iso ngepek atine wong nag kono. Dadi saiki tokoh-tokoh agama iku duwe fungsi sing ora karoan soale fungsine yo akeh, ora mok ngaji tok tapi sak liyane iku akeh. Salah sijine yo koyok maeng iku.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "165", "text": "Liburan keluarga kui ora iso diarani guak-guak duwit. Yen misale dipikir-pikir, pancen liburan kui ngetoke duwit sing ora sitik. Wong tuwo mikir duwite kui iso dienggo kanggo kebutuhan sing liyo, koyo asuransi kesahtan lan tabungan pendidikan anak. Nanging, liburan kui iso ngereketke meneh hubungan antar anggota keluarga. Pas liburan kabeh anggota keluarga ngeroso dihargai. Sing golek nafkah lan sing ngurus rumah podo-podo iso leren lan ngelepaske stress. Anak-anake uga dadi ngeroso yen dheweke kui ngeroso dicintai karo wong tuwane. Awak dhewe ora tau ngerti opo sing bakal kedadean pas liburan kui. Iso wae liburan keluarga kui dadi salah siji momen sing ora bakal dilalike karo kabeh anggota keluarga.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "173", "text": "Yen wis suntuk utowo bosen karo rutinitas, aku seneng jogging. Panggon joggingku kui ora kudu khusus. Aku biso jogging neng endi wae. Mlayu-mlayu isuk neng sekitar omahku wis cukup. Omah kui ono neng perumohan nanging cerak karo deso. Dadi sak ben aku jogging, mesthi delok sawah. Aku sering ngemati proses pari kui tumbuh. Neng sawah kui, aku yo kerep delok manuk sing mabur neng duwur. Cerak omahku uga dadi sentra pembuatan gawe watu woto. Seko adoh ambu lemah sing dibakar iso kecium. Ambu bakaran kui sak jane rodo ganggu pernapas pas mlayu. Pas watu kui lagi dibakar rasane koyo rode sesek neng dodo. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10002", "text": "Aku wis seneng mlayu wiwit SD. Bocah umur 7 taun sing nalika ana pelajaran olahraga mesti njaluk mlayu sing ning gurune. Aku uga isih iling nalika aku tiba pas lomba mlayu. Dengkulku babras, sikutku beset, getihe kemlocor, lan aku angel kanggo mlaku. Nalika iku, aku langsung digawa ning puskesmas sing paling cedhek karo panggon lomba. Bapak Ibuku langsung marani aku ana ing puskesmas karo gupuh kabeh amarga wedi aku kenapa-napa. Sawise kedadean iku, aku ora bisa kanggo melu lomba mlayu maneh nganti 3 wulan. Bapak lan Ibukku ngerasa sakno karo aku amarga aku ora bisa ngelakoni apa sing dadi kesenenganku yaiku mlayu, nanging aku isih semangat supaya bisa mlayu maneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7442", "text": "Keris iku salah siji senjata tradisional khas Indonesia sing wes terkenal banget. Bahkan saking terkenale, senjata sing siji iki wes diakoni ambek UNESCO dadi Warisan Budaya Dunia Non-Bendawi. Bahan dasare keris iki onok bahan dasar besi, baja, ambek bahan pamor. Bahan pamore keris iku onok patang jenis. Mulai teko watu meteorit utowo watu bintang sing mengandung titanium, nikel, senyawa wesi sing didadekno bahan pokok sing biasa dikondo pamor luwu, sampe senyawa besi teko daerah liyane sing pas dicampur bakal nampilno nuansa werno ambek penampilan sing bedo-bedo. Keris digawe dengan cara ditempa ping bolak-balik, terus digawe berlapis-lapis. Keris sing sederhana biasane bakal dibutuhno 128 lapisan. Keris sing kualitase apik bakal dibuat teko luwe teko rong ewu lapisan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7088", "text": "Onok film teko Indonesia sing buru rilis tahun 2022 dan lagi rame dadi bahan obrolan. Judul film e iku Mencuri Raden Saleh sing disutradarai ambek Angga Dwimas Sasongko. Film iki bercerito tentang enem arek enom sing nduwe misi gawe nyolong lukisan penangkapan Pangeran Diponegoro karyane maestro Raden Saleh sing disimpen ndek Istana Presiden. Mencuri Raden Saleh dadi salah siji film Indonesia tersukses ndek tahun 2022. Hal iki mergo film iki nduwe genre sing jarang banget onok nang perfilman Indonesia, yaiku genre heist. Wes ngono, alur ceritane iku apik dan eksekusine rapi banget untuk ukuran film action. Iku salah siji hal sing dadi daya tarik teko film iki. Kesuksesan film iki dibuktikno ambek jumlah penonton sing sampe tembus telung juta. Dadi nek film iki wes onok nang platform legal, ojok lali gawe nonton rek. Dijamin gak bakal nyesel.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10061", "text": "Sanesipun olahan ayam, bebek, tempe, kaliyan tahu, olahan ulam ugi dipunminati wonten Indonesia. Salah satunggaling pilihan ulam ingkang mirah inggih punika lele. Wonten Jogja, lele boten namung didamel pecel lele. Warung Mangut Lele Mbah Marto wonten Panggungharjo, Sewon, Bantul menika damel lele kangge kuah santen. Lele ingkang diolah dados mangut boten digoreng, nanging diasep supados boten cepet tengik. Senadyan panggonanipun mblusuk, nanging warung mangut Mbah Marto boten nate sepi. Para pelangganipun Mbah Marto saged mendhet lawuh ingkang wonten dapur. Konsepipun kados open kitchen wonten restoran. Mbah Marto sampun sadeyan mangut keliling wiwit warsa 1960-an. Warsa 1989, Mbah Marto sadeyan mangut dhateng griya dugi sakmenika.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3540", "text": "Awit tahun winggi wong-wong akeh sing mulai utowo ngawiti dodolan nang online mboh iku liwat market place sing ono, utowo lewat sosial media sing saiki akeh sing gawe. Tapi iku kabeh yo gudu siap saingan ambek bakul liyane sing ancene wes suwe dodolan nang kono. Biasane sing wes suwe oleh dodolan maeng iku iso dolanan rego sak enake sing penting payu ambek entek produke masio batine mok sak itik. Terus biasane sing lagek dodolan iku yo ora wani nguwei rego sing kebarus murahe sampek ora oleh bati blas. Soale sing jenenge wong dodolan yo mesti kudu oleh dodolan ben iso oleh bati gawe nyelengi ambek gedekno usahae maeng masio iku mok satus rongatus.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7050", "text": "Salah siji liburan sing paling tak iling iku pas nonton konser Day6. Mbasio secara resmi iku guduk pas dino prei, tapi aku nganggepe iku liburan. Aku nang Jakarta ambek dulurku dino jumat dan langsung njujuk hotel gawe istirahat. Berhubung nonton konsere iku dino sabtu, aku ambek dulurku nyempetno mlaku-mlaku nang Jakarta Pusat. Baru pas dino sabtu, awak dewe bener-bener persiapan gawe nonton band favorite kene wong loro. Konsere iku nang Tennis Indoor Senayan. Pas wes tutuk kono, aku ambek dulurku gak atek leren ngantri soale wes entuk tiket sing longgo, dadi mek butuh nomer kursine tok. Dan pas nonton konsere, beuh luar biasa. Aku wani sumpah iki konser paling asyik sing tau tak tontok.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "594", "text": "Neng Yogyakarta kui, soto wis dadi panganan sing paling kerep lan akeh sing konsumsi. Kui iso dibuktike pas awak dhewe delok akeh bakul soto neng kota pelajar iki. Nanging soto kui ora mung ono neng Yogyakarta nanging neng daerah-daerah liyo uga ono lan sak ben daerah utowo pulau kui duwe ciri khase masing-masing. Diwiwiti seko Soto Padang sing neng pulau Sumtra. Soto padang kui dudu rempah sing paling kuat dibandingke soto liyane. Neng Kalimantan, ono soto banjar sing duwe cita rasa kecut sing seger lan kuahe sing bening. Neng daerah Jawa Ngapak, ono soto sokaraja sing nganggo sambel utowo bumbu kacang. Kabeh daerah kui, duwe sotone dhewe-dhewe. Soto kui iso dadi panganan nasionale wong Indonesia.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9399", "text": "Micara magepokan bab hobi, dakpikir akeh kang ndadekake maca buku minangka hobi. Awit kagiyatan maca buku kuwi hobi kang ora mbutuhake modal utawa tenaga kang akeh. Amung mbutuhake buku, maca buku bisa katindakake ana ngendi wae. Buku kang diwaca ya ora kapathok jinis utawa wujude. Bisa maca buku kang ngrembug bab agama, sosial, teknik, politik, budaya, pratingkah urip, panganan, busana, buku fiksi, lan liya-liyane. Jebule miturut panaliten, maca buku kuwi mupangate akeh, ing antarane bisa ngundhahake fokus lan kemampuan kognitif. Saliyane kuwi, kanthi maca buku bisa kanggo sarana gegladhen kawruh basa lumantar kosakata. Maca buku bisa mudhunake gejala depresi, kepara uga bisa ngendhani stres. Wektu kang kaprayogakake kanggo maca buku saben dinane watara 4-6 jam. Mula, ayo padha wiwit ngelengke wektu kanggo maca buku. \r", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7380", "text": "Tahun 2019 dadi tahun pertama kaline aku gak sholat Idul Adha bareng karo keluargaku, soale aku lagi KKN dan gak isok asal moleh nek program kerjane durung mari. Nek oleh jujur, rasane aneh banget lebaran gak bareng-bareng karo keluarga. Akhire tahun iki aku sholat Idul Adha ambek konco-konco KKN ku. Marine aku sholat Ied, aku langsung moleh nang pondokan dan telponan ambek wong tuwoku. Wes tuwuk telponan, aku lanjut sarapan. Pas wes mari kabeh, aku ambek konco-koncoku dikon rewang nang omahe pak lurah gawe motong-motongi daging kurban. Koncoku sing lanang bagian nguliti daging, terus aku ambek koncoku sing wedok bagian motong karo nimbangi daging.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4097", "text": "Akeh wong sing tibo nag numpak anggkutan umum contone angkot, bis, ambek liyan-liyane. Nah sing garai tibo maeng asline perkoro sing jarene wong-wong sing tau ngalami perkoro iku maeng yo mok sepeleh contone keleru oleh numpake sing kudune gawe sikil tengen tapi kuwalek, terus sing jane cekelan maleh ora cekelan. Nah kabeh perkoro iku maeng kan ancene sepeleh sing akhire dadekno perkoro gede. Padal asline carane munggah iku asline wes gelek diilingno karo kernete angkot ambek bis tapi sing jenenge wong sing kesusu yo mesti ora ngereken perkoro sing diomongno iku maeng akhire dadekno tibo sing ancene ora kepikiran sak durunge.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "801", "text": "Bulu tangkis kui olahraga seng disenengi karo wong Indonesia pada umume. Mergo biyen, awak dhewe duwe prestasi sing ngebanggake neng luar negeri, akeh wong sing dadi karo olahraga iki. Seko sing tuwo tekon enom, wong iso nikmati pertandingan olahraga kui, wong seneng nontone lan uga seneng dolane. Sing seneng kui, termasuk konco-koncoku. Pas cilik, aku kerep dijak karo konco-koncoku dolanan badminton sak ben dino. Ake sih melu-melu wae. Nanging sak jane, aku ora patio seneng karo olahraga iki. Aku mung dolan bulu tangkis supoyo iso ketemu lan dolan bareng sing liyane. Aku uga ora iso mukul koke. Pas service wae kerep meleset lek aku mukul.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5848", "text": "Dodolan saka internet kuwi pancen gampang lan ora mbutuhake waktu akeh. Sing paling nyenengake saka dodolan ning internet kuwi para pedagang iki dadi luwih gampang golek pasar lan uga golek rujukan kanggo conto barang. Internet iki dadi panggonan sing bebas lan bisa dimodifikasi karo para pedagang lan bisa dari sarana sing nyenengake yen pengen golek penghasilan tambahan. Nanging, internet iki uga ora aman amarga akeh pedangang penipu sing seneng ngaku-aku barang sing didol karo pedagang liyane. Kamangka, yen kanca-kanca saiki dodolan ning internet, ana babagan sing perlu dikontrol yaiku keamanan barang ning internet lan kudu luwih waspada marang penipuan iki. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7485", "text": "Tokoh adat iku biasane ditunjuk mergo wong iku cukup berpengaruh nang daerah kono utowo nduwe pengetahuan sing super luas dan dihormati nemen. Tokoh adat iku onok macem-macem, salah sijine iku seniman budaya tradisional. Mungkin onok sing ngeroso bingung opo’o seniman isok dianggep dadi tokoh adat. Alesane iku seniman budaya tradisional iku pasti uwong sing paling eroh perkoro budaya sing onok nang sekitare. Dan biasane, seniman-seniman sing koyok ngono iku sing paling semangat gawe ngenalno budaya tradisional sing onok nang daerah kono. Dadi gak heran nek seniman budaya tradisional iku dianggep dadi tokoh adat, soale mereka iki sing dadi pioneer utama gawe ngenalno sekaligus ngelestarino budaya sing onok nang daerah iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "146", "text": "Singapura kui dikenal negoro sing paling resik lan rapi neng kawasan Asia Tenggara. Neng kono ora ono sampah sing berserakan neng dalan. Taman-taman lan dalan neng kono ditoto rapi dadi penak didelok. Kerapian neng negoro pariwisata kui uga iso didelok seko piye cara negoro kui nyepake jalur tranportsi umume. Kabeh bagian negoro kota kui iso dijangaku nganggo sepur. Ben iso plesiran neng objek wisata sing apik ning Singapura, aku andani corone numpak sepur neng kono. Ono 2 coro kanggo mesen. Sing kepisan, iso mesen langsung neng loket. Keloro, iso mesen neng mesin. Coro tuku karcis liwat mesin kui gampang. Pilih stasiun tujuan. Mengko bakal metu piro biaya sing dibutuhke. Leboke duwit neng mesine. Yen misale ono susuk, bakal dikei seko mesine. Karcise bakal metu. Karcis kui iso dienggo luwih seko sekali.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5423", "text": "Michael Gerard Tyson utawa Mike Tyson kuwi salah siji petinju kelas berat sing kondhang amarga menangke akeh pertandingan ning manca negara. Petinju iki lair ning Amerika lan terkenal karo karaktere sing kurang apik ning jero utawa ning jaba ring. Ning jaman isih enom, Tyson iki mlebu metu penjara anak lan banjur nyalurake energi sing ala kuwi marang olahraga tinju. Tyson tanding secara profesional kaping siji kuwi tanggal 6 Maret 1985 ning Albany, New York. Ning taun 1985 kuwi, Tyson menangke pertandingan kabeh nganggo gelar KO lan dadi juara paling enom yaiku umur 20 taun. Nanging, karir Tyson iki tambah mrosot amarga kesehatan. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4034", "text": "Prosoku carane urip nang alam sing liar iku sejene pol ambek urip nang enggon biasane, mergane nang alam liar contone koyok nang gunung iku angele pol nag wong sing ora tau mungga gunung mabek ora tau urip nang kono. Nah Nag ancene pengen munggah gunung iku kudu duwe persiapan sing temen-temen matenge pol, awit teko pakean sampek panganan yo kudu disiapno ben ora klabakan soale nang gunung iku ademe pol ambek angel pangana kejobo mok godong-godongan tok. Terus yo biasane ono kewan-kewan sing iso blaheni yowo barang. Mangkane nag pengen jajal urip dang daerah gunung yo kudu persiapan sing mateng ben ora wedi ambek bingung mergo lingkungan sing anyar maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "409", "text": "Salat lima wektu kui yen dipikir-pikir ibadah sing abot. Ibadah kui ora mangan wektu akeh sebenere naning sing marake angel kui, awak dhewe kudu ngenyelake wektu 5 kali sedino kanggo ibadah kui. Nanging salat kui iso didelok sebagai saranane awak dhewe kanggo sinau disiplin. Wektu salat kui ono watese, awak dhewe kudu taat karo wektu sing wis dintentoke. Iki uga ibadah sing rutin kudu dilakoke sak ben dino yen awak dhewe ora ngelasanake, awak dhewe iso entuk doso sing gedhe. Seko kui wae, awak dhewe dadi iso sinau disiplin. Misale awak dhewe pengen gawe kebiasaan maca buku sak ben dino senadyan awak dhewe ora tau maca buku sadurunge. Yen awak dhewe wis biasa kanggo jadwal soal kui, gawe kebiasaan sing koyo ngono kui bakal luwih keroso enteng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7048", "text": "Pesawat iku dadi transportasi wajib nek gawe lungo-lungo nang luar negeri. Tapi kadangan, perjalanan antarkota nang Indonesia yo sek akeh sing nganggo pesawat, opo maneh nek kota tujuane bedo pulau. Dibandingno numpak kapal utowo sepur, uwong-uwong luwe milih numpak pesawat. Alasan utamane sing jelas adalah waktu tempuhe sing jauh luwe cepet timbang kendaraan darat utowo kendaraan laut liyane. Contohe ae nek kate berangkat teko Suroboyo nang Pontianak. Nek numpak kapal, perjalanan isok ae sampe rong dino dewe. Nek numpak pesawat, mek butuh rong jam tok. Bedone adoh banget to? Mbasio rego tikete luwe larang, tapi sebanding lah ambek kecepatan waktu tempuhe. Ayo saiki numpak pesawat nek arep liburan ndek luar pulau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3109", "text": "Biyen nag desoku bocah-bocah sak liyane seneng mlayu yo senenge megilan ambek sing jenenge ngelangi, soale menisan ambek mancing karo golek iwak. Sak liyane iku wong tuoe bocah-bocah yo ngongkon sinau ngelangi ben awake iku sehat ambek ora duwe ampek, ampek iku koyok penyakit asma ngunuku, Terus yo awake geles gedeh soale mesti obah kabeh awake awit teko rambute sampok deriji sikile. Mangkane bocah-bocah biyen mesti pinter-pintere pol oleh ngelangi soale biyen iku isek akeh wong sing gawe jublang kanggo ados soale segere megilan. Sak liyane iku asline ngelangi yo enake pol ambek manfaate gede kanggo kesehatane awak iki , awit teko anggoto awak sampek jantung barang yo sehat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7867", "text": "Jaman saiki, wong-wong pasti podo nduwe speaker Bluetooth. Alat sing siji iki dinilai ringkes soale bentuke cilik dan isok digowo nang ndi ae, gampang dinggo, terus murah. Biasane speaker Bluetooth iku disambungno nang perangkat sing onok Bluetooth e, contohe hp. Cara nyambungno e iku koyok ngene. Siji, aktifno speaker e disik. Loro, petek tombol play gawe ngaktifno fungsi Bluetooth nang speaker iku. Telu, aktifno Bluetooth nang hp mu. Papat, nang hp mu, melbu nang menu Bluetooth. Limo, lakoni scanning perangkat. Enem, nek perangkat speaker Bluetooth iku wes nyantol, petek pairing device terus enteni sampe kesambung. Terakhir, tes speaker iku mau, carane maino lagu sembarang. Nek suarane metu teko speaker iku, berarti wes kesambung.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2115", "text": "Aku luwih seneng kerjo neng kantor timbangane kerjo neng omah. Kerjo neng omah kanggo aku kui gawe luwih stress. Awak dhewe kodo mikirke rong gawean sekaligus. Awak dhewe kudu mikirke gawean kanggo kantor nanging awak dhewe uga kudu ngerampung gawean sing ono neng omah. Yen awak dhewe kerjo seko kantor, paling ora awak dhewe mikirke perkoro kui siji-siji. Neng kantor, awak dhewe iso fokus ngerampungke gawean kantor. Pas wis bali neng omah, awak dhewe iso ngerampungke gawean omah. Sak liyone kui, kerjo neng kantor kui gawe awak dhewe iso entraksi langsung karo konco kerjone dhewe. Ketemu langsung kui iso gawe gampang koordinasi lan awak dhewe ora ngeroso dhewekan pas kerjo.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9055", "text": "Aku iku seneng pol nek dikon umbah-umbah klambi. Bah iku ngucek utowo nganggo mesin cuci, kabeh bakal tak lakoni. Tapi onok siji sing marakno aku males, yaiku nglempiti klambi sing mbari diumbah mau. Sumpah, rasane nek isok sulapan, aku pingin nyulap klambi iku ben isok ngelipet dewe dan garek melbu nang lemari. Dan saiki, onok alat sing isok bantu aku, yaiku alat ngelipet klambi otomatis. Salah siji brand e iku Foldimate. Semenjak onok alat iku, aku bener-bener terbantu pol. Aku garek nglebokno klambiku nang alat iku, engkok klambine metu wes dalam keadaan lipetan rapi. Nek wes ngono, aku garek nglebokno nang lemari tok. Bener-bener bermanfaat pol alat sing siji iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2763", "text": "Kitab suci agama iku ancene bedo-bedo tapi isine iku mesti ngulango sing apik-apik karek wonge sing melok agama iku maeng ngerti sing dimaksud agama iku opo ora. Lah sing jenenge kitab suci agama yaiku catetan utowo pedoman sing bentuki koyok buku sing ngajarno utowo ngulangi menungso utowo uwong sing melok agomo iku nang totonan urip sing bener munggoi agama iku. Mangkane sing jenenge agama nang endi-endi iku mesti ngulangno sing bener. Nag ono agama sing ngulangno ora tepak utowo sing garai wong gegeran iku berarti sing ngulang ora tepak oleh ngerteni ilmu agama maen teko kitab sucine. Dadi ati-ati jaman saiki akeh wong sing ora ngerti opo sing dikarepno karo kitap suci macak ngertio.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5465", "text": "Wong sing ngelakoni olahraga ekstrem iki mesti wis ngelakoni latihan sing suwi lan uga ngalami gagal lan berhasil kaping bolak-balik. Kaya misale nyilem bebas tanpa alat bantu. Olahraga iki mbutuhake akeh kemampuan lan tata cara ben ora gampang panik. Nanging kabeh iki uga ana pitulungan saka wong sing luwih profesional lan luwih ngerti babagan iki. Perenang utawa wong sing gawene nyilem iki ora sembarangan bisa ngelakoni olahraga iki, kajaba wong saka suku Bajo sing pancen wiwit cilik kerep ngelangi tanpa piranti sing standar lan wis kelatih nyilem. Kamangka kuwi, renang lan nyilem bebas iki mung bisa dilakoni karo wong sing wis siap secara mental uga fisik. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6901", "text": "Sopo sing gak eruh ambek boba? Saiki hampir gak onok wong sing gak eruh ambek ombenan sing onok isi bola-bola taopikane iku. Minuman teko China iki mbiyen mek didol nang Mall gede, dan dadi salah siji ombenan sing terkesan eksklusif. Jaman mbiyen, wong sing isok ngombe boba iku diarani wong soge saking jarange sing dodolan. Terus tambah suwe, mulai akeh wong sing nyoba-nyoba gawe dewe nang omah dan didol dewe. Akhire tambah suwe tambah akeh sing niru metode iku dan saiki minuman boba wes onok nang ndi-ndi. Macem-macem e yo tambah akeh. Mulai sing murah sampe sing larang yo onok kabeh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5597", "text": "Wayah pandemi, usaha sing paling maju yaiku ojek online. Teknologi iki dadi multifungsi amarga bisa dadi kurir sing ngeterake panganan, barang, belanjanan, lan uga liyane. Ojek online iki uga tau duwe layanan kaya pijet lan uga reresik omah. Nanging ana babagan sing kudu digatekake, yaiku perkara aplikasi lan uga privasi data pribadi. Teknologi iki pancen nguntungake, nanging aja gampang ngewenehi alamat uga indentitas pribadi sing gampang bocor. Yen ana kebocoran data, uga kudu cepet lapor marang perusahaan penyedia jasa. Banjur ngewenehi data pengemudi sing dilaporake amarga kuwi bisa dadi salah siji indikasi identitas palsu para pengemudi ilegal sing uga marai jeneng perusahaan tambah elek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9007", "text": "Awakmu wes kulino ngumbah klambi dengan cara ngucek. Moro-moro awakmu menang undian doorprize dan entok mesin cuci rong tabung. Mbarine dipasang, awakmu malah bingung yaopo cara nganggone. Nek awakmu bingung cara nganggo mesin cuci rong tabung, rene, tak sudokno carane. Siji, siapno klambi rusuh koyok biasa. Loro, lebokno klambi mau nang njero tabung sing digawe ngumbah, biasane onok nang sisi kiwo. Telu, isi tabung pencuci atek banyu resik dan detergen. Papat, lakoni proses ngumbah klambi. Terakhir, nek awakmu wes mari muter cucian mau, pindahno kumbahan nang bak sebelahe, terus keringno klambi nang tabung iku nganggo timer sing onok nang display. Wes ngono tok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5576", "text": "Anane robot ning masa depan iki mbuktikake yen kualitas menungsa kuwi kudu munggah saka kualitas menungsa sing ana ning taun-taun uga jaman sak durunge. Robot iki ora marai menungsa tambah males, nanging kudune marai menungsa kudu luwih siyap nemokake teknologi maju liyane ben ora kejebak urip ning jaman sing serba gampang lan uga mbebani awake dhewe. Salah siji carane yaiku sinau sing sregep lan duwe pemikiran sing kebuka marang kemajuan teknologi. Cara-cara iki didukung karo sumber daya sing kudune tambah maju lan ana kepengenan dadi menungsa sing luwih modern. Sing paling penting yaiku akeh-akeh maca buku ben bisa dadi wong sing kritis marang perubahan. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8687", "text": "Biasane, wong kota sing nekani desa iku pasti onok alesane. Gak mungkin gak onok perlu terus ujug-ujug nang desa, opo maneh nek gak nduwe dulur nang kono. Salah siji alesane iku biasane kate ngekeki penyuluhan nang wong desa. Ngekeki penyulusan nang desa iku onok metodene dewe, gak isok dipadakno ambek ngekeki penyuluhan nang wong kota. Iki jenis metode sing isok dipraktekno sesuai ambek kondisi dan situasi desa iku mau. Siji, metode berdasarno teknik komunikasi. Metode iki isok dibedakno antara langsung ambek gak langsung. Loro, metode berdasarno jumlah sasaran ambek proses adopsi. Bisanae dibedakno dadi hubungan perseorangan, hubungan kelompok, ambek hubungan massal. Telu, metode berdasarno indera penerimane. Onok metode sing isok didelok, metode sing isok dirungokno, ambek metode sing isok didelok ambek dirungokno.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9786", "text": "Yen duwe pitakonan babagan kabudayan aja lali kanggo takok ning wong sing wis ahli kayata tokoh adat. Saben daerah mesti duweni tokoh adat sing paling dikurmati. Nanging ora kabeh tokoh adat gelem ditakoni apa maneh karo wong sing ora dikenal. Iki cara supaya nalika mara ning tokoh adat bisa diterima. Nomer siji, yen bisa ngejak wong asli daerah kunu supaya luwih gampang. Nomer loro, kenalan sing apik. Kanda apa tujuane lan apa sing dikarepi. Nomer telu, aja lali kanggo ngomong sing sopan. Yen misale tokoh adate wis ora gelem ditakoni, ora perlu dipeksa. Kesempatan bisa teka kapan wae lan bisa dibaleni maneh nalika swasane wis apik. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3501", "text": "Pas tahun 2009, aku ambek pamanku jajal buka warung ambek dadi wirausaha. Masio iku mok warung penyetan sing ketokane sepeleh tapi hasile ngeluwehi wong sing dadi bupati. Tapi sing jenge wong wira usaha iku akeh tantangane, awit teko saingan sing nang kiwo tengene terus ambek kudu iso ngitung modal karo untunge. Terus sing paling penting yoiku piye carane iso ngeramekno warung iku maeng ben iso dadi tetep rame masio akeh saingane. Nah sing koyok ngunuku ancene kudu dipikirno mateng-mateng soale sing jenenge wirausaha iku mesti saingane ora karoan. Masio iku gonane dewe tapi nag wes ancene niat gawe usaha yo kudu siap mentale kanggo saingan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "77", "text": "Saliyone sego utowo beras lan olahane, mi dadi salah siji sumber karbohidrat sing disenengi wong Indonesia. Mi digawe seko tepung gandum. Paling ora ono rong jenis mi sing dikenal neng kene, yaiku mi biasa sing adonane mung seko tepung lan banyu lan mi endong. Gawe mi kui ono alate dhewe. Alate kui dibagi dadi 2 bagian, ono bagian sing dienggo gepengi lan ono bagian sing gawe nyetak. Bar adonan mi wis idulen tekan kalis, adonan kui diporo-poro dadi bagian cilik. Adonan sing cilik kui dipipihke neng mesin bagian siji. Wiwitane, adonan kui dipipihke nganggo ukuran sing paling kandel. Terus proses kui dibaleni meneh ngangga ukuran sing luwih cilik. Yen adonan mi kui wis setipis utowo sekandel sing dipengenke. Adonan lembaran kui dicetak neng bagian keloro.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "18", "text": "Ayam geprek wis dadi panganan fenomenal sak Indonesia. Tekan ono artis sing gawe rumah makan cepat saji sing menu utamane ayam geprek. Nanging ayam geprek paling enak lan paling asli ono neng Yogyakarta, jenenge Ayam Geprek Bu Rum. Ayam Geprek Bu Rum diarani dadi sing pertama gawe ayam geprek. Bedo karo ayam geprek sing ono neng luar Yogyakarta, Ayam Geprek Bu Rum tenanan digeprek. Ayam goreng tepung, bawang putih, karo cabe rawit diulek bareng nganggo uyah karo micin dadi ora nganggo sambel sing kepisah. Seporsi ayam geprek neng kene regone Rp15.000. Kui termasuk murah mergo segone iso jupuk sak puase lan iso nambah jangan sing dicepake neng kono.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8921", "text": "Tahun iki, Wida liburan dewean nang Lombok. Alesane pingin ngelepas stres e mergo kakean kerjaan. De’e sampe mbelani cuti ben isok liburan suwe. Gak tanggung-tanggung, de’e wes ngerencanakno kabeh opo sing kudu dilakoni pas nang Lombok selama 3 dino 2 bengi. Khusus dino iki, Wida wes nduwe rencana gawe nyelem nang laut. Pertama de’e numpak perahu gawe nang tengah laut. Mbari ngono, de’e ambek tour guide e masang sembarang kalir peralatan gawe nyelem nang laut. Pas wes siap kabeh, buru Wida nyemplung nang laut. Wong loro iku akhire nyelem sampe jueru. Malah Wida sampe isok ndelok iwak-iwak sing mek urip nang dasar laut dan gak tau didelok ambek de’e sak durunge. Wida temenan nyelem sampe tuwuk ndeloki iwak.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9343", "text": "Kanggo wong sing seneng dolan ing laut kudu njajal phinisi utawa kapal sing bisa dituroni 3 dina 2 bengi. Salah sijinie yaiku phinisi sing ana ing Pulau Komodo. Phinisi iki nawarne macem-macem fasilitas. Ana kamar kanggo turu sing wis apik banget. Temboke wis dicat coklat, ana pawon lan panggon kanggo mangan, ana panggon kanggo santai, lan liyan-liyane. Ing pinishi iki uga bakalan seru amarga bisa ndelok srengenge yen metu lan mudun, ndelok apike langit nalika bengi, ndelok bintang sing akeh banget ing langit, lan ngerasakna sumilir angin ana ing tengah laut. Ora perlu wedi karo ombak, amarga yen ombake gedhe mesti ora pati kerasa amarga phinisi iki wis canggih lan nahkidae wis duwe pengalaman akeh. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4639", "text": "Salah siji panganan tradisional sing khas saka Surabaya jenenge pecel semanggi. Semanggi iki gampang ditemoni ning Surabaya nanging angel ning daerah liyane. Ning daerah liya, semanggi iki dianggep suket amarga angel dibedakake. Semanggi iki sejatine jenise akeh. Nanging ora akeh sing isa dipangan. Manfaate akeh gawe pencernaan lan akeh wong sing seneng amarga rasane gurih. Sing khas saka pecel semanggi iki ana krupuk rambak sing digawe saka beras. Saiki pecel semanggi wis akeh digoleki amarga lingkungan saiki wis padha rusuh lan akeh limbah pabrik. Iki ngebuktikake yen lingkungan ana pengaruhe karo panganan, salah sawijine ya semanggi iki. Kudune saiki awak dhewe mulai jaga lingkungan gawe kelangsungan urip lan rante panganan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8632", "text": "Mendaki gunung iku kombinasi olahraga ambek kegiatan rekreasi gawe ngarungi tantangan ambek bahaya nang lereng ambek jurang. Tujuane iku gawe ngentokno pemandangan sing apik teko puncak gunung iku mbasio kudu ngelewati kangelan utowo manjat tebing ben isok mencapai puncak e. Pendaki gunung iku dituntut gawe nduwe kemampuan nyatu ambek alam. Pendaki gunung sisan dituntut nduwe kemampuan gawe hal panjat tebing. Onok telung dasar pendakian sing disesuaino ambek kebutuhane. Siji, pendakian gunung sing ngelibatno panjat tebing. Loro, pendakian gunung salju. Telu, kombinasi teko rong jenis iku mau. Sak durunge ngelakoni pendakian gunung, onok akeh pol sing kudu dipersiapno. Mulai teko perbekalan sampe fisik pendaki gunung iku mau.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7023", "text": "Onok siji panggon wisata sing paling terkenal teko Pasuruan, yaiku Taman Safari Prigen. Taman safari iki kebun binatang sing cocok banget dikunjungi karo rombongan keluarga. Taman Safari iki lokasine nang kecamatan Prigen, kabupaten Pasuruan. Panggon iki luase sampe 350 hektar dan ditumbuhi pepohonan hijau. Awak dewe isok menjelajahi alame nganggo montor dewe sambil ndelok sekitar 300 spesia satwa. Sing unik teko Taman Safari iki hewan hewane gak onok sing dikurung nang sangkar, tapi dijarno lepas ndek lahan kono. Dadi kene isok ndelok rusa sing mlaku-mlaku nyedeki montor-montor sing lewat area kono. Bahkan awak dewe isok tuku wortel nang gerbang masuk gawe mangani kewan-kewan teko montor. Taman Safari buka ket jam setengah 9 isuk sampe jam 4 sore pas dino biasa dan tutup jam 5 pas dino prei. Rego tikete 130 ewu per uwong pas dino biasa dan 145 ewu per uwong pas dino prei.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2378", "text": "Perkembangan alat masak saiki ora karuan mulai teko sing digawe goreng sampek kompor. sing digawe masak. Jarene situs kata data.co.id ngabarno nag Dewan Energi Nasional mulai genjot karo masarno kompor listrik utowo kompor induksi. Soale iku iso ngurangi penggunaan LPG sing bakal disetop peredarane sekitar tahun 2030. Mnagkane lewat upaya iku maeng, pemerintah usaha ben masyarakat terbiasa disek gawe kompor listrik utowo kompor induksi seng saiki gedol lumayan murah ambek macem-macem paketane. Mangkane saiki emak-emak sing rodok modern podo tuku kompor listrik soale oleh kabar ambek anjuran teko pemerintah maeng. Masio regane nag dikalkulasi luamayan isek cukup larang, tapi kanggo kedepane apik, emak-emak kabeh iku tetep jajal tuku kompor induksi maeng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3176", "text": "Biasane perkoro sing ora dikarepno iku iso ae meto. Koyok contone nag pas olahraga mlayau-mlayu iku moro-moro kebreset, terus kesleo ambek liyane-liyane. Nag sing angel iku nag wes kedaden kaget iku soale nag kaget iku urusane mesti dowo opo maneh. Terus nag wes kaget iku ora kenek diapak-apakno kejobo nang dukun pijet ben ditoto maneh otote sing keblinger maeng. Nah kaget polahe kesleo iku biasane iso aboh sampek kedeh terus ora iso mlaku barang solae ancene otote breset terus akhire dadekno catu. Nah biasane nag wes kasep oleh noto otote iku nag waras mesti elek ambek menceng ora toto maneh. Dadi ati0ati nag olahraga ben ora kebreset utow kesleo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9239", "text": "Mbok menawa kanggo saperanganing wong, mangan jeroan kuwi rasane enak-enak wae. Nanging aku durung bisa manggihi ana ngendi enake panganan kang kasebut jeroan kuwi mau, arepa kuwi jeroan ayam, sapi, apadene kewan liyane. Arepa dimasak kanthi cara digoreng, dibacem, dicampur srundeng, oseng-oseng, aku panggah ora doyan. Dudu amarga sok sehat, ning penggalihku \"yen pancen ora doyan lan bisa ngendhani panganan kang kalebu ora sehat, lakya malahane ta\". Pranyata Kementerian Kesehatan wae ngandharake yen jeroan kuwi bisa nyebabake kolesterol dhuwur, asam urat, ngaboti kerjane ginjal, nganti bisa gawe obesitas. Mula mangan jeroan kuwi oleh-oleh wae anggere samadya lan ora aluamah. Supaya tetep bisa ngresepi enake jeroan tanpa gawe sakiting awake dhewe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9223", "text": "Nalika aku mangan rujak kopyok bareng kancaku, aku kaget marang rasane sing kecampur dadi siji. Rujak kopyok sing digawe saka pencit iki dicampur karo ulekan lombok, gula, lan uyah. Pencit sing digawe uga pencit sing isih enom banget dadi rasane bakal kecut banget. Nanging rasa kecut iki bakal ora kerasa amarga wis ana campuran gula lan uyah sing bakal nambahi rasa rujak kopyok iki dadi rasa sing enak campuran raca kecut, asin, legi. Yen ora biyasa mangan rujak kopyok, bakalan mringis-mringis ora kuat ngerasakke rasa campuran iki. Rujak kopyok bakalan luwih enak nalika dilebokke ana ing kulkas sik sadurunge dipangan supaya kerasa adem.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9667", "text": "Dadi wong Islam kudu ngerti kepiye carane njaga kitab sucine utawa Alquran. Kitab suci iki ora mung diwaca saben dina wae, nanging kudu uga dijaga. Langkah utawa cara kanggo njaga Alquran antarane yaiku kaping siji, kudu melajari ayat-ayat sing ana ing Alquran kanti tenanan. Nalika maca Alquran kudu kanti khusuk, ora oleh guyon, lan kudu bener wacane. Kaping loro, usaha supaya bisa apal ayat-ayate. Maca Alquran uga ana ing bagian sholat, yen bisa apal ayat-ayat Alquran iku bakal luwih apik. Kaping telu, sinau kanggo ngamalake Alquran ana ing panguripan sadina-dina. Kui kira-kira cara supaya kita bisa tetep njaga Alquran lewat maca lan ngamalake apa sing ana ing Alquran.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5540", "text": "Sabtu wingi, ibuku wis mumet amarga mesin cucine rusak. Ana sing ngomong yen kabele dikrikiti tikus, uga ana sing ngomong salurane mapet kamangka ngerusak mesin ning jerone. Banjur bapakku njajal ndandani, nanging isih kangelan lan mesine isih mati. Sorene, Toni dolan marang omahku. Ndilalah, Toni iki bocah SMK sing rada ngerti mesin. Dekne ngewangi mbongkar mesin kuwi banjur nemu yen mesin cuci kuwi umure wis tuwa banget lan komponene wis akeh sing rusak amarga jarang diresiki. Wesi sing ana ning jerone uga wis ketutupan karat lan akeh lumute. Jare Toni, mesin cuci iki perlu digenti nang mesin cuci sing pembuangan banyune luwih lancar. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8993", "text": "Salah siji saluran TV sing paling terkenal nang Indonesia yaiku Indosiar. Indosiar iki nduwe jeneng lengkap Indosiar Visual Mandiri. Indosiar iki salah siji jaringan televisi swasta nasional sing didirikno sejak tahun 1995. Saluran iki beroperasi nang Daan Mogot, Jakarta. Awale saluran iki didirikno ambek Salim Group. Terus sejak tahun 2011, kepemilikan Indosiar iku dadi onok nang ngisor PT Elang Mahkota Teknologi Tbk dan marakno Indosiar dadi “duluran” ambek SCTV. Pendiri saluran iki yaiku Sudono Salim, Anthony Salim, ambek Eko Supardjo Rustam. Tanggal percobaan penyiaran e iku pas 18 Desember 1994, terus resmi diluncurno pas tanggal 11 Januari 1995. Slogan khas e Indosiar yaiku “Memang Untuk Anda”.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3517", "text": "Nag awakmu delok wong sing kerjo nang kantor ketokane lak enake orambloko. Tapi asline iku yo podo ae, opo maneh sing dadi HRD tambah ora karoan ruwete. Nah penggaweane HRD iku ora kenek dianggep sepele soale iku termasuk sing gowo masa depane kantor iku maeng. Nah salah sijine penggaweane iku maeng yoiku golek utowo milehe karyawan ambek calon karyawan sing ancene cocok ambek karaktere kantor iku maeng, gaji karyawan sak pantese sing diatur karo undang-undang, ngopeni pegawai sing ono nang kantor iku maeng awit teko absene sampek ijin karo prestasi karyawan nang kantor iku maeng. Yo ancene penggawean nang kantor iku yo abot. Tapi yo kudu dilakoni nag ancene pengen kerjo nang kantor.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6965", "text": "Diet iku mesti identik gawe wong sing lemu. Padahal diet gawe wong kuru iku yo onok, fungsine gawe naikno berat badan. Dan gawe awakmu sing kate diet, ojok atek sembarangan melu metode diet sing beredar nang media sosial. Paling bener iku konsultasi disik nang ahli gizi cek isok nemu cara diet sing paling pas gawe awakmu. Pas nang ahli gizi, awakmu bakal ditakoni teko kebiasaan sampe alergi opo ae selama iki. Nek wes, ahli gizi bakal bimbing awakmu diet sing bener dengan cara sing paling efektif. Ahli gizi yo bakal nyarano bahan-bahan panganan sing apik, cek dietmu isok luwe maksimal.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3121", "text": "Nag delok olahraga mboh iku bal-balan, balapan, utowo liyane mesti duwe pemain sing dijagokno. Nah aku biasane senenge polambek sing jenenge Ronaldo masio saiki wes ora sepiro apik maene. Tapi olahragawan iku pinteri megilan ambek lingkungan, terus carane ngregani wong barang yo apike pol, seje ambek liyane. Masio wes dadi pemain sing paling top nang bal-balan tapi deke iku tetep mosisikno awake koyok wong liyo. Terus wonge iku yo gantenge ora ukur ambek awake ikku sangare pol kokot ora klimprak-klimpruk koyok gombal. Tapi sing garai aku seneng ambek deke yoiku wonge iku ora sombong, terus gelem ngregani wong masio wong iku ora sak level mbek deke.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4601", "text": "Santi kuwi mahasiswa tata boga semester 7. Ing semester iki, dekne kudu magang lan penelitian ning pabrik roti. Dekne sinau mulai saka bahan roti, isiane, cara nggawene, kemasan, cara dodolan, lan cara ben roti iki awet. Jaman biyen, roti digawe saka ragi sing disiyapke sedino sakdurunge dimasa. Nanging saiki, Santi luwih sering nemu roti nggawe ragi sing instan amarga irit dhuwit produksi lan bisa nggawe roti luwih akeh. Ing pabrik roti kuwi, Santi sinau piye carane njaga karesikan ben kualitas rotine uga saya apik tur ora gampang jamuren lam luwih awet. Santi uga sinau carane nggawe isian roti saka buah, susu, lan cokelat. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7745", "text": "Ekskul iku akeh banget maceme, mulai teko ketrampilan sampe olahraga. Maceme ekskul olahraga sisan iku pasti onok akeh banget nang sekolah. Cuma sayange, ben ekskul olahraga iku mesti entok perlakuan sing bedo teko sekolahan. Semisal, basket iku luwe dispesialno, terus sing kasti iku koyok dadi anak tiri. Fenomena koyok ngono iku wes akeh banget kedaden nang hampir kabeh sekolah nang Indonesia. Perlakuan iku bakal luwe bedo maneh nek misal ekskul iku sampe isok nyumbang penghargaan sing isok ngapikno jeneng sekolah iku mau. Engkok pasti anggarane diundakno, latihane bakal luwe intensif, dan liyane maneh. Padahal semisal ekskul olahraga diperlakukno podo kabeh koyok ngono, arek-areke isok luwe giat dan isok nyumbang prestasi sisan gawe sekolah lho.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5452", "text": "Ana sing bedha saka tandhing Karate ning Asian Games sing diadakake taun 2018. Olahraga saka Jepang iki dadi salah siji olahraga sing kondhang ning Indonesia wiwit tahun 90-an. Karate iki tandhinge ora sepisan, nanging ana jenis-jenis tandhing kaya tingkat kabupaten, provinsi, lan nasional. Uga ana tandhing antara perguruan siji karo liyane uga tandhing sak perguruan nanging bedha daerah. Saka tandhing kuwi, akeh sing baru ngerti yen Karate kuwi masio katon kaya tandhing gelut, tangan utawa sikil iki ora oleh kena marang awak lan kanggo tandha yaiku mbengok yen kena poin. Poin sing paling dhuwur kuwi yaiku yen poin tendangan sing cedhak sirah. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5573", "text": "Robot kuwi digawe kanggo akeh kebutuhan, salah sijine yaiku kanggo kebutuhan pangkalan militer. Robot militer sing paling canggih ning dunya saiki yaiku salah sawijine The Ripsaw MS1 UGV utawa Ripsaw. Robot iki dirancang nganggo model transportasi perang lan yen pas lagi mlaku, bisa cepet banget yaiku maksimal 125 km/jam. Robot iki didukung karo anane mesin diesel V8 sing kapasitase 6,6 liter lan bisa ngasilake tenaga 650 horsepower utawa tenaga jaran. Robot iki bisa dikontrol saka adoh lan bisa ngisi ulang peluru lan bisa ngolah bahan bakare dhewe. Kabeh kuwi amarga Ripsaw pancen dirancang kanggo ngadepi perang lan ngelindungi keamanane negara. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7409", "text": "Upacara Kasada iki salah siji tradisi sing onok nang Jawa Timur. Upacara iki termasuk nang salah siji upacara adat teko suku Tengger sing sek dilakoni sampe saiki. Suku Tengger iki salah siji komunitas sing mendiami wilayah kaki Gunung Bromo, kabupaten Probolinggo. Upacara Kasada iki ritual sing dilakoni gawe bentuk syukur ambek harapan cek dijauhi teko malapetaka. Upacara iki dilakoni dengan ngelarungi hasil Bumi nang njero kawah Gunung Bromo. Upacara iki dadi salah siji dino hari raya umat Hindu Tengger. Dan biasane, area Gunung Bromo bakal ditutup ben upacara sing siji iki diadakno. Dadi gawe awakmu sing kate berencana liburan nang Bromo, cek maneh tanggale, ojok sampe keliru dan malah barengan ambek upacara Kasada.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7729", "text": "Mohammad Ahsan ambek Hendra Setiawan iku loro teko sekian atlet sing sek aktif ndek kejuaraan bulu tangkis. Rong atlet iku dadi siji regu dan dolen ndek pertandingan putra ganda ndek bulu tangkis. Pasangan sing luwe dikenal dengan jeneng daddies iki dadi atlet bulu tangkis sing paling legendaris nang Indonesia. Yaopo gak legendaris, mereka iki umure wis tergolong tuwek gawe ukuran atlet bulu tangkis pada umume. Tapi mereka iki nduwe tenaga sing cukup prima bahkan sek isok tembus nang final BWF 2022 wingi. Wes ngono, mereka iki dikenal ambek sifate sing humble dan dadi panutane para atlet bulu tangkis sak dunyo. Dadi gawe awakmu sing durung tau kenal ambek mereka, mulai saiki awakmu kudu kenalan ambek loro atlet legendaris teko Indonesia iki rek.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9377", "text": "Olahraga iku kudu dilakoni rutin saben dina supaya awak bisa seger waras. Ora kudu oalhraga ning panggon khusus, ning omah uga bisa ngelakoni olahraga kayata yoga. Yoga iki bisa dilakoni dewe ana ing omah amarga wis akeh contoh yoga sing ana ing internet. Yen isih bingung kanggo olahraga yoga ana ing omah, iki ana tata cara supaya bisa konsisten kanggo olahraga yoga. Nomer siji, kudu bisa nggolek wektu sing pas. Bisa pas isuk sadurunge budhal kerja, utawa sore sawise mulih kerja. Nomer loro, sediakke panggon khusus yoga ning omah supaya bisa lebih fokus. Misale ana ing kamar, utawa latar sing sepi. Nomer telu, kudu konsisten kanggo ngelakoni yoga. Ora papa misale ora langsung bisa yoga sing abot, alon-alon asal kelakon.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6913", "text": "Salah satu rumah makan seafood sing paling terkenal nang Suroboyo iku Warung Kepiting Cak Gundul. Mbasio asline guduk teko Suroboyo, tapi cabang legendaris e yo nang kono iku. Warung iku wes berdiri sejak 1992, dan ancen wes ket suwe terkenal. Bahkan saking terkenale, sampe wong luar kota akeh sing teko nyicip mrono. Panggone nang daerah Kupang Indah, dan gampang banget ditemoni. Mbasio jenenge warung kepiting, tapi yo dodolan seafood liyane sisan koyok urang, cumi-cumi, kerang, dan liyan-liyane. Mesene guduk sijian, tapi dihitunge per ons. Terus bumbune pun lumayan akeh pilihane, koyok asam manis, lada hitam, mentega, kare, dan rebus bumbu. Untuk regane ancen lumayan larang, cuma rego larang iku bener-bener sepadan ambek rasa kepitinge.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10025", "text": "Yohanes Chris John utawa luwih akeh dikenal Chris John dadi salah siji atlet kondhang ing Indonesia. Dheweke atlet ulah raga tinju utawa jotosan. Dheweke isa mecahake rekor dadi salah sijining jwara dunya kelas wulu ingkang kapisan lan paling suwe kepindo ing salawase ana tandhingan jotosan. Dheweke iku isa banget mertahanake rekor kui. Yen diturut saka kaluwargane, bapake ndisik nduwe pepinginan dadi atlet tinju. Chris John dhewe nalikane ilik tau ajar wushu, dadi cara main ning ring tinju ora adoh saka tata cara wushu. Chris John mulai karir tinjune ing tahun 1998 lan terus menangake akeh banget pertandingan. Sing keri dhewe iku ing tahun 2003, dheweke kalah uda dadi jwara dunya kapindho. Nah, semangate dheweke iku gedhe banget kangga nggawa jeneng Indonesia.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8989", "text": "Jaman saiki, arek enom iku kepingine nggolek laptop sing model e slim. Alesane iku mergo laptop iku mau bakal digowo terus ben isok nggarap kerjaan nang ndi ae. Nek nganggo laptop sing abot, durung nyandak kerjaan ae wes pegel disikan. Onok salah siji merk sing sering tak sarano gawe arek enom, yaiku Samsung. Laptop Samsung iki paling juara nek perkoro desain slim. Terus laptop iki enteng pol, dadi luwe enak gawe ditenteng nang ndi ae. Wes ngono, desain e super trendy dan cocok pol gawe arek enom sing pingin bergaya. Dadi gawe awakmu sing lagi nggolek desain laptop sing apik, pilih ae Samsung.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7310", "text": "Saiki dino Kamis, berarti wayahe seminar rutin nang Sekolah. Seminar iki bakal ngundang narasumber teko endi ae sing isok ngekeki materi agama sing bermanfaat gawe seluruh murid nang SMP iki. Dino iki, narasumber sing diundang nang sekolah iku ustad Felix Siauw. Awale aku gak eroh sopo iku. Pas beliau perkenalan, dadakno beliau iki seorang mualaf sing mulai akeh sinau tentang Islam dan saiki dakwah keliling nang ndi ae, salah sijine yo nang Sekolah iki. Beliau cerito tentang kisahe sebelum memeluk agama Islam, dan betapa uripe gak tau tenang pas sek meluk agama Kristen. Pas meluk agama Islam, akeh banget ketenangan sing didapat dan beliau dadi tambah mantep gawe nyebarno ilmu Islam nang sopo ae.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6928", "text": "Biasane arek kuliah iku luwe milih tuku panganan nang njobo timbangane masak dewe nang kos. Asalane muacem-macem. Onok sing mergo kulkase kebak, dapur kosan sing rusuh, gak gelem masak bareng wong liyo, wes akeh lah pokoke. Paling mentok-mentok o nek masak dewe iku mek masak mie. Nah aku nduwe cara masak mie nganggo magic jar. Pertama, isi banyu nang wadahe secukupe, terus cetek tombole dadi cook. Entenono sampe banyune umep, terus masaken mie ne koyok biasane. Ancen luwe suwe masak mie nang magic jar, tapi awakmu dadi gak repot ngantri nang dapur kos nek mek kate masak mie. Ayo cobaen caraku iku mau rek, gampang pol!", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6317", "text": "Yen digatekake, perekonomian ning Indonesia iki saya suwe saya merosot amarga ning taun 2023 jare bakal ana krisis. Akeh pegawe sing dipecat amarga perekonomian seret. Kabeh perusahaan rugi lan uga ora bisa nanggung urip para karyawane. Kamangka, sing kudu dilakoni yaiku pengendalian dana saka rekening pribadi. Pembagian dana iki kalebu aturan kanggo misahake kebutuhan lan uga dana cadangan. Kanggo wong sing isih kerja, uga kudu sing sregep mbayar BPJS tenaga kerja utawa ngecek tagihan ning kantor. Sing dadi masalah yaiku yen pegawai kangelan oleh hak kaya gaji sing kurang stabil, dikurangi, lan uga ana sing gajine dicicil. Pegawai dadi kangelan misahake kebutuhan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7094", "text": "Nulis iku dadi salah siji hobi sing populer ndek kalangan awak dewe. Onok sing ancen seneng nulis, dan onok sisan sing nulis gawe ngelampiasno perasaane. Wong-wong sing koyok ngono biasane angel gawe ngomong utowo curhat nang koncone. Timbangane sira tambah ngelu polane masalahe dipendem dewe nang ati, akhire mereka ngelampiasno dalam bentuk tulisan. Kadang onok sing bentuke dadi narasi, dan onok sisan sing nulis dalam bentuk crito fiksi. Roto-roto sing nduwe hobi nulis gawe pelampiasan iku nduwe akeh banget karya sing wes tau disebarno dan sing disimpen gawe woconan pribadi. Hobi koyok ngono pun termasuk hobi sing sehat gawe mental soale mereka isok ngebuang pikiran-pikiran elek sing onok nang utek dan bakal ditulis sampe plong.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2358", "text": "Jarene situs doktersehat.com keripik menyok yo duweni kandungan sing lumayan apik gawe awak dewek kabeh. Masio kandungane ora sepiro gede nag dibandingno karo menyok sing durung diolah dadi kripik. Nag situs iku dijalesno nag nutrisine iku koyok contone karbohidrat, serat, protein, kalsium, zat besi, magnesium, fosfor, kalium, dan zinc. Terus menyok yo ngandung pirang-pirang vitamin koyok vitamin A, vitamin B kompleks, vitamin E, dan vitamin K. Mangkane aku senenge pol ambek kripik menyok. Terus ono maneh sing jenege kripik melinjo, keripik iki yo akeh kandungane contone kayok kalsium, protein, zat besi, ambek fosfor. Tapi aku tetep ora seneng soale rasane pahit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5496", "text": "Pertandingan olahraga sing ana ning kampus kuwi pancen rame banget lan seru amarga sing ditarungke kuwi jenenge fakultas. Nanging ana babagan sing kudu digatekake ben ora marai musuhan lan kerusuhan ning lapangan. Kaping pisan yaiku dadi suporter sing bijak. Suporter sing ndukung para atlet kuwi ora nyacati tim lawan lan ora dari provokator ning lapangan. Lagu-lagu suporteran uga kudu sing mbangkitake semangat tanpo ada unsur SARA, ngelecehake, lan ora nyinggung masalah akademi lan intelektual. Kaping loro yaiku ora gampang terprovokasi karo pertandingan lan ora emosian. Kaping telu yaiku nuwuhake sportifitas kang gedhe ben legawa yen misale ana tim sing kalah. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2388", "text": "Biasane wong wes umum karo sing jenenge bayem ijo, tapi akhir-akhir iki ono sing jenenge bayem abang. Nag situs alodokter jelasno nag bayem abang iku duwe manfaat ora kalah karo bayem ijo. Manfaate yoiku njogo kesehaten otot, duweni sifat anti kangker, iso ngontrol kolestrol ambek gulo darah. Sak liyane iku yo duweni Nutrisi sing lumayan koyok karbohidrat kompleks, serat, banyu, vitamin A,B,C ambek K, folat, kalium, zat besi, ambek natrium. Mari ngunu, buah barang yo ono sing iso digawe jogo kesehatane jantung, yaiku buah alpokat, nak situse alodokter dijelasno nag alpokat yo duwe fungsi nag kesehatan sing lumayan apik, contone iso njogo kesehatane moto, ngontrol tekanane darah, ngelongi resikone kanker ambek liyan-liyane yo akeh. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9740", "text": "Mahen wayah preian sekolah mesti turu ing omah e mbah kakung e . wayah sore mahen delok-delok keliling kamar ing omah iku. Ing salah sijine kamar mahen nemokake barang sing ora tau didelok. Mahen takon menyang mbah kakung e, jarene mbah kakung barang iku jenenge keris. Keris iku pancen sengojo di simpen kaliyan mbah kakung amarga peninggalan e tekan nenek moyang e. mahen diceritani tentang sejarah e keris iku . Amarga mahen ora tau ero keris iku dewek e seneng pol ngerungokake cerito iku. Jarene mbah kakung keris yoiku jenis e senjata tradisional sing biyen e digawe leluhur utawi pahlawan utamane daerah jawa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7035", "text": "Gawe para bagpacker sing seneng travelling nang ndi ae, gak perlu sing jenenge hotel mahal. Sing dibutuhno iku penginapan sing murah tapi tetep nyaman. Salah sijine sing isok nawarno iku kabeh yaiku RedDorz. Hotel sing siji iki cabange wes onok nang ndi-ndi ndek seluruh Indonesia. Mulai sing lokasine nang pusat kota sampe sing panggone mblusuk nang gang tikus. RedDorz iki hotel sing fasilitase lengkap. Mulai teko kamar dan jedhing sing resik, AC, TV, lemari, sampe WiFi. Roto-roto regane iku murah banget. Bahkan onok cabang RedDorz sing per maleme nang ngisore 100 ewu per bengi. Wes ngono booking hotele yo isok online. Isok teko aplikasi RedDorz e dewe utowo aplikasi travel sing liyane koyok Traveloka, Agoda, dan liyane maneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "477", "text": "Ono sing ngomong saiki kui wis akhir jaman. Salah siji tanda kui akeh wong sing saling fitnah siji karo liyane. Iki kui bahaya banget kanggo negorone awak dhewe sing dadi negoro kesatuan. Indonesia duwe akeh suku, basa, lan agama. Yen sak ben golongan kui saling fitnah iso gawe negoro kui remuk. Makane kui ben ora dadi padu pas ono informasi anyar kui awak dhewe kudu ngecek meneh beritane kui, valid opo ora. Kui neng Islam disebute tabayyun. Dadi sak ben ono brito sing tekan telingane awak dhewe kui, awak dhewe ora olah langsung percoyo, nanging kudu dikonfirmasi disik karo wong sing bersangkutan. Yen misale brita kui salah, awak dhewe malah uga keno dosone.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8602", "text": "Love language iku siji teori sing ngekspreksikno cara uwong nang hubungan percintaan. Bah iku nang hubungan keluarga, romantis, utowo pertemanan. Love language iki dadi salah siji hal sing penting nang hubungan soale isok dadi cara gawe mahami satu sama lain. Love language iku onok limang macem. Siji, quality time alias ngentekno wektu bareng. Contohe koyok nonton nang Bioskop bareng, ngelakoni hobi sing podo, utowo mlaku-mlaku bareng, Loro, words of affirmation alias kata-kata penegasan. Contohe iku koyok dipuji ambek pasangan. Telu, receiving/giving gifts utowo ngekeki/nampani hadiah. Contohe koyok ngekeki kado nang pasangan pas lagi ulang tahun. Papat, physical touch utowo sentuhan fisik. Contohe iku pelukan. Terakhir, acts of service utowo tindakan melayani. Contohe mbukakno tutup botol gawe pasangan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6932", "text": "Sak keluargaku seneng banget ambek panganan sing jenenge pecel. Pecel iku panganan sing terdiri soko sayur sing wes direbus terus disiram bumbu kacang nang duwure. Nek nang Surabaya ambek sekitare, biasane sayuran sing digawe iku kecambah, kacang panjang, daun singkong, ambek daun kemangi. Terus bumbu kacange dibuat teko kencur, gulo abang, uyah, lombok, daun jeruk purut, karo kacang tanah sangrai. Bahan bumbune kabeh dicampur terus diulek sampe alus. Nek kate mangan, bumbune dijur disik karo banyu anget terus disiramno nang sayuran sing wes direbus. Biasane pecel dipangan nganggo sego terus ditambahi iwak liyane koyok ndhog, bali daging, mie goreng, utowo liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8611", "text": "Nang jaman saiki, kabeh iku podo koar-koar gawe nyiapno dana darurat. Tapi Vina iku gak tau ngerungokno saran gawe nyiapno dand darurat. Vina iku tipe uwong sing nek nduwe duit, pokoke kudu entek pas iku sisan. Motto uripe iku awak dewe nang dunyo mek pisan, dadi nikmati ae opo sing onok dan tuku sembarang nek awak dewe nduwe duit. Teko kono, Vina dadi gak tau nabung blas. Pokok nek onok duit, de’e bakal tuku sembarang kalir. Akibate, pas de’e kentekan duit, de’e pasti pontang panting gawe nggolek utangan. Aku sebagai koncone ndelok iku miris pol seh. Padahal gajine de’e iku rong digit, tapi sek ae sering ngutang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "566", "text": "Rapai kui alat musik tradisional seko Aceh. Bentuk koyo rebana nanging digawe seko kulit wedhus. Kui alat musik liyane kui, rapai uga ono cara perawatane. Rapai kui kudu disimpin neng ruangan tertutup lan panggon sing kering. Panggon sing lembab iso marake kulit wedhuse kui longgar. Nanging panggon koyo ngono kui, angel banget dientoke dadi kudu langkah perawatan sing liyo. Sedino pisan utowo paling ora seminggu pisan, rapai kui kudu dipepe. Dipepene ora kudu suwe-suwe, cukup 10 menit nanging ora entuk keno sinar srengenge langsung. Yen misale, kulit rapai tiwas kendor. Rapai kui iso dipasangi sedak, semacam rotan, sing iso gawe ngisi ruang antara rangka karo kulite.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5548", "text": "Ngeresiki mesin cuci kuwi pancen babagan sing kadhang marai wong males amarga akeh wong sing nganggep ora penting. Sajane, ngeresiki mesin cuci iki manfaate akeh. Salah sijine yaiku ngurangi anane bakteri sing ana ning mesin cuci kuwi lan uga bisa ngelancarake kerjane mesin cuci kuwi. Sing paling penting yaiku, njaga ben mesin cuci kuwi ora gampang rusak amarga ana karat, lumut, lan sak panunggale. Sing paling penting diresiki kuwi tabung, bagian mesin sing kena banyu, lan uga selang kanggo nguras. Kamangka, kanggo kanca sing duwe mesin cuci, ayo luwih sregep ngeresiki mesin cuci. Yen pengen gampang uga bisa ndelok ning youtube cara-carane lan ben ora ngerusak. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1741", "text": "Pas SMA, aku duwe konco cerak. Tekan saiki, awak dhewe isih kontak-kontakan. Senadyan dheweke wis nikah saiki, awak dhewe tetep sering ketemuan. Aku uga kenal karo bojone. Jenenge konco kui Qahhar. Aku kenal karo dheweke mergo awak dhewe lungguh jejeran pas isih kelas 10. Seko kui, awak dhewe kerep ngobrol lan aku dijak dheweke melu neng tim penelitian dheweke. Tekan lulus, awak dhewe sekelas terus. Senadyan lingguhe dhewe wis ora bareng meneh nanging awak dhewe isih kerep dolan bareng. Awak dhewe uga podo-podo seneng mangan mi ayam. Neng cerak sekolah, ono mi ayam sing enak. Awak dhewe isih langganan neng kono tekan saiki.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2783", "text": "Biasane nag natalan konco-koncoku sing teko luar negeri iku budal nang grejo kanggo ibadah. Lah Natal iku termasuk salah sijine dino sing ancene dianggep suci karo wong-wong kristen maeng. Terus Natal iku yo riyoyone wong kristen sing biasane kedaden nag tanggal 25 desember kanggo memperingati lahire nabi Isa utowo sing diarani Yesus Kristus. Lah nag dino iku basane identik ambek kado-kadon utowo ngirim kado nang wong sing parek utowo sing dikenal. Terus yo ono sing ijol-ijolan kadon barang ambek wong sing terdekat koyok tonggo, keluarga, utowo konco. Terus sak liyane iku Dino iku yo identik ambek pohon natal sing bentuke iku koyok wet cemoro ambek diwei lampu pernak-pernik sing makan nang wit iku maeng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7447", "text": "Salah siji senjata tradisional sing terkenal banget nang Indonesia iku jenenge bambu runcing. Bambu runcing iku senjata sing terbuat teko bahan baku bambu sing diruncingno. Senjata iki mbiyen dinggo ambek bangsa Indonesia gawe senjata pas ngelawan penjajah kolonialis Belanda. Lambang bambu runcing iki akeh digawe gawe ngelambangno keberanian ambek pengorbanan gawe ngeraih kemerdekaan. Cara nggawe bambu runcing iku lumayan gampang. Pertama, golek bambu sing kuat dan ojok sing terlalu tuwo. Mbari ngono ujung bambune diruncingno sampe ketok tajem. Nek wes mari, ujung runcing bambu iku dibakar nang api cilik sampe werno ujunge dadi ireng. Terakhir, ujung bambu iku diolesi nganggo minyak cek luwe kokoh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4622", "text": "Soto akeh banget jenise. Nanging sing unik ya soto Betawi amarga soto betawi iki dimasak nganggo kuah susu. Soto iki isine daging, kentang, lan kadang ditambah sayur kaya tomat ben luwih enak Resep iki gabungan rempah-rempah karo gurihe susu. Rasane asin, legi, uda ana angete rempah. Kaldu saka daging ya kerasa. Soto Betawi iki dadi andalan amarga rasane bedha karo soto Surabaya lan Lamongan sing bening lan rasane luwih enteng ning ilat. Soto Betawi rasane luwih kenthel. Aja lali yen mangan soto Betawi tambahane emping lan krupuk ben tambah sedep. Yen kepengen tambah seger, isa ditambahi jeruk nipis ben luwih seger. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "992", "text": "Mungkin, awak dhewe mikir apik yen kenderaan neng donyo iki kabeh wis beralih nganggo energi listrik. Lingkungan bakal dadi luwih sehat lan polusi dadi berkurang. Nanging, awak dhewe kudu iso ngiro-ngiro opo wae masalah sing iso awak dhewe rasake dhewe yen ngerti-ngerti wong kabeh nganggo kendaraan listrik. Sing kesiji kui, iso dadi krisis energi. Yen penggunaan listrik sing akeh ora diimbangi produksi energi sing duwur, iso gawe beberapa sektor sing bakal ancur. Sing keloro, yen sumber listrik kui ora seko energi sing ora terbarukan, kui ora terlalu ngaruh kanggo kesehatan lingkungan. Sing ketelu, penggunaan kendaraan listrik iki durung tentu iso ngatasi masalah kemacetan. Mergone, yen kabeh duwe kendaraan pribadi kui tetep bakal ngebak-ngebaki dalan. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4005", "text": "Urip nag wes duwe gandengan iku seje ambek nag durung duwe gandengan, nag wes duwe gandengan nang endi-endi mesti ewo kabeh masio gandengane maeng iku wes ngolehe budal. Seje maneh ambek nag durung duwe, nag durung duwe biasane yo sak pegele awak nag dolan, soale mesti ora ono sing goleki. Masio dolan sak ulan ora muleh yo mesti ora ono sing obrak-obrak goleki mergane ora duwe gandengan. Tapi jarene wong sing durung duwe gandengan delok wong sing wes duwe gandengan iku pengen nang cepet-cepet duwe gandengan padal duwe gandengan iku akeh ora enake timbang enake. Tapi akeh sing ora ngerti perkoro iku maeng, mergane isin nag ate ngandani wong perkoro iku maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9322", "text": "Daerah ing Gunung Merapi sayah suwi sayah apik lan berkembang. Akeh banget panggon rekreasi anyar sing dikembangna karo masarakat ing daerah iku. Salah sijine yaiku Agrowisata Bhumi Merapi. Panggon iki dadi panggon sing rame ditekani wong-wong sak kaluwarga lan wis misuwur ana ing sosial media. Ing panggon iki akeh kegiatan sing bisa dilakokake kayata foto-foto. Akeh banget spot foto sing ana ing kene. Temboke sing dicet warna-warna, bangunane sing dibentuk kaya bangunan ing luar negri kaya Santorini, Arab Street, lan liyan-liyane. Ing Agrowisata Bhumi Merapi uga bisa njajal kanggo numpak jaran lan ndelok kewan-kewan kayata manuk, truwelu, bebek, ula, lan kewan liyane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6974", "text": "Tau kepikiran gak, opo’o werno telenan sing didol nang tokto-toko iku bedo-bedo? Dadakno, telenan iku bedo werno bedo fungsi. Dan telenan iku kudu dibedakno berdasarno fungsine. Nek kon mek nganggo siji telenan gawe kabeh, gede kemungkinan bakal onok bahan makanan sing tercemar bakteri dan ujung-ujunge dadi sumber penyakit. Dadi onok 6 fungsi telenan berdasarno werno. Siji, werno ijo gawe motong sayur ambek buah. Loro, werno biru gawe motong aneka macem panganan laut. Telu, werno abang gawe motong daging merah koyok sapi utowo wedhus. Papat, werno kuning gawe motong daging unggas mentah. Limo, werno coklat gawe motong daging sing wes mateng. Enem, werno putih digawe motong roti ambek panganan mateng liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2716", "text": "Pas aku ngaji guruku sing gulang ngaji iku ngandani nag nang tanah jowo iki islam disebarno karo sing jenenge Wali songo yaiku tokoh-tokoh agama sing sampek saiki terkenal. Nah salah sijine tokoh agama iku duwe cara nyebarno sing unik ambek aneh supoyo masyarakat nang tanah jowo iku iso nerimo agama islam, yaiku ambek tembang-tembang jowo sing lagune iku sederhana tapi gesenengi masyarakat jawa waktu iku. Nah biyen wong jowo iku ancene senege ambek tembang-tembang ngunuku. Nah tokoh agama sing gawe tembang iku maeng yaiku sunan kalijogo. Tembang-tembang sing digawe ambek terkenal sampek saiki yaiku koyok gundul-gundul pacul, lir-ilir, ambek liyan-liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8137", "text": "Perusahaan sing wes ngalami kerugian, iku kudu cepet cepet ditangani. Nek gak ngono, kerugian iku mau bakal terus bertambah dan marakno perusahaan iku kukut. Nek perusahaanmu lagi ngalami kerugian, awakmu kudu nggolek cara ben isok bangkit maneh. Aku nduwe cara gawe ngatasi iku kabeh. Siji, lakoni evaluasi terhadap bisnis. Loro, pertimbangno ide teko karyawan. Telu, njaluk pendapat langsung teko wong sing wes profesional dan nduwe akeh pengalaman. Papat, manfaatno media sosial gawe promosi sebagai cara ngatasi kebangkrutan bisnis. Limo, tingkatno pelayanan nang pelanggan. Terakhir, tingkatno efisiensi sebagai cara ngatasi kebangkrutan bisnis. Cara cara iku mau isok mbok lakoni gawe ngehindari kerugian ben perusahaanmu gak bangkrut.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3260", "text": "Wingi pas aku online moro-moro ono sponsor sing nyudohno nag ono model Hp anyar sing saiki didol. Hp iku maeng kenek ditekok-tekok ambek layare barang yo kenek ditekok. Terus hp iku maeng yo ora opo-opo nag kenek banyu soale ancene digawe sistem ungulane sing didol nang wong-wong ben tuku. Mari ngunu, hp iku yo wes iso digawe nang sinyal 5G sing saiki isek anyar ambek arang sing duwe. Sak liyane iku hp iku maeng yo duwe kamera sing apike megilan soale pixele gede, terus mesine yo apike megilan. Masio akeh sing seneng ambek kepincut karo hp iku maeng tapi nag regane ora karuan sing iso garao wong klenger dompete, yo mesti mikir nag atene tuku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2429", "text": "Jarene situs salsawisata.com nad daerah perbatasan jawa timur ambek jawa tengah iku ono panggonan sing paling uapik. Daerah iku jenenge cemoro kandang, sak benere iku daerah jalure wong sing mungga gunung lawu. Tapi saiki angger preian sing dolan mrono tambah suwe-tambah akeh. Biasane aku nag balik balik nag omah yo mesti lewat kono kadang sak ulan piran terus yo niteni nag sing dolan mrono tambah suwe tambah akeh. Lah buktine saiki tambah akeh bangunane koyok penginapan ambek hotel wes akeh sing jejer-jejer nag pinggir dalan terus akeh kafe sing apik-apik. Nang daerah kono ancene apike pol pemandangane dadi yo ora nggumun nag akeh sing podo dolan nang kono. Masio ora duwe duwek akeh, cukup leren nang pinggir dalan ambek ngopi wae wes iso delok pemandang sing apik'e pol soale panggonane ancene nag duwur gunung. Mangkane nag pengen menikmati pemandangan alam sing bener-bener nyoto atok dolan mrene soale saiki failitasi tambah megilan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2371", "text": "Balok balik gawe jus, akhire blender sing umure wes telong tahun ajur. Terus adikku jaluk tuku anyar ben iso gawe jus maneh nang omah. Akhire preianku wingi entek digawe ngeterno adiku tuku blender anyar. Sampek panggonane toko blender, tibak'e uwakeh maceme, aku sampek bingung ateh milehno sing endi. Tapi ancene adeku wes ngertine pol masalah blender. Moro-moro bocah'e jipik sing mereke lumayan apik karo modele sing lumayan bakoh. Mari ngunu belnder iku maeng disudono karo aku. Terus tak delok kabeh opo iku normal opo ora, mari ngunu dijaluk bocahe terus digowo nang kasir, terus dibayar. Sampek nang omah blender iku maeng digawe gawe jus. terus hasile uwapik temen alus, suarane yo ora banget ambek juse yo ora sepiro akeh ampase.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5179", "text": "Seni tari kaya reog Ponorogo iki sarat karo ritual mistis lan tradisi amarga reog iki ana hubungane karo kedadian sing nyimbolake sejarah lan dongeng kanggo tolak bala. Nanging tradisi iki dikikis karo pemahaman agama sing ngelarang upacara-upacara iki. Amarga ning akeh pertunjukan, tradisi ritual iki wis ilang. Banjur tradisi dadi salah sawijining wujud kesesatan amarga isih ana wong ngobong dupa, nyediakake sajen, lan sekabehane. Miturut para ahli budhaya, anane sajen lan sapanunggale iki padha karo sedekah marah ciptaane Gusti kaya kewan lan ciptaan sing gaib, dudu kanggo sarana musrik. Kamangka kuwi, ayo saiki padha kritis marang opini wong lan sinau luwih jero babagan adat istiadat ben olah salah paham. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3503", "text": "Sing jenenge wirausaha yoiku wong sing iso ngolah ekonomine, ngenali produk utowo barang, ambek sing iso masarno karo dodolan produk sing diduweni nang wong liyo. Wong sing model koyok ngeneki iku wes akehe megilan saiki, terus saiki wong sing pengen dadi wirausaha yo wes ora angel seje koyok biyen. Saiki pokoke janji melek teknologi mesti iso dadi wirausaha. Opo maneh saiki ono sing dodolan liwat online sing iso jangkau wong sing nang endi-endi, awit tekok sabang sampek merauke. Terus sak liyane iku modal sing dibutohno yo saitik ora gede koyok biyen, soale ora butuh enggon kanggo toko ambek panggonan barang cukup nang omah iku wes cukup.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2470", "text": "Biasane nag aku duwe waktu senggang masio iku setengah jam, mesti tak manfaatno gawe golek-golek sing perkoro sing iso menghibur, koyok contone dolanan game, moco buku, delok berita, moco komik, utowo takok-tako kabare konco-konco sing arang kepetok'e. Tapi kadang aku nag aku duwe waktu luwang sing rodok suwe biasane yo tak gawe turu, ben awak'e iso istirahat, terus seger maneh gawe ngelakoni aktifitas. Nag gak ngunu aku mumet-mumet ambek dolan nang panggonan sing iso menghibur pikiran. Koyok ngopi ambek bocah-bocah utowo delok film-film sing wes podo metu. Sak liyane iku nag duwe waktu luang sing lumayan akeh yo dolan sing rodok adoh ben iso delok keadaan sing aneh-aneh. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "995", "text": "Insentif sing kanggo tuku mobil utowo montor listrik neng taun 2023 kui iso dadi langkah sing tepat kanggo pemerintah supoyo wong-wong luwih cepet beralih neng kendaraan listrik. Yen makin okeh wong sing ngaggo kendaraan ramah lingkungan kui, industri utowo ekosistem kendaraan listrik iki bakal makin apik. Ekosistem sing apik iki penting supoyo skema kendaraan listrik iki iso mlaku kanthi awet. Intensif sing mengko dikei pemerintah kui bakal nambah pasar kendaraan listrik iki. Yen konsumen wis akeh, industrine bakal berkembang lan bakal luwih akeh investor sing tertarik deleh duwite neng bidang iki. Soale yen konsumen soyo akeh artine dibuka meneh bidang sing dibutuhke, koyo stasiun sing kanggo ngecas batune lan panggon kanggo ngebenake utowo ngerawat kendaraane kui, umpanane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3264", "text": "Jaman moderen koyok saiki ancene wes serba elektronik kabeh. Sampek obat lamok ae karo elektronik. Padal masio ora ono elektronik yo ora opo-opo. Terus saiki yo wes ono sing jenenge kompos listrik barang, sing ancene gedukung ambek pemerintah. Tapi ang kabeh gawe listrik, terus sak wayah-wayah listrik mati opo wong gak bingung kabeh nag ate lapo-lapo. Opo maneh nag kompor sing dadi listrik yo tambah ora iso masak nang listriki mati. Tapi kabeh iku kan karek kebutuhane, nag ancene iku dianggep luweh apik yo ora opo-opo soale ancene saiki kabeh negoro mulai dadekno barang sing digawe menungso sakbendino sing gawe gas utowo lengo nang elektronik ben iso ramah ambek lingkungan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10108", "text": "Barista menika tiyang ingkang tugasipun damel kopi wonten kafe utawi restoran. Kopi ingkang didamel barista sanes kopi instan utawi kopi tubruk, nanging kopi ingkang didamel kangge mesin kopi. Biji kopi ingkang sampun dicepakaken digiling ngantos medal sarinipun kopi terus dicampur kaliyan bahan sanes kados susu lan krimer. Barista ugi kedah ngresiki mesin kopi ingkang sampun dipunangge. Tiyang ingkang nyambut damel dados barista kedah gadhah kawruh bab jinising kopi lan teknik ngolahipun. Amargi ingkang nyambut damel dhateng kafe utawi restoran, langkung sae menawi barista saged micara kagem basa Inggris supados saged maringi pirsa bab produk ingkang disade kanthi lancar kaliyan pelanggan saking negara manca ingkang ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2749", "text": "Wingi pas sholat jumat khotibpe iku nerangno masalah istiqomah utowo konsisten nang sembayang ambek nang perkoro sing apik, soale teko istiqomah maeng perkoro sing dilakoni ketok hasile. Sak liyane iku khotipe yo nganjurno nag dadi wong muslim iku kudu iso istiqomah awit teko sembayange sampek perkoro liyane sing iku ancene iso dadekno perkoro sing manfaat ambek apik. Soale nag ora istiqomah wong iku maeng ora bakal ngerti penggawean utowo perkoro sing dilakoni bakal nguwei hasil sing dikarepno mergane ora istiqomah. Mangkane nag pengen oleh hasil teko usahamu kudu istiqoamah ambek ora oleh nyerah. Dadi istiqomaho ben iso oleh hasil sing apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "23", "text": "Sego Hainan kui salah siji panganan sing populer ning Singapur. Sayange, neng Indonesia pangani iki ora akeh sing ngedol. Makane, aku kepengen masak dewe neng omah. Panganan iki ono empat elemen, ono sego, ayam, duduh, karo bumbu cair sing wernone coklat. Segone ayam Hainan kui dimasak karo kaldu godogkan ayame ditambah bumbu-bumbu liane koyo bawang putih, bombai, lan jahe. Ayame direbus nganggo rempah-rempah. Luwih enak nganggo ayam kampung ben rasane luwih gurih. Nanging kudu ati-ati, ayame kudu digodog luwih suwe supoyo ora alot. Duduhe nganggo kaldu ayam meneh dicampur potongan loncang. Terus bumbu caire nanggo saos tiram, kecap asin, karo minyak wijen. Pas dimasak ambune wis harum banget. Seko ambune wae, koyo wis ngejamin nek rasane enak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1230", "text": "Neng cerak omahku kui ono omah makan Padang sing enak banget. Nanging sayange omah makan kui saiki wis tutup, luwih tepate panggone kui wis diganti karo omah makan Padang sing liyo. Omah makan Padange kui sakdurnge jenenge Umbuik Mudo. Panganane neng kono kui ora mung enak nanging uga murah-murah. Aku pisanan tuku kui neng taun 2020. Setaun seko kui, aku tetep langganan tuku neng kono. Nanging rosone wis dadi kurang enak. Sakliyane kui, aku delok pegawene dadi tambah akeh. Neng taun 2021, aku delok pegawene ono sekitar 9. Nanging menurutku, restoran kui iso mlaku mung ngaggo 4 tekan 5 pegawe wae. Aku ngeroso omah makan iki bakal cepet bangkrut. Bener wae, neng pertengahan taun 2022, panggon kui tutup. Neng awal taune, aku delok pegawene malah ditambah lan rosone makin ora enek. Iki dadi pejalaran kanggo aku. Yen aku arep buka usaha, aku ora bakal ngaggo pegawe akeh-akeh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2772", "text": "Aku tau diulangi carane adzan ambek guru ngajiku biyen pas aki isek cilik. Lah Adzan yaiku omongan sing digawe nyeluk wong muslim nag wayae sholat tapi ngango bahasa arab. Lah adzan iku ora asal ngomong ono corone utowo omongan-omongan sing kudu diperhatikno ambek diapalno ben ora keliru pas ngelakoni adzan. adzan iku biasane dilakoni nag ancene wayai sembayang wajib ambek kadang-kadang sembayang sing ora wajib barang yo ono koyo sembayang tahajut barang yo ono sing ngango adzan ben wong podo sembayang tahajut. Mari ngunu adzan iku kenek gawe tondo-tondo jam barang sakliyane gawe nyelok wong sembayang. Soale nag wayae adzan iku pas ambek waktu-waktu utowo jam-jam sing wes pasti jam sam mono.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2349", "text": "Saiki akeh wong sing podo seneng dudo kelopo utowo degan, soale degan yo akeh manfaate sak liyane iso digawe tomboh wong sing keracunan. Nag situse Dinas Perkebunan Provinsi Kalimantan Timur njelasno nag dudo kelopo utowo degan duwe manfaat sing akeh salah sijine yaiku iso nyegoh utowo nambani dehidrasi, terus, dudoi klopo yo duwe potasium, sodium, elektrolit, kalsium, vitamin C ambek Lauric Acid sing podo mbek nanggone ASI sing dibutohno pas meteng. Sakliyane iku, dudo kelopo yo kenek digawe antibakteri sing iso nyebakno infeksi nag njerone awak. Tapi nag tuku dudo kelopo utowo degan yo sing asli utowo ora ono campurane opo-opo koyok gulo utowo sirup sing aneh-aneh digawe nambahi rasa legi. Wong-wong barang yo akeh sing ora seneng ambek tambahan koyok ngunu iku. Jarene rasane tambah aneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "403", "text": "Muslim kui kudu ngelakoni salat wajib limang wektu sak ben dinane. Salat maghrib kui dilokek pas srengenge wis tenggelam seakeh 3 rakaat. Salat isa kui 4 rakaat sing dilakoke ora suwe sak wise mlebu wektu magrib. Bar kui ono salat isuk-isuk pas srengenge terbit meneh, sing jenenge salat subuh. salat isuk kui mung 2 rakaat. Bar kui ono salat dzuhur lan asar sing dilakoke pas awan lan sore. Masing-masing seko salat kui kudu lakoke seakeh 4 rakaat. Dadi wong sing nganut agama Islam kui, sak ora-orane, salat 17 rakaat sak ben dino. Jumlah kui iso luwih naliko wong kui gelem salat sunah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6937", "text": "Mbasio aku wes urip suwe nang Jogja, aku tetep gak isok nerimo panganan nang Jogja sing cenderung legi. Sedangkan aku ket mbiyen wes kulino mangan panganan sing rasane asin karo gurih. Makane iku aku gak sueneng ambek gudeg, padahal iku ‘maskot’ e Jogja dan nek nang Jogja wajib mangan iku. Sayange, ilatku gak cocok ambek rasa gudeg sing legi puol iku. Tapi kadang onok momen ndek ndi aku diteri sego kotakan ambek koncoku dan iku isine gudeg. Gelem gak gelem yo kudu tetep tak pangan. Cara aku ngakali cek aku isok rodo menikmati gudeg iku bumbu gudeg e dicampur nganggo sambel sing tersedia nang kosanku, dadi aku gak perlu ngguak panganan dan dadi mubazir.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7782", "text": "Golf iku olahraga sing dilakoni secara perorangan utowo tim sing tujuane gawe ngelebokno bola nang njero lubang-lubang sing onok nang lapangan dengan jumlah pukulan sing paling sitik. Bola iku mau dipukul nganggo tongkat sing jenenge klab. Golf iki dilakoni nang lahan sing wes dirancang secara khusus sing biasa diarani lapangan golf utowo padang golf. Siji padang iku nduwe lubang sing terdiri teko songo sampe wolulas lubang. Golf iki nduwe pirang manfaat. Siji, ngurangi stress. Loro, ningkatno kualitas turu. Telu, isok gawe mbakar kalori. Papat, njogo kesehatan tulang. Limo, njogo kesehatan jantung. Enem, njogo fungsi otak cek tetep optimal. Terakhir, njogo kesehatan mripat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2488", "text": "Ket ono pandemik wingi, akeh sing nganjurno delok film. Soale wong-wong doh podo ora oleh metu. Mangkane ben ora stress polahe ora iso nyambut gawe akeh sing ngongkon hibur pikiran ambek delok film. Jarene CEO Tribeca Enterprise, Film iku duwe manfaat sing aneh sing ora iso dinalar gawe nguwei semangat ambek motivasi wong sing delok. Soale film iku kadang ono gambaran perkoro sing ancene didepi menungso. Kadang tanpo sengojo lewat delok film maeng, wong sing delok iso oleh pemikiran carane mecahno masalah'e. Mangkane sing jenenge delok film iku ora elek terus yo ora apik terus. Kabeh iku karek film opo sing di delok. Dadi nag pengen ngerti ambek pengalaman teko film yo delok'o film sing ceritane jipik teko cerita wong sing biyen-biyen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "441", "text": "Rung suwe iki, simbahku sedo. Sak durunge sedo kui, salate simbahku ono sing bolong-bolong. Aku dadi pensaran, opo ono coro kanggo ahli warise utowo wong-wong sing isih urip iki ngebayar salate simbah. Aku pikir iso koyo poso Ramadan. Yen wong sing sedo kui isih duwe utang poso, ahli warise iso ngebayar kanggo ngekei pangan neng fakir-miskin. Pas aku delok kajian perkoro babagan kui, jebul ora iso. Perkoro salat lan ibadah kui, perkorone sak ben wong dhewe-dhewe. Ora ono sing iso ngewangi utowo bayar kurange ibadah wajib sing kudune dilakoni. Dadi awak dhewe ora iso ngopo-ngopo soal salate simbah kui. Awak dhewe mung iso dongo yen senadyan ibadahe ora sempurna nangging simbah isih iso mlebu swarga.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9798", "text": "Sapa sing ngira yen sega kui tur isa dipangan lawuh jangan sing asin gurih?. Ing Jogjakarta ana panganan jenenge gudheg kang wis kondhang tekan ngendi-ngendi. Gudheg kang isine jangan gori sing wis dibacem ngasi soklat uga pelengkape ana krecek, baceman, lan ora lali endhog utawa iwak pitik kang kabeh yas dibacem. Njijal bayangke wae panganan sing wis dibacem legi dipangan lawuh sego? Aneh apa malah lumrah?. Miturut wing Jogja kaya mengkene ki wis lumrah, anak-enak wae. Kui isa dideleng saka contone panganan gudheg kang wis dadi primadonane wasatawan kang dolan nang Jogja. Rasane ora ilok yen dolan nang Jogja ora ngrasakake langsung panganan kang manteb tenan iki. Hayo, kanca-kanca nek wis padha penasaran to? Mula ta padha dolan Jogja lan ngrasakake langsung panganan iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3542", "text": "Wong saiki sing ancene melek ambek teknologi utowo perkembangane jaman mesti ngerti carane dodolan online. Nah sing dimaksud dodolan online iku maeng yaiku dodolan tapi lewat internet contohne nang market place sing saiki wes ono wadahe nang aplikasi android ambek Iphone. Nang dodolan online iku yo ora butoh modal gede, saolae itungane iku seje ambek dodolan sing biasae dilakoni wong umume. Nag dodolan online iku ora atek mikir bayar sewoe ben ulan iku piro ambek engko kudu oleh piro perbulane yo ora sepiro angel. Mari ngunu biaya sewone iku luweh murahe ora pokro soale ancene itungane iku perbarang sing kadol, nag barang kadole sak itik yo bayare sak itik.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7444", "text": "Parang utowo biasa disebut ambang iki salah siji senjata tradisional sing khas teko daerah Kalimantan. Seliyane Kalimantan, parang iki yo akeh didapeti nang masyarakat Melayu nang Jawa karo Sumatra. Parang iki terbuat teko wit gedhang sing bentuke sederhana dan gak onok pernak-pernik sing unik. Roto-roto sejata tradisional iku didadikno senjata gawe perang ngelawan penjajah. Nek nang jaman saiki, parang iku dadi senjata sing bermanfaat gawe kegiatan sehari-hari. Paling sering digawe karo petani pas nang sawah. Paling sering digawe nebasi rerumputan utowo nebasi taneman liyane. Kadangan sisan onok uwong sing nganggo parang gawe alat potong mergo bentuke sing dowo terus tajem.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10086", "text": "Jamu beras kencur lan kunyit asem menika tuladhanipun jamu ingkang tasih bertahan wiwit jaman kerajaan Hindu- Buddha. Wonten relief ingkang dipunukir wonten Candi Borobudur, salah sawijining relief, inggih menika relief Karmawibangga, maringi pirsa salah sawijining profesi penting wonten jaman kasebat ingkang disebat acaraki utawi tiyang ingkang damel jamu kangge obat. Jamu ngantos sakmenika tetep bertahan senadyan sampun kathah obat ingkang didamel wonten pabrik. Kalangkungan jamu ingkang saged damel unjukan menika bertahan inggih punika efek samping ingkang minim ketimbang obat pabrik. Jamu ugi kathah jinisipun kangge njagi kesarasan lan mbantu ngicalaken penyakit. Jamu kalebet salah sawijining unjukan keremenan Presiden Joko Widodo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10131", "text": "Dinten menika kula tesih prei sekolah. Ibu kaliyan bapak ngejak kula plesir wonten kutha Cirebon. Wonten Cirebon, salah satunggaling olahan iwak laut ingkang unik inggih punika Bekasem. Bekasem menika diolah saking iwak tengiri, kakap, tongkol, lan jinisipun iwak laut ageng sanesipun. Iwak laut ingkang sampun dipilih lajeng diiris alit-alit lan disimpen wonten guci salami luwih saking seminggu. Menawi sampun terfermentasi, Bekasem disajekaken sareng sekul ingkang disebat sekul jimat. Biasanipun sekul jimat lan Bekasem bakal diarak lan dibagi-bagi muteri kutha Cirebon kangge mengeti Maulid Nabi Muhammad ingkang diselenggarakaken Kraton Kacirebonan. Nanging, amargi sakmenika saweg lockdown akibat Covid-19, acara arak-arakan dibatalaken. Perayaan Maulid Nabi Muhammad namung dirayakaken dening pihak Keraton Kacirebonan wonten lebeting wilayah Kraton supados . ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6657", "text": "Kondisi omah sing rawan bencana kuwi pancen mbingungake amarga arep ngungsi uga angel lan mestine bakal ngetokake akeh biyaya kanggo ndandani. Kamangka, sak durunge tuku omah, kondisi lingkungan kudu digatekake lan potensi bahaya apa wae sing bakal kedadian. Aja nganthi rugi amarga ora ndeok lingkungan panggonan omah anyar. Komunikasi karo pengembang utawa kontraktor perumahan kuwi penting kanggo ngurangi risiko anane bencana. Banjur yen wis ngerti, awak dhewe bisa mutusake kepiye, arep lanjut manggon ning kono lan jaga-jaga kaya nduweni piranti tanggap bencana apa nggolek lahan utawa perumahan liyane. Babagan iki jarang digatekake amarga kadhang petugas perumahan kuwi sering nutupi kondisi sing sak tenane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9645", "text": "Agama Islam iku agama sing gampang ning ora bisa digampangke. Iku salah siji pituduh utawa nasihat saka khotbah Jumat. Khotib nyampekna menawa wong Islam iku sakjane wis diwenehi kegampangan karo Gusti kanggo ngelakoni ibadah. Tuladhane kaya nalika ana ing dalan lan ora bisa sholat pas wektune, Gusti Allah ngewenehi keringanan kanggo jamak sholat. Tuladha nomer loro nalika pasa. Misal wis ora kuat pasa amarga ana udzur kaya lara, bisa disaur utawa diganti ana ing dina liyane. Gusti allah wis ngewenehi keringanan kaya ngono kanggo wong Islam aja nganti malah tambah nyelena lan nggampangke karo ora gelem ibadah marang Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6931", "text": "Dino iki adekku kate tuku panganan nang salah siji Mall nang Gresik. De’e awale nawari aku salted egg chicken, tapi aku langsung nolak terus milik panganan liyane, pokok selain sing ikulah. Aku iku temenan gak seneng ambek olahan makanan sing dikeki saos salted egg. Aku seneng telur asin, tapi nek wes diolah dadi saos salted egg dadi gak seneng. Pertama kali aku nyoba, langsung girik-girik karepe dewe, saking aneh e rasa saos salted egg nang ilatku. Siji kata tok seh komentarku pas iku, eneg, dan eneg e iku kenemenen. Aku ancen dasarane gak seneng panganan sing rasane eneg koyok ngono, makane aku blas gak seneng ambek saos salted egg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1249", "text": "Yen awak dhewe arep dodolan sing media sosial kui. Awak dhewe ora iso ngasal gawe unggahan. Sebenere kui ora opo-opo, nanging dodolan dhewe luwih angel payune, opo meneh yen barang sing awak dhewe dol kui wis akeh neng Internet. Sing awak dhewe kudu lakoke kui kudu gawe konten sing apik. Apik kui dudu mung seko kwalitas gambar utowo video sing ditampilke. Awak dhewe kudu gawe konten sing unik sing iso ngebedake bakul daring awak dhewe karo bakul liyane sing dagangane mirip. Yen ora ono sing ngebedake, wong-wong sing arep tuku bakal angel ngebedakene. Iso wae sebenere ono wong sing arep tuku neng panggone dhewe. Nanging mergo akune mirip karo sing liyane, dheweke malah salah panggon tuku. Makane, awak dhewe kudu gawe konten sing apik sing iso dadi identitas bakule dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5176", "text": "Nguri-uri budhaya Jawa kuwi bisa dimulai saka ngenali tarian-tariane, yaiku ngenali identitas tarian ning Jawa Timur kanthi Jawa Tengah. Tarian-tarian iki duwe ciri khas dewe-dewe lan kena dititeni saka klambi lan gerakane. Kaping pisan, tari Jawa Timuran kuwi gerakane teges lan duwe ekspresi sing luwih jero. Crita sing ditampilake ning tarian iki biasane crita panji lan crita babagan perjuangan ngadepi penjajah amarga ning Jawa Timur ana Surabaya sing duwe sejarah pemberontakan marang penjajah. Yen Jawa Tengah, amarga cedhak karo keraton, gerakane luwih kalem lan uga akeh nyeritakake lakon sing ana ning karya sastra keraton, uripe kewan lan kembang, utawa crita wayang wong.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5575", "text": "Robot kuwi salah siji teknologi sing kudu dipikirake daur ulange ning masa depan amarga yen robot iki wis rusak, ora ana tempat sampah sing bisa nampung. Robot iki ora kaya menungsa sing masio duwe bates tenaga nanging isih duwe keawetan sing suwe lan bisa kerja kanthi puluhan taun. Robot iki pancen canggih lan bisa neken biaya produksi, nanging sing sering lali diitung yaiku biaya perawatan amarga ngopeni robot iki uga luwih angel amarga mbutuhakane onderdil khusus. Kamangka, secanggihe robot kaya apa tetep wae isih mbutuhake menungsa lan robot iki mung proyek sing sesaat, yen ora diopeni uga bakal mati lan akeh proyek sing gagal amarga robot ora bisa diprediksi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7013", "text": "Onok siji panggon wisata sing sek buru ae dibuka dan sek sepi pengunjung. Jenenge Flora Wisata San Terra. Lokasine nang daerah Pujon, kabupaten Malang. Panggon iki dibangun nang lahan sing ombone 5 hektar. Nang kene, pengunjung isok nyawang pemandangan kembang sing unik terus werno werni. Sak liyane kebun bunga, onok pisan minuatur bangunan khas Eropa sing dicat warna warni. Onok Rainbow Wisteria, Green Bay Garden, Cofe Garden Santerra, Little Korea, karo Little Amsterdam. Nang setiap bangunane iku, engkok onok penyewaan kostum khas sesuai asal bangunan iku sing isok digawe foto-foto. Terus onok pisan wahana sing liyane. Mulai teko bumper car, rumah balon, trampolin, otopet, sepatu roda, ontang anting, komedi putar, ambek playground. Flora Wisata San Terra iki buka ket jam 8 isuk sampe jam 5 sore. Rego tiket melbune 25 ewu per uwong pas dino biasa, 30 ewu per uwong pas preian.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "53", "text": "Biyen, cilikanku tinggal neng Bogor. Neng kota udan kui aku tinggal tekan umur 10 taun. Bar kui aku pindah neng Yogyakarta tekan saiki. Paling ora setaun pisan, aku mesthi balik neng Bogor. Ono panganan utowo cemilan sing tak kangeni. Jajanan pasar kui jenenge kue ape. Kue ape kui digawe seko tepung beras lan wernone ijo. Bentuke bunder lan pipih nanging bagian sing tengah kui luwih kandel. Kue kui ora ono ambune. Mambu legi sitik nanging ora patio ketoro. Regone yo murah sak kue ijo kui iso regone mung Rp1000. Nanging sayange, saiki kue ape wis dadi luwih tipis mungkin amargo inflasi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5586", "text": "Salah siji perusahaan sing nyediakake layanan tayang kanggo film, yaiku Netflix, ngumumake yen bakal mbusek fasilitas akun sing bisa dibuka karo wong amarga ben bisa tetep njaga privasi data para penonton Netflix. Keputusan iki digawe amarga akeg sing sambat amarga akeh akun sing kebobolan, padahal akun iki isih kena digawe lan dibutuhake. Kamangka, ana cara kanggo ben bisa ndelok sapa wae sing mbobol akun Netflix tanpa ijin. Kaping pisan yaiku meriksa riwayat perangkat apa wae sing dinggo akses akun. Kaping pindho yaiku ndelok riwayat tontonan. Cara sing gampang kanggo ngamanake akun iki yaiku ngganti kata sandi ben ora luwih aman lan tetep bisa dinggo. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2833", "text": "Biyen aku gelek diceritani ambek mbahku awitane kota Suroboyo. Lah cerito iki mesti nyeritakno lapooh kota Suroboyo dijenengi ambek jeneng iku. Lah mbahku nyeritakno nag biyen iku ono sing jenenge kewan ganas loro sing urip nang laut. Kewan loro maeng yaiku Iwak Suro sing saiki jenenge Hiu ambek Boyo. Kewan loro iku gelot terus ora mari-mari soale oyokan wilayah, sampek akhire kewan loro maeng gawe perjanjian sing laut Wilayahe Suro nah sing darat iku wilayahe Boyo. Tapi akhire panganan nang laut maeng entek, akhire Suro ngelanggar perjanjian maeng. Terus Suro konangan Boyo akhire gelot maneh sampek podo-podo mati. Lah teko kono wong-wong sing nang daerah kono akhire jenenge daerah kono ambek jenenge kewan loro maeng yoiku Suroboyo", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "582", "text": "Bali duwe polisi adat sing jenenge pecalang. Pecalang iki artine wong sing duwe indra sing tajem. Tugas polisi adate iki kanggo ngamanke upacara-upacara adat sing diadake neng Bali. Ora mung acara adat wae, pecalang uga nertibke keadaan sak ben dinone neng desa adat. Polisi adat iki sing bakal ngatur utowo negur wong-wong sing ngelanggar adat lang ngerusak alam, seko kalangan masyarakate dhewe lan masyarakat seko jobo. Syarate wong sing dadi pecalang kui umure kudu luwih seko 25 taun, agama Hindu, lan ora duwe catatan kriminal. Pecalang biasane nganggo udeng khas Bali, nganggo rompi, lan uga nganggo sarung kotak-kotak khas Bali.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "44", "text": "Kopi susu kekinian saiki digandrungi banget karo kawulo enom. Ora mung dadi ombenan, nanging kopi kui sampun dadi gaya hidup lan lambang status sosial. Makin larang kopi sing dituku makin didelok dhuwur wonge kui. Menurutku, kopi kekinian kui wis ora masuk akal seko konsepe lan regane. Yen arep ngopi, ora kudu larang-larang. Saiki wis akeh kopi instan sing murah sing rasane enak. Pancen, nek misale gawe kopi neng omah kui awak dhewe ora iso foto-foto estetik nggo dipamerke neng sosial media. Nanging timbangane duwite entek dienggo ngombe kopi mending duwite kuwit digawe keperluan liyone. Misale, duwite iso digawe nganggo melu lokakarya. Melu kegiatan koyo ngono iso kanggo investasi neng masa depan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5045", "text": "Saban cedhak dina riyaya, ning gereja ada khotbah babagan toleransi. Khotbah iki ana hubungane karo kasus terorisme sing ana ning Indonesia. Terorisme iki akeh kedaden ning kutha-kuthe gedhe, target utamane yaiku gereja-gereja sing lagi ngerayakake ibadah natal. Motif terorisme iki ora bisa ditemokake, nanging ya mesti ana kewajiban kanggo jaga-jaga lan ngelindungi keamanan keluwarga. Ning gereja, tema toleransi iki sering disampaikake amarga toleransi iki penting lan ana kewajiban umat Kristiani kanggo njaga hubungan karo umat agama liyane kaya sing wis dadi wahyu saka Gusti ning alkitab. Amarga kuwi, akeh sing ngomong yen suasana natal iki suasana kang ngewenehi nyawa anyar lan bisa nenangake umat. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7491", "text": "Dadi anak rantau iku pasti kadang kangen ambek panganan khas teko daerah e dewe. Dino iki, aku lagi kangen banget ambek tahu tek, dan aku durung tau nemu wong sing dodolan iku nang Jogja. Akhire tak putusno gawe nggolek bakul tahu tek sing onok nang Jogja. Kudu sampe muter-muter disik dan akhire isok nemu onok sing dodolan tahu tek. Panggone lumayan rame, dadi aku yo lumayan yakin gawe tuku. Aku langsung pesen siji dibungkus. Pas wes dadi, aku langsung balik kosan dan cepet-cepet mangan tahu tek iku. Dadakno rasane gak sesuai ambek bayanganku. Bumbu utamane tahu tek iki kudu onok petis e. Tapi tahu tek iki blas gak onok rasa petis e, malah sing dominan iku rasa kecap. Ancene ya, tahu tek sing enak iku yo sing asli teko kota asale, alias Suroboyo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2786", "text": "Upacara keagaam sing ono nang desaku iku ancene biasane sing paling rame yaiku mulutan. Acara iki biasane ora mok angger kondangan ambek moco dongo tok, tapi ono sing jenege sholawatan bareng-bareng sing duwe tujuan kanggo menghormati utowo mulyakno kanjeng Nabi Muhammad S.A.W. Koyok tujuan awitane mulutan iku maeng sing digawe memperingati lahire Beliau. Nah sak marine dongo maeng lagek dongo bareng-bareng sing tujuane kanggo golek keberkahan teko dino sing mulyo iku maen. Nag wes mari ngunu lagek ono sing jenenge ceramah sing tujuane gawe ngenang perjuangane kanjeng nabi pas isek berjuang sak durunge wafat. Terus sing terakhir mangan-mangan bareng ambek wong-wong sing ngumpul nang acara iku maeng ben tambah akhrab ambek rukun.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6649", "text": "Awak dhewe kudu dadi kanca sing empatine lan simpatine uga dhuwur. Ning jaman sing serba praktis lan cepet iki, kadhang wong ora peduli marang apa sing ana ning sekitar kaya piye keadaaan kancane dina kuwi, kepiye keluarga lan gaweane, lan uga kepiye ben bisa dadi ora stres. Wong butuh panggonan crita marang sak liyane wong sing ana ning keluargane amarga ora kabeh masalah bisa dideleh ning sak panggonan khusus keluarga. Ana sing kudune diweruhi kanca thok amarga kanca kadhang luwih netral lan ora kena pengaruh saka ego keluarga. Nanging dadi kanca sing apik kuwi ya ora gampang lan butuh wektu kanggo sinau ngerungokake wong liya. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7763", "text": "Salah siji jenis olahraga nang banyu iku selancar. Selancar iku olahraga sing biasane berlangsung ndek duwur ombak sing duwur. Olahraga iki dilakoni nganggo siji papan sing dadi alat gawe bertahan ndek duwur ombak. Papan iku bakal obah nganggo tenaga arus ombak nang ngisore dan arah papan iku mau bakal dikemudikno karo peselancar utowo uwong sing ngadek nang duwur papan iku mau. Nang kene, peselancar iku kudu ngarahno papan cek isok seimbang nang duwur ombak ben gak tibo. Selancar iki akeh dilakoni nang Indonesia mergo akeh Pantai sisan. Waktu sing paling pas gawe ngelakoni selancar iku pas musim kemarau utowo sekita Mei sampe Oktober. Hal iku mergo gelombang ombak lagi gede dan pasti bakal onok, terutama nang Pantai Lor.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7015", "text": "Jogja iku terkenal banget ambek pantaine sing jumlahe akeh banget, terutama pantai selatan ndek daerah Gunungkidul. Hampir gak onok pantai nang Gunungkidul sing sepi saking terkenale. Tapi onok siji pantai sing sek sepi banget pengunjung, jenenge pantai Srakung. Pantai iki cocok banget gawe sing gak seneng keramaian, dadi nek mrono berasa nang pantai nggone dewe. Sayange pantai iki ancen gak nduwe akeh fasilitas koyok pantai sing liyane saking sepine. Bahkan bakul panganan pun sek jarang banget nang kene, dadi kudu wes nyiapno dewe teko omah. Tapi justru mergo iku, pantai iki sek asri dan alami. Pantai Srakung iki paling cocok nek digawe kemah soale areane sek resik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "141", "text": "Aku duwe pengalaman sing menegangkan pas numpak pesawat. Dudu pas neng duwur pesawat nanging sadurunge mangkat. Aku karo konco-konco arep ketinggalan pesawat. Kui taun 2018. Aku karo konco-konco sanggarku bar nampil neng Taiwan. Sak durunge bali neng Indonesia, awak dhewe mampir neng Malayasia kanggo plesiran. Tekan Malaysia jam 8 wektu setempat. Pesawat awak dhewe kanggo beli mabur jam 13 awan sesoke. Bengi tekan isuk kui awak dhewe dibebaske arep dolan neng endi wae. Aku karo 7 koncoku sing liyane dolan terus nganti lali wektu. Wes ora keroso wes jam setengah 11, dilit meneh wis wektune boarding. Pas tekan bandara, aku diseneni karo ketuaku mergo arep gawe ketinggalan pesawat sak tim. Bejone, penerbangan kui diundur. Mergo neng Yogyakarta lagi udan deres.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9306", "text": "Lunga menyang Pantai Kenjeran Surabaya namung mbutuhake wektu sak jam setengah saka Sidoarjo. Yen budhal numpak sepeda montor bisa luwih cepet ora nganti sak jam setengah apa maneh yen dalane ora macet. Dolan ing Pantai Kenjeran Surabaya bisa nyenengke apa maneh yen gawa sak keluarga. Iki cara kanggo nikmati Pantai Kenjeran supaya dadi pengalaman sing seru. Nomer siji, gawe klambi sing santai kaya kaos lan clana endek. Nomer loro, nggawa topi lan kacamata supaya ora kepanasan. Nomer telu, nggawa panganan supaya bisa dipangan karo ndelok pemandangan laut lan ngerasakna sumilir angin. Sing terakhir aja lali kanggo foto lan nggawe akeh kenangan ana ing Pantai Kenjeran. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7769", "text": "Salah siji olahraga ekstrem sing akeh banget dilakoni arek-arek enom jaman saiki iku ndaki gunung. Onok sing ngomong sisan nek ndaki gunung iku isok gawe healing utowo refreshing mergo pikiran sumpek nang utek sing pingin diilangno. Mbasio ngono, awakmu kudu siap perbekalan sak durunge ndaki gunung. Yaopo yaopo, ndaki gunung iku salah siji aktivitas ekstrem, dadi persiapane kudu mateng sisan. Mulai kudu perbekalan, alat-alat sing digowo, dan liyan liyane maneh. Nek awakmu akeh gak siape, nek misal onok sesuatu sing kedaden, awakmu bakal angel karepe dewe. Makane gawe awakmu sing nduwe rencana katene ndaki gunung, pastikno awakmu siap sembarang kalire sak durunge berangkat cek engkok isok mbalik dalam kondisi selamat sisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9785", "text": "Agung Hadi Sudjiwo utawa jeneng kang kerep dikenal wong-wong Sudjiwo Tedjo. Sudjiwo salah sijine budayawan kondhang saka Jaw Timur. Dheweke dadi dhalang, penyanyi, penulis, uga dadi pembicara kang kerep ngusung bab budhaya. Awit tahun 1994 dheweke ndhalang kanthi lakon Semar Mesem kang dadi salah sijining batu loncatan kanggo dheweke luwih kondhang dikenal akeh wong. Awit tahun 2000-an dheweke uga kerep nulis lan mesthi isa kondhang. Sudjiwo isa kalebu tokoh adhat amarga dheweke iku ngleluri budhaya lan isa dadi tuladha kagem lintune. Cara-cara kang kekinian ndadekke dheweke isa ketampa ning kabeh golongan. Kamangka ngana, kanca-kanca aja mung ngira tokoh adhat iku wong sing sepuh tur kekunoan, nanging ya ana kang isa nyurteni marang kaum-kaum millenial.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "518", "text": "Omah adat kui didesain seko leluher dewe, sengojo utowo ora disengojo, ben ramah lingkungan. Omah modern saiki digawe seko material-material sing ngerusak lingkungan, seko pengambilane tekan prosese pembuatane. Bedo karo omah tradisional. Omah iki didesain ngetuti kahanan disekitare, koyo omah panggung kanggo ngendari yen pas banyu segara munggah lan omah hanoi sing ngelindungi wong seko ademe hawa gunung. Omah tradisonal kui uga keakehan digawe seko kayu dadi luwih adem. Sirkulasi udara eng omah tradisional kui apik banget. Udara seger luwih gampang mlebu lan ora ono penumpukan udara neng jero omah. Dadi omah tradisional kui ora ngebutuhke AC utowo mesin sing gawe adem liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "842", "text": "Alhamdulliah, pas SMA aku isih entuk sekolah negeri. Senadyan dudu sekolah sing tak incer awale, nanging sekolah iki ora elek-elek banget. Malah bar 3 taun sekolah neng kono, aku ngeroso iki sekolah sing paling cocok kanggo aku. Biyen pas wayah-wayahe perkenalan sekolah kui, koyo sekolah sing liyane, ono perkenalan seko ekstra kulikuler sing ono neng kono. Cukup akeh klub ekskul sing ono neng SMA 5 Yoyakarta kui. Ekstrakulkuler neng bidang olahraga ono futsal, basket. Ekskul neng bidang bela diri kudune ono karate karo taekwondo, nanging rong klub kui ora patio aktif. Sing bidang akademik ono KIR lan debat boso Inggris. Ekskul neng bida kesenian kui ono fotografi lan teater.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8106", "text": "Dadi wiraswasta terus ngembangno siji bisnis iku dadi salah siji karir sing digemari akeh uwong. Penghasilan sing menjanjikan ambek akehe bidang karo ide sing isok dimanfaatno dadi alesan utamane. Tapi kudu digatekno, mulai wirausaha iku kabehe pasti teko nol. Terus yaopo carane gawe mulai usaha teko nol? Aku nduwe tips sing isok mbok terapno. Siji, pilih ide usaha sing sesuai ambek minatmu. Loro, nyusun visi karo misi pembentukan wirausaha iku. Telu, melajari rencana bisnis. Papat, ngelakoni riset disik. Limo, melajari strategi bisnis. Enem, ngelakoni evaluasi. Pitu, kudu disiplin. Wolu, kudu mesti berusaha ningkatno kualitas produk ambek layanan. Songo, ningkatno kualitas sumber daya menungso. Sepoloh, ojok ngeremehno pemasaran. Sulas, ojok wedi gagal. Rolas, fokus nang siji bisnis disik sak durunge buka bisnis liyane. Terakhir, itung ambek siapno modal.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5109", "text": "Ana tradisi yaiku grebeg syawal. Tradisi iki kanggo mengeti dina Idul Fitri ning Jogja. Grebeg syawal iki upacara ngarak gunungan sing isine hasil bumi. Ana 2 gunungan sing diarak, yaiku gunungan kakung lan gunungan putri. Gunungan iki dadi simbol sedekahe sultan marang rakyate ing wayah Idul Fitri. Bar kuwi, masyarakat oleh njupuk apa sing ana ning gunungan kuwi utawa istilahe ngalap berkah. Nanging amarga ana pandemi corona, upacara adat iki ditunda 2 taun lan taun iki ana rencana arep diadakake maneh kanggo nguri-uri tradisi sing ana. Kamangka kuwi, yen arep melu mengeti upacara iki, awak dewe kudu nggatekake protokol kesehatan ben slamet uga tetep sehat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10063", "text": "Kala wingi Ana diparingi pirsa caranipun ibu damel gorengan. Gorengan ingkang didamel ibu inggih menika bakwan sayur, tahu isi, kaliyan tempe lan gedhang goreng, Sayur-sayuran kayata toge, kobis, kaliyan wortel ingkang sampun dirajang dilebetaken wonten campuran trigu, glepung beras, penyedap, kaliyan bumbu-bumbu lan toya. Lajeng, adonan wau digoreng lebetipun lisah benter ngantos werninipun jene semu soklat. Menawa werninipun sampun kados mekaten, artosipun bakwan sampun mateng. Sisanipun sayur wau dimasak dados isinipun tahu. Tahu ingkang sampun diisi dilebetaken adonan glepung lajeng digoreng ngantos mateng. Cara kaliyan adonan kangge nggoreng tempe sami kaliyan nggoreng gorengan sanesipun. Ingkang benten punika adonan kangge nggoreng gedhang ingkang kedah ngangge glepung khusus gedhang goreng. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8978", "text": "Awakmu tau gak ngeluh perkoro hp sing lemot? Hal iku mergo aplikasi sing onok nang hp mu mangan RAM akeh dan marakno hp mu lemot. Kejadian koyok ngene iki mesti kedaden e nang hp android. Nek wes ngono, akeh akehe uwong podo milih gawe genti hp sing RAM e luwe gede. Nek awakmu kate ganti hp mergo alesan ben gak lemot, mendingan awakmu milih iPhone sekalian. Hal iku mergo RAM sing onok nang iPhone didesain khusus nang perangkat iOS ben aplikasine gak mangan akeh memori ne. Makane mbasio iPhone iku RAM e mek 2 GB, gak onok perkoro lemot blas. Dadi gawe awakmu sing nggolek hp anti nge-lag, pilih iPhone ae rek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10071", "text": "Sele buah lumrahipun kita dahar sareng roti kangge olesan utawi kangge isian martabak manis kaliyan roti-roti sanesipun. Sele menika asalipun saking negara barat, mliginipun Yunani. Tiyang Yunani damel sele kangge ngawetaken buah. Buah dimasak sareng gendhis terus disimpen pinten-pinten dinten. Sele buah ugi didamel bekel kangge para bajak laut. Daharan awetan menika dipunpitados saged nyegah penyakit kudis amargi kathah kandungan vitamin C. Jaman biyen, sele kalebet daharan mewah amargi gendhis reginipun awis sanget. Nalika rakyat Prancis keging bencana keluwen, sele buah saged dados cadangan daharan ingkang awet. Nanging sakmenika sele buah saged ditumbas kanthi gampil. Sele ugi saged didamel piyambak amargi caranipun damel sele gampil ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7344", "text": "Gawe awak dewe umat Islam, nek awak dewe ndelok suatu kesalahan utowo kerusakan, onok rong hal sing kudu dilakoni. Nek pelakune iku non Muslim, awak dewe kudu njarno wong iku. Tapi nek pelakune iku podo-podo wong Muslime ambek awak dewe, wajib hukume gawe awak dewe ngilingo. Contohe, wong iku ngutang terus gak dibayar, awak dewe kudu ngilingno gawe ngelunasi utange. Ngilingo sesama Muslim iku hukume wajib. Nek semisal awak dewe gak ngelakoni, awak dewe bakal dijaluki pertanggung jawaban pas engkok nang dino pembalasan. Dadi awak dewe ngilingno disik wong iku ping siji. Tapi nek semisal wong iku gak ndang ngelakoni, awak dewe wes gak wajib gawe ngilingno dan awak dewe wes isok lepas teko tanggung jawab iku.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2771", "text": "Ulan wingi pas aku ngaji bareng ambek bocah-bocah nang masjid kota pahlawan, aku ambek konco-koncoku ngaji masalah perkembangan ajaran islam saiki. Ajaran islam sing paling tak iling-iling sampek saiki pas teko ngaji nag masjid iku yoiku masalah larangan wong muslim ambek adat budaya sing ancene ketepaan podo tapi akeh sing dilanggar ambek bocah saiki. Lah ajaran iki asline ngulangno yo menungso kudu ati-ati ambek howo nafsune. Lah saiki akeh bocah enom sampek wong sing wes omah-omah barang akeh sing sak karepe dewe. Terus rumah tanggae akeh sing ajor gara-gara ora iso ngempet utowo ngelawan howo nafsune akhire wong iku maeng maleh nuruti hawa nafsune.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7837", "text": "Nek lagi nyetir, paling asik iku ngerungokno lagu senengane awak dewe. Nek nang saluran radio, biasane lagune iku gak isok milih, dadi manut opo jare sing nduwe siaran. Nek wes ngono, awak dewe kudu nyiapno lagu dewe. Sing radio mobile onok colokan USB ne, isok langsung nyiapno flashdisk gawe dicolok nang kono. Sing gak onok, biasane radio iku nduwe kabel analog AUX sing isok disambungno nang hp. Cara nyambungno e iku koyok ngene. Siji, jupuk kabel AUX terus colokno nang bolongan hp. Loro, nyalakno tape sing onok ndek mobil. Telu, pilih menu AUX utowo AV sing onok nang layar tape. Papat, puter lagu sing onok nang hpmu. Engkok suarane bakal metu nang speaker sing onok nang mobil.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5164", "text": "Jurusan etnomusikologi ning kampus-kampus seni saiki wis mulai ngasilake lulusan sing kreatif lan wis bisa ngabdi marang masyarakat kanggo ngembangake alat musik tradisional. Luwih saka sepuluh taun, akeh wong ngenteni lulusan jurusan iki dadi apa. Saiki wis mulai ketok hasile amarga ning manca negara, akeh alat musik tradisional sing lagi diteliti lan didelok pangaruhe kanggo kebudayaan. Ora mung gamelan, nanging saiki ning Indonesia uga mulai dikenalake alat musik liya kaya gondang Batak, sasando, angklung, kolintang, sape, lan alat musik liyane. Nanging sing paling penting yaiku piye carane wong enom iki bisa ngenalake alat musik tradisional iki ning manca negara kanggo kepentingan diplomasi. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4045", "text": "Jarene koncoku, aku ambek koncoku sijine ikuwes koyok dulur plek mergone mesti nag nang kampus iku gelek ngancani ambek nag ono opo-opo mesti gantian masio aku ambek koncoku maeng iku ora sepiro gelek lunggoh bareng, tapi ancene awak dewek iku wes podo percoyo ambek yakin dadine yo wes koyok ngunuku pareke. Terus koncoku iku maeng ngomong nag konco isng wes percoyo iku iso ae ngalahno dulur asli sing ono nak omah. Terus koncoan sing wes koyoko ngunuku mesti iso ae marakno keluarga sing apike megilan, opo maneh saiki iku angel golek konco sing kenek dipercoyo mergane saiki iku opo-opo mesti duwek ambek donyo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4642", "text": "Ana ombenan unik sing bisa ditemoni ning angkringan ngarep stasiun, yaiku wedhang tape. Wedhang tape iki sajane ya mung tape ditambah gula karo banyu panas. Nanging rasane bedha karo wedhang pada umume. Rasane kecut legi kaya tape. Biyasane, sing digawe tape ketan amarga rasane luwih legi lan luwih gampang kecampur dening banyu panas lan gula. Yen seneg ya bisa ditambah karo susu ben rasane luwih bedha. Wedhang iki biasane nganggo tape ketan sing werna putih utawa ijo, dudu tape ketan ireng. Ombenan iki dadi kesenengane wong sing arep numpah sepur utawa teka ning Jogja wayah bengi. Sandhingane wedhang iki ya sega kucing utawa roti bakar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "482", "text": "Perayaan riraya Idul Fitri lan Idul Adha kui bedo. Tanggal pelaksaane cetho bedo, sakliyane kui maksud tujuane kui bedo. Idul Fitri kui tujuane kanggo nutup poso Ramadan, senadyan Idul Adha kui kanggo memperingati kurban. Perdaan sing liyane kui uga ketok seko anjurane sak durunge salat. Yen Idul Fitri, awak dhewe dianjurke kanggo ngombe utowo nyemil disik. Maksude kui, iso dadi tanda yen awak dhewe wis ora poso meneh. Soale, tanggal 1 Syawal kui siji seko 5 dino sing ora diolehke poso. Yen Idul Adha kui awak disaranke lagi mangan utowo ngombo pas bali seko salat. Perdaan sing liyane kui seko wektu pelaksanaane, Idul Fitri kui dilakoke luwih awal dibandingke Idul Adha.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9333", "text": "Njajal turu hotel nanging ora duwe dhuwit akeh bisa ning hotel bobobox. Hotel iki kalebu hotel kapsul amarga panggon turune uga mung sak kotak wae. Ora perlu wedi ora bisa turu, amarga senajan mung sak kotak nanging bobobox iki ayem banget. Kasure pas kanggo wong 1-2. Njerone uga anak tv ne sing nemplek ana ing temboke, lampune sing bisa diatur supaya bisa nggawe ayem nalika turu. Jedinge kalebu jeding umum nanging uga resik banget. Kanti rega 200 ewu wae wis bisa ngerasakna turu ana ing hotel kapsul iki. Bobobox ana ing kabeh kutha gedhe kayata Jakarta, Yogyakarta, Bandung, lan kutha gedhe liyane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7891", "text": "Aku lagi iseng banget dolan nang omahe dulurku. Niat awale mek gawe ngeterno jajan nang omahe, eh malah kebarus dadi ngecewes suwe. Terus gak keroso dino wes kate maghrib dan omah mulai peteng kabeh. Moro-moro dulurku bengok “Google, nyalakan lampu rumah” dan kabeh lampu podo murup kabeh. Aku sing katrok iki mek isok plonga plongo. Iki yaopo carane kok moro-moro lampune isok murup dewe dan mek teko dibengoki tok. Jare dulurku, teknologi iku wes tambah maju. Opo maneh bojone iku arek IT, dadi kabeh perabotan iku dihubungno karo Google Assistant kabeh. Dadi nek kate lapo lapo ae, garek mbengok koyok mau, mari deh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9672", "text": "Nulung wong liya iku wes dadi kewajiban. Apa maneh tuling tetulungan iku uga ana ning ajaran agama Islam. Nalika iku, aku tau ndelok wong sing angel kanggo ngadeg amarga mari tiba kepreset. Kabeh wong ora ana sing nulungi amarga wis padha repot karo gaweane dhewe-dhewe. Aku karo ati-ati ngewangi ngadeg. Wonge langsung nangis, tangane gemeter, mripate abang, sikile uga gemeter amarga wis kelaran lan wedi ora ana sing nulungi. Dheweke njaluk sepura uga ning aku amarga dikira wis ngerepoti. Iki dadi babagan sing tak iling-iling yaiku ngewangi lan nulung wong liya. Supaya yen aku ana ing kondisi sing padha karo wong iku, aku bisa ditulung karo Gusti sisan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8909", "text": "Ben sekolah iku pasti nyediakno ekskul nang bidang olahraga. Sing paling umum iku basket, voli, futsal, sepak bola, ambek bulu tangkis. Kadangan, onok sisan jenis olahraga sing gak umum tapi disediakno sisan. Semisal koyok fencing. Biasane sing ngadakno ekskul koyok ngono iku mek nang sekolah swasta, tapi yo onok sekolah negeri sing ngadakno sisan. Nek misal nang sekolahmu onok ekskul sing unik koyok ngono, awakmu coba nggabung o lho. Alesane iku teko ekskul sing jarang diadakno iku, awakmu dadi nduwe peluang luwe gede meloki kejuaraan sampe tingkat internasional. Kok isok? Yo soale lawan teko njero negara dewe iku sek sitik, dadi kesempatanmu isok luwe gede sisan gawe juara.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5090", "text": "Dina Minggu wingi aku dijak kancaku ning salah siji masjid sing kondhang ning Jogja, yaiku Masjid Gede Kauman. Masjid iki dadi salah sawijine tujuan wisata wong saka njaba daerah amarga masjid iki ana ning cedhak Keraton Yogyakarta Hadiningrat. Aku karo kancaku ngiyup ning masjid kuwi lan ngerasakake suasana sing tenang lan adhem masio Jogja lai panas banget. Aku ndelok yen masjid iki gabungan saka budhaya muslim lan Jawa mataram amarga miturut sejarahe, masjid iki dibangun karo Sultan Hamengkubuwana sing kaping siji lan imam penghulu keraton yaiku Kyai Wiryokusumo. Jare kancaku, masjid iki dadi pusat kegiatan agama islam ning keraton kaya grebeg syawal lan grebeg mulud utawa sekaten. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8624", "text": "Rukun antar tonggo iku wes dadi syarat ben awak dewe iku nyaman urip nang permukiman iku mau. Salah siji sikap sing durung akeh dilakoni nang urip tonggoan iku sikap saling toleransi. Kan gak mesti permukiman iku kabehe nduwe Agama sih podo, pasti bedo-bedo. Teko sikap toleransi iku mau, akhire kabehe iku dadi saling menghargai dan gak meksokno kepercayaane dadi sing paling bener. Semisal onok uwong sing tahlilan, pasti wong sing guduk Muslim bakal biasa ae. Utowo onok wong Kristen nang kono, gak bakal dipekso gawe melu iuran tahlilan. Ketoke remeh ya, padahal sing koyok ngono iku ngaruh e akeh. Salah sijine iku isok njogo perdamaian nang urip tonggoan nang permukiman iku mau.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9238", "text": "Yen ana kang takon apa panganan favoritku, kanthi entheng bakal dakjawab Capcay Godhog. Ya kepiye ora favorit, wong pancen panganan kuwi mau yen didelok seka segi nutrisi wis ngandhut protein seka endhog, irisan daging ayam, apadene olahan bakso kaya bakso sapi, bola udang, bola ikan. Serat lan vitamin seka sayur kaya sawi, wortel, kembang kol, utawa liyane. Duduh panas kang dumadi seka kaldu ayam ya wis mesthi nambahi gurihe panganan kuwi mau. Durung maneh kepyuran brambang goreng ing sadhuwure panganan mau nambah rasa lan aroma nalika ngedhapi Capcay Godhog. Yen dipangan nalika mangsa udan, apa pas hawane adhem ya cocog tenan, sebab bisa gawe rasa anget ing awak. Wis orasah dibayangke, ayo enggal budhal golek Capcay Godhog wae!\r", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "95", "text": "Salah siji panganan utowo cemilan seko Jepang sing populer neng Indonesia kui Takoyaki. Cemilan kui gampang ditemoni neng endi-endi seko pinggir dalan tekan restoran Jepang sing otentik. Cemilan kui didodol nganggo rego sing werno-werno, seko sing regone konconan karo kantong mahasiswa tekan rego sing mung iso dituku karo sultan. Nanging neng Indonesia, Takoyaki wis dudu tako yaki. Takoyaki kui seko bahasa Jepang sing artine gurita bakar. Gampangane takoyaki kui bakwan bunder khas Jepasng sing isine gurita. Nanging neng Indonesia, ameh kabeh takoyakit terutama sing didol neng pinggir dalan kui ora nganggo bahan dasar gurita. Biasane isian sing dienggo kui sosis, ayam, lan keju. Dadi seko kui iso disimpulke, bakul takoyaki neng Indonesia kui ora ngedol takoyaki.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3112", "text": "Pas aku biyen isek SD gelek dijak olahraga mlayu ambek guru-guru soale sing paling sederhana ambek ora perlu perlengkapan sing akeh. Mlayu sing dilakoni aku ambek bocah-bocah iku ora koyok saiki, Dadi mlayune iku nyeker ora ono sepatu utowo sandal solae biyen durung ono jalas plesteren utowo aspel sing enak koyok saiki. Nah mlayune iku ngumeti lapangan utowo ngumeti deso, nag mes tutuk deso sing diarani maeng lagek oleh mbalik nang sekolahan. Tapi masio iku desane odohe pol bocah-bocah iku senenge pol soale olahragae iku mlayu terus oleh nyeker. Dadai sepatune ora endut polahe kenek lemah. Sak liyane iku sikile yo dadi maleh kuat, polahe kebal ambek dalan sing atos. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "132", "text": "Aku tau ngenip neng omah konco kuliahku. Omahe dee ono neng Muntilan, Jawa Tengah. Daerah Muntilan kui terkenal karo kerinan watune. Sepanjang dalan neng omah kui, akeh sing ngedol piranti-piranti pawon sing ngaggo bahan watu. Sak liyane pengerajin piranti masak, neng kono uga akeh pengerajin patung. Patunge sing didol kui werno-werno seko sing cilik kanggo hiasan kolan tekan sing gede banget. Omah konco kui cerak sawah. Halamane jembar banget. Neng samping omahe ono wit klopo lan neng burine iso ono wit pring sing akeh. Omah kui dicet putih. Mergo ora ono sing nunggoni, omahe ketok ora kopen, akeh debu ne. Omah konco kui terdiri seko 1 ruang tamu, 4 kamar tidur, 2 kamar mburi, lan 1 pawon neng buri.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7835", "text": "Nang ben kota, biasane iku onok saluran radio sing dadi andelan gawe dirungokno kapan ae, salah sijine pas lagi nyetir mobil. Salah siji saluran radio sing dadi andelane wong Suroboyo iku jenenge Suara Surabaya utowo biasa diarani radio SS. Gak onok wong Suroboyo sing gak eroh radio iki, terutama wong-wong tuwo. Opo’o radio iki isok sampe dadi andelan iku mergo radio SS iki mesti ngekeki kabar paling terbaru sing biasane onok nang dalanan. Semisal, awak dewe kejebak macet nang daerah A dan bingung iki mergo opo, garek setel radio SS, bakal eroh penyebab macet e iku mau secara langsung. Selain iku, nang radio SS iku onok sesi penyiaran sing liyane dan gak bakal mboseni.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6948", "text": "Nek ditakoni ombean opo sing paling mbok senengi, aku bakal jawab banyu putih. Paling akeh sing gak setuju karo aku, soale aku yo eruh sek akeh wong sing males ngombe banyu putih. Tapi temenan rek, nek awakmu wes nemu merk banyu putih sing pas gawe awakmu, dijamin awakmu bakal ketagihan ngombe banyu putih koyok aku. Opo maneh awak dewe iku wajib ngombe banyu putih minimal rong liter ben dino, dadi ancen penting banget banyu putih gawe awak dewe iki. Kekurangan cairan mergo jarang ngombe banyu putih iku akeh akibate gawe kesehatan lho rek, contohe koyok dehidrasi, sampe sing nemen isok sampe gagal ginjal. Dadi mulai saiki, perbanyak ngombe banyu putih yo rek.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4057", "text": "Nyiapno awak kanggo banjir iku ora kok angger wes siap ngunu tok, tapi kudu ngerti opo ae sing kudu disaipno awit teko perkoro-perkoro sing bakal iso ngewangi utowo ngadepi nag ono bencana sing bakal teko. Nah sak durunge persiapan yo kudu ngerti ambek iso merkirakno kira-kiro bencana opo sing bakal kedaden, contonhne nag nang daerah sing rawan gempa utowo lemah sing logrok iku yo kudu siap-siap ang wayae rendeng ambek noto-noto barange utowo barang sing penting ben nag ono longsor wes temen-temen siap kabeh ambek barange maeng. Terus barang-barang maeng ora ono masalah mergane wes disimpen ambek diamanno. Mari ngunu keselametane awak barang yo wes jelas aman.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9036", "text": "Awakmu kepingin nduwe robot teko barang sing terjangkau? Awakmu isok manfaatno kardus bekas dan digawe robot pajangan koyok karakter Danbo. Nek pingin gawe, gatekno cara iki. Pertama, siapno disik kardus bekas, cutter, penggaris, gunting, karo lem. Loro, gawe lengan Danbo bagian kiwo karo tengen. Telu, gawe engsel tangan bentuk silinder dan ojok lali gawe dudukane. Papat, tempelno tangan sing wes digawe ambek engsel tangane. Limo, gawe en awake Danbo, isok ndelok referensi nang internet. Enem, tempelno lengan karo awak dan pastikno bagian tangane isok obah secara bebas. Pitu, gawe maneh engsel gawe cuilan ndas ambek dudukane. Wolu, tempelno engsel ndas ambek tahanane gawe cuilan bagian duwur ambek ngisor. Songo, tempelno sisan tahanan engsel ndas nang awak cuilan duwur terus rakit ndas e. Sepoloh, dekek ndas nang duwur engsel terus dilem. Sulas, gawe en sikil e Danbo ambek engsel sikil, terus gabungno. Terakhir, tempel engsel sikil nang awak cuilan ngisor. Wes mari deh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7376", "text": "Salah siji hal sing sakjane dilarang nang agama Islam tapi dinormalno nang jaman saiki iku misuh. Jare wong-wong, lek gak misuh iku rasane gak lego. Padahal, awak dewe pemeluk agama Islam iku dikongkon gawe jogo ucapan, termasuk gak oleh ngomong sing elek koyok misuh. Ancen angel gawe ngelatih cek gak misuhan iku, opo maneh sing wes kadung kulino. Tapi nek nduwe niatan pasti isok. Carane iku ngganti reaksimu nganggo ucapan-ucapan sing apik. Semisal nek seneng, ngucapo ‘Alhamdulillah’. Nek lagi ndelok sesuatu sing apik, ngucapo ‘Masyaa Allah’. Nek ndelok sesuatu sing gak sesuai ambek atimu, ngucapo ‘Subhanallah’. Nek lagi ditimpo masalah, ngucapo ‘Astagfirullah’. Dan sek akeh maneh ucapan ucapan apik sing isok dipraktekno nang keseharian.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5186", "text": "Ning masyarakat Dayak ning Kalimantan, ana sing arane Panglima Dayak. Panglima Dayak yaiku wong kang kuat sing bisa mimpin masyarakat Dayak babagan hukum adat lan urip sejahtera. Salah sijine yaiku ning Dayak Jalai ning Kabupaten Ketapang. Ora mung panglima, kanggo milih wong sing bakal oleh gelar istimewa apa wae, yaiku kudu ngelewati prosesi pesalin pesibur, yaiku kaya kampanye kanggo ngenalake calon panglima iki. Kaping pindho, yaiku baru upacara memesalin, yaiku upacara sing nandakake yen gelar kuwi wis mantep. Akeh proses ning memesalin, salah sijine yaiku nunjukake hormat kang gedhe marang pemuka adat sing wis sepuh lewat panganan lan piranti adat liyane. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5544", "text": "Kanggo bocah kos, mesin cuci kuwi salah siji fasilitas sing penting amarga bisa ngirit biaya jasa binatu ning jaba kos. Bocah kos, apa maneh bocah kuliah, kuwi kadhang ora nggatekake awake dhewe. Fasilitas kos iki bisa dadi sarana sing uga nguntungake kanggo wong sing nduwe kos amarga bisa luwih gampang mundhakake rega liwat tawaran iki. Nanging sing perlu diawasi kuwi yaiku penggunaane sing kadhang sembarangan kaya lali ora diresiki, lali ora dicabut, lan uga sembarang kalire sing marai mesin cuci cepet rusak. Ya ana dilemane yen ora ana penjaga kos sing duwe tugas ngawasi mesin cuci amarga penduduk kos iki uga akeh. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5847", "text": "Bagian sing paling penting ning dodolan online kuwi anane layanan pelanggan yaiku customer service utawa CS. CS iki akeh banget gaweane kaya nangani komplain, perbaikan, lan uga ngewenehi rekomendasi produk kanggo para pelanggan. CS iki kudu dadi wong sing ngerti kabeh jenis produk lan uga ngewenehi citra sing apik marang pelanggan. CS iki uga kudu sabar yen ngadepi para pelanggan sing protes lan uga ngerasa yen layanane ora apik. CS uga kudu bisa nyeleksi informasi ngendi sing bisa didandani lan uga dicatet kanggo evaluasi. CS iki bisa diganti karo chatbot utawa layanan percakapan otomatis kanggo nangani keluhane pelanggan liwat online. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "75", "text": "Piranti masak sing paling penting kui peso. Peso iso digunake nggo ngonceki bawang, motong sayur, motong daging, ngersiki sisik iwak, lan sak panunggalane. Duwe piso sing apik utowo larang kui dadi penting. Nanging luwih penting meneh duwe peso sing tajem. Peso sing tajem kui gawe proses masak makin gampang. Awak dhewe ora butuh tenogo akeh kanggo ngetok bahan masakan. Misale pas motong daging, serat daging bakal ora rusak mergo pesone tajem. Peso sing tumpul kui malah iso marai ciloko neng pawon. Pas lagi ngetok-ngetoki, iso wae drijimu melu kebeset utowo malah melu keketok ugo. Dadi penting banget kanggo ngasah peso ben tajem terus.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2433", "text": "Hotel saiki wes seje ambek biyen, Hotel saiki duwe jenis macem-macem ono sing bintang siji, bintang loro, bintang telu, sampek bintang limo yo ono. Terus fasilitas sing ditawakno yo macem-macem. Awit teko kamare sing duweni TV, kulkas, sampek turone sing empuke ora pokro yo ono. Mari ngunu regane yo macem-macem karek nyocokno fasilitas sing mbok pengeni soale ono rego ono barang. Masih penginapan barang yo ngono, saiki penginapan yo macem-macem ono sing ekonomi ono sing ekslusive barang, karek awakmu butoh fasilitas sing piye ambek jaluk rego sing piye. Kabeh karek kebutuhan sing mbok gelek'e, tapi nag dibandingno karo hotel regane penginapan isek lumayan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "417", "text": "Ustaz-ustaz sing gayane koyo cah enom kui kudu diakehke supoyo cah-cah enom saiki dadi gelem melu pengajian. Jaman saiki tabiat-tabiat sing ala gampang banget nyebar. Melu kajian kui iso dadi salah siji benteng cah enom seko kui. Carane ben dadi ustaz sing iso disenengi cah enom kui kudu ngerti masalah sing dialami dheweke. Cah enom kui dhuwe masalahe dhewe, sing bedo koyo wong tuwo. Pembahan penjian sing diminati karo cah enom kui, koyo babagan percintaan lan perkoro karier. Ustaz sing pengen disenengi cah enom kui uga luwih apik ora nganggo atribut-atribut koyo sorban, klambi gamas, lan sak panunggalane. Atribut sing koyo ngono ngewehi kesan sing serius. Cara liayane kui ustaze kudu pinter-pinter ngeleboke gojekan neng tengah-tengah ceramahe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2398", "text": "panganan laut ancene kandungane akeh manfaate kanggo kesehatan opo maneh kanggo wong meteng. Jarene hellosehat, wong meteng kudu mangan macem-macem pangan sehat. Salah sijine yoiku panganan laut sing akeh gizine. Masio ora kabeh panganan laut iso dipangan ambek wong meteng, tapi panganan laut duweni gizi sing diperlukno karo wong meteng. Panganan laut sing diperlokno yaiku koyok iwak ambek kerang sing dadi sumber protein, zat besi, ambek gizi sing diperlukno kanggo perkembangane janin. Kebutuhan protein ambek zat besi kanggo wong meteng ancene tambah akeh nag pas meteng soale kawe dukung pertumbuhane bayine. Sak liyane iku panganan laut maeng yo iso njogo teko anemia kanggo wong meteng. Mangkane wong meteng ora opo-opo mangan panganan laut sing penting sesuai ambek sarane dokter. Soale nag kekurangan protein ambek zat besi iso elek dampake nang janine", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2823", "text": "Aku yakin akeh bocah-bocah sing podo kenal ambek lagu daerah sing teko kalimantan selatan iki. Yo lagu iki judule Ampar-ampar pisang sing gunakno bahasa banjar asli kalimantan selatan. Lagu iki saiki wes terkenal nang endi-endi opo maneh bocah sing melok pramukaan. Lagu iki diciptakno Hamiedan AC. Masio lagu iki ora ruwet ambek lirike saitik tapi saiki dadi lagu sing paling disenengi bocah-bocah nag daerah kono. Lagu iki asline gambarno kebiasaan wong kono sing seneng numpuk gedang sing ate mateng. Nag wes kate mateng masio siji sing mateng mesti dijipiki bocah-bocah terus dipangan. Lah bocah sing jipik maeng nag mangan mesti buantere orambloko wat-wet koyok geni ngobong larahan kayu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8952", "text": "Kejuaraan dunia BWF iku kejuaraan bulu tangkis sing diorganisir karo Badminton World Federation utowo disingkat dadi BWF. Tujuan gawe diadakno kejuaraan iki yaiku gawe nentukno pemain bulu tangkis sing paling apik sak dunyo. Turnamen iki diadakno ket tahun 1977 dan diadakno ben tahun ket tahun 2006. Negara sing melu pertandingan iki yaiku negara sing dadi anggotane BWF, termasuk Indonesia. Indonesia iku wes dadi tuan rumah kejuaraan BWF ping telu. Sing pertama pas tahun 1980, terus kedua pas tahun 1989, terakhir pas tahun 2015. Indonesia sisan dadi negara paling sukses nomer loro nang pertandingan BWF iki sak marine Tiongkok per tahun 2021.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "11", "text": "Dino Sebtu wingi, aku ngancani koncoku mlaku-mlaku neng Malioboro. Koncoku iki seko Medan lagi ono urusan nek Jogja. Sebtu kui, dino terkahir koncoku ono neng kene dadi dee pengen tuku oleh-oleh nggo keluargane neng omah. Aku ngejake dee neng pasar Kranggan. Pas arep balik neng parkiran, aku kepikiran iki ketoke enak mangan es krim McDonald. Dadi aku karo koncoku mampir disik. Awan kui antreane dowo banget. Awak dhewe mesthi ngenteni 15 menitan sadurunge iso mesen. Jebul pas arep mesen, es krime gari sing roso vanila tok dadi ora iso milih. Tapi tetep sih, es krim McDonald paling enak. Opo meneh mangane pas awan-awan ngene.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5426", "text": "Ade Rai, salah siji atlet binaraga nuturi yen arep duwe awak sing apik kudu diet lan njaga kesehatan fisikm salah sijine yaiku ngurangi mangan sing sekirane bisa nambah potensi kolesterol, jantung, lan sapanunggale. Sing bisa dilakoni kanggo njaga awak miturut Ade Rai yaiku ngatur jam mangan lan nggawe jadwal sing disiplin. Kaping loro, yaikukudu nggatekake asupan karbohidrat sing mlebu. Ora mesti kudu sega, nanging uga bisa sumber liyane. Kaping telu yaiku akeh mangan sing ngandung protein kaya iwak, daging, lan uga kacang-kacangan. Kaping papat yaiku milih sumber lemak alami. Kaping lima, sing paling penting yaiku olahraga senajan sedela lan kudu rutin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9005", "text": "Durung akeh uwong sing eroh cara nganggo mesin cuci sing tepak ben isok hemat listrik. Akeh-akehe uwong iku podo ngelebokno klambine asal nang mesin cuci. Terus pas tagihan listrik e metu podo morang moreng karepe dewe mergo tagihan e nunggak. Mereka gak sadar nek mereka iku luwe sering nganggo mesin cuci pas klambine onok sitik. Padahal cara ngumbah nang mesin cuci sing bener iku sekalian pas klambine lagi uakeh. Eroh opo’o? Soale sitik akeh klambi, watt sing dinggo mesin cuci iku bakal podo. Nek awakmu ngumbah klambi langsung akeh, awakmu dadi gak bolak balik ngumbah maneh. Nek wes ngono, tagihan listrik iku isok berkurang akeh sisan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "550", "text": "Pakdheku pas kui lagi ono gawean neng Yogyakarta. Bar rampung garapane, dheweke mampir disik neng gonna budheku neng omah Lempuyangan. Kerungu kabar kui ibu lan aku budal neng kono uga. Neng kono, awak dhewe kumpul bareng karo ngobrol-ngobrol. Lagi serune omong-omongan kui mau, pakdhe lagi sadar yen ono barange sing keri. Masku ngeterke pakdhe neng panggon gaweane mau. Aku dikon budheku tuku oleh-oleh neng dalan Mataram. Aku mung dikei duwit naning aku bingung arep tuku opo. Aku ora ngerti bakpia pathok sing enak kui sing endi, dadi aku waton milih sing Bakpia Pathok 75 karo Yanko, rong kerdus rong kerdus. Banjur aku langsung ngertke oleh-oleh kui neng stasiun.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "164", "text": "Liburan bareng karo wong sing disayangi kui ora kudu lungo neng panggon sing adoh utowo larang. Plesiran neng panggon sing cerak lan murah uga iso munggahke kwalitas kebersamaan. Mergo iki dudu sepiro akehe awak dhewe ngetoke duwit karo wong sing disayangi nanging piye carane awak dhewe ngenteke wetku bareng wong kui. Awak dhewe iso wae ngejak dee neng panggon sing biyen kerep dikunjungi bareng-bareng. Misale, tuku wedhang ronde sing neng buri stadion. Kui dudu panganan mewah nanging neng kono ono memori sing ora iso dilaleke. Neng panggon sing akeh memorine kui, awak dhewe iso ngomongke endahe jaman-jaman biyen. Kui bakal luwih berharga timbangane mangan neng restoran sing mewah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6394", "text": "Numpak angkutan umum kuwi pancen nyenengake amarga bisa ngurangi emisi gas karbon ning alam amarga angkutan umum kaya bisa, angkot lan liyane kuwi nduweni panggonan kanggo wong akeh lan ngurangi owng sing numpak kendaraan pribadi. Nanging, angkutan umum iki kadhang uga marai was-was amarga akeh kriminal sing ana ning jerone kaya copet, pelecehan, lan pemerkosaan, Anane angkutan umum kuwi dianggep dadi peluang pelecehan lan tindak kriminal sing luwih gedhe maneh. Kamangka, isih akeh wong sing milih numpak kendaraan pribadi amarga luwih aman lan uga luwih bebas. Kendaraan pribadi uga nduweni tujuan sing jelas lan bisa macem-macem tujuane uga ora manut rute. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2119", "text": "Yen awak dhewe iso milih, awak dhewe luwih penak yen golek kerjo sing cerak seko omah. Sak wise status pandemi neng Indonesia kui dicabut, akeh kantor sing wis ngewajibke pegawene mangkat kerjo neng kantor. Nanging awak dhewe wis kebacut seneng kerjo seko omah. Seko awal jarak antara kantor neng omahe dhewe kui wis adoh. Nanging mergo wis ora biasa, awak dhewa dadi nganggep kui adoh baget. Yen awak dhewe iso milih gawean meneh, mending awak dhewe milih gawean sing cerak omah. Jarak sing adoh lan suwe gawe wektune awak dhewe keguak neng dalan. Misale ono pilihan liyo, mending wektu sing dientek neng dalan kui digawe kanggo ngenteke wektu karo keluarga.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6936", "text": "Sopo sing senengane mangan sego goreng dicampur mie goreng? Aku yo termasuk. Tapi timbangane nggawe sego goreng ambek mie goreng, luwe ringkes nek bahane langsung dicampur dadi siji baru dimasak bareng-bareng. Panganan iku jenenge sego goreng mawut. Cara nggawene gampang, pertama siapno disik bahan-bahane, yaiku mie sing wes direbus, sego sak piring, brambang, bawang putih, uyah, gulo, kecap, ndhog, kecambah, ambek kubis. Tumis disik brambang karo bawang putih sampe wangi, mbari ngono lebokno ndhog terus dimasak orak arik. Nek wes, lebokno sego, mie, kecambah, karo kubise. Diudek kabeh sampe roto. Terus lebokno uyah, gulo, ambek kecap sak cukupe. Didudek maneh sing roto sampe mateng. Sego goreng mawut siap dinikmati.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5503", "text": "Ayodance Audition yaiku salah siji gim tantangan tarian saka internet kanggo para penggunane. Gim iki maune dikhususake kanggo bocah wedhok amarga ngerespon anggepan yen gim daring iki khusus kanggo bocah lanang. Nanging, miturut perkembangane, gim iki bisa dimainke kabeh wong saka kabeh umur amarga aman lan ora ana unsur kekerasan. Gim iki diproduksi karo Megasus lan penerus saka gim O2J sing ora sepira payu ning pasaran amarga kalah karo gim perang lan olahraga. Gim iki uga nyediakake fitur nyiptakakae karakter miturut kesenengan para pemain kamanga pemaine akeh banget remaja putri sing mulai terjun ning babagan gim online. Saka gim iki uga bisa mbangkitake selera musik para bocah enom.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9313", "text": "Pantai Sembilan ana ing Madura iki cerak karo Gili Labak Madura. Jalur kapale uga sak jalur. Dijenengi Pantai Sembilan amarga bentuk pulaune sing kaya angka songo. Dolan ing Pantai Sembila ora jangkep yen ora renang utawa snorkeling. Banyu laute sing biru banget bisa ngundang sapa wae kanggo renang ing kene. Pasir pantai sing putih uga nambah apiking pantai iki. Saliyane iku, ning Pantai Sembilan iki ana fasilitas yaiku banana boat utawa kanggo dolanan banyu. Wong sing numpak perahu sing wujude kaya gedhang iki bakal ditarik kari perahu mesin ana ing tengah laut. Ora mung kuwi, ning Pantai Sembilan uga ditawakna panganan khas Madura sing bakal manjakne ilat.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2822", "text": "Aku biyen tau nyanyikno nyanyian bareng ambek konco-konco pas waktu SD. Lagu iki uakeh sing seneng, opo maneh konco-koncoku soale kenek kanggo goroi bocah-bocah sing potongane gundul. Nyanyian iki judule Gundul-Gundul pacul, Nyanyian iki asline teko Jawa Tengah sing diciptakno karo sunan kali jogo terus gelek dinyanyikno ambek bocah -bocah cilik. Lah lapooh kok akeh bocah cilik sing seneng? Soale nyanyiane iku gampang diling-iling ambek gampang dinyanyekno, terus nek nang daerah ku, nyanyian iki tambah digawe lok-lokan ambek konco-konco sing ancene motong rombut gundul. Mangkane nag ono bocah sing potongan gundul nang daerah nggonanku mesti topian terus soale wedi dielokno.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "42", "text": "Jamanku SMA, sekitar 2014, ono jajajan es sing ngerti-ngerti akeh neng Yogyakarta. Jenenge Es Oyen. Jarane es kui awale asale seko Bandung, Jawa Barat. Mergo akeh banget neng dalan, akhir aku nyobo jalal ngicipi es kui karo ibuku. Es kui isine akeh, ono alpuket, kelopo, bubur mutira, lan ono sebagian bakul sing ngewehi nongko. Legine es iki seko gulo cair karo susu kental manis. Yen ono sing duren, neng kono yo ngedol es oyen sing iso ditambahi duren. Es oyen biasa seporsi regone mung Rp6.000, yen sing nganggo duren Rp12.000. Es e kui seger banget dimaem pas panas lagi ngetang-ngentang. Legi es e kui marai bikin semangat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "122", "text": "Panggon wisata sing apik neng Yogyakarta ora mung sing ono kaitane karo budaya, kekayaan alam ning kota istemewa iki uga endah. Sak liyane, pantai lan ijo-ijoan, Yogyakarta uga duwe bentang alam sing jenenge gumuk pasir. Gumuk pasir kui ono neng Kabupaten Bantul cerak karo Pantai Parangkusumo. Gumuk pasir kui salah siji fenemona alam sing langka neng donyo. Ning kawasan Asia Tenggaa, sing ono bentang alam iki mung Vietnam, Filipina, lan Indonesia. Mergo howo ning panas, gumuk pasir iki mlebu neng jenis barchan. Gumuk pasir barchan kui duwure sekitar 10 tekan 15 meter. Neng kono, awak dhewe bakal keroso koyo neng gurun pasir mergo neng kono ora ono opo-opo, koyo wit lan watu neng tengah-tengahe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7081", "text": "Pas libur akhir semester sekolah, aku ambek dulur-dulurku podo mondok nang omahe mbah uti. Mbasio jenenge mondok, tapi isine mek dolen tok. Tapi onok waktu tertentu dan kabeh pasti langsung lunggo anteng nang ngarep TV. Nek wes ngono, wes podo isok nebak nek kabehe kate nonton film Home Alone. Ancen film sing siji iku wes dadi film wajib sing kudu ditonton bareng-bareng nang keluargaku. Genre film komedi teko film iki gak tau gagal nggawe sing nonton ngguyu kemekelen. Wes ngono akeh banget plot twist sing marai melongo. Selain iku, onok hikmah apik sing isok banget dipraktekno nang lingkup keluarga. Dadi kate ditontok ping bolak balik gak bakal bosen, opo maneh nek nontone bareng-bareng.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "470", "text": "Wong salat kui sok-sok lali rakaate wis tekan piro. Aku yo kerep ngeroso ngono kui. Tekan aku diandani karu ustadzku yen lali pas salat kui ulah setan lan ragu-ragu kui sifate setan. Bali seko pengajian kui, tak iling-iling terus opo sing diandani guru agamaku mau. Sesoke, koyo biasane, neng tengah-tengah salat aku lali wis tekan rakaat kepiro. Banjur aku ngiling-iling omongan ustadzku wingi, yen awak dhewe ora entuk ragu-ragu. Opo sing dirasake pas kui, awak dhewe kudu yakin. Pas kui aku rosone ora salah, rakaat. Awale kui aku ragu yen kui rakaat ketelu naning pas tak pikir meneh aku yakin kui wis tenanan rakaat ketelu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4775", "text": "Salah sawijing kegiyatan ning waktu kosong sing bisa dilakoni yaiku nonton film. Nonton film saiki bisa lewat aplikasi utawa ning bioskop yeng pengen ngerasakake kerameyan lan pengen nonton bareng karo kanca-kanca. Nanging sing perlu diwaspadai yaiku tontonan-tontonan sing ilegal kaya saka web sing mbajak karya-karyane wong kang wis kerja kanggo produksi film. Anane server utawa panggon sing nyediakake tontonan ilegal iki marai rugi amarga bisa mbatesi kreativitas lan ora menghargai kabeh wong sing terlibat. Film ilegal iki sejatine sing marai industri perfilman cepet mati amarga marai film ning bioskop mudhun layar luwih cepet lan tikete ora payu. Bisnis film ya bakale ajur yen industri ilegal iki diterusake. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5802", "text": "Batu yaiku salah siji daerah sing ngasilake buah-buahan sing seger, apik, lan uga bedha kualitas karo buah sing ana ning daerah liyane. Batu uga terkenal karo oleh-oleh olahan buah kaya sari apel, kripik buah, selai buah, jenang, lan uga olahan liyane. Salah siji produsen sari apel skala omahan yaiku Sari Apel Kusuma sing wis kondhang ning Jawa Timur lan uga akeh daeran ning Jawa Tengah. Sari apel iki dikembangake karo Kusuma Agro Industri, yaiku industri perkebunan buah sing ana ning Batu, Malang. Industri iki maune cilik, nanging amarga pemasaran sing apik, kamangka industri iki dadi gedhe lan uga bisa nyerep karyawan akeh ning Batu lan daerah sekitar.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9799", "text": "Isuk-isuk kui paling cocok sarapan sing maregi nanging ora akeh. Mangan panganan kang jangkep gizine nanging ora anyep. Hayo, sapa ning kene sing wis tau krungu pecel punten khas Blitar? Panganan iki isine punten utawa mempere kaya lontong nanging rasane gurih lan cithakane guedhi kaya baskom ditambah kuluban sing dikocor sambel pecel khas Blitar sing pedhes, gurih, tur legi lan aja ngasi lali lawuhe tahu tempe peyek. Wis jan mantep banget iyo ora? Pecel punten iki ramah dikantong amarga rata-rata didol amung limang ewu ngasi pol-pole pitung ewu. Apa ora kebacut murah to, nek mbayangne isi lan rasane kui mau?. Kamangka yen kanca-kanca bingung arepe sarapan apa sing murah nanging gizine aman, pecel punten iki dadi salah sijine pilihan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7012", "text": "Awakmu kabeh nggolek panggon wisata sing instagrammable? Bukit Kapur Sekapuk isok dadi pilihane. Lokasine nang desa Sekapuk, kecamatan Ujung Pangkah, kabupaten Gresik. Waktu tempuhe sekitar sak jam nek berangkat teko pusat kota Gresik. Bukit kapur iki terdiri teko beberapa tambang kapur aktif sing dipahat bertahun-tahun karo penambang sing akhire mbentuk pilar putih koyok gaya arsitekture Yunani kuno. Weroh dadi apik koyok ngene, akhire didadekno panggon wisata. Nang kene, akeh banget spot foto sing apik dan instagrammable. Nek gak onok niatan foto-foto, ndelok pemandangan bukite pun yo isok ngelepas sumpek. Bukit Kapur Sekapuk iki buka ket jam 8 isuk sampe jam 6 sore. Tiket masuke 15 ewu per uwong.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9213", "text": "Aku wingi teka ana ing adicara ambal warsa kancaku. Adicara iku ditindakake ana ing restoran KFC. Lampahing adicara rame banget. Ana badut sing nggawe klambi pithik nambahi ramene adicara. Saliyane iku, para tamu sing teka diwenehi macem-macem gegawan kaya sega lan pithik, balon, topi, lan dulinan. Nggawe adicara ana ing restoran KFC cocok banget senajan kowe ora bocah cilik maneh, amarga kabeh karyawane ora pilih-pilih kanggo ngeladeni kabeh tamune. Karyawane padha sabar, sumeh, lan enak diajak guyon dadi nambah ramene adicaramu. Sing luwih enak maneh, rega paketan yen ngadakke adicara ning KFC ora pati larang banget. Kowe bisa nembung manager KFC ing kuthamu yen pengen nyoba nggawe adicara ana ing KFC. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7395", "text": "Masjid raya Sumatra Barat iki salah siji Masjid raya sing onok nang provinsi Sumatera Barat. Masjid iki dibangun mulai tahun 2007 dan baru dadi tuntas pas tahun 2019 dengan total biaya Rp325—330 miliar. Pengerjaan Masjid iki dilakoni secara bertahap soale anggaran teko provinsi sing terbatas. Tapi mbasio ngono, Masjid iki dadi Masjid sing unik dan bedo timbang Masjid liyane. Hal iku mergo arsitektur Masjid iki bener-bener podo plek ambek omah adat khas teko provinsi Sumatera Barat, yaiku Rumah Minang. Didelok teko atape ae wes bener-bener ngetarani banget nek Masjid iki bedo ambek Masjid liyane. Nek Masjid umume onok kubahe, nek Masjid sing siji iki atape nganggo atap runcing sing nyerupai tanduk kerbau sing dadi khas rumah adat Minang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9712", "text": "Pas wektu study banding ing Aceh, SDN Kedensari 2 sing kasusun arek lima yaiku, ratna, dimas, andrea, rita lan sukma ngamati omah adat sing ana ing Aceh. Ing kunu arek limo iku nemoni ketua suku adat kanggo wawancara tentang omah adat suku Aceh. Ketua adat iku jawab kabeh pertanyaan sing ditakokake dening arek lima iku mau, termasuk salah sijine jenenge omah adat iku mau. Omah adat ing Aceh iku jenenge Rumoh Aceh. Kayak omah adat ing suku-suku sing laine ing pulau Sumatera, Rumoh Aceh yaiku omah panggung kang nduweni telu bagian. Panggung Rumoh Aceh iku kalebu omah sing duwur, yaiku sekitar 2,5 hingga 3 meter. Saben omah nduweni rambat utawi ruang utama. Ruang-ruang sing laine tergantung dening kebutuhan masyarakat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7036", "text": "Jaman mbiyen, nek kate mesen hotel, awak dewe kudu nduwe kontake hotel iku dan mesen lewat telpon utowo teko nang hotele langsung gawe mesen kamar. Jaman saiki pesen hotel luwe gampang, soale akeh banget platform online gawe mesen hotel. Salah sijine iku Traveloka. Cara mesen hotel nang aplikasi siji iki gampang banget. Pertama, awakmu buka aplikasi Traveloka dan isi data diri disik. Terus nggolek hotel sing sesuai ambek kepinginanmu, terus pilihen nek wes nemu. Mbari ngono pilihen jenis ambek jumlah kamr sing kate mbok pesen. Terus isi data pemesanan dan data tamu sing kate nginep. Terakhir, pilih metode pembayaran dan bayar secepatnya sak durunge batas waktu sing wes ditentukno. Nek wes mari kabeh, awakmu bakal entuk voucher sing digawe bukti pemesanan hotel gawe check in.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9366", "text": "Taun baru mesti bakalan akeh wong sing obong-obong. Ana sing ngobong jagung sing diarani jagung bakar, ana sing ngobong daging, ana sisan wong sing ngobong mercon kanggo nyambut taun baru. Iki carane supaya taun baru diisi karo kegiatan sing seru lan ora bisa dilalekna. Nomer siji, golek panggon sing enak misale ana ing villa ing gunung supaya bisa ndelok mercon. Nomer loro, gawa bahan masakan sing akeh kayata jagung, daging, roti utawa apa wae sing bisa diobong bareng-bareng. Sing terakhir, nyetel lagu nalika ngobong panganan iku mau supaya tambah seru lan aja lali kanggo ngobong mercon nalika wis jam 12 bengi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7347", "text": "Mandi wajib utowo mandi besar iki kegiatan ngresikno seluruh tubuh gawe bersuci teko hadas gede. Lanang ambek wedok wajib gawe adhus gede sak marine ngalami beberapa kondisi, koyok metune air mani, mbarine haid, ambek mandeke darah nifas. Pasangan suami istri wajib sisan gawe adhus gede sak marine ngelakoni hubungan intim. Adhus gede iki onok tata carane. Siji, niat mandi wajib nang ati. Loro, cuci kedua telapak tangan ping telu. Telu, resikno daerah kemaluan. Papat, cuci tangan maneh dan dilanjut wudhu. Limo, siram ujung kepala, gentian teko tengen terus kiwo, dan dilakoni ping telu. Enem, siram seluruh tubuh ket ujung rambut sampe ujung sikil, gentian teko tengen terus kiwo, ping telu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "829", "text": "Awak dhewe kudu dukung utowo ngidolake Khabib Nurmogomedov. Pegulat asal Rusia iki paling terknal seko pertandingane lawan McGregor. Pertandingan kui akeh kontroversine. McGregor kui wong sing dikenal sombang neng laga UFC. Dadi pas Khabib ngaleh wong kui iso dadi pertimbangan prestasi sing iso diunggulke. Sing marake luwih sangar meneh, jarene, pas lagi gelut neng oktagon dheweke bisiki lawane. Dheweke ngomong, sing kurang lebih intine ngene, \"Kowe ngalah wae, sing kudu dadi juara iki aku, kowe ngalah wae, timbange koyo bonyok-bonyok\". Mungkin wae kui aku salah utowo rada berlibihan, nanging tetep wae bisikan lawane ben nyerah kui edan banget sih. Iki nunjukke kekuatan lan rasa percaya diri Khabib sing gedhe.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7887", "text": "Gawe wong wedok, terutama sing mesti ngeramut rambute, hair dryer iku guduk hal sing asing maneh. Hair dryer iku alat sing digawe ngeringno rambut luwe cepet. Carane iku gampang terus praktis, tapi wong sing gak eroh yo tetep bingung cara gawene. Nek pingin nganggo hair dryer, koyok ngene carane. Siji, gatekno kondisi hair dryer iku mau, pastikno gak onok sing bermasalah. Loro, nyalakno hair dryer terus atur nganggo suhu sing endek disik. Telu, petek tombol on terus arahno hair dryer nang sisi rambut. Nek dirasa kurang, suhune isok diundakno. Terakhir, nek rambut wes garing, patenono dengan cara petek tombol off.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4623", "text": "Akeh wong kang ngerti yen gudheg digawe saka nangka enom. Nanging akeh sing ora ngerti yen ana gudheg sing digawe saka liyane nangka enom, yaiku saka kembang klapa utawa manggar. Sak liyane Jogja, gudheg manggar utawa gudheg kembang klapa iki akeh ditemoni ing Magelang. Manut sejarahe lan wilayahe, Magelang pancen cedhak karo Jogja, dadi akeh panganan sing rupane kaya panganan Jogja. Gudheg Manggar ing Magelang rasane luwih gurih lan ora sepiro legi kaya gudheg Jogja. Manggar rasane wis ana legine lan ora sepet kaya nangka enom, dadine ora perlu gula sing akeh kaya gudheg biasa. Resep iki bisa dadi alternatif kanggo wong sing ora seneng gudheg. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8673", "text": "Ngutip teko Kemdikbud RI, perkembangbiakan taneman secara generatif iku terjadi nek taneman mau nduwe kelengkapan sing dibutuhno nang proses penyerbukan. Alat perkembangbiakan taneman secara generatif iku serbuk sari ambek kepala putik. Perkembangbiakan generatif iku disebut sisan perkembangbiakan secara kawin. Perkembangbiakan generatif iku diawali atek penyerbukan, nang ndi serbuk sari iku ngelekat nang kepala putik. Mbari penyerbukan iku mau, serbuk sari iku bakal menuju ruang bakal biji. Nang njero kono, bakal terjadi pembuahan. Biasane, tumbuhan iku gak bakal isok ngelakoni proses perkembangbiakan iki nek alat perkembangbiakan gawe penyerbukan iku gak lengkap. Contoh taneman sing berkembangbiak secara generatif iku kembang sepatu ambek kembang matahari. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9024", "text": "Wong-wong sing nduwe duit berlebih iku senengane ngelakoni investasi sembarang kalir jenis. Salah sijine iku investasi kesehatane dewe. Salah siji cara gawe investasi kesehatan iku tuku kursi pijet. Kursi pijet iku kursi sing nduwe fungsi gawe mijeti awakmu pas lunggo nang kono. Onok alesan wong-wong sing nduwe duit iku podo tuku kursi pijet iki, soale nduwe akeh pol manfaat gawe awake. Siji, ngobati nyeri punggung utowo boyoken. Loro, ngeculno racun nang njero awak. Telu, ngeringano stres. Papat, ngobati penyakit kanker. Limo, ngontrol tekanan darah. Terakhir, gawe alat relaksasi. Teko akehe manfaat kursi pijet iku mau, yo gak heran nek akeh wong sing ngelakoni investasi kesehatan nganggo kursi pijet iku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4048", "text": "Nag konconan ancene kudu sing apik ben nag ono opo-opo iku ono sing ngewangi, iku mono anjuran ambek omongane guruku pas aku ngaji biyen. Nah sampek saiki omongan ambek anuran iku tetep tak lakoni mergane wes kebukti saiki aku duwe konco apik nang endi-endi ambek akehe pol, ono sing nang Sumatra, Lombok, Kalimantan, ambek Maduro barang yo ono. Nah teko sarang iku maeng aku ngerti nag duwe konco akeh iku enake ora pokro, soale nag ono opo-opo mesti ono sing ngewangi, terus apike iku ngeluwehe dulur dewe sing isone mok delok ambek masi tok, padal iku dulur. Nag konco mesti ngewangi goleki solusi sampek ketemok masio ora petok, tapi nag ngerti koncone ewo mesti bakal ngancani.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1787", "text": "Misale awak dhewe lagi ono neng kondisi sing mekso awak dhewe tinggal neng deso. Awak dhewe mungkin wiwitan bakal kaget karo perkoro-perkoro sing bedo karo sing ono neng daerah kota. Salah sijine kui perkoro panganan utowo perkoro ilat. Panganan sing ono neng deso kui bedo karo panganan sing biasa awak dhewe konsumsi neng kota. Supoyo ora terlalu kaget, ono beberapa perkoro sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso gowo pangan kering lan awet sing awak dhewe doyan, misale koyo abon. Sing keloro, awak dhewe mungkin iso ngewiwiti mangan endog sak ben dinone. Sing ketelu, awak dhewe kudu jajal panganan deso kui sitik-sitik. Ora perlu akeh sing penting wis ngerasake.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "548", "text": "Keris kui senjata tradisional saking Jowo sing paling ikonik. Ukurane cilik lan biasane disimpen neng pinggang. Keendahan keris kui iso didelok seko lekukane. Makin akeh lekukan neng keris, keris kui dianggep semakin endah. Sak liyane mergo bentuke sing estetis, lekukan sing akeh kui luwih angel gawene. Ora akeh pengerajin sing iso gawe lekukan sing akeh. Nanging, ono coro ben nilai estetis keris kui mundak sak liyone seko gawe lekuaan maw. Keris iso luwih endih yeng warangka utowo saring kerise kui diukir. Warangka kui iso digawe seko kayu-kayu sing apik, koyo jati lan cendana. Keris uga dihiasne meneh nganggo cara gawe gagang utowo pegangan keris kui diukir.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7862", "text": "Onok salah siji barang elektronik sing lagi populer banget. Jenenge iku air fryer. Air fryer iku alat sing fungsine gawe ‘nggoreng’ bahan panganan. Air fryer iku dinilai luwe hemat minyak soale nggoreng e nganggo udara panas sing muter nang mesin iku mau. Udara panas iku isok marakno panganan mateng terus tampilane isok coklat keemasan terus tekstur e isok renyah puol. Tapi gak kabeh panganan isok digoreng nganggo iki, mek terbatas nang panganan kering utowo frozen food. Air fryer iki gak mek gawe goreng tok, tapi isok gawe manggang sisan, contohe koyok gawe kukis, roti, utowo cupcake sing bentuke cilik-cilik iku lah.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "484", "text": "Pasa neng sasi Ramadan kui ora mung sekadar nahan ngelih karo ngelek wae, luwih seko kui, poso kui fungsine koyo sekolah kanggo imane awak dhewe. Pelajaran sing pertama kui, cetho, babagan nahan hawa nafsu. Nek wektu-wektu sak durunge kui, awak dhewe iso gampang ngelihan yen delok sembarang barang neng sosial media, iso barang lan panganan utowo ombenan. Awak dhewe pengen cepet-cepet ngetoke barang kui. Yen misale, pas mepet bakdo kui, awak dhewe malah luwih milih belonjo timbangane ngibadah. Awak dhewe wis ora entuk salah siji esensi seko poso iki. Neng bulan Ramadan kui, awak dhewe diajarke ben sregep ngibadah meneh; ibadah sing wajib lan uga sing sunah. Mergo, neng sasi sing mulia iki kabeh pahala bakal dilipat-gandake tekan 10 kali lipat.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6950", "text": "Aku seneng banget ambek kripik kentang rasa honey butter, sampe nek jare adekku aku wes ndek level terobsesi. Pokok ben aku lungo nang ndi ae, aku pasti sedia kripik kentang rasa honey butter iku. Dan ben aku kate tuku sesuatu dan toko ndi ae, pasti akhire nambah tuku kripik iku sisan. Nek ditakoni kok isok aku seseneng iku, soale rasane unik banget. Aku bingung jelasnoe, pokoke rasane manis, gurih, dan asin dadi siji, tapi gak marai eneg. Tapi sayange, aku saiki gak isok mangan akeh-akeh soale pasti bakal umor saking duwure kandungan natriume. Dadi nek kepingin ngemil iku, aku njupuk sak genggem terus tak cemili. Sakjane yo kurang puas, tapi iku kabeh demi ngehindari umor.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4730", "text": "Ing wulan September tahun iki, Ani diundang marang acara kantor, yaiku training utawa pelatihan kantor tahunan mesisan acara liburan ning Jogja. Pelatihan kantor ki diadakake ning salah sawijing hotel ning Kutha Jogja. Hotel iki cedhak karo Tugu Jogja lan cedhak Malioboro. Ani lan kancane bisa mlaku-mlaku sak wise melu pelatihan amarga ning ngarep hotel ana bakul-bakul angkringan lan wedhang ronde. Uga yen ora kepengen dolan, ning hotel wis cukup amarga hotel iki fasilitase wis lengkap kaya ana kolam renang, ana TV lan saluran digital, uga liyan-liyane. Ning hotel iki ya nyediakake fasilitas olah raga sing bisa dinggo wayah sore kanthi bengi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9666", "text": "Alquran ora oleh diwaca ngawur. Ana carane kanggo maca Alquran supaya macane bener. Kaping siji, nalika maca Alquran wis mesti kudu ngerti huruf hijaiyah. Kaping loro, kudu ngerti lan apal tanda baca kayata yen huruf hijaiyah diwenehi tanda kasrah iku kepiye macane, lan liyan-liyane. Kaping telu, kudu ngerti hukum tajwid. Alquran ora diwaca apa anane sing ana ing hurufe, nanging ana cara supaya macane bener yaiku ilmu tajwid. Ana sing diwaca dawa, endek, dengung, lan liyane. Kabeh kui kudu dingerteni lan dipelajari supaya bisa maca kanti bener. Sing terakhir, bisa sinau maca Alquran kanti sregep lan coba njaluk wong liya kanggo mbiji apa wis bener cara maca Alqurane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "114", "text": "Wisata sejarah neng Yogyakarta kui duwe potensi sing gede. Nanging, potensi kui durung dimanfaatke dengan maksimal. Urung akeh pihak-pihak sing mengeksploitasi sejarah sing ono neng Yogyakarta iki dadi salah siji destinasi pariwisata. Padahal, bahan sing iso dienggo akeh banget mergo kota Yogyakarta kui duwe peran sing gede neng segala jaman, seko jaman kerajaan, jaman perjuangan, tekan pasca kamardikan. Komunitas Malam Museum delok potensi iki. Komunitas sing seneng karo sejarah iki gawe acara sing jenenge Jogja Walking Tour. Konsepe acara kui ben minggu, Komunitas Malam Museum nentoke sejarah sing bakal dibahas. Mengko, wong-wong sing gelem ngerti podo daftar. Sejarahe kui bakal dijelaske sambil napak tilas neng situs sejarahe langsung.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9394", "text": "Duwe hobi marang fotografi lan videografi menawa ditekuni bisa ngasilake. Keneng apa kok bisa ana pamanggih kaya mangkono? Iya awit industri kreatif saiki lagek regeng lan gayeng sebab konten kreatif uga nembe banget digandrungi ana jagad media sosial. Konten kreatif kuwi gambar utawa video kang nuduhake sawijining kagiatan manungsa, acara, apadene endahing alam kanthi musik kang bisa narik kawigatening tiyang supaya weruh. Menawa ngungak ana instagram lembaga pemerintahan bae, wis mesthi ana kana tayangan konten video kang nuduhake program apadene acara kang dianakake. Durung maneh ana lembaga-lembaga swasta, padha nglakokake bab kang padha supaya bisa katon apik lan nengsemake. Yen kowe duwe skill mau, kepara kowe bisa makarya minangka tim kreatif, tim media, apadene dokumentasi ana lembaga mau. Mula bener kandhane yen duwe skill foto lan videografi bisa ngasilake.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2893", "text": "Sing jenenge panganan khas daerah yaiku panganan sing ancene ono nang daerah iku tok ambek sing gelek ambek disenengi wong nang daerah kono. Dadi panganan iku ora bakal ono nang daerah liyane, nag ono yo mesti ono sing bedo, mbok iku rasane utowo bagian sing ora bakal ditemokno nang nggon liyane. Lah contone koyok soto lamongan. Soto lamongan iki ancene ono nang endi-endi, tapi ora kabeh enggon iso madane ambek wong lokal lamongan nag gawe soto awit teko rasane, bentuke, sampek bumbune karo bahan-bahan ae kadang ono sing bedo. Mangkane jenenge panganan khas daerah yo ono mok nang daerah iku tok, soale nag nang panggonan liyane iku ono yo ora bakal iso madani sing koyok nang panggonan asline.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9292", "text": "Kepiting asam manis ana ing warung kui enak banget. Rasa sing dikasilake uga unik lan nggrai pengen mangan terus. Kepiting sing digawe uga kepiting sing gedhe banget dadine bisa dipangan kanggo 2-3 wong. Daging kepitinge akeh banget lan gamoh. Bumbune neresep ana ing daginge. Rasa bumbune ora pati pedes, nanging isih ana pedese uga ana rasa kecute sithik lan rasa legine. Kabeh bumbune tenanan kecampur lan ngasilake rasa enak iki. Mangan kepiting asam manis iki yen mung sepisan ora bakal puas mesti kepengin kanggo mangan maneh. Senajan rada adoh teka omah, yen pengin pol mangan kepiting enak iki mesti gelem wae kanggo mara ing warung iki.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9630", "text": "Wildan karo rafka wingi wayah prei riyoyoan dolan ning bali. bocah loro iki dolan menyang laut ndelok-ndelok panggon sing apik-apik ning bali. ing tengah -tengah dalan bocah loro iki wetenge luwe. akhire wildan ngejak rafka mandeg ning salah sijine warung. dadakno ning warung iku dodolan panganan sembarang kalir, wildan mangan panganan seng disenengi yoiku babi guling. nanging rafka milih mangan bakso amarga dewek e iki wong islam ora oleh mangan babi soale haram nggarai duso. masio arek loro iki seje agama ne nanging tetep ae akur nandi nandi yo wong loro. yo ora tau tukaran . pancen kene iki dadi uwong kudu rukun rukun wae masio seje agama ne. gaoleh podo dolek dolek salah e dewe-dewe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9327", "text": "Dolan ing Malang saiki ora perlu kuwatir kaentekan panggon wisata. Ana panggon anyar sing viral ing media sosial yaiku San Terra. Cara kanggo nikmati panggon wisata iki akeh banget. Nomer siji, senajan ana ing Malang nanging ing panggon iki isih panas banget. Dadine kudu nyepakna klambi sing tipis wae lan aja lali topi karo kacamata.Nomer loro, nyepakna memori HP sing akeh amarga bakal akeh banget spot foto. Nomer telu, ora perlu kawatir soal panganan amarga ning kene wis akeh banget bakul panganan sing bisa dituku. Menu sing ditawarne uga macem-macem. Sing terakhir, kudu nyepakne dhuwit sing akeh kanggo tuku oleh-oleh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7422", "text": "Piso Surit iki salah siji lagu daerah teko suku Karo, Sumatera Utara. Lagu iki diciptakno karo Djaga Jepari. Selain iku, lagu iki tau dipopulerno karo komposer Vicky Sianipar nang acara Nasional pas tahun 2000-an. Lagu iku nduwe makna asmara muda-mudi suku Karo nang jaman peperangan ngelawan Agresi Militer Belanda ndek Indonesia. Nggambarno gadis sing gak nduwe kesempatan gawe ketemu karo genda’ane. De’e gak tau gak kelingan genda’ane. Gadis iki ngandaino dirine dadi burung Piso Surit sing mesti berkicau sendu. Gadis iki mesti bertanya-tanya keadaan ambek keberadaane genda’ane sambil nangis. Gadis iku sisan mbatin ning ati ben genda’ane iku ndang cepet moleh cek de’e gak ngenteni maneh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3209", "text": "Game favorit ancene iso dadekno awak dewe lali karo pengawean sembarang kalir. Tapi ono siji sing ancene kudu dperhatikno yoiku keshatane moto. Dadi nag iso wong sing dolanan game iku ojo sampek suwe-suwe soale iso dadekno motone maeng loro utow abang ambek pereh. Terus nag iso waktune iku yo dibagi ojo sampek kalalen dolanan game terus. Terus nag ancene pengen dolalan suwe nag iso yo gawe koco moto anti-radiasi ben motone maeng ora loro saole saiki akeh wong sing motone loro yo polahe dolanan game sampek ora ngerti waktu terus akhire motone maeng abang. Mangkane ojo suwe-suwe nag dolanan game sing ancene mbok senenge soale dampake iku ora apik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3189", "text": "Manfaate olahraga ancene akehe megilan kanggo awake wong. Mangkane akeh dokter ambek wong sing pengen sehat iku nganjurno olahraga rutin mboh rong dino pisan, sak minggu pindo, utowo sak minggu pisan. Yo kabeh maeng polahe manfaate ancene gede opo maneh mene nag wes tuo iku lagek kroso manfaate. Nag isek enom sing biasane ketok yo bocahe iku cepet gede, terus ora gampang loro ambek awet enom polahe kenek efek olahraga iku maeng. Terus teko olahraga maeng yo iso nyehatno barang koyok contone sing umum yo kanggo nyehatno jantung ambek ngelancarno darah maeng ben iso mili lancar. Sak liyane iku kanggo bocah enom yo apik kanggo masa pertumbuhane maen.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "831", "text": "Aku lagi tengak-tenguk neng kampus, ngerti-ngerti koncoku marani aku. Dheweke takon aku lagi ngopo. Dheweke arep jaluk tulung. pas kui lagi ono lomba mlayu antar fakultas. Dhewek kebetulan banget lali yen dino kui dheweke tanding. Dadine, wong kui are nyilih kasut sing tak enggo. Aku sih ora masalah kasutku disilih pas kui aku yo ora arep neng endi-endi. Nanging tak kon jajal disik. Wedine, ukuran kasute kui ora pas. Mengko malah dheweke ora nyaman pas mlayune. Aku yo ora gelem disalahke yen dheweke dadi ora maksimal gur mergo kasut sing sesak. Pas dijajal karo konco kui, bejone pas uga neng sikile.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7004", "text": "Salah siji panggon wisata alam sing paling terkenal nang Jawa Timur iku jenenge Pantai Goa Cina. Lokasine nang daerah Sumbermanjing, kabupaten Malang. Pantai iki dadi salah siji pantai sing paling rame pengunjung nek pas lagi preian. Tapi yo gak heran nek akeh uwong sing milih gawe liburan nang kene, soale ancen pantaine iku apik banget. Werno banyune biru jernih dan pasir putihe sing resik bener-bener memanjakan mripat banget, opo maneh gawe wong kuto sing sumpek karo suasana perkotaan. Durung maneh akeh banget wahana air sing disewakno nang kono. Wes ngono tiket melbune yo murah pol, mek 5 ewu per uwong. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3213", "text": "Nang jero ponsel iku ono bagian sing penting pol yoiku processor. Bagian iki termasuk iso diibaratno koyok utek sing ono nang menungso. Nah processor iki maeng sing ngelakokno programe ponsel sing sak pirang-pirang maeng. Terus processore hp maeng yo ono sak pirang-pirang, ono sing snapdragon, ono sing helio, mediatek, ambek liyan-liyane. Terus kebutuhan processor maeng yo ancene dirancang ambek tujuan pabrik gawe ponsel iku maeng, nag ponsel iku dirancang kanggo dolanan utowo game, mesti akeh-akeh gawe processor snapdragon soale ancene gambare beninge ora ukur. Mangkane nag wakmu pengen ngegame utowo gunakno ponsel sing digawe kanggo poto, mileho sing processor jenis iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "120", "text": "Preinan bakdo, kaluargoku sing seko Jakarta lan Jawa Barat mesthi nyempetke kumpul neng Yogyakarta. Nek wis ngumpul, awak dhewe mesthi ono agenda dolan bareng opo paling ora mangan bareng. Aku lan kaluargo besarku tau dolan neng Gua Pindul sing ono neng Gunung Kidul. Seko ceritone, panggon wisata alam kui apik banget. Awak dhewe iso nyusuri sungai sing ono neng jero gua. Neng tengah-tengahe, iso delok cahya srengege mlebu liwat lobang sing ono neng duwur. Nanging pas tekan kono, kenyataane bedo banget. Panggon wisata kui kebak banget. Saking kebake awak dhewe kudu ngenteni 30 menit luwih sadurunge nyegur sungai. Pas wis neng sungaine, awak dhewe uga ora iso ngopo-ngopo sakit padete. Awak dhewe mung iso ngetuti alon-alon rombongan sing ning ngarep.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2726", "text": "Nag jeru kitab alquran iku ancene akeh kisah sing apike orabloko sing kenek gawe contoh utowo sangu urip nang donyo. Salah sijine kisah sing paling terkenal yaiku kisahe Nabi Luqman A.S. nag didik anak ben dadi wong sing apik nang masa depane anak. Nah kisah sing dicontokno ambek alquran teko uripe Nabi Luqman A.S. maeng ancene sengojo dilebokno ben wong-wong sing moco kitab iku ngerti ambek ero carane didik anak sing tepak iku piye. Soale saiki iku akeh wong tuo sing ora ngerti carane didik anak. Terus akire disekolahno nang seolah sing jarene apik. Padahal sing jenenge didik anak iku kudu teko wong tuo ben anake iku iso ngregani wong tuone.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5834", "text": "Akeh wong sing ora kuwat pas ngalami kerugian, apa maneh kerugian kuwi disebabake babagan sing ana ning njaba rencana kaya anane bencana alam, krisis, lan uga kecelakaan. Kerugian iki dadi salah siji bagian sing paling pait sing ana ning jero bisnis apa wae. Nyiyapake mental kuwi penting banget amarga wong sing wani usaha kuwi ya kudu wani rugi. Mental pebisnis iki ora gampang goyah senajan akeh hambatane. Wong sing duwe mental pebisnis sing kuat kuwi bisa dadi wong sing paling bertahan ning bisnis. Yen kancane bangkrut, para pebisnis iki bisa tetep tahan lan mesti nemu alternatif kanggo bisnis. Kamangka, modal paling gedhe yen arep ngelakoni bisnis iki yaiku nyiyapake mental.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6646", "text": "Jare wong sing wis pengalaman lan uga psikolog, kekancan luwih saka 7 taun kuwi berarti kekancan sing awet lan uga tulus amarga wis ngeliwati taun-taun sing kritis. Kabeh kuwi bisa dadi hambatan kanggo wong sing jarang komunikasi, nanging isih sering nakoni kabar sepisan. Kekancan kuwi ora mung cedhak, nanging uga kudu bisa ngerteni prioritas lan ora ana rasa iri yen kancane berhasil senajan mulai saka nol bareng-bareng. Wong sing sering ndukung kancane iki bakale oleh urip sing luwih kepenak amarga ora dikenal dadi wong sing gampang iri lan kanca kaya iki disenengi kanggo jenjang kekancang sing suwe lan ora gampang dilalekake. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4650", "text": "Jajanan ning pasar malem bengi iki akeh banget jenise. Ana sosis bakar, tahu goreng, lan liyan-liyane. Nanging ibuku paling seneng kacang godhog. Biyasane kacang godhog kuwi didol kalo simbah-simbah sing wis sepuh lan dodolane ning nduwur gerobak. \"Lha kae simbahe!\" Ibu katon bungah pas weruh simbah sing dodol kacang godhok wis ngenteni ning cedhak parkiran. Jare ibuku, simbah kuwi wis dodolan mulai jaman ibuku isih cilik. Biyen rame sing tuku, saiki wis sepi amarga bocah saiki mulai ora seneng kacang godhog. Simbah kuwi ora mung dodolan kacang nanging ya dodol kedele, tela, lan sukun godhog. Rasane isih padha kaya biyen amarga simbahe masak nggawe cara sing padha lan tradisional.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2459", "text": "Saiki gara-gara bocah enom sing gendeng-gendengan dolanan media sosial awit teko instagram sampek tik-tok'an nag malioboro, Saiki malioboro dadi panggonan sing cocok digawe foto ambek preian sing paling ngangeni. Panggonane apike megilan, ang ora percoyo langsung buka'o instagram terus golekono malioboro, engko lak akeh sing foto-fot nag daerha kono ambek ekpresi sing aneh-aneh. Opo maneh saiki daerah kono maleh diapiki ambek ditoto dadi luwih enak di gawe foto-foto. Aku barang wingi pas preian nag kono maleh dadi waktu preian sing paling enak ambek apik soale campuraduk antara budaya seni, modern, ambek sejarah. Nag ora percoyo jajalo dolano rono engko lak awakmu ngerti dewe opo sing dimaskud iku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9656", "text": "Sembayang riyoyo iki ora podo karo sembayang e dino dino biasae sing sedino ping limo iku. onok cara-cara e dewe sembayang riyoyo iku. sing nomer siji sakdurunge sembayang kudu adus disek lan kudu wes semabayang shubuh dilek. nomer loro yen sembayang riyoyo fitri iki gaoleh mangan sek sakdurunge sembayang. nomer telu nggawe piranti sembayang sing rijik gaoleh rusu rusu digawe wae. nomer telu iki budal karo moleh kudu lewat dalan seje . nomer papat rokaat nomer sijine onok pitu takbir . sing rokaat nomer loro ne onok limo takbir. sing nomer limo sakwise sembayang ora langsung buyar ngunu wae mesti onok khotbah . nomer enem cepakno infaq sak ikhlas e . ning dhuwur iku mau tata cara ne sembayang riyoyo fitri . ojok sembarangan yen ngelakokake ibadah marang gusti allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7301", "text": "Mamaku iku rajin banget ngelakoni ibadah-ibadah sunnah. Salah sijine sing paling rutin iku ngelakoni poso Senin Kamis. Dadi ben dino Senin ambek Kamis, mamaku pasti tangi luwe isuk timbang biasane soale cek isok sahur. Sing biasane tangi jam 3 gawe nyiapno masakan nang warung, nek Senin karo Kamis dadi tangi jam 2 ben isok masak sekalian sahur. Dan iku dilakoni mamaku rutin. Mbasio ta mama lara utowo gak enak badan, mamaku bakal tetep poso. Jarene poso iku obate gawe lara. Aku sempet dijaki, tapi akhire gak isok rutin koyok mama sisan soale aku sek akeh malese. Dadine ben Senin ambek Kamis mamaku poso dewe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "543", "text": "Karambit kui salah siji tradisional seko Indonesia sing terkenal sak donyo. Senjata iki pertama kali dikenalke neng donyo liwat film The Raid 2 utowo The Raid: Retalation taun 2014. Karambit kui senjata tradisional sing ono neng berbagai daerah neng Indonesia, nanging senjata iki luwih terkenal seko daerah Minangkabau. Senjata iki bentuke koyo peso, ukurane cilik, nanging melungkung. Lengkungan senjata kui mirip koyo kuku macan. Bentuke sing cilik kui gawe gampang senjata iki digowo-gowo. Neng ujung liyo gagange kui, ono lobang sing iso dileboke driji. Driji sing dileboke kui telunjuk. Seko lubang kui tumpuan utowo cekelane seko senjata khas Minang iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7460", "text": "Dino iki onok pelajaran kesenian nang sekolah. Materi sing diajarno karo guruku iku tentang angklung. Aku awale gak eroh opo iku angklung. Mbari ngono disudokno bentukane angklung iku koyok yaopo karo guruku. Dadakno alat musike iku terbuat teko bambu dan jare ukurane iku onok macem-macem, mulai sing cilik sampe sing gede. Jare guruku, bedo ukuran bedo munine. Dino iki guruku nggowo angklung sing ukuran tanggung, gak cilik gak gede, tapi ketok pas nang tangane guruku. Siji-siji arek nang kelas dikongkon nyoba dolen angklung, termasuk aku. Dadakno carane gampang, dan aku sempet ketagihan nyobai terus, sampe akhire dikongkon leren karo guruku. Dino iki aku rasane semangat banget gawe sinau luwe lanjut tentang angklung.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4740", "text": "Wulan Mei 2019, aku lan kanca-kancaku lunga nang Korea numpak pesawat. Pesawat sing tak tumpaki kuwi tipe pesawat ekonomi sing nyediakake fasilitas kang apik lan bisa ngilangake bosen pas perjalanan. Nanging, yen numpak pesawat kuwi sing marai kesel yaiku imigrasi sing tertib lan kudu ngantri ning bagian pemeriksaan. Kudu nyediakake paspor lan dokumen-dokumen sing dibutuhake. Kanggo wisatawan, imigrasi biyasane ora mbutuhake waktu sing suwe kanggo ngecek. Bedha karo sing kepentingane kanggo sekolah utawa kerja, dokumene ya kudu lengkap. Yen saka Korea, sing butuh dicek ya barang-barang sing digawa amarga kaitane karo pajak barang, apa maneh sing digawa barang kaya buah lan sayur. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7098", "text": "Salah siji hobi sing lagi usum banget ndek kalangan arek enom iku dance cover. Dance cover iki mulai rame semenjak kpop mulai populer. Dan kpop iku identik ambek tariane sing dinamis, makane akeh banget arek enom sing sinau tariane dan iku jenenge dance cover. Dadakno, hobi sing siji iki cocok banget gawe pengganti olahraga. Dance cover iki melbu nang jenis senam aerobik, dadi awakmu isok nari dan tetep isok sehat. Opo maneh lagu-lagu sing dinggo kan pasti lagu sing disenengi, dadi olahraga sing iki gak bakal mboseni. Justru tambah sering dance cover, tambah bahagia. Dadi gawe awakmu sing sek ngiro kabeh olehraga iku mboseni dan megelno, awakmu isok nyoba dance cover, salah siji olahraga sing super menyenangkan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2318", "text": "Bagi wong sing doyanane ngemil kue, saiki lagi masyhur sing jenenge kue mille crepes. Milles crepes iki asline teko Prancis. Nang Indonesia akeh arek nom-noman sing podo seneng mangan jajanan iki. Ciri khase jajanan iki digawe teko jladrenan kulit dadar sing ditumpuk lapis-lapis dikeletno karo krim. Rasane ono reno-reno, mulai teko red velvet mille crepes, greentea mille crepes, tiramisu mille crepes, sampek mille crepes krim duren. Nek awakmu kabeh kepengen njanjal panganan Prancis iki iso moro nang Dapoer Barru. Sak irise panganan iki regone murah, mek 15 ewu. Dapoer Barru iso mbok temokno nang daerah Mojolaban, Sukoharjo, Solo, Jawa Tengah. Awakmu iso moro langsung nang restone utowo mesen liwat instagrame sing jenenge @dapoerbarru.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5567", "text": "Cas HP iki kalebu salah siji barang elektronik sing akeh gunane senajan bentuke cilik. Cas HP iki dadi barang sing ora oleh ketinggalan amarga iki penting kanggo kelangsungan urip menungsa jaman saiki sing ora bisa urip tanpa HP sing dadi alat komunikasi wajib. Kamangka, cas HP iki dadi salah siji barang sing kudu dijaga amarga sering rusak. Cara njagane yaiku kabel Cas ora oleh nekuk lan kena gaman sing landhep ben ora kebuka serat kabele. Banjur pucuke kabel iki uga ora oleh diongkek ben ora gampang putul. Cas HP iki ora oleh dideleh sembarangan amarga bisa marai konslet ning bagian adapter, lan sing pungkasan, cas HP uga kudu mesti dipasangake karo tipe HP sing padha. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6902", "text": "Gresik iku nduwe macem-macem panganan khas sing mek isok ditemoni nang kota iki tok, salah sijine sego roomo. Sesuai jenenge, sego roomo asale teko daerah Roomo, kecamatan Manyar, kabupaten Gresik. Sego roomo iki biasane dipangan nganggo sego utowo lontong. Mbari ngono nang nduwure dikeki sayur kuncuk sing wes direbus karo krupuk sing wes diremukno. Terus disiram nganggo bumbu sing bentukane koyok bubur saking kentele. Bumbune terbuat teko urang, tepung, lombok gede, lengkuas, kunyit, ambek bawang putih. Makane pas dipangan onok rasa ambek aroma urang e. Terakhir ditaburi koya ambek sambel nek awakmu seneng pedes. Koyane iki bedo ambek koya biasane. Koyane sego roomo iki digawe teko klopo sing disangrai, makane rasane luwe gurih.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2868", "text": "Alat musik tradisional nang indonesia iku akehe megilan salah sijine sing jenege Kendhang sing terkenal nang pulau jawa ambek sekitare. Tapi saiki akeh bocah-bocah enom sing ancene calon pewaris budaya ora ngerti carane maenno akhire alat musik sing dadi warisan budaya tambah suwe mulaiilang. Padal pemerintah Liwat menteri pendidikan ambek kebudayaan asline wes nganjurno kabeh daerah iku kudu ngelestarikno kebudayaan sing ono nang negeri iki. Tapi kenyataane ora iso koyok sing dikarepnosoale dinas sing naungi tanggung jawab iku kurang temenan oleh garab. Akhire saiki alat-alat musik tradisional arang dipetuki nek gak ancene mesen utowo gawe dewe soale wes ora ono sing adol utowo arang sing gelem gawe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3130", "text": "Rong ulan wingi koncoku tuku raket nang salah sijine tokoh olah raga sing ono nag pinggire PTN sing wes terkenal nang kota iku. Deke milih raket sing lumayan apik soale ancene butuh ambek ben ora tuka-tuku terus. Lah nang kunu iku akeh pilihan rakete deke sampek bingung enake milih sing endi. Terus akhire deke mileh sing ancene pas ambek duweite ae. Soale nag larang-larang ora duwe duwek. Mari ngunu pas didelok, raket iku maeng apik garapane, terus cet-cetane yo apik ora mok sokor ngecat koyok wong piggiran. Terus oleh kok barang masio koke rodok murahan tapi sing penting kenek digawe ambek sing rodok apik iku rakete. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3294", "text": "Perkembangan teknologi saiki ancenen megilan. Terus montor barang saiki yo wes akeh sing ora gawe bensin, tapi gawe listrik. Yo ancene keuntungane gawe montor listrik iku akeh timbang gawe bensin soale luweh irit nang duwek ambek ora brebeki kuping. Mari ngunu nang montor listrik yo ora angel ramutane. Jarene situs Hyundai, montor listrik iku manfaate akeh kanggo lingkungan ambek sing duwe salah sijine yoiku iso ngurangi ketergantungan nang bahan bakar fosil sing iso marakno pencemaran udara ambek saiki wes kate entek. Mari ngunu biaya yo murah dadi iso nyimpen ambek nabung kanggo kebutuhan liyane. Mangkane saiki akeh wong sing wes duwe montor listrik iki maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7451", "text": "Dino iki aku melbu kuliah koyok biasane. Buru ae tutuk kelas, aku entok kabar nek kelase diganti jam. Berhubung aku males balik Kos maneh, akhire aku tetep nang kelas ae soale kuliah berikute yo nang kelas iki maneh. Aku ngobrol-ngobrol ambek koncoku sing sek onok nang kelas iku. Moro-moro onok koncoku liyane sing melbu. Aku ngomong nek kelase ganti jam, dan de’e mek iyo iyo ae terus tetep melbu kelas. Mbari ngono de’e lunggo nang jejerku dan ngetokno box teko ransele terus dideleh nang tengah-tengah. Moco tulisan ‘Mubarok’, kabeh koncoku langsung rebutan jenang sing onok nang njero box iku, termasuk aku. Jenang khas teko Kudus iki rasane wes legendaris pol, dan akeh uwong sing seneng ambek rasane. Jarene mumpung mbari moleh kampung, de’e iseng ngoleni arek-arek kelas, dan untung payu sampe entek resik.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6983", "text": "Jeruk nipis iku salah siji jenis jerus sing paling akeh ditemoni nang sekitare awak dewe. Werno kulite ijo, bentuke bunder cilik, dan rasane uasem pol. Buah sing siji iki isok diolah dadi macem-macem. Mulai teko campuran bumbu masakan, dadi minuman, sampe dadi obat. Nek wong jaman mbiyen, senengane nyampur kecap karo jeruk nipis sing jarene isok ngatasi batuk. Terus jeruk nipis yo sering dadi campuran bumbu masak, biasane dingo gawe pengganti cuka soale rasane sing asem. Jeruk nipis yo sering banget diolah dadi minuman sing nyegerno pol. Sing terakhir, jeruk nipis isok digawe ngilangno ambu amis iwak laut sakdurunge dimasak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8948", "text": "Coba gatekno deh, ben uwong sing nduwe awak obesitas iku gak tau ngelakoni jogging nek pas olahraga. Roto-roto mereka iku pasti ngelakoni senam aerobik nang Gym. Eroh gak opo’o uwong obsitas iku gak tau jogging? Soale mereka iku luwe rentan cedera nek ngelakoni jogging. Mergo awake iku kegeden, otomatis beban nang sikile wong iku mau bakal luwe gede gawe nopang awake iku mau. Nek bobote 100 kg, pas mlayu iku sikile isok numpu beban sampe ping lorone. Makane gawe awakmu kabeh sing nduwe bobot berlebih bahkan sampe obesitas, ojok atek ngelakoni jogging ben awakmu gak ngalami cedera pergelangan sikil. Mending konsultasikno disik ambek ahline, olahraga opo sing cocok gawe awakmu.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9628", "text": "Ana crita ing Alquran sing bisa dadi pelajaran kanggo manungsa yaiku kisah Nabi Yunus. Diceitakake Nabi Yunus wis nyerah lan putus asa karo ummate soale ora gelem nurut karo Nabi Yunus kanggo nyembah Allah. Akhire Nabi Yunus nyengkreh lan berlayar. Allah nguji Nabi Yunus karo nekakna badai. Awak kapal padha sepakat kudu ana wong sing dibuwak ning laut. Akhire dianakake undian jeneng lan ping telu ngundu jeneng sing metu tetep jenenge Nabi Yunus. Akhire Nabi Yunus terjun ning laut lan dipangan paus. Ning njero wetenge paus, Nabi Yunus akhire sadar yen dheweke salah lan njaluk sepura tenanan ning Gusti Allah. Kisah iki bisa kita tiru supaya nalika ngadepi musibah utawa masalah ing donya ora oleh putus asa. Ayo padha percaya karo pitulunge Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "839", "text": "Sopo sing ngomong yen awak dhewe pengen awak sing sehat awak dhewe kudu tuku alat olahraga sing larang. Awak dhewe ora butuh alat olahraga sing larang, malah awak dhewe iso dadi sehat tanpa ngetoke duwit blas. Yen ora nganggo alat, awak dhewe iso nganggo bobot awak kanggo olahraga. Olahraga jenis iki malah ora ribet. Awak dhewe iso ngelakoke kui neng endi wae lan kapan wae. Olahraga sing ngaggo bobot awak kui koyo plank, sit up, push up, lan sak jenise. Pancen iki efeke ora semaksimal yen awak dhewe nganggo alat, nanging iki isih luwih apik timabange awak dhewe dadi ora tau gerak blas.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7737", "text": "Pull up bar iku alat fitness sing nduwe kegunaan utama gawe latihan pull up dan isok dilakoni nang omah. Biasane pull up bar iki bahane teko wesi utowo baja terus dipasang nang bingkai pintu kayu ukuran 62 sampe 85 cm. Gawe pemula sing pingin nyoba nganggo pull up bar, tutono cara iki. Siji, pastikno lengenmu iku cukup kuat. Loro, pemanasan disik. Telu. cekelono bar e pull up dengan posisi telapak tangan madep ngarep. Papat, dariken awakmu menduwur sampe posisi dagu onok nang duwure bar. Paling awakmu bakal keroso tegang banget, tapi tetep tarik menduwur nganggo bantuan otot geger karo bisep. Limo, duno awakmu sampe posisi tangan terentang penuh. Balenono terus sampe tuwuk.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "834", "text": "Joe Rogen tau ngekei saran sing kontroversial kanggo cabang olahraga MMA utowo bela diri campuran. Dheweke duwe pendapat yen kudu pertandingan neng oktagon kui ora perlu nganggo sarung tinju. Yen krungu sekilas, pernyataane iki koyo ora masuk, nanging dheweke duwe alasen sing iso dilogika. Dheweke ngeroso yen nganggo sarung tinju kui petarung neng kono iso sak senenge mukul neng bagian sirah. Mergo diroso aman, wong iso molo neng rai mungsuhe berkali-kali. Padahal, senadyan wis nganggo sarung tinju, wong kui bakal tetep bonyok. Dadine, dheweke duwe pendapat ngono. Petarunge ora perlu nganggo sarung nanging ngangtemi bagian rai kui diwatesi. Alasan liyone, ben pertandingan kui cepet rampung. Menurut dheweke, semakin suwe petarung ono neng oktagen, dheweke bakal nrimo luwih akeh cidra lan bekas memar.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2421", "text": "Rong ulan wingi pas aku dolan nang Malang, aku mampir nang salah sijine panggonan wisata sing terkenal nag media sosial yaiku Desa Jodipan. Kampung iki asline yo biasa wae nag menurutku cumak sing garai unik yaiku warna-warni ne sing mencolok mangkane dadi terkenal. Terus kampung iki yo wes tau mlebu film nag TV barang sing dibintangi ambek Bayu Skak, terus judul filme \"Yo Wes Ben\". Kampung iki yo terkenal ambek aran kampung pelangi soale warnai bangunan sing pernak-pernik. Terus nang pengen dolan mrene yo gampang soale ora ado ambek alun-alun kota malang terus akses kendaraane yo gampang akeh angkot sing lewat kono. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3272", "text": "Robot yaiku alat sing teko elektronik sing dilakokno kanggo ngalakoni penggawean, mboh iki kanggo seneng-seneng utowo ngewangi menungso nyambut gawe. Nah saiki robot iku macem-macem bentuke, ono sing koyok menungso ono sing rupo koyok traktor ambek sing koyok montor. Nah wingi pas aku mlaku-mlaku nang salah sijine mol kota Phalawan iki ono salah sijine tok sing gunakno robot nag jipik-jipik barang. Robate iku bentuke koyo troli ngunu ambek ono tangane loro. Nah tangane maeng iku sing di gawe jipik-jipik barang, terus sing ono koyok bake maeng iku di gawe ngadahi barang sing wes dijipik. Mari ngunu glindinge iku sing digawe koyok siki sing mlaku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "89", "text": "Awale aku ora seneng mangan terong kecuali terong sing digoreng tepung. Aku ora seneng terong mergo teksture sing lembek banget senadyan nek didelok ketok atos. Aku lagi wingi-wingi iki dadi seneng terong mergo mangan semur terong gaweanku. Jebul, terong kui ora sekadar enak tapi ono manfaate. Terong kui iso ngebantu ngedalike gula darah. Amargoduwe akeh serat lan rendah korbohidrat larut, sayuran sing werno ungu kui iso ngatur kadar gula darah lan penyerapan gulo neng jero awak. Sayuran iki uga iso ngewangi usaha kanggo mudunke bobot awak. Terong kui duwe kalori sing rendah lan duwe kandungan banyu sing duwur dadi cocok kanggo menu diet.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10052", "text": "Nalika sampeyan rawuh wonten Medan, Sumatra Utara, ampun kesupen nyicipi daharan ingkang asmanipun Bihun Bebek Kumango. Warung dahar bihun bebek menika sampun langkung saking 50 taun sadeyan bihun bebek. Kuah bihun didamel saking kaldu tosan bebek kaliyan ayam ingkang dicampur. Bihun bebek kasebat dicaosi asma Kumango amargi panggenanipun wonten margi Kumango nomer 15. Jam bikak warung bihun bebek Kumango inggih punika saking jam 7 enjang ngantos 12 siang. Sanesipun bihun bebek, warung punika uga nyade bihun ayam. Satunggal porsi bihun wonten isian daging bebek utawi ayam, loncang, sledri, kaliyan sawi ijem. Raosipun bihun gurih lan lembut. Sambel lan acar lombok disedhiyakaken wonten meja nambah sedepe bihun.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10069", "text": "Unjukan tradisional Indonesia kathah jinisipun. Saben daerah gadhah racikan unjukan ingkang benten. Mangsa rendheng kados sakmenika pas menawi kita damel unjukan ingkang anget. Bandrek saged dados salah satunggaling unjukan kangge damel badan kraos anget. Bahan ingkang dibetahaken kangge damel bandrek inggih punika toya, jahe, gendhis abrit, gendhis pasir, kayu manis, cengkeh, godhong pandan, kaliyan uyah sakedhik. Bakar jahe ngantos werninipun semu soklat. Menawi sampun kados mekaten, geprek terus kupas jahe menika. Godhog toya ingkang wonten panci. Tambahkaken cengkeh, kayu manis, gendhis abrit ingkang sampun diiris, gendhis pasir, kaliyan godhong pandan. Masak racikan menika ngantos umep kangge api alit. Saring, terus tambahaken uyah sakedhik mawon. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4087", "text": "Sing garai gaya uripe wong deso saiki ora karoan yo polahe wes ono campuran ambek tabrakan gayae wong kota sing mlebu nang deso, contohne wong sing nang deso lungo nang kota akhire gaya uripe ketularan wong kota terus pas muleh mesti gayae iku nulari wong-wong sing parek ambek wong sing lungo iku maeng, terus perkoro iku wes ora dadi perkoro sing arang maneh tapi iku wes gelek kedaden nang endi-endi mergone roto-roto wong deso iku pengen budal nang kota kanggo ngadu nasib ben iso noto ekonomine sing nang deso. Masio taruhane wong sing urip nang kota iku gedene megilan, nag ora sukses yo bakal loro, perkoro iku wes umum nang endi-endi.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "851", "text": "Pas aku lagi dolan neng panggone budheku, aku delok bocah-bocah dolanan bal neng ngarep omah. Delok kui aku mesam-mesam dhewe. Ora keroso aku iki wis gedhe. Soale biyen, aku lan konco-koncoku sing dolan neng kono. Aku karo 5 koncoku liyane kerep dolanan bal sak ben dino Sebtu sore. Pas kui, sekolah preine mung minggu tok. Dadi awak dhewe lagi sempet ketemu yo pas dino Sebtu kui. Awak dhewe main biasane mulai seko ngashar tekan arep maghrib. Disik awak dhewe ora mung dolan dhewe tok, awak dhewe tekan nantang cah-cah kampung neng buri. Awak dhewe sak jane biasa wae sih kemampuan bal-balane, ning seneng wae awak dhewe iso tanding karo cah-cah sing liya.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "886", "text": "Manfaat sing paling penting seko olahraga menurutku latian napas. Napas kui iso dilatih nganggo cara awak dhewe renang. Pas awak dhewe renang kui, awak dhewe otomatis latian napas. Gelem ora gelem awak dhewe kudu ngatur napas kapan kudu dibuang, kapan ditahan, lan kapan ditarike. Yen renang kui dianggep keangelan, awak dhewe iso latian napas liwat olahraga mlaku. Carane kui tentuke kecepatan sing nyaman kanggo awak dhewe, ora sing terlalu cepat nanging ora oleh uga kealonen. Terus, awak dhewe iso atur napas sesuai kecepatan mlakune awak dhewe. Mungkin, pas awal-awal pola napas awak dhewe ora teratur. Kui ora masalah. Yen wis ngeroso polane rusak, awak dhewe benake meneh. Awak dhewe bola-baleni proses iki kanthi awak dhewe ora kudu mikir pas arep ngatur pola napase.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "421", "text": "Critone liyane sing tak iling seko kitab sucine wong muslim kui critone Nabi Ibrahim. Sing tak iling seko Nabi Ibrahim kui sing pertama, dhewe nabi sing duwe pitakonan sopo sebenere Tuhan kui. Dheweke merenung mungkin wae tuhan kui srengenge sing menyinari pas awan, nanging pas bengi srengenge kui ilang. Pas bengi kui delok wulan. Mungkin tuhane dhewe kui wulan, nanging pas awan wulan kui ora ono. Tekan Nabi Ibrahim sadar yen tuhan kui kudune ono setiap saat. Tuhan kui sing duwe kabeh neng donyo kui, termasuk srengnge lan wulan kui. Akhire, medun wahyu seko Allah sing ngandani yen Allah kui Tuhan kanggo Nabi Ibrahim lan kabeh menungso.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6967", "text": "Sopo wae isok dadi food vlogger, termasuk awak dewe. Tujuane dadi food vlogger iku gawe nyicipi panganan teko siji restoran dan engkok bakal dikomentari apik eleke. Nek panganane enak, bakal dipromosikno cek akeh uwong gelem marani restoran iku. Biasane ulasan iku ketok meyakinkan nek foto panganane iku menarik. Onok beberapa hal sing kudu digatekno pas ngefoto panganan cek isok menarik. Pertama, pencahayaan iku penting cek bentuk sampe wernone panganan iku ketok kabeh nang kamera. Dadi nggolek o sudut sing pencahayaane apik. Kedua, angle kamera yo nentukno banget. Isok teko duwur, samping, sejajar, utowo teko ngisor. Bedo jenis panganan, bedo sisan cara motone.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9778", "text": "Kanca-kanca apa tau weruh jejogedan kang medeni ananging wangune kelewat? Nah, ing Jawa Timur kususe ing Ponorogo ana jejogedan kang medeni nanging yen wong nonton isa gumun banget. Reog Ponorogo, jejogedan kang ngginakake barongan gedhe kang awujud sirah macan lan diubengi wulu merak. Ora mung kuwi, ana penari wadon, ana penari kang ngenggo jaranan, lan uga ana penari kang ngenggo topeng. Nonton Reog padha wae kaya nonton tari kolosal gedhe amarga saking akehe wong sing njoget lan ngiringi. Tarian kang memper kaya tari barong Bali iki wajib didelok hukume paling ora pisan, ing wanci gesang. Kena ngapa? Amarga jejogedan iki pancen apik tur nggumunake. Ayo kanca, yen ana Reog gek ndang dho didelok.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4677", "text": "Tampah utawa tempeh kuwi salah sawijining alat masak sing digawe saka anyaman pring lan akeh manfaate, salah sijine kanggo ngresiki beras utawa kegiyatane diarani \"nampi\". Tampah iki macem-macem ukurane lan bisa ditemokake ning ndi wae. Cara nampi beras yaiku beras sing wis resik saka kulit gabah diayak kanthi bisa dipisahake gabah sing sisa ning beras. Bar kuwi, kulit ari lan gabah kuwi bakal kepisah lan ceblok ning isor. Tampah iki uga bisa dimanfaatke kanggo wadah bahan panganan, pakan kewan, sayuran, lan liyan-liyane. Yen arep dinggo gawe wadah, uga bisa dilemeki godhong gedhang ben resik. Tampah sing wis dilemeki iki bisa dadi wadah macem-macem panganan kaya sega tumpeng lan jajanan pasar. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5427", "text": "Greysia Polii wis dadi atlet sing sukses lan dadi senior sing paling dihormati karo para junior ning Pelatnas. Karir bulu tangkise saya suwe uga saya apik lan terakhir bisa menangke olimpiade bareng Apriani Rahayu. Greysia iki wis main bulu tangkis wiwit umur 5 taun lan mesti ana munggah mudhune. Cara sing dilakoni Greysia Polii iki yaiku tangi isuk, pemanasan banjur latian bulu tangkis sak durunge budhal sekolah. Sing paling penting yaiku kudu konsisten lan ora oleh males-malesan. Banjur Greysia iki uga nggatekake babagan gizi amarga gizi kuwi penting kanggo kelangsungan lan ketahanan fisik ben ora gampang lara lan ben awake tetep kejaga senajan melu latian abot.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5159", "text": "Perkara oleh-oleh iki dadi babagan sing penting kanggo nambah jumlah wisatawan ning sawijining panggon. Kadang oleh-oleh iki bisa digawe saka dukungan UMKM lan pemerintah. Nanging kadang uga promosine kurang amarga kemasane sing kurang menarik utawa kurang dana lan dukungan saka pengembang. Salah siji kasuse yaiku oleh-oleh saka wisata makam Bung Karno ning Blitar. Ning sekitar objek wisata iki akeh wong kang dodol oleh-oleh, nanging kualitas oleh-olehe iki kurang apik kaya kaos sing bahane panas, dolanan sing gampang rusak, utawa panganan sing enak nanging kurang promosi. Kamangka kuwi, generasi enom iki kudu obah ngeweneni pelatihan kaya pemasaran lan desain ben luwih berkembang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2879", "text": "Tarian mayang madu iku yo asline teko daerah lamongan tepake nag daerah Drajat. Tarian iki asline ngisahno nyiar agama islam sing ono nang daerah iku. Syiar agama islam nag kono iku disebarno karo Sunan Drajat sing termasuk wali songo. Tapi tarian iku saiki wes arang sing ngerti soale ancene meh ora tau ditampilno kanggo ngenalno nang generasi enom ben podo ngerti. Jane pengelola kono iku kudu meloki anjurane pemerintah pusat sing kudu ngelestarikno kesenian utowo tarian daerah sing dadi ciri khas utowo budaya daerah lamongan. Tapi kenyataane kebudayaan iku tambah meh ilang soale pemerintah kurang kreative nangani masalah iki. Akhire generasi enom sing saiku ora podo ngerti kebudayaan opo wae sing ono nang daerah iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5421", "text": "Adhiku lagi demen banget artis Korea arane Sunghoon. Sunghoon iki salah siji anggota grup nyanyi saka Korea jenenge Enhypen. Sak liyane nyanyi lan nari, jebul Sunghoon iki salah siji artis sing dasare saka atlet ski es. Sunghoon iki tau dadi atlet nasional lan lomba kanthi ngewakili Korea ning olimpiade manca negara. Nanging, Sunghoon iki ngerasa yen dunia atlet kuwi monoton. Sunghoon mutusake dadi penyanyi. Pertimbangane saka karir atlet ning Korea iki sepira njanjekake banget kaya dadi artis utawa penyanyi. Komite olahraga ora ndukung. Kamangka perjuangan marang perjuangan mimpine lan kebiasaan Sunghoon sing disiplin kuwi, adhiku dadi seneng banget karo Sunghoon. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7039", "text": "Gawe awakmu para bagpacker sing butuh penginapan murah, gak usah repot nggolek maneh. Saiki onok sing jenenge hotel kapsul. Hotel kapsul wes akeh banget jenise nang pusat perkotaan. Bentuk hotel kapsul iku temenan koyok kapsul ngono, cilik dan roto-roto mek isok diisi wong siji sak ruangan. Ruangane ancen cilik, tapi fasilitase lumayan lengkap kok. Mulai teko AC, TV, colokan USB gawe ngecas HP, sampe handuk dan gratis banyu putih. Jedhinge onok nang njobo dan wes dipisah antara jedhig lanang ambek jedhing wedok. Mbasio ngono, jedhinge lumayan resik kok untuk ukuran jedhing umum. Wes ngono regane murah, mulai teko 60 ewu ae rek. Nek bingung nggolek penginapan, solusine hotel kapsul.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2468", "text": "Kegiatan preian ambek konco utow kelarga iku pentinge pol soale iso bangun kebahagian sing ora ketok ambek kenilai. Polahe perkaro sepele maeng iso bangun roso sing bakal tetep ono sak lawase masio wes ora kepetok maneh. Nag jarene bocah enom, masio wes ora petok tapi tau preian bareng terus dolan bareng ambek dadi bolo, bakal ora ngiro kelalen masio wes ora bakal kepetok maneh. Preian ambek keluarga utowo konco iku macem-macem ono sing ngarani dolan sing adoh nang panggonan sing enak terus mangan bareng ambek cangkrukan bareng, terus cerito-cerito bareng ambek keluh kesah polahe urip barang yo ono sing model koyok ngunuku iku. Tapi preian bareng iku ancene nyenengno soale iso bangun roso sanbung nang ati dadi wak dewek koyok ora urip ijen. Mangkane budalo preian bareng ambek keluarga utowo koncomu ben awakmu ngerasakno urip.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8124", "text": "Onok akeh pol jenis usaha sing isok dibuka nang omah iku. Tapi didelok maneh, usaha opo sing bakal cocok nek buka e nang omah dewe. Nek misal awakmu urip nang tengah perkotaan gede sing ruame, awakmu isok nyoba buka jasa laundry. Masyarakat sing urip nang perkotaan gede iku biasane prioritas uripe mek digawe kerjo nang Kantor. Nek gawe ngurusi keperluan liyane, mereka iki pasti bakal nyewo jasa sing berkaitan. Salah sijine iku mereka nang panggon jasa laundry gawe ngumbah klambine soale gak nduwe wektu gawe ngumbah dewe. Nek wes ngono, buka jasa laundry iku jelas akeh pol untunge gawe awakmu, dan isok nguntungno pelanggane sisan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1717", "text": "Tabungan pendidikan kui mirip-mirip koyo tabungan kanggo kahanan darurat. Podo-podo ketok ora penting lan iso ditunda, nanging sebenere ora ngono. Rong jenis tabungan kui kudu dicepake sak durunge bener-bener dibutuhke. Ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke kanggo nabung kanggo pendidikan anake dhewe. Sing kesiji, awak dhewe iso kiro-kiro anak kui arep di sekolahke neng endi. Sekolah negeri lan sekolah swasta kui bedo regone, lan yen arep sekolah neng luar negeri biayane uga kudu ditambah. Sing keloro, awak dhewe uga kudu ngitung penguluaran liyane sing menunjang pendidikan anak, koyo les misale. Sing ketelu, awak dhewe iso ngereng-reng piro biaya sing dibutuhku supoyo iso ngelakoke kui kabeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2714", "text": "Tokoh-tokoh keagamaan iku pirang-pirang nang negoro iki soale negoro iki duwe agama sak pirang-pirang utowo ora mok siji agama sing diakui. Lah Tokoh agama iku saiki akeh sing butuhno soale akeh wong butuh. Tapi kadang akeh wong sing salah pilih tokoh agama akhire kesasar. Jarene koncoku sing saiki ngulang nang salah sijine nang kampus islam nag pasuruan, Toko agama iki kudu duwe sanat sing ilmune temenan sing sumbere teko kitab suci. Ora kok angger ngerti agama terus pinter iso dianggep tokoh agama. Jaman saiki akeh wong sing ngaku pinter agama terus langsung dianggep tokoh agama tanpo ngerti wong iku ngerti agamane sampek endi.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "24", "text": "Sego goreng kui manganan sing paling gampang digawe. Ora mesti koki, kabeh wong iso gawe masakan iki. Saking akehe sing iso masak, kabeh daerah ning donyo iki duwe gayane dewe-dewe. Ono sing roso Jowo banget dadi cita rasane legi, ono sing akeh rempahe koyo masakan India, ono sing rasane koyo panganan Cino. Aku dhewe luwih seneng sego goreng gaya masakan Cino. Bahan sing ora ono neng sego goreng liyone kui, saos tiram, minyak wijen, lan kecap iwak. Bahan-bahan mau nambah rasa gurih sing biasane ono restoran cino. Telung bahan iki arang dienggo karo bakul-bakul kaki lima sing dodol neng cerak omahmu, terutama sing tinggal neng daerah Jowo. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "576", "text": "Sak durunge awak dhewe ngelakoke aktivitas fisik kui luwih apik yen pemanasan disik. Sak durunge, tari tarian aceh uga ora terkecuali. Intine, pemanasan kui poso. Awak dhewe kudu ngerenggang otot sekok leher, tanagan, tekan sikil. Peregangan kui uga kudu dirasake supoyo awak dhewe ngerti wates kelenturan seko otote awak dhewe. Kabeh bagian kui dienggo neng tarian lingguh asal Aceh, koyo saman lan ratoeh jaroe. Nanging sing paling penting kui, otot tangan. Mergo jogede kui linggu, akeh gerakan sing ngandele gerakan tangan. Nanging sing kerep dilalike kui, pemasan kanggo pergelangan tangan. Neng tarian iki pergelangan tangan bakal akeh gerakan sing mubeng-mubeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10175", "text": "Madosi hotel ingkang wonten bonbinipun? Wonten Bali wonten hotel ingkang ngusung konsep kados taman safari, inggih menika Mara River Safari Lodge. Menawi nginep wonten mriku, sampeyan bakal ngraosaken suasana wonten tengah alas. Saben kamar wonten Mara River Safari Lodge gadhah cendhela ingkang ngarah wonten taman. Taman menika isinipun badak pethak, zebra lan kidang ingkang saged dipirsani saking cerak. Hotel menika nyedhiakaken telung puluh wolu kamar. Dados, boten sah sumelang plesir bareng kulawarga wonten Mara River Safari Lodge. Sanesipun mirsani kewan, wonten ugi tontonan sanes ingkang disedhiyakaken, kados tontonan edukasi lan tontonan kabudayan. Menawi bosen nonton, wonten panggonan kangge dolanan toya.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1780", "text": "Aku tau nginep neng salah siji deso neng Boyolali. Pas kui lagi ono Festival Tungguk Tembakau neng kono. Kanggo wong-wong sing gelem melu acara neng kono, awak dhewe dioleh turu neng omah warga. Senadyan, omahe sederna, aku seneng tinggal neng kono. Wong sing duwe omah sing tak inepi kui apikan. Sak ben isuk, aku disuguhi teh karo rebusan telo. Bapake sing duwe omah kui uga seneng ngobrol. Aku seneng ngerungoke bapake ngomong perkoro opo wae, babagan gaweane sebagai petani, keluargane, lam mimpi-mimpine. Sing marake aku betah ora mung festivale sing menarik, nanging wong-wong sing ono neng kono uga podo ramah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7787", "text": "Tolak peluru iku salah siji olahraga sing tujuane gawe nguncalno bal sing terbuat teko logam sampe uadoh. Tolak peluru iki melbune nang cabang olahraga atletik lempar. Tolak peluru iki nduwe pirang manfaat gawe awak. Siji, ningkatno kekuatan otot lengen. Loro, ngelatih keseimbangan awak. Telu, mbangun massa otot. Terakhir, ngeduno stres. Cara dolen tolak peluru iku siji, posisi awak kudu tegak disik. Loro, dekek bal peluru ndek pangkal gulu nganggo siji tangan sing paling dominan. Telu, posisikno awak rodok miring nang arah titik tolakan, terus condongno awak nang samping tengen ngisor, barengan ambek posisi lutut tengen rodok ditekuk. Papat, nek wes bersiap nguncal peluru, geser sikil tengen nang posisi pijakan sikil kiwo, terus sikil kiwo geser mengarep. Terakhir, mbari posisi wes siap, puter awakmu madep titik tolakan terus uncalen peluru sekuat tenaga.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8670", "text": "Semenjak onok pandemi, tak gatekno kabeh ibu-ibu iku mulai rajin gawe berkebun, termasuk mamaku sisan. Nek ibu-ibu iku biasane nanemi tanduran hias, nek mama iku nanduri sayur. Pas awal-awal, mama rajin pol gawe ngeramut tanduran iku kabeh. Nek saiki seh sek tetep rajin, cuma gak serajin pas mben. Sing lucu iku, mamaku seneng nandur, tapi jijik ambek benalu utowo kewan liyane sing nemplek nang tanduran iku mau. Pokoke ben onok benalu nang sekitar tanduran, mama pasti nyeluk aku gawe njupuki benalu iku mau. Mulai teko benalu, rumput liar, jamur, cacing, ulet, kabeh aku sing ngeresikno. Ancene ndagel kok mamaku iki.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9250", "text": "Elizh saben dina tuku kripik tempe. Cemilan khas Malang iki pancen dadi cemilan sing misuwur banget kususe ana ing Jawa Timur. Keripik tempe sing dituku Elizh bakalan langsung dipangan ana ing omah. Elizh seneng keripik tempe sing rasa original lan pedes. Biyasane, Elizh tuku keripik tempe ana ing pasar utawa toko gegawan khas Jawa Timur. Regane keripik tempe ya ora larang banget. Sak bungkuse bisa mung 15 ewu. Ana ing toko gegawan, Elizh biyasane mborong keripik tempe nganti 10 bungkus kanggo dipangan bareng-bareng ning omah. Lek wis mari mangan keripik tempe, Elizh biyasane bakalan ngombe banyu putih sing akeh supaya ora seret. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1799", "text": "Sak yogyane, awak dhewe kudu ngajari anak-anake dhewe numpak kendaraan umum. Kui akeh manfaate. Kanggo dheweke dhewe, anak dadi iso luwih mandiri. Dheweke ora butuh wong liyo kanggo ngeterke yen arep neng endi-endi. Yen dheweke wis terbiasa numpak kendaraan umum, kondisi lingkungane dhewe uga iso luwih apik. Mungkin wae, pas jamane anake wis gedhe ora semacet koyo saiki. Lingukangan alame dhewe uga iso selamet. Mergo wis ora akeh wong-wong sing nganggo kendaraan pribadi meneh. Senadyan, rong manfaat kui durung iso dirasake dampake kanthi cepet. Nanging, awak dhewe tetep kudu jajal ngajari anak supoyo gelem numpak kendaraan umum. Saiki awak dhewe ora perlu kawatir, mergo kahanan neng kendaraan umum saiki wis luwih aman.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2847", "text": "Kabeh wong nang Indonesia mesti ngerti sing jenege Suku Madura. Suku iki duwe senjata dratisional sing jenenge Clurit. Lah senjata iki yo wes terkenal nang end-endi. Lah Celurit iku opo? iku termasuk salah sijine senjata tradisionale wong Madura sing teko wesi ambek danganane sing teko kayu. Terus clurit iku yo duwe slodong sing teko kulit sapi. Clurit iku ora mok angger ngunuku tok tapi yo duwe macem-macem bentuk kare kebutuhan wong kono. Tapi sing paling disenengi wong Madura yaiku sing jenenge Celurit Takabuan. Celurit iki asline teko Madura kulon. Landepe celurit iki wes ora kenek digawe dolanan soale digawe teko baja ambek wesi sing kualitasi apike megilan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9258", "text": "Ngomongke bab nyamikan, wis mesthi meh kabeh wong seneng nyamikan sing simpel, praktis, tur rasane enak. Cireng utawa aci digoreng klebu salah siji nyamikan sing rada dakendhani. Udu merga rasane sing ora enak, nanging lenga kang kandhut ing sajerone panganan mau sing marai aku ora patio kerep mangan cireng. Wis bahan dhasare seka tepung, lan cara pengolahane digoreng, kuwi wae kudune bisa gawe wong mangerti yen nyamikan cireng dudu kalebu panganan sehat. Sakjane ora masalah seneng karo nyamikam cireng, nanging aja kerep-kerep anggone mangan, supaya lenga ing awak bisa tansah kajaga. Ayo padha pinter anggone milih nyamikan supaya awak tansah bregas waras.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5424", "text": "Ning korea, akeh atlet sing metu saka bidang profesional kamangka urip dadi atlet ning Korea iki abot banget secara karir. Salah sijine yaiku Kim Yohan. Yohan iki atlet taekwondo enom peringkat siji ning umure. Yohan metu saka profesine amarga dikongkon milih salah siji yaiku taekwondo utawa dadi penyanyi. Nanging, Yohan ngerasa yen ora bisa lunga saka taekwondo iki, kamangka kuwi Yohan iki uga mbalik dadi pelatih taekwondo. Kasus Yohan iki dadi salah siji bukti yen atlet kuwi bisa dadi conto atlet kuwi ora bisa sembarangan metu lan ngabdi marang bidang liyane. Mesti ana naluri sing kudu melu diasah ben kemampuan kuwi ora ilang. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3269", "text": "Perkemabangan barang elektronik ancene bantere pol koyok balapan, opo maneh nang gone laptop. Nang laptop saiki wes ora gawe HDD maneh tapi mulai ngaleh nggawe SSD sing oleh nyimpen ambek moco data bantere pol. Terus pabrik-pabrik laptop sing gede-gede yo ngunu wes nyaranno kon gawe SSD polahe kualitas bantere data maeng wes luweh banter timbang HDD. Saking apiki oleh moco data maeng sampek pabrik gede-gede ambek sing berkelas dadekno aturan nag laptop sing diproduksi maeng kudu gawe SSD. Mangkane wingi koncoku moro-moro ngejak aku golek SSD sing regane rodok mereng ben laptope iso banter soale gone deke ancene isek gawe HDD.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4707", "text": "Pariwisata alam sing paling terkenal ning Jawa Timur salah sijine Ranu Kumbolo, ing komplek pendakian semeru. Pariwisata iki rame amarga akeh pendaki sing mampir ning panggon iki kanggo njupuk banyu saka tlogo sing resik. Nanging, ana aturan sing ora oleh dilanggar karo para pendaki, yaiku ora oleh mbuwang sampah lan cairan ning Ranu Kumbolo amarga Ranu Kumbolo iki sumber banyu kanggo sawah-sawah ning wilayah Semeru. Kaping pindho, amarga lingkungane isih asri lan akeh satwa sing manggoni, ora oleh nyekel utawa mancing ning Ranu Kumbolo amarga bisa ngerusak ekosisteme. Lan kaping telu, ora oleh nglangi amarga keamanane Ranu Kumbolo ora terjamin kaya pemandian umum.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6667", "text": "Mahasiswa kuwi sering ngalami stres amarga beban kuliah sing ana lan uga bisa marai prestasi kuwi mudhun. Akehe beban mata kuliah lan uga kegiatan sing ngentekake wektu kuwi bisa marai mahasiswa ngerasa ora nyaman. Nanging mahasiswa iki bisa ngilangi stres saka melu kegiatan sing luwih bermanfaat kaya relawan lan uga organisasi seni sing ana ning jaba kampus. Oraganisasi lan relawan iki marai mahasiswa ketemu karo wong sing nduweni pemikiran sing padha kamangka bisa luwih bebas ngobrol lan ngetokake ekspresi sing manika werna. Mahasiswa iki uga bisa lunga nonton panggung kesenian lan uga nonton film ning festival ben bisa nyegerake mata lan pikiran. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "877", "text": "Neng olahraga opo wae, salah siji sebab wong iso ciloko kui mergo ora fokus. Dheweke mikire sing liyo senadyan awake lagi tanding neng lapangan. Iso wae lawane kui sing teledor. Nanging, yen wong kui iso fokus lan ngebayangke pergerakan musuhe, dheweke bakal iso ngendari kacilakaan. Supoyo, wong iso fokus neng pertandingan ono beberapa perkoro sing kudu digateke. Sing kesiji, wong kui kudu mastike yen dheweke tanding neng kondisi sing siap. Sing kesiji, adoh-adoh sak durunge dino pertandingane, dheweke kudu wis akeh latian. Latian kui funsine ben awake atlet kui iso gerak otomatis lan fokuse iso kanggo gateke pergerakan lawan sing ora biasane. Sing keloro, dheweke ora ngeroso kekeselan lan ora lara utowo cidra opo-opo. Sing ketelu, dheweke kalem sak durunge pertandingan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6905", "text": "Tau mikir gak sih, opo’o wong sing diet iku seringe disarano mangan putihe ndhog? Dadakno putihe ndhog iku kalori ambek lemake jauh luwe sitik timbang ndhog utuhan utowo kuninge ndhog. Terus kandungan proteine yo lumayan duwur rek, dadi ancen cocok gawe wong sing pingin ngeduno berat badan. Lho opo hubungane? Dadi panganan sing tinggi protein iku isok marai weteng wareg luwe suwe, dadi gak marai gatel pengen nyemil ae. Terus putihe ndhog iku gampang banget digoleke, terus regone yo murah. Isok tuku nang pasar, sing mentahan 1 kg ne mek 15 ewuan. Dadi gak onok alesan nek panganan diet iku regane larang terus angel digoleke.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2730", "text": "Biyen pas isek cilik gelek diwei cerito sak bendinone sing ono hubungane karo masalah agama, Salah sijine cerito iku nyeritakno ono salah sijine santri sing pintere megilan. pas iku santri maeng pengen ngamalno dalil sing diwacakno karo kiyaine sing intine \"pengeran iku seneng karo wong sing sabar\". Mari ngunu dalil iku diprektekno karo santri maeng pas deke ate kenek ukuman pas mlebu kelas kari 30 menit. Sak durunge diukum santri maeng langsung moco dalil iku maeng nag ngare ustad'e \"Ustad, pengeran niku seneng kale tiang engkang sabar\" mari moco dalil iku maeng, ustad'e langsung ngongkon lunggoh. Dlalah tibak'e dalil uku maeng mandi temenan. Mari ngunu dino esok maneh santri maeng telat maneh tapi langsung di disiki karo ustad'e \" Le, pengeran iku seneng karo wong sing sabar, dadi sabaro nak kenek ukuman yo?\". Bar ngunu bocah sak kelar langsung guyu kabeh. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "81", "text": "Aku ket cilik wis ora seneng sayuran sing ambune ora enak. Sayuran sing tak maksud kui pete karo jengkol. Jarene wong-wong, jenkol kui enak. Sak tenane aku pengen jajal sayuran kui, nanging isih wedi nek ambu pipise melu ora enak. Yen pete, aku ora ono kepikiran kanggo jajal tekan saiki. Amargo pas cilik, aku kerep digarapi bapakku. Bapakku seneng banget karo pete. Mangan opo wae ora mantap nek ora ono pete jarene. Sing marake mangkel, bapakku kui godani aku karo adiku. Bar mangan pete, bapaku ngabapi. Mulute mambu banget. Aku wis rodo lali ambune koyo piye. Nanging sing tak iling, ambune marai aku lan adiku arep mukok.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7817", "text": "Jaman saiki, hp iku akeh diduplikasi dan marakno akeh barang KW sing bertebaran ndek pasaran. Salah sijine iku hp iPhone KW. Sekilas pasti gak ketok bedane, tapi pas dinggo pasti keroso banget bedane. Onok cara gawe ndelok nek hp iPhone mu iku asli tak gak, yaiku ndelok onok ta gak nomor seri, IMEI/MEID, utowo ICCID e. Cara ngecek e iku pertama, buka ‘Pengaturan’ disik, terus buka bagian ‘Umum’, terus petek bagian ‘Mengenai’. Nang kono pasti langsung konangan nomor serine. Terus scroll mengisor gawe ndelok IMEI/MEID ambek ICCID ne. Koyok ngono mau carane ben eroh keaslian iPhone mu. Coba saiki cek en iPhone mu dewe dewe, asli ta gak.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1783", "text": "Aku kebayang pas wis tuwo, aku kepengen tinggal neng deso. Koyoke ngenteke wektu tuwo neng deso kui luwih penak timbangane neng kota. Ora koyo neng daerah kota, deso kui ketoke luwih tenang. Awak dhewe ora mesthi ngerungoke swara klakson neng deso. Awak dhewe uga ora bakal ngerosoke macet meneh neng deso. Neng kono dalane lowong lan koyoke ora ono sing kesusu mergo arep telat mlebu kantor. Sakliyane dalane sing lowong. Aku uga kepengen ngerasake urip karo wong-wong neng deso. Wong sing uripe sederhana lan wong sing ora egois mentingke kepentingane dhewe. Neng kono opo-opo dilakoke bareng-bareng. Pas ono hajatan opo ono lelayu, kabeh wong neng kono podo rewang neng omahe wong sing lagi butuhke. Ketoke nyaman banget yen iso urip neng deso.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2311", "text": "Mbak Rini iki paling seneng nek tak jak plesir nang Meduro. Nek nang Meduro Mbak Rini seneng numpak kapal feri trus balik'e senengane liwat Jembatan Suramadu. Nek budal nang Meduro numpak kapal, Mbak Rini ora rewel mergo akeh jajanan didol nang njero kapal. Mulai teko jajanan pasar, kopi, bakso yo ono. Nek Mbak Rini paling seneng tuku baksone mergo regane murah mok 10 ewu. Rasane yo enak pas nek dipangan ambek ngerasakno semilir angine selat Meduro. Nag pas tutuk teko Pelabuhan Kamal, Mbak Rini ora lali tuku panganan sing disenengi, yoiku siwil karo wedang kobu'. Siwil 5 ewu wes oleh akeh. Panganan teko pati karo tahu sing didang, diris -iris, trus disiram karo bumbu rujak petis Meduro. Rasane enak nageh'i soale mangan panganan sing onone mok nang Meduro iki. Mari nggunu diombeni wedang khobu', wedang teko rempah, degan, karo gulo jowo. Anget-anget enak, tapi sing disenengi ambek Mbak Rini sing adem dikek'i es, gulone sak itik ora patek legi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "878", "text": "Awak dhewe ora entuk meksake olahraga yen awak ngeroso wis ora kuat. Ora gampang nyerah kui pancen sifat sing kudu diduweni kabeh wong. Nanging, awak dhewe kudu gateke wates kemampuan awak. Awak dhewe kudu iling yen awak dhewe kui dudu atlet utowo pemain profesional. Dheweke kui wis latian terus sak panjang umure, yen dheweke meksake awake dhewe kui lumrah wae. Aku uga yakin yen dheweke kui isih ngerti wates. Yen awak dhewe mekso koyo ngongo, awak dhewe ora entuk opo-opo sing ono awak dhewe malah iso ciloko. Awak dhewe iso cidro otot utowo balunge patah. Mungkin uga, awak dhewe iso semaput. Sing paling parah, awak dhewe iso sedo mergo kekeselen kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2106", "text": "Visi sing apik kui penting supoyo bisnis iso maju. Bisnis sing ora duwe visi ora bakal berkembang lan bakal mandeg neng posisi kui wae. Ora nutup kemungkinan yen ora duwe visi, bisnis bakal iso bangkrut. Gawe visi kui sebenere gampang-gampang angel. Supoyo iso gawe visi sing apik, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing keiji, visi kui kudu ditulis kanggo boso sing cetho. Boso sing dienggo kui ora entuk sing angel supoyo iso dingerteni kabeh pegawe. Sing keloro, visi kui kudu ngegambarke cita-citane awak dhewe sebagai wong sing duwe bisnis. Sing ketelu, visi sing arep digawe kudu delok prospek bisnis neng masa depan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1729", "text": "Sak iso mungkin, awak dhewe ojo gawe nesu tonggone dhewe, ojo golek goro-goro. Nesu kui entuk-entuk wae. Nanging pas awak dhewe nesu kui, awak dhewe pastike ojo nganti berlebihan lan terlalu emosional. Yen ono sing salah karo tonggone dhewe, awak dhewe kudu ngandani. Dheweke kudu ngerti yen dheweke ngelakoke kesalahan, nanging carane ojo nganggo nesu. Nesu kui, saliyane opo sing awak dhewe andani dadi ora melebu, gawe tonggone dhewe lara ati. Yen tonggone dhewe wis tersinggung perkorone tambah suwe rampunge. Nesu kui dudu solusi seko perkoro opo wae. Supoyo awak dhewe iso urip karo tonggo-tonggo kanti nyaman, awak dhewe ora perlu nesu opo meneh sengojo golek goro-goro.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "116", "text": "Bubur ayam kui panganan sing kerep digoleki pas sarapan. Ning Kotabaru, Yogyakarta, ono warung bubur ayam sing ora koyo biasane. Bentuk mirip koyo kafe dadi luwih resik timbangane bakul-bakul sing dodol neng pinggir dalan kuwi. Jenenge Bubur Hayam. Warung kui ngedol bubur ayam biasa nanging nganggo penyajian restoran. Bubur Hayam ono sak jane ono teng tengah-tengah kota. Ora angel ditemuke nanging panggone kui ora pas neng pinggir dalan gede. Ancer-ancere kui pertelon pintu mlebu Rumah Sakit Bethesdha menggok kiwo. Kui gari ngikuti dalan, sak durunge ketemu belokan meneh, panggon Bubur Hayam kui ono neng tengen dalan. Yen seko arah UGM, neng prapatan Dalan Jendral Sudirman lurus wae. Sak wise kantor bulog ono menggokan ke kiwo. Bar ketemu pertelon belok kiwo meneh. Ora adoh seko ono Bubur Hayam ono neng kiwo dalan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10136", "text": "Gonggong iku jinis kerang ingkang bentukipun kados keong ingkang kalebet golongan siput laut. Kados olahan kerang sanesipun, gonggong biasanipun namung digodhog utawi ditumis ngangge bumbu-bumbu khusus. Kita saged dahar gonggong wonten Batam. Wonten mriku kathah sanget warung daharan laut ingkang sadeyan gonggong. Gonggong sampun dados salah sawijining daharan khas Batam sanesipun kerang tapis. Kerang tapis ukuran lan isinipun langkung ageng ketimbang gonggong. Wonten cangkangipun tapis wonten corak garis-garis.Tapis didahar kaliyan sambel saking lombok rawit. Menawi bosen dahar daharan laut ingkang digodhog, ing Batam wonten olahan iwak laut ingkang digoreng kaliyan glepung. Iwak ingkang dipunangge menika iwak bilis. Bilis kalebet jinisipun teri. Wonten Batam, bilis diolah dados camilan goreng ingkang asmanipun molen bilis.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8918", "text": "Aku iku sering banget ndelok kejuaraan olahraga teko akeh cabang. Mulai teko sepak bola amputasi, sampe angkat beban. Mereka gak mek asal berpartisipasi tok, tapi mereka sampe menangno juara umum. Sayange, berhubung cabang olahraga iku gak akeh diminati, dadi media yo gak ngelirik iku sisan. Padahal mereka iku wes ngeharumno jeneng e Indonesia lho, tapi aku suedih nek ndelok mereka gak entok apresiasi sing cukup teko warga negarane dewe. Wes angel angel bertanding, bondo duit dewe, tapi sek gak dilirik ae. Dadi gawe awak dewe nek eroh berita iku, ayo diramekno rek gawe bentuk apresiasi. Ojol berharap nang pemerintah, mereka mek fokus nang sepak bola tok soale.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2776", "text": "Kabeh wong sing sholat mesti kudu ngelakoni wudu. Nah saiki nag wong ora iso wudu yo kudu sinau. Jaman saiki sinau iku wes ora angel soale wes ono sing jenenge teknologi. Dadi belajar gerakane wudu iku wes ora angel koyok biyen soale kudu golek wong sing gelem ngulangi. Sing awitan gerakat wudu iku kudu ngeresiki tangan utowo epek-epeke tangan disek, mari ngunu lagek jipek banyu ambek tangan terus digawe kemu sampek peng telu, nag mari ngunu, lagek raup nganggo banyu ambek tangan maeng yo peng telu, nag wes mari raup lagek basuh tangan teko tangan tengen terus tangan kiwo, sak wise iku lagek basuh sirah sampek peng telu, terus basuh kuping tengen ambek kiwo akehe yo peng telu, terus, sing teakhir lagek basuh sikel karone.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3144", "text": "Olahraga ekskul acenen perlu kanggo bocah-bocah sing pengen olahraga. Sak liyane iku yo kenek kanggo goleki bakate bocah-bocah iku nang bidang olahraga sing endi, sing engko bakal iso dikembangno luweh jeru maneh. Tapi sak jane ekskul iku yo ora kudu diwajibno kanggo siswa utowo siswi sing sekolah nang kono soale engko nag kepekso mesti dadi ora apik. Palang bocah-bocah iku maeng dikongkon milih dewe olahraga endi sing disenenge. Terus nag wes milih lagek diwei aturan ambek kewajiban sing kudu dilakoni ambek kudu dituruti ben ora sak karepe dewe. Polahe nag ora ono aturan biasane bocah iku mesti ono bosene, nag wes bosen biasane iku ngilang.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "988", "text": "Awak dhewe mungkin tau kepikiran, yen arep tuku HP anyar luwih mending awak dhewe tuku ponsel pinter Andorid opo iPhone. Misale, awak dhewe duwe duwit, mending awak dhewe tuku iPhone. iPhone kui duwe performa sing konsisten. Andorid pancen duwe ponsel pinter sing podo performane utowo luwih apik seko iPhone. Nanging, masalahe seko Android kui perusahaan sing gawe HPne kui bedo-bedo. Kabeh perusahaan kui duwe pasare dhewe-dhewe, ono sing pasar ekonomi rendah ono sing duwur. Sing ekonomi rendah kui, bakal gawe sing HP murah sing duwe performasi sing biasa wae, malah iso dibilang elek. Yen awak dhewe tuku iPhone, kualitase kui mesthi kejogo lan dheweke duwe layanan pengaduan sing apik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2148", "text": "Saiki opo wae sing awak dhewe goleki utowo pengeni kui ono kabeh neng internet. Awak dhewe gari ngetik opo sing awak dhewe pengen tuku, barange kui langsung jedul. Sangking okehe, awak dhewe sing dodolan uga akeh. Sak ben bakul kui nawari kwalitas barang sing bedo-bedo. Barang sing elek tekan apik, kabeh iso awak dhewe temoke. Nanging mergo kui, aku dadi luwih seneng tuku langsung neng bakul fisike. Soale, neng kono aku iso ngerasake lan jajal barange langsung. Yen tuku neng internet, awak dhewe mung iso percoyo seko deskripsi sing ditulisi bakule. Masalahe, ora ono sing ngejamin yen opo sing ditulis kui opo onone lan ora diluwih-luwihke. Awak dhewe uga kudu percoyo karo gambar utowo foto sing dtiampilke.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9733", "text": "Kanggo Ulul sing penggaweane dadi guru, wis mesti kudu bisa nyritakna apa sing diduweni ing anak muride. Ulul pancen seneng crita apa wae. Dina iki Ulul crita babagan crita rara jonggrang. Ing ngarepe muride, dheweke nyirtakna babagan Roro Jonggrang sing njaluk gawekna sewu candi ning Badung Bandawasa. Nalika crita Ulul ketok tenanan banget. Wajahe ketok ngamuk nalika nyritakna BAdung Bandawasa, dheweke uga gawa properti kaya kayu kanggo meragakna nalika dayang-dayange Rara Jonggrang ngudek pari. Muride Ulul ya ketok seneng banget. Wajahe muride Ulul padha sumringah, padha guyu nalika ana bagian sing lucu, lan melu nggumun nalika ngerti yen crita Roro Jonggrang iki cikal bakale Candi Prambanan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4640", "text": "Gawe ngurangi rasa ngantuk, Bima pesen kopi ing salah sawijine kafe ing Jogja. Dekne pesen kopi sing diolah nganggo cara manual brew utawa digiling lan diseduh banyu panas langsung. Jare Bima, kopi sing diolah nganggo cara iki luwih enak, mula dekne luwih seneng kopi iki, salah sawijine menu sing disenengi kuwi kopi tubruk sing bubuk kopine digiling kasar. Rasa pahite luwih ketara lan Bima dadi isa ngerti lan mbedakake jenis kopi kaya kopi Aceh, Simalungun, Lampung, lan liyan-liyane. Bima paling seneng ngombe kopi karo maca buku lan ngerokok, jarene bisa oleh inspirasi lan oleh ide kanggo nggarap gawean lan nulis skripsi. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2719", "text": "K.H Hasyim Asy'ari termasuk salah sijini Tokoh Agama islam sing paling tekenal sak wise wali songo. Nah beliau yo duwe jasa utowo perang sing termasuk gedene pol kanggo kemerdekaane negoro iki. Terus, beliau ngajarno ben negoro iki tetep aman yaiku ambek kerukunan karo persatuan, terus sak liyane iku sing paling penting maneh yoiku ambek Ilmu. Saole karo ilmu wong iku maeng dadi ngerti endi sing apik ambek endi sing elek. Terus ambek ilmu sing teko iso kenek gawe bangun negoro karo ngerukuno umat beragama ambek golongan. Dadi generasi mudah iku dianjurno kanggo golek ilmu masio iku saitik tapi ilmu iku penting ben iso jogo negoro iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9360", "text": "Natal taun wingi, Marko lan kulawargane nyobak salah siji warung ning Yogyakarta. Warung iki jenenge geblek pari. Panggon warung geblek pari iki ana ing daerah Nanggulan, Kabupaten Kulonprogo. Marko kepengin mrene amarga warung iki ngadep langsung ning sawah saengga bakal adem lan silir-silir banget. Sawise Marko lan kulawargane tekan geblek pari, Marko kaget amarga saliyane panggone sing adem, silir-silir madep sawah, warung geblek pari duweni menu panganan lan omben-omben ndesa. Rega panganane uga murah banget. Marko njupuk pirang-pirang panganan kayata jangan lodeh lan ndog dadar. Sawise kui, Marko banjur nggolek panggon lungguh sing langsung ngadep sawah lan bisa ndelok langsung Bukit Menoreh sing diubengi karo sawah-sawah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5008", "text": "Kegiyatan rutin agama ning kampung yaiku salah sawijine kumpulan maca yasin bareng-bareng utawa yasinan. Sejatine, maca yasin bareng iki bisa dadi sarana kanggo ngeraketake seduluran kaya diba'an. Nanging apa sing diwaca bedha lan kadang uga tujuane ya bedha. Maca yasin iki identik karo pengajian rampung ana wong seda. Nanging, ning kampung-kampung saiki wis dadi salah siji kegiyatan rutin lan sarana sedekah kanggo jamaan saka tuan rumah amarga rampung yasinan mesti ana rapat bareng, uga biasane disambung acara RT kaya rapat utawa ibu-ibu sing ngomongake acara kampung. Kamangka kuwi, yen ning kampung ana yasinan, gek padha melu amarga manfaate ya akeh banget. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4000", "text": "Wingi koncoku sing nang kota pahlawan iku cerito deke ambek pacare iku ono masalah sing akhire pacare iku ngejak pedot. Pas tak takoi masalahe opo, deke ngomong nag masalahe deke iku arang bales pesane pacare mergane deke iku ewo polahe kerjo. Aku sing ngerti pengaweane deke ngertilah ancene ora oleh nyekel hp, dadi ora iso jawapi terus pesane pacare maeng. Nag alasan ngunu tok asline yo ora tepak mergane koncoku kerjo ancene gawe ngumpulno modal kanggo ngelamar pacare iku, nah saiki tambah jaluk pedot, yo tambah ngesakno. Tapi deke ancene kuat, terus akhire deke yo nerimo pacare ngejak pedot, masio deke isek rodok loro ati, tapi ora opo-opolah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7709", "text": "Onok salah siji dolanan sing mbiyen dadi senengane awak dewe kabeh pas cilik, yaiku hulahop. Hulahop iku bentuke koyok cincin sing isok diputer nang bagian weteng, pinggul, utowo gulu. Hulahop iki biasane ukurane gede. Diameter e iki sekitar 70 cm sampe onok sing sak meter. Dadakno dolanan jaman cilik iku dadi salah siji bentuk olahraga sing onok manfaate gawe awak. Salah sijine rutin dolen hulahop iku isok nyilikno karo ngencengno weteng lho rek. Soale kan awak dewe berusaha ngiteri hulahop iku nang wetenge awak dewe ben gak logor. Nah gerakan iku mau sing isok marakno weteng dari kuru terus singset. Dadi gawe awakmu sing pingin kuru, rutino dolen hulahop koyok pas mbiyen cilik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2862", "text": "Alat musik tradisional iku iso diarani alat musik sing asal utowo asline teko tradisi sing ono nang masyarakat utowo wong-wong sing ono nag daerah kono terus diwarisno teko generasi nang generasi. Lah terus perkembangan alat iku sampek saiki yo ora iso dikalahno ambek alat musik sing saiki berkembang nang era modern iki. Soale musik sing dihasilno mesti bedo. Nag musik tradisional biasane ngelambangno karakter ambek wong sing ono nang daerah kono, mboh iku teko lagune, tabohane, utowo suorone barang yo iso ae. Soale metue alat tradisional iku yo diawiti utowo digawe teko wong-wong sing nang adat utowo suku iku maeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6344", "text": "Kekancan ning umur anak-anak kuwi jarene luwih murni lan luwih tulus amarga ora nggatekake kasta lan uga ora nggatekake emosi sing ana ning urip saban dinane. Kamangka, kekancan sing cedhak wiwit cilik kuwi biyasane luwih awet kaya kekancan kaya tangga lan kanca sekolah. Kekancan ning umur sing wis diwasa kadhang malah marai ngelu amarga awak dhewe wis ngerti carane waspada lan wis paham milah lan milih kanca sing bener. Kanggo wong sing betah kekancan karo kanca cilike kuwi mesti isih ndelok kancane nganggo sudut pandang sing padha, nanging wong kuwi uga dinamis lan bisa berubah. Sing dibutuhake yaiku toleransi lan pangerten. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2851", "text": "Nag wong sing wes tau dolan nang kediri mesti ngerti oleh-oleh khas kediri. Lah ulan wingi pas aku ngeterno koncoku nang kediri, aku diwei oleh-oleh ambek wong tuone koncoku oleh-oleh khas daerah kediri sing jenenge tahu takwo. Awitane aku ora ngerti tahu kok iso takwo opo yo iku tawhu sing sembayang terus utowo sing wes budal Haji? timbangane aku bingung akire tak buka ambek tak delok. Tibake tahu takwo iku yo tahu biasa mok warnae ambek rasane sing seje. Nag tahu biasa paling rasane yo rodok asin ngunuku. Tapi nag tahu takwo iki ora warnae tok sing kuning tapi rasane yo luweh enak ambek rodok atos. Lah rasane iku ono gurih-gurihne, iki sing garai wong akeh sing seneng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8668", "text": "Awakmu tau gak moro-moro ngeroso stres padahal lagi gak onok tekanan utowo lagi ngadepi perkoro sing macem-macem? Nek iyo, isok dadi awakmu kenek secondhand stress. Saiki coba gatekno uwong sing onok nang sekitarmu, terutama uwong sing sering berinteraksi karo awakmu. Nek salah setu teko mereka lagi stres, kemungkinan gede awakmu ketularan stress mergo de’e. Durung onok akeh uwong sing nyadar, tapi stres iku isok nular. Sembarang kalir emosi sing diungkapno iku isok berpengaruh ambek lawan omonge. Nek emosi iku emosi bahagia, wong sing dijak ngomong bakal melu seneng. Nek emosi iku emosi negatif, wong sing dijak ngomong isok melu sedih dan berujung stres sisan. Dadi nek awakmu nduwe konco sing lagi stres, mending jaga jarak karo de’e ben awakmu gak ketularan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8951", "text": "Tahun iki, bakal diadakno Indonesian Masters ndek Senayan, Jakarta. Berhubung aku entok hadiah tiket nonton teko koncoku, aku jelas berangkat lah. Aku entok tiket pas dino terakhir alias pas final. Nang kono, sing paling tak nanti iku pas wayahe pertandingan MS, ndek ndi kabeh finalis e iku teko perwakilan Indonesia kabeh, yaiku Jojo ambek Chico. Ndelok mereka dolen iku rasane guduk koyok pertandingan, tapi mek koyok dolen biasa. Kompetitif e sek onok, tapi kerosone isok luwe nyuante ngono lho. Mungkin mergo wes jelas Indonesia sing menang ya, dadi mereka isok dolen dengan sante sisan. Hasil e Jojo sing menang, tapi nang kono Chico iku yo ketok bahagia sisan. Aku jelas melu sueneng ndelok e.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6382", "text": "Desa wisata Penglipuran kuwi salah siji desa sing ana ning Bali, yaiku ning Kabupaten Bangli. Ambane wilyah iki yaiku 112 hektar. Desa iki panggonane strategis amarga jarake cedhak karo bandara lan mung bisa ditempuh 1 jam luwih nganggo perjalanan darat. Desa adat iki ngutamakake nilai-nilai budhaya lan agama kaya nilai tri hita karana. Desa iki dadi desa wisata sing diresmikake situs pariwisata nasional uga manca negara. Saka desa iki, wisatawan bisa ndelok kepiye asline desa sing isih nganut adat lan uga akeh banget penggerak pariwisata sing mandu lan uga nyeritani babagan desa iki. Suasana sing tenang lan uga asri marai para wisatawan bungah yen lunga menyang Penglipuran. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3105", "text": "Biyen olahraga sing paling disenenge pas cilik ancene bal-balan ambek mlayu. Terus bal-balane ambek mlayune maeng mesti ora gowo sandal. Asline nag ancene pengen olahraga kudune sing apik gowo sepatu ben sikile ora loro, tapi nag desok sing koyok ngunuku iku ora jaman kejobo saiki soale saiki dalane wes apek. Mangkane bocah-bocah saiki nag olahraga mesti dikongkon wong tuone gowo sepatu ben ora loro sikile. Tapi asline gowo sepatu iku apik lo, soale iso nyelametno sikile nag ono awtu-watu atos, watu lincip, ambek wedi sing cilik utowo beling. Dadi nag iso olahraga yo sing apik gawe sepatu, ojo yeker koyok jaman biyen, nag pengen nyeker yo kudu delok dalane disek.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7481", "text": "Onok kejadian sing marakno aku rodo kaget pas pertama kali dadi mahasiswa baru ndek UGM. Pas iku aku melbu kelas mata kuliah Pengantar Sastra. Dosen sing ngampu perkuliahan iku jenenge Prof. Faruk. Buru ae melbu kelas, beliau iki gak nggowo buku utowo berkas liyane. Beliau mek melbu, ngajarno tentang dasar-dasar sastra. Cuma sayange, bahasa sing digunakno beliau iki abot banget, dadi rodok angel diterimo gawe aku sing sek pemula. Aku rodo ngeluh soale gak onok materi sing melbu nang utekku. Koncoku langsung ngandani nek Prof. Faruk iki salah siji guru besar nang Fakultas Ilmu Budaya nang UGM. Selain iku, beliau iki yo aktif ndek studi kebudayaan dan salah siji tokoh kebudayaan sing lumayan dikenal nang Jogja. Aku langsung kaget lah, soale aku diajar karo Professor sing tersohor. Dan aku dadi maklum opo’o boso sing dinggo beliau pas nerangno kuliah iku duwur banget, soale yo beliau iki wes guru besar.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "193", "text": "Pas awal-awal pandemi, isih ono panggon sing durung tutup. Salah sijine pusat kebugaran. Aku isih lungo neng pusat kebugaran kui selama 3 minggu sak wesi diumumke status pandemi. Panggon kebugaran sing biasa tak enggo kui jenenge SaFit. Posisine neng Dalan Kolombo, cerak karo kolam renang UNY. Pusat kebugaran kui duwe tiga lantai. Lantai 1 lan lantai 2 dienggo piranti-piranti kebugaran. Lantai telune kui ono studio sing biasa dienggo zumba lan silat muay thai. Studio kui lumayan jembar lan dipasang koco sing gede ning pinggir-pinggir. Neng sak ben lantaine kui, dicepake kamar mandi sing lengkap karo sabun lan sampone. Pas awak dewe mlebu, resepsionise wis ngewehi andhuk.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "519", "text": "Jaman saiki, awak dhewe wis ora perlu nganggo omah adat kanggo keperluan sak ben dinone. Omah tradisional kui ora praktis lan efisien. Omah adat biasane digawe seko kayu. Kayu kui saiki regone larang lan yen misale dadi wong akeh nganggo omah seko kayu iso-iso hutane awak dhewe iso gundul. Omah tradsional kui uga mangan lemah sing akeh, senadyan saiki lemah lapang sing kosong sitik. Desain ruangan-ruangan sing ono neng omah tradisonal klasik kui oga ora cocok karo kebutuhan modern sing saiki dialami. Saiki desain omah modern kui minimalis. Omah tradisonal ora iso ngikuti tren sing saiki mergo bakal kelangan akeh unsur-unsur omah sing kudune ono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8612", "text": "Hal sing gak diduga iku isok kedaden kapan ae. Nek wes ngono, pasti bakal mbutuhno biaya sing gak sitik. Nang kono, dana darurat iku dibutuhno gawe njogo arus kas keuangan. Teko jenenge ae wes jelas, dana darurat iku dana sing disiapno gawe keadaan darurat. Misale digawe pas kenek musibah, pas kenek PHK, pas lara, bangkrut, dan kejadian liyane sing butuh duit akeh. Dana darurat iki dadi prioritas utama ben kebutuhan urip iku isok tetep terpenuhi. Pentinge dana darurat iku onok akeh. Siji, dadi dana cadangan pas kenek PHK. Loro, biaya berobat pas lagi lara. Telu, dadi biaya pemenuhan kebutuhan urip sak dinone pas lagi krisis. Papat, dadi dana perbaikan aset pribadi. Terakhir, bebas teko utang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7338", "text": "Awak dewe sing Muslim pasti sering ngucapno kalimat istighfar nang kesehariane awak dewe. Kalimat ‘Astaghfirullah’ iku nduwe arti “saya memohon ampunan kepada Allah”. Beristighfar iku berarti njaluk ampunan mergo kesalahan sing wes dilakoni. Onok beberapa keutamaan istighfar sing bermanfaat gawe dulur-dulur Muslimku. Siji, ngapus duso. Loro, entok kebaikan ndek dunyo. Telu, nuruno udan sing nggowo berkah. Papat, isok gawe ngabulno dungo. Limo, ngelimpaho rejeki. Enem, digampangno sembarang urusan nang dunyo. Pitu, taubat secara gak langsung. Wolu, ngilangno rasa males. Songo, cek isok cepet nduwe keturunan. Sepoloh, entok rahmat sing berlimpah. Teko akehe keutamaan iku, moso awakmu gak kepingin rek? Dadi mulai saiki, mulai rajin istighfar yok rek, minimal ping satus.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2314", "text": "Jamu iku obat tradisional sing diracik teko empon-empon karo tambahan bumbu obat liyane. Saiki jamu mulai arang sing nggombe soale akeh obat-obatan modern sing luwih gampang ditemokno nang toko obat ambek gak repot-repot nggawene. Nek dibandingno karo obat modern, jamu yo gak kalah khasiate, malah luwih apik mergo teko bahan-bahan sing alami. Saiki akeh pabrik sing nggawe jamu kemasan. Jamu dadi akeh ditemokno nang toko-toko lan luwih gampang diombe sak wayah-wayah. Mbasio nggunu, wong-wong yo sek ono sing nggawe jamu dewe nang pawon. Iku nggunu mergo akeh sing sek ngelestarikno kebiasaaan nggombe jamu nang keluargane sing terus dilakoni ket jaman mbahe mbiyen.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6363", "text": "Cokelat kuwi salah siji panganan sing bisa ngilangake stres. Babagan iki kebukti ning jurnal saka Amerika sing nuturake yen mangan 40 gram cokelat seminggu bisa ningkatake hormon ben bisa ngurangi rasa stres. Cokelat iki diproduksi ning wit kakao lan wis dikenal wiwit taun 460 masehi. Bagian sing dinggo yaiku bagian wiji sing difermentasi kamangka nduweni rasa lan mambu sing khas uga ana zat kimia alami ning jerone. Kakao iki manfaate akeh, salah sijine kanggo kesehatan kulit lan uga kestablian jantung. Amarga kuwi, wong sing lagi stres dianjurake mangan cokelat rendah lemak ben dadi seneng maneh nanging kadar kolesterol tetep kejaga. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3115", "text": "Senam iku termasuk olah raga sing ancene paling enak ambek termasuk olahraga sing gampang dilakoni, mboh iku bocah cilik utowo wong gerang. Masio olahraga iki termasuk gampang, tapi obahe senam maeng ancenen duwe manfaate sing gede pol kanggo bentuk awak, karo nyehatno awa, ambek relaxno awak. Mangkane saiki nag endi-endi sing jenenge senam mesti gelek dilakoni wong wedok saole manfaate gede kanggo bentuk awak. Sak liyane iku senam iki yo kenek kanggo jogo awak ben iso tetep seger polahe sing obah iku kabeh anggota awak. Tapi jarene bocah lanang olahraga sing enteng ambek sing paling gampang yo iku mlayu lah, soale ora atek joget-joget koyok ngunu.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "815", "text": "Awak dhewe sing lagi arep ngiwiwiti olahraga kui kerep diandadi karo wong-wong utowo delok video-video neng internet, podo ngandani yen olahraga kui kudu ngene, yen dilakoke ngono kui salah. Omongane kui ono benere. Mungkin yen awak dhewe salah gerakan kui iso gawe cidro. Opo mungkin wae, gerakan salah kui marake asil seko gerak kui ora maksimal. Nanging, nasehat koyo ngene iki ora usah patio digateke, yen awak dhewe lagi ngeiwiwiti program olahraga. Sing penting, awak dhewe dadi biasa kanggo gerak lan duwe kebiasan nyelake waktu kanggo kegiatan kui. Kanggo awalane, gerakane ora usah sing ribet-rebit lan okeh-okeh. Mungkin, iso diwiwiti kanggo pemasan sing awak dhewe lakoke biyen pas isih sekolah. Durasine ora usah suwe-suwe sing penting, kui awak dhewe lakoke kanthi rutin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1761", "text": "Carane ngilangi stressku saiki wis bedo. Aku saiki ngilangi stress nganggo coro olahraga utowo gerake awake. Maksude, aku ora kudu bener-bener ngelakoke olahraga, aku joged-joged dhewe neng omah utowo nari neng sanggar kui uga iso ngilangi stress. Olahraga sing biasa aku lakoke kanggo ngilangi stress kui mlayu. Aku seneng mlayu mergone kui olahraga sing ora ribet lan murah. Aku iso ngelakoke kui dhewekan, ora perlu ngenteni wong sing liyo. Aku uga iso ngelakoke kui kapan wae. Modale kui uga mung kasut mlayu, kathok training, lan kelambi. Aku biasane mlayu kui pas sore-sore, soale pas isuk aku isih rodo wegah-wegahan metu omah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10145", "text": "Kualitas udara wonten donya sakmenika sampun saya boten sae. Sebabipun, saya kathah tiyang ingkang ngangge kendaraan bermotor lan mbangun pabrik. Aseping motor lan pabrik menika gadhah gas buangan utawi emisi ingkang saged ngrusak kualitas udara. Akibatipun, kathah penyakit ingkang nyerang saluran pernapasan. Nanging, wonten salah sawijining panggonan wonten Indonesia ingkang udaranipun tesih sae lan seger sanget. Asmanipun Gili Iyang. Gili Iyang menika salah satunggaling pulau wonten Kepulauan Madura ingkang dinobataken dados panggonan ingkang kualitas udaranipun paling sae nomer kalih wonten donya. Pelabuhan penyebrangan wonten kecamatan Dungkek, Sumenep, ingkang nembe diresmekake taun 2021 saged dados sarana kangge plesir wonten Gili Iyang.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7708", "text": "Sopo sing mbiyen cilikane paling semangat nek dijak renang, ayo cung tangane. Aku yo dadi salah sijine rek. Mbiyen iku paling seneng nek wes dijaki renang mbasio talah gak isok renang koyok atlet sing onok nang TV. Dadi nek renang iku mek isok kecipak kecipuk nganggo ban cek gak kelem. Tapi mbasio mek ngono tok, iku wes dadi kegiatan olahraga fisik sing akeh gunane gawe tubuh. Salah sijine iku ngelatih otot. Soale nang njero banyu iku awak dewe kudu ngetokno energi sampe ping lorone gawe obah tok. Dadi nek awakmu mbiyen senengane renang, selamat rek awakmu sempet ngelakoni kegiatan sing sehat dan bermanfaat gawe tubuh. Nek gelem urip sehat sampe gede, rutinono renang terus ae.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5515", "text": "Masalah pornografi sing ana ning sekitare awak dhewe kuwi secara ora langsung disebabake karo nganggo HP sing ora kekontrol ditambah rasa penasaran menungsa sing ora ana ujunge. Akeh berita babagan rudapeksa lan pelecehan sing diawali saka media sosial sing ora bisa dihindarake amarga data-data pribadi sing bocor uga penipuan amarga wong ora bisa ketemu langsung. Kamangka, keamanan HP ning jaman saiki ora mung perkara HP iki barang sing gampang ilang, nanging uga data sing ana ning jerone HP bisa dadi taruhan yen HP iki ora diopeni secara apik. Sing paling penting yaiku HP iki bisa dadi barang kang manfaat nanging yen ora kekontrol uga bisa dadi barang sing ngerusak.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7085", "text": "Paranormal Activity iku salah siji film horor sing wes terkenal banget. Bahkan saking terkenale, film iki sampe onok enem seri. Enem seri iku pun ceritane saling nyambung, dan berakhir terkesan monoton karena tambah suwe critone wes isok ketebak. Dan tahun 2021, rilis Paranormal Activity: Next of Kin. Seri ke-7 teko Paranormal Activity iki bedo teko seri sing sebelume. Sing paling ngetarani iku film iki gak ngelanjutno mitologine sekte Toby ambek Katie, dadi ceritane balik anyar maneh. Setting e yo gak nang njero omah maneh, tapi nang pedesaan sing onok nang njero deso. Footage e yo gak nganggo CCTV maneh, tapi nganggo kamera sing biasa digawe vlogger, dadi kualitas film e luweh jernih. Kesan film iki iku koyok vlog tentang sekte sesat.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2387", "text": "Gawe olahan teko bayem iku gampang, ora perlu budal nang warung gawe tuku. Bayem iku kenek di gawe jangan, osengan, ambek lalapan. Nag di gawe jangan, cukup di gawekno bumbu teko bawang abang, bawang putih, kencur, jagung sing wes dialusno. Mari ngunu bayem iku maeng dicampur dadi siji dilebokno wadah sing wes ono banyuni ambek digodok. Terus nag wes mateng jenenge jangan menir bayem. Sak liyane bayem, Buah-buahan yo kenek diolah nang macem-macem olahan koyok contone gedang sing kenek digawe gawe kripik, jenenge kripik gedang. Nag gawe kripik gedang yo gampang. karek nyiapno gedang opo sing ate di gawe kripik, mari ngunu dioceki sampek resik. Terus nag wes resik, lagek diirisi tipis sak senenge. Mari ngunu lagek digoreng utowo dipepe disek sampek garing lagek di goreng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2473", "text": "Aktivitas sing biasane awak dewek iso menghibur awak dewek, utowo aktivitas sing iso garai awak dewek ngelalekno penggawean sing mbudeki pikiran yaiku sing jenenge panggawean nag waktu luang. Tapi sing dadi masalah, ora kabeh uwong pengen nyantai-nyantai nag penggawehane durung mari soale garai pikirane stress. Penggawean nag waktu luang saiki yo reno-reno maceme karek wong iku senenge atine opo, ono sing delok film, dolanan game bareng ambek koncone, mencil, mancing, utowo turu nag isor uwit, trus mlaku-mlaku sampek bensine entek yo ono. Kabeh iku maeng termasuk deskripsine aktivitas nag waktu luang. Tapi ora kabeh wong sing ngelakoni penggawean maeng ngerti nag iku maeng sak beneri penggawean nag waktu luang.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8148", "text": "Wong-wong sing nduwe bisnis online iku mulai akeh sing nganggo endorse gawe strategi pemasarane. Mereka ngomonge nek produkmu wes di-endorse karo influencer, bakal akeh payuhe. Aku sih setuju karo pendapat iki. Yaopo yaopo, influencer iku nduwe tugas gawe ngajak pengikute gawe niru de’e dewe. Tambah akeh pengikute, tambah akeh uwong sing melok-melok influencer iku mau. Hal iku termasuk opo sing dituku ambek influencer iku mau. Nek influencer iku mau promosikno produk sing mbok dol, pasti wong-wong maleh nggoleh weroh tentang produkmu dan pasti bakal nukoni produkmu. Dadi gawe konco koncoku sing lagi berbisnis, manfaatno endorse gawe ngelancarno bisnismu yo rek.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "830", "text": "Pas kapan kui, aku ketemu konco dolan pas cilik biyen. Dheweke kui pas kuliah biyen dadi atlet renang. Sak durunge pisah, aku jaluk saran karo konco kui. Aku arep renang meneh nanging wes ora duwe katok renang. Aku takon yen arep tuku katok renang kui neng endi. Jarene dheweke tuku neng toko daring iso, nanging aku ora biasa tuku neng kono. Dadi, aku jaluk panggon rekomendasi tuku toko sing cerak omahe awak dhewe. Akhire, dheweke nyaranke aku tuku neng Gardena, swalayan sing jarake sekitar 2 km seko omah. Aku merono sesoke tuku katoke. Seneng aku saiki iso renang meneh. Ra suwe seko kui, aku renang neng Depok Sport Center.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4749", "text": "Akeh hotel ning Bali sing mulai sadar karo kepentingane transportasi wisata, salah sijine yaiku sepeda. Saiki wis meh kabeh hotel ning Bali nyewakake utawa nyediakake sepeda gratis kanggo keliling ning panggon wisata cedhak hotel. Sak liyane murah lan sehat, sepeda iki kaya ngewenehi kesempatan pengunjung utawa tamu hotel kanggo njelajahi objek ning kiwa lan tengene hotel wisata kuwi. Apa maneh yen hotel iki cedhak pantai. Sepeda iki dadi alternatif sing luwih nyenengake tinimbang kudu nyewa ojek utawa nyewa motor. Nanging, sing duwe kesadaran iki ya mung pengelola hotel ning Bali. Pengelola hotel ning Jogja, Bandung, lan liyane durung ana inisiatif. Amarga kuwi, ayo nggawe kampanye sepeda kanggo transportasi wisata marang pemerintah ben pariwisata iki tambah menarik kanggo turis. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8907", "text": "Catur iku permainan papan stategi rong uwong sing didoleno nang papan kotak-kotak sing terdiri teko 64 kotak dan disusun dadi 8x8. Mbasio dolen catur iku lunggo tok, tapi catur iku melbu nang cabang olahraga. Soale dolen catur iku butuh mikir strategi ambek taktik. Bahkan wes akeh sekolah sing ngadakno ekskul iki gawe murid-murid e. Gawe awakmu sing kepingin eroh gerakan ben bidak catur, gatekno cara iki. Siji, pion iku isoke maju ngarep e tok rong kotak, terus lanjutane sak kotak. Loro, benteng iku isok mlaku nang ndi ae, pokoke lurus. Telu, kuda iku mlakune mbentuk L. Papat, gajah iku isok mlaku nang ndi ae, asal nyerong. Limo, ratu iku isok mlaku nganggo metode bidak opo ae. Terakhir, raja iku isok ngelangkah nang ndi ae, cuma jarak e dibatesi dadi sak kotak tok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8613", "text": "Tambah berkembange jaman, tambah akeh aplikasi bank digital sing muncul nang Indonesia. Salah sijine iku Bank Jago. Bank Jago iku aplikasi bank digital berstatus BUKU 3 sing onok ndek njero pengawasane OJK ambek Bank Indonesia. Mbiyene nduwe jeneng Bank Artos Indonesia, terus berubah jeneng dadi Bank Jago sak marine diakuisisi karo Gojek. Aplikasi Jago iki isok dinggo nang gadget endi ae, termasuk android ambek iOS. Aplikasi iki nduwe fitur sing lengkap dan isok dimanfaatno ambek penggunane. Fitur sing onok nang Bank Jago iku onok enem. Siji, kirim dan bayar. Loro, fitur kontak. Telu, personalisasi. Papat, shortcut. Limo, kartu debit Visa. Terakhir, fitur plan Ahead.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4748", "text": "Salah sawijining transportasi wisata ning Jogja sing kondhang yaiku andong utawa dokar. Dokar iki wis dadi peninggalan Eropa sing ana ning Jawa lan wis dimodifikasi nganggo bentuk sing luwih apik lan ngepasake karo budhaya penduduke. Jaman biyen, dokar iki dadi kendaraane para priyayi, nanging saiki jaman wes ganti lan dokar dadi transportasi wisata. Utamane ning Malioboro. Dokar iki ngewenehi pengalaman sing nyenengake amarga mlakune alon, supaya penumpange bisa ngerasakake pemandangan ning Kutha Jogja sing klasik lan ora kaya kutha gedhe liyane. Kamangka, numpak dokar iki sak liyane nambahi penghasilan kanggo kusir, numpak dokar iki salah sijine cara kanggo ngeregani warisan transportasi bangsa. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10165", "text": "Senadyan kalebet kutha ingkang alit, Kudus nyatanipun gadhah kathah panggonan wisata ingkang menarik kangge plesiran. Salah satunggaling wisata ingkang kedah dirawuhi wonten Kudus inggih menika The Hills Vaganza. Pemandangipun perbukitan Kudus, ditambah dekorasi ingkang meriah dadosaken panggonan menika viral amargi kathah panggonan ingkang sae kangge foto-foto. Regi tiket mlebet wonten The Hills Vaganza sedasa ewu. Regi punika sampun kalebet biaya parkir. Konsepipun panggonan menika gabungan restoran kalih spot foto ingkang endah. Sanesipun pemandangan alami saking perbukitan, turis ugi saged foto-foto wonten panggonan ingkang sampun didamel pihak pengelola kados wit kembang-kembang saking plastik, balon udara wit bentuk ati lan kathah sanesipun. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10161", "text": "Alas ingkang isinipun mangrove utawi wit bakau boten saged dipunpanggihi wonten daerah-daerah alit kemawon. Jakarta ingkang kalebet kutha metropolitan ugi gadhah kalih alas mangrove. Panggonan wisata alas mangrove ingkang viral sakmenika inggih menika alas mangrove ingkang wonten Pantai Indah Kapuk. Panggonan menika cocok kangge sampeyan ingkang pengen plesiran nanging boten gadhah wektu ingkang kathah. Nanging, wonten mriku sampeyan boten saged mbeta kamera profesional. Menawi pengen mbeta, bayaranipun awis sanget, inggih menika sakyuta. Kamera ingkang kedah dibeta dhateng mriku namung kamera ponsel. Kangge tiyang ingkang madosi panggonan plesir ingkang reginipun terjangkau, Alas Mangrove Pantai Indah Kapuk boten panggonan ingkang tepat amargi napa-napa ingkang ditawakaken wonten mriku reginipun awis sanget.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7381", "text": "Pas awal pandemi covid-19 tahun 2020, nang ndi-ndi dilakoni PSBB. Bahkan Masjid yo gak dioleni buka. Mergo iku, aku gak isok sholat Idul Fitri nang Masjid tahun iki, dan kepekso sholat Ied nang kosan. Awale aku dewean, terus onok koncoku nyusul nang Kos ku dan melu sholat Ied nang Kos ku. Aku dadi imam, dan mimpin sholat Ied e. Mari sholat, aku ambek koncoku mangan-mangan. Panganane wes digawakno teko Kos e koncoku, yaiku rendang ayam. Mari mangan, awak dewe foto-foto nang Rooftop cek nduwe kenangan sholat Ied nang njero kamar kosan. Wes pegel foto-foto ping akeh, akhire awak dewe balik nang kamarku dan langsung turu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9615", "text": "Sepupu uga mantune Rasulullah sing dadi andelane Rasulullah yaiku Ali bin Abi Thalib. Wiwit cilik, Ali dididik langsung karo Kanjeng Nabi Muhammad. Ali sosok sing bisa dipercaya lan iki dadi panutan kabeh wong Islam sing ana ing donya. Ibadahe wis ora bisa disepelena. Ana ing siji riwayat, Aisyah ngomong yen Ali iki wong sing paling akeh pasa lan ibadahe. Mula, Ali uga diwenehi julukan Khulafaur Rasyidin lan Amirul Mukminin. Ora mung kuwi, Ali duweni kemampuan babagan sastra sing paling apik. Ing sejarah, Ali bisa kasebut sastrawan sing paling apik. Karya sastra sing diasilake karo Ali iki duweni makna sing akeh banget kayata nalika didelok saka kaidah lan kedalaman makna sing ana ing syair-syaire. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8959", "text": "Pertandingan olahraga iku pasti disenengi ambek sembarang kalangan umur. Bahkan arek cilik iku yo akeh sisan sing sueneng nonton acara olahraga. Nek wes koyok ngono, arek iku kadang pingin ndelok pertandingan iku secara langsung, gak mek teko TV tok. Nek mbiyen sih aku gak atek mikir gawe ngajak nang tribun langsung. Tapi semenjak kejadian nang Kanjuruhan wingi, aku dadi mikir-mikir. Opo maneh eroh nek akeh pol korban sing sek ndek bawah umur. Aku maleh wedi dewe nek kate ngajaki arek cilik nonton langsung. Wedine iku mau, kecampur ambek suporter sing anarkis dan maleh awak dewe sing dadi korban padahal gak lapo-lapo. Nek saranku seh, gak usah atek ngajak arek cilik gawe nonton pertandingan nang tribun, akeh bahayane timbang senenge.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1708", "text": "Pas ngejalani hubungan kui awak dhewe mesthi ngerasake wektu sing ora harmonis karo pasangane dhewe. Awak dhewe bakal nemoke konflik neng hubungane dhewe. Pas awak dhewe ngerasake kui, awak dhewe ora usah panik lan ora usah diluwih-luwihke. Kui bagian proses tumbuh bareng karo pasangane dhewe. Ono beberapa hal sing jebul, awak dhewe kui ora cocok. Makane, awak dhewe kudu gawe supoyo piye carane awak dhewe tetep iso kompromi neng perkoro kui. Iki malah iso gawe hubungane dhewe karo pasangan kui luwih rengket. Koyo keris sing ditempa, makin suwe dupukuli, makin apik kerise lan makin atos wesi. Koyo keris kuwi mugo-mugo hubungane dhewe uga dadi luwih awet lan apik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1734", "text": "Penting kanggo awak dhewe latian fisik sak durunge awak dhewe munggah gunung. Soale, munggah gunung kui dudu olahraga sing enteng. Mlaku neng gunung kui bedo karo mlaku neng pinggir dalan utowo neng taman. Mendane luwih angel lan dalane kui adoh. Pisan awak dhewe mlaku, awak dhewe ora iso balik, sak liyane liwat dalan sing mau awak dhewe mangkat. Senadyan akeh pos kanggo leren neng gunung, nanging jarak seko siji pos neng pos sing liyane kui adoh. Yen awak dhewe leren neng sembarang tempat, awak dhewe malah iso ciloko. Alesane kenopo awak dhewe kudu duwe fisik sing kuwat kui, soale iso dadi nanggungg. Awak dhewe wis cerak banget karo puncak nanging mergo awak dhewe kekeselan lan ora kuwat adem, awak dhewe kepekso balik midun.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1796", "text": "Aku pas isih sekolah kerep banget numpak Trans Jogja. Kanggo wong sing durung tau numpak kendaraan kui utowo wong sing lagi plesiran neng kota budaya iki, ono beberapa hal sing iso awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti yen ono rong jenis halte, halte sing biasa lan halte sing portable. Yen awak dhewe numpak seko halte biasa kui gampang mergo neng kono ono sing jogo. Awak dhewe iso takon-takon disik rute sing paling cepet kanggo tekan tujuane awak dhewe. Bayare uga iso langsung neng petugase. Nanging yen halte portable kui rodo repet yen awak dhewe durung ngerti rute. Soale neng kono ora ono wong sing jogo. Awak dhewe lagi iso takon pas munggah neng bis Tran Jogjane. Nanging cara bayare, awak dhewe iso bayar neng petugas sing ono neng jero bis.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6397", "text": "KRL Jogja menyang Solo kuwi isih sik tas mlaku nanging marai nyaman. KRL iki dadi favorit para wisatawan, mahasiswa, lan uga para pekerja. Sepur iki nduwe 11 titik ning stasiun nganggo rute perjalanan lunga lan balik. Pembayaran KRL iki bisa saka LinkAja, E-money Mandiri, Flazz BCA, BRIZZI, lan BNI Tap Cash utawa yen ora pengen antre yaiku KMT tanpa antre. KMT iki regane 30 ewu kanthi 50 ewu. Kuwi wis kalebu rega kertu karo saldo kanggo numpak. Rega tiket KRL iki 8000 perak. Numpak KRL iki oba bisa numpak lan mbayar nganggo tunai. KRL iki wis kalebu sistem transportasi sing modern. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6914", "text": "Sopo sing biasane bingung nggolek Café sing nyaman terus kondusif nek digawe nggarap tugas kuliah utowo nggarap kerjaan? Starbucks panggon sing pas gawe awakmu. Dibandingno ambek café liyane, Starbucks iki bener-bener nyaman rek. Mulai teko suasanane sing kondusif terus sepi, wong wong e sing sibuk karo penggawenane dewe, kursine sing nyaman digawe lunggo sak suwen suwene, dan WiFi kenceng. Cocok wes nek kate nggarap kerjaan nang kene. Nek awakmu bingung kudu mesen opo mergo rego minumane sing rodo larang, awakmu isok mesen kue sing regone gak sepiro larang terus njaluk air putih. Engkok njaluke sing tap water ae, soale gratis.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8135", "text": "Onok akeh pol faktor sing marakno siji perusahaan iku ngalami kerugian. Salah sijine iku biaya gawe produksi sing keduwuren. Iyo seh, kadang gawe ngasilno barang sing berkualitas duwur, otomatis biaya produksine bakal duwur sisan, gak isok dihindari. Cuma, biaya produksi sing keduwuren iku marakno margin keuntungan bakal suempit, alias duit keuntungane bakal sitik pol. Padahal duit untung iku mau gak isok serta merta langsung digawe ngono ae, sek kudu diolah maneh. Duit untung iki mau sewaktu waktu digawe nutupi biaya kerugian. Nek misal wes gak onok duit untung maneh mergo digawe nutupi kerugian, yo suwe suwe perusahaan iku mau sing bakal rugi dan gak suwe isok kukut.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3113", "text": "Biyen nag aku sekolah olahraga sing paling gampang yaiku senam, nang senam iki termasuk salah sijine cabang olahraga sing nganggo jogetan utowo obahae anggota awak sing butohno tenogo ambek cepete obahan maeng. Nang senam iku maeng biasane dilakoni bareng-bareng ambek konco-konco dadi iso gawe gerakan sing bener-bener kompak. Terus senam iku biasane kanggo olahraga sing digawe relaksasi utowo ngantengno pikiran ben ora stres polahe kakean beban uripe. Terus senam iku maeng yo termasuk olahraga sing apik kanggo bentuk kelenturane awak, terus iso bentuk pertumbuhane awak barang kanggo bocah-bocah cilik. Mangkane nang SD utowo sekolah mesti ono olahraga sing jenenge senam.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4648", "text": "Berita obat palsu saya suwe saya nggrisikake wong Indonesia. Ibu-ibu pada kuatir amarga obat-obat kuwi nyerange bocah cilik. Sajane ana alternatif yaiku jamu. Jamu iki ana sing bisa diombe utawa dadi obat njaba kaya lulur utawa pilis. Jamu iki kalebu ombenan sing sehat, sing paling utama lan kasiyate paling apik ya jamu godhog amarga gampang disaring lan ora ana ampase kaya beras kencur lan kunir asem. Jamu iki ya bagian saka tradisi Indonesia sing wis diakoni karo manca negara. Mula saiki ayo padha konsumsi jamu. Yen konsumsi jamu, kuwi pada kaya nglestarekake tinggalane nenek moyang lan simbah buyut nalika biyen isih urung ana obat modern tur nyehatake awak. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7060", "text": "Dalam rangka nuruti kepinginane adikku, akhire diputusno nek tahun iki aku sak keluarga lungo nang Dieng. Perjalanane sampe 6 jam luwe soale atek mandek-mandek nang Rest Area. Tutuk kono, nginepe nang hotel sing biasa-biasa ae. Mergo mau wes nyetir perjalanan jauh, akhire diputusno nek dino iki bakal istirahat nang hotel ae, gak atek nang ndi-ndi. Sesoke pas shubuh-shubuh, kabeh podo tangi terus budhal nang Candi Arjuna gawe ndelok sunrise. Sayange lagi mendung dadi gak ketok mataharine. Tapi sing marai aku kaget iku nang area Candi, tumbuh tumbuhane podo beku kabeh koyok mbari onok salju. Gak heran, soale cuacane pun ancen luwe adem timbang biasane. Mbari teko Candi, langsung nang Kawah Sikidang soale penasaran ambek mambu kawahe sing jare koyok belerang. Dadakno ancen temenan. Terakhir, aku ambek keluargaku bundhal nang Tlogo Warna. Sing unik teko Tlogo ne yaiku werno banyune sing isok gonta ganti ben kenek sinar matahari. Karena wes tuwuk, akhire milih gawe mbalik nang hotel.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6302", "text": "Konselor pernikahan utawa marriage counselor kuwi usaha kanggo masyarakat ben oleh keluarga sing luwih berkualitas lan uga rumah tangga sing luwih apik. Konselor pernikahan iki biyasane ditangani karo psikolog. Konselor pernikahan iki ora mung kanggo salah siji sing ngerasa ora legawa karo urip keluarga, nanging kudu ana pasangan garwa kakung lan putri ben masalah iki bisa dirampungake nganggo susdut pandang sing netral. Konseling pernikahan iki miturut penelitian akeh banget manfaate lan miturut statisti, wong sing sregep menyang konseling iki bisa dadi pasangan sing harmonis sak uwise konsultasi amarga sak liyane crita babagan masalah lan nggolek solusine, konseling iki uga bisa ngewenehi mediasi kanggo introspeksi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5817", "text": "Target lan kemampuan kuwi kudune dadi salah siji faktor sing bisa ndukung kelangsungan uripe karyawan ing sawijining perusahaan. Kemampuan iki ora mung teknis, nanging uga kemampuan kanggo mimpin lan disiplin. Kanggo para pemimpin, kuwi kerjane luwih abot maneh amarga kabeh karyawan iki nduweni cara sing bedha kanggo ngerampungke tugas lan uga nduwe kemampuan sing manika warna. Kanggo nyeragamake iki mesti angel. Nanging cara kanggo ngurangi perselisihan kuwi yaiku nggawe kesepakatan karo para pegawe, banjur ngewenehi tugas miturut kesepakatan, lan uga ngontrol kesepakatan kuwi. Sing dadi masalah kuwi yaiku yen pengawasan iki kurang lan nyebabake konflik sing gedhe, kamangka tetep mbutuhake ketertiban saka pemimpin. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3255", "text": "Saiki modele kamere ancene macem-macem, ono sing pixele gede, ono sing pixele cilik yo ono sing pixele sedengan. Nah kabeh iku asline karek wonge butuh sing endi dadi ora perlu pixel gede-gede nag ancene mok butoh gawe foto-foto nag pas preian tok, cukup sing penting hasile apik iku wes cukup, soale pixel gede yo larang. Nag menurutku palang nag pengen tuku kamera iku sing tepak dipasno karo kebutuane ae, ojo melok-melok wong sing pengaweane maeng nang bidang foto, soale kamerae mesti puluhan juta soale iku ancene bakal dadekno duwek ora kanggo mok preian tok terus digawe moto ora. Mangkane nag pengen duwe foto sing pas-pasan ae sing penting kenek digawe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5538", "text": "TV kuwi dadi alat komunikasi massal sing penting kanggo kecerdasane bangsa. Nanging jaman saiki, akeh acara TV sing ora mutu lan bisa ngerusak moral amarga ana adegan kekerasan uga adegan sing ngeweneni conto rumah tangga sing rusak. Acara iki biyasane disenengi ibu-ibu lan bisa marai anak niru. Anak kuwi yen nonton karo ibune lan kudune ibu bisa ngalah yen anake pengen nonton acara TV kesenengane. Ana sing ngomong yen TV digital iki pancen tambah canggih nanging acarane ora ana mutune. Kamangka, kanggo para wong tuwa, ayo mulai pinter milih acara TV kanggo anak ben anak uga oleh hak hiburan sing layak. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6915", "text": "Saiki nek arep nggolek Café utowo restoran ala ala Korea nang Suroboyo iku gampang banget, soale wes akeh banget nggone. Cuma sing sampe saiki aku angel nggolek adalah restoran Korea sing kimchi ne cocok nang lidah terus halal. Akhire aku nemu restoran sing sesuai ambek kriteriaku mau, yaiku nang Masitda Korean Restaurant. Panggone nang Ruko Villa Bukit Mas daerah Dukuh Pakis. Sing spesial teko restoran iki yaiku rasa kimchi ne sing uwenak pol. Biasane kimchi iku kan rasane kecut gak jelang ngono kan, nek iki enggak. Rasa kimchi ne enak banget, asin legi kecut dadi siji. Cocok banget gawe ilate wong Jowo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6629", "text": "Bocah cilik kuwi pancen lucu banget. Nanging yen ning lingkungan omah iki akeh, rame, lan marai berisik ya kudu diomongi ben ora kebiasaan lan ngganggu lingkungan. Tangga sing apik kuwi yaiku sing gelem nuturi babagan sing apik kaya ngomong aja rame lan ora dolanan ning ngarep omah rame-rame pas ana wong sing lagi lara. Wong tuwa uga kudu ngomong ning anak babagan ngeregani tangga lan uga ngerti wayah dolan, sinau lan istirahat ben ora ngganggu kegiyatan wong sing ana ning kampung. Senajan kuwi wajar kanggo anak, wong tuwa uga kudu ngarahake sing bener amarga iki bagian saka pelajaran tata krama saka njero omah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "942", "text": "Mesin cuci kui teknologi sing gawe gampan gawean ibu-ibu neng omah. Saiki ibu-ibu, ora kudu dodok lan bongkok suwe-suwe kanggo ngumbahi klambi reged keluargane. Dheweke tinggal nyemplung klambi reged mau neng mesin, pencet-pencet tombol, klambi kui wis iso resik dhewe. Para ibu dadi duwe wektu selo sing luwih akeh. Saiki paling ora ono 3 jenis mesin cuci sing iso dibedake karo jumlah lan posisi tabunge. Sing kesiji, mesin cuci rong tabung. Tabung sing paling gedhe neng mesin cuci jenis iki dienggo ngumbahi klambi lan tabung sijine sing luwih cilik kui kanggo garinge. Sing keloro lan ketelu, mesin cuci sak tabung lobang ngarep lan lobang duwur. Rong jenis sing terakhir kui ora ono bedane adoh, yen pengen nyunci lan garingke klambi iso neng tabung sing podo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5028", "text": "Ana salah siji ajaran ning ajaran Hindu saka kitab bhadgavad gita yaiku babagan nenangake ati. Ajaran iki ana ning bhadgavad gita bab 2.11. Bab iki nyeritakake babagan Shri Krishna sing ngewenehi pitutur marang Raden Arjuna amarga Raden Arjuna mikirake babagan takdir sing ana ning njaba kendaline. Banjur Shri Krishna dawuh yen kabeh kuwi ora perlu dipikirake amarga kabeh kuwi wis diatur marah Gusti. Ing bab kuwi uga ana pitutur yen menungsa kuwi kewajibane ya mung usaha lan ndunga uga nyerahake kabeh keputusan marang Gusti sing Maha Kuwasa. Kamangka kuwi, ayo saiki para kanca uga kudu belajar fokus karo usaha lan pasrah marang takdire Gusti amarga keputusane Gusti kuwi sing paling apik. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7384", "text": "Akeh banget sing sek nganggep Kristen Protestan karo Katolik iku agama sing podo. Padahal rong agama iku bedo banget. Malah isok dikondo nek iku rong agama sing bedo. Teko kitab sucine ae wes bedo. Nek Kristen Protestan mek berpedoman nang Alkitab tok. Nek Katolik gak mek bepedoman nang siji kitab iku tok, onok pedoman liyane maneh. Onok sisan kepercayaan terkait beberapa tradisi Gereja Katolik Roma ambek onok kitab tambahan sing disebut Deuterokanonika. Terus sing bedo maneh iku upacara agama sing dilakoni keduane. Upacara agama sing dilakoni umat Kristen Prostestan iku onok Paskah, Natal, Angkat Sidi, karo Wafat Isa Almasih. Nek upacara agamane katolik iku Kamis Putih, Jumat Agung, ambek Sabtu Suci.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10113", "text": "Griya ingkang tesih tradisional wonten desa-desa wonten Indonesia kadhang tesih gadhah pawon alias tungku masak tradisional. Senadyan pawon sakmenika artosipun sampun owah saking tungku piranti masak dados dapur, raos daharan ingkang dimasak kagem tungku menika boten owah, malah langkung eca ketimbang daharan ingkang dimasak kagem kompor gas. Pawon awujud kotak, didamel saking lempung lan boten saged dipindah-pindah kados kompor ingkang modern. Bagian inggilipun pawon gadhah wadah kangge numpangaken wajan, panci, utawi ceret kangge masak. Bagian andhapipun kebukak kangge nyaosi kayu bakar. Kayu bakar menika ingkang damel daharan ingkang dimasak wonten pawon langkung eca. Aromanipun dados khas damel dahar langkung semangat. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8916", "text": "Indonesia Masters 2023 diadakno ket tanggal 24—29 Januari nang Istora Senayan. Kabeh wong Indonesia iku isok nonton langsung nang tribun kono. Pemesanan tiket nonton e iku secara online, isok teko situs resmi PBSI utowo Loket.com. Nek awakmu pingin pesen lewat situs PBSI, koyok ngene carane. Siji, nang o situs resmine PBSI. Loro, nang halaman ngarep, delok bagian duwur pas ndek ngisore logo Daihatsu Indonesia Masters 2023, terus petek “BELI TIKET”. Telu, nang halaman selanjute, petek maneh “BELI TIKET”. Papat, nang halaman Syarat dan Ketentuan, petek ceklis nang kolom “Saya menyetujui Syarat dan Ketentuan yang berlaku” terus petek “Beli Tiket”. Terakhir, pilih kategori tiket sing kate mbok tuku ambek jumlahe sisan dan garek ngelakoni pembayaran.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2120", "text": "Bojone koncoku seneng banget masak. Masake panganan kanggo koncoku sak ben dino kui wis kudu. Nanging dheweke uga seneng gawe kue-kue lan cemilan liyane. Aku iling banget disik pas isih koncoku lan bojone sing saiki isih yang-yangan, aku tau digowani kue seko telo. Aku lali jenenge kui opo nanging rasane enak banget. Kui sing gawe bojone koncoku. Saiki pas wis nikah, dheweke gawe hobine kui dadi bisnis. Nanging dheweke ora dodolan kue telo sing tak omongi mau. Dheweke dodolan risoles mayones. Soale, emang cemilan iki sing luwih gampang payu. Pas tak icipi, roso risoles kui uga podo enake koyo kue telone mau. Dheweke gawe kuene neng omah banjur koncoku sing nitipke neng warung.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3237", "text": "Saiki TV wes maleh siarane nang saluran sing anyar yaiku sing jenenge digital. Masalahe ora kabeh wong iku ngerti carane goleki siaran TV digital iku, carane golekine iku maeng ono sing liwat Set Top Box ambek sing menu goleki dewe sing teko TV Digitale maeng. Sing teko set top box maeng yaiku eleheng nang mode AV terus deloken STBne wes nang AV lagek akakno STBne, terus peteken menu STB nag remote maeng, terus mileho menu Pencarian Saluran. Mari ngunu mesti bakal metu salurane. Nag nang radiao saiki wes sukur metek petekan cari saluran engko metu dewe saluran opo ae. Soale radio iku ora ruwet koyok TV digital sing kakean menu sampek garai wong bingun.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4705", "text": "Coban Rondo ning Malang kuwi dadi salah sawijine coban sing terkenal angker lan duwe akses sing bahaya kanggo wong kang sing mrono kaping pisan. Coban iki lagi digalakke kanggo paket wisata manca negara ning Kota Malang. Coban Rondo iki uga terkenal karo kemistisane amarga akeh wong sing ngelmu ning panggon iki. Sing dadi masalah yaiku nalika wong teka ning Coban Rondo iki malah kanggo tujuan sing ora apik lan bisa nuwuhake rasa ora ngehormati marang masyarakat lan adat. Nanging kajaba sak kuwi, Coban Rondo iki mulai dikenal dadi obyek wisata unggulan ning Malang amarga pemandangane sing apik lan marai pengunjunge bisa ngerasakake angin kang sumilir. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7021", "text": "Gak onok abang gak onok ijo, moro mamaku meseno paket liburan sekeluarga nang Karimun Jawa. Jare mama penasaran soale kabeh koncone cerito nek nang kono iku pemandangan laute apik banget. Oke deh aku sak keluarga berangkat nang Jepara dan langsung nitipno mobil nang pelabuhan Jepara. Nang kono, mama wes janjian ambek tour guide e sing bakal ngancani selama preian iki. Aku sak keluarga numpak prahu gawe nyebrang nang pulang Karimun Jawane. Perjalanane sekitar 2 jam an soale kebetulan aire lagi surut dadi perjalanane lancar. Pas nang Karimun Jawa, tour guide e ngajak mlaku-mlaku ndelok pemandangan laut sing luar biasa apike. Selain iku, awak dewe dijak snorkeling ndek tengah laut, terus foto-foto ndek njeru laut, ndelok kolam hiu, ndelok macem-macem kewan laut sing jarang onok nang lautan, dan sek akeh liyane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2141", "text": "Metode pembayaran neng internet iki werno-werno. Sing paling biasa kui metode transfer. Neng bakul daring kui sing duwe dodolan lan sing arep tuku kui ora langusung ketemu. Dadi wajar wae, metode pembayaran sing digunake kui ora nganggo duwit langsung. Tranfeser saiki uga wis werno-werno. Nek biyen yen awak dhewe arep tranfer neng akun bank sing liyo, awak dhewe dadak neng bank, terus awak dhewe iso tranfer liwat ATM, saiki awak dhewe iso transfer liwat HP. Dadi awak dhewe iso tranfser karo rebahan neng kamare dhewe. Sakliyane liwat bank, awak dhewe uga iso bayar liwat dompet digital. Dompit digital kui podo mirip koyo bank nanging ora duwe kantor cabang.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "4667", "text": "Akeh sarjana kang lulus nanging angel golek penggaweyan. Nanging ya ana alternatif kanggo wirausaha. Salah sijine ternak pithik. Ternak pithik iki bisa dimulai nganggo modal sing cilik. Kaping pisan, nyediakake kandang sing resik lan aman kanggo ngerumat pithik. Kaping pindhone, nggolek bibit utawa anakan sing sehat lan lolos uji saka pakar utawa pabrik penyalur ternak. Kaping telu pancen kudu telaten makani uga ngeresiki kandhang. Yen pithike jenis petelur, uga siyapake panggon sing kanggone dadi wadah ndhog lan sediyakake kandhang sing cocok manut jenise pithik. Nanging kabeh cara kuwi kudu duwe pondasi utawa ilmu sing kuwat amarga hubungane karo bahan paku panganan lan piye carane ngasilake produk sing aman lan sehat. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7852", "text": "Kamera iku seperangkat peralatan sing kelengkapane nduwe fungsi gawe ngabadikno siji objek dadi gambar teko hasil proyeksi nang sistem lensa. Kamera biasa digawe nang aktivitas fotografi. Kamera iki nduwe komponen-komponen penting. Mulai teko body kamera, lensa, tombol shutter sing digawe njepret, ambek film utowo kartu memori gawe nyimpen hasil foto iku mau. Sak liyane iku, onok maneh komponen tambahan kamera. Mulai teko lampu flash, pengatur speed, pengatur diafragma, pengatur ISO, karo pengatur fokus nang lensa. Sak liyane komponen utama karo komponen tambahan iku, onok aksesoris sing fungsine gawe menyokong kegiatan fotografi. Mulai teko flash external, tripod, remote shutter, dan liyane maneh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6376", "text": "Takakura kuwi salah siji jenis metode nggawe kompos saka sampah organik sing ditemokake taun 2004 karo Mr. Takakura saka Jepang. Kompos takakura iki sifate luwih resik lan higienis. Cara nggawe kompos takakura gampang lan ora perlu peralatan sing ruwet. Bagian sing penting saka kompos takakura iki yaiku wadah sing dilapisi kardus ning jerone. Banjur ning jerone diwenehi sekam lan sampah organik sing arep diolah kaya godhong garing, sisa sayur, lan uga sampah organik liyane. Amarga zat metana, sampah iki bakal ngetokake panas, diukur saka 2 cm ning nduwur permukaan. Kompos iki ora oleh garing, kamangka kudu dilelok kelembabane kaya disemprot banyu. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4692", "text": "Panganan sing lagi rame ning acara car free day dina minggu esuk kuwi salah sijine kerang ijo bumbu pedes. Kerang ijo iki digodhog nganggo bumbu godhong salam, jahe, lan bawang mesisan karo cangkange. Kerang ijo sing wis resik iki bakal mbuka dewe yen wayahe wes mateng banjur bisa dimasak maneh nganggo bumbu abang. Kerang ijo iki regane sepuluh ewu. Yen wayah usum kerang, sepuluh ewu kuwi bakal oleh akeh banget, nanging yen wes wayah udan lan jarang ana kerang, kerang iki ya sithik isine. Nanging rasane enak, yen kerange seger ya ora amis lan ana rasa legine. Kerang iki akeh sing seneng amarga mbukake luwih gampang timbang jenis kerang liyane. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6395", "text": "Yen ngomongake angkutan umum, pemerintah ning Indonesia iki dianggep ora serius nggarao proyek sing regane triliyunan iki. Angkutan umum iki pancen kaitane karo kesejahteraan rakyat amarga iki akses kanggo masyarakat ben bisa kerja lan dadi produktif ning daerah liya. Sing paling kethok yaiku pengelolaan KRL lan uga penyediaan fasilitas antrean ning stasiun. Wong sing numpak KRL sabendina mesti ngerasa kesel ngantre amarga akeh banget wong lan ora sebanding karo jumlah sepur sing ana ning jerone. Pemandangan iki wis biyasa, nanging yen didelok saka pengelolaane uga salah amarga warga ora dibukakake antrean ning jalur liya lan marai kuwi kacau lan uga sesek.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5506", "text": "Kanggo para generasi 90-an sing saiki wis kerja, gim sing isih dadi kesenegan yaiku gim The Sims. Gim iki serine akeh lan uga macem-macem variasine. Sing marai seneng yaiku The Sims iki bisa dadi sarana kanggo ngerancang omah lan urip ning jero gim kuwi. Sing paling penting yaiku ning gim iki ora ana target level lan poin dadi luwih bisa bebas kanggo dolanan. Ning sasi Oktober wingi, EA Games, perusahaan sing nggawe gim iki nggawe layanan The Sims gratis. Cara ngunduhe ya mung butuh email lan daftar ning web EA. Banjur game kuwi bisa diunduh legal sak durunge akses ditutup. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5416", "text": "Jogging utawa mlayu-mlayu kuwi kalebu salah siji olahraga sing gampang dilakoni lan bisa nyehatake awak. Jogging iki ora mbutuhake sarana olahraga sing macem-macem. Nanging tetep wae ana babagan sing kudu digatekake ben ora cidera. Kaping siji yaiku sak durunge jogging, luwih becik yen pemanasan kanthi awak lemes lan siap digawa mlayu. Kaping loro, aja mangan sak durunge mlayu amarga bisa marai muntah lan kesalahan pencernaan. Kaping telu, amarga jogging iki sifate santai, aja ndadekake patokan kecepetan sing ana, nanging nganggo kekuatan sikil. Kaping papat, jogging iki kudu rutin ben awak bisa kelatih lan ora abot yen dinggo ambegan lan ora sesek. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7797", "text": "Kadangan, pertandingan olahraga iku ditayangno bengi banget nek nang saluran TV ne Indonesia. Hal iku mergo perbedaan waktu nang belahan bumi liyane ambek nang Indonesia sing adoh banget, marakno acara pertandingan olahraga ditayangno bengi banget. Gelem gak gelem awak dewe kudu melekan gawe nonton. Padahal begadang iku akeh gak apike, tapi awak dewe pasti tetep mbelani lah. Nek wes ngono, onok cara sing isok dilakoni ben awak dewe tetep sehat mbasio kudu begadang nonton pertandingan olahraga. Siji, pastikno posisi longgomu nyaman gawe awak. Loro, gatekno jarak nonton ambek pencahayaan TV sisan. Telu, nek pingin nyemil, pilih cemilan sing sehat koyok buah-buahan. Papat, lakoni stretching sesekali, isok dilakoni pas jeda pergantian babak. Limo, kudu penuhi asupan cairan nang awak. Terakhir, pastikno sisan jam turumu teteo tercukupi.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6366", "text": "Ning dunia psikologi, saiki mulai dikenal dolanan sing bisa ngurangi stres marang wong sing gampang ngerasa panik. Dolanan iki arane stress ball utawa bal antistres. Dolanan iki digawe saka karet utawa saka benang sing nduweni tekstur lan uga bisa ngerangsang fungsi saraf lan relaksasi. Manfaat stress ball iki akeh banget sak liyane ngilangake stres. Dolanan iki bisa dinggo nyenengake ati amarga bentuk sing lucu lan uga seneng yen dicekel. Kanggo bocah cilik, dolanan iki bisa ngalihake perhatian ngelatih otot tangan. Dolanan iki uga bisa ngurangi kram lan uga pegel ning tangan amarga ngelatih sendi wong sing wis sepuh kanggo obah lan ngelancarake aliran darah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7771", "text": "Dino iki, koyok biasa aku dolen badminton karo tonggoku nang ngarep omahe pas sore-sore. Dan koyok biasa, awak dewe bakal dolen sampe sak tuwuke. Cuma dino iki, aku lagi ndek kondisi gak bejo. Soale pas aku maju gawe ngejar kok, sendalku pedot dan iku marakno aku nyusruk. Tonggoku sing ndelok langsung panik dan cepet-cepet nulungi. Pas didelok, dadakno onok luka dowo mulai teko lutut sampe mata kaki. Sing paling nemen iku luka nang lutute. Tonggoku langsung melbu omahe gawe njupuk kotak P3K. De’e cepet-cepet ngresikno lukaku nganggo banyu disik baru ngobari lukaku. Berhubung awakku sek kaku, dadi aku mek isok meneng selama diobati.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5063", "text": "Kitab agama Hindu yaiku weda utawa veda. Weda iki isine sastra kuno utawa karangan-karangan zaman india kuno sing akeh lan pengertiane uga macem-macem lan manika warna yen dipelajari. Ning ajaran Hindu, weda iki kalebu golongan Sruti utawa ajaran sing dirungongake karo umat Hindu amarga isine sabda saka para Brahman. Weda iki maune mediane lisan, nanging pas para pandita wis nemu cara kanggo nulis, banjur Weda iki ditulis ning godhong lontar. Weda iki isi lan turunane uga akeh. Isine yaiku ilmu obat, babagan seni lan bela diri, ilmu bumi, seni musik lan tari uga ketrampilan liyane. Kamangka weda iki dadi tuntunan urip kanggo umat Hindu. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2806", "text": "Kabeh wong jowo wes ngerti sing jenenge Upacara tingkeban sing ono nang Adat Jowo. Tapi saiki Upacara iki wes ngalami pergeseran sing tambah suwe upacara iki ora meloki aturan koyok biyen. Lah aturane biyen iku yo seje-seje karek tokoh adate biyen ngulangno opo. Tingkepan iku termasuk tradisi sing kudu dilakoni nag wong meteng nang jowo mes mlebu umur pitung ulan. Nah tingkepan iku yo ono prosese, tapi saiki akeh wong jowo sing ora ngerti prosese. Prosese yaiku Dongo bareng, terus ono acara siraman, terus ganti kain batik sampek peng pitu, ambek sak teruse, termasuk mangan bareng sing dadi budayai wing jowo sing daiki mulai luntur.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "895", "text": "Sasi Oktober taun 2022, ono tragedi neng donyo bal-balan Indonesia. Pertandingan Persebaya ngelawan Arema mangan korban jiwa. Pertandingan kui diadake neng Stadion Kanjuruhan, Malang. Bener, pertandingan kui dilakoke neng kandange Arema. Senadyan, tanding neng kandang Arema kui kalah karo mungusng bebuyutane. Awale ono, penggemar sing nylonong mlebu lapangan lan ono polisi sing nyekel perkso penggemar kui. Nah, iki kesalahane polisi sing ngerembet dadi tragedi. Kabeh sing ono neng kono dadi duwi spekulasi dhewe-dhewe, penggemar liyane ngiro koncone diantemi lan polisine ngiro pendukung sing liyone arep mulai rusuh. Kesalahan sing keloro kui, polusi nganggo gas air mata kanggo bubarke kerusuhan kui, pas kahanane stadion kui kebak, malah ngeluwihi watese.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4654", "text": "Gawe bocah sing rada milih-milih panganan kaya aku, ora kabeh jajan bisa tak pangan, salah sijine cilok. Ora kabeh cilok enak lan cocok. Aku paling seneng cilok Bandung sing bentuke alus lan rasane luwih asin. Njerone biyasane ana tetelan daginge. Aku luwih seneng yen putihan utawa ora diwenehi saos lan bumbu manika warna. Nanging, aku ya ora seneng cilok sing bentuke kaya bakso kasar nanging cilik-cilik. Daginge kaya kurang akeh lan rasane kaya luwih akeh tepunge. Kepiye wae, aku ora mangan cilok akeh-akeh amarga kakean aci marai weteng lara lan bisa murus nek ditambah saose. Mula aku ya kudu ngati-ati yen arep njajan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10163", "text": "The Ranch Ciater dibikak saking sasi Mei 2021. Lokasinipun boten tebih saking Astro Highland. Wiwit dibikak, panggonan menika sampun saged narik minatipun pengunjung. Sanesipun kathah panggonan foto ingkang endah, The Ranch Ciater ugi nyedhiakake wahana kangge bocah, inggih punika wahana feeding zoo utawi nyaosi dahar kewan. Tiket mlebet reginipun kalih dasa ewu nalika dinten kerja lan selangkung ewu nalika dinten prei. Panggonan parkiripun jembar, dados pengunjung rombongan saged parkir kanthi kepenak. Kados Astro Highland, The Ranch Ciater ugi gadhah restoran ingkang saged dinikmati daharanipun nalika pengunjung sayah keliling. Wonten kalih restoran ingkang saged dipilih pengunjung wonten The Ranch Ciater Subang menika.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6946", "text": "Arek cilik iku biasane seneng ombean sing seger-seger terus rasane legi, salah sijine iku lemonade. Cara nggawene iku gampang banget, malah arek cilik yo isok melu ngrewangi. Bahane yo gampang banget digoleki, yaiku banyu, buah lemon utowo buah jeruk nipis nek gak nemu lemon, gulo ambek es batu. Pertama gulo dijur disik nganggo banyu anget sampe cair. Mbari ngono lemon dipotong dadi loro, terus diperes sampe isine entek. Siapno banyu nang teko gede, terus tuangno lemon sing wes diperes karo gulo cair. Diudek sampe roto sambil ping pisang diicipi. Nek kekecuten, isok ditambah maneh gulone. Tapi nek pengen luwe kecut maneh, isok ditambah lemone. Terakhir ditambahi es batu. Lemonade siap disajekno.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3238", "text": "Biyen pas aku delok TV mesti dikongkon ngadoh ojo parek-parek mergone marakno moto loro. Yo ancene iku anjuran sing pancen ditulis karo pabrik sing gawe TV mboh iku TV lawas utowo TV anyar mesti ono anjuran sing ngongkon koyok ngunuku. Mangkane nag delok TV iku ojo parek-parek mundak motomu iku iso-iso dadi men polahe sinare TV maeng. Maringono Radio barang yo ngunu, nag aku ngeringekno mesti karo pak gak oleh gede-gede soale brebeki kupinge wong liyo. Padal asline anjuran iku maeng yo ono nang buku panduane, tapi ora masalah brebeki tanggane tapi ben kupinge maeng ora sliwer ambek ora dadi kopok polahe speaker sing ono nang radio maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7876", "text": "Saiki, wong sing kerjo ndek tol iku wes ‘digantikno’ karo robot, utowo luwe gampang disebut otomatisasi. Otomatisasi nang tol iki dinilai efektif soale saiki bayar tol iku mek butuh nempelno kartu, terus wes mari deh. Gawe awakmu sing durung eroh carane bayar tol sing saiki, tutono cara iki. Siji, siapno disik kartu e-toll e. Loro, isi saldone. Saldo iku mau sing digawe bayar tol. Awakmu isok ngisi nang minimarket utowo ATM. Telu, nek kate bayar, buka jendela mobil terus julurno tanganmu gawe nempel kartu e-toll mau nang mesin e. Enteni sampe palang tol e kebuka. Terakhir, nek wes mari, lanjut mlaku ae deh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9297", "text": "Ibuku seneng yen masak lan ngolah cumi-cumi. Salah siji olahan cumi-cumi sing paling gelek dimasak yaiku cumi oseng. Cara masake uga gampang banget lan bumbu sing dibutuhake uga bumbu-bumbu biasa sing ana ing pawon. Kaping siji, cumi diresiki lan diperesi karo jeruk nipik. Kaping pindho, ndase cumi aja dibuwak nanging dilebakna ana ing njero awake lan dijojoh karo sunduk. Kaping telu, oseng kabeh bumbu sing dibutuhake kaya godhong salam, godhong jeruk, lengkuas, lan jahe nganti wangi. Sing terakhir, cumi dilebokna lan diwenehi uyah lan kaldu jamur kanti diudek. Sawise iku aja lali kanggo dijajal mbok menawa kurang asin apa kurang liyane supaya bisa dibenerna rasane. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5413", "text": "Skipping utawa lompat tali yaiku olahraga sederhana sing bisa dilakoni ning omah. Olahraga iki bisa dilakoni dhewe uga bisa bareng karo kanca-kanca lan dadi dolanan tradisional. Lompat tali iki bisa nganggo tali khusus utawa bisa nganggo karet sing dironce kanthi dawa. Lompat tali iki ora dilombakake, nanging bisa dadi alternatif olahraga pemanasan sak durunge ngelakoni olahraga sing luwih abot. Olahraga iki bisa ngelatih motorik anak sing isih kasar ben dadi anak sing lincah lan luwih percaya diri amarga olahraga iki ndelok dhuwure lompatan. Anak sing seneng dolanan lompat tali iki duwe sikil sing luwih padet lan kuat amarga latihan terus saka olahraga iki. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7461", "text": "Aku dijaki koncoku nang omahe, soale de’e kate nyudokno sesuatu nang aku. Aku iyo iyo ae pas digeret ambek de’e. Pas wes tutuk omahe koncoku, de’e langsung ngajak aku nang kamare dan nyudokno sesuatu sing bentuke lonjong dan dowo, terus onok bolong-bolonge. Jare koncoku, iku jenenge seruling bambu. De’e dioleni ambek pakdhene sing mbari teko Bandung. De’e yo nyoba niup seruling iku dan munine isok merdu banget. Aku sing penasaran akhire pingin nyoba sisan. Koncoku langsung ngenehi seruling iku nang aku dan njarno aku ngutak ngatik. Pas aku nyoba, munine gak isok semerdu koncoku. Aku njaluk ajari nang koncoku dan dituruti. Akhire sak dinoan iku aku sinau cara nyebul seruling bambu sing tepak.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9226", "text": "Menawa golek panganan sing duweni akeh serat, aja lali ana panganan sing jenenge ager-ager. Cara nggawene uga ora angel. Kaping pisan, tuku ager-ager bubuk utawa instan sing ana ing pasar. Banjur nggodhog banyu 500 ml wae ora perlu akeh-akeh supaya ager-ager mengko dadine padhet lan ora jemek. Nalika banyune wes umup, ager-ager bubuk iku mau bisa dilebokke banyu lan diudhek nganti rata. Ngudhek ager-ager dibarengi karo geni sing ora pati gedhe supaya ora gosong. Wasana, yen ager-ager wis mateng bisa dijarke kurang luwih telung menit kanggo ngilangi keluk. Yen keluk wis ilang, ager-ager wis cepak kanggo dicetak ana ing cetakan lan luwih enak yen disimpen ana ing kulkas sadurunge dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7330", "text": "Pas pandemi, mamaku rutin banget ngelakoni Jum'at berkah. Maksute ben dino Jum'at mamaku pasti bakal bagi-bagi panganan nang tonggo. Sing paling sering iku sego bungkusan. Dadi mamaku nggawe sego bungkus sampe 50 bungkus. Sebagian bakal dibagekno nang tonggo dan sebagian maneh bakal didekek nang etalase kosongan nang ngarep omah dan sopo ae isok njupuk panganan nang kono. Mulai teko pengemis sampe wong gendeng. Alesane mamaku ngelakoni iku soale ben dino Jum'at, kabeh ibadah iku pahalane bakal dilipat gandakno, makane mamaku ngerutini Jum'at berkah. Dan kabeh uwong nang sekitaran perumahan pasti bakal sueneng nek wes wayahe Jum'at berkah. Soale mereka wes arep-arep njupuk sego bungkus gratisan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9642", "text": "Aku wingi sembayang shubuh nak masjid mburi omah ku. aku jarang-jarang jamaah nek wayah shubuh soale akeh akeh e aku keturon. kadang leren digugah karo ibuk u ben iso tangi shubuh. isuk iki mau aku digugah ibuk ku amarga aku karipan wingi turuku kebengen. aku cepet-cepet adus adus ben ora kari oleh e sembayang shubuh jamaah iki. mari adus aku langsung budhal. untung e aku ora kari. mari sembayang shubuh iki mesti onok khotbah shubuh e . khotbah dino iki mau bakas perkoro wong seng ora tau sembayang mbesok bakale disikso ning neroko. kerungu khotbah e wak yai mau langsung atiku ora karu-karuan , atiku langsung dredeg tanganku langsung anyep dadi adem, awakku langsung ga enak .sirahku langsung ngelu mikirno khotbahiki. aku iling iling nek aku jarang ngelakokno sholat , kadang aku yo keturon kadang aku yo asarasen . marine kerungu khotbah iki mau aku langsung sadar ora males sembayang maneh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6351", "text": "Pas wayah udan ning omahku saiki mesti kali akeh sing longsor. Struktur tanah lempung sing kurang padhet uga anane sawah lan jarang ana wit gedhe marai tanah kuwi ora kokoh. Sing diwedeni yaiku pas ana kendaran, bakal ketumpuk karo longsoran tanah iki. Kamangka, pas wayah musim panas lan garing ora ana udah, para warga ngewangi mbangun tebing beton kanggo watu lan mulai nandur wit ning cedhak jurang ben tanah kuwi luwih kokoh. Para perangkat desa uga mulai ngewenehi perintah kanggo ndandani dalan lan uga masang rambu miturut saran saka polisi sekitar. Anggaran sing disediakake ya ora setitik nanging kudu dilakoni ben warga tetep selamet.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "119", "text": "Mi ayam kui jajanan sing disenengi karo akeh wong seko sing enom tekan sing tuwo. Jenis mine uga akeh wernone, ono sing kandel ono sing tipis, ono sing lurus ono sing kritiyng, lan ono sing kenyel ono sing ora. Topping utowo isiane uga werno-werno. Enak orane mi ayam kui tergantung karo ilate dhewe-dhewe. Salah siji merk mi ayam sing terkenal sak Indonesia kui jenenge Bakmi GM. Nanging restoran cepat saji kui regone larang, ora cocok kanggo dompet mahasiswa. Mi ayam kui ono versi sing murahe neng Yogyakarta. Lokasi nyempil ono neng Fakultas Ilmu Budaya, UGM. Jenenge mi ayam kansas. Rasa lan tekstur mine kui mirip banget koyo Bakmi GM. Nanging kanggo rego sing luwih murah. Sak porsine iso dituku wiwit rego Rp12.000.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8112", "text": "Secara umum pekerjaan kantor iku tugas sing ngatur ambek nyatet berbagai kejadian sing dilaksanakno ben isok dadi keterangan sing berguna. Pekerjaan kantor iki ngeliputi kegiatan penunjang tugas utama utowo visi perusahaan, sing meliputi nyatet, ngolah ambek nganalisa. Nek dijabarkno maneh, pekerjaan kantor iku onok macem macem. Siji, nyatet. Misale koyok nggawe notula ambek nyatet berbagai kegiatan sing dilakoni nang perusahaan. Loro, ngumpulno data. Misale koyok ngehimpun keterangan sing nyebar nang ndi ndi terus dikumpulno dadi siji. Telu, pengolahan. Misale ngumpulno keterangan sing wes dicatet ambek dikumpulno terus diolah dadi laporan. Papat, komunikasi. Misale koyok ngelakoni panggilan telepon utowo chatting. Limo, ngetik. Biasane bahan sing diketik iku catatan neraca pembukuan, naskah perjanjian, memo, surat, nota, utowo laporan liyane. Enem, surat menyurat. Biasane iki tugase gawe nerimo surat teko perusahaan liyo karo ngirim surat nang perusahaan liyo sisan. Pitu, pengiriman. Misale ngirim email utowo ngirim barang. Wolu, nyimpen. Misale ngearsip surat surat kantor. Terakhir, ngitung. Misale ngitung belanja barang utowo nitung biaya transportasi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3265", "text": "Nag gelek delok berita mesti ngerti sing jenenge jam sing fungsine koyok hp. Nah barang elektronik sing koyok nginiki asline apike megilan soale ora ngerepotno menungso gowo hp sing saiki tambah suwe tambah gede ukurane ambek nag disaki iku ewone megilan. Masio iku iso gantekno fungsine hp, tapi ora iso gantekno fungsine sak kabehane. Soale ono pirang-pirang funsine hp sing ora iso digantekno ambek elektronik iku maeng contone koyok sms, ambek telfon barang yo isek durung iso sempurno koyok hp. Terus asline jam iku maeng mok kanggo ngewangi hp tok ben wong iku maeng ngerti nang ono opo-opo nang hp ne mboh iku telfon, utowo sms.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7429", "text": "Potong Bebek Angsa iki lagu daerah sing asale teko Nusa Tenggara Timur utowo disingkat NTT. Pencipta lagu iki yaiku pak Kasur sing nduwe jeneng asli Soerjono, salah siji tokoh pendidikan Indonesia. Lagu Potong Bebek Angsa iki dadi lagu anak sing populer sampe saiki. Selain iku, lagu sing siji iku dadi lagu daerah sing paling gampang dihafalno ambek arek-arek cilik. Beberapa alesane iku siji, lirik e sing nggango boso Indonesia, dadi arek cilik luwe gampang gawe ngerti lirike dan luwe gampang nyanyiknoe. Loro, lirike pendek, gak koyok lagu liyane sing dowo, dadi luwe cepet ngafalno kabeh lirike. Dadi gawe awakmu sing nggolek lagu daerah gawe dikenalno nang ponakan utowo anak, coba nganggo lagu sing gampang gampang disik, salah sijine Potong Bebek Angsa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1728", "text": "Awak dhewe kudu nyapa tetangge dhewe pas lagi papasan neng dalan utowo liwat neng ngarep omahe. Kegiatan kui ketok sepale nanging kui penting. Awak dhewe iso tetep jogo silahturahmi neng tonggo-tonggo. Kanggo nemoke wektu kumpul sing pas karo tonggo kui oro angel. Awak dhewe duwe kesibukane dhewe-dhewe sing ora iso ditinggal. Makane kui, nyapa pas papasan kui dadi salah siji solusi paling gampang kanggo loro-lorone. Senadyan, ora iso ngobrol suwe, nanging paling ora awak dhewe iso nunjuke yen awak dhewe isih perhatian karo tonggone dhewe lan sak walike tonggone dhewe uga isih ngeroso dianggep karo awak dhewe. Pas duwe wektu sing luwih selo, awak dhewe uga iso ngobrol dilit pas lagi papasan kui.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4685", "text": "Sayuran sing siji iki, wis mulai sering dikenal amarga rasane sing khas lan bisa dimasak nganggo bumbu apa wae. Sayuran iki ya arane brokoli. Brokoli iki bentuke mirip kembang kol, nanging yen digatekake ya bedha. Miturut penelitian, brokoli kuwi ngandung antioksidan kang dhuwur uga bisa ngurangi hipertensi. Brokoli iki apik kanggo diet, nanging masake ya kudu bener lan nganggo resep kang manika warna amarga yen ora bisa masake, rasane brokoli iki bakal pait. Ning Amerika, brokoli iki wajib dadi panganan sing disediakake ibu-ibu kanggo anake amarga gizine apik kanggo bocah sing lagi ing masa pertumbuhan. Brokoli iki uga bisa ngerangsang kecerdasan amarga warnane sing moncer kang gampang dikenali bocah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2328", "text": "Ndelok wocoan sing nang situse Sehatq, tibak'e keripik gedang iso dinggo pilihan sak liyane cemilan sing wes ono koyok gorengan bek sak piturute. Lah keripik gedang iku maeng sak liyane iso digawe cemilan tibak'e yo duwe manfaat sing lumayan akeh masio luweh sak itik timbang gedange asli. Jare data'e FDA, keripik gedang iku akeh serate. Perkiraan serat nang kripik gedang iso sampek 1 gram luweh gede timbang kentang sing mok 0.6 gram. Tapi kandungan iku maeng karek tergantung cara ngolahe. Nag ngolahe keleru yo durung karoan iso sak munu. Contone koyok ditambah karo gulo, terus digoreng karo lengo kletek, ambek getambahi legi-legian sing garai rasane gedang tambah aneh-aneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4007", "text": "Sing jenenge urip ambek pasangan iku ancene akeh tantangan sing bakal diadepi nang uripe maeng, terus sak liyane iku yo ono perkoro sing kadang marakno gegeran masio iku ora sepiro nemen. Terus sing jenenge urip ambek gandengan utowo pasangan biasane mesti akeh cobone sing marakno itik-itik srengen ambek padu. Tapi masio akeh tantangane, iku kabeh mog angger tantangan sing kenek digawe ngelatih kesabaran ben iso dadekno ati iki tambah jembar. Mari ngunu, sing jengene urip ambek pasangan iku yo kudu sabar mergo urip ambek pasangan iku mesti ngalamin masalah sing ancene kudu diadepi bareng-bareng. Nag ancene pasangan iku maeng sabar yo mesti bakal iso ngelewati kene maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9670", "text": "Ning agama Islam, sholat dadi rukun islam sing nomer 2. Kewajiban iki kudu dilakoni saben dina. Riri bocah umur 7 taun wis disinaui karo Bapak Ibune kanggo meli sholat 5 wektu senajan kadang isih bolong. Saben isuk Riri digugah kanggo melu sholat shubuh. Kanti isih ngantuk Riri tetep melek lan melu sholat. Nalika sholat bedug karo asar, Riri kadang isih kelewat amarga jam semunu Riri wektune kanggo turu awan sawise mulih sekolah. Yen sholat maghrib lan isya, Riri isih bisa sholat amarga wis tangi turu lan iku wektune kanggo sinau. Wong tuwane Riri ora pati meksa Riri kanggo sholat amarga ngerti Riri isih cilik. Nanging Riri wis apal lan wis kebiasa kanggo melu sholat dadine yen wis mlebu wektu sholat, Riri mesti nagih wong tuwane kanggo ngejak sholat.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5521", "text": "Laptop werna abang kuwi isih kebuka ning ruang tamu lan isih nayangake proyek editan video sing digarap Wisnu. Ning mburi laptop kuwi ana Wisnu sing isih mumet nggarap video sing kudune dikumpulne panitia sesuk. Laptope Wisnu wis panas banget uga wis ngadat amarga Wisnu durung mateni laptope wiwit mau bengi. Nanging Wisnu uga ora bisa istirahat amarga diuber tanggat wektu. Wisnu ngerasa salah amarga sering ngorbanake laptop kanggo keperluan sing abot iki. Nanging ning kepanitiaan, mung laptope Wisnu sing duwe aplikasi kanggo edit video. Banjur laptop kuwi akhire mati amarga ora kuat. Untunge Wisnu isih duwe cadangan dokumen lan bisa ngedit ning panggon liyane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "586", "text": "Tokoh adat utowo tokoh masyarakat kui wong sing paling dihormati neng daerahe masing-masing. Dheweke duwe posisi lan dipandang neng kono. Supoyo awak dhewe ora gawe nesu tokah adat lan masyarakt sing dipimpine, awak dhewe uga kudu ngertine unggah-ungguhe ngobrol karo tokoh masyarakat. Sing keji, awak dhewe kudu ngomong kanthi basa sing sopan utowo alus. Karo wong sing luwih tuwo wae awak dhewe kudu nganggo tata pas ngomong, apa meneh kanggo wong sing duwe kedudukan duwur neng masyarakat. Kanggo memikat ati tokoh adat kui, awak dhewe iso nganggo coro muji-muji dheweke. Nanging, pujian kui kudu tulus lan iklas. Awak dhewe ora mung sembarang ngomong sing apik-apik karo tokah masyarakat kui mung nganggo menjilat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7303", "text": "Onok sholat sunnah sing dilakoni sak durunge karo sak wise sholat fardhu. Sholat sunnah sing dilakoni sak durunge sholat fardhu iku jenenge sholat qobliyah, dan sholat sing dilakoni sak wise sholat fardhu jenenge sholat ba’diyah. Total jumlah sholat qobliyah ambek ba’diyah iki onok 22 rokaat sing terbagi nang limang wektu sholat fardhu. Sholat sunnah iki terbagi dadi loro, mu’akkad ambek ghairu muakkad. Sholat sunnah rawatib mu’akkad iki dianjurno gawe dilaksanakno soale pasti dilakoni karo Rasulullah SAW. Total sholat rawatib mu’akkad iki onok 10 rokaat, yaiku 2 rokaat sak durunge shubuh, 2 rokaat sak durunge dhuhur, 2 rokaat sak wise dhuhur, 2 rokaat mbarine maghrib, ambek 2 rokaat sak wise isya. Sholat rawatib ghairu mu’akkad iki hukume ndek ngisore mu’akkad iku mau, soale Rasulullah gak mesti ngelakoni sholat sing iki. Mulai teko 2 rokaat tambahan sak wise dhuhur, 4 rokaat sak durunge ashar, 2 rokaat sak durunge maghrib, ambek 2 rokaat sak durunge isya.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3246", "text": "Masio saiki akeh wong sing duwe mesin cuci, tapi akeh wong sing ora iso ngeramot mesi cuci iku. Nah carane ngeramut mesin iku maeng ben awet yaiku ngeresiki tabung sing biasane digawe ngumba iku maeng, mboh iku sak minggu pisan utowo rong minggu pisan ben bekas-bekas sabun utowo endute maeng iso resik. Ojo kakean oleh ngelebokno pakean soale iku marakno mesine kerjone dadi abot. Gawe sabun sing digawe umba-umba sak cukupe, saole nag akeh-akeh biasane iku ngerak nang ngisor. Dele'eng mesin cuci iku maeng nang panggonan sing pas, maksute sing roto ambek ora kudanan, terus ado teko bocah-bocah cilik. Nah iku maeng termasuk salah sijine cara ben mesin cucine iku awet. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5809", "text": "Akeh wong sing ngomong yen kabeh bisa dadi pengusaha. Nanging pengusaha iki uga kudu nduwe bakat lan ketelatenan sing dhuwur. Perusahaan gedhe kuwi ya ora bisa ilang ciri lan perjuangane amarga mesti ono munggah mudhune. Para pengusaha sukses uga sinau akeh saka kegagalan lan uga ngalami rugi lan bangkrut senajan bisa tangi lan mbangun usaha maneh. Sing penting saka wirausaha saiki yaiku mental. Perkara mental sing bola-bali ajur lan ngelakoni kesahalan kuwi wis biyasa lan bisa dadi pelajaran ben sesuk-sesuke bisa luwih kuwat lan bisa nggawe usaha sing luwih gedhe. Amarga kuwi, aja mung kemampuan, tapi ayo nguwatake mental ben ora gampang ambruk yen kena musibah ning usaha. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5596", "text": "Belanja online kuwi pancen teknologi sing paling maju lan bisa marai kabeh gawean tambah gampang. Utamane kanggo wong sing sibuk. Nanging babagan belanja online iki uga akeh banget godhane amarga barang sing dipajang kuwi katon menarik banget. Kanggo nyiyasati tipuan teknologi iki, awak dhewe kudu bisa ngendalilake kekarepan kanggo blanja. Awak dhewe kudu ndelok dhuwit sing ana saiki lan diusahakake aja nganggo utang. Banjur awak dhewe kudu bisa misahake ngendi wae sing dadi kebutuhan lan ndi barang sing ora penting. Sing paling penting pas nganggo aplikasi online iki, awak dhewe uga kudu njaga kekarepan ben ora ana kredit sing lebih. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10132", "text": "Kanca kula Maria saking Ambon dinten menika dolan menyang griya kula. Kita wau blanja dhateng pasar kangge damel daharan ingkang asring didahar Maria dhateng kampung. Iwak cakalang dados bahan utami daharan menika. Asmanipun daharan ingkang ajeng kita masak inggih menika cakalang suwir kemangi. Nanging, amargi boten wonten iwak cakalang, kita tumbas iwak tongkol. Tekan griya kula, tongkol wau digoreng lan disuwir alit-alit. Lajeng dimasak kaliyan bumbu alus kados brambang, bawang, lombok abrit, lan lombok rawit. Lombokipun kula kathahi amargi kula lan Maria sami remen pedes. Kangge damel masakanipun wangi, Maria nambahi masakanipun kaliyan sereh lan godhong jeram. Kemanginipun dilebetaken nalika tongkolipun sampun meh mateng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "457", "text": "Kitab sucine umat muslim kui Alquran. Sak ben taun umat Islam ngerayake dino pas pertama kaline ayat Alquran disampaike seko Malakat Jibril nang Kanjeng Nabi. Ayat sing pertama kali kui medun tanggal 17 pas Ramadan. Dadi wong muslim kui ngerayakene pas poso. Wong-wong biasane ngerayake peristiwa sing bersejarah kui kanggo moco 30 Juz sak dino kui. Biasane sing gawe kui takmir masjid. Takmir masjid golek wong sing iso moco 30 Juz sedino kui. Mengko wonge kui moco Alquran disiarke nganggo pengeras swara masjid sing jobo. Awak dhewe entuk mrono lan ngerongke wonge ngaji utowo melu ngaji neng kono. Bengine pas sala tarawih, khatibe bakal crito babagan sejarah Alquran lan pentinge moco kitab suci umat Islam kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "481", "text": "Aku tau keturon pas lagi neng tengah-tengah khotbah Jumatan. Turune kui pules banget tekan, aku ora nyadar yen wis wektune salat. Bengine kui, aku garap UAS. Soale kui angel banget tekan. Aku kudu bela-belani melek tekan tengah wengi, senadyan pas kui, aku turu paling suwe kui jam 10 wengi. Lagi rampung garep soale jam setengah 12. Nanging, aku malah kancilen ora iso turu. Tak paksake merem neng kasur karo nyetel musik uga ora ngaruh. Timbangane bingung mergo ora iso turu kui, aku malah nonton film tekan jam 3. Trus, jam 5 ne aku wis tangi. Aku yen wis tangi isuk kui ora iso turu meneh. Biasane iso turu meneh kui jam 10-an. Nanging, mergo ono Jumatan yen meh turu nanggung. Neng masjid kui, aku keturon. Pas wayahe salat, aku ora tangi. Ono wong sing nepok-nepok aku, aku lagi so tangi.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3123", "text": "Labeh wong sing seneng delok balapan mesti ngerti sing jenenge Valentino Rossi. Deke termasuk salah sijine olahragawan kelas ekstrem sing ora kabeh wong iso ngelakoni iku soale iku taruhane nyowo. Deke iku identitase sing gelek dikenal ambek wong yoiku nomer 46. Sak liyane iku deke termasuk salah sijine legenda nang gone balapan sepeda montor kelas dunia. Mari ngunu deke saiki iku gawe sekolah balap sing ancen kanggo bocah-bocah sing pengen dadi pembalap. Mari ngunu saiki deke wes pensiun teko balapan sepeda montor soale ancene wes tuwek, terus wes kalah ambek sing enom-enom. Mangkane deke wes ora balapan maneh nang sepeda montor.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2802", "text": "Nag desoku biasane nag mari panen mesti ngadakno acara adat wong deso sing jenenge adat. Lah acara nyadaran iku koyok modele wong syukuran utowo wong bacaan. Nyadran iki kudu dilakoni wong sak kampung solae gawe mujudno roso syukur nang pengeran soale wes nguwei panen nang wong sing ng deso iku maeng. Lah nag acara iki wong sak kampung kudu gowo panganan terus di dongani bareng ambek ngirim dungo konggo leluhur sing mes pamit disiki. Terus nag wes mari digongae panganan maeng dibagik-bagekno karo wong-wong sing nang tonggone utowo ijol-ijolan panganan iku maeng. Lah nyadaran iku ora dilakoni sak ben ulan tapi mog sak tahun pisan nag pas wayae mari panen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5026", "text": "Salah siji crita sing ana ning kitab suci yaiku crita Nabi Nuh sing nampung umate saka banjir bandang nganggo prau sing gedhe. Prau Nabi Nuh iki digawe saka kayu sing kuat lan digawe ning ndhuwur bukit. Saka Nabi Nuh, awak dhewe sinau babagan cara ngadepi bencana, yaiku kaping pisan nyiyapake kabeh kebutuhan sing bisa dinggo pas lagi ana bencana kaya sedia prau kanggo daerah sing gampang banjir. Kaping pindho yaiku nggawe perlindungan ning panggon sing dhuwur lan ngadoh saka sumber bencara. Kaping telu yaiku nyampekake tandha-tandha saka alam yen arep ana bencana kaya udan gedhe, lindhu, udan awu, lan nggiring warga marang panggonan sing aman. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9021", "text": "Dino iki aku lagi bosen nang omah dan milih gawe dolan nang omahe koncoku. Nang omahe koncoku iku onok kolam renange dan aku pingin renang nang kono. Aku wes siap-siap klambi renang terus aku renang nang kono karo koncoku sisan. Mbarine tuwuk, baru aku mentas dan adhus nang kono. Berhubung rambutku iku diwernoi, dadi ngeringno e iku kudu nganggo hairdryer. Nek nganggo handuk, engkok wernone maleh ngecap nang handuk e. Akhire aku nyilih hairdryer nang koncoku. Buru ae tak cetek nyala, hairdryer iku moro ngebul debu akeh pol. Aku jelas kaget lah, terus takon nang koncoku kok isok koyok ngene. Koncoku langsung ngomong nek de’e lali ngresikno hairdryer e. Akhire aku kudu ngenteni koncoku gawe ngresikno hairdryer ben isok tak gawe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2130", "text": "Koncoku cerak ku wis nikah disikan. Pas nikah kui, posisine dheweke isih kuliah. Dadi koncoku kui durung iso langsung nyambut gawe. Sak liyane kui, dheweke nikah pas isih pandemi, pas lagi angel-angele golek gawean. Sak wise nikah, koncoku kui pindah neng panggone bojone. Moro tuwone neng kono nyaranke koncoku lan bojone dodolan neng mburi omahe. Dheweke ket disik wis gawe warung cilik-cilikan neng kono. Tujuan awale kui ben dheweke dadi ono kegiatan. Nanging mergo dheweke pikir sing lagi butuh duwit kui anake lan koncoku kui, wong loro kui dikon ngelola warunge. Mengko bathi seko warunge kui kanggo kebutuhan penganten anyar kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "91", "text": "Pertengahan bulan November wingi, aku karo konco-koncoku ngadake pesta. Pesta kui diadake dalam rangka bar rampung lomba nari sing diadake karo Universitas Sebelas Maret neng Surakarta. Panggone acara kui neng omahe Caca, salah siji koncoku, ning daerah Maguwoharjo. Neng kono awak dhewe, bareng-bareng bakar daging lan tom yam. Sing marai aku kaget, jebul tom yame kui digawe karo koncoku dhewe. Konco sing gawe kuah sop panganan laut khas Thailand kui jenenge Intan. Duduhe ora amis. Roso gurih seko kaldu urange ora isin-isin. Ono roso kecut, sing nyeimbake lemak lan asin neng tom yam e kui. Banjur aku takon karo dee piye carane nganggo duduh tom yam kui.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "12", "text": "Wingi aku wes ngejelaske menu-menu opo wae sing paling laris neng Boba Party. Saiki, aku kepengen ngulas ombenan paling murah sing iso ditumbas neng kono. Supoyo konco-konco sing meh ngemat tetep iso tuku ombenan kekinian. Menu sing tak ulas iki jenengn teh thailand boba. Ombenen kui neng Boba Party iso regone Rp6.000. Ukurane gelase 14 oz. Bobane lumayan akeh lan teksture isih kenyel ning isih gampang dikunyah. Roso tehe ora patio keroso ning legine pas. Saranku, nek arep diombe langsung ngomong wae karo bakule gulone distike. Ning nek misale meh diombe rodo engko mesene sing biasa. Suwe-suwe ese bakal cair dadi rasane bakal luwih pas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3535", "text": "Pas wong sing buka usaha iku maeng rodok rugi biasane deke iku mesti ngobral dodolane sak notok-notoke batine maeng kanggo geret ben dodolane maeng balik rame maneh. Nah coro iki akeh sing nganggep nag rodok mandi soale biasane wong nag kenek rego murah mesti bakal tuku. Terus sak liyane iku yo goleh cara liyane yoiku ngoreksi dodolane maeng ambek sing ancene dodolan sing gelek disenenge wong utowo sing paling gelek ditukoni wong tapi ambek werno sing seje utowo jenis sing liyane sing sekirane iso mancing owng kanggo jajal. Mari ngunu gawe rego yo ojo larang-larang soale sing jenenge wong tuku yo mesti mikir nag regone iku larang.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3524", "text": "Saiki iku wes jamane moderene megilan kabeh wes serba teknologi sing iso ngayai endi-endi. Nah podo ae ambek sing jengen dodolan, dodolan jaman saiki wes kenek ae teko omah ambek ora atek utowo butoh sing jenenge panggonan sing gede terus nang panggonan sing ramene megilan. Tapi kabeh iku iso dipasarno lewat sosial media sing saiki iso ngayai kabeh enggon ambek kota sing ono nang negoro iki. Sak liyane iku sing jenenge dodolan teko omah maeng yo enak saole mesti iso ditinggal nyendak liyane sing ancene biasane dilakoni nang omah. Nah contone dodolan teko omah sing gelek dilakoni wong omahan saiki yoiku buka jasa umba-umbah.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5485", "text": "Manfaat olahraga kuwi bisa dirasakake karo bocah sing isih ana ning wektu pertumbuhan, yaiku ning isor umur 12 taun. Bocah sing wis dibiyasakake olahraga wiwit cilik kuwi biyasana kekebalan awake luwih gedhe lan uga yen lara, cepet marine. Bocah sing biyasa olahraga uga luwih lincah lan ora males-malesan. Bentuk awake luwih apik, ideal, lan luwih fleksibel. Wong tuwa nduwe pengaruh kang gedhe kanggo bocah ning babagan olahraga. Wong tuwa sing males olahraga, bakal ditiru anake lan mesti anake uga nduwe penyakit genetik sing diwarisake karo wong tuwane. Anak uga luwih semangat ning sekolah lan prestasine uga luwih apik amarga ora males-malesan sinau. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2441", "text": "Kendaraan pariwisata saiki ora mok jobone tok sing kudu apik, tapi jerone yo kudu apik, contone koyok kursi, TV, ambek toilet'e. Fasilitas yo kudu lengkap koyok cas'e Hp ambek liyan-liyane. Nag biyen Bus pariwisata sing penting ketok apik wes payu. Tapi nag saiki kudu nduwe fasilitas sing lengkap ben akeh wong sing nyewo. Mangkane saiki Kendaraan wisata iku macem-macem bentuk'e ono sing Bus cilik ambek Bus gede. Fasilitas sing ditawakno yo macem-macem, karek sing jaluk. Biasane nag transportasi wisata sing mewah iku regane yo lumayan, tapi nag sing sederhana yo ora sepio larang. Mangkane nag numpak transportasi pariwisata cocokno karo kebutuhan ae. Sing penting iso budal ngelencer.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4750", "text": "Liburan sing paling mbungahake atiku yaiku nalika aku isih ning Jogja lan lunga ning omahe dosenku. Omah dosenku kuwi ana ning Bantul lan rada adoh saka kampusku. Omahe ana ning pinggir sawah lan akeh banget karya seni sing dipajang amarga dosenku ini salah sawijining dosen sing berprestasi ing bidang seni, yaiku seni lukis. Rampung ngobrolake kuliah lan penggaweyan, aku lan kanca-kancaku mangan ning salah sawijining warung tongseng sing ana ning pasar Bantul. Warung iki rame amarga tongsenge enak lan empuk. Tongseng iki wis kesohor amarga pithik sig dinggo pithik kampung lan wis dodolan saka tahun 60-an. Pokoke liburan iki sak liyane mbungahake ati uga bisa nguwatake silaturrahmi karo dosenku. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "860", "text": "Aku disik sempet SD neng Sekolah Alam Bogor. Kui sekolah bedo banget karo sekolah sing liyane. Neng kono kui, akeh dolane. Aku lan konco-koncoku ora ngeroso koyo sinau neng kono. Contohe, sak ben dino Rebo kui diadake outbound. Iki sing dienteni karo koncoku sak ben minggune, nanging ora kanggo aku. Menurutku kui, outbound kui koyo olahraga ekstrem kanggo cah cilik, opo meneh kanggo aku sing wedi karo panggon sing duwur. Sing paling kerep dilakoke kui dolan luncur gantung. Sak ben outboundne kui aku sing bengok paling banter. Sing paling medeni kanggo aku kui pas awak dhewe dikon mlaku neng duwur siji tali. Awak dhewe mung iso cekalan tali liyo sing ono neng duwure.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8109", "text": "Akeh banget uwong sing sek ragu gawe buka wirausaha dewe. Alesane iku macem-macem. Mulai teko mergo gak nduwe modal, sampe sing engkok wedi gak balik modal soale rugi terus. Alesan wedi ngalami rugi iku sing paling akeh didapati nang sekitar awak dewe. Mereka luwe milih kerjo dadi karyawan kantoran sing gajine wes pasti. Padahal, buka usaha utowo berdagang iku salah siji pekerjaan sing disunnahno karo Rasulullah SAW. Selain isok entok untung sing luwe gede dan isok memperkaya diri, awakmu sisan isok mbuka lapangan kerjo gawe wong-wong sing sek nganggur mergo gak ndang ditompo karo HRD kantor. Dadi gawe awakmu sing nduwe pikiran gawe buka usaha, lakoni ae, gak usah atek ragu.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3291", "text": "Wingi pas aku dijak koncoku nang pameran elektornik aku delok ono sepeda montor iku apike megilan. Teko lampune iku ketoke kereng, terus modele iku yo wes sing model sing paling anyar. Pas tak delok-delok tibake sepeda iku maeng ora gawe bensin maneh tapi gawe listrik. Nah teknologi saiki ancene wes sangare pol kabeh wes serba listrik. Terus, sepeda maeng nag dicas pisan yo iso mlayu sampek adohe pol sampek sikitar 70 kilometeran. Mari ngunu, nag sepeda montore yo ono petekan sing kenek dieleh-eleh bantere, ono sing sentekane mesine maeng sanget ambek sing biasa. Tapi nag sentekane maeng sanget, batune iku rodok cepet entek, tapi nak sing biasa sing sentekane ora nemen utowo biasa ae, iku batune ora cepet entek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "52", "text": "Kue pukis kui jajanan sing biasa banget nanging aku seneng banget cemilan kui. Kue pukis paling umum ono rong varian, ono sing roso coklat lan ono sing ono roso keju. Cemilan kui biasane ono 2 warna, ono sing putih lan ijo. Kue pukis sing ijo biasane kui ono roso pandane. Teksture lembut. Rasane legi. Ora ono sing spesial seko roso, tekstur, lan wernone. Kue kui mirip koyo kue-kue liyane, koyo kue pancong lan kue cubit. Nanging, aku ora iso mandeg tuku pukis amergo ambune. Kue pukus pas lagi dimasak kui arum banget. Ben liwat bakule, ora tahan aku neng ora jajan kue kui.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "76", "text": "Peso sing tajem kui penting ben ngurangi kacilakaan neng dapur. Piso sing wis ora landep iso wae marai drijimu melu keketok. Makane kui, penting kanggo wong sing kerep neng daper gawe ngasah pesone. Cara ngasah peso kui gampang. Alat sing dibutuhke kui watu asah sing iso dituku neng pasar utowo swalayan cerak omah, lan tambahane gombal teles ben watu asah kui ora owah-owah pas dienggo. Sak durunge ngasah, rendem watu asah neng banyu paling ora 30 menit. Pas ngasah piso kui kudu searah, kudu seko duwur terus mengurus opo sak walike. Biasane watu asah kui ono rong sisi sing werno awu karo sing abang. Sisi sing pisanan kui dienggo kui sing awu amargo kui sisi paling kasar. Bar kui lanjut nganggo sisi abang ben pesone luwih landep.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8686", "text": "Jenenge uwong iku pasti kagok nek wes onok nang panggon sing anyar. Rasane sek canggung kabeh nek kate ngelakoni opo ae. Salah sijine iku nek buru ae pindah nang desa. Tapi kan gak mungkin awakmu koyok ngono terus. Yaopo yaopo, awakmu kudu beradaptasi ambek lingkungan sekitar ben awakmu isok beraktivitas normal koyok nang omah sak durunge. Iki cara gawe awakmu ben isok beradaptasi nang desa. Siji, iseng basa-basi nang tonggo sebelah omah. Loro, sopoen sopo ae sing mbok lewati, gak usah jeneng, cukup senyum ae. Telu, ojok isin gawe takon takon utowo njaluk tolong nang warga sekitar nek ancen butuh banget, utowo langsung ngomong nang ketua RT ne. Papat, sesuaino awakmu ambek situasi lingkungan sing anyar iku mau. Terakhir, tetep dadi opo onoke ae.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4631", "text": "Yen jajan mie biting kuwi senengane adhiku, saiki aku arep cerita panganan sing ora disenengi yaiku bubur, meh kabeh jenis bubur dekne ora seneng amarga bentuke sing ora cocok ning ilate dekne. Jarene adhiku, bubur kuwi kaya panganan bayi utawa panganane wong lara. Nanging ana siji bubur sing isa dipangan yaiku bubur kacang ijo. Yen adhiku lagi lara, ibuku mesti nggawekna bubur kacang ijo amarga dekne mesti angel mangan. Nanging lek bubur ayam, dekne ora gelem lan mesti njaluk panganan liyane. Wingi aku njajal nggawe bubur ayam dhewe nanging nganggo resep tiongkok sing ora nganggi kuah kaldu, ya tetep wae dekne ndemok wae ora gelem. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7436", "text": "Ket cilik, arek-arek iku kudu diajari gawe rajin moco. Woconan sing digawe arek cilik yo gak isok asal ngono ae, kudu woconan sing menarik. Salah sijine iku nganggo buku cerita rakyat. Selain ceritane sing menarik, akeh banget hikmah sing isok dijupuk teko kono. Cara gawe narik arek cek tertarik moco buku cerita rakyat iku pertama wacakno disik cerita sing onok nang buku iku. Wacakno dengan intonasi sing marai arek iku penasaran. Nek wes ngono, kongkon arek cilik gawe moco buku cerita rakyat iku sambil didampingi. Mbari ngono, nang akhir jelasno hikmah sing onok nang cerita iku dan isok dadi teladane arek iku mau.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5838", "text": "Kudune kabeh pengusaha ning akebh bidang iki nduweni pikiran sing positif ben ora gampang ngerasa depresi yen usahane lagi seret. Usaha iki pancen bisa dadi salah siji apresiasi marang awake dhewe. Nanging kanggo njalanake usaha iki butuh pikiran lan awak sing sehat. Akeh wong sing gagal banjur lali yen kabeh iki kudu dipasrahake marang Gusti. Tenaga diperes kanthi entek lan bisa marai lara. Banjur apese malah dobel yaiku usaha sing ajur lana wak uga melu ora sehat. Kamangka kanggo kanca sing lagi ngalami rugi ning usaha, ayo mikir sing luwih positif ben kabeh kuwi bisa dirampungake sithik-sithik lan ora kegawa emosi amarga emosi kuwi bisa ngerusak kabeh strategi bisnis sing dibangun. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5595", "text": "Sing paling dadi masalah sing paling disoroti ning Indonesia saiki yaiku mobil listrik. Mobil listrik iki angel banget diproduksi akeh amarga akeh intrik lan korupsi sing marai proyek kuwi gagal. Mobil listrik iki uga angel kawujud amarga akeh panggonan sing durung nyediakake pangonan kanggo ngisi daya la mobil iki mung ana ning kutha gedhe utawa ibukota. Listrik sing dibutuhake uga akeh lan ora ndukung industri cilik. Saka itungane, mobil listrik produksi swasta iki pancen luwih hemat lan luwih apik efeke kanggo lingkungan. Nanging sing marai angel yaiku regane mobil iki larang lan barange ora akeh. Masalah iki bisa ditangani yen Indonesia mulai produksi mobil listrik dhewe. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2397", "text": "Saiki akeh wong sing iso masak panganan laut, sampek nag media sosial ae akeh sing bag-bagi resep masak panganan laut. Dadi nag awakmu pengen mangan pangan laut ora perlu tuku disek, cuku gawe resep sing wes dibagi-bagikno ambek uwong uwong nag media sosial iku. salah siji resepe yaiku udang goreng mentega saus tiram. carane masak yaiku sing awitan panasno 3 sendok gede mentega terus gorengen udange maeng, terus masak'en bumbu saus ambek geni cilik. Mari ngunu, panasno mentega, tumis bawang bombai sampek wangi terus tusen sause, kecap, gula ambek mrica karo diudek sing roto. Mari ngunu jajalen disek rasane wes pas opo durung. Nag wes enak rasane, lagek dilebokno larutan maizena'e, terus diudek maneh sing roto sampek kentel. Mari ngunu lagek dilebokno udang sing wes digoreng maeng karo diudek sing roto. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9721", "text": "Ing dino kemerdekaan Fernando lan kanca-kanca ne melu lomba ing kecamatan makili sekolahane. Fernando lan kancane kebagian lagu daerah papua sing judul e apuse. Amarga lague rodok iwu Fernando latihan saben dino sakwise mulih sekolah. Dewek e ngapalno lagune bendino ning sekolah ambek ning omah e . Pas wayah lomba e Fernando lan kanca-kancane akhire iso menang juara 1. Fernando lan kancane seneng pol iso banggakno sekolahan e. guru sing belajari Fernando ugo seneng amarga ora muspro. Amarga Fernando lomba nggawe lagu apuse dadine dewek e ero lagu iki nyeritakno putu sing kape lungo adoh pamit marang mbah putri e.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2754", "text": "Tahun iki ancene aku ambek koncoku ora iso ngerayakno idul fitri nang omah soale isek durung duwe sangu gawe moleh. Dadi akhiri ngerayakno nang kota gudeg iki. Jarene koncoku sholat idul fitri nang keneh iku seje ambek nang kampunge awak dewek soale nang keneh akeh-akehe ngerayakno sholat idul fitri nang lapangan utowo panggonan sing luweh los ben iso kamot akeh. Tapi nang kampunge awak dewek mesti nang jeru masjid soale mesjite isek kamot. Nag jareku idul fitri nang kota iki ramene megilan timbang nang kampunge awak dewek soale sing melok ngerayakno ora wong sing teko kota iki tok, tapi wong teko kota endi-endi sing ora iso muleh polahe penggawean.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10139", "text": "Ebi furai menika salah satunggalipun daharan saking Jepang ingkang bahanipun saking laut. Ebi menika artosipun urang, dene furai gadhah artos goreng. Urang goreng ingkang dipunlapisi tepung panir menika populer sanget lan mesti dados salah satunggaling menu wonten restoran Jepang. Olahan khas Jepang saking daging gurita ugi wonten ingkang kalebet populer, inggih punika takoyaki. Takoyaki awujud bal saking adonan glepung ingkang diisi daging gurita ingkang dikethok alit-alit. Varian takoyaki wonten ingkang adonanipun kraos langkung lembut. Asmanipun akashiyaki. Daharan menika langkung lembut amargi ngangge langkung kathah endog. Takoyaki biasanipun disade wonten pinggir margi. Raosipun gurih lan kenyel amargi daging gurita wau. Dahar takoyaki bakal tambah gurih menawi ditambah katsuobushi. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5560", "text": "Ana barang elektronik sing pingin tak tuku wiwit biyen lan tak belani nyelengi ben bisa tuku pas aku wis kerja. Aku wis suwe banget pengen tuku kipas angin. Amarga omahku ana ning cedhak laut, hawane dadi panas banget. Kamarku uga cilik lan ora ana ventilasi sing cukup. Kamangka kerasa panas banget. Banjur aku tuku kipas angin kanggo tak pasang ning kamar. Jebul kipas angin ya bisa ngilangake nyamuk. Nyamuk sing ana ning kamarku sing maune akeh dadi sethitik. Kipas angin iki dadi salah siji alat elektronik sing paling nguntungake taun iki amarga kamarku saiki dadi luwih adhem lan aku tambah betah kerja ning kamar. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6986", "text": "Sayur menir iku salah siji panganan khas Gresik sing jarang onok uwong teko luar kota eroh. Biasane cocok banget dipangan bareng bali bandeng. Cara nggawene yo gampang. Bahan-bahane yo gak akeh, mek butuh sak iket kangkung, brambang, bawang putih, lombok gede, kunci, uyah, gulo, ambek banyu. Pertama, cuci kangkunge terus diketoki cilik-cilik sampe sak akar-akare sisan. Terus kunci digeprek kasar. Mbari ngono siapno brambang, bawang putih, kalo lombok gede separo, terus diulek sampe dadi bumbu alus. Rebus banyu nang panci sampe umep, terus lebokno bumbu alus, kunci di wes digeprek, uyah, gulo, ambek sisa lombok gede. Diudek dilut, baru lebokno kangkunge. Diudek maneh sampe mateng. Sayur menir siap disajekno.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5442", "text": "Basket yaiku olahraga sing dilakoni nganggo sistem kelompok lan ning jerone ana 5 wong. Basket iki bisa diadakake ning lapangan terbuka, nanging ing pertandingan profesional, basket diadakake ning jero lapangan sing gedhe. Basket iki ditemokake taun 1891 ning Amerika karo salah siji guru ning universitas profesional, yaiku James Naismith. Naismith nyiptakake permainan iki kanggo ngisi wektu luang liburan musim dingin. Banjur dolanan kuwi dadi salah siji olahraga sing kondhang kanthi saiki. Jeneng \"basket\" kuwi dijupuk saka krenjang sing dadi gawang kanggo nentokake poin basket. Maune keranjang kuwi ora bolong, nanging amarga kesel njupuk, keranjang kuwi dibolongi lan isih bisa dadi peritungan poin. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7421", "text": "Tahun iki bakal diadakno lomba tahunan koyok biasane, yaiku menyanyi lagu daerah. Kabeh kelas bakal njupuk perwakilan siji arek ben kelas. Gak tak songko nek aku bakal dadi perwakilan kelasku gawe melu lombane. Berhubung aku entok tema lagu daerah Jawa Timur, akhire aku milih gawe nyanyi Rek Ayo Rek. Alesane soale hampir wong sak Sekolah gak onok sing gak eroh lagu iki, dadi kemungkinan gawe menang luwe gede. Persiapane mek sak minggu. Aku dilatih nyanyi langsung karo wali kelasku dan konco-koncoku liyane nyiapno kostum gawe aku nampil sesok. Pas hari-H, mboh rasane aku gak ndredeg blas. Mungkin mergo aku wes akeh latihan, dadi rosone luwe mantep. Pas giliranku, aku nyanyikno Rek Ayo Rek, dan kabeh penonton melu nyanyi pisan. Rasane koyok aku ngadakno konser saking meriahe. Akhire tinggal ngenteni pengumuman. Hasile aku juara 2. Mbasio gak juara 1, aku tetep seneng soale tetep isok entok piala.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9722", "text": "Ing daerah lain mesti nduweni lagu khas daerah dewe-dewe. Kayane daerah Riau, seng nduweni lagu khas daerah sing judule Soleram. Riau uga nduweni lagu daerah laine yaiku segantang lada, laksamana raja di laut, lan seng terakhir yaiku soleram. Bocah-bocah ing kunu seneng banget nyanyikno lagu soleram digawe pengantar turu. Ora mung bocah-bocah wae wong tuo lan arek nom yoan seneng nyanyikno lagu soleram digawe pengantar turu gawe adike utawi anake sing jek cilik. Saengga lagu soleram ing riau misuwur banget. Ora mung iku arti lirik teko lagu soleram iku salah sijine yaiku tentang nasehat utawi petuwah kanggo generasi muda. Muakno iku lagu daerah khas Riau kudu dilestarikno.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2123", "text": "Disik pas aku isih cilik, sak ben bakdo budheku mesthi duwe pesenan kue kering. Mergo budheku neng pungkasan sasi Ramadan kui pengen fokus ibadah lan masak kanggo keluarga, budheku wis mulai nyepake bahan lan adonane kui seko awal poso. Malah budhe kui belonjone dicicil seko sasi-sasi sak durunge. Sing ketok bedo banget kui suasana mejo makan lan pawon omahe budhe. Rong ruangan neng omah kui dadi resik banget. Neng mejo makan ora ono opo-opo kecuali piranti lan bahan sing dienggo masak kui. Pawone dhewe uga dadi resik ora ono piring lan wajan reged. Terus sing paling tak seneng pas budhe lagi masak kui kue, pas budheku lagi manggang kuene. Harume kui legi banget. Timbangane mangan kuene, aku malah luwih seneng ngambu pas lagi dipanggang.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3298", "text": "Saiki pemerintah Indonesia temen-temen pengen duwe utowo garap ambek dukung perkembangane otomotif sing gawe listrik. Nah perkoro iku maeng yo dibenerno ambek ditegasno presiden sing nganjurno ambek ngongkon ngolah bahan inti sing digawe batu. Nah batu iku termasuk salah sijine intine montor listrik sing saiki ancene isek dikembangno perusahaan otomotif nag endi-endi. Nah anjuran pemerintah kanggo ngembangno montor ambek sepada montor listrik maeng iku diawiti teko ojek-ojek online koyok Grab, Gojek, ambek Maxim. Teko kono maeng wes ketok nag ancene pemerintah maeng nganjurno nang kabeh masyarakat supoyo dukung perkembangane kendaraan sing ancene ramah karo lingkungan. Soale ben iso jogo teko polusi soale jamane wes akeh polusi.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8104", "text": "Gawe para mahasiswa sing wes langganan dadi budak event, pasti wes gak asing maneh karo sing jenenge danusan. Danus iku singkatan teko dana usaha, yaiku usaha dodolan sing engkok keuntungane digawe kepentingan pihak tertentu. Keuntungan iku isok dipek dewe utowo nambahi duit kas gawe ngelaksanakno siji acara. Akeh banget mahasiswa sing milih opsi danusan gawe nambah duit kas dinggo event acara jurusane iku. Alesane mergo iku opsi paling gampang terus paling murah. Danusan iki isok ngedol barang opo ae, sing paling sering sih jajanan basah. Golek jajane pun gampang, mek garek tuku nang pasar, terus didolno maneh. Makane iku sebabe danusan sek dadi andelane mahasiswa sampe saiki.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9663", "text": "Wis 3 taun aku urip dewe ana ing Korea. Negara Gingseng iku ora akeh wong muslime. Aku kalebu wong minoritas ing kene. Kanggo aku, bisa ibadah marang Gusti kanti ayem lan gampang wae wis bersyukur. Wingi pas aku dolan ing adicara Kedutaan Besar Indonesia ning Korea, aku krungu ana sing lagi maca Alquran kanti dilagu utawa sing biasa diarani qiroah. Aku lagi ero yen adicara iki kanggo ngerayakke Maulid Nabi Muhammad. Aku nggegirisi ngerungokno Alquran diwaca ing tengah atusan wong lan ing Korea, negara sing aku ora tau krungu ana suara adzan. Mbrebes mili mripatku sawise ngerungokna suarane wong sing maca Alquran iku lan aku sembah nuwun marang Gusti amarga wis bisa krungu ana Alquran sing diwaca ing negara Korea.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "559", "text": "Yen awak dhewe bali seko dolan utowo plesiran seko luar kota, apike awak dhewe gaweke oleh-oleh sing khas seko kota kui. Nukok wong omah utowo konco-konco kui iso nyenengke atine, senadyan ora melu awak dhewe dolan neng kota kui langsung. Iki uga nandake yen awak dhewe kui perhatian utowo sayang karo wong sing awak dhewe kei. Yen awak dhewe ngoleh-oleh wong panganan khas seko suatu daerah kui, awak dhewe iso ngewehi kesan yen wonge kui iso ono neng kono. Rasa panganan khas kui ngituti ilat asli wong daerah kono. Dadi rasane koyo dikelilingi karo warga lokale. Dadi emang luwih apik yen awak dhewe nyempetke wektu lan nyisihke duwit kanggo tuku oleh-oleh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9268", "text": "Yen dipikir-pikir, awake dhewe iki pengine bisa nyambut gawe sing ora rekasa tur bisa ngasilake dhuwit sing kapetung akeh. Yen kowe tipe wong sing kaya mangkene, mbok menawa dadi food vlogger bisa dadi pertimbanganmu. Nalika awake dhewe ndelok videone Mgdalenaf, Ken&Grat, TanboyKun, Nex Carlos, Ria SW, Separuh Aku Lemak, lan sapanunggalane ing YouTube mesthi katon kepenak ya. Dadi food vlogger kuwi pancen akeh untunge, kayata: kowe bisa ngatur wektu lan ora kaiket karo kontrak kerja, kowe bisa oleh dhuwit seka adsense YouTube, yen begja kepara malah oleh mangan gratis barang, relasimu ing bab kuliner uga sansaya jembar, lan kang wigati yaiku kowe bisa menehi referensi kuliner marang liyan. Wis, enggal dimantebake wae anggonmu pengin nlateni donyane food vlogger!", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9383", "text": "Film sing bisa nyebabake aku nangis nganti keseseken yaiku film \"Miracell in Cell\". Film Indonesia kang disadur saka film Korea iki tayang pirang-pirang wulan kepungkur. Crita film iki tenanan nggegirisi ati. Aku bisa nangis wiwit film mlaku tekan menit 10 nganti rampung. Film sing nyeritakake babagan Bapak sing ora pati waras lan dituduh mateni anake wong sugih. Bapak ODGJ iku mau akhire mlebu ana ing bui lan akhire duweni kanca-kanca sing apik lan ngewangi banget ana ing bui. Adegan sing paling nggegiris ati iku nalika kanca-kancane pada ngewangi Bapak kui ketemu anake sing wis ora duwe sapa-sapa maneh kejaba bapake. Film iki bisa didelok karo sapa wae, aku pesen kanggo ndelok film iki bareng karo kaluwarga supaya tambah ngerti pesen sing ana ing film iki. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5043", "text": "Sak liyane cerita khotbah terakhir Nabi Muhammad, uga ana cerita khutbah terakhir sing dituturake karo Yesus ning Bukit Zaitun. Khotbah iki dijelasake ning jero injil Matius lan Markus. Miturut sejarah, khotbah iki dituturake sak durung Yesus disalib. Khotbah iki uga diarani \"Amanat ning Bukit Zaitun\" amarga isine amanat Yesus marang murid-muride. Khotbah iki isine yaiku susunan amanat saka pembukaan kanthi penghakiman terakhir utawa dina kiamat. Isi amanat iki yaiku cara jaga-jaga kanggo dina kiamat ben slamet. Ning amanat iki uga ana tandha dina kiamat kaya bencana saka alam, penyakit, uga ana nabi palsu sing bisa ngerusak keyakinane wong. Nanging wong sing kuat gudho ya bisa kuat lan slamet. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4649", "text": "Ombenan sing paling dihindari lan ora disenengi mayoritas masyarakat saiki iku alkohol. Alkohol kuwi akeh jenise lan bahan dasare. Ono sing digawe saka buah, kacang-kacangan, lan sari karbohidrat kaya gandum utawa beras. Alkohol kuwi uga ana persenan kadare. Nanging, alkohol uga bisa mbahayakake. Contohe ya kaya miras oplosan amarga bisa marai keracunan lan mundhakake angka kematian. Efek alkohol iki ya ora apik kanggo kesehatan. Wong bisa kecanduan lan kena penyakit sirosis utawa karusakan ning liver, organ jero lan sak panunggale. Sing dadi masalah, alkohol iki uga ngerusak masyarakat lan generasi enom. Mulane kuwi, ayo padha ngindari ngombe alkohol gawe njaga awak lan wong ning kiwo lan tengene awak dhewe. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9637", "text": "Yen ning kiwo tengen mu duwe tonggo wong bedo agama karo awakmu. onok carane ben ora tukaran . nomer siji kudu gelek dulin lan nyerawul ning tonggo senajan ora podo agomomu. nomer loro yen onok rapat rapat ning deso pekoro dino dino gedhe yo podo ngeregani usulan e saking wong wong seje agama iku mau. nomer telu yen onok tonggomu kesusahan masio seje agama yo tulungono ojok mung mbok delok utowo mbok singkur. nomer papat ora gampang percoyo karo warta seng ora nggena saking joboan kono utamakne saka internet. yen nemu warta ojok langsung percoyo ngelek ngelekno agama liane nanging sing luwih apik di dolek i sek warta iku mau bener opo salah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7069", "text": "Tambah gede, awak dewe tambah gak onok waktu gawe ngumpul ambek keluarga, opo maneh liburan bareng koyok mbiyen. Tapi awak dewe sek tetep isok ngelakoni kegiatan sederhana tapi berkesan karo keluarga, yaiku mangan bareng nang restoran. Gak perlu restoran sing larang, isok nang ndi ae. Engkok sambil mangan, sambil ngobrolno segala hal. Isok crito tentang topik sing serius koyok masalah nang kantor, sampe hal-hal sepele koyok kumbahan gak garing-garing mergo udhan terus. Timbang dikirimi duit, wong tuwone awak dewe iku luwe seneng nek anak e lagi bareng-bareng koyok kegiatan mangan bareng iki. Dadi, ayo ajak wong tuwo ambek dulurmu gawe mangan bareng nang njobo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6326", "text": "Ning taun 2019 kanthi 2020, ning Jogja akeh berita mahasiswa sing kendhat amarga akeh sing stres lan uga akeh sing ngalami tekanan kaya skripsi, keluwarga, lan uga ora sanggup bayar UKT. Akeh kasus sing sepakat yen korban iki dadi pribadi sing tertutup lan uga ora tau interaksi karo warga kos liyane. Informasi iki cukup njelaske yen perhatian saka tangga kos kuwi penting. Yen ana kasus kaya iki, sing kudu dilakoni yaiku njaga komunikasi sing grup kos utawa kontrakan. Yen ana masalah uga aja dipendhem dhewe. Kanca kos kudu ngerti lan titen kapan wae wong kerja utawa kuliah ben padha ngerti jadwal lan uga ora ana masalah sing mendeni kaya iki. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9277", "text": "Piring pecah ana ing pawon wis dadi samubarang kang biasa. Piring pecah kudu cepet diresiki supaya ora nyilakai wong liya. Nalika piring pecah, mesti bakalan ana pecahan sing gedhe lan sing cilik. Pecahan sing gedhe gampang kanggo dibuwak, nanging pecahan sing cilik iki kudu luwih ngati-ati kanggo mbuwake. Aku biyasae nggawe cara iki kanggo njupuki pecahan piring sing cilik. Nomer siji, turahan piring pecah kudu dijupuk sing belinge gedhe. Nomer loro, kabeh panggon disapu kanti resik nanging aja lali nggawe sepatu utawa sandal supaya ora nyilakai sikil. Nomer telu, kanggo nggoleki pecahan piring sing cilik-cilik bisa nggunakake solasi/lakban. Solasi utawa lakban dibuka lan ditemplekna ing panggon sing kira-kira isih ana pecahan piring sing cilik-cilik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5419", "text": "Latihan fisik sing bisa nguwatake jantung yaiku push up. Push up iki gampang dilakoni amarga mung mbutuhake kekuatan sing ana ning lengen lan butuh akeh latihan. Carane sing bener bisa didelok ning Internet lan uga diajarake ning sekolah. Push up bisa nguwatake otot sing ana ning bagian awak kaya dhadha, torso, weteng, lan balung ning ana ning gulu kanthi geger. Wedhok lan lanang uga duwe cara push up sing beda amarga wong wedhok nduwe organ peranakan sing bedha karo wong lanang. Amarga kuwi, ben awak iki kuat lan lentur, ayo belajar push up sing bener lan ndadekake kuwi latian rutin amarga akeh manfaate kanggo awak. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7360", "text": "Nang semester pitu iki, aku njupuk magang cek nduwe pengalaman kerjo nang instansi. Aku ditempatno nang salah siji penerbit buku yayasan Katolik. Jeneng penerbite iku PT. Kanisius dan aku ditempatno nang cabang Jogja, cedek ambek kampusku. Berhubung wes akhir tahun, aku gak dikeki tugas akeh. Tugasku mek dikongkon nggawe caption sing dikutip teko Injil. Caption iku engkok digawe postingan nang media sosiale penerbit. Teko kono, aku pertama kaline moco Injil. Dan aku akeh ndapeti ajaran-ajaran sing onok nang injil sing mirip-mirip ambek Al-Qur’an, tapi tetep onok bedane, terutama penamaane. Contohe koyok Jibril sing dadi Gabriel, terus Maryam dadi Maria. Bagi aku sing Muslim, unik sih isok eroh koyok ngenean.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8134", "text": "Untung karo rugi iku wes dadi istilah sing familiar nang kupinge para pebisnis. Jenenge usaha, iku gak bakal isok stagnan. Nek gak munggah, yo mudun. Makane onok sing ngomong, nek awakmu pingin sogeh, dadi o pengusaha. Soale nek dadi pengusaha, omzet sing mbok entokno ben tahune iku isok ae sampe triliunan. Iku jelas jumlah sing guede pol. Tapi perlu diiling maneh, untung akeh koyok ngono iku sisan beresiko mudune bakal isok anjlok nuemen. Semisal dino iki oleh untung, sesoke isok ae defisit sampe pirang pirang dino. Iku jenenge usaha, dan iku wes dadi hal sing normal. Dadi ancen usaha iku cocoke gawe uwong sing wani njupuk resiko.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8917", "text": "Salah siji cabang olahraga olimpik sing tak senengi iku senam irama. Senam irama utowo onok sisan sing ngarani senam ritmik iku jenis senam sing gerakane iku ngetuti irama berupa tepuk tangan, ketukan, nyanyian musik, utowo sing liyane. Senam irama iku isok dilakoni nganggo alat utowo gak atek. Biasane alat sing dinggo iku gada, simpai, tongkat, bal, pita, ambek topi. Penilaian senam irama iku onok ketentuane, gak mek asal apik ngono tok. Unsur-unsur penilaiane yo uakeh. Mulai teko kelentukan, keseimbangan, keluwesan, fleksibilitas, kontinuitas, ketepatan, irama, ambek kreativitas utowo ketrampilan gawe ngelakoni koreografi gerak iku mau. Kabeh unsur iku kudu seimbang buru isok entok penilaian sing luwe duwur maneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9608", "text": "Pasa saliyane kanggo ningkatake Iman lan Taqwa marang Gusti uga duweni akeh banget manfaat. Sabare manungsa dilatih nalika pasa Ramadhan sawulan muput iki. Pasa uga duweni akeh banget manfaat kanggo kasarasan awak. Kayata kanggo ngontrol gula darah, ningkatake kesehatan jantung, nggarai bobot mudhun, lan manfaat apik liyane. Wong-wong ya ngandel yen pasa iku dadi cara diet sing paling sehat lan apik. Pasa iki mung ora mangan lan ngombe wiwit shubuh ngnti maghrib lan ora ana pantangan babagan panganan utawa ombenan. Mula nalika wulan pasa Ramadhan wong-wong padha bondong-bondong kanggo melu pasa Ramadhan. Mula yen ana kesempatan lan ora ana alangan apa-apa, ayo padha melu pasa sewulan muput, ya!. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4088", "text": "Wong deso kudune iku iso nyukuri opo sing diduweni ora kok tambah melok gayae wong kota. Akhire akeh wong sing buwok sampah ngawur mergo melok gaya uripe wong kota sing sembarang kalir iku mesti tuku. Padal nang deso coro ora tuku yo iso polahe nang kiwo tengene iku kenek dimanfaatno. Nah wong sing nang deso barang asline yo wes dianjurno ambek tokoh-tokoh deso ben ora sampek meloki uripe wong kota sing ora karoan, soale nang desok iku ora apik nag meloki gayae wong kota. Nag ancene pengen koyok wong kota yo sing apik-apike tok sing ditiru ora kok sing elek-elek barang sing ditiru tapi sing apik mboh dibuak nang endi.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5599", "text": "Salah siji teknologi sing uga dadi andalan ning jaman sing serba maju iki yaiku penyimpenan dokumen sing tanpa bates sing ana ning internet. Teknologi iki wis mulai dikembangake ning Eropa lan Amerika uga diprediksi bakal mlebu ning negara-negara Asia, salah sijine yaiku marang Indonesia. Sing dadi kekuatiran yaiku akeh data-data pribadi sing bakale disimpen karo pemerintah lan uga ora ana undang-undang kanggo ngelindungi data pribadi. Penyimpanan sing terbatas wae isish bisa bocor, apa maneh sing bebas. Kamanga mung awak dhewe sing bisa ngontrol, ayo saiki duwe tanggung jawab sing luwih kanggo nyimpen data pribadi ben ora ana kebocoran ning era digital iki. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5591", "text": "Taun wingi, aku ditukokake sepeda listrik sing mbutuhake energi ora akeh. Sepeda kuwi dadi salah siji hadiah amarga aku wis lulus kuliah. Aku wis seneng banget amarga sepeda listrik iki ora berisik lan bisa tak dinggo keliling kampung lan lunga-lunga ning dina minggu. Sepeda listrik iki werna ijo lan regane rong yuta. Sepeda iki tenagane nganggo aki, kamangka kuwi, saban bengi, bapakku melu ngilingke kanggo ngecas sepeda iki ben ora kentekan daya. Sebabe tau sepeda iki entek dayane, banjur kudu dipancal lan kuwi dadi abot banget amarga ana mesine. Sepeda iki uga ora oleh kena udan kesuwen amarga bisa nyebabake karat lan gelis rusak. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "480", "text": "Sak ben taun, pas bakdo, kaluargaku ngadake halal bihalal. Acarana iki gede banget mergo iki halal bihalal seko canggahku, utowo eyang seko eyangku. Jenenge Trah Dento. Canggah Dento iku duwe 5 anak. Ben taune, anak cucu sekoko 5 anak mbah dento kui gentenan nyelengarake halal bihalal mau. Taun 2022 kui jatahe kaluargaku, Kaluarga Cokro. Kudune, kaluargaku kebagian taun 2022 naning mergo ono pandemi dadi kudu diundur tekan taun iki. Panggone kui mesthi neng ngarep omahe Canggah Dento disik. Kebetulan, omahe budheku kui termasuke isih bagian seko omahe canggah sing disik. Dadine, halal bihala kui diselengarake neng lapangan ngarep omah budheku.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4060", "text": "Wingi nane pas aku dolan nang omahe koncoku, deke iku tibake bingung soale mari putus karo pacare. Terus akhire tak jak metu dolan nang pinggir sawa-sawa sing nang kono iku ono warung kopine. Nag kono bocahe tak kon cerito kabeh ben ora bingung ambek stress. Nah deke iku maeng cerita perkoro sing garai deke iku maend pedot ambek pacare maeng. Deke padal wes ate ngelamar pacare, tapi pas ate ngelamar iku maeng-moro pacare maeng digonceng ambek konco lanang koncoku maeng sing biasane dolan bareng ambek koncoku maeng. Nah akhire deke iku maeng rodok lego ambek rodok luang polahe mari cerito perkoro iku maeng nang aku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9221", "text": "Preian kerja wingi, Tata njajal nggawe dendeng balado. Dendeng yaiku panganan asli Sumatera dadi panganan sing pancen gelek digawe karo Tata amarga dheweke duwe keluarga ana ing kana. Sadurunge masak, Tata direwangi ibune blanja ning pasar permata cedhek omah. Tata tuku daging 5 kilo, lombok lan bumbu liyane. Nalika tekan omah, Tata langsung ngolah daging sapi iku diiris tipis lan amba. Daging sing wis diiris iku mau langsung dipepe ana ing njaba omah supaya kena srengenge. Ora perlu suwi-suwi anggone mepe, daging sing wis garing iku mau langsung digoreng Tata lan dibumboni karo bumbu sing wis cepak. Dendeng balado wis siap dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3223", "text": "Nang laptop iku ono bagian sing paling penting sak liyane memori ambek hardisk yoiku Processor. Nah perangkat iki ancene termasuk inti nang jero laptop, nag perangkat iki bejat akhire yo ora iso makan laptope. Terus opo se processor iku? Processor iki termasuk komponen sing dianggep dadi otake sing ngelakokno laptop. Nah panggonane iki didekek nang jero lapto sing pas ono nang tengah-tengahe laptop. Terus Processor saiki iku yo pirang-pirang maceme, ono sing teko intel sing duwe pirang-pirang seri, ono sing teko AMD sing ono pirang-pirang macem, ambek liyane-liyane. Dadi sing jenenge processor iku ancene kompone utowo bagian sing pentinge pol kanggo laptop.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6367", "text": "Baby blues kuwi salah siji dampak saka ibu sing sik tas lairan banjur ngerasakake guncangan mental lan pikiran. Akeh sing ngerasa emosine ora stabil lan uga ngerasa stres amarga isih adaptasi marang peran anyare selaku ibu kanggo bayi. Jam turu sing ora karuan lan perhatian sing pindah marang anak kuwi bisa micu stres sing permanen. Kamangka, para bapak sing ndampingi uga kudu cermat lan ngewenehi perhatian kaya nggawekake ombenan sehat lan panganan, pijet, lan uga bisa ngewangi ngurus anak. Istilah \"bapak gendong\" uga muncul amarga ana kasus stres iki. Istilah iki uga nuntuk bapak mbagi peran karo ibu ngurus anak kanthi ibu nduweni jiwa sing luwih stabil. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7841", "text": "Dino iki aku wes rencana kate leyeh-leyeh ae nang omah mbari pegel kerjo terus. Lah moro-moro koncoku nyusul aku gawe melu jalan sehat sing diadakno karo Bupati nang Alun-Alun. Aku wes nolak soale aku lagi muales. Tapi koncoku tetep mekso aku dan ngiming-ngimingi aku nek bakal ditukokno sushi sak marine jalan sehat. Akhire aku nurut dan awak dewe budhal nang Alun-Alun gawe melu jalan sehat. Jalan sehat iku mau ngelilingi area kota dan balik maneh nang Alun-Alun. Sak marine iku, aku entok karcis gawe melu doorprize. Yo tak tompo ae. Pas woro-woro, jare hadiah utama doorprize iku berupa mesin cuci. Mbari siji siji nomer diceluk, dan garek sisan hadiah mesin cuci tok, aku langsung pasrah. Soale ket mau nomerku gak diceluk, dadi palingan engkok yo gak bakal entok sisan. Dadakno, moro nomerku sing diceluk gawe entok hadiah mesin cuci. Aku sueneng pol lah, dan aku langsung maju gawe tanda terimo hadiah iku mau. Engkok mesin cuci iku bakal diterno nang omahku langsung, dadi aku mek perlu nulis alamatku tok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2781", "text": "Tahun iki aku ambek konco-koncoku ora iso melok upacara keagaan bareng ambek keluarga sing ono nag kampung. Upacara iki yaiku diarani poso nang ulan romadhon. Upacara iki dilakoni suwene 29 utowo 30 dino. Upacara iki duweni keutamaan sing akehe megilan timbang upacara islam sing liyane. Contone akeh wong sing podo ngaji soale pahala nang dino-dino pas romadhon iku dilipat gandakno dadi pirang-pirang. Mangkane nag pas romadon kabeh masjid sing awitane ora sepiro rame maleh dadi ramene megilan soale perkoro maeng. Sak liyane iku dino-dino romadhon iku mesti akeh panganan nag atene buko. Terus akeh wong sing nguwei panganan gratis kanggo buko poso.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2867", "text": "Nang musik dang dut iku biasane yo ora mok ngango Kendhang tok tapi yo ono Suling barang. Lah suling iki termasuk salah sijini musik tradisional sing teko Jawa Barat. Alat musik iki termasuk alat musik sing paling simple utowo sederhana ora ruwet. Alat iki digawe teko Pring sing dowone sekitar 30 cm ambek gedene iku sekitar 3 cm. Lah cara maenoe yo kudu disebut nag ora kuat nyebol yo bakal ora metu suarane. Mari ngunu nag Suling maeng yo duwe bolongan nang tengae awake maeng. Lah fungsine bolongan maeng gawe ngatur angin sing disebulno teko bolongan sing nang duwur ben iso ngetokno suoro.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2887", "text": "Fungsine Tokoh Adat ambek pejabat-pejabat nang daerah-daerah iku ancene bedo. Nag Tokoh Adat iku fokus utowo ngutamakno yo opo carane aturan utowo tatanan adat sing wes kelakon kat jaman leluhur iku terus kejogo. Sak liyane iku, yo mastekno nag peraturan ambek tatanan maeng bener-bener gejogo ambek kelakon karo wong-wong sing ono nang daerah kono. Nah jaman saiki aturan adat wes akeh sing ditinggalno mangkane kadang ono perkoro sing ancene ora iso diatasi nak gak ngadakno utowo ngelakoni aturan adat maeng. Dadi fungsine tokoh adat iku maeng pentinge orambloko soale mesti dadi wong sing paling tanggung jawab nag ono opo-opo ambek warga adat kono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5016", "text": "Saiki ning sosial media, akeh banget tokoh-tokoh agama sing aktif nyebarake ajaran agama. Salah sawijine yaiku anane Gus lang Ning, yaiku putra lan putrine kyai sing duwe kesempatan lebih kanggo nyuwarakake ajaran islam lan hak-hak santri ning Indonesia, utamane podhok Nahdliyin. Amarga keistimewaan kuwi, ana tata krama sing diterapake ning pondhok kanggo ngewenehi kinurmatan kanggo Gus lan Ning iki, yaiku ngurmati ning kelas lan san saya ngabdi marang pergerakan sing dipimpin. Kaping pindhone, nganggo sapaan 'Gus' utawa 'Ning' sak durunge jenenge. Kaping telune, ya ngurmati Gus lan Ning iki kaya sewajare keluwarga Kyai uga kudu njaga tutur lan laku ben ora ngelarani atine. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "405", "text": "Syahadat kui dadi rukun Islam sing pertama. Kui sebagai syarat uwong kui mlebu Islam kanggo wong sing arep dadi mualaf. Kanggo wong sing lahir wong tuwane wis Islam, otomatis anak kui agama Islam. Rukun Islam kui ketoke gampang nanging sebenere kui sing paling angel dilakoni. Syahadat kui isine kesaksian awak dhewe yen ora tuhan sing liya sak liyane Allah lan Nabi Muhammad kui utusan saking Allah. Artine awak dhewe ora oleh percoyo karo tuhan-tuhan sing liyo. Awak dhewe kudu percoyo nalika Allah kui siji-sijine zat sing ngatur kabeh urusan neng donyo iki. Dadi awak dhewe kudu ngikuti kabeh perintah lan larangane. Awak dhewe uga kudu ngikuti ajaran opo-opo wae sing wis dicontoni karo Rasul. Lan awak dhewe ora entuk nganggep Nabi Muhammad kui sebagai Tuhan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "990", "text": "Pas wingi, rego BBM mundak kui aku tau mikir arep tuku motor listrik. Soale BBM sing jenis pertalite kui seko rego pitung ewunan dadi sepuluh ewu; jenis pertamax sing seko rego sangang ewunan regone dadi neng sekitar limolas ewunan. Iki dadi masalah gedhe kanggo aku soale aku durung duwe gawean utowo penghasilan opo wae. Nanging sedino rong dino pas rego mundak kui, aku mikir, piye carane aku tuku motor listrik yen aku ora duwe duwit. Arep ngedol motor sing lawas wae, ora bakal ngetutup kanggo tuku motor listrik senadyan wis nganggo duwit tabungan. Dadine yo wislah, aku pasrah wae. Paling aku mung ngurangi nganggo motor wae.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4720", "text": "Salah sawijine panggon wisata sing paling tak senengi ning Jogja kuwi Jalan Malioboro, apa maneh yen wayah bengi. Kegiyatan sing paling tak senengi ning Malioboro kuwi salah sawijine ya lungguh karo mangan lontong sate. Biyen isih akeh kios lan panggon dodolan lalapan uga lawuhan. Nanging ya akeh sing dodol oleh-oleh. Rampung pandemi, kios-kios iki dipindahake ing panggon liyane sing luwih adoh saka Malioboro ben Jalan Malioboro iki luwih teratur. Malioboro iki pancen duwe kenangan sing nyenengake pas jaman mahasiswa, yaiku akeh acara-acara sastra kang mbungahake saban taun lan panggung-panggung hiburan kaya teater lan ludrukan. Dalan iki uga resik lan nyediakake transportasi umum. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3202", "text": "Aku sampek saiki isek seneng ambek dolanan sing jenege Aspalt 8. Dolanan iki jareku dolanan balapan sing paling apik soale nang kono iso tuku montor ambek iso dandane montor. Mari ngunu, iso mileh lintasan antar negoro sing pemandangane iku apike megilan. Sak liyane iku dolanan iku maeng yo ora kudu online sing penting wes di update disek sak durunge dolanan iku maeng. Nag wes oleh duwek utowo pint akeh nag dolanan iku yo iso tuku montor sing sekirane apik ambek banter, terus yo iso diganti-ganti bane ambek liyan-liyane. Tapi sing garai ora enak iku laptope kudu duwe ram sing lumayan gede, solae nag cilik jelas ora iso mlayu dolananen iku ambek laptope barang mesti mati.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "408", "text": "Poso kui ibadah sing angel, utamane kanggo bocah-bocah cilik. Poso kui kudu nahan nafsu, mangan lan ngombe, seko isuk tekan sore. Bocah-bocah kui bakal angel ngelakonine mergo dheweke durung kenal konsep kanggo nahan opo sing dhewe pengeni. Bocah kui wis biasa manja, opo wae sing dipengenke kerep dicepaki. Sebenere, bocah cilik sing durung balig kui durung wajin ngelakoke ibadah poso Ramadan kui. Nanging luwih apik yen wis diajari ket cilik. Kanggo pengenalan konsep poso kui wiwitane iso nganggo poso bedug. Poso kui bukane pas adzan dzuhur. Nanging yen bocahe isih kuat, bar mangan awan kui, dee iso dijaluk kanggo nahan mangan lan ngombe meneh tekan maghrib.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7824", "text": "Nek awak dewe luwe nggatekno maneh, laptop jaman saiki iku didesain dadi luwe tipis terus luwe enteng. Penyebab awale koyok ngono iku mergo permintaan pasar sing njaluk koyok ngono sisan sing roto-roto mahasiswa karo karyawan kantoran. Soale mereka iki kalangan sing bakal nggowo laptop e nang ndi ae gawe nyandak garapane. Dadi laptop sing tipis iku luwe hemat ruang dan isok dilebokno nang ndi ae. Terus laptop sing ringan sisan luwe enak gawe digowo nang ndi ae, gak marai pegel. Wes ngono, laptop sing tambah tipis ambek enteng iku jauh luwe hemat daya, soale bateraine jauh luwe awet dan mek butuh ping pisan tok dicas gawe dinggo sak dinoan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4052", "text": "Nyiapno apa yaiku termasuk persiapane awak sing kanggo ngadepi pirang-pirang perkoro sing sekirane iku iso blaheni keselametane awa maeng. Nah contohne yaiku nyiapno awak kanggo ngadepi bencana alam. Nah oleh nyiapno iku maeng piye? yo oleh nyiapno iku maeng yo ora kok mental tok, tapi ono pirang-pirang perkoro contohne koyok perkoro-perkoro sing ancene wes pasti kanggo ngadepi bencana alam iku maeng koyok bencana alam banjir berarti kudu nyiapno perkoro kanggo ngadepi iku maeng contohne ngamanno barang-barang sing ancene pentinge pol sing ancene gampang teles ben ora bejat, terus sak liyane iku maeng yo ono maneh koyok ngamanno barang sing gampang bejat.\n", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2899", "text": "Soto ayam Lamongan sing biasane digawe teko isian kol, irisan daging pitik, endok, bawang goreng, jeruk pecel ambek bumbu-bumbu liyane tibake termasuk panganan sing duwe gizi sing seimbang kanggo nyukupi kebutuhanne awak. Salah sijine kandungan soto ayam sing komplit yaiku kalori sing teko sego sing iso mulehno tenogo pas lagi pegel, terus ono proteine sing teko endog maeng, lemak sing teko kaldu daging ayam, karbohidrat ambek serat barang. Nah kandungan iku maeng sing dadekno paduan panganan khas lamongan iki akeh sing seneng mangkane nag awakmu penegen panganan khas sing gizine akeh ambek komplit wes milih soto ae soale regane yo ora sepiro larang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8119", "text": "Biasane, mahasiswa sing wes nang semester akhir iku bakal milih gawe njupuk magang nang Kantor sing berhubungan ambek jurusan kuliahe. Biasane iku sisan atas rekomendasi dosen-dosen nang kampuse. Tujuan magang gawe mahasiswa iku apik seh, yaiku gawe ngenalno nang mahasiswa tentang dunia kerja. Dadi mahasiswa iku bakal eroh kerjo nang Kantor iku bakal koyok yaopo, soale bakal dibimbing sisan ambek pihak kantor kono. Dadi engkok mahasiswa iki bakal entok pengalaman dan gak bakal kaget nemen pas engkok wes kerjo nang Kantor pas wes lulus. Wes ngono, pengalaman magang iku isok dilebokno nang CV gawe nambah nilai diri. Dadi gawe awakmu para mahasiswa tingkat akhir, ojok ragu gawe nyoba magang yo rek.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5188", "text": "Indonesia iki akeh suku, basa, lan budhaya. Pemerintahane pancen dicekel karo presiden ning pusat. Nanging ning saban suku utawa kumpulan ding daerah, kuwi mesti ana tokoh utawa tetua adat sing kudu dihormati. Tokoh adat iki miturut pengertiane uga macem-macem, bisa sesepuh adat, kepala suku, seniman, utawa wong sing giat marang kesenian uga pamangku adat. Ning Jawa, posisi pamangku adat, utamane ning Jogja iki tugase abot banget amarga kudu bisa njaga hubungan saka rakyat marang kraton uga dadi dewan pertimbangan babagan adat ning wilayah Jogja. Kamangka kuwi, ayo padha nyonto tokoh-tokoh adat sing setya marang budhaya lan dadi wong sing nguri-uri budhaya.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7742", "text": "Wong-wong iku sek akeh sing salah kaprah dan nganggep futsal karo sepak bola iku podo. Jarene mergo podo-podo nyaduk bal e makane dianggep podo. Padahal onok akeh banget perbedaane sepak bola karo futsal. Siji, jumlah pemain. Sepak bola iku sak tim onok 11 pemain, termasuk penjaga gawang. Nek futsal iku sak tim onok 5 pemain, termasuk penjaga gawang. Loro, waktu permainan. Ancen podo-podo rong babak. Nek futsal, sak babak iku 2 menit, tapi ben onok bal sing offplay, berarti pertandingan wes mari. Nek sepak bola, bakal mlaku terus selama 45 menit. Telu, ukuran bal. Bal sing digawe sepak bola iku luwe gede dan luwe abot timbang bal sing digawe futsal. Dan sek onok akeh maneh perbedaane futsal karo sepak bola.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4067", "text": "Ngilangno stres iku asline gampange pol, karek delok stres sing dialami wong iku maeng stres sing piye, nag ancene mok stres polahe masalah urip sing diadepi tok, yo ditinggal ae, mergane nag urip sampek dadeknpikiran iku maeng maleh stres artine pikiran iku maeng wes kabotan. Nag wes kabotan yo kudune ditinggalno ben ora medok pikirane maeng. Akeh wong sing wes ngalami perkoro koyok ngeneki tapi akeh sing wras mergane ditinggal ngadoh teko lingkungan sing dadekno pikirane maeng mumet ambek stres. Nah iku maeng ancene cara sing paling gampang kanggo ngilangno stres sing biasane gelek dilakoni menungso polahe ora kuat ngadepi uripe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "949", "text": "Mesin cuci saiki wis ono sing bentuke ringkes. Bentuke kui cilik banget, sak ukuran termos sing biasane dadi wadah sego neng warung makan padang. Kapasitase kui lumayan gedhe 3.5 kg kanggo ngumbahe lan 1.5 kg kanggo garingke. Regone kui ora ora patio larang, mung sekitar setengah yuto wae. Timbange awak dhewe tuku mesin cuci sing gedhe, mending tuku sing ringkes kui. Iki cocok banget yen awak dhewe tinggal dhewekan utowo wong loro neng omah. Mesin cuci sing cilik iki uga ora mangan panggon seng gedhe lan iso awak dhewe singkirke pas wis ora dienggo. Rumahe dhewe bakal tetep keroso jembar lan kumbahane dhewe iso tetep resik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5103", "text": "Ana sawijing upacara adat sing dadi campuran saka budhaya Indonesia lan budhaya Tionghoa. Upacara iki ana ning Kutha Singkawang. Jeneng upacara iki tatung. Upacara adat iki ditampilake wayah cedhak Cap Go Meh. Tatung ning bahasa Hakka iki artine wong sing kesurup dewa utawa dewi sing ana hubungane karo agama taoisme. Ragane wong sing dadi tatung kuwi dadi perantara dewa lan wong sing ana ning klenteng. Tradisi iki bisa ngundang dewa utawa dewi kanggo ngewenehi pitutur sing dibutuhake kanggo masyarakat, pengobatan, utawa ana hubungan karo nyucikake panggonan. Para tatung iki uga kebal saka gaman lan kawat sing landhep uga ora kerasa apa-apa yen kena gaman iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4093", "text": "Carane mungga angkutan umum iku termasuk penggawean sing biasane diomongno karo kernet utowo tukang supire angkutan ben wong sing numpak maeng iku iso selamete megilan. Yo ancene carane numpak angkutan sing diomongno karo petugase maeng kudu digugu ben selamet sampek tujuane. Tapi masio wes diomongi ambek dulangi sak durunge munggah akeh wong sing nyepelekno perkoro maeng. Akhire akeh wong sing kedempok ambek kadang kedeklok barang mergo ora melok sarane petugase maeng. Opo maneh wong sing ate numpak bis tambah ora karoan mergo bis umum kan duwure megilan dadi yo kudu meloki opo sing diomongno karo petugase nag mungkah bise maeng piye carane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7071", "text": "Dino minggu iki aku mek nang kosan tok dan gak lapo-lapo. Moro-moro koncoku nyusul nang kosku dan ngajaki aku karaokean. Awale aku males soale pasti panggon karaoke iku rame banget nek dino prei koyok ngene. Tapi koncoku mekso terus sampe akhire tak iyoni timbang rame. Kok yo untung banget pas ketepakan panggon karaokene lagi sepi, dadi awak dewe gak usah leren ngenteri gawe ngantri melbu ruangan. Mergo lagi sumpek, awak dewe pesen paket karaoke gawe 3 jam. Pas wes melbu ruangan, gak atek longgo disik koncoku langsung nggolek lagu-lagu sing wes dadi andalan gawe karaokean. Dan akhire 3 jam iku mau awak dewe bener-bener karaokean gak atek leren. Sak wise iku, langsung suarane awak dewe serek banget, tapi ati rasane seneng dan tuwuk.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5839", "text": "Bisnis kuwi ora mungkin mlaku dhewe. Mesti ana anggota tim sing ndukung lan uga ngewenehi akeh jasa kanggo usaha sing lagi mlaku iki. Tim sing dipilih kudu sing solid utawa kompak lan uga ngerteni tujuane awak dhewe njaba lan njero. Sing paling penting yaiku tim iki kudu saling ndukung pas perusahaan lagi kacau utawa rugi. Anane tim sing solid kuwi bisa nulungi awak dhewe pas lagi ana krisis. Tim iki uga kudu pinter ngolah situasi kan bisa nentokake strategi sing bisa dadi cara kanggo mbalekake kondisi perusahaan. Kamangka kuwi, sak durunge mbangun bisnis, aja asal milih kanca ben ora gampang kejeglong uga kudu nggolek kanca sing pangerten marang bisnis sing lagi dikelola iki. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1778", "text": "Anak kui sak yogyane diajari perkoro nandur taneman. Awak dhewe ora nyetir supoyo anak kui dadi petani. Nanging awak dhewe kepengen dheweke podo ngerti sepiro angele wong kui kanggo nandur panganan sing biasane dheweke pangan. Supoyo anak luwih ngehargai panganan. Haparane dheweke ora milih-milih panganan meneh lan iso ngerti sepiro gedhene jasa petani kui. Ngajarine uga ora perlu sing repot-repot. Awak dhewe iso nandur tanem sing gampang ditandur wae, misale tomat lan lombok. Yen menurut, awak dhewe isih keangelan, awak dhewe iso tuku taneman sing wis gedhe neng toko taneman. Dadi awak dhewe mung gari ngopeni wae, ora nandur seko biji utowo isih benih.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4001", "text": "Ulan wing pas aku petukan koncoku ambek pacare nang salah sijine alun-alun kota Udang, deke iku ketok cocoke pol ambek pacare. Terus deke iku ngomong nag deke ambek pacare maeng wes ate lamaran minggu ngarep. Nah aku mok iso dongakno tok mergane aku yo isek durung duwe opo-opo nag dibandingno karo koncoku, ancene deke ambek pacare iku sepakat nag nabung bareng kanggo nikahe mene sing bakal kelakon. Dadi wes ancene cocoklah kanggo wong loro iku, masio aku kadang nag delok wog loro iku bandingane koyok anake wong sugih ambek anake wong ora duwe, tapi koncoku masio anake ora duwe tapi deke iku oleh berjuang kanggo uripe iku ora karoan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3", "text": "Indomie wis ngetoke varian anyar. Varian sing lagi metu iki mlebu seri Indomie Hype Abis koyo. Sak seri karo Indomie roso ayam gebrek, seblak, lan spagetti bologense. Roso sing paling anyar seko seri iki yaiku roso kebab rendang. Rodo anyar iki bedo koyo seri Hype Abis liyane, rosone ora sepedes sing liyo. Malah pedese luwih kurang seko roso Indomie sing roso rendang. Trus rasa rendang neng roso paling anyar seko Indomie iki malah roso rendange luwih ora keroso dibandingke roso rendang sing biasa. Roso roti lan sayur-sayur sing ono neng kebab ngalahke roso rendangke. Nanging, nek misale roso rendang sing biasa nggo kowe wis marai eneg, varian Indomie Hype Abis sing siji iki mungkin luwih cocok.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5036", "text": "Jaman biyen, wong Jawa isih nganut agama Hindu, Budha, utawa agama saka leluhur. Banjur para pedagang islam saka Arab lan Gujarat teko kanggo dagang amarga Nuswantara kuwi panggon sing strategis kanggo dodolan amarga pelabuhane kuwi panggon singgungane kapal dagang saka manca negara. Kanggo nyebarake agama Islam, pedagang kuwi nganggo ilmu tasawuf, yaiku sing serupa ilmu sihir, nanging sifate ya mung strategi uga trik amarga wong isih percaya arane ilmu sihir. Miturut sejarah, cara iki paling gampang mlebu ning pikiran wong ing jaman kuwi. Cara iki uga bisa mbuka dalan kanggo cara dakwah liyane kaya lewat perkawinan utawa diplomasi marang kerajaan. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9790", "text": "Bika Ambon yaiku panganan khas teko daerah sumatera utara, khususe kota Medan. Ambune wangi iku seng mbarai ngangeni lan dadi panganan favorite wong-wong kabeh yen menyang kota Medan kudu banget tuku bika ambon. Bika ambon yaiku panganan arupa jajan pipih kang berwarna kuning keemasan. Permukaane awujud pori-pori kulite menungso. Bagian ndisore atos, nanging ndukure teksture lembut. Wujud bika ambon yen di dol ing toko-toko bentuke persegi. Nalika dipangan bika ambon nduweni rasa legit lan kenyal ndek lambe. Bika ambon orang mung nduweni warna kuning wae, nanging ana varian rasa laine. Warna bika ambon wes isok ditemukake sesuai dening rasane, kayane rasa duren, pandan, lan lain-laine.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5537", "text": "Akeh usaha ning daerah sing ora ana kumandhange amarga kurang promosi. Promosi iki dadi salah siji cara kanggo ngeramekake dagangan senajan promosi kuwi ora ning akeh panggon. Salah siji carane yaiku nggawe iklan ning radio. Iklan ning radio iki pancen ora akeh peminate amarga sing ngerungokake sithik. Nanging iklan radio iki murah lan bisa njangkau wong sampe njaba kutha lan provinsi. Carane ben bisa promosi ning kene yaiku kaping pisan nentokake materi apa wae sing arep diiklanke, banjur nggawe kesepakatan karo radio. Yen we ana kesepakatan perkara dina, media, lan suwene wektu, iklan iki bisa mulai digawe lan bisa disiyarke kanggo munggahke angka dodolan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3229", "text": "Laptop saiki wes bedo ambek biyen, saiki laptop iku kudu iso cepet nag digawe lapo-lapo, mangkane saiki kabeh pabrik lapto mulai ganti sing digawe nyimpen nang laptop nang SSD. Nah perangkat iki ancene cepet nag digawe nyimpen ambek moco data karo pogram sing dilakokno lapto. Terus kelebihan liyane yo iku irit ambek listrik soale perangkate iku mok saitik. Nah alasan iku termasuk salah sijine lapoo kabeh pabrik iku mulai gawe SSD timbang HDD, tambah ono pabrik sing majibno nang laptop sing diproduksi kudu gawe SSD. Yo iku polahe kerjone SSD maeng luwih apik timbang HDD. Mangkane sing duwe laptop suwe ambek lemot yo nang diganti SSD ae, ben cepet.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8600", "text": "Tahun iki wes dadi tahun keenem pernikahane Azhar karo Suhel. Dan wes suwe berumah tangga, mereka dadi tambah apal ambek tugase masing-masing, opo maneh semenjak nduwe anak sing wes sekolah. Koyok isuk iki, gak atek ngongkon iki iku, loro-lorone wes eroh tugase dewe-dewe. Mulai teko Suhel sing nangi anake, terus de’e langsung ninggal gawe masak sarapan. Terus Azhar ngadusi anake sampe ngewangi masang seragame anake. Terus Suhel nyiapno sarapan gawe kabeh dan ndulang anake sing sek setengah sadar iku. Nek wes mari, Suhel nyiapno bekal gawe anake terus Azhar ngeterno anake nang Sekolah. Rutinitas berumah tangga koyok ngono wes dilakoni ben dino sampe wes apal dewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "915", "text": "Spesifikasi HP sing kudu didelok yen arep nukoke HP kanggo wong tuwo kui kapasitas penyimpanan. Awak dhewe ora kudu mikir prosessor lan RAM neng HP sing arep dienggo wong tuwo. Wong tuwone awak dhewe kui biasane ora bakal nganggo aplikasi sing butuhke prosessor sing kuat lan RAM sing akeh. Wong tuwo bakal nganggo aplikasi-aplikasi sing biasa wae, sing paling akeh dienggo kui Whatsapp karo Youtube. Memori sing akeh kui dibutuhke supoyo wong tuwane dhewe kui iso nyimpen foto utowo video seko Whatsapp kui luwih akeh tanpa kudu dibusak-busaki. Soale wong tuwa kui ora telaten busaki gambar lan video sing ora dibutuhke. Dheweke akeh sing ngeroso yen gambar-gambar kui isih penting.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7441", "text": "Semenjak aku pindah dan nempati omah nang Gresik, hari-hariku gak tau tenang. Onok ae gangguan sing tak alami. Mulai teko diganggu pas turu sampe diketno wujud jin nang omah. Aku cerito koyok ngono nang mamaku, dan dadakno mamaku sering ngalami koyok ngono sisan. Akhire aku cerito nang bapak, dan bapakku sisan ngalami sisan. Aku bingung, kok isok koyok ngene. Padahal awak dewe kabeh gak tau ngelakoni hal-hal aneh. Pas nyisiri omah, mamaku nemu onok keris tekne penghuni omah iki sebelume awak dewe. Mamaku curiga nek kejadian mistis nang omah iki mergo onok keris siji iki. Akhire ambek bapakku dihancurno cek gak onok hal-hal mistis maneh nang omah iki. Dan bener, semenjak keris iku ancur, aku wes gak tau diganggu maneh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4064", "text": "Saiki iku akeh wong sing uripe kakean pikiran sing akhire dadekno stres. Nah jarene koncoku ben ora ngelu dase iku gampang ambek ora larang, yo nak pengen ilang yo ditinggal ngopi utowo ngelakoni penggawean sing sekirane iso nyantae ambek ora kepikiran perkoro sing marakno stres iku maeng, contone dolan nang warung utowo ngopi, terus mlaku-mlaku nang panggonan sing iso delok perkoro anyar sing iso dadekno pikiran iku blong ambek padang. Tapi bedo wong yo bedo carane ngadepi stress polohe kan kabeh wong iku kan duweni hobi ambek kebiasaan sing seje-seje dadi yo ora iso dipadaknolah. Opo maneh saiki wes jamane koyok ngene yo tambah rodok angel.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10144", "text": "Gunung Kelimutu wonten Nusa Tenggara Timur menika kalebet salah satunggaling gunung ingkang unik. Menawi sampeyan bosen plesir menyang pantai, gunung menika saged dados gunung pilihan kangge plesir. Kawah Gunung Kelimutu unik lan benten kaliyan kawah gunung sanesipun. Gunung sanes lumrahipun gadhah kawah ingkang cacahipun namung setunggal. Nanging wonten Gunung Kelimutu, cacahipun kawah wonten tiga. Werninipun tiga kawah menika benten-benten, inggih menika biru, abrit, lan pethak. Miturut kepercayaanipun penduduk lokal, kawah werni biru menika panggonan kangge arwah para muda-mudi, kawah ingkang abrit dados panggonan kangge arwahipun tiyang ingkang seneng tumindak ala, dene kawah ingkang werninipun pethak isinipun arwah para tiyang sepuh. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7372", "text": "Onok salah siji jenis penyakit sing lagi rame diomongno wong-wong, yaiku penyakit ‘ain. Penyakit ‘ain iki penyakit non-medis sing ditimbulno teko pandangan mata sing onok kaitane ambek perasaan nang ati, terutama perasaan iri karo dengki. Penyakit ‘ain iki timbul mulone teko pandangan kagum utowo takjub sing dibarengi ambek rasa iri karo dengki sing marakno bahaya gawe wong sing dideloke. Efek teko penyakit ‘ain iki onok macem-macem. Onok sing marai wong sing dipandang celaka, loro, bahkan sampe onok sing sampe marakno kematian. Penyakit iki dikondo non-medis soale gak onok penyebab pasti opo’o penyakit iki onok. Penyakit ‘ain iki isok nyerang sopo ae, mulai teko arek cilik sampe wong tuwo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9228", "text": "Kanca-kanca apa tau ngalami kahanan pas udan deres njur wetenge krasa ngelih? Iki ana sawijining tips masak simple sing bisa dipraktekake karo kanca-kanca. Sepisanan, iris brambang, bawang, lan lombok sacukupe banjur dioseng sedhilit. Sawise ngganda arum, pecahke endhog banjur oseng bareng karo bumbu mau. Yen endhoge wis nggrundhel, bisa dicuri banyu sakcukupe, kira-kira sak gelas. Yen wis umup, bukak bungkus indomie goreng banjur masak mie sasuwene sak menit patangpuluh lima detik. Yen banyune wis rada surut, bumbu indomie aja lali dicampurake. Ditunggu sedhela banjur indomie nyemek wis siap dipangan. Orasah kesuwen, gek ndang dipraktekake resep iki! Wis gampang, tur hasile mesthi enak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "113", "text": "Kanggo aku dhewe, kamarku kuwi panggon wisata sing tersembunyi sing wong-wong ora podo ngerti. Aku kui wonge ora terlalu seneng lungo seko omah. Konco-koncoku liyane podo seneng plesiran, misale neng pantai, gunung, opo panggon-panggon sing apik kanggo foto. Yen aku lungo neng endi-endi kui, rasane gampang banget kesel. Biasane, bar dolan, konco-koncoku iso ngelakoke kegiatan liyane, ning aku ora iso koyo ngono. Tekan omah rasane lemas lan kepengin turu. Mergo kui aku luwih seneng neng kamar. Senadyan kamarku cilik kui panggon sing paling nyaman. Kamarku uga akeh debune mergo arang tak resiki nanging momen pas resik-resik kamar kui dadi makin asyik. Isine uga ora akeh, hiburanku neng kono mung laptop karo piano.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3505", "text": "Yo dadi wirasusaha iku asline enake orambloko opo maneh iso gawe lapangan usaha dewe tambah enake megilan polahe gone dewe. Akeh-akehe wong sing dadi wirausaha mesti wonge sangar-sangar soale pengalaman ngadepi urip iku luweh akeh ambek ngatur ekonomine luweh apik. Jarene koncoku wong nak wes niat buka usaha ora atek was-was, tapi kudu budal langsung ambek kudu ngerti itungan untung ambek modale ben ora sampek tombok ambek rugi polahe ngerti itungane. Mari ngunu yo kudu iso delok pasaran sing saiki lagi disenengi wong-wong iku opo sing akhire iso dadekno produk iku maeng maleh disenengi wong akeh. Mangkane kudu temen-temen iso peka ambek lingkungan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "4706", "text": "Danau Toba kuwi salah sawijine danau sing paling gedhe ning Indonesia. Danau iki ana ing Sumatra bagian lor. Danau iki kesohor amarga cerita rakyat sing dikenalake ning bocah-bocah wiwit cilik. Ning tengah danau iki ana pulau arane Pulau Samosir. Danau Toba iki rada adoh saka Medan, ibukotane Sumatra Utara. Amarga kuwi, saka Bandara Kuala Namu, pengunjung bisa numpak mobil pribadi utawa nyewa kendaraan saka warga sekitar. Pemandangan sing paling kondhang kuwi ya Bukit Holbung utawa bukit panggone para dewa. Yen pengen munggah ning Bukit Holbung, ada 2 dalan, yaiku dalan sing bentuke kaya jalur munggah gunung, sijine nganggo andha sing jumlahe atusan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "135", "text": "Pengusaha perhotelan utowo penginepan sempet geger mergo RKUHP sing ngatur babagan perzinahan. Menurut pengusaha iki, peraturan kui gawe rugi usahane. Mergo ono pelanggane sing dadi wedi mesen kamar neng hotel-hotel. Aturan-aturan sing ngatur privasi warga kui sebetule ora kudu ono. Aturan sing koyo ngene ganggu kehidupan private wong-wong lan usaha penginepan. Kudune perkoro seks lan urip karo pasangan di luar nikah kui, tetep sewates aturan agama lan moral wae. Individu-individu neng Indonesia iki akeh banget, ono luwih seko 270 yuto. Pemerintah bakal keangelan ngatur wong sak mono akehe. Luwih apik yen peraturan kui dicabut utowo diowah. Dadi kehidupan privat warga Indonesia tetep kejogo lan bisnis perhotelan iso mlaku koyo biasane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3529", "text": "Saiki ancene sing dodolan nang omah iku akehe megilan awit sing buka jasa umbah-umbah, klontong, pulsa, sampek warkop barang yo ono. Nah kabeh iku maeng ancene bentuk kreatifitase ekonomi uripe wong saiki kanggo ningkatno pendapatane maeng. Tapi nag ancene pengen dodolan nang omah yo iku kudu iso tlaten. Akeh wong sing ngongkon ambek nyaranno nag buka usaha utowo dodolan iku kudu tlaten, soale nag ora tlaten angel olehe golek pelanggan. Terus ojo sampek dodolan iku ora ngerti karepe wong sing nang pinggire, sing akhire dadekno dodolane maeng ora payu. Dadi sak durunge dodolan iku didelok disek nang pinggir-pinggire maeng ono opo. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7750", "text": "Dino iki, aku dijak dolen karo koncoku nang omahe. Awale mau kate masak-masak nang kono. Wes tuku bahan-bahane sisan. Cuma pas wes tutuk, rasane awak dewe moro dadi males dan malah kelesetan nang kasur sambil dolen hp. Pas aku takon sido ta gak, jare kapan-kapan ae. Akhire awak dewe nyalakno TV dan ndelok opo sing lagi tayang. Aku gak ndelok iku saluran TV sing endi, cuma lagi nayangno pertandingan basket. Nek didelok teko lambange sih tulisane NBL. Aku gak eroh blas opo iku NBL, tapi tetep tak tonton ae. Opo maneh sing dolen wong londo, aku malah mek isok plonga plongo. Mbasio ngono, aku tetep nikmati pertandingan basket sing lumayan seru iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3534", "text": "Kabehwong sing dodolan mesti tau ngalami rugi utowo bangkrut utowo tambel. Nah kabeh iku ancene wes lumrah kedaden kanggo wong sing ngelakoni usaha ben usahae tetep lancar ambek melaku. Tapi ben usahae maeng ora sampek rugi nemen biasane wong sing gawe usaha mesti ngelakoni ngedukno rego sing ancene wes diitung kanggo balekno modal tok disek. Nah nag wes balikno modal engko biasane wonge iku karek meksono produke kanggo didol murah sing penting pok ambek oleh bati saitik sing penting mlaku. Yo nag jareku ancene ngunu iku dalan sing paling apik nag pas ancene rodok ora rame. Soale sing jenenge usaha mesti saingane sak embrek ambek akehe megilan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9303", "text": "Dolan ana ing Gili Labak Madura dadi pengalaman paling nyenengke kanggo aku. Panggon wisata alam sing ana ing Madura iki bisa dadi alternatif yen jeleh dolan ana ing gunung. Gili Labak duweni pantai sing pasire warna putih, laute uga biru banget sing bakal nyenengke sapa wae sing dolan mrene. Srengenge sing ana ing Pulau Gili Labak iki uga rada nyenget pol dadine kudu cepak kanggo gawa topi lan kacamata supaya ora kepanasan. Gili Labak bisa dituju karo numpak kapal liwat Sumenep kurang luwih 1 jam. Ing Gili Labak uga bisa diving utawa renang kanti nyelem ana ing laut kanggo ndelok iwak-iwak lan terumbu karang.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5476", "text": "Atlet kuwi ora adoh saka jenenge kesleo. Apa maneh yen atlet iki melu lomba mlayu lan ora ngandelake pemanasan sak durunge lomba. Kesalahan iki ora bisa dianggep entheng amarga saraf sing kesleo kuwi bisa marai bentuk fisik sing berubah lan uga bisa marai penyakit serius kaya saraf kecepit lan sapanunggale. Nanging kesleo iki bisa ditangani sak durunge tanding, kaya nganggo sepatu sing kepenak lan pas ukurane ben ora ngganggu pas olahraga. Banjur kuga kudu sregep pemanasane ben ora kepegelen lan uga ora ngalami salah urat. Yen wes kadhung kesleo, sing bisa dilakoni yaiku lunga marang dokter amarga ora sembarang saraf bisa diurut amarga salah pengobatan bisa ngerusak bentuk fisik. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "916", "text": "Awak dhewe sing duwe HP kui ngerasake masalah sing podo, yaiki awak dhewe kerep ora nemu HPne dhewe pas lagi digoleki. Iki kerep banget kedadean neng awakku, mbuh opo lagi neng jero omah opo neng panggon umum. Sak jane kui, awak dhewe ora kelenganan nanging mung lali wae awak dhewe nyelehke HP terakhir kui neng endi. Supoyo ora lali, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing paling utama kui, awak dhewe kudu nyeleh kui neng panggon sing podo. Panggon sing awak dhewe pilih kui iso siji utowo iso luwih seko kui. Sing keloro, HPne dhewe ojo digawe mode senyam utowo mode pesawat.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9206", "text": "Bocah rantau ora perlu ngelu yen kate mangan. Saiki, masak cah kangkung gampang banget. Kaping pisan, kudu milih kangkung sing seger. Kangkung bisa dituku ana ing pasar. Kaping pindho, kangkung diumbah lan diketok godhonge. Kowe bisa ngethok godhong sak gagange. Sawise kui, rajang brambang, bawang putih, lombok, lan dimasak dhisik. Kowe bisa nyampur kabeh bumbu kuwi lan ditambahi gula, uyah, lan kecap asin utama caos. Kaping papat, campur bumbu kang wis dimasak karo kangkung kang wis diresiki banjur dimasak maneh kanthi kangkunge alum. Aja lali ditambahi banyu supaya kangkune ora gosong. Yen wis mateng, cah kangkung wis siap dipangan karo sego putih anget.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "166", "text": "Preinan kui ora mesthi kudu dienteke neng panggon-panggon wisata sing adoh, opo meneh malah neng luar negeri. Opo meneh pas mangsa pandemi. Wong-wong kudu ngenteke wektu mung neng omah wae. Nanging ngenteke wektu bebarengan karo kaluargo utowo konco-konco neng omah ora mesthi boseni. Kegiatan neng omah kui ugo iso nyenengke lan ngurangi stress. Kegiatan sing iso dilakoke neng omah kui salah sijine, noto ulang lan reresik omah. Pas pandemi iki, kabeh wong luwih kerep neng omah timbangane methu. Ben ora bosen karo suasana sing ngono-ngono wae, pisan-pisan, omah kudu ono perubahan sing marai seger pas didelok. Keloro, masak bareng. Kegiatan iki iso marake awak dhewe tambah cerak karo anggota kaluargo utowo konco-konco lan sing paling penting iso marai wareg.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6691", "text": "Ibuku biyen tau lunga menyang Jakarta lan numpak bajaj yen arep lunga menyang pasar. Jare ibuku, numpak bajaj iki larang lan uga berisik. Bajaj iki uga ngasilake polusi udara lan swara. Nanging bajaj iki biyen gampang diakses sak durunge ana ojek online lan uga sepur. Bajaj jaman biyen uga ngelayani akeh rute lan uga ngewangi ibuku pas arep nang pasar. Supir bajaj sing ning pasar iki uga kadhang melu ngangkat barang. Nanging supir bajaj iki saiki digantekake karo ojek online lan uga sepur. Yen arep numpak Bajaj, jare ibuku becik lunga ning daerah Kota cedhak Museum Fatahillah lan uga pasar iwak. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5098", "text": "Jaman saiki, rasa toleransi iki tambah kekikis amarga akeh wong sing ngerasa yen agamane paling apik lan ngece marang agama liyane. Nanging toleransi iki isih berlaku ning NTT amarga ning sawijining wilayah ning NTT, pembangunan rumah ibadah iki dadi cerminan yen toleransi kuwi ana wujude amarga warga saka kabeh agama melu ngerewangi kanthi rampung. Omah ibadah iki ya kaya masjid utawa gereja amarga ning NTT Islam, Kristen, lan Katolik urip bareng ning lingkungan sing duwe rasa tepa slira lan ora ono perkasa sing sensitif babagan agama. Kamangka kuwi, awak dhewe sing urip ning Jawa lan duwe akses ibadah sing luwih gampang, kudu niru kuate toleransi ning NTT kuwi ben urip damai.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5136", "text": "Salah siji cara kanggo ngenalake cerita daerah marah bocah sekolah yaiku saka pengabdian masyarakat ning bidang literasi. Tema bidang iki akeh sing durung ngelola lan ora ana sing nganggo tema iki amarga tema iki dianggep ora penting. Nanging pengabdian literasi iki sajane ya gampang dilakoni, yaiku lewat crita rakyat daerah. Kaya ngadakake proyek nggawe kumpulan crita daerah sing ana ning wilayah kuwi, carane uga bisa saka wawancara tokoh adat utawa sesepuh. Banjur ngumpulake kanthi dadi sak buku lan didaftarake ning perpusnas. Warga uga dadi bisa kenal karo daerah lan adat saka crita rakyat sing ditemokake lan dicritakake turun temurun sing wis dikumpulake. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "861", "text": "Aku tau delok konco sing lagi latian panjat tebing. Dheweke kui konco kuliahku sing sak jurusan lan sak anggakta. Awak dhewe pancen ora patio cerak, nanging pas kui aku arep jipuk KTP sing disilih kanggo nyewo mobil. Pas aku teko neng panggone kui, neng daerah Klebengan, koncoku durung rampung lain dadi aku kudu ngenteni. Pas kui, langit wis peteng mergo wis bengi. Koncoku lan konco atlet liyane kui latian nganggo 3 lampu sing padang banget. Aku delok koncoku menek tebing buatan kui cepet banget. Aku ora ngebayangke latiane kudu sak abot opo ben iso koyo ngono. Aku kiro-kiro kudu ngeteni 20 menit, lagi koncoku rampung latiane.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5434", "text": "Alat olahraga sing katone ora penting nanging penting banget yaiku karpet alas yoga utawa yoga mat. Alas iki digawe saka karet busa ati lan dirancang ben ora gampang mleseti ben bisa dinggo ning permukaan alas ngendi wae kaya paving, keramik, lan sak panunggale. Senajan jenenge alas yoga, fungsine uga ora mung kanggo yoga, nanging ya kanggo alas olahraga liyane laya senam utawa latihan fisik kaya push up. Tujuane padha pentinge, yaiku ben ura gampang lunyu kena kringet. Karpet iki alase ana loro, sing kaping pisan yaiku sing kanggo alase tangan sing saka busa ati lan bisa manika werna, sijine sing anti slip biyasane warna ireng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "433", "text": "Jaman-jaman SMA, aku lan koncoku, Hanan, kerep melu kajian-kajian. Kajian neng endi wae, awak dhewe belani teko. Seko sing cerak omahe awak dhewe, tekan deso sing mblusuk banget. Nanging pas wis kuliah, awak dhewe arang melu kajian bareng meneh. Pas kui ono, ustadz nasional sing teko ning masjid cerak kampus. Jenenge Ustadz Adi Hidayat. Koncoku kui seneng banget karo ustadze mergo ceramah-ceramahe sing dibarengi karo logika. Yo wis dino kui, awak dhewe mangkat bareng dono. Tekan kono wis rame banget para jamaah sing teko. Seko jero masjid tekan lapangan parkir mesjid kui wis ono sing enggoni. Salah dhewe uga mronone kawanen. Aku karo Hanan mung iso ngerongke ceramah kui seko jobo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1786", "text": "Kanggo wong kuto, ngerti-ngerti tinggal neng deso kui mesthi dadi kaget. Ono akeh hal sing ora biasa, awak dhewe temuke utowo lakoke. Supoyo awak dhewe iso urip bareng neng deso, ono beberapa hal sing iso awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sinau disik, opo adat istiadat sing ono neng kono. Awak dhewe ora entuk sembrono yen durung ngerti opo sing ora oleh awak dhewe lakoke lan opo sing oleh. Sing keloro, awak dhewe kudu luwih sopan karo wong-wong sing deso, terutama marang wong sing luwih tuwo. Awak dhewe kudu ngerti unggah unggah sing ono neng kono. Sing ketelu, awak dhewe kudu luwih rajin srawung pas ono kegiatan neng desone kui.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4728", "text": "Pagelaran nasional sing rame banget kuwi salah sijine Pekan Raya Jakarta. Pagelaran iki sejatine mung pameran produk, wahana dolanan, lan acara musik sing dikemas apik lan diadakake saban tahun. PRJ taun iki rame amarga rampung corona, warganing Jakarta padha mangkat gawe ngerasakake keramean iki. Akeh promosi uga panganan-panganan khas Jakarta sing ana ning gelaran PRJ iki. Sing marai meriah ya salah sawijine panggung musik saka artis-artis. Transportasi khusus PRJ ya ana diskon, utamane yen numpak taksi utawa ojek online. Kamangka kuwi, PRJ iki dadi ajang taunan sing ora oleh dilewatake. Ayo padha ngeramekake PRJ amarga pagelaran iki wis dadi ciri khas saban ulang tahune Jakarta. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2454", "text": "Nag jareku pengalaman preian sing paling enak iku pas dolan nang daerah cemoro sewu, soale nag kono akeh enggon apik terus ora larang. Mari ngunu jajanan yo murah-murah ambek panggonane yo apik-apik. Sing garai ora iso lali yoiku pemandangane sing bener-bener apik'e ora karuan. Arang ono panggonan koyo nginiki, Nag ono mesti yo bayar lumayan. Tapi nag daerah kene cukup bensin bek, wes iso delok pemandangan sing apike ora karuan. Jarene koncoku sing wes tau melok aku mrono yo ngunu, mangkane nag aku muleh nang kampung mesti bocae pengen melok aku ambek ngejak dolan mrono maneh. Soale pemandangane ancene apike megilan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7053", "text": "Tahun iki, aku sak keluarga dijak nang Pontianak gawe teko nang nikahane tanteku. Aku berangkat nang Pontianak dino Kamis bengi. Berhubung acara nikahane iku dino Sabtu, aku sak keluarga dijaki mlaku-mlaku keliling kota Pontianak pas dino Jumat. Destinasi pertama iku nang Istana Kadriah. Nang kono aku mlaku-mlaku nang area istanane sing ketok apik tapi kuno iku. Mbari ngono, istirahat disik gawe mangan awan nang salah siji restoran pinggiran dalan. Nang kono, roto-roto menu panganane iku iwak. Dadi sembarang kalir jenis iwak sing disajekno onok nang mejo iki. Wes wareg, lanjut berangkat nang Pantai Kijing. Pantai iki bener-bener nylempit banget, dadi sek durung akeh wong nang kono. Pas aku nang kono, rasane pantai iki nduwene awak dewe saking sepine. Tuwuk dolen, lanjut dijaki nang pusat oleh-oleh. Nang kono, kabeh podo tuku oleh-oleh akeh banget. Mergo wes bengi, akhire awak dewe kabeh balik hotel gawe persiapan sesok nang nikahane tanteku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8108", "text": "Sing jenenge mahasiswa rangkap panitia event, iku pasti ngelakoni sembarang cara ben isok ngumpulno dana gawe ngelancarno acara sing diadakno ambek mereka. Mulai teko danusan, nggolek sponsorship, nebus dana nang bagian akademik fakultas, dan liyane maneh. Onok siji cara sing sek jarang dilakoni tapi lumayan efektif, yaiku buka bazar buku. Bazar buku iki bakal efektif opo maneh nek awakmu dodolane nang area kampus klaster sosio humaniora. Soale mahasiswa sosio humaniora iku paling seneng moco buku tiimbang mahasiswa nang klaster liyane. Nek buku iku tambah akeh kedol, tambah akeh sisan pendapatan sing isok mbok entokno. Dadi gawe awakmu kabeh budak event, coba buka bazar buku gawe tambahan dana.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2895", "text": "Aku pas dolan nang Mojokerto nang omahe koncoku aku dijak dolan mumet-mumet nang alun-alun. Lah nang kono aku dijak tuku jajanan khas daerah kono yoiku Onde-onde. Nag jareku onde-onde iki rasane ancene enak opo maneh sing isine kacang ijo. Terus sak liyane iku, wijene sing tutul-tutul nang kulite onde-onde yo enak soale iso nambahe roso nang onde-onde iku. Tapi Onde-onde iku yo ora mok sak werno, jarene koncoku onde-onde yo akeh wernoe, ono sing isine kacang ambek ono sing isine kelopo. Tapi sing paling enak jarene koncoku iku sing isi kacang. Akhire aku tuku sing isine kacang ambek sing isine klopo. Mari ngunu aku jajal tak pangan karo terus tak rasak-rasakno ancene enak sing isi kacang ijo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7334", "text": "Nek awakmu sekolah nang Sekolah swasta Islam utowo Sekolah tinggi Islam, pasti wes gak asing ambek istilah shodaqoh. Guru-guru nang sekolah pasti ngajari gawe shodaqoh mbasio jumlahe mek sitik. Biasane onok kotak infak sing disediakno nang kelas-kelas sekolah iku mau. Guru-guru iku mau ngajarno nek awak dewe shodaqoh iku podo ae lagi nabung gawe bangun omah nang Surgo. Dan iku onok benere. Shodaqoh, terutama gawe wong sing butuhno, iku isok dadi amalan sing isok nambah pahalane awak dewe nek diniati dengan ikhlas. Shodaqoh siji, iku isok dilipatgandakno ambek Allah SWT. Opo maneh nek shodaqohe akeh, tambah piro iku berarti amalan sing dientokno.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7796", "text": "Supporter-an gawe dukung tim olahraga sing kate didontok iku gak mek gowo awak tok. Onok beberapa persiapan sing kudu dilakoni sak durunge berangkat nang Stadion utowo panggon pertandingane diadakno. Siji, ojok lali mangan. Supporter-an iku butuh energi lebih, dadi awakmu kudu mangan disik cek gak semaput. Loro, siapno banyu. Awakmu nek supporter-an iku bakal bengak bengok dan marakno serek. Nek wes ngono, awakmu butuh banyu gawe ngombe. Nek isok nggowo sing rodok akeh. Telu, nganggo klambi sesuai dress code sing wes ditentukno tapi tetep nyaman. Kan gak lucu nek awakmu salah kostum, bakal dikiro penyusup karo supporter liyane. Terakhir, pastikno awakmu fit.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "425", "text": "Nabi Yusuf koyo nabi-nabi liyane duwe sifat sabar sing luar biasa. Paling ora ono 3 keadean sing buktike kesabaran nabi sing paling ganteng kui. Sing kepisan kui, pas dheweke dibuang karo kakang-kakangan neng sumur. Dheweke ora duwe salah opo-opo nanging tetep dicilakani karo sedulure dhewe. Sing keloro, pas dheweke difitnah ngelakoke sing ora-ora karo Zulaikaha. Senadyan, Zulaikha kui sing duwe inisiatif disikan lan Yusuf usaha kanggo nolak tawaran kui. Sing ketelu, pas dheweke dikunjara. Sadurenge dhewe tau ngewoco mimpi salah siji tahanan sing saiki wis bebas. Dheweke jaluk tulung neng wong kui supoyo kemampuan dee sing iso gawe tafsir mimpi kui dieruhi tuane. Nanging, wong kui lali lan dhewe lagi ilang pas wektu kui wis liwat suwe banget.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "957", "text": "Kamera kui salah siji barang mewah sing awak dhewe duwe. Awak dhewe kepengen barang kui awet sak suwe-suwene supoyo, awak dhewe ora kudu tuku kamera sing anyar meneh. Ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke supoyo kamerane dhewe kuwi luwih awet. Sing keseji, awak dhewe kudu kerep ngeresiki bagian lensa lan awak kamera. Kui dilakoke 2 dino pisan, senadyan awak dhewe ora kerep-kerep nganggo kamera kuwi. Sing keloro, batu kamera kui kudu awak dhewe simpen neng panggon sing sejuk lan suhu panas sing panas banget. Awak dhewe uga kudu iling nyabut batu yen wis kamerane lagi ora dienggo. Sing ketelu, yen awak dhewe arep gowo kamera kui kudu nganggo tas sing khusus kango kamera.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10024", "text": "Susi susanti, atlet legenda badminton saka Indonesia. Susi dadi wong kapisan kang isa ngolehake medali mas olimpiade. Dheweke dadi salah siji legenda kang ora bakal dilalekake tekan mbuh kapan. Dheweke dadi pemain tunggal putri paling apik kang dinduweni Indonesia. Dheweke nduweni bojo kang uga pemain badminton, jenenge Alan Budikusuma. Bojone iku salah sijine kanca seperjuangane dheke mbuiye. Woong loro kui tahu ngolehake emas bareng. Susi lair ing Tasikmalaya, lan bakate nular saka bapake. Dhek jaman nom bapake pingin dadi jwara dunya, nanging cidera. Akhire kabeh rasa kepinginan kui ditularke marang Susi. Nanging mengkana a, ya ora salah kedaden. Anake kui isa nggawa jeneng Indonesia ing mancanegara.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "488", "text": "Upacara keagamaan kui kerep diadake kanthi mewah utowo meriah. Kabeh wong ngentine dino kui supoyo bisa pesta lan seneng-seneng bareng. Padahal, upacara agama kui tujuan utamane dudu ben iso ngerasake seneng. Rasa seneng kui ben iso gaet wong-wong ben iso ngerti makna asli seko perayaan kui. Makne, kuwi wis sak yogyane awak dhewe ngerti makna seko sak ben upacara kegamaane dhewe. Bentuke mungkin werno-werno nanging intene siji, awak dhewe iso nambah iman utowo cerak marang Penciptane dhewe. Misale koyo kurban, kurban kui dudu artine awak dhewe mangan daging sak puase. Naging awak dhewe, kudu iklas ngerelake opo sing awak dhewe duwe kanggo kepentingan agama.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8617", "text": "Dana darurat iku kudu disediakno ndek masa krisis koyok ngene. Hal iku ben awak dewe isok bertahan gawe menuhi kebutuhan ben dinone. Dan kebutuhan dana darurat ben uwong iku bedo. Nek wes ngono, cara perhitungan dana darurat ideal gawe ben uwong e iku bakal bedo sisan. Aku nduwe cara gawe ngitung nyisihno dana darurat gawe ben uwong. Gawe wong sing sek lajang, cara ngitung dana darurate iku 3 x total biaya pengeluaran. Gawe uwong sing wes rabi, cara ngitung dana darurate iku 6 x total biaya pengeluaran. Terus gawe uwong sing wes rabi dan nduwe anak, cara ngitung dana darurate iku 9 x total biaya pengeluaran.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "178", "text": "Mahasiswa jama saiki duwe kisbukan akeh banget. Sak liyane ngurusi tugas kuliah, mahasiswa saiki duwe kegiatan neng organisasi kampus lan/utowo magang neng perusahaan. Kisibukan kui suwe-suwe iso gawe beban lan akhire iso dadi stress. Yen dibiarke terus, stress sing ketumpuk kui iso dadi salah siji penyebab depresi. Kanggo ngurangi resiko kui, wong kui kudu duwe pengalihan seko rutinitas. Salah siji aktivitas sing gampang dilakoke kui yaiku nyanyi. Arep kabeh wong seneng nyanyi. Swarane ora kudu apik, nanging pas wong kui nyanyi dheweke iso ngeroso bebas lan dadi awake dhewe. Nyanyi kui iso dadi alternatif sing cocok kanggo wong-wong sing sibuk banget. Nyanyi neng kene ora kudu lungo neng panggon karaoke nanging iso neng endi wae sing penting ora ganggu wong liyo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3538", "text": "Tahun winggi iku akeh wong singalami rugi teko usaha sing wes dilakoni. Tambah sing lawas barang yo akeh sing rugi, tapi deke iku isek ngerti carani ngatasi kerugiane maeng. Nah salah sijine cara pas ngalami kerugian usaha maeng ben ora bangkrut yoiku ngurangi jame karyawan kerjoe, soale nag ancene ditokno karyawane iku yo ora enak ngesakno. Opo maneh golek kerjo iku angele orambloko. Terus mari ngunu dicek maneh ono masalah ambek produke opo ora, nag ancene butoh didandani ben akeh sing seneng yo kudu didandani ben ora tambah bangkrut. Soale tahun wingi iku akehe pol wong sing ora iso balekno modal polahe corona sampek rong tahun.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "130", "text": "Taun 2018 kui pertama kaline aku neng luar negeri. Aku karo sanggarku ono kesempatan nampil neng Taiwan sasi Februari kui. Bar latian selama kurang luwih 2 sasi, awak dhewe mangkat neng negoro kui. Awak dhewe tekan bandara Taoyuan neng Taipei, ibukota negoro Taiwan, jam 8 wektu setempat. Neng kono awak dhewe dipetuk kanggo bus. Awak dhewe diterke tekan hotel neng Propinsi Chiayi. Hotel sing awak dhewe kui mewah banget. Kasure empuk lan ono bak neng kamar mburine. Hotel kui cerak seko panggon awak dhewe nampil. Sekitar 30 menit. Ono crito lucu neng hotel kui, koncoku ono sing sewingi ora iso mlebu kamar mergo kuncine ilang. Pas arep jaluk kunci cadangan dee bingung mergo dee ora iso basa Inggris lan sak jane resepsionise kui yo ugo ora paham basa Inggris.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6697", "text": "Bus tingkat ning kutha gedhe ning Indonesia iki saiki lagi akeh amarga pemerintah lagi ana promosi pariwisata. Salah siji kutha sing nduwe bus tingkat yaiku Semarang. Yen lunga numpak bus dewean lan ora nggawa rombongan, bus tingkat iki tikete bisa njupuk ning titik kumpul yaiku Museum Ranggawarsita sing ana ning Kalibanteng Kidul, Semarang Barat, Semarang. Daftar tiket iki gampang mung nduduhake identitas kaya KTP, SIM, lan utawa paspor. yen nggawa rombongan, awak dhewe bisa ndaftarake ning dinas perhubungan amarga ana paket khusus. Rombongan iki bisa didaftarake nganggo surat sing pesertane 30 kanthi 60 wong. Ning surate uga kudu ana kontak penanggung jawab. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9743", "text": "Mandau yoiku senjata pusaka suku Dayak seng diwarisno turun temurun marang generasi sakwisane. Sakliane kanggo senjata pusaka, Mandau mesti dienggoh suku Dayak gawe saben dinane kayata gawe ngiris daging utawa ngiris wit witan lan janganan.mandau yoiku senjata seng rupane kayak pedang , kasusun saking gacolan, sarung lan lading. Jaman biyen Mandau digawe saka watu khusus seng jenise mantikei. Watu iki nduweni unsur wesi seng dominan. Nalika ing jaman modern, Mandau digawe saka bahan logam. Mung Mandau asli lan tuwa seng bahane saka watu mantikei. Masio dadi senjata, Mandau yo digawe dadi simbol ksatria, simbol seng jaga, tanggung jawab lan saduluran kanggo masyarakat Dayak. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1795", "text": "Supoyo wong-wong gelem numpak kendaraan umum kui pemerintah uga perlu melu ikut campur. Pemerintah kui duwe kuoso kanggo gawe kebijakan sing iso dukung programe kui mlaku lan uga duwe dana sing akeh kanggo ngebangun utowo ngadake fasilitas kendaraan umum sing sae. Pemirintah ora kudu nyelenggarake program kenderaan umum kui dhewekan. Pemerintah iso kerja sama karo perusahaan swasta supoyo iso programe iso mlakui. Ijin kanggo gawe usahane kui iso digawe gampang karo pemerintah. Mengkone, sing dadi pelaksana program kui perusahaan-perusahaane mau. Pemerintah tinggal ngawasi wae. Dheweke iso gawe peraturan babagan kendaraan umum kui lan uga iso ngekei subsidi, supoyo wong-wong bakal luwih milih nganggo kendaraan umum timbangane kendaraan pribadi.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4066", "text": "Wong sing stress iku kadang ora kenek dibade stres iku maeng polahe opo, tapi roto-roto wong sing stres iku biasane kakean mikirno perkoro sing ancene dianggep deke iku dade perkoro sing ancene penting nang uripe maeng. Tapi wong ngunuki biasane pikirane iku kabotan ambek perkoro sing dipikirno maeng. Nah carane ngilangno stres ngunuku iku yo macem-macem, karek delok strese maeng polahe opo, nag ancene strese maeng polahe perkoro abote pikiran nang urip sing diadepi, yo kudu ditinggaldisek perkoro sing ngoboti pikiran maeng, koyok ditinggal dolan, budal nang konco ambek ngopi utowo seneng-seneng karo konco sing sekirane iso dadekno pikirane iku maeng maleh lali.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7721", "text": "Pembantuku iku sueneng banget ndelok pertandingan badminton nang TV. Dan senengane iku mesti ngajaki aku melu nonton ben gak heboh dewe, tapi heboh bareng. Yo suwe-suwe aku dadi ketularan seneng sisan sih. Terus aku takon nang pembantuku, atlet senengane iku sopo. Pembantuku jawab Taufik Hidayat. Jarene wonge iku ganteng, terus mesti menangan. Dadi paling aman iku mesti njagakno Taufik Hidayat. Nek atlet liyane iku jare kalahan, dadi marakno lara ati nek ndukung mereka. Dadakno sing seneng karo Taufik Hidayat iku guduk pembantuku tok, tapi pembantune tonggoku sisan kesemsem karo atlet iku. Opo maneh pas jaman iku ancen lagi terkenal banget sosok Taufik Hidayat iki, dadi gak kaget nek akeh sing demen.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9356", "text": "Preian sekolah semester wingi, aku lan kanca kelasku dolan ing Gunung Bromo. Wis sak wulan anggone ngerencanakna iki lan akhire bisa kelakon. Akeh babagan sing kudu didelok lan diperhatikna sadurunge budal ing Gunung Bromo supaya dolane dadi dolan sing ora bisa dilalekke. Kaping pisan, aja lali kanggo nabung. Dolan ing Bromo uga butuh dhuwit sing ora sithik apa maneh yen kepengin nginep. Kaping pindho, aja lali nggawa klambi sing kandel. Bromo iku adhem banget suhune bisa minus dadi kudu cepak klambi lan jaket sing kandel. Kaping telu, kudu pinter nggolek mangsa. Aja nganti ning Bromo nanging ora bisa nikmati pemandangane amarga udan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4694", "text": "Ana adu pamikiran ning masyarakat babagan oleh opo orane mangan kerang ijo. Ing sawijine artikel, kerang ijo kuwi dianggep kewan sing bisa ngresiki limbah-limbah ning laut. Biasane, kerang ijo iki nemplek ning watu, karang, beton pemecah ombak, utawa wesi-wesi kapal sing lagi ana ing pelabuhan. Kerang ijo kuwi nyerep racun merkuri sing ana ing laut kamangka laute bisa dadi resik lan aman saka racun. Merkuri kuwi sing bahaya kanggo kesehatan. Zat merkuri sing dikandung kerang ijo ora bisa diilangi nganggo cara digodhog utawa digoreng mulane saiki akeh kampanye sing nganjukare ora mangan kerang ijo ben ora numpuk racun ning jero awak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5828", "text": "Akeh ibu rumah tangga jaman saiki sing mikir yen ngandelake dhuwit saka bojo kuwi ora cukup amarga akeh kebutuhan sing kudu dicekel kaya sekolah anak, kebutuhan pawon, lan uga kebutuhan pribadi liyane. Apa maneh ning jaman saiki, wong golek dhuwit saya angel. Kanggo ibu rumah tangga sing wis akrab karo media sosial, dodolan online kuwi paling gampang. Salah sijine yaiku dodolan piranti rumah tangga kaya gelas, piring, kotak wadhah sega, lan uga sak panunggale liwat kemitraan Tupperware. Tupperware iki wis terbukti kualitase apik lan uga nguntungake. Kamangka, ayo para ibu sing pengen mbantu ekonomi keluarga, melu Tupperware ben oleh akeh keuntungan lan akeh kanca. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8679", "text": "Awakmu kepingin nandur dewe nang omah tapi awakmu gak nduwe lahan sing jembar gawe nandur? Gak usah kuatir, awakmu isok nganggo metode vertikultur. Vertikultur, yaiku metode nandur taneman sing manfaatno bidang vertikal gawe panggon nandur sing dilakoni secara bertingkat. Teko kono, metode iki akeh pol dimanfaatno gawe nandur nang ruang sing sak uprit. Wes ngono, kelebihan nganggo metode iki onok akeh. Siji, hemat panggon. Loro, hemat pupuk. Telu, gampang dipindah soale tandurane wes onok wadahe dewe. Terakhir, gampang dimonitor alias diawasi. Dadi gawe awakmu sing kepingin nandur nang omah tapi gak nduwe panggon jembar, praktekno ae metode sing siji iki.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2740", "text": "Minggu wingi aku bingung ate jumatan nang endi soale pas iku aku dolan nang perpus terus nag balik muleh yo kadoan. Akhire aku mampir nang masjid sing pinggire sekolaha. Masjide apik lumayan gede, teus resike megilan. Mari ngunu pas khotbah juma'at dimulai kabeh doh podo teko terus langsung ngeringekno isine khutbah maeng. Khutbah iku maeng pas bahas masalah keragaman budaya sing sakjane gejogo ben ora dadikno pecahe negoro. Akehe geger nang negara saiki polahe akeh wong sing ora ngregani budaya sing wes ono utowo sing diperjuangno karo ulama biyen. Padal biyen islam mlebu negoro iku yo polahae budaya iku maeng diopeni akhire islam nang negoro iki ketrimo apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5135", "text": "Crita rakyat ning Jawa iki akeh sing nyeritakake putri lan para pangeran. Nanging saka cerita iki, lakon sing kondhang ning masyarakat nduwe unsur kepahlawanan kuwi mung saka sisi pangeran. Putri ning crita rakyar iki digambarake ayu, kalem, lan ora duwe kekuatan. Contone kaya Putri Keong Mas, Klenting Kuning, Bawang Putih, lan liyan-liyane. Nanging, masyarakat iki lali yen ana kekuatan saka wong wedhok sing kudu ditiru kaya Nyi Roro Kidul sing duwe anak buah akeh lan bisa nguwasai samudra kidul. Crita iki mbuktikake yen wong wedhok uga duwe kuwasa kanggo ngatur tatanan. Ora sak lawase kudu mendhem ning mburi para pangeran. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "827", "text": "Ono sing ngomong yen Ronaldo kui pemain bal terbaik saiki. Neng jobo setuju lan ora setuju wong-wong karo pernyataan kui, kudu diakoni yen Ronaldo kui pemain sing sregep babagan latian. Tekan ono crito yen pas dhweke ono tamu, dheweke ngejak tamu kui melu latian bareng dheweke. Pemain asal Portugal iki tetep meksoke mlayu senadyan durung suwe kui mudun seko pesawat. Pemain bal sing saiki ning tim Manchester United kui kerep ngelakoke gerakan sing iso nguatke jantung. Latian sing dimaksudke kui koyo mlayu lan sing serupa. Arep neng lapangan utowo neng pusat kebugaran, dheweke nyaranke yen latian kui sing iso ngelatih napas lan otot jantung mau.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9781", "text": "Wis seminggu aku turu ana omahe Simbahku sing ana ing Tulungagung. Dina iki aku dijak ndelok kepiye proses Labuh Laut utawa ngelarung sesaji sing ana ing Laut Semboyo. Simbahku kekancan karo salah siji tokoh adat ing kene yaiku Pak Bandi. Pas ngelarung, aku uga dikancani karo Pak bandi. Aku seneng banget amarga ora mung ndelok tok, nanging aku uga diceritani karo Pak Bandi babagan Labuh Laut iki. Kayata tujuane yaiku sembah nuwun marang Gusti, lan kepiye proses Labuh Laut Semboyo iki. Pak Bandi ngandani karo genah-genah lan alon amarga aku kadang ora ngerti babagan sing diterangna. Pak Bandi uga seneng amarga isih ana bocah enom kaya aku sing seneng ndelok proses kabudayan kaya ngene. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4671", "text": "Ibuku tumbas blender anyar kanggo nggiling bumbu-bumbu.Ibu tumbas blender saka dhuwit celengan. Blender kuwi uga bisa kanggo nggawe jus utawa panganan alus kaya adonan pempek, siomay, dan daging giling. Blender sing dipilih iku sing paling apik lan paling landhep ladinge. Ibu tumbas blender amarga luwih praktis yen arep masak. Wingi sore, Ibu mulai tumbas bahan-bahan ngangggo bumbu banjur ngalusake bumbu-bumbu. Nanging Ibu ya bingung amarga blender iki boros listrik. Amarga kuwi, blender ora bisa digawe saben dino. Ibu ngetokake blender wayah arep masak gedhe kaya pengajian, selametan, lan sapanunggale. Sajane ya lumayan bisa ngurangi tenaga wayah masak, nanging ya perawatane kudu bener. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "54", "text": "Sebagai wong Indonesia, mangan panganan olahan kedelai kui wis lumrah. Wong Indonesia arep sak ben dino mangan tempe karo tahu. Ora mung dienggo lawuh, tempe lan tahu ugo didake cemilan. Kui iso didelok seko bakul-bakul gorengan neng endi wae. Paling ora neng kono didol tahu isu lan tempe goreng. Nanging perkorone neng Yogyakarta, olahan cemilan seko tahu, tuladhone tahu isi lan tahu bakso, kui ora ono sing enak utuwo sing enak kui angel banget dientoke. Masalahu dudu neng isiane nanging neng tahune dhewe. Tahu neng Yogyakarta kui biasane kurang lembut lan mambune rodo ora enak. Tahu neng kota pelajar iki uga rasa neng arep hambar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6998", "text": "Gawe awakmu kabeh sing pingin nggolek iwak sing kandungan protein duwur terus akeh nutrisine dan murah, jawabane adalah iwak pindang. Iwak sing bentuke cilik cilik iki nduwe kandungan protein sing duwur, macem-macem jenis mineral, vitamin A, vitamin B kompleks, karo asam lemak omega-3. Kandungan asam lemak omega-3 iki wes terkenal banget gawe kesehatan organ tubuh, koyok jantung, otak, dan organ liyane maneh. Vitamin A sing onok nang iwak pindang berfungsi gawe meningkatkan sistem imun tubuh, dadi awak dewe luwe kebal teko penyakit. Kandungan vitamin B kompleks berfungsi gawe mencegah kulit dadi kering, kusam keriput, terus mencegak kerontokan rambut ambek menjaga kesehatan kuku. Wes ngono regone murah sisan, sak keranjang onok sing mek 2 ewu sampe 15 ewu. Dadi nek nggolek iwak sing akeh nutrisine dan murah, tuku ae iwak pindang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4760", "text": "Juni tahun wingi, aku lan kancaku lunga ning Jakarta amarga pengen golek panggon liburan sing bedha, yaiku ngunjungi museum lan wisata kuliner. Kabeh rencana iki wis pengen dilakoni wiwit taun wingi lan ora sempet amarga ono corona. Kabeh wis disiyapake mulai saka penginepan, tiket, lan sapanunggale. Aku uga nggawa laptop kanggo ngerampungke penggaweyan amarga kantorku isih nganggo sistem nyambut gawe saka omah. Nanging ya aku isih bungah amarga isih bisa liburan mbarengi kerja. Aku isih bisa seneng-seneng karo kancaku nanging ya ora lali karo tanggung jawab sing diwenehi lan aku ya isih bisa nulis jurnal babagan mlaku-mlaku iki ning blog. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1737", "text": "Salah siji perkoro penting sing kudu awak dhewe cepake sak durunge kui babagan bekel. Kanggo gowo bekel sing pas, ono beberapa perkoro sing iso awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti jarak pendakiane lan suwene perjalanan seko titik awal, puncak, bar kui balike meneh. Seko kui, awak dhewe iso ngebayangke sakpiro akeh bekel panganan lan ombenan sing kudu awak dhewe gowo. Sing keloro, awak dhewe kudu gowo panganan sing gampang dimasak. Sing ketelu, awak dhewe ojo gowo panganan lan ombenan sing abot-abot. Sing kepapat, yen awak dhewe iso entuk panganan lan ombenan seko gunung kui, awak dhewe ora usah nyepake bekel sing okeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "473", "text": "Guruku tau ngomong yen dakwah kui kewajiben kabeh wong muslim. Dakwah kui ora meshti dadi ustadz lan duwe elmu sing duwur disik. Yen awak dhewe iso duwe ilmu sing duwur kui apik, dadi apa sing awak dhewe sampaike kui iso luwih jero. Nanging yen ora, awak dhewe iso dakwah kanggo elmu sing awak dhewe duwe wae. Senadyan awak dhewe gur ngerti sak ayat, ayat kui sing kudu awak dhewe sebar manfaate. Dakwah kui uga ora kudu koyo ceramah. Nanging iso dadi pribadi sing tabiate apik kui iso termasuk dakwah. Wong-wong sing delok awak dhewe duwe sifat sing apik dadi semangat duweni sifat sing podo. Dakwah uga ura kudu secara verbal nanging iso seko tulisan tekan diunggah neng media sosial.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10085", "text": "Setup jambu kluthuk lumrah dipunpanggihi wonten Yogyakarta saben sasi pasa kangge takjil wanci buka. Sami kaliyan unjukan buah sanesipun, setup jambu kluthuk sages diunjuk nalika cuaca panas utawi asrep. Nalika panas, setup jambu kluthuk menika saged dipuntambahi es supados seger, dene nalika asrep, kita saged ngunjuk wedang setup jambu kluthuk ingkang anget. Setup jambu kluthuk didamel saking jambu kluthuk abrit utawi pethak ingkang digodhog lan dicaosi gendhis kaliyan kayu manis. Menawi sampun mateng, setup jambu kluthuk werninipun soklat. Aromanipun ugi wangi. Sultan Hamengkubuwono kaping IX remen sanget ngunjuk unjukan sehat menika. Jambu kluthuk abrit utawi pethak kangge setup saged dipungantos buah sanesipun. Buah nanas lan salak menika buah ingkang paling lumrah didamel setup sanesipun jambu kluthuk.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4687", "text": "Akeh wong sing ora seneng mangan pare amarga rasane kuwi pait. Nanging ana sing seneng amarga pare iki bisa nyehatake ginjal. Pare iki bisa dadi obat diabetes. Piye ya carane ben ora pait? Carane kuwi ya pare sing wis diumbah diilangi kulite sing wis tuwo utawa bosok lan ana ulere. Bar kuwi ngilangi isiane sing marai pait kuwi. Banjur pare diirisi lan diumbah. Cara ngumbahe yaiku kaping pisan nganggo uyah, rampung dicampung kanthi rata, kaping pindhone, pare iki dibilas nganggo banyu kaya diumbah biasa. Cara iki bisa dibaleni ping loro utawa yen parene rada gedhe, ya bisa dibaleni ping telu. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "17", "text": "Sok-sok males midum seko mobil nggo mesen panganan sing arep digowo neng omah. Alesane werno-werno, iso angel golek parkir utowo males ngantre ngadek suwe-suwe. Nanging saiki ojo digawe mumet, ono sistem sing jenenge drive-thru. Nganggo sistem iki awak dhewe dadi iso ngatri karo lingguh neng jero mobil. Coro mesen nganggo sistem iki, sing kepisan awak dhewe kudu golek plang sing ono tulisan \"drive-thru\". Banjur, awak dhewe ngatre seko kono. Mengko keno bakal ketemu, panggon pemesanan liwat swara ora ketemu pegawe McDonald e langsung. Bar mesen, pegawai bakal ngulangi pesenane mau nggo ngecek opo ono sing salah utowo kurang. Pesenane mengko bakal diwehi liwat jendelo cerak pintuk keluar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2413", "text": "Air terjun madakaripuro iku nag daerah probolinggo sing parek karo gunung bromo. Air terjun iki ora iso langsung ditekani karo kendaraan soale dalan nang air terjune kudu mlaku disek sekitar setengah jaman teko parkirane kendaraan. Air terjun iki duwure sekitar 200 meter ambek termasuk salah sijine air terjun sing paling duwur dewe nang jowo. Sak durunge tutuk air terjune, ono pemandangan ijo-ijoan ambek banyu sing milih ngumeti kiwo tengene dalan sing dilewati. Mangakane wong-wong sing teko mrene kudu gowo jas udan, utowo gawe sandal jepit ben ora teles utowo kebreset. Nag pas tutuk, air terjune iku koyok bunder sing milih teko duwure gunung uapike pol. Tapi naw wes sore kudu ati-ati soale akeh bedes sing podo tumbuk-tumbuk'an nag duwure gunung.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3225", "text": "Jareku laptop sing paling apik yoiku laptop sing mesine iku sing wes sak duwure roto-roto. Tapi jarene situs online, laptop sing apik iku laptop sing cocok ambek kebutuhane sing tuku maeng. Nag dipikir ancene yo iyo temenan se, soale nag laptop sing larang terus mesine apike megilan tapi nag perlune mog kanggo kerjo biasa yo eman duweite wes kadung tuku larang-larang terus potensi laptope maeng ora kanggo kan yo ngguyokno. Dadi nag tuku laptop palang golek laptop sing cocok ambek kebutuhan harianmu maeng soale nag ora ngunu bakal eman-eman duwek sing di gawe tuku terus yo buwak-buwak duwek sisan. Terus ojo delok merek barang soale kabeh merek iku karek sing gawe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6398", "text": "Transportasi umum kuwi dadi primadona ning kutha-kutha gedhe, khususe kanggo para karyawan lan uga mahasiswa. Akeh pengguna transportasi umum iki paling diuntungake pas ana MRT. MRT iki dadi kendaraan sing marai proses pertumbuhan ekonomi lan akses transportasi tambah cepet. Stasiun MRT iki uga lagi dibangun kanthi bisa menuhi akses ning kutha penyangga lan kutha gedhe. Cara nganggo sing praktis lan uga luwih aman iki bisa marai para warga sing pengen nganggo MRT iki nyaman lan uga ora salah rute. Para petugas MRT iki uga wis profesional. Kamangka, ayo numpak MRT kanggo ngurangi polusi lan hemat energi uga bisa nyiptakake lingkungan sing tertib. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "41", "text": "Pertama kali, aku ngicipi wedang uwuh kui pas aku isih SMP. Wektu kui, wayahe prei sekolah. Aku lan keluargaku dolan neng makan raja-raja neng daerah Imogiri. Aku merono karo pakdeku, budheku, 2 sepupu, ibu, lan adiku. Tekan makame kui wis awan sekitar jam 1. Bar munggah-midun tonggo sih akeh kui. Awak dhewe ngaso neng salah siji warung. Awale aku tuku degan. Ning pakdeku tuku ombenan sing ora tau tak delok sadurunge. Werno ombenan kui abang lan ono rempah-rempah liyo neng jerone. Penasaran karo rosone. Aku nyobo jajal wedhang uwuh pakdeku kui. Jebul, aku seneng banget karo rosone. Banjur, aku mesen meneh 1 nggo aku dhewe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "849", "text": "Ekskul Palang Merah Remaja utowo sing kerep disingkat PMR kui arang dilirik karo siswa-siswa lan para guru. Biasane PMR kui ditugaske pas lagi upacara gendera pas dino Senen utowo upacara-upacara sing liyane. Opo nek ora pas sekolah lagi ngadake acara olahraga, konco-konco sing melu PMR diundang kanggo ngewangi yen misale ono sing lara. Padahal, potensi PMR kanggo kolaborasi neng ekskul olahraga liyo kui gedhe banget. Siswa sing melu PMR iso ngancani eksul olahraga sing lagi latian. Senadyan mung latian, ora nutup kemungkinan nek ono wong sing bakal cidra. Yen ora ono sing nulungi kan dadine repot. Nah, pas kahanan koyo ngono kui PMR iso ngewangi.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1218", "text": "Misale awak dhewe wis lulus tes wawancara kerjo kui, awak dhewe bakal entuk surat kontrak kerjo. Awak dhewe ora iso mung waton nanda tangani dokumen kui wae. Ora ono alesan awak dhewe langsung tanda tangan mergo awak dhewe seneng wis ketompo. Kontrak kerja kui dokumen sing penting banget. Selama awak dhewe kerjo neng perusahaan kui awak dhewe kudu manut karo opo-opo wae sing dituliske neng surat kui. Makane awak dhewe kudu mocon kanthi ati-ati. Iso wae ono aturan-aturan utowo ketentuan-ketentuan sing ora sesuai karo awak dhewe. Yen wis kebacut tanda tangan wis ora sing iso awak dhewe lakoke. Nanging yen awak dhewe nemu kententuan sing ora cocok sakdurunge tanda tangan, awak dhewe iso negosiasi meneh karo atasane dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2706", "text": "Nang desoku biasane ono pengajian ambek kegiatan sing jenengei tehlilan angger dino kamis malem juma'at, kegiatan iki biasane rutin dilakoni wong-wong deso angger dino iku. Nah kegiatan iki ora moh angger ngono tok. Tapi kegiatan iki asline duwe tujuan sing paling penting kanggo wong-wong sing ono nang desoku yaiku ngirim dongo kanggo poro leluhur, keluarga sing wes sowan nang pengeran disik, ambek dongo ben uwip nang ngarepe iso luwih apik. Nah kegiatan iki biasane dilakoni gantian ambek wong wedok. Nag minggu iki iku wong lanang, berarti minggu ngarep iku wong wedok. Lah bedane antara kegiatan sing dilakoni wong wdok ambek wong lanang yaiku nang waktune nag dinane iku pancet podo. Nag wedok iku dilakoni mari magrib, nag sing lanang iku mari isyak.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7872", "text": "Nek arek cilik krungu jeneng robot, pasti sing dipikir iku dolanan. Padahal robot iku gak mek sekedar dolanan. Robot iku seperangkat alat mekanik sing isok ngelakonik tugas fisik, bah iku nganggo pengawasan karo kontrol e menungso, utowo nganggo program sing wes diatur disik. Tapi pengertian robot dewe iku onok macem-macem. Nek diringkes, kata kunci sing isok nerapno pengertian robot iku onok enem. Siji, isok meroleh informasi teko lingkungan lewat sensor. Loro, isok diprogram. Telu, isok ngelaksanakno pirang tugas sing bedo dalam sekali kerjo. Papat, isok kerja secara otomatis. Limo, cerdas, iki hubungane ambek AI. Terakhir, biasa digawe nang dunia industri.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5073", "text": "Ning njero al-quran, ana ayat sing njelaske babagan pentinge nuntut ilmu kanggo wong muslim. Penjelasan iki ana ning surat At-Taubah ayat 122. Ning ayat iki uga dijelasake yen nuntut ilmu kuwi sejatine padha pentinge kaya jihad. Nanging kudu ana pembagiane, sebagian ana sing jihad uga sebagian ana sing golek ilmu. Miturut tafsir, golek ilmu sing dimaksud yaiku ilmu sing bisa diterapake marang masyarakat. Kaya misale wong kang golek ilmu ning luar daerah, banjur mbalik lan ngabdi marang masyarakat. Ilmu sing disinaoni ya ora mung ilmu agama, nanging ya ilmu alam, sosial, lan humaniora sing sekirane bisa mbangun peradaban muslim sing maju. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5593", "text": "Virtual Realty utawa VR iki kalebu salah siji teknologi sing paling nguntungake kanggo para pengguna alat sing ana hubungane karo visual, kaya HP, TV, lan uga sapanunggale. Teknologi VR iki nyediakake simulasi kanggo melu mlebu ning dunia sing ana ning jero layar lan ngewenehi pengalaman kaya mambu, swara, lan kabeh barang dari 3D. Sing wis nganggo teknologi VR iki yaiku para produses gim ben pemain bisa ngerasakake pengalaman ana ning dunia game kuwi. Bentuk alat iki kaya kacamata sing ana lensa khususe lan ana headset. Yen VR khusus gim, biyasane ana tambahan kaya pistol lan uga piranti liyane sing bisa ndukung kanggo dolanan. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1702", "text": "Ono wae pasangan-pasangan sing ngedalani hubungane nanging ora nganggo jalur pernikahan. Sebenere ora nikah kui sah-sah wae, ora ono wong sing iso bener-bener ngelarang. Nanging awak dhewe kudu tanggung jawab karo opo sing awak dhewe lakoke. Salah saji bentuk hubungan neng jobo pernikahan kui yang-yangan. Yang-yangan kui uga akeh kegiatan sing dilakoke lan ora kabeh pasangan kui. Ono sing mung dolan-dolan wae. Ono uga sing kerep ngobrol perkoro sing luwih jero. Malah tekan ono sing hubungan badan. Seko sudut pandang agama kui, hubungan badan sak durunge nikah kui pancen ora oleh. Nanging, sopo sing iso ngelarangn yen pasangane kui kepengen.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7779", "text": "Salah siji cedera sing paling sering dialami atlet utowo pemain olahraga liyane iku cedera tendon achilles. Cedera iki iku ngeneki bagian mburi sikil ngisor alias bagian betis. Tendon achilles iki tendon sing paling gede nang awak. Tendon iki membentang ket tulang tumit nang otot betis. Mbasio akeh akehe cedera iki sek tergolong ringan, tapi nek gak cepet ditangani utowo gak ditangani sing cepet iku isok beresiko luwe parah maneh. Opo maneh nek mbiyene wes tau ngalami cedera iki, terus mbiyene gak ditangani secara tepak, isok marakno tendon pecah dan marakno cedera luwe nemen dan iku ngehambat aktivitas keseharian. Dadi gawe awakmu sing ngalami koyok ngene, cepet-cepet ditangani yo rek.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8986", "text": "Nek semisal keyboard nang laptopmu moro gak berfungsi, opo sing bakal mbok lakoni? Timbang diservis, mending nganggo keyboard bluetooth sing luwe murah. Garek disambungno tok nang perangkat laptop e, terus keyboard e wes isok dinggo. Syarat gawe isok nyambungno keyboard iku laptopmu wes kudu update nang Windows 10 dan nduwe Bluetooth 4.0. Nek wes, awakmu garek nyambungno ae. Cara nyambungno keyboard bluetooth nang laptop iku koyok ngene. Siji, petek terus tombol \"Pasangkan\" nang bagian ngisor keyboard sampe lampu LED nek mulai kedip-kedip. Loro, nang laptopmu, pilih \"Sambungno\" nek wes muncul pemberitahuan gawe keyboard, terus enteni sampe penyiapane mari. Wes ngono tok, gampang to?", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "501", "text": "Pas aku lagi ngeresiki lemari, aku nemu album-album foto. Pas tak buka kui, foto-fotone ibu lan bapakku pas lagi nikah. Tak gateke, pernikahane kui nganggo adat Jawa. Banjur ibuku nyeraki aku, lan crito babagan pernikahane. Foto-foto neng album kui, jarane ibuku, wis disusun kanthi urat prosese seko awal tekan akhir. Sedino sak durunge nikah, neng omahe ibuku nen Pondok Gedhe, digawe acara hajatan. Neng ngarep omah kui dipasange terop utowo tenda lan tarub sing dipasang neng ngarep lawang. Uga ono prosesi kembar mayang. Dadi ono bocah cilik gawe rangkaian kembang sing identik kanggo diseleh neng omahe pengantin. Wengine, ibuku ngelokoni prosesi siraman. Kanggo pungkasane, ono prosesi adol dhawet.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5549", "text": "Listrik sing ana lan dinggo ning mesin cuci iki kadhang-kadhang dadi masalah yen ora dijaga. Mesin cuci sing murah iki kadhang apik nanging listrike uga butuh akeh banget. Banjur mesine uga gampang marai kesetrum. Ana mesin cuci sing irit, apik, fungsine lengkap, nanging larang banget. Yen wes kaya ngene, pancen luwih becik milih mesin cuci sing larang nanging irit amarga awak dhewe ora mikirake biaya sing ora keitung kaya biaya listrik, banyu, lan biaya servis. Sing uga penting yaiku cara awak dhewe njaga mesin cuci kuwi. Kamangka, sak durunge tuku meisn cuci, ayo luwih titen ngitung biaya sing bakal dinggo ngopeni mesin cuci iki ben awak dhewe ora gampang kena rugi.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7095", "text": "Hampir kabeh wong nang dunyo iki pasti seneng ngerungokno lagu. Istilahe ngono ngerungokno lagu wes dadi hobine sak juta umat menungso. Dadakno hobi sing siji iki akeh manfaate gawe awak dewe lho rek, salah sijine isok sinau boso asing luwe gampang. Berawal terko lirike sing terngiang-ngiang ndek utek, terus uwong-uwong pasti langsung nggolek lirik penuhe. Nek lirike iku nganggo boso asing sing awak dewe gak eroh blas, biasane pasti bakal diterjemahno. Nerjemahnoe pun kadang onok sing niat sampe digolek arti kata per katane. Nah teko kono iku, awak dewe isok mulai sinau boso asing dengan cara sing gampang dan meyenangkan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6955", "text": "Salah siji jajanan sing sempet viral iku jenenge dessert box. Dessert box iku panganan sing bahan dasare kue terus dikeki topping sing muacem-macem terus disajekno nang kotak plastik. Ancen ketoke dari jenis dessert sing ringkes terus isok dipangan nang ndi ae. Cuma sayange sampe saiki aku durung nemu dessert box sing sesuai ambek seleraku. Entah iku sing kelegen, nek gak sing cream e kakean dan marai eneg, pokok aku durung nemu dessert box sing pas gawe aku. Dadi nek semisal ditakoni aku seneng ta gak, aku bakal jawab gak untuk sementara, karena nyatane ancen aku durung nemu dessert box sing enak nang ilatku.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5511", "text": "Wis suwe banget Odi pengen banget tuku HP amarga HP sing digawe Odi wis gampang rusak uga wis ketinggalan jaman. Odi wis nyelengi wiwit semester 3 saka dhuwit beasiswa uga dhuwit kerja ning administrasi perpustakaan. Odi nggolek HP sing awet lan uga akeh banget fungsine. Banjur, Odi uga pengen HP sing miturut saka ulasan ning Youtube, ora gampang rusak amarga kena banyu. Saiki wis semester 5 lan wayahe Odi mbobol celengane. Odi ngira yen dhuwite cukup kanggo tuku HP lan yen ana sing kurang, Odi kudu nambahi. Banjur pas wayah tuku, Odi malah dhuwite turah amarga rega HP kuwi wis mudhun. Turahan dhuwit kuwi dinggo tuku barang liyane kaya pelindung HP lan uga printilan liyane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9782", "text": "Mbah Mik salah siji tokoh adat sing ana ing Desa Randegan, Sidoarjo. Umure wis kurang luwih 80 taun saiki. Dheweke diwenehi jeneng tokoh adat amarga wis urip suwi banget lan ngerti kabeh babagan kabudayan sing ana ing Desa Randegan iki. Senajan Mbah Mik ora bisa ndelok utawa wuta mripate, nanging Mbah Mik bisa mlaku dhewe lan ora perlu dituntun amarga wis apal kabeh dalan sing ana ing Desa Randegan iki. Pawakane cilik, rambute wis putih bres, lan wis ora duwe untu. Saben wayah mesti ana wong sing mara ning Mbah Mik kanggo nakok babagan kabudayan sing ana ing Desa Randegan iki utawa mung nakok babagan weton lan dina sing apik kanggo rabi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5460", "text": "Sabrina kuwi dadi salah siji atlet panjat tebing ning kampusku. Dekne wis latian panjat tebing wiwit SMP, ing salah siji komunitas ning Jogja. Sabrina lan kanca-kancane latihan ing dina Minggu. Banjur Sabrina uga seirng melu lomba ning tingkat nasional lan manca negara. Saiki, Sabrina wis kuliah lan melu UKM pecinta alam. Hobine marang olahraga iki uga tetep diopeni. Sing marai bedha yaiku dekne mulai seneng panjat tebing ning watu-watuan asli kanggo nantang adrenalin. Kulite uga dadi luwih keling, nanging saka olahraga kuwi, Sabrina bisa oleh kesenengan lan prestasi uga wis bisa oleh beasiswa saka kampus saka prestasi sing mbanggakake iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4797", "text": "Hobi sing gampang dilakoni yaiku hobi masak. Hobi iki bisa marai ati bungah lan marai wareg. Hobi masak iki ora bisa dipeksa, nanging kudu ana kebiasaan kaya ngerewangi ning pawon, ngerewangi dodolan, utawa dadi tukang masak. Hobi iki bisa dikuatake lewat sekolah masak, nanging yen angel, uga bisa lewat nonton video lan dipraktekake. Wong kang seneng masak mesti sregep latian lan ngelakoni akeh percobaan. Ora mung oleh wareg, nanging ya kadang oleh ilmu anyar sing bisa diterapake kaya cara masak bahan ben gizine seimbang, cara masak panganan vegetarian lan alternatif kanggo alergi, lan liyan-liyane. Ilmu iki bisa oleh saka buku utawa internet lan dipraktekake. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4016", "text": "Jaman saiki wes akeh wong sing podo ngerti nag tabungan iku pentinge pol, soale tabungan iku kenek digawe sembarang nak ono keperluan mendadak contone koyok kebutuhan sing dodok utowo darurat. Nah kanggo kebutuhan sing dodok iku maeng tabungan ancene kenek diandalno timbangane utang, soake iso kenek langsung digawe, tapi nag utang isek leren mumet golek utangan sing sekirane nang wong sing duwe duwek. Polahe akeh wong sing ora duwe duwek nag apan diutangi padal omahe iku podo apik-apik. Nah mangkane terko perkoro iku maeng wong-wong mulai mikir nag ancene nyiapno tabungan kanggo duwek darurat iku pilihan sing paling tepak kanggo urip.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8902", "text": "Jujutsu iku jeneng teko akeh aliran bela diri teko Jepang. Jujutsu iki pada dasare bentuk pembelaan diri sing sifate defensif dan manfaatno “Yawara-gi” utowo teknik-teknik sing sifate fleksibel, ndek ndi serangan teko lawan iku gak diadepi atek kekuatan tapi nganggo cara “nipu” lawan. Tujuan dilakoni iku ben daya serangan isok dinggo gawe ngalahno dirine lawan iku dewe. Teko seni bela diri jujutsu iku, lahir sisan bela diri sing nganggo konsep defensif koyok ngono, yaiku aikido ambek judo. Gerakan jujutsu iku kebagi dadi rong “gaya”, yaiku tradisional ambek modern. Onok sing ngomong nek jujutsu iku diadaptasi teko samurai. Jenis kejuaraan jujutsu iku jenenge JJIF utowo Ju-Jitsu International Federation.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9038", "text": "Arek cilik iku pasti sueneng nek disudokno ambek sesuatu sing anyar, opo maneh sing canggih. Dolenan opo ae sing canggih dan menarik gawe de’e iku pasti bakal didoleno sampe sak tuwuke. Tapi kadangan, dolenan tok iku gak cukup soale arek cilik iku gampang bosenane. Nek wes ngono, wayahe awak dewe ngajak arek cilik iku gawe meu dan nyudokno robot sing luwe canggih. Nang ndi? Nang panggon cuci mobil otomatis. Nang kono, awak dewe garek meneng tok, terus mobile awak dewe bakal obah dewe dan robot iku mau bakal nyuci mobile awak dewe. Arek cilik iku mau pasti bakal terkagum kagum ambek kerjane robot iku mau. Soale mereka berasa didusi sisan tapi gak teles. Nek awakmu nduwe ponakan dan pingin ngajak dolen cuma bingung dolen opo, jak en ae nang panggon cuci mobil otomatis, tak jamin bakal sueneng arek iku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7064", "text": "Awakmu nggolek panggon wisata sing menyenangkan sekaligus dadi panggon edukasi? Batu Secret Zoo isok dadi opsi destinasi wisata gawe awakmu. Batu Secret Zoo iki kebun binatang sing lokasine nang kota Batu, Jawa Timur. Kebun binatang iki cocok banget gawe panggon liburan bareng-bareng karo arek cilik. Dengan tanah sing ombone sampe 14 hektar, hewan sing onok nang kene pun akeh banget maceme. Bahkan onok spesies macam dahan sing satu-satune diletarikno nang kebun binatang sak dunyo. Dadi awakmu isok ngenalno sembarang kalir jenis spesies kewan gawe arek cilik. Nek awakmu gak kuat ngiteri panggon sakmono gedene, awakmu isok nyewo sepeda listrik sing tersedia ndek kono.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6637", "text": "Ning gunung kuwi pancen ora ana sing ngerti situasi sing kepiye kang bakal diadepi kaya anane kewan buas, cuaca sing ekstrem, lan uga penyakit diare. Sumber banyu uga ora gampang ditemokake ben awak tetep resik lan uga ora ngerasakake dehidrasi. Kanggo njaga kesehatan kuwi, sak durunge budhal kudu nggawa obat-obatan lan uga P3K. Senajan nambahi beban ning tas, kabeh kuwi penting, utamane kanggo nambani tatu lan uga ngurangi rasa lara ning weteng amarga masuk angin. Banjur sing uga penting yaiku nggawa panganan sing cukup lan uga akeh karbohidrat ben ana tenaga kanggo munggah menyang gunung lan awak ora ngerasa lemes. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "807", "text": "Pemasan sing iso disaranke kanggo cah cilik sing keloro kui pemasan neng otot-otot sikil. Otot bagian ngisor kui penting kanggo dheweke mergo dheweke dolan mesthi sikile gerak terus. Carane pemasane, anak diposisike linggu neng jobin. Sikile dibuka nyamping sak jembar-jembare. Tangan anak kui uga dideleh neng jobin. Alon-alon posisi tangan kui kudu maju tekan sak luru-luruse. Seko posisi kui ditahan beberapa detik. Bar kui alon-alon tangane diundurke meneh. Gerakan kui dibaline sak peng 3 nek ora sak kuate. Kanggo variasine, posisi sikil yo uga iso digawe lurus lan rapet. Anak ngusahake tangane demok ujung drijine. Podo koyo mau, tahan neng posisi kui selama beberapa detik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6660", "text": "Wis telung sasi iki aku ora metu omah amarga ora nduwe penggaweyan. Aku mung nonton film lan uga ngerungokake lagu nyambi resik-resik. Banjur ing sawijing dina, Resa, kancaku nelpon lan ngejak aku dolan menyang Magelang. Pancen dadakan, nanging aku seneng amarga bar kuwi ana sing bisa tak lakoni kanggo ngilangake stres. Aku wis nyepakake barang sing bisa tak gawa kaya klambi, kamera, lan uga nggawa bontot panganan. Resa ngerti yen aku kayane butuh mlaku-mlaku kan ketemu karo wong. Banjur aku lan Resa lunga dina Sabtu isuk numpak motor menyang Magelang lan bali Minggu isuk amarga nginep ning omah simbahe Resa. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2495", "text": "Hobi iku saiki macem-macem ancene, ono sing larang ono sing murah, tapi intine hobi iku kawe nyenengno ati. Soale hobi ancene ono polahe ono keturutane ati sing durung keturutan. Nag delok berita-berita nag media sosial hobi iku saiki akehe pol karek wong iku seneng bidang opo, sing penggaweane seneng ambek mesin, mesti gawe mesin sing aneh-aneh, sing senengane gambar, yo gambar sing aneh, kabeh iku karek bidange dewe-dewe sing iso ngetokno karepe ati. Masio Hobi iku maeng iso dadekno wong tambah terampil utowa tambah jowo, tapi ora kabeh wong iso mujudno hobine sing dipingine, contone wong sing ora duwe duwek akeh tapi hobine jalan-jalan. Nag ngunuku kan yo angel.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1228", "text": "Yen awak dhewe pegen duwe penghasilan tambahan kui, awak dhewe iso gawe usaha cilik-cilikan seko omah. Ide dodolane kui iso opo wae. Awak dhewe iso dodolan opo wae sing awak dhewe senengi. Misale, awak dhewe seko dino Senen tekan Jumat kui nyambut gawe neng kontor. Dino Sebtu minggune iso awak dhewe kanggo kerjo sampingan kui. Kanggo wong sing seneng gawe kue, dheweke iso dodolan kui. Kanggo wong sing duwe kamera lan iso foto-foto, dheweke iso nawarke jasa foto neng wong liyo. Pokokmen awak dhewe iso ngelakoke opo wae sing awak dhewe seneng lan iso. Senadyan dudu dadi penghasilan utama, awak dhewe iso entuk duwit seko hobine dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7704", "text": "Permainan jaman mbiyen iku akeh banget sing dilakoni sambil mlayu. Mulai teko mlayu mergo cepet-cepetan entok sesuatu, sampe kejar-kejaran cek gak kecekel karo lawane. Mbiyen pasti awak dewe iku nganggepe iku mek dolanan biasa tok. Tapi nek dipikir-pikir maneh, kejar-kejaran koyok mau iku dadakno dadi bentuk olahraga sisan lho. Yaopo igak, awak dewe mlayu rono rene dan kadang gak eroh waktu, dan mlayu iku ancen dadi salah siji jenis olahraga. Bahkan mlayu iku onok kejuaraane dewe lho. Iku ngono sakjane nek awak dewe gelem ngelatih kemampuane awak dewe, isok lah tembus sampe kejuaraan nasional. Padahal awale mek teko kejar-kejaran pas dolanan, tapi tembuse sampe tutuk kono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7741", "text": "Dino iki wahaye njupuk nilai gawe pelajaran Penjaskes. Penilaiane iku awak dewe dikon mlayu ngelilingi sekolah sampe ping limo. Engkok sing isok nyampe paling cepet, nilaine bakal ditambah. Engkok bakal dibagi dadi pirang kelompok dan sak kelompok iku isine wong enem, dan engkok gentian sampe kabeh wes mari mlayu. Aku kebagian urutan mlayu kedua, dadi aku wes langsung siap-siap pas arek-arek urutan pertama wes mlayu nang putaran kepapat. Pas wes tutuk, guruku ngenilai disik, terus ngongkon arek-arek sing kebagian urutan kedua gawe baris. Kabehe podo bersiap, termasuk awakku. Awak dewe berenem siap-siap, dan pas peluit dimunikno, awak dewe mlayu bareng. Aku terus mlayu mbasio rasane sikilku wes kate cuklek. Dan usahaku gak sia-sia, soale aku tutuk nang garis finish paling pertama teko konco-konco sing urutan kedua.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7005", "text": "Kota Batu ancen paling terkenal ambek panggon wisatane sing akeh banget jenise. Salah siji wisata alam sing onok nang Batu iku jenenge Coban Lanang. Wisata sing siji iki isok dikatakan panggon wisata sing isok dikunjungi bahkan ben dino gawe wong kuto. Soale lokasine iku gak nyelimpet, malah onok nang tengah kuto. Jarak antara dalan raya ambek cobane yo cedek banget, mek sekitar sak kilo. Jalane pun isok ditempuh nganggo montor dewe. Nek arep ndelok cobane ancen kudu mlaku disik sekitar 5 menitan. Tapi gak usah khawatir, soale selama perjalanan engkok, bakal isok nikmati pemandangan alam sing sek asri. Dadi Coban Lanang iki cocok banget gawe wong sing pingin nang wisata alam tapi gak kuat mlaku adoh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2330", "text": "Pas mlaku-mlaku ulan wingi aku dolan nang suroboyo, terus aku njajal penyetan nag salah sijine warung nag kono. Rasane ancene uwenak opo maneh karo bebek gorenge sing ke'i sambel penyetan, wes ora ono sing ngalahno. Tapi pas aku mesen es jeruk, tibake rasane amburadol ora ono rasa jeruk'e, kakean banyu. Lah wong gawe es jeruk kok kakean banyu yo ajur rasane. Sak jane jeruk karo banyune iku dikiro-kiro sak pantese ben rasane ora koyok ngunu. Mangkane ket iku aku nag mampir penyetan mesti arang ngombe teh utowo es jeruk soale rasane omboradul ora kenek dirasakano endi teh'e utowo jeruk'e. Dadi, sing paling gelek nag digawe ngombe mari mangan penyetan yo banyu putih.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7331", "text": "Dino iki dadi dino sing apes gawe awakku. Niate dino iki aku kate ngelebokno duit nang Bank. Pas tutuk Bank, dadakno teller e lagi ngantri banget dan aku dikongkon satpam e gawe ngelebokno lewat ATM ae, soale ketepakan nominale sek nang ngisore 10 juta. Akhire aku pindah nang ATM. Nang kono, sek leren ngantri maneh. Akhire tak enteni ae. Gak onok gunane sambat sisan. Moro pas giliranku melbu, onok ibu-ibu nyerobot dan langsung melbu nang ATM e ngono ae gak atek amit ta sepuro disik. Rasane aku wes kate ngomeli ibukne, cuma tak piker-pikir aku malah bakal pegel dewe. Akhire aku mek isok ngelus dodo dan sabar sing akeh. Dan kejadian koyok ngono iku gak pisan tok, lumayan sering. Tapi aku gak tau emosi, tapi luwe milih gawe sabar.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "69", "text": "Food stylist utowo perias panganan punika uwong sing noto panganen ben apik pas di foto. Biasane wong sing dadi perias panganan kui ugo duwe profesi sebagai juru fotone. Nanging ora nutup kemungkinan, yen loro profosi kui digarap karo 2 wong sing bedo. Perias paganan bakal ngebantu juru foto ben panganan sing dijepret kui iso keliatan enak lan gawe sing delok pengen panganan utowo ombenan sing ono neng gambar. Dadi perias panganan kui emang ora kudu duwe latar belakang juru masak utowo pinter masing. Nanging pemahan sing duwue neng bidang kuliner kui iso gawe carane noto panganan utowo ombenan kui luwih rapi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4018", "text": "Nyiapno dana darurat kanggo masa depan iku ancene apike megilan, nag omongane wong biyen iku mesti ngongkon nag iso ben dino iku nabung mbok iku piro ae pokoke iku nabung, nag ora iso bendino yo pirang dino pisan ngunu, nag ancene ora iso ngunu, yo sak minggu pisan, nag apan ora iso mingguan yo ulananan. Nah manfaate iku maeng salah sijine yo kenek gawe dana darurat sing iso wae ono keperluan sing dodok ambek sak wayah-wayah sing awak dewek ae ora ngerti kapan iku bakal kedadean. Nah mangkane anjuran iku saiki wes akeh wong sing ngelakoni perkoro iku maeng mergane wong-wong saiki wes podo sadar ambek ngeri nag manfaate iku gedene megilan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4068", "text": "Stress iku ono pirang-pirang penyebabe, tapi sing gelek kedaden iku stress polahe urip sing saiki ora kenek kebade, nah kanggo ngadepi stress sing nginiki maeng iku ono pirang-pirang cara sing disarano ambek sing wes pengalaman contohne yoiku ngelalekno perkoro sing garai stress maeng ben iso leren pikirane ambek awake maeng, terus yo ono sing ngarani dikon dolan disek ben iso anteng pikirane. Nah saran iku maeng ancene wes tau dijajal teko wong sing ancene tau ngalami stress perkoro uripe. Mangkane nag iso dijajal disek ben ngerti bedane. Yo kadang ancene awak dewek kabeh iku butoh dolan ambek ngelalekno urisan urip disek ben iso anteng pikirane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2789", "text": "Wong islam utowo muslim iku biasane mesti sak tahun pisan ngelakoni upacara poso romodon. Poso romadon iki ancene dianjurno kanggo kabeh wong muslim sing ono nang dunyo iki. Anjuran iku sak liyane kanggo ibadah yo kenek utowo manfaati kanggo kesehatane wong sing ngelakoni maeng. Kemenkes Indonesia wes nyudohno nag poso iku duwe manfaat apike pol kanggo kesehatan contone koyok ngontrol gulo darah, ngurangi peradangan, ningkatno kesehatane jantung, ningkatno fungsi otak, diet, ningkatno hormon pertumbuhan, nyegah kangker, ambek liyan-liyane. Mangkene kabeh wong muslim dikongkon ngelakoni poso soale ancene manfaate gedene megilan, ora mog angger kanggo ibadah tapi yo kanggo kesehatan barang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "26", "text": "Panganan laut sing murah lan gampang ditemoni ning warung-warung kui salah sijine urang. Resep urang sing paling gampang digawae kui urang goreng tepung. Gawene gampil, kepisan, kupas urang lan diresiki jerone. Misale ora doyan buntute, iso melu dikupas karo cangkang liyane. Tepung sing dienggo iso nganggo tepung instan sing wis ono rasane. Yen ora duwe, iso gawe dewe nganggo tepung terigu sing ditambah uyah karo penyedap utowo micin. Saranku, tambahke tepung beras supoyo tekstur tepunge iso luwih krenyes. Balurke urang karo tepunge mau. Urange iso ditelesi sek nganggo banyu utowo kocokan endog supoyo tepunge luwih nempel. Proses iki dibaleni peng 2. Bar kui panaske minyak. Goreng ureng tekan wernone berubah coklat rodo kekuningan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9032", "text": "Doraemon iku judul manga ambek anime sing populer pol. Komik Doraemon iku dikarang ambek Fujiko F. Fujio sejak tanggal 1 Juni 1969. Komik iki berkisah tentang kehidupan arek kelas 5 SD sing malesan pol dan nduwe jeneng Nobita Nobi, terus ditekani ambek robot kucing sing jenenge Doraemon. Robot iku mau nekani Nobita ket masa depan sekitar abad ke-22. Tujuan dikirime Doraemon iku gawe nulungi Nobita ben keturunane iku isok nikmati kesuksesan timbang kudu menderita mergo utang sing bakal kedaden akibat kebodohane Nobita. Sing paling dikenal teko karakter Doraemon yaiku de’e nduwe kantong ajaib sing isok ngetokno sembarang kalir peralatan teko masa depan dan nduwe fungsi sing sangar.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2309", "text": "Asline teh ora mok pantes digawe konco mangan roti sore-sore nang teras omah. Teh yo nduwe khasiat akeh kanggo kesehatane awak dewek kabeh. Teh legi sing anget apik kanggo ngguwak racun sing ono nang njerone awak. Teh yo apik digawe ningkatno imunitase awak. Sak liyane iku, kandungan kafein sing ono nang njero-ne teh iso digawe relaksasi ngilanglo loro'e sirah. Teh yo apik kanggo ngedukno kadar kolesterol, nyehatno jantung, njogo kesehatane moto, ningkatno energi, ambek nguwatno balung. Polahe kandungan antioksidan nang njero teh sing akeh ambek apik kanggo kesehatan, uwong-uwong ngombe teh sing pas karo ukurane sak ben dinane. Soale nag kelewat bates yo ora apik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4681", "text": "Desaku pancen kesohor amarga ana industri keripik sukun. Sukun kuwi mirip banget karo nangka nanging ora ana rasane lan luwih enak yen digoreng biyasa utawa digawe kripik. Saben esuk, akeh wongkang ngusungi sukun saka kebon lan dikirim ning omah-omah industri. Saka kripik sukun iki, bocah-bocah ning desaku bisa ngerasakke bangku sekolah kanthi lulus perguruan tinggi ing njaba kutha. Nanging amarga kuwi, akeh sing ora gelem bali desa kanggo nerusake usaha keripik sukun lan dadi petani sukun. Kebon sukun akeh sing wis dibabat lan dadi pabrik garmen. Saiki sing ngolah sukun wis mandheg separone lan milih usaha liyane kaya dodol sembako utawa ndhog asin. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2727", "text": "Nag jero kitab alquran iku yo ono sing jenege kisah sing gambarno tekat ambek keteguhane wong enom sing nyekel keyakinane sampek pirang-pirang tahun nang jero guo. Kisah iki jenenge Kisah Ashabul Kahfi sing gelek digawe cerito karo wong-wong sing ceramah nag ngadepi utowo ngisi ceramah nag bocah-bocah enom. Nah lapoo kisah iki gelek dicipek? Soale nang cerito iki, ono Bocah enom sing yekel kebeneran terus ora bakal ngobahno keyakinan atine soale deke iku bener. Mari ngunu bocahe iku maeng ate dipateni, tapi bocah iku maeng ora wedi terus akhir sengedan nang jero guo sampek atusan tahun tapi ora iso mati. Nah pelajaran sing teko dijipek teko kisah iki yaiku Ojo nyerah nag awakmu ancene bener, masio diancam perjuangno. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9201", "text": "Chenle salah sawijining anggota boyband Korea, NCT Dream ngaku seneng mangan panganan Indonesia. Panganan kang dipangan Chenle kayata cah kangkung, urang, seafood, lan sing paling disenengi yaiku manggis. Pirang-pirang panganan iku diunggah Chenle ana ing instagram. Bocah sing lair ana ing China kui ngomong yen seafood Ancol salah siji seafon paling enak sing tau dipangan. Nalika Chenle balik maneh manggung ing Jakarta, dheweke uga ngefoto lan ngomong yen manggis iku nagih Chenle ngerasa seneng banget mangan manggis. Saliyane iku, Chenle uga mangan seafood sing ana ing cedhak Ancol lan balen mesen panganan sing disenengi yaiku cah kangkung, urang, lan macem-macem seafood liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8671", "text": "Gawe mahasiswa klaster Agro, salah siji program kerja sing dadi andelan pas KKN iku nanem tanduran. Bah iku tanduran sayur, bah iku tanduran hias, pokoke onok kegiatan nandur taneman iku mau. Ela yo ngelebokno nandur taneman nang sekitar RW panggone de’e KKN nang program kerjone. De’e wes nyediakno sembarang kalir bibite teko Pondokan, garek ditanduk nang lemah e tok. De’e gak bakal kerjo dewean, soale konco sak Pondok e bakal ngewangi sisan gawe nambah jam kerjo bantu e sisan. Ndelok arek-arek KKN podo nandur taneman nang sekitar RW, wargane dadi ngeapresiasi pol. Hal iku soale marakno RW kono dadi ketok asri pol. Wes ngono, wargane janji bajal ngeramut tanduran mau. Ela jelas sueneng pol lah, soale kerja kerase gak sia-sia.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2766", "text": "Aku nag moco kitab suci alquran mesti gelek metuk'i salah sijine ayat sing duwe arti kusus ambek iku kudu ono bacaan khusus sak marine moco ayat iku, Nah ayat iku maeng jenenge ayat sajdah. Ayat Sajdah yaiku ayat-ayat sing dianjurno kabeh wong sing ngeringekno utowo moco masio gak sengojo kudu ngelakoni sujud tilawah. Nah sujud tilawah iku maeng kanggo jaluk perlindungan teko pengeran ben ora kenek gangguane setan sing sakbendinone iku ono nang pinggire awak dewek kabeh. Nah ayat-ayat iku maeng biasane ditandai ambek tanda sing koyok menure masjid utowo kubae masjid. Terus sak liyane tondo iku maeng biasane nag duwure tondo ayat iku ono tulisane \"Sajdah\".", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7845", "text": "Jaman saiki, wong-wong iku luwe milih gawe beralih nang mesin cuci otomatis. Jarene mesin cuci otomatis iku luwe hemat panggon. Terusan nek nganggo mesin cuci manual iku jare wes kasep, ketinggalan jaman, dan liyane maneh lah. Padahal, mesin cuci manual iku nduwe akeh keunggulan timbangane mesin cuci otomatis. Siji, biaya listrik e luwe hemat listrik, soale pengoperasiane sek serba manual. Loro, regane luwe murah. Istilahe ngono, tuku mesin cuci otomatis siji iku isok entok loro mesin cuci manual. Telu, luwe hemat banyu. Soale kan pengaturane sek manual, dadi isok diatur dewe ukuran banyune. Terakhir, ngeringno pakaiane isok luwe cepet. Soale kan tabung gawe ngumbah klambi ambek ngeringno kan dibedakno. Teko kono, kerja pengering iku mau isok luwe optimal.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "820", "text": "Wong tuwo sing seneng karo bal-balan kui biasane ngejenengi anake koyo pemain bal. Iki koyo materi lawakan sing tau aku delok neng Youtube. Ceritane anake si pelawak iki kepengen les bal-balan. Dileske lah karo pelawak kui. Neng sekolah bal kui, dheweke nemu konco-konco anake sing jeneng dijipuk seko jeneng pemain bal sing terkenal. Ono koncone sing jenenge Zidane, Messi, Lionel, Ronaldo, lan akeh meneh pemain sing awak dhewe kenal. Jarene pas murid-murid sekolah bal kui lagi tanding koyo lagi piala dunia. Mergone aku wong tuwo sing bengok-bengok ngundang jenenge anake. Misale ono wong tengok sing bengok, \"Ayo Messi oper bale neng Ronaldo, dee kosong!\".", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9314", "text": "Papan wisata hidden gems kuwi adate kudu ditempuh kanthi perjuangan. Tegese, papan kuwi mau dununge ora ana pinggir dalan kang akeh dilewati lan gampang tumekane dening wong. Nanging adate mblusuk kepara malah ora bisa kaakses dening kendharaan gedhe kaya mobil. Papan hidden gems kang kaya ngene mau adate arupa wisata alam kaya pantai, curug, bukit, kali, apadene liyane. Tuladane Pantai Watu Bolong ana Gunungkidul, Ngayogya, menawa kowe arep tumuju papan iki kowe kudu nuntun motor saka dalan aspal tumuju papan parkir. Banjur mlaku utawa tracking sasuwene 10 menit ngiwati sawah, dalanan watu, lapangan, lagi bisa tumuju ana pantai. Tuladha liyane, menawa arep tumuju ana Bukit Pengilon ing Gunungkidul, kowe kudu uga tracking ngliwati dalan watu kang nanjak, palemahan, sesuketan, nembe bisa weruh ambane segara kanthi view kang apik banget. Mula nyata menawa hidden gems wisata alam kuwi kudu ditempuh mawa perjuangan.\r\n\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5818", "text": "Kerja ning kantor kuwi dadi salah sawijine cita-cita sing ana ning sirah kabeh lulusan perguruan tinggi. Ora kudu ning posisi sing dhuwur, nanging ya kerja kanthi sukses lan bisa nggawe kalung identitas pegawe kantor. Nanging, kantor iki uga aka nilai postif lan negatife kanggo para pekerja sing ana ning jerone. Ana kantor sing ngerasa yen pegawe kuwi keluarga, ana sing ngerasa ya mung menungsa sing kudu kerja banjur digaji kanthi rampung. Kerja kantoran kuwi ya luwih akeh bosene amarga kudu ning jerone ruang tanpa ana hiburan lan kebebasan, apa maneh sing pegawe negeri utawa pegawe ning perusahaan sing nuntut kerja cepet. Kamangka, awak dhewe kudu bisa adaptasi marang kabeh kemungkinan sing ana ning kantor.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9767", "text": "Alat musik balera yaiku alat musik sing kegawe saka wesi batangan sing disusun dadi siji lan ditulisi dening not-not kayata Do, re, mi, lan liyan-liyane. Alat musik balera digunakake kanggo mainake nada melodi sing ana ing lagu ing drum band. Cara maine alat musik balera yaiku sing kaping siji yaiku ngadek ing posisi balera nganti bener. Kaping loro nyekel tabuhe nganti posisi seng bener, yaiku nganggo tangan kiwo lan tangan tengen. Kaping telu kudu ngerteni not-not sing arep di tutuk. Kaping telu kudu tepak nutuk not supaya unine suara utawi nada ben enak dirungkno. Yaiku mau tata cara mainake utawi nabuh balera nganti bener.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5010", "text": "Ning kampungku ana Kyai jenenge Kyai Ahmad. Kyai Ahmad iki duwe pesantren sing paling gedhe ning kecamatanku. Kyai Ahmad iki salah sawijine gurung kang sepuh banget nanging isih kuat mimpin pengajian utawa kegiyatan sing ana kaitane karo keagamaan liyane uga dadi imam shalat Jum'at. Kyai Ahmad uga isih teges lan isih sering ngisi ceramah. Sak liyane pondok reguler sing wis kedaftar ning pemerintah, Kyai Ahmad sampe saiki isih mbuka pondok khusus kanggo wong sing uga wis sepuh ning sekitar kampung sing isih pengen sinau al-quran nanging kangelan. Saban taun, Kyai Ahmad lan para santri uga ngadakake pengajian akbar kanggo mengeti maulud nabi lan dina-dina besar Islam liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5183", "text": "Gusti Kanjeng Ratu Mangkubumi iki salah sawijine putri raja sing uga aktif ning akeh kegiatan adat ning Kraton Yogyakarta Hadiningrat. GKR Mangkubumi lair tanggal 24 sasi Pebruari taun 1972. GKR Mangkubumi iki dadi patokan utawa conto kanggo adhi-adhine amarga dadi putri pertama ning keluarga Gusti Sultang ingkang kaping X. GKR Mangkubumi kegiyatane yaiku dadi lurah putri ning jero Kraton, yaiku mimpin para abdi dalem putri kanggo nyiyapake kebutuhan ning kraton mulai saka kebutuhan adat, masyarakat, kanthi kebutuhan kanggo njero kraton. Jabatan iki arane Penghageng. Kamangka, Penghageng uga duwe wewenang kanggo mimpin upacara adat kaya Tumplak Wajik, Peksi Mburak, lan sapanunggale.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9797", "text": "Soto iku panganan khas indonesia seng gampang ditemoni ing indonesia seko restoran mewah sampe warung pinggir dalan. Soto akeh maceme tergantung daerah asale. Onok seng nggae dodoh bening,lan Santen, onok soto pitik, soto daging, soto babat lan akeh bahan liyane. Soto biasane di sajikno ambek koya, jeruk nipis, kentang goreng, sambel lan kecap Tergantung selera. Koya yaiku kerupuk urang seng dialusno.Tibakne nggae soto iku gampang. Gausah tuku ndek warung, saiki nggae soto isok digae dewe ndek omah. Cara nggae soto ayam, pitik 1 ekor digodok lan 5 endog godog. Laos 2cm di geprek, sereh 1 batang digeprek,kunir 2cm uya merica lan gula, digodog. Nek wes mateng dikeki taburan kaya contoh ndek ndukur mau.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2728", "text": "Nang jeru kitab suci alquran iku akeh kisah-kisah sing kenek dicontoh kanggo sangu ngadepi urip nang dunyo iki. Mangkane kabeh kyai mabek ulama mesti nganjurno wong muslim iku kudu pedoman nang kitab suci alquran iki. Nah kisah sing paling gelek dianjurno poro alim ulama ambek kyai yaiku kisahe carane Nabi Lukman didik anak ben dadi wong bener. Kisah iki ancene wes terkenal nang endi-endi munggoi wong islam soale carane Nabi lukman nag didik anek apike pol. Biasane, kisah iki ancene ditujokno kanggo wong tua ben iso didik anak sing bener. Mangkane kanggo wong-wong tua kabeh moco'o carane didik anek sing teko nabi lukman. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6", "text": "Kanggo kowe-kowe sing kuliah neng FIB UGM. Iki tak andani piye corone mesen neng Kansas (Kantin Sastra). Kansas ono neng Gedung Soegondo lantai paling ngisor. Nek misale isih bingung gedunge sing endi, gedung Soegondo kui gedung sing paling anyar lan duwur ning FIB. Bakul sing dodolan neng Kansas ono akeh, seko ramesan, mie ayam, lotek utowo gado-gado, tekan kopi kekinian. Nek misale, wis ngerti awak dhewea arep mangan opo, langsung wae marani bakule. Neng kono ono daftar menu karo regone. Tulis wae pesenanmu neng kertas sing wis dicepake. Bar kui, awak dhewe kudu bayar disik neng kasir. Kasire kepisah karo panggon bakule. Kasire ono neng tengah-tengah ruangan. Nek wis bayar neng kasir, kertase mau bakal dicap. Nah kertas sing wis dicap kui diwehi meneh neng bakule lagi pesenanmu digaweke. Sak rampunge mangan, piring utowo mangkok ora entok mung ditinggal neng mejo, kudu diselehke neng panggon sing wis dicepake.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3177", "text": "Pas waktu bal-balan biasane mesti wes persiapan mateng teko pemanasan ,alate olahraga, sampek liyan-liyane barang wes tepak kabeh. Tapi ngunu ae isek ono sing kedaden perkoro sing ora kepikiran. Contone koyok gaprakan sampek dadekno sikile loro terus abo, terus ono maneh sing kesikut sampek ora iso tangi, terus yo ono sing kesaduk koncone sampek getehen, ambek liyan-liyane perkoro sing iku kadang garai ati ngenes. Nah kedadean iku asline iso ae diadepei ambek pikiran sing kebuka karo ati sing sabar. Terus biasane kudu jalu saran ambek wong wing wes pengalaman ben perkoro iku maeng kenek diadepi. Soale nag pengalaman ae ora duwe bakal kedaden terus.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4769", "text": "Ana sawijining tontonan sing paling ngangenake saka Kutha Jogja, yaiku pertunjukan kabaret. Pertunjukan Kabaret ning Hamzah Batik kuwi meriah banget lan rame turis. Pertunjukan iki ditampilke karo para waria seniman ning Jogja lan sekitare. Pertunjukan iki ora sarat karo pertunjukan sing saru, nanging ya pancen rada nakal amarga pelaku-pelaku seni iki dituntut kudu ekspresif. Kanggo wong kang mandheng pertunjukan iki sebelah mripat, kudu nonton ben ngerti kepiye para seniman njaga profesionalitase lan nggawe kesenian sing bisa dinikmati kaya pertunjukan teater. Mulane kuwi, pertunjukan iki kudu dipromosekake nang kanca-kanca lan diregani amarga kabaret kuwi panggung sing butuh keahlian lan jam terbang sing dhuwur. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5479", "text": "Ning olahraga renang, kadhang ana kedadian sing ora disangka kaya ndadak kelelep utawa kram sing ana ning sikil. Kram iki bisa kedadian marang sapa wae. Masio atlet kuwi wis profesional, yen fisike ora disiyapake uga bisa marai kelelep lan kram. Apa maneh sing isih amatir utawa perenang biyasa. Kram iki penyebabe sak liyane kurang pemanasan, uga bisa amarga tekanan banyu lan suhu sing ora pas kanggo fisike awak dhewe. Sak liyane akeh latihan, sing perlu diasah yaiku pemanasan sing bener amarga pemanasan kuwi sing bisa nulungi awak dhewe ben luwih kuwat ning jero banyu. Kamangka, ayo sinau babagan pemanasan sing bener ben ora ana kedadian kelelep. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6910", "text": "Salah siji restoran cepat saji sing paling sering tak kunjungi ambek keluarga pas dino prei yaiku KFC. Pokok nek wes bingung kate mangan opo, langsung kepikire ambek KFC. Sing marai restoran cepat saji iki terkenal iku jelas ayam goreng e. Onok dua rasa, original ambek krispy, dan loro-lorone podo enake. Nek awakmu seneng pedes, pesen sing krispy. Tapi nek gak seneng, pesene sing original. Terus onok siji menune maneh sing paling terkenal, yaiku cream soup. Biasane aku pesen paket sego ayam karo cream soup e iku. Ayam gorenge disuwir-suwir terus dicemplungno nang sop e, rasane dadi luar biasa nikmate. Ayam goreng KFC ambek cream soup iku wes dadi perpaduan andalanku.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7020", "text": "Tahun iki, kantore bapakku ngadakno liburan karyawan nang Jatim Park 1, salah siji panggon wisata sing terkenal banget ket jaman lawas. Perjalanan teko Gresik sampe lokasi kurang lebih 3 jam an dan beruntung banget dalanan lagi lancar banget. Berhubung teko pihak kantore bapakku sing sengojo jadwalno lungo pas dino kerjo, dadi sampe kono gak sepiro rame pengunjung, gak koyok biasane sing koyok dawet saking ramene. Nang kono, aku ambek adik-adikku numpaki hampir kabeh wahana sing onok nang kono. Mumpung sepi dan gak atek ngantri suwe kan ya, kapan maneh isok koyok ngene. Awak dewe bener-bener dolen sampe tuwuk dan moleh dengan perasaan bahagia.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3187", "text": "Ancene ora kabeh wong iku iso ngalakoni olahraga rutin. Tapi yo ora kabeh owng sing olahraga rutin yo ngerti manfaate olahraga.Nag ngomongno manfaate olahraga ancene akehe megilan opo maneh sing olahraga aerobik tambah akehe megilan. Manfaat olahraga iki yoiku iso ngurangi ganguan strees polahe akehe tekanan urip, terus iso garai turu tambah angkler, mari ngunu iso jogo awak ben iso stabil bobote, terus iso ngoptimalno kerjoe utek, jogo darah ben tetep stabil tekanane, nyegoh Demensia, iso nguatno sistem kekebalane awak, ambek liyan-liyane sing akehe megilan. Kabeh iku manfaate olahraga aerobik sing ancene ora kabeh wong iku ngerti. Terus manfaate liyane yo isek akehe pol.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7352", "text": "Natal yaiku hari rayane umat Kristen sing diperingati ben tahun karo umat Kristiani. Natal dilaksanakno ben tanggal 25 Desember gawe memperingati dino kelahirane Yesus Kristus. Natal dirayakno nang kebaktian bengi pas tanggal 24 Desember dan dilanjut kebaktian isuk pas tanggal 25 Desember. Tapi onok sisan pirang Gereja ortodoks sing ngerayakno natal pas tanggal 6 Januari utowo 7 Januari. Sing dilakoni pas Natal selain kebaktian nang Gereja iku ngumpul karo keluarga ambek bagi-bagi kado gawe sesamane. Natal iki nduwe ornamen sing khas, mulai teko pohon natal, pernak pernik Natal sing dominan werno abang karo ijo, kartu natal, sinterklas, kelompok puritan, ambek ritus kulon.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7489", "text": "Nek awakmu berkunjung nang Deso sing pelosok banget, biasane bakal berhadapan langsung karo Ketua Suku ne. Ketua Suku iku bertugas gawe ngelindungi masyarakat sing onok nang Suku iku mau teko hal-hal ndek luar area sing berbahaya. Nang pedalaman koyok ngono, kadang sek onok istilah area kekuasaan dan onok ketuane dewe. Iku yo berlaku gawe suku-suku nang pedalaman. Dadi nek awakmu lagi onok keperluan gawe ngunjungi area nang Suku iku, dan posisine awakmu wes diterimo, iling-iling peribahasa “nang ndi bumi dipidak, nang kono langit dijunjung”. Artine awakmu kudu ngehargai adat istiadat sing onok nang suku iku mau. Nek misal onok sing gak sesuai ambek kepercayaanmu, menengo ae, gak usah nyangkem. Awakmu cukup selesaino keperluanmu nang kono dalam diam nek pingin aman.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7807", "text": "Salah siji game sing tau rame iku jenenge Quiz Parampaa. Game iki diciptakno ambek Masova. Quiz Parampaa iki game sing misine njawabi kuis sing disediakno. Onok 100 level sing kudu dilalui. Nek awakmu kate dolen iki, onok aturan sing kudu mbok gatekno. Siji, nang permainan iki, onok telung hati sing dadi kesempatan nek awakmu salah jawab kuis. Loro, nang pirang level iku onok bom sing bakal namatno kabeh nyawa sing mbok duweni dan awakmu nduwe 10 detik gawe ngentikno iku. Dadi kudu bener bener digatekno. Terakhir, pas jawab kuis, dilarang metek tombol ‘Ctrl’ utowo ‘Tab'. Nek salah siji teko iku kepetek, bakal muncul tulisan “Curang!!!” nang layar dan awakmu bakal mbalik ke awal maneh. Wes, selamat mencoba.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "858", "text": "Sok-sok neng deso awak dhewe kui kerep gawe turnamen dhewe, mbuh kui olahragane opo wae, iso futsal, bal-balan, lan voli. Kui pertandingan kui uga iso seko wong-wong seko sak deso utowo tanding antar deso. Opo wae pertandingane awak dhewe sak yogyane melu pertandingan kampung kui. Opo meneh yen, awak dhewe jago neng olahraga sing dilombake. Awak dhewe ora kudu duwe target juara. Juara kui mung bonus, sing paling penting awak dhewe dadi iso luwih kenal karo tonggo-tonggone dhewe. Yen kui pertandingan antar deso, awak dhewe dadi iso ngenalke wong-wongane desone dhewe seko pertandingan kui. Yen awak dhewe ora iso dalan, paling ora awak dhewe nonton pas desone dhewe main.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2826", "text": "Lagu lir-ilir iki wes terkenal ang endi-endi, terus lagu iki yo gelek digawe dolanan ambek bocah cilik-cilik biyen sampek saiki koyok lagu gundul-gundul pacul. Nah lagu iki asline iku diciptakno sunan kali jogo gawe nyiarno utowo nyebarno agama islam. Tapi asline lagu iku digawe ora mok angger lagu tok tapi yo ono artine sing garai wong iku seneng ambek semangat. Nag artine sak benere iku luweh koyok pesen nang menungso yaiku awak dewek kabeh iku umat menungso sing kudu tangi teko keterpurukan. Kudu tangi ambek ngelawan sifat males sing ono nang awak deweke kabeh. Dadi lagu iki masio lagu daerah teko jawa tengah tapi wes terkanal ambek pesan moral iku apike megilan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "870", "text": "Aku disik neng Bogoro kui sekolah neng sekolah swasta. Panggone kui rodo banget seko tengah-tengah kota. Pas kui, jejere sekolahe kui kebon telo kabeh. Aku lan konco-konco seneng dolan bal-balan pas kui. Nanging mergo jumlah muride mung sitik, awak dhewe ora iso tanding bal-balan sing bener, sing sak time kui tekan 11 wong. Makane kui, guruku gawe pertandingan antara sekolahku lawan sekolah sing ono neng kampung buri. Pertandingan kui, aku dolan dadi bek. Awak dhewe seneng banget iso dolan kui. Awak dhewe pas main kui nganggo bal tenanan sing atos. Pas pertandingane arep rampung, ono tim musuh sing nendang ke gawang. Untunge kui ora gol, nanging bale kui keno dodoku. Rasane lara banget keno bal kui. Aku sempet ngeroso sesek pas kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2854", "text": "Aku biasane nag muleh mesti gawakno bocah-bocah panganan oleh-oleh khas daerah ku. Lha panganan iki ancene garai bocah-bocah ketagehan. Mangkane nag muleh mesti bocah-bocah titip ditukokno. Lah panganan iku jenenge wingko babat sing bakale iku teko tepung, gula, pandan, ambek parutan kelopo. Jarene bocah-bocah masio bentuke ora ono sing istimewa, ttapi rasane iku sing istimewa soale enake pol. Yo ancen wes maklum lah iku soale ora wong daerah gonanku. Dadai rasa sing koyok ngunuku dadi enak. Lah nag jareku sing didol iku ora sepiro enak soale kakean kelopo. terus kadang kegaringen oleh ngopen utowo manggang dadi rodok alot pas dipangan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4783", "text": "Salah siji film sing bisa mbangkitake semangat sinau yaiku Laskar Pelangi. Film iki digarap tahun 2008 miturut novel sing ditulis karo Andrea Hirata. Sutradara film iki yaiku Riri Riza lan Salman Aristo. Film iki nyeritakake uripe Ikal, bocah cilik sing duwe semangat gawe sekolah nanging uripe mlarat. Dekne sekolah ning SD Muhammadiyah Gantong, SD sing meh wae tutup amarga ora ana bocah sing gelem sekolah ning kono. Ikal ya duwe kanca-kanca sing karaktere manika warna kaya Lintang sing paling pinter, Mahar sing seneng pelajaran seni, lan liyan-liyane. Film iki ya menang penghargaan ning festival film Indonesia uga mana negara amarga ide ceritane sing ngewenehi akeh pitutur. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9229", "text": "Aku duwe resep kanggo kowe kabeh sing seneng ngemil tur wegah masak ribet. Bahan sing dibutuhake mung tahu putih, uyah, mrica, penyedap, tepung tapioka, lan tepung beras. Dhisik dhewe kang kudu dilakokake yaiku ngremuk 3 tahu putih dadi lembut, sabanjure kuwi diudhak bareng karo setengah sendhok teh uyah, mrica, lan penyedap. Yen uwis kecampur, tambahana sak sendhok makan tepung tapioka lan rong sendhok makan tepung beras, banjur diudhak kayadene yen nguleni adonan roti. Aja lali ngesok minyak ing wajan banjur ngurupake kompor. Yen minyak wis panas, cemplungake campuran tahu mau kanthi ukuran cilik lan sethithik mbaka sethithik. Goreng nganti warnane coklat, banjur diangkat lan ditiris. Aku biasane nyebut panganan iki batagor ala-ala. Dipangan pas kahanan isih kriuk mesthi cocok tenan. Wis gek ndang dijajal resep iki!\r", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8627", "text": "Urip tonggoan iku gak selamae damai. Pasti onok ae tantangan sing kudu diadepi. Salah sijine iku ngadepi tonggo sing nggatheli. Padahal awak dewe iku meneng ae, tapi wong iku sing malah nggolek perkoro karo awak dewe dan mancing pertikaian. Nek wes koyok ngono, awak dewe kudu bertindak cek gak tambah mangkel ambek wong iku dan wong iku mau gak sampe mungsoni awak dewe. Onok limang cara bijak ngadepi tonggo sing nggatheli koyok ngono. Siji, ngomong ambek mereka, nek perlu teguren. Loro, mbangun batesan ambek wong iku. Telu, ngabaino mereka nek misal de’e mancing perkoro. Papat, jaga jarak ambek wong iku, gak usah sering sering ketemu nek gak onok perlu. Terakhir, gak usah mbales hal sing mbok benci.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5833", "text": "Akeh wong sing ngerasa yen pemutusan hubungan kerja kuwi siji-sijine cara sing bisa ditempuh kanggo wong sing ana ning perusahaan rintisan. Nanging ana cara liyane yaiku ngurangi biaya operasional iklan kaya sing dilakoni Shopee. Pas isih pandemi, saban wulan Shopee sering banget ngundang artis korea kanggo teknik pemasaran lan ditayangake ning TV. Pas kuwi, saban wulan mesti ana konser ning TV amarga Shopee wis ngelakoni riset pasar lan nemu yen minat Indonesia kuwi ning lagu K-Pop. Nanging, iki ora sumbut marang pertumbuhan lan uga keuntungan. Dadi Shopee wis ora ngelakoni strategi sing padha karo pas wayah pandemi lan mulai nganggo cara pemasaran luwih irit. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5114", "text": "Salah siji spesialisasi mata kuliah sing ana ning jurusan arsitektur yaiku arsitek tradisional nusantara amarga omah iki ya ana hubungane karo tradisi lan budhaya sing ana ning sawijining daerah. Mata kuliah arsitektur nusantara iki sajane ya ana ning Antropologi amarga bisa sinau babagan suku, adat, lan budhaya miturut saka fungsi bangunan lan sejarahe kenapa bangunan kuwi ana. Ning Indonesia, sajane ya bisa dadi panggonan sing cocok kanggo nuwuhake mata kuliah iki ben dadi salah siji spesialisasi amarga Indonesia iki duwe suku lan budhaya sing akeh lan omah adat sing manika warna. Nanging, sing dadi kiblat saka spesialiasai arsitektur lan budhaya iki isih peradaban Eropa kaya Yunani lan sapanunggale.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7798", "text": "Idol Star Athletics Championship utowo biasa disingkat ISAC iku salah siji acara sing ditayangno nang saluran TV ndek Korea Selatan. Acara iku nampilno para artis Korea sing berkompetisi ndek lomba multi-olahraga. Mulai teko lari maraton, memanah, gymnastic, lompat jauh, lompat tinggi, dan sek akeh sing liyane. Awak dewe nek ndelok iku isok dikatakno lagi nonton pertandingan olahraga sisan lho. Soale kan ancen acara sing nayangno pertandingan olahraga antara artis siji ambek artis liyane. Wes ngono, awak dewe bakal betah ndeloke soale isok ndelok artis senengane awak dewe lomba nang kono. Dadi nek awakmu pingin ndelok acara pertandingan olahraga sing gak mboseni, delok ae ISAC.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5060", "text": "Jaman aku cilik, aku sinau babagan al-quran ning TPQ utawa Taman Pendidikan Quran sing ana ning kelurahanku. TPQ iki mesti rame amarga kabeh bocah ning kelurahanku ngaji ning kono. Metode sinaune uga diatur amarga ana sing sinau saka awal kanthi wis lancar al-quran. Sinau al-quran ning kene uga kudu ngerti tajwid lan cara maca huruf sing bener. Banjur yen wes ngerti, kudu sering dilatih ning omah. Aku uga latihan maca al-quran ning omah karo bapakku amarga bapakku iki disiplin banget perkara ngaji. Nanging ajaran bapakku iki uga marai aku cepet bisa maca al-quran lan cepet khatam lan cepet bisa apal. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9000", "text": "Dino iki lagi gak onok sopo-sopo nang omah, alias Irma lagi dewean nang omahe. Berhubung Irma iku wedi nek dewean nang omah, akhire de’e mutusno gawe numpang nang omahe dulure sing jenenge Ovi. De’e numpang nang omahe Ovi sampe keluargane moleh teko Jakarta. Buru tutuk, Irma langsung nunut nganggo mesin cuci gawe ngumbah klambine. Ovi iya iyo ae. Pas dicek, dadakno mesin cucine iku nganggo bukaan ngarep. Irma jelas bingung lah, soale de’e kulinone nganggo mesin cuci bukaan duwur nek nang omah. Kate takon nang Ovi, tapi arek iku lagi nggarap kerjaane. Mergo gak gelem nganggu, akhire Irma browsing cara nganggo mesin cuci bukaan ngarep. Untunge ae de’e cepet paham dan isok nganggo dengan tepak.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8682", "text": "Secara umum, desa iku siji aglomerasi permukiman nang area pedesaan utowo rural. Nang Indonesia, desa iku pembagian wilayah administratif nang ngisore kecamatan sing dipimpin karo Kepala Desa. Siji desa iku kumpulan teko pirang unit permukiman sing luwe cilik maneh. Ciri-cirine masyarakat desa iku onok akeh. Siji, pembagian wektu sing luwe teliti gawe ngejar kebutuhan individu. Loro, penduduk nang desa iku cenderung saling tolong menolong mergo nduwe rasa kebersamaan sing duwur. Telu, pembagian kerja antar penduduk desa cenderung mbaur dan gak nduwe batesan sing jelas. Papat, penduduk desa iku cenderung ngerjakno pekerjaan sing podo ambek anggota keluargane sing mbiyen. Limo, kehidupan keagamaan e luwe kuat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2886", "text": "Kabeh wong adat utowo wong sing nag suku mesti duwe sing jenenge aturan suku utowo aturan adat. Mari ngunu yo ono sing jenenge Tokoh Adat, tokoh adat iki termasuk wong penting sing nang adat iku maeng soale tokoh adat iku termasuk wong sing ancene dipercoyo ambek wong nang kono kanggo gowo suku maeng tetep iso ngadepi masa depan. Nah fungsine Tokoh Adat yaiku salah sijine kanggo jogo utowo ngelindungi Adat sing wes ono nang suku maeng sampek turun-temurun mulai teko jamane leluhur sampek generasi sing ate teko. Nah mangkane dadi Tokoh adat iku yo termasuk tanggung jawabe gede soale ora kabeh wong sing nang adat utowo suku maeng iso ngelaksanakno tanggung jawabe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6308", "text": "Pasangan sing aggal ning hubungan pacaran utawa perkawinan kuwi sebagian gedhe saka komunikasi sing kurang lancar. Nanging ya uga ana sing hubungane rusak amarga ego sing kurang dijaga. Pasangan sing padha keras iki nolak gawe diskusi nggolei dalan sing paling apik kanggo bertahane hubungan. Ora ana pasangan sing gelem ngalah lan tetep bertahan karo pendapate dhewe. Wong sing nduwe ego gedhe iki bisa amarga urusan sing padhet lan marai stres, jarang dijak ngobrol lan nggawe keputusan, lan uga karakter sing dominan. Kamangka, yen pengen awet karo pasangan, awak dhewe kudu ngerti wates ego sing dinduweni karo pasangan sing urip bareng awak dhewe. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "540", "text": "Cilikan aku, aku biyen ora seneng perkoro basa lan kebudayaan daerah-daerah neng Indonesia. Makane kui, aku rada kangelan pas pelajaran IPS wektu SD. Pelajaran kui akeh ngebahas babagan sejarah lan kebudayaan neng Indonesia. Pas kui, aku isih sekolah neng Bogor. Wektu garap soal ujian ono pertanyaan, opo senjata khas seko Bogor utowo Jawa Barat. Koyo soal-soal sing liyo, aku ora ngerti jawabane. Sementara, aku ngelanjutke soal sing liyane. Wis rampung, aku balik meneh neng soal sing mau. Aku mikir-mikir, ngiling-iling. Banjur aku keinget jeneng tugu neng bogor, Tugu Kujang. Neng pucuke tugu kui koyo bentuk senjata. Oh, akhire aku ngerti yen senjata tradisionale kui jenenge kujang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9664", "text": "Sejarahe Alquran bisa dadi pakumpulan firman Allah kaya ngene iku ngelewati proses sing suwi lan dawa banget. Wiwit didukna utawa diwahyuna ning Nabi Muhammad yaiku taun 610 M lan proses nyebarake bertahap nganti 632 M. Saben ayat diajarke karo malaikat Jibril ing Nabi Muhammad. Sadurunge dibukuna dadi siji, ayat Alquran bien kepencar ana sing ditulis ana ing godhong, kulit sapi, kayu, lan panggon liyane. Pas wektu iku, Abu Bakar sing mimpin kanggo ndadekake Alquran dadi siji. Ing Alquran ana 6.236 ayat, 114 surat, lan total 30 juz. Ayat ning Alquran iki ngandung babagan penciptaan alam semesta lan manungsa, dina penghakiman, kisah teladan wong sing urip mbiyen, ibadah, moral lan dashar hukum kanggo pedomane manungsa urip ana ing donya.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2712", "text": "Tokoh-tokoh keagamaan yaiku wong sing ngerti utowo wong sing dianggep luwih ngerti masalah agama ambek masyarakat utowo wong akeh nag wilayah iku maeng. Terus sak liyane iku sing jenenge Tokoh-tokoh agama yo ono sing garani nag iku termasuk wong sing dituwokno masalah agama soale ilmune masalah agama wes jerune megilan. Lah kadang tokoh-tokoh agama iki biasane yo seje-seje angger daerah soale pemahane nang agomo yo bedo-bedo. Mangkane tokoh-tokoh agama angger wilayah yo aranane yo seje-seje ono sing diarani Buya, ono sing diarani ustad, ono sing diarani ulamak, gus, ambek liyan-liyane karek wong daerah kono senenge nyelok opo sing penting iku ngregani ambek mulyakno tokoh iku maeng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7773", "text": "Onok akeh banget kejadian sing gak terduga sing kedaden pas nang pertandingan olahraga. Nek nang Indonesia, sing paling anyar iku Tragedi Kanjuruhan. Nek jaman mbiyen, onok sing podo nemene sisan, yaiku Tragedi Estadio Nasional sing kedaden nang Lima, Peru. Tragedi iki kedaden pas 24 Mei 1964. Bencana iki berawal teko pertandingan antara Peru ambek Argentina. Keputusan sing gak populer teko wasit iku marakno penggemar Peru gak terimo dan mudun nang lapangan. Akhire Polisi ngelawan dengan cara nembakno gas air mata nang area massa dan marakno eksodus massal. Korbane iku akeh buanget. Sing mati iku onok sampe 328 uwong dan jare isok luwe akeh maneh, dan sing luka sampe 500 uwong.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7346", "text": "Akhir-akhir iki, lagi sering banget onok fenomena gerhana. Biasane pirang-pirang tahun onok pisan. Nek iki gak, ket tahun wingi, pasti sak tahun iku onok pisan. Onok salah siji amalan sunnah sing dilakoni ben terjadi gerhana, yaiku sholat gerhana. Tata carane sholat gerhana iku koyok ngene. Siji, niat. Loro, takbir. Telu, moco Al-Fatihah terus moco surat-surat nang Al-Qur’an. Nek isok pilih surat sing dowo. Papat, rukuk, terus bangkit gawe i’tidal. Limo, gak langsung sujud, tapi sedekap maneh dan lanjut moco Al-Fatihah maneh dan surat sing dowo maneh. Enem, rukuk, terus i’tidal, dan dilanjut sujud koyok sholat biasa. Pitu, bangkit teko sujud dang ngerjakno rokaat kedua koyok rokaat pertama mau. Terakhir, salam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8103", "text": "Wirausaha iku suatu kegiatan usaha utowo bisnis mandiri sing dilakoni uwong gawe masarno barang sing engkok bakal diproduksi. Jenis wirausaha sing paling populer nang Indonesia iku onok telu. Siji, usaha ritel. Usaha ritel iku suatu jenis usaha sing ngelibatno penjualan barang utowo jasa nang konsumen dalam jumlah sijian utowo eceran. Konsumen sing tuku produk utowo jasa iki tujuane gawe ngonsumsi utowo nganggo produk secara pribadi dan gak bakal didol maeh. Loro, startup bisnis. Startup dewe iku artine ngerujuk nang perusahaan rintisan sing dirancang gawe nyiptakno produk utowo layanan jasa ndek tengah ketidak pastian sing ekstrim. Telu, industri kreatif. Industri kreatif iki salah siji bentuk industri sing manfaatno ambek modifikasi sumber daya sing sifate inovatif.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8996", "text": "Jaman saiki, radio nang mobil iku wes onok sambungan bluetooth e. Dadi nek awakmu kate nyetel lagu senenganmu tapi gak nduwe kaset, awakmu garek nyambungno hp mu nang radio iku mau lewat bluetooth. Carane yo guampang, soale awakmu gak butuh perangkat liyane maneh gawe nyambungno iku mau. Nek pingin eroh carane, gatekno iki yo. Siji, urupno bluetooth nang hp mu, terus buka pengaturan nang hp mu dadi “visible”. Loro, urupno tape mobil terus pilih menu \"Bluetooth\". Telu, cek hp mu terus pastikno bluetooth head unit kewoco nang hp dan isok kehubung. Engkok hp iku bakal kehubung nang head unit lewat bluetooth car-kit. Terakhir, pilih menu BT music sing onok nang head unit ben isok langsung ngontrol audio sing lagi mbok setel nang hp.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10067", "text": "Tiyang Indonesia ingkang manggon dhateng negara manca sakmenika boten sah sumelang menawi pengen dahar daharan Indonesia amargi sampun kathah restoran ingkang sadeyan daharan Indonesia. Menawi boten dahar wonten restoran, sampeyan saged masak daharan Indonesia ingkang gampil. Salah satunggaling daharan Indonesia ingkang gampil didamel inggih punika cireng. Cireng menika daharan awujud gorengan ingkang didamel saking glepung kanji. Lebetipun cireng saged diisi maneka isian kayata ayam suwir, bakso, keju mozzarella, kaliyan sosis. Menawi sampun diisi, cireng digoreng ngantos mateng. Daharan ingkang kalebet nyamikan menika saged damel tuwuk amargi didamel saking glepung kanji. Glepung kanji ugi saged didamel nyamikan sanes. Tuladhanipun cimol, cilok, kaliyan tahu aci. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3106", "text": "Biyen pas cilik ngelangi iku mesti dadi senenganku, tapi wong-wong nang kono iku mesti ngarani Bluron. Sing jenenge bluron iku asline podo ambek ngelangi bedone nag bluron iku sampek awak pegel kabeh ambek pirang-pirang gaya, koyok slurup, terus ngilang nang jero banyu barang, teru nag wes blenger lagek leren. Nah sing jenenge ngelangi iku yo mok ngelangi biasa ngunuku, nag wong saiki iku ngarani Renang. nag sing jenenge bluron iku maeng iso diitung ngelangi sing medeni wong soale ancene ora karo-karoan polahe ono sing suwe-suwean ngalangi nglumah, terus suwe-suwean ngelangi nglembang, ambek sing garai medeni wong maneh yoiku nglangi slurup.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4061", "text": "Ulan wingi tepake sak durunge tahun anyar iki, koncoku ngomong nag deke ambek tunangane ora sido nerusno rabi mergane ono perkoro sing deke dewe iku ora nyongko perkoro iku. Nah perkoro iku maeng dadekno deke iku kepikiran sampek koyok wong linglong ambek kotong pikirane, nyambut gawe barang yo maelh koyok ora temen. Akhire deke iku tak parani nang omahe terus tak takoni perkorone iku opo. Pas mari nyeritakno kabeh nang aku, aku mok iso ngongkon deke sabar ambek pasrah tok nang pengeran mergane wes ora iso lapo-lapo polahe deke iku difitnah karo koncone sing biasane ngopi bareng ben ora sido ambek tunangane maeng. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4661", "text": "Kanggo nyukupi kebutuhane, Neni kerja dari pramusaji utawa tukang laden ning salah sawijining panggon mangan ing Solo. Neni kerja paran esuk tekan sore. Ora mung ngeladeni wong tuku, Neni uga kudu ngerti panganan lan ombenan apa wae sing didol ning panggon mangan kuwi. Neni ya kudu bisa ngewenehi layanan sing apik ben wong kang tuku lan mangan ning restoran kuwi bungah atine lan bisa mbalik mangan maneh yen ana kesempatan. Neni uga ngeresiki meja lan piranti mangan sing wis dinggo lan nyiyapake kabeh kebutuhan liyane kaya tisu, sendok resik, lepek, cangkir lan sapanunggale. Sing kudu dipahami kuwi ya Neni kudu sumeh lan sabar pas ngeladeni wong tuku amarga wong tuku ki sejatine ya tamu. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "984", "text": "Saiki awak dhewe iso gawe gambar dhewe mung seko ngetik opo sing awak dhewe arep gambar. Dadi saiki wis ono laman sing nganggo kepinteran gawean sing iso gaweke awak dhewe gambar seko tulisan sing awak dhewe ketik. Iki mungkin dadi anugrah bagi wong akeh soale, wong sing ora iso gambar dadi iso. Nanging iki dadi bencana banget kanggo seniman-seniman digital. Dheweke dadi iso kelangan gaweane. AI sing iso gambar iki uga duwe masalah. Soale, gambar sing dienggo AIne sinau kui dijupuk seko karya seniman kui tanpa ono ijin seko dheweke. Iki bakal dadi ruwet neng perkoro hak cipta karya sing digawe seko AI.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9204", "text": "Tteokbokki utawa panganan sing digawe saka tepung beras lan bumbu gochujang wis ora dadi samubarang sing aneh ana ing Indonesia. Panganan sing asale saka Korea Kidul iki biyen bisa misuwur ana ing Indonesia amarga akeh banget drama Korea sing didelok wong Indonesia. Tteokboki saiki bisa ditemokake ana ing kabeh warung kang nyediakake menu panganan Korea utawa ning bakul pinggir dalan kang diarani streetfood. Pasar modern kaya Indomaret lan Alfamart uga dodol macem-macem tteobokki instan sing bisa langsung diolah lan dimasak dhewe ning omah. Gampang pol saiki kowe kabeh bisa tuku lan njajal kepiye rasane tteokboki senajan kowe ora urip utawa dolan ana ing Korea. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "539", "text": "Anak-anak saiki wis arang kerungu cerito rakyat. Alasane iso werno-werno. Iso wae mergo anake kui ora arep ngerongke cerito kui, Iso uga wong tuwo ora gelem ngenalke cerito kui, iso uga ora ono media sing menarik sing ngangkat cerito rakyat. Saiki, wong-wong termasuk bocah-bocah luwih seneng mengkonsumsi media audio-visual, khususe kanggo anak-anak kui kartun. Ben anak-anak kenal meneh karo cerito-cerito seko leluhure kui, cerita rakyat kui luwih apik yen digawe versi kartune. Animasi digawe seilok mungkin ben sing iso nikmati kui ora mung anak nanging uga wong tuwone. Ben kabeh bocah-bocah Indonesia iso nonton kartun kui penyebarane kudu neng kanal-kanal sing gampang diakses, tuladhane iso disiarke neng TVRI utowo TV nasional liyane utowo neng YouTube.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1241", "text": "Pas aku arep KKN, aku lan kelompokku gawe usaha supoyo entuk duwit tambahan kanggo rencana kegiatan mengko. Aku lan kelompokku pas kui dodolan keripik gedhang sing asli seko Lampung. Keripik gedhang seko Lampung kui pancen kerepik gedhang sing paling enak, opo meneh sing rasa coklat. Sistem dodolane kui buka pesanan. Wong-wong pesen disik. Mengko nek wis tanggale, awak dhewe ngirim pesanane kui neng wong-wong sing wis mesen. Alhamdulilah, pas kui sing mesen lumayan okeh. Ora seokeh sing awak dhewe bayangke, nanging kui lumayan banget kanggo nambah-nambah duwit program KKN. Seko dodolan kui awak dhewe entuk 500 ewu. Kui wis bathi sing resik, ora dikurangi meneh seko modale tuku keripik gedhang kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3208", "text": "Wong nag wes kadong seneng ambek game sing digawe dolanan mesti pengen dolanan game terus sampek lali sembarang-barang. Nak wes koyok nginiki biasane iso dadekno kecanduan nang wong iku mangkane kudu dilangno. Anjuran utowo saran kanggo wong sing kecanduan game yaiku kudu iso batesi waktu dolanane maeng soale nag ora ngunu mesti keterusan. Terus nag iso kudu golek hobi sing anyar sing iso ngelalekno dolanan game maeng, yo ancene ewo tapi piye maneh yo kudu dijajal disek ben iso. Terus ojo sampek parek ambek perangkat sing ono game maeng koyok PS, laptop, utowo kamputer sing ancene mbok pasangi game maeng. Terus nag iso kabeh iku maeng diseleh nang jobo kamar.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "471", "text": "Awak dhewe kudu percaya yen Allah kui wis nentoke kententuan utowo takdir sing terbaik kanggo awak dhewe. Awak dhewe mungkin ngeroso kui dudu hal sing awak dhewe pengeni. Kui sing tak iling seko guru ngajiku. Aku tau ngerasake bener pas ketompo kuliah. Awale kui dudu jurusan sing bener-bener tak pengeni. Pas wis daftar, aku isih ragu sebenere karo jurusan kui. Nanging, akhire, aku tetep ketompo. Wiwitane aku bingung, aku kudu ngeroso seneng opo sedih. Sing iso tak lakoni mung pasrah lan ngelakoni opo sing wis entuk neng ngarep moto. Pas wis ngerasake kuliah kui, aku ngeroso nyaman banget sinau neng jurusan kui lan iso ngetuti pelajaran kanti rampung.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "816", "text": "Olahraga kui ora mesthi awak dhewe lakoke neng jobo utowo neng lapangan. Awak dhewe iso ngelakoke kui neng jero omah. Ora mung neng jero omah, malah awak dhewe iso ngelakoke olahraga seko kamar turu. Olaharaga, utowo sing tak maksud neng kene ki pemasan, iso awak dhewe lakoke pas tangi turu langsung. Carane awak dhewe iso ngelakoke gerakan sing jenenge posisi bocah. Posisine kui awak dhewe lingguh, sikile dilipet rapet, telapake kaki dhewe kui dadi kanggo panggong lingguhe. Posisi sing dimaksud mau mirirp koyo linggun neng antara 2 sujudh pas salat. Banjur, awak dhewe ngeluruske tangan neng ngarep sak adoh-adohe. Posisi tangan kui demok kasur/jobin. Tahan posisi sing paling adoh kui sekitar 10 itungan. Terus balik meneh neng posisi lingguh. Baline gerakan iki 3 kali.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9260", "text": "Leo saiki wis dadi barista ana ing cafe ngarep omah. Dheweke kerja saben dina tekan senin nganti dina Minggu nanging duwe prei ana ing dina Jumat. Gaweane Leo yaiku nggawekna lan nyepakke kopi utawa menu apa wae kanggo wong sing tuku. Sadurunge mlebu kerja, Leo dilatih karo bos-e kanggo masak kabeh menu sing ana supaya uga bisa mbantu chef utawa juru masak sing ana ing cafe. Saliyane nyepakke panganan kanggo wong sing tuku, gaweane Leo uga kaya ngewangi resik-resik nalika cafe pas buka utawa pas tutup. Leo uga biyasane ngewangi kancane kanggo dadi kasir. Kerja ing cafe dadi kerja sing duweni akeh pelajaran urip kanggo Leo amarga bisa sinau babagan urip liwat srawung karo wong tuku.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "538", "text": "Salah siji cerita rakyat sing paling tak inget kui Malin Kundang. Pas SD neng kelas, guruku cerito kui ben aku lan murid-murid sing liya ngerti pentinge berbakti marang wong tuwo. Tekan saiki, aku isih percoyo yen cerita penting kanggo generasi-generasi sing luwih enom. Opo meneh saiki, akeh bocah-bocah sing egois lan tata kramane kirang marang wong sing umure luwih tuwo. Cerita Malin Kundang kui ngajarke awak dhewe pengtinge ngurmati wong tuwo, terutama ibu. Sak sukses koyo piye awak dhewe mengkone, awak dhewe ora entuk sombong opo meneh karo wong tuwo dhewe. Sak sabar-sabar ibu kui, dheweke uga menungso sing isi benci karo anake dhewe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7363", "text": "Kitab Zabur iku salah siji kitab sing dituruno sak durunge kitab Al-Qur’an. Kitab Zabur iki kitab suci sing dituruno karo gusti Allah SWT gawe kaum Bani Israil teko utusane sing jenenge Nabi Daud. Kitab iki dituruno pas abad 10 sak durunge Masehi. Sejarah dibalik turune kitab Zabur iki berawal teko nabi Daud sing melu nang barisan tantara Bani Israel gawe ngelawan pasukan bangsa Palestina sing dipimpin karo Jalut. Mergo nabi Daud isok ngebunuh Jalut, akhire beliau diangkat dadi pengganti raja Thalut. Tapi suatu hari, nabi Daud mengasingkan diri terus tobat nang gusti Allah. Teko kono kitab Zabur dituruno. Muatan isi kitab Zabur iki mulai teko dzikir, pengajaran, ambek hikmah. Dilansir teo laman NU, nang njero kitab Zabur iki gak onok hukum-hukum syariat soale nabi Dadu dikon ngituti syariat sing digowo nabi Musa.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10039", "text": "Sapa sing kerep krungu karo salah sijine piranti ulah raga kang jenenge treadmill. Treadmill iki sajatine mesin kanggo mlayu utawa mlaku. Manpangat kanggo ngapa? Manpangate kui kanggo njaga metabolismene awak supaya awak ora gampang kesel, ora gampang lara. Liane kui uga isa kanggo njaga postur awak lan ngindhari obesitas. Lah jane apa ta bedane yen mung alat kanggo mlaku? ngapa kok ora mlaku-mlaku waeing njaba? Treadmill iki luwih ringkes amarga mandheg jegrek ing sakpapan. Liyane kui, adhewe is ngatur pira cepete anggene mlaku utawa mlayu. Uga isa lo ngatur pirangane suwe. Dadi yen kesusu isa diset mung dhiluk nanging ngerti pira akeh lan adohe adhewe wis mlaku utawa mlayu. Canggih ta tur ringkes tenan ta?", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3526", "text": "Saiki wong sing dodolan nang omah iku macem-macem soale saiki jamane wes maju ambek wes ono sing jenenge market place sing kenek gawe ngayai masarno produk sampei endi-endi. Nah biasane sing kenek gawe dodolan nang omah maeng contone koyok dodolan sembako, saiki akeh wong-wong sing wes dodolan sembako utowo kelontong, nang daerah gonanku iku tambah angger RT wes ono sing dodol ngunuku, padal itungane daerah gonanku iku adoh lo teko kota, tapi yo buktine rame-rame ae polahe ancene wong kono yo butohno toko-toko ngunuku kanggo nyukupi kebutuhan omahe sing itungane ora sepiro akeh ambek iso dicukupi liwat toko-toko kelontong cilik iku maeng.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "43", "text": "Minggu wingi, eyang kakung jaluk digaweke kolak. Jarene nggo ngenteke labu sing wis kesimpen suwe neng kulkas, eman jarene. Nanging kolak sing iki isine unik banget menurutku. Isine werno-werno, ono labu, ubi ungu, lan tape singkong. Warne yo unik biasane kolak kui warnane coklat, ning kolak sing digawe iki wernone rodo ungu seko ubine. Tape singkong sing dileboke kui, sak liyone nambah rasa manis, ngewehi roso kecut sing unik. Pas bar mateng, kolak e kui kudu diakoni enak banget. Ning sesok, sak wise diangeti, rasane bedo. Tekstur labu karo ubine dadi lembek banget arep dadi bubur. Wernone wis dadi ungu banget dadi kurang cantik meneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4695", "text": "Kanggo nyukupi gizi bayi sing umure ning nduwur 6 ulan, ibu-ibu mulai ngewenehi MPASI utawa panganan sing bisa ndukung kandungan gizine ASI. Sing dadi debat ning masyarakat yaiku perkara bahan iwak sing digawe. Ana sing pengen ngewenehi anake salmon, tuna, lan iwak sing regane larang, tapi ya ana sing cukup nganggo iwak sing gampang digolek ning pasar kaya patin, lele, gurame, lan iwak liyane. Sejatine kabeh wong tuwa kepengen ngewenehi apa sing paling apik kanggo anake, nanging ana bahan-bahan alternatif sing ora kalah kandungane kaya iwak impor, contohe kaya iwak patin sing duwe kandungan lemak luwih apik lan bisa nyukupi gizi nanging ya tetep murah lan kualitase apik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2143", "text": "Dodolan neng media sosial kui ora gampang koyo sing awak dhewe kiro. Awak dhewe kudu gawe kiriman neng kono supopyo wong-wong ngerti opo sing awak dhewe dol. Gawe kiriman sing gampang dingerteni karo wong-wong kui gampang nanging uga ora iso disepeleke. Awak dhewe kudu ngerti ono opo wae sing kudu ono neng kiriman iki. Awak dhewe kudu nampilke foto seko produke awak dhewe. Produke kui kudu cetho. Yen iso awak dhewe kudu foto seko akeh sisih ben calon pembeline dhewe ngerti koyo piye barang kui sebenere. Awak dhewe uga nyantumke deskripsi sing cocok lan ora okeh sing awak dhewe luwih-luwihke. Terakhir, awak dhewe uga kudu kei ngerti piye cara pembayarane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2832", "text": "Pas cilik biyen aku mesti diceritani ambek Bu Guru sing ngulang nang sekolahan. Lah nag ngeringekno cerito iku mesti bocah-bocah senenge megilan soale cerito iku nyeritakno bocah sing dikutuk makne dadi watu. Cerito iku judule malin kundang, cerito iki asline iku teko Padang, sumatra barat, terus saiki cerito iki dadi terkenal ambek wes dadi cerito sing ngulangno totokromo sing paling apik nang gone anak. Lah pesen moral sing digowo nang cerito iki yaiku ngulangno utowo ngulangi bocah-bocah utowo anak iku kudu ngregani wong tuo ambek berbakti nang wong tuo, nag bocah-bocah utowo anak ora iso berbakti nang wong tuo bakal kenek masalah utowo adzab.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4679", "text": "Sendhok duwe macem-macem jenis, bahan lan fungsi. Budhaya iki sajane asale saka Landa, Portugis, dan Spanyol, wilayah Eropa sing tau njajah lan nyebarake budhaya lan tata cara urip ning tlatah nuswantara. Maceme sendhok iki ana akeh manut karo fungsine kaya sendhok kanggo mangan panganan kuah, sendhok kanggo mangan sego, kanthi sendhok teh. Amarga kuwi, saiki akeh wong kang sinau tata cara mangan ala Eropa kanggo keperluan bisnis lan pertemuan utawa jeneng kondhange table manner. Sinau iki ya penting gawe wong kang kerja ning perusahaan sing kerjane ketemu karo klien. Sak liyane kuwi, kanca-kanca kabeh bisa sinau babagan sendok iki ben ngerti fungsine gawe nyuguhake panganan kanggo tamu lan keluwarga. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6389", "text": "Pendidikan kuwi pancen penting kanggo sapa wae. Kudune pemerintah uga nyediakake dana pendidikan sing luwih akeh iki kanggo wong desa sing isih terbatas. Tujuan saka pendidikan iki yaiku mbangun desa kaya saka fasilitas, pemerintahan, organisasi pemuda, lan uga bisa saka pertanian. Wong sing berpendidikan iki mesti ngerti lan uga paham kepiye carane mbangun desa kanthi maju amarga wis kenal desane. Nanging, ora akeh pemuda sing wis kuliah menyang manca negara gelem mbangun desane maneh amarga penggawean ning kutha kuwi luwih nyaman. Amarga kuwi, ayo ditingkatake maneh jiwa sosiale ben bisa ngabdi lan mbalik menyang desa amarga kabeh sumber daya sing berkualitas kuwi ya akeh sing saka desa. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2888", "text": "Tokoh adat termasuk salah sijini wong sing dianggep penting nang adat, kampung, utowo suku sing manggun nang daerah kono. Salah sijin contoh nang kampungku iku ono sing jenenge mbah modin sing biasane mangku utowo mimpin acara-acara sing wes dadi tradisi nang kono, nag ora ono mbah modin iku maeng mesti wong-wong ora greget kanggo budal utowo acarane maleh ora enak. Dadi Tokoh adat iku yo sak mestine kudu di hormati ambek dimulyakno soale tanggung jawabe iku maeng gedene ora ukur nang masyarakate. Soale nag ora dijalano tanggung jawabe maeng biasane ono ae musibah utowo perkoro sing dadekno wong deso iku maeng loro utowo kenek masalah.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7880", "text": "Dino iki, aku karo konco-koncoku bakal budhal nang pantai gawe refreshing mergo wes sumpek karo tugas kuliah sing numpuk iku. Awak dewe kabeh budhal jam 9 dan tutuk kono jam 11. Awale awak dewe asyik dolen banyu ambek mangan-mangan. Tapi pas buka hp, aku langsung panik soale nang area kene blas gak onok sinyal. Aku coba keliling-keliling, tetep gak onok sinyal siji pun. Koncoku dadi podo ngecek hp ne sisan, dan podo gak entok sinyal kabeh. Padahal rencanane awak dewe bakal update status nang media sosial, tapi malah gak sido mergo gak onok sinyal blas. Akhire gelem gak gelem ngenteni sampe moleh disik baru engkok isok update status.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4635", "text": "Aku lagi seneng mangan tau gejrot. Tahu gejrot iki panganan sing paling konsisten sing bisa tak temoni. Ning Jogja, Malang, utawa Pemalang, rasane mesti padha. Jenis tahu sing digawe ya padha. Kamangka tahu gejrot iki kalebu jajanan sing bisa tak pangan seminggu luwih saka ping telu. Tahu gejrot paling penak dipangan pas udan lan diwenehi bumbu pedes karo bawang abang. Bar dimasak, tahune ora langsung dipangan lan dienteni ndisik kanthi bumbune mlebu ning tahune. Panganan iki kalebu jajan sing murah. Ning Jogja, jajanan iki bisa ditemoni akeh ning alun-alun kidul. Ning Pemalang, jajanan iki bisa dituku ning ngarep alun-alun Pemalang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9344", "text": "Papan wisata mligine wisata alam ing Indonesia kudu wiwit mangun apa dene nyedhiakake kereta gantung minangka sawijining alat transportasi. Apa sakjane urgensine? Kang kapisan, akeh papan wisata alam ing Indonesia kaya gunung, bukit, apadene pulau kang sambung sinambung durung bisa kaakses kanthi gampang dening para wisatawan. Kapindho, transportasi kang ngubungake papan-papan mau adate amung saka swadaya masyarakat arupa jasa ojek motor, kepara malah ojek gendong. Katelu, nyedhiakake kereta gantung ana ning alam tinarbuka bakal ngundhakake kunjunganing wisatawan awit padha seneng menawa wiruh alam tinarbuka saka dhuwur. Saliyaning pikantuk view kang apik, sensasi numpak kereta gantung iki kaanggep duwe daya kayadene wong mabur. Mula mangun kereta gantung bisa wiwit dipenggalih dening pemerintah apadene investor wisata.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "567", "text": "Alat musik tradisional apike dikenalke neng anak seko cilik. Jaman saiki, ora ono akeh wong gelem ngerungoke musik asli Indonesia, opo meneh sing gelem mainke alat musike. Carane kui awak dhewe kudu nyetel lagu sing nganggo alat-alat musik tradisonal. Anak-anak ora kudu seneng karo lagune kui. Paling ora dheweke iso ngerti asale seko ngedi lan ngerti opo jenenge lagune utowo alat musike. Sing keloro, awak dhewe iso ngenalke anak kanggo cara ngenalke bentuk fisik alat tradisional kui. Sing paling gampang kui angklung. Angklung kui luwih gampang digolek lan uga gampang dimainke. Harapane yen anak wis seneng salah siji alat musik tradisonal dhewe bakal pengen jajal sing liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "194", "text": "Sak ben wong kui butuh duwe hobi. Pas lagi ono wektu luang, wong iso ngelakoke hal sing disenengi timbangane mung meneng nglangut. Ngelakoke hobi iso ngurangi stress, Bar ngelakoke hal sing disenengi kui awak lan pikiran iso luwih seger. Wong dadi iso nyambut gawe utowo sinau luwih apik seko sadurunge. Hobi uga iso dadi salah siji bentuk mengekpresikan diri. Hobi kui iso dadi karya sing duwe nilai estetik. Wong liyo iso menikmati karya sing digawe kui. Dadi penciptane ngeroso dihargai lan diakoni eksistensine liwat karya sing digawe. Hobi uga iso dadi tambahan penghasilan. Misale, wong sing hobi ngelukis iso gawe lukisan banjur didol utowo gawe jasa ngelukis kanggo wong sing arep dilukis.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9682", "text": "Demak dadi dalah siji kutha sing isih nglestarikake tradhisi Jawa. Salah sijine yaiku tradhisi sedekah bumi. Ing Demak, tradisi sedekah bumi dilaksanakake ing wulan Sura utawa Muharram. Adicara sing mlebu ana ing sedekah bumi akeh banget kayata nyekar, nayub, kenduri, lan liyane. Kenduri biasane dilakokake ana ing masjid utawa bale desa. Wong-wong pada teka nggawa sesajen saka kasil bumi kayata sayur, buah, pala pendhem, lan bubur sura. Saben upacara sedekah bumi ing Demak, wong sing teka akeh banget. Kabeh padha bondong-bondong nuju bale desa kanggo melu upacara iki. Swasanae nyenengke ati amarga kabeh bisa kumpul tumplek blek dadi siji ini bale desa kanggo matur nuwun syukur marang Gusti.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2412", "text": "salah siji wisata alam sing sengedan nag jogja tepak'e nag kulon progo yaiku wisata alam kalibiru. Wisata iki sak benere parek karo sing jenenge wadok sermo. Cumak panggonane sing rodok sengedan akhire ora kabeh kendaraan iso mlebu. Dalan sing di gawe mlebu mrono yo isek ciut dadi kendaraan sing cilik-cilik tok sing isek iso mlebu. Nag wisatae yo apik, soale akeh panggonan sing wes disiapno kanggo foto. Banyune podo ambek jenenge yoiku biru ora ijo. Terus nag kaline iku lemahe warnae putih. Dadi tambah ketok apik. Terus mili banyune iku ondak-ondakan koyok tingkat-tingkat ngono. Terus ono panggonane digawe ngelangi barang. Dadi nag kono yo apik lah awit teko fasilitasi sampek opo sing disuguhno di gawe wong sing teko kono.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7366", "text": "Al-Qur’an iki dadi kitab pedoman uripe umat Muslim. Sayange, gak kabeh wong Muslim iku rajin moco Al-Qur’an. Alesane sing males lah, sing gak isok boso Arab lah, dan akeh alasan liyane. Awak dewe sebagai umat Muslim iku kudu ngajaki dulur-dulur Muslim gawe mulai ngaji. Salah siji cara sing isok dilakoni iku nyebarno nilai-nilai sing onok nang njero Al-Qur’an nang media sosial. Teko kono, kemungkinan besar wong awam bakal eroh dadakno onok ajaran koyok ngono nang Al-Qur’an dan mulai penasaran. Carane iku awakmu golek ayat sing paling relevan karo kejadian sing lagi marak. Mbari ngono editen dadi bentuk poster cilik terus hiasen sing apik. Nek wes, baru bagikno poster iku nang kabeh akun media sosialmu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6964", "text": "Chef iku kepala koki sing mimpin ndek pawon. Tugas utamane chef iku ngatur sistem masak memasak nang pawon. Mulai teko nggawe menu panganan, persiapan gawe masak, proses masak, sampe penyajian panganan. Chef iku gak mek onok nang restoran tok, salah sijine nang hotel pisan. Profesi sing siji iki nduwe tingkat stress sing duwur, terutama nang panggon keramaian koyok hotel. Hal iku soale mereka kerja non stop gawe nyiapno panganan gawe pengunjung. Mereka kudu siap gawe masak dan masak maneh ben persediaan salah siji jenis panganan entek. Opo maneh biasane panganan sing disajikno nang hotel iku maceme onok akeh pol. Dadi semisal wes mari masakno salah siji jenis panganan, terus onok maneh jenis panganan sing entek, chef kudu siap gawe masak maneh. Sikluse muter koyok ngono terus, dan ikulah penyebabe chef dinilai dadi profesi sing tingkat stress e duwur.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6374", "text": "Yen ndelok saka media sosial, bakal ketara yen buah saka manca negara kuwi biyasane luwih gedhe lan luwih seger kaya misale stroberi sing ana ning Korea lan uga Jerman sing bedha karo stoberi sing ana ning Bandung. Pemenuhan gizi saka buah iki wis dikampanyekake nanging ning kampanye kuwi buah lokal kurang didukung amarga pertanian ning Indonesia sing kurang pengembangan lan kurang modern. Cuaca tropis sing ning Indonesia iki marai jenis buahe uga bedha. Pertanian buah lan pengemasan iki uga kurang apik. Sing paling ora logis yaiku buah-buahan sing apik malah diekspor saka Indonesia banjur diimpor maneh lan regane tambah larang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5015", "text": "Perkara korupsi kitab suci iki wis akeh dibahas karo masyarakat amarga kasus iki ora tinemu nalar. Kementrian agama sing kudune duwe tanggung jawab kanggo njaga kepentingan ngelakoni amalan agama iki ora bisa dipercaya lan malah nyepelekake kasus korupsi iki. Sing dadi masalah kuwi yaiku uga ana korupsi dana haji sing dadi sorotan ning 2 taun kepungkur iki. Kudune wong sing nyalahgunaake aturan iki kudu kena hukuman utawa kunjara sing suwe ben ngerti yen hukuman saka Gusti kuwi ora kena dinggo dolanan. Sing paling penting kuwi kudu paham yen agama kuwi dasar urip ning dunya, dudu babagan ajaran sing fungsine mung kanggo atribut. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6642", "text": "Ning istilah psikologis, ana gangguan sing marai wonge ora bisa ditinggal karo wong sing ana ning sekitar, kaya keluarga lan kanca. Nanging kabeh iki biasane ana hubungane karo kekancan amarga wong kuwi butuh kanca. Gangguan iki yaiku fear of abandonment. Gangguan iki akeh jenise kaya wedi secara emosional, wedi ditinggal pas isih cilik, lan uga wedi pisah saka pasangan utawa kanca. Penyebab rasa wedi iki akeh banget nanging sing paling akeh yaiku ora bisa ngerasa sepi, hubungan sing ora sehat, akeh penolakan, lan uga nduwe pengalaman ditinggalake. Gangguan iki ora kalebu gangguan mental sing serius, nanging bisa dadi tanda masalah sing luwih serius. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9294", "text": "Yen kowe seneng nonton ana YouTube, mbokmenawa kowe wis tau weruh ana food vlogger kang tau mangan gurita urip kang durung dimasak. Jebulane mangan gurita utuh urip mau minangka salah sawijine budaya Korea kang aran Sannakji. Miturut laman Food&Wine, Sannakji yaiku nyawisake panganan arupa gurita kang wus dikethok-kethok cinampur dening minyak lan biji wijen saha saos gochujang khas Korea tanpa dimasak. Yen katelah saka sisi kesehatan, mangan panganan mentah iki ora kaprayogakake, awit mudharate kanggo awaking manungsa. Kapisan, mangan gurita mentah bisa gawe infeksi mikroba ana ing saluran pencernaan manungsa. Bab kuwi mau awit bakteri utawa mikroorganisme kang ana panganan durung mati lumantar proses pemasakan. kapindho, tentakel gurita kang isih tumemplek ana gurita mentah bisa nemplek ana rongga mulut utawa tenggorokan, mula bisa gawe sesak nalika ambegan. Katelu, yen ora wasis tenan anggone mangerteni jinis gurita, bisa-bisa malah mangan gurita kang ngandhut racun kang gawa bebaya marang awak manungsa. Mula yen arep mangan gurita mentah sing ngati-ati. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1779", "text": "Nandur neng omah iso dadi cara alternatif nyembuhke pikirane dhewe sing lagi kusut. Iki berlaku kanggo sopo wae, termasuk wong sing ora seneng nandur. Nandur kui gelem ora gelem awak dhewe bakal demok lemah. Ono wong sing ngomong wong kui digawe seko tanah. Pas demok tanah, awak dhewe ngeroso koyo balik urip meneh. Neng donyo sing serba cepet iki, awak dhewe kerep lali yen awak dhewe kui bagian seko bumi iki. Awak dhewe sibuk golek bondo sing akeh lan larang tekan lali yen awak dhewe kui asale seko lemah lan bakal balik meneh neng lemah. Pas awak dhewe demok lemah, awak dhewe bakal ngeroso gatuk meneh karo alam lan bumi sing biasane awak dhewe idak.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10103", "text": "Profesi fotografer kathah jinisipun miturut objek ingkang dipotret lan cara sadeyan jasanipun. Jinising fotografer ingkang paling asring dipunpadosi inggih menika fotografer wonten acara mantenan lan fotografer model kangge iklan. Saking caranipun sadeyan, wonten fotografer keliling lan fotografer ingkang nyambut damel wonten studio foto. Kagem industri kuliner, wonten jinis fotografer ingkang khusus motret daharan lan unjukan. Profesinipun asmane food photographer. Sami kaliyan fotografer sanes, food photographer kedah nata daharan lan unjukan supados menarik menawi dipirsani tiyang kathah. Sudut kamera lan tatanipun lampu kedah saged damel daharan kaliyan unjukan langkung menarik. Menawi daharan utawi unjukan ingkang dipotret kirang menarik, food photographer kedah saged ngedit fotonipun ngangge aplikasi editing wonten komputer supados daharan kasebat saged disade. Lumrahipun tiyang ingkang gadhah bisnis kuliner mbetahaken hasil foto food photographer kangge sarana promosi usahanipun. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6386", "text": "Biyasane, desa iki sasaran kanggo program pemerintah, utamane dinas pertanian. Program iki mbutuhake penyuluhan ben luwih terarah. Para petani ning desa iki seneng banget yen penyuluhan wayah bengi. Ning desa, pas ana penyuluhan tani iki mesti kudu ana panggonan sing amba kaya balai desa, lapangan, lan uga gedung serba guna. Wong desa iki kadhang yen penyuluhan kudu disampekake wayah bengi barengan karo pertemuan warga. Kamangka, panitia kudu nyediakake konsumsi ben ora ngantuk. Banjur nyediakake media kaya slide presentasi utawa fotokopi sing bisa diwaca. Bahasa sing digawe uga kudu nggawe sing bisa dipahami. Rampung penyuluhan, para petugas iki kudu ndampingi para petani ben program mlaku. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3253", "text": "Kamera yoiki alat sing digawe nangkep gambar ben iso gawe kenang-kenangan. Nah maceme kamera saiki iku akeh megilan karep nari duweke. Salh sijine yaiku kamera DSLR. Kamera jenis iki iku duwe koco sing iso mantulno cahaya teko lensa nang viewfinder kamera dadi awakmu iso delok hasile foto iku maeng. Nah kamera iki lensae kenek diumet-umetno sing penting cocok ambek modele gambar sing dikarepno. Mari ngunu, kameran iki lensae yo kenek dicopot terus diganti ambek sing luweh apik utowo sing luweh gede pixele. Terus sak liyane iku nyimpene gambar yo wes nag memori, ora nag kelis utowo kodak koyok biyen. Terus, batune iku yo cas-casan dadi nag entek kenek dicas.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2443", "text": "Transportasi wisata iku bentuke macem-macem. Ono sing bentuke bus gede, Bus cilik, ambek sing cilik. Biasane iku maeng dipadakno ambek kebutuhan pariwisata'e. Nag Trasnportasi sing gede biasane digawe kebutuhan sing jarak jauh ambek sing iso ngakomodasi penumpang akeh contone Bus Pariwisata. Nag sing cilik biasane digawe wisata nang nggon-nggon sing ora iso kejangkau ambek kendaraan gede contone Bus cilik. Transportasi-transportasi wisata iku maeng duwe keistimewaan dewe-dewe sesuai kebutuhan wisatae. Transportasi wisata biasane fasilitasi wes dukung digawe perjalan adoh dadi fasilitase mesti cukup digawe ngakomodasi perjalanan nang nggon tujuan wisata. Mangkane ora nggumun nag kendaraan wisata saiki apik-apik ambek fasilitasi lengkape pol.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9687", "text": "Upacara sing aku durung tau ngerti yaiku upacara Rabu Abu. Upacara iki yaku tradhisi sing dilakokake karo umat Katolik. Aku diceritani proses uoacara Rabu Abu karo kancaku. Sing kaping siji, Rabu abu iki dadi kegiatan sadurunge Paskah. Kaping loro, yaiku ana Rama sing ngewacakna nasihat sing ana ing Alkitab. Kaping telu, proses nyematna tandha salib ing bathuke umat Katolik karo awu. Sawise umat diwenehi tandha salib, iku uga nandakake yen wis dimulai mangsa pasa lan pantangan kanggo wong Katolik. Wong-wong padha nahan kanggo ora ngurusi donya lan sapanunggale supaya bisa fokus ning pertobatan lan perbuatan apik karo padha manungsa liyane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5122", "text": "\"Dodaidi\" yaiku salah siji lagu saka Aceh. Lagu iki nyeritakake ibu sing lagi momong anake sing arep turu. Ning bahasa Aceh, \"Dodaidi\" kuwi artine ditimang lan diayun amarga lagu iki dinyanyekake ning ayunan sak durunge turu. \"Dodaidi\" iki bentuke syair. Syair-syair iki isine amanat kanggo anak-anak ben suk yen gedhe dadi pendekare bangsa Aceh lan yen seda, kudu seda secara syahid amarga ning Aceh uga lagi akeh perang. Lagu iki ana unsur Islam amarga ning Aceh persebaran Islam kuwi gedhe banget. Syair ning \"Dodaidi\" iki bentuke a-a-a-a utawa a-b-a-b. Tujuan diciptakake lagu iki yaiku ben anake bisa nampa nasihat nganggo cara sing apik yaiku saka nyanyian. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7311", "text": "Tahun iki Muktamar diadakno nang Malang. Berhubung cedek ambek Gresik, aku ambek dulur-dulurku dijaki melu acara Muktamar Muhammadiyah. Acarane diadakno nang Universitas Muhammadiyah Malang. Buru ae parkir, panggone wes ruame dan ketok meriah pol. Aku dijaki keliling nang bazare gawe tuku sembarang kalir. Pas wes tuwuk, aku ambek sing liyane metu. Mergo kebelet ngoyo, aku nang jedhing cepet-cepet. Mergo gopo, aku sampe gak sengojo nyenggol bapak-bapak dan gak sempet ngomong sepuro, mek ngelirik tok terus tak tinggal. Pas wes mari, aku balik maneh nang rombonganku gawe nonton khutbah. Pas aku ndelok, dadakno sing nyampaino khutbah iku bapak sing tak senggol mau. Pas tak delok jenenge, aku kaget banget, dadakno iku pak Din Syamsudin.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9676", "text": "Duwe donya akeh iku mung titipan. Aja lali nalika ing donyane kene iku uga ana bagiane wong liya sing luwih mbutuhake. Nalika wis pas kanggo disedekahna, aja lali kanggo sedekah. Nomer siji, nggolek wong sing cocok kanggo diwenehi sedekah. Yen bisa nggolek wong sing paling cedhak omah misal tangga sing ora duwe, tangga sing isih kurang, lan sapanunggale. Nomer loro, sedekah sebisane. Bisa sedekah dhuwit, utawa sedekah bahan panganan kayata beras, ndog, mi, lan liyane. Aja lali kanggo njaluk pandonga sisan supaya rejekine tetep lancar supaya bisa terus ngewenehi sedekah. Ngewenehi sedekah ora nggarai donyane entek, sedekah malah bisa nambah donyane awakdhewe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "937", "text": "Bocah cilik jaman saiki larangan bedo koyo pas jamanku cilik. Saiki bocah-bocah dilarang nyekel gawai suwe-suwe. Jamanku biyen aku lan bocah-bocah sak generasiku, mergo teknologine durung terlalu maji, awak dhewe mung ora diolehke nonton TV. Soale, TV kui siji-siji hiburan awak dhewe lan dianggep karo wong tuwane dewe gowo pengaruh sing elek. Wong tuwaku biyen ngelarang awak dhewe nonton TV koyo ngene. Sing kesiji, awak dhewe ora entuk cerak-cerak karo layar TVne. Sing keloro, awak dhewe dijatah durasi nontone. Neng dino-dino sekolah kui sekitar 2 jam sak dino lan pas dino Minggu utowo lagi prei, awak dhewe dibebaske. Sebenere kui mirp-mirip sih karo bocah jama saiki mung bedo pirantine wae.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3140", "text": "Sekolahku biyen iku duwe olahraga sing ancene digawe kegiatan tambahan sing lumayan akeh, salah sijine yoiku bulu tangkis. Nah kabeh bocah mesti akeh sing seneng soale resiko tiboe ora gede koyok bal-balan. Dadi nag wayae olah raga iku maeng mesti rame ambek mesti ono pertandingan ben bocah-bocah iso dadekno olahraga iku maeng semangat ambek manfaat kanggo kesehatane. Mari ngunu, nag olahraga iku maeng ora mok sokor ngunu tok. Tapi sing ngulang yo ngulangi carani balekno kok iku piye, terus carane nampek iku piye, ambek liyan-liyane sing sekirane iso dadekno bocah-bocah ik ngerti carane bulu tangkis sing temen ambek ora dadekno loroe nang awak.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "968", "text": "Aku ke disik kui kepengen tuku mesin kanggo es krim. Bayanganku asik wae yen misale aku iso gawe es krim dhewe neng omah. Aku sebenere ora seneng-seneng banget karo es krim. Nanging aku ngerti akeh wong sing seneng karo es krim. Tak pikir asik wae yen aku ngundang konco-koncoku kanggo jajal es krim gaweanku dhewe. Mungkin aku ora bakal tuku saiki. Soale, kui rego mesine kui larang lan kui dudu barang sing penting-penting banget. Nanging yen aku wis duwe duwit aku bakal tuku mesin kui. Aku uga nyaranke kanggo wong-wong sing seneng jajal panganan utowo kepengen gawe es krim dewe supoyo tuku mesin kui.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7038", "text": "Hotel bintang lima sing terkenal ancen wes akeh, tapi sing akeh jarang wong eroh pun yo sek akeh. Salah sijine Hotel Santika sing onok nang Jogja. Hotel iki adalah salah siji hotel bintang lima terbaik sing tau tak kunjungi. Lokasine onok nang tengah kota Jogja sing cedek ambek panggon wisata ndi ae. Fasilitas hotel gak usah diraguno maneh. Mulai teko kamar sing resik dan luas, kasur sing nyaman, mejo rias, mejo kerjo, lemari, TV, sofa sing empuk, jedhing sing luas dan resik sisan, sampe WiFi gratis. Nek awakmu bosen nang kamar, Hotel Santika nduwe kolam renang sing luas dan onok lifeguard sing siap nyelamatno awakmu pas kelelep. Sing paling aku seneng yaiku menu breakfast e sing super beragam. Mulai teko panganan tradisonal sampe panganan ala luar negeri, kabeh onok nang kene. Dadi nek nang Jogja, ojok lali nyoba nginep mrene yo rek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3162", "text": "Aku gelek delok salah sijine olah raga sing ora kabeh wong iso ngelakoni olah raga iku, kejobo wong sing duwe duwek akeh. Olah raga iku maeng jenenge kejuaraan balap sepeda montor. Balapan iki ora mok sokor balapan tapi sepeda iku wes ono teknologine sing megialan regane ae sampek miliaran. Terus modele sepedae yo ora koyok umume soale wes digawe kanggo balapan tok, ora kenek digawe nang dalanan umum. Terus sing balapan barang yo klambine ora koyok umume. Klambine iku wes ono pengamane dewe dadi nag tibo iku maleh mlentuh sing iso nahan tabrakan ben ora loro awake. Terus heleme barang yo larang iso sepeda motor umum akeh. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5810", "text": "Wis setaun Nana kerja ning lapangan dadi wong sing tukang nagihi utang marang para kreditur utawa bagian debt collector. Nanging, amarga ora nyaman, Nana metu saka penggaweyan kuwi lan nyoba daftar ning penggaweyan sing sekirane cocok yaiku dadi pegawai ning kantor akuntansi sing sesuai karo jurusane Nana. Banjur Nana seneng amarga dekne ora butuh kerja sing kudu wara wiri. Dekne cukup lungguh lan ngarap kabeh gawean sing ana ning komputer. Nanging Nana uga ngerasakake tingkat stres sing bedha amarga kabeh kuwi wis diatur karo para bos lan uga marai sumpek amarga kekurung ning ruangan kerja sing mboseni 8 jam saban dinane. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3101", "text": "Biyen pas aku isek cilik, aku ambek konco sing sak liting mesti senengane mlayu. Nah terus gelek diadu ambek guru sopo sing banter mlayune mesti diwei hadiah. Dadi sing jenenge olahraga mlayu iku wes mesti dadi senengane bocah-bocah sing sak litingku. Terus nag mlayu bocah-bocah karo aku mesti ora ono sing gowo sepatu soale ancene dalane biyen durung koyok saiki sing wes ora jembrot ambek gedibal. Nah biyen mlayu terus gowo sepatu yo otomatis sepatuni jibrat lemah terus nak ate ngumbah durung karuan nag iso garing sedino. Dadi biyen bocah-bocah nag mlayu yo mesti nyeker soale iku sing paling ora ruwet ambek paling enak. Mangkane bocah biyen iku sikile kuwat-kuwat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7702", "text": "Gobak sodor utowo onok sing ngarani benteng-bentengan iku salah siji permainan tradisional sing asale teko Yogyakarta. Gobak sodor iku nek nang KBBI artine permainan gawe arek cilik sing terdiri teko rong kelompok, siji kelompok dadi sing njogo benteng, terus kelompok sijine berusaha gawe nembus bentenge lawan. Ben kelompok sing dolen gobak sodor iku biasane isine telu sampe limang arek, tapi isok ditambah maneh. Engkok sing kelompok bagian njogo benteng iku onok arek siji sing ndekem nang area benteng, terus sisane iku ngalangi arek-arek teko kelompok liyane cek gak nembus benteng iku mau. Dan gawe kelompok sing dadi nembus benteng, kudu berusaha yaopo carane cek isok nembus benteng iku mau.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7365", "text": "Injil iki kitab sucine umat Kristen sing dadi pedoman uripe mereka. Mbiyene, Injil iku kitab sucine wong Muslim sing dituruno nang Nabi Isa AS. Tapi semenjak kejadian penyalibane Yesus, Injil sing asli dadi akeh diubahe. Bahkan Injil iki terus terusan diubah teko tahun nang tahun selanjute dan iku disesuaino ambek perkembangan jaman. Hal iku opo’o sing marakno kitab Injil iki isok dikatakan kitab suci sing paling gak konsisten. Nek nang percetakan Indonesia ae, Injil cetakan ke-9 dan ke-10 iku ae isok bedo, padahal jarak tahun cetake kadang mek pirang wulan. Durung maneh Injil sing berbahasa asing, kemungkinan gede isine bakalan bedo maneh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "811", "text": "Pas jamanku SMP disik, aku kerep pit-pitan. Biasane aku pit-pitan dhewe, yen ono koncone aku pit-pitan bareng-bareng. Pas SMP kui, jarak omah karo sekolahku cerak. Dadine, aku mlaku pas menyang sekolahan ora ngepit, senadyan konco-konco kui akeh sing podo ngepit. Mergo kui, aku biasa pit-pitan sore-sore utowo pas wayah bali sekolah. Lungane ora adoh-adoh, mung sekitaran omah wae. Paling mung sekitar 30 menitan aku pit-pitan. Yen misale gowes bareng konco-konco kui, pas dino minggu nek ora pas prei. Awak dhewe ngumpul neng ngarep sekolah. Bar kui awak dhewe lunga mbuh neng endi. Biasane awak dhewe mubeng-mubeng ora cetho disik bar kui lagi mampir neng salah siji omah koncone dhewe.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3275", "text": "Robot saiki iku wes dikembangno nang endi-endi soale iso gampangno penggaweane menungso. Nah ngembangno robot iku maeng ancene digunakano kanggo nyukupi kebutuhane menungso. Terus modele barang yo aneh-aneh ono sing koyok menungso, ono sing koyok bego, ono sing koyok kewan, ambek liyan-liyane. Tapi ono sing ora setuju nag robot iku dikembangno kanggo ganti fungsine menungso sing kerja nang bidang iku soale, menungso akhire bakal ora kanggo utowo ora oleh penggawean. Nag wes ngunu bakal akeh pengangguran sing akhire dadi glandangan ambek bakal dadekno masalah sosial sing ora imbang. Mangkane robot sing daiki dikembangno mesti mok nyukupi kebutuhan sak cukupe tok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3153", "text": "Petandingan piala dunia iku ancene ramene megilan, ketepakan tahun iku ono pertangding bal-balan piala dunia. Pertandingane iku maeng wes ora masalah klup cilik maneh tapi wes masalah klupe negoro, soale sing dilombano iku bal-balan antar negoro. Nang kono iku maeng yo dibagi ono babak penyisian, babak, semi final, sampek babak final. Teko pirang-pirang babak maeng bakal ketok negoro endi sing bal-balane paling apik. Soale mesti pertandingan ngunuku permaine ora wong ecek-ecek tapi wes bener-bener dipileh ambek wes telatih. Mangkane nag ono pertandingan nginiki mesti ramene megialan. Nah ketepakan sisan sing dadi tuan rumah saiki nag Qatar sing termasuk negoro sing paling sugeh sak dunyo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "588", "text": "Rencana pembangunan Ibu Kota Negara neng Propinsi Kalimantan Timur kui kudune luwih gateke pendapat saking tokoh-tokoh adat setempat. Pembangunan kota Nusatara kui, jeneng seko ibu kota sing anyar kui, dudu perkoro sing cilik. Pembangunan kui bakal babat alas sing jembar banget. Yen ora ati-ati, pembabatan alas kui iso nyebabke bencana sing ora dipingin ke neng daerah-daerah sekitar ibu kota sing anyar kui. Seko perkoro sosiologise uga kudu digateke. Tokoh adat lan masyarakate kui ora kepengen neng cerak daerahe kui dibangun kota sing anyar. Masyarakat kui wedi yen bakal akeh transmigran seko daerah liyo njupuk lapangan pekerjaan neng kono. Padahal, pemerataan pendidikan neng Indonesia kui durung kedaden. Tokoh adat neng kono masyarakat bakal kalah saing karo wong-wong seko daerah liya.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3216", "text": "Saiki akeh ponsel utowo hp sing wes majune ora ukur awet teko teknologine sampek isi-isine barang yo wes sangar. Tapi Hp sing sangar iku yo kudu diramut ben awet. Nah carane ngeramut iku asline ora angel yaiku kudu gawe cas sing ancene iku sali teko pabrike hp iku maeng ben batune ora cepet bejat. Terus yo kudu diresiki terus ben awu sing nemplek iku maeng ora mlebu jero hpne sing akhire iso marakno ganggu sensor sing nang hp iku maeng. Maringunu ojo sampek gawe hp nang panggonan sing panas soale iso dadekno batune maeng kepanasan sing akhire dadekno batune cepet entek. Terus nag iso diwei pelindung koco utowo layar ben ora beret sing akhire dadekno layare bejat.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6644", "text": "Ning jaman saiki, kekancan kuwi kudu milih amarga kanca kuwi bisa nduduhake kepiye kepribadian lan uga lingkungane awak dhewe. Yen wong duwe kepribadiang kang apik, mestine lingkungan lan uga pergaulane uga positif. Ketok saka tata krama lan uga cara ngomong. Amarga yen duwe kanca sing pinter, awak dhewe uga melu pinter amarga obrolane kuwi mesti nduwe kualitas sing apik. Diskusi sing berbobot iki bisa marai wong pemikirane luwih berkembang lan kanca sing ana ning sekitar bisa ketularan pinter. Kamangka, milih pergaulan lan kekancan karo wong kuwi penting banget amarga ana hubungan kanggo kualitas kepribadian sing luwih apik ning tengah masyarakat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9295", "text": "Seafood sing dimasak kanthi bener bakale enak lan ora amis. Nanging yen sawalike, wong-wong bakale males banget mangan seafood amarga amis banget. Supaya seafood ora amis yen masak bisa ditambahi karo peresan jeruk lemon, ditambahi bumbu rempah-rempah sing akeh supaya nambahi cita rasa seafood, lan bisa uga ditambahi karo jahe. Yen masake bener lan nggarai seafood ora amis, bakalan digoleki wong liya nalika mbukak restoran seafood. Sakjane isih akeh banget wong sing ora ngerti kepiye carane masak seafood sing bener lan nyebabake seafood e dadi amis akhire wong-wong padha gak arep. Mulane kudu sinau sing tenanan kanggo masak seafood supaya enak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7440", "text": "Dino iki aku dijak karo budheku nyambit rumput nang kebun mburi omahe. Pas aku mrono, aku langsung dikeki clurit dan awak dewe mlaku nang mburi omah. Pas didelok, dadakno rumpute wes duwur-duwur banget. Gak atek basa-basi, aku langsung nyambiti rumput-rumput iku mau nganggo clurit. Pas wes mari, aku ambek budheku langsung leren dan istirahat ndek Gubuk mburi omah. Budheku crito nek clurit iki senjata tradisional sing mbiyen digawe perang ngelawan penjajah. Aku awale gak percoyo, tapi budheku tetep ngomong koyok ngono. Jare clurit sing tak cekel iki tau dadi alat perange mbah buyut mbiyen. Dadi istilahe ngono clurit sing tak cekel iki wes bersejarah banget.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9603", "text": "Taun iki Leo bisa Natalan ana ing Jakarta sawise pirang-pirang taun Leo mung bisa Natalan adoh saka kaluwargane yaiku ana ing Amerika. Leo Natalan ana ing gereja Servatius Bekasi. Misa sing dimeloki Leo yaiku misa sing paling isuk yaiku jam 5. Karo mripat sing rada ngantuk, Leo budhal ning gereja sing ora adoh saka omahe. Nalika tekan ana ing gereja, tibakna wis akeh wong. Kabeh nganggo klambi sing nggambarake Natal kayata klambi warna abang utawa ireng. Kabeh uga padha ngguyu lan ketok seneng kanggo misa isuk iki. Senajan misa sing paling isuk, nanging Leo nggumun amarga sing teka akeh banget nganti ora pas kanggo lungguh kabeh ana ing njero gereja lan kudu lungguh ana ing terop njaba gereja.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2362", "text": "Wong sing pengusaha masakan biasane wonge pinter masak, contone wong sing duwe penyetan, wong iku mesti iso gawe sambel, goreng lawoane, iso belonjo sak liyan-liyane. Tapi wong iku durung karoan iso masak liyane koyok gawe roti, gawe bakso ambek liyan-liyane sing ora didol nag warunge. Soale kabeh iku maeng ora gambang dibelajari, kudu ngerti takeran ambek rasa sing pas digawe masakane. Masio podo-podo bidang masakan utowo kuliner. Nag ora jenis usaha sing podo bidange tetep wong iku maeng kangelan. Mangkane ojo bingung nag awakmu nang restoran gede mesti duwe wong sing bagian masak akeh, solae menu sing disuguhno nang gone sing tuku akeh. Dadi restoran ora sampek nggelakno wong sing tuku. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "400", "text": "Kangga bocah cilik kui, poso kui ibadah sing angel, termasuk aku biyen. Aku lagi mulai poso penuh, tekan maghrib, kui pas kelas 3 SD. Kui wae alasane mergo aku isin karo konco-koncoku. Setaun sadurenge, pas kelas 2, aku isih puasa bedug utowo poso ning bukane pas adzan dzuhur. Pisanan ngerasake poso full kui ngelih lan ngelak tenan. Mergu ora kuat, aku bola-bali kumur-kumur opo wudhe. Ngeloboke banyu neng mulut pas lagi ngelak-ngelake kui seger banget senadyan ora diombe. Pas kumur-kumur kui, yen ono banyu sing ora sengojo ketelen kan lumayan. Mergo ngelih uga, aku dadi ora dolan methu ngomah. Aku luwih akeh turune pas kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1774", "text": "Nandur neng omah kui penting kanggo awak dhewe. Awak dhewe iso entuk manfaat seko kegiatan kui. Awak dhewe ora butuh halaman sing jember kanggo ngelakoke kegiatan iki. Sing awak butuhku mung niat karo pot-pot sing cilik. Nandur dhewe kui penting soale awak dhewe dadi iso ngerti opo sing petani lakoke kanggo nandur panganan sing ono neng mejo makane awak dhewe. Awak dhewe dadi ngerti sepiro angele. Opo meneh yen awak dhewe duwe cak cilik neng omah. Anak kui iso sisan sinau supoyo ngerti kenopo awak dhewe kudu ngehargai panganan. Sakliyane kui, awak dhewe uga dadi duwe persediaan panganan gratis. Awak dhewe uga bakal luwih puas mangan panganan sing awak dhewe ngerti hasil tandurane dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "416", "text": "Ustaz Dhanu duwe klinik sing jenenge Benkel Hati. Dheweke uga disik duwe acara TV sing judule podo. Ustaz kui ustaz sing tekenal iso ngerti penyakit seko crito jamaahe. Ustaz Dhanu percoyo yen penyakit fisik sing dirasake wong-wong kui asale seko penyakit ati. Penyakit ati kui tabiat-tabiate awak dhewe sing ala-ala. Misale, jamaah ngomong yen sirahe dheweke kerep mumet lan keroso abot. Banjur, Ustaz Dhanu nebak-nebak tabiate, misale jamaahe kui kerep nesu lan ngedhumel dhewe. Biasane tebakan kui bener. Yen wes diafirmasi karo jamaahe Ustaz Dhanu banjur ngandani. Wong kui kudu ngurang-ngurange tabiat sing elek kui. Pengobatan neng klinik kui dadi ora ngandelke seko pengobatan modern wae.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3530", "text": "Ulan wingi pas aku dolan nang Suroboyo aku iku petok ambek koncoku sing saiki duwe usaha dewe. Deke iku nag dodolan iku kadang rame yo kadang sepi. Deke yo tau cerito nag deke iku yo tau rugi barang. Terus deke iku cerito yo ben rugine ora sampek nemen ambek terus-terusa. Nah salah sijine iku maeng deke iku ngomong nag rugi iku yo kudu dievaluasi maneh, awit teko carane dodolan, bahan-bahan sing digawe dodolan, sampek ngedole dodolan maeng iku kudu dievaluasi maneh. Mangkane deke saiki wes mulai rame maneh dodolane masio isek rodok cilik tapi iku cukup luwonglah ramene timbang binggung golek penggawean terus ora oleh-oleh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7062", "text": "Agenda tahunan rutin nang omah iki yaiku resik-resik seluruh sudut omah. Bener-bener setiap sudut omah bakal diresikno. Hal iku soale dasarane mamaku wonge super resikan banget. Tanda-tandane nek sawang-sawang wes podo numpuk nang pojokan langit-langit tembok, berarti wes wayahe resik-resik kuabehane. Masing-masing pun yo wes eruh tugase dewe-dewe. Mama ngresikno kamar-kamar nang omah. Aku bagian ngresikno kabeh sawang-sawang nang omah iki dan ngumbah kabeh gorden nang omah iki. Adikku sing wedok bagian ngelapi kabeh perabotan sing onok nnag omah iki. Adekku sing lanang bagian ngresikno pawon ambek garasi. Terakhir bapakku bagian nyapu halaman omah dan nyabuti rumput-rumput liar sing wes podo dowo-dowo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4614", "text": "Kerja ing restoran cepat saji kaya KFC kuwi ora bisa anteng setitik. Jare kakangku, kerja ning kene kudu cepet lan tanggep. Sak liyane kuwi, pramusajine kudu bisa ngemong wong sing tuku amarga panjaluke kadang macem-macem lan akeh. Kabeh wis ana bagiane dewe kaya bagian masak, ngelayani wong tuku, nyatet pesenan, kasir, lan delivery utawa ngeterake panganan ning jaba restoran. Nanging, saiki fitur delivery ing KFC wis diilangke amarga kalah karo ojek online sing bisa luwih cepet ngeladeni pesenan lewat aplikasi lan telpon. Pergantian iki ora berpengaruh gawe restoran amarga bagian delivery iso dipindang ning bagian liyane. Opo maneh saiki KFC buka cabang ning akeh panggon lan duwe jenjang karir sing jelas kanggo pegawene. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7028", "text": "Arek-arek Suroboyo pasti wes eruh rumah makan sing siji iki. Jenenge Sego Sambel Mak Yeye. Warung iki onok ndek daerah Wonokromo, Suroboyo. Warung iki dinobatno dadi salah siji warung paling legendaris nang Suroboyo. Mbasio warung iki ketok sederhana koyok warung kaki lima biasane, tapi pengunjunge gak tau sepi. Menu andalan nang kene iku sego, iwak pe, ambek sambel pedese. Sing marai warung iki legendaris iku kenikmatan sambele sing istimewa dan rasane khas banget. Sambele iku terbuat teko tomat, lombok, terasi, brambang, bawang putih, ambek uyah terus diulek dadi siji. Sing gak kuat mangan pedes, langsung ngomong ae ndek awal cek sambele ditambahi gulo. Dadi ngenteni opo maneh, cepetan budhal gawe nyicipi sego sambel nang warung Mak Yeye.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7321", "text": "Aku dijaki koncoku dolan nang omahe. Pas nang omah iku, koyok biasa aku dolen karo koncoku. Moro-moro koncoku iki dikongkon ibune tukokno mie ayam gawe mangan awan. Awale aku dikon melu, tapi moro aku ditahan ambek adike koncoku, akhire aku kepekso dolan ambek adike koncoku. De’e moro ngekeki aku buku kisah nabi dan njaluk diwacakno. Akhire aku milih kisahe Nabi Sulaiman AS. Kisah singkate, Nabi Sulaiman AS iki dadi raja sing paling kaya sing tau onok nang muka bumi. Selain iku, Nabi Sulaiman AS diberkati ambke gusti Allah SWT gawe isok berkomunikasi karo hewan. Adike koncoku takon kok isok, yo isok wae soale iku kabeh kuasane gusti Allah. Mari wacakno kisah Nabi Sulaiman AS, adike koncoku njaluk diwacakno sing liyane. Akhire awak dewe dadi cerita Nabi sampe koncoku teko.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3179", "text": "Aku tau bal-balan sampek sikilku aboh polahe gaprakan. Aku yo ora ngerti lapooh iku iso kedaden padal biasane gaprakan iku ora lapo-lapo. Tibake iku polahe ora tepak olehku nyaduk. Nah jarene wong tuwek nak wes kedaden iku maeng disarano nang gone dukun pijet, soale nag nang dokter mesti diwei obat terus ora ditoto otote maneh. Padal asline iku maeng otote sing breset terus kudune ditoto ben ora loro. Mangkane nang daerah gonanku dukun pijet iku isek akeh soale iso noto otot sing breset iku maeng. Terus nag wes kadung ngunu yo biasane ancene aklhe wong sing milih nang dukun pijet timbang nang dokter. Soale iku wes dadi kebiasaane wong kono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10017", "text": "Onok olahraga sing ora mung bocah seneng nanging wong gedhe yo seneng olahraga iki. Jenenge lompat tali. Lompat tali iki kelebu olahraga sing enteng sing kabeh wong iso ngelakokake. Onok tata carane ngelakokake olahraga iki. Kaping siji yoiku ngadekko sing jejeg buka en sikilmu sak jembar e pundak mu. Kaping loro cekel en tali ne nggawe tangan loro ning pinggiran awak. Kaping telu mencoloto sing dhuwur lan gerakno tali mu nang dhuwur lan ndisor lan balik ning cara kaitan mau. Kaping papat balenono cara mau nganti sak menit yen wes iso ora tibo tambah ono banter e olehmu mencolot nggawe taline.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5105", "text": "Sak liyane suku Batak, uga ana suku Bugis sing duwe acara mantenan paling larang sak Indonesia amarga ana tradisi \"uang panaik\" utawa dhuwit mahar sing regane miturut derajat lan pendidikan lan penggaweyane penganten putri amarga suku Bugis nduwe pemikiran yen anak wedhok kuwi wis digedekake karo wong tuwane ya kudu terjamin karo garwane. Kamangka ning Bugis, akeh wong kang ngadakake resepsi gedhe. Nanging budhaya iki ya apik amarga bisa dadi tandha yen wong wedhok kuwi diregani banget lan uga mutune wong wedhok kuwi didelok saka pendidikan lan penggaweyane, dudu pawakan lan rupane. Budhaya iki uga nuntuk wong wedhok dadi wong sing uga bermutu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4056", "text": "Nag urip iki, awak dewek kabeh iku yo perlu waspodo ambek lingkuang masio lingkungane iku ketok aman, tapi awak dewek kabeh iku kudu siap-siap kanggo ngadepi perkor sing ancene awak dewek ora ngerti kapan bakal ono perkora sing blaekno awak dewek contohne koyok bencana alam sing saiki ancene gelek kedaden nang endi-endi. Nah kanggo nyiapno awak iku maeng awak dewek yo kudu nyiapno awak contohne kudu ngerti kondisi lingkungan nag pinggire-pingire, nag musim rendeng kudu siap-siap ambek jagani nag ono banjir barang mergane saiki banjir iku wes gelek kedaden nang endi-endi masio iku daerah sing ora tau banjir barang saiki maelh gelek Banjir.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "439", "text": "Alquran kui isine pedoman urip kanggo manungso neng donyo iki, utamane kanggo umat muslim. Wis seharuse, awak dhewe sing agamane Islam iki moco kitab sucine dhewe. Sebenere yen awak dhewe ora ngerti basa Arab kui pancen angel ngerti opo kandungan isine. Kanggo paham isi ajarane kui sing bener, awak dhewe kudu melu kajian. Nanging yen kui uga ora iso, sak ora-orane awak dhewe tetep jajal moco Alquran kanthi rutin. Alquran kui senadyan awak dhewe ora ngerti artine, alquran kui iso dadi obat kangga atine awak dhewe sing lara. Lara mergo wis diregeti karo doso-doso lan nafsu duniawi. Alquran iso gawe atine dhewe tenang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2355", "text": "Jarene konco-konco kripik gedang iku yo enak, termasuk aku yo seneng sing jenenge kripik gedang. terus lapo'o aku seneng karo kripik iki, soale rasane yo lumayan enak, tapi kadang ono sing ora iso ngolah gedang dadi kripik dadi rasane ono tengike. Mangkane nag tuku kripik gedang biasane aku delok teko warnae, nak warnai iku terang rodak seger, berarti ora tengik. Tapi nag rodok puye, berarti tengik. Kripik gedang iki yo asline duwe kandungan sing ora ado teko gedang cuman mok luweh sak itik wae kandungane. Nag situse Sehatq njelasno nag kripik gedang masio wes diolah dadi kripik tetep isek duweni kandungan koyok Kalori, Protein, karbohidrat, Serat, Gula, lemak, Lemak jenuh,Kalium, Vitamin B6 sing iso ngelengkapi kebutuhane awak. Bedo maneh ambek keripik melinjo masio kandungane apik tetep ora kabeh uwong seneng mbek mlinjo tersmasuk aku, soale rasane pahit. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2871", "text": "Biyen pas aku isek SMP nag daerah nggonanku iku isek usum wong nanggap wayang, terus nanggap gong, ambek ludruk. Sing paling rame iku nag pas nanggap gong soale nang kono ono sing jenenge tarian khas Jombang sing jenenge Remo. Tarian iki mesti ora karoan tinggkae soale ono cerito perjuangan sing digambarno nang cerito iki. Dadi mulai teko klambi sing digawe sampek njoget iku mesti garai wong seneng. Terus sak liyane iku sing garai wong seneng maneh yaiku sing joget remo maeng iku gawe klintingan sing dicancang nang sikil ambek tangan lorone. Dadi angger joget iku pateng kemrincing. Lah teko kono maeng maleh dadi rame ambek dadekno wong seneng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2379", "text": "Kompor induksi utowo kompor listrik saiki mulai ono nak endi-endi. Soale gawene sing ringkes tur hemat. Tapi kadang wong isek mikir polahe wes kebiasaan gawe kompor gas biasa. Mari ngunu, ono berita nag tahun-tahun iki akeh program pemerintah sing bener-bener nganjurno utowo nekanno kanggo gawe kompor listrik utowo induksi polahe ramah lingkungan ambek iso ngurangi produksi LPG sing mulai nipis. Nak situs kadata.com pemerintah duweni rencana kanggo bagikno kompor listrik secara gratis nag tahun 2022. Sekretaris DEN Djoko Siswanto wes mulai ngusulno program iku maeng ben mlubu anggarana pemerinta. Polahe iku maeng akire akeh kompor listrik sing wes beredar nag omahe warga. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1706", "text": "Yen awak dhewe ngejalin hubungan kui, awak dhewe pengen hubungan sing awak dhewe dalani kui langgeng. Supoyo hubungane langgeng, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu nikah disik yen hubungane durung resmi. Hubungan sing neng jobo pernikahan kui gampang remuk. Sing keloro, awak dhewe kudu ngerungoke pas pasangane dhewe ngomong. Awak dhewe kudu ngerti opo sing dheweke pengenke lan sak walike. Sing ketelu, yen awak dhewe ngelakoke salah, awak dhewe kudu wani jaluk ngapuro lan yen pasangane dhewe gawe salah, awak dhewe uga kudu ngapuroni. Sing kepapat, awak dhewe iso ngekei hadiah neng pasangane dhewe pas lagi ono kesempatan sing spesial.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9208", "text": "Kanggo wong Muslin, panganan sing dipangan iku mesti wajib panganan sing halal. Iki wis diatur ana ing Alquran lan wis dadi prentahe Gusti Allah. Nanging ora kabeh panganan sing ana ing donya iki kalebu panganan sing halal. Akeh banget panganan sing bahan dasare saka samubarang sing haram kayata minyak babi, alkohol, lan liyane. Yen lunga ing manca nagari sing mayoritas wong non muslim, kudu didelok tenanan supaya ora keblasuk panganan sing haram. Misale nakok ning bakule, utawa ndelok kompisisine. Mula, yen kowe Muslim ayo padha waspada karo panganan sing kene pangan supaya tansah berkah lan ora nggarai dosa utawa dimurka karo Gusti Allah. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2432", "text": "Hotel yaiku bangunan koyok omah tapi luwih gede sing nyediakno kamar-kamar akeh gawe wong nginep. Nag Hotel yo nguwei panganan ambek omben-ombenan sing macem-macem sak senenge sing mesen nag hotel iku. Hotel fasilitasi iku lengkape pol timbangane omah biasa. Soale tujuane kanggo ngyenengno wong sing nginep nang hotel iku. Sak liyane Hotel ono maneh panggonan sing digawe nginep yaiku sing jenenge peninapan. Penginapan iki mirip koyok omah tapi luweh lengkap fasilitasi timbang omah terus luwih cilik timbang hotel. Penginapan iku biasane luweh sederhana timbang hotel soale mok nyukupi kebutuhane wong sing ngenep nang kono sak onone. Mangkane regane hotel ambek penginapan bedo adoh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3299", "text": "Saiki pemerintah nganjurno kabeh wargane kudu gawe TV digital soale manfaate luwih gede kanggo delok acara sing ono nang TV. Nah anjuran iku ancene disaranno karoh pemerintah soale saluran utowo jaringane luwih kenek dipercoyo ambek handal nang kabeh keadaan, mboh iku mendong, udan, utowo pas ono angin gede. Tapi kanggo sing wes duwe TV tapi ora digital, pemerintah nguwei saran kon tuku STB (set up box) sing kanggo nyetel TV biasa ben iso nangkep sinyal digital sing saiki wes mulai dilakokno nang kota-kota gede. Nah keunggulane TV digital maeng iku gambare maleh beninge megilan, ambek ora kepyur koyok program analog. Mangkane nang pindaho nang TV digital ben delok TV-ne enak.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5175", "text": "Ning Jawa Timur, ana budhaya nari tayub, yaiku tarian sing diiringi musik campur sari. Padha kaya joged bumbung Bali, tayuban iki uga tambah ilang pesen morale amarga akeh sing madhakake penari tayub karo wong wadon sing ora bener. Padahal tayub iki uga seniman sing nguri-uri budhaya Jawa sing grapyak lan semanak. Tayub iki uga dadi masalah amarga jenenge san saya elek ning masyarakat amarga akeh pelecehan seksual marang penari saka penontone. Pelecehan iki dianggep sah amarga penonton ya ngewenehi saweran sing gedhe kanggo penari uga pemusik tayube. Apa maneh akeh ahli agama sing nentang tayub amarga mesti dibarengi karo mabuk-mabukan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4092", "text": "Coro mungga angkutan umum yaiki penggawean sing dudohno carane ngelakoni penggawean ben bener ambek selamet. Nah penggawean utowo cara munggah angkutan umum iku yo ono soale ben selamet nag munggah ambek mudun teko angkutan umum maeng. Tapi masio wes diulangi ora karoan sing jenenge wong iku mesti lali ambek ora bakal ngelakoni carane maeng. Mangkane akeh wong sing tibo teko angkutan umum mergo nyepelehno opo sing diulangi ambek sopir angkutan maeng. Nah cara iku maeng ancene mandine megilan ben ora sampek loro awake. Masio wong akeh sing ora percoyo tapi sing jenenge cara iku maeng wes kebukti bolak-balik mandine megilan ben wong sing mudun teko angkutan umum iku maeng ora cicir. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8999", "text": "Merk TV nang Indonesia iku onok akeh. Onok sing murah, onok sing larang, onok sing awet, onok sing gampang rusak, dan onok liyan liyane maneh. Nek awakmu takon rekomen merk TV sing apik menurutku, aku bakal jawab LG. Mergo aku nganggo merk iku sisan, dadi aku isok nyarano gawe nganggo merk iku. Alesan paling utamane mergo LG iku awet pol. Wes onok enem tahun aku nganggo TV LED ne, tapi gak onok kerusakan sing nemen. Servis ae buru tau ping pisan tok. Mbasio regane iku tergolong larang, tapi balik maneh, onok rego onok rupo. Dadi gawe awakmu sing nggole merk TV sing apik, LG jawabane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9373", "text": "Galeri foto kadang dadi samubarang sing ngebak-ngebaki ing HP. Kadang ora sadar yen wis nyimpen foto lan video apa wae nganti atusan. Foto lan video iki kadang wis ora perlu nanging isih ngebak-ngebaki HP amarga ora tau diresiki utawa dihapus. Nalika ana wektu utawa lagi nganggur, aku mesti ngeresiki galeri sing ana ing HP supaya HPku ora lemot. Sawise ngeresiki galeri lan ngehapus kurang luwih 2000 foto lan video, HPku rasane enteng banget, kabeh email bisa mlebu, aku bisa ngefoto lan ngevideo maneh, bisa download game sing taksenengi, lan bisa dolanan game bareng kancaku maneh. Ngeresiki galeri pancen megelna nanging uga bisa nyenengna amarga sawise bakaln bisa ngelakoni kabeh samubarang sing ora bisa dilakoni nalika HPne kebak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6999", "text": "Gawe awakmu kabeh sing kerep mangan iwak tuna, aku nduwe kabar baik. Dadakno iwak tuna iku mengandung akeh nutrisi sing apik banget gawe kesehatan tubuh. Iwak sing nduwe tekstur daging lembut iki nduwe kandungan protein sing duwur ambek asam lemak omega-3. Rong kandungan iku wes terkenal banget gawe njogo kesehatan jantung dan organ tubuh liyane. Selain iku, tuna yo mengandung nutrisi liyane sing gak kalah penting gawe tubuh. Onok vitamin D ambek kalsium sing apik gawe njogo kesehatan ambek kekuatan tulang. Terus onok kandungan folat, zat besi, ambek vitamin B12 sing berfungsi gawe pembentukan hemoglobin ning njero tubuh. Dadi ayo mulai sering ngonsumsi iwak tuna rek.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4673", "text": "Sak durunge ana dispenser lan ceret, wong jaman biyen nganggo kendhi kanggo wadah banyu. Kendhi iki umume digawe saka lempung lan dibentuk kaya guci. Kendhi iki kalebu alat masak utawa alat nampung banyu tradisional sing wis ana wiwit jaman kerajaan. Bentuke kendhi iki kaya bentuk pithik amarga ana gulune dawa lan wadah tampungan banyune bunder mirip awake pithik. Yen banyu dilebokake kendhi, banyu kuwi bisa dadi luwih adem dan luwih seger. Kendhi ukurane macem-macem, ana sing gedhe lan ana sing cilik. Kendhi iki ya digawe properti ning tari bondan, yaiku tari saka Jawa Tengah sing nyeritakake babagan peran wanita ning keluwarga. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3220", "text": "Wingi aku dijak koncoku tuku lapto nang toko laptop nag koto Pahlawan. Pas sampek kono laptop sing ditawakno iku maceme pirang-pirang sampek aku dewe bingung kudu mileh sing endi. Mari ngunu koncoku mileh sing pas amebk duwite terus fitur sing dibutohno yo pas ambek kebutuhane wonge. Mari ngunu bocahe jipek sing merek Hp. Nah laptop iku batune iku apek, terus modele yo api, meri ngunu memorine ambek SSD-ne yo gede meh limang atus giga sing kenek ditambahi maneh. Terus mesine yo apik soale wes model anyar dadi iso diganti-ganti ambek program sing anyar-anyar sing ancene butohno mesin model anyar. Terus bocahe yo wes oleh windows sing paling anyar pas tuku latop iku maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9610", "text": "Salah siji tokoh agama sing disenengi lan bisa ngewenehi inspirasi kanggo Araf yaiku Ahmad Syafii Maarif utawa luwih sering diceluk Buya Syafii Maarif. Ulama, tokoh agama, pamikir intelektual iki iga diwenehi jeneng Bapak Bangsa. Araf neladani Buya kususe ana ing babagan toleransi. Sadurunge kenal Buya, Araf iku wong sing ora bisa nrima samubarang kang beda kayata agama, budaya, lan sapanunggale. Araf mesti kudu ngejak debat, gelut marang wong sing beda karo dheweke. Nanging sawise kenal karo Buya Syafii Maarif, Araf ngerti apa iku toleransi. Kepiye carane ngadepi wong sing beda karo kene lan kepiye carane bisa urip damai karo wong liya. Ketemu karo Buya akhire bisa ngubah pikirane Araf dadi luwih bijak. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8639", "text": "Wes gak kaget maneh nek nang gunung iku gede resikone gawe nyasar. Nek wes eroh koyok ngono, awak dewe iku kudu sedia kompas. Kompas iku bener-bener berguna pol gawe pendaki gunung. Hal iku mergo kompas isok nentukno arah mata angin dan isok nentukno jalur endi sing kudu ditempuh awak dewe nek lagi nyasar. Awak dewe gak isok ngandelno Google Maps nang gunung, soale sinyal nang kono iku pasti elek dan gak isok nyambung nang internet. Nek wes ngono, sing isok diandelno iku mek kompas tok. Dadi gawe awakmu sing kate ndaki gunung, ojok lali sedia kompas nang tasmu yo rek.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6661", "text": "Bima kerja ning salah siji perusahaan ning Jakarta. Jakarta kuwi padet nemen lan uga jam bali kantor kuwi mesti stres amarga wong ngantri kanggo numpak KRL. Bima ngerasa stres lan uga pengen lunga tekan Jakarta sedilut. Banjur dekne ngajukake cuti lan uga mesen tiket liburan menyang Bali. Wis suwi banget Bima nyelengi kanggo liburan lan uga pengen ngerasakake istirahat saka penggaweyan lan uga lingkungan sing ruwet. Dekne lunga seminggu lan ning Bali, dekne jajal dolan ning pantai, mangan panganan enak, lan uga lunga nonton pagelaran musik lan tari. Bima uga ngunjungi panggon bersejarah ning kono ben dekne tetep bisa imbang liburan lan edukasine. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1731", "text": "Aku ket disik kepengen banget munggah gunung. Ketoke penak ngono, delok pemandangan sing asri, sing ijo-ijo. Aku kepengen ngerasak sepiro kesele pas munggah gunung. Jarane wong sing wis tau munggah kui abot, nanging aku ngerosone iso-iso wae. Mergo kui, aku pengen ngerasake dhewe ngukur sepiro kuwate awak lan staminaku. Soale, aku ngeroso awakku kui luwih apik lan sehat timbangane pas jaman sekolah utowo kuliah biyen. Napasku uga luwih kuwat lan teratur. Aku pengen nguji sak piro kuwat awakku kui pas lagi munggah gunung. Aku penesaran hobi olahragaku iki ngaruh banget ora sebenere. Yen misale ora berhasil utowo ora lancar, aku bakal latian meneh supoyo tambah kuwat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4726", "text": "Candi Borobudur kuwi wis dadi objek wisata sing rame wiwit jaman biyen amarga peninggalan iki wis mlebu salah sawijining keajaiban dunia sing dijaga karo pemerintah. Candi iki dadi objek wisata pilihan kanggo keluawarga, apa maneh pas ning cedhak dina waisak amarga akeh festival lan upacara uga acara tradisi liyane. Nanging, ning wayah pandemi iki ana ketentuan khusus kaya pengunjung kudu nganggo aplikasi Peduli Lindungi sak durunge mlebu ning area Borobudur. Kaping pindho, wiwit taun 2020, wis ora oleh munggah ning area candi amarga struktur candi sing wis ora kuwat kaya jaman biyen. Kaping telu, ada jam-jam sing kudu diiling-iling karo pengujung amarga ning jam-jam kuwi petugas ngeresiki area Borobudur. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4091", "text": "Nak budal nang endi-endi kadang aku gelek numpak bis soale ancene enak cepet ambek ora pegel. Terus enake nak numpak bisa iku yo iso kenalan ambek wong sing aneh-aneh ambek wong sing sak pirang-pirang ambek teko wong endi-endi. Mari ngunu yo kadang iso oleh pengalaman sing anyar kanggo ngadepi urip ben iso tetep maju. Nah nag bis nak mungga ambek mudun iku yo ora sak karepe dewe tibake. Soale ancene nag sak karepe dewe biasane akeh sing tibo, terus kernete iku mesti ngulangi ambek ngandani nag munggah ambek mudun iku piye carane ben ora tibo. Nag munggah biasane uwong-wong mesti dikongkon gawe sikil tengen ben ora tibo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "126", "text": "Goa pindul kui salah siji wisata alam sing sempet viral neng Yogyakarta. Panggon wisata kui ono neng Gunung Kidul. Yen arep merono, awak dhewe iso numpak kendaraan pribadi. Seko kota liwat Dalan Yogyakarta-Wonosari sekitar 40 km. Neng Bunderan Siyono menggok kiwo neng Dalan Lingkar Utara. Banjur neng prapatan Bejiharjo menggok kiwo. Neng pertelon Dalan Wonosari-Bejiharjo menggok kiwo meneh. Ketemu tugu menggok kanan bar kui kari ngetuti petunjuke. Biaya retribusi neng Goa Pindul kui Rp.10.000. Tiket mlebu neng panggon wisata kui sebesar Rp40.000 kanggo wong dewasa lan Rp20.000 kanggo bocah umur 1-5 taun. Tiket mlebu kui sampun termasuk pelampung lan ban sing bakal dienngo neng sungaine.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2744", "text": "Pas aku wingi ambek koncoku budal nang masjid kanggo ngeringekno khotbah terakhir sing bahas masalah uripe wong saiki sing ora karuan. Jarene koncoku iku termasuk khotbah sing nyambung ambek uripe wong saiki, soale ngilmune langsung iso disumberno ambek kitab suci langsung dadine wong-wong sing ngeringekno dadi ngerti endi sing tepak ambek sing salah mangkane khotbah iku yo penting jarene koncoku. Nag jareku khotbah sing terakhir wingi iku cukup apik, sak liyane jipek ayat sing teko kitab suci tapi nguwei contoh sing kedaden saiki. Mangkane pas ngerungokno khotbah wingi akeh wong sing ora ngantuk soale materi khotbahe apik ambek sing khotbah yo mantepe pol.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4665", "text": "Ana penggaweyan sing dirasa ora penting nanging ya penting. Penggaweyan kuwi ya tukang umbah piring. Tukang umbah piring utawa tukang asah-asah iki kudu ngerti standare alat masak sing resik. Amarga sisa panganan sing durung resik kuwi mau bisa marai mutu panganan mudhun, rasane bedha lan ninggalake bekas sing ngerusak alat masak. Tukang umbah piring iki ning restoran uga oleh bayaran sing sithik nanging melu ngelakoni bagian sing gedhe gawe panggon kerjane. Biyasane, tukang umbah piring iki uga ngerangkep dadi tukang reresik utawa tukang masak lan tukang dandan-dandan. Ning manca negara, penggaweyan ini wis diganteni karo mesin otomatis mula kuwi penggaweyan iki wis jarang ditemokake. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1773", "text": "Petani sing tak delok neng film-film kui bedo karo petani sing aku delok neng kenyataane utowo neng TV. Film sing maksud kui film-film sing seko luar negeri. Ketoke petani neng luar negeri kui luwih majo seko petani neng negorone awak dhewe. Petanine kui iso dhewe lemah sing jembare atusan hektar lan dheweke garepe mung dhewekan utowo mung karo keluargane tok. Soale, neng kono ketok wis nganggo teknologi sing canggih. Ono koyo mobil utowo traktor sing iso kanggo nandur lan ono uga sing iso manen asil tandurane. Ora mung kui, sok-sok ono uga pertanian sing duwe pesawat dhewe. Pesawate kui cilik. Fungsine kanggo nebar pupuk seko duwur. Supoyo pupuke kesebar roto lan luwih cepet.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9320", "text": "Doni lan Rona kepengin njajal numpak skuter listrik sing ana ing Kaliurang, Yogyakarta. Panggon iki rame amarga wis viral ana ing sosial media. Akhire pas dina Sabtu, Doni lan Rona budhal numpak sepeda montor menyang Kaliurang. Sawise tekan kono, wis akeh banget wong sing nyewakna skuter listrik ana ing pinggir dalan. Doni milh skuter listrik sing warna ijo lan Rona milih sing warna abang. Bocah-bocah iku akhire muteri dalan Kaliurang nganggo skuter listrik iku kurang luwih sak jam. Sawise wis pegel muter nganggo skuter listrik, bocah iku mandheg tuku sate kelinci sing ana ing ngarepe gerbang mlebune Taman Wisata Kaliurang.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4756", "text": "Panggon liburan sing akeh dikunjungi lan bedha saka wahana liyane kuwi salah sijine museum angkut ning Kutha Batu. Museum angkut iki kalebu museum sing lengkap lan bisa njelasake bentuk-bentuk transportasi sing ana ning Indonesia lan manca negara, mulai saka darat, laut, lan udara. Yen arep mlebu museum iki, pengunjung kudu tuku tiket. Kaping pindho, pengunjung bisa mulai ngantri rada awan amarga museum angkut iki bukane awan, bedha karo wahana liyane kaya Jatim Park lan Batu Secret Zoo. Kaping telu, pengunjung bisa langsung mlebu marang ruang-ruang sing ana ning museum angkut iki, nanging kudu tetep njaga protokol kesehatan amarga isih ana ning era pandemi covid-19. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8961", "text": "Gak onok abang gak onok ijo, moro dulurku iku ngekeki aku game nganggo flashdisk e. Jarene aku kudu eroh game iku dan kudu doleno iku kabeh. Jarene game e seru kabeh, dan dulurku same ngomong nek aku gak dolen engkok bakal getun. Mergo aku kepancing, akhire aku langsung mbukak i game e iku mau. Sing pertama tak buka iku Chocolatier. Nang game iku, awak dewe dikon nggawe sembarang kalir jenis coklat sing sesuai ambek resep teko koki ne. Sing tak sadari, nang kono iku aku dadi eroh sembarang kalir jenis e kacang. Mulai teko pecan, hazelnut, walnut, pistachio, dan akeh liyane maneh. Selama iki aku eroh e mek kacang tanah. Tapi berkat game iki, aku dadi luwe akeh eroh jenis kacang.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7895", "text": "Jaman saiki, teknologi iku tambah maju dan bakal terus maju selama ilmuwan bakal ngutak ngatik sesuatu gawe nemukno sesuatu. Salah siji penemuan ilmuwan sing bakal nyelamatno akeh uwong, terutama sing kelangan indra penglihatan, iku jenenge mata bionik. Diciptaknoe mata bionik iku tujuane gawe ngurangi jumlah kebutaan. Perangkat siji iki nggabungno sebuah kacamata sing dilengkapi karo kamera, terus engkok bakal ditanemno retina buatan sing canggih. Nganggo iki, pasien bakal isok ndelok kabeh spektrum elektromagnetik sing nyakup penglihatan inframerah, sensor panas, bahkan isok ndeteksi kandungan gas-gas tertentu. Jarene, mata bionik iku bakal isok luwe berkembang maneh dan suwe-suwe isok madani mripat biologise menungso iku dewe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "954", "text": "Jaman HP sing wis canggih iki, awak dhewe ora butuh tuku kamera meneh. Awak dhewe ora kudu tuku kamera sing larang mergone saiki kamera sing neng HP wis cukup apik. Yen awak dhewe pancen kerjo dadi juru foto utowo videografer, awak dhewe tetep butuh kamera. Awak dhewe uga butuh tuku kamera yen awak dhewe duwe hobi moto. Nanging, yen awak dhewe ora mlebu neng rong katergori kui, awak dhewe ora perlu tuku. Kamera sing ono sing HP cukup kanggo kebutuhan sak ben dinone awak dhewe. Awak dhewe ora perlu kamera sing duwe resulisi duwur sing ngasilke gambar sing jernih. Yen awak dhewe arep komplen mergo barang sing awak dhewe ora sesuai kui kan ora butuh gambar sing mulus.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2352", "text": "Kripik menyok (singkong) sing biasane tak pangan nag isok tetep tak senengi sampek saiki. Kripik menyok iki digawe teko menyok sing bentuk macem-macem, ono sing bunder-bunder, ono sing loncong, ambek ono sing dowo-dowo, karek senenge sing ngiris menyok'e. Rasane yo macem-macem, karek milih, ono sing pedes legi, asin, ambek legi barang yo ono. Poko'e kripik menyok iki enake pok. Mari ngunu aku yo ora seneng karo sing jenenge marning teko jagung. Soale ualote pol, opo maneh nag ora sepiro garing terus di goreng rasane koyok nyokoti kayu, wwalote pol. Mangkane sampek saiki aku aras-arasen nag dikon tuku utowo njajal sing arane marning. Wes cukup pisan iku wae pas aku isek SD saoale gara-gara iku untuku maleh pupak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9319", "text": "Ngandharake bab wisata tersembunyi utawa hidden gem iki kanggoku ora mung tumrap papan wisata alam wae, nanging uga kalebu wisata kuliner. Sebab, miturutku pranyata isih akeh papan kang adol panganan enak, nanging dalan tumuju papan kuwi durung akeh dimangerteni dening wong. Yen kowe lagi lelungan adoh tuladhane, nanging kowe bingung golek panggonan maem, pamrayogiku mandhega ana warung cilik. Tukua banyu putih apa liyane, banjur nyuwun pirsa karo bakule, ing cedhak kana apa ana panggonan kang adol panganan enak nanging durung akeh dimangerteni. Biasane warga lokal luwih mangerti tinimbang food vlogger kang ana media sosial. Kowe bisa oleh pamrayogi saka warga lokal, adate panggone ora pati rame, kepenak, regane ora larang, tur rasane wis mesthi enak. Mula ayo padha metu omah golek jajan enak, hehehe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5432", "text": "Anggar yaiku salah siji ilmu beladiri nganggo senjata sing pusate ana ning seni nganggo senjata uga seni manfaatke kelincahan tangan. Anggar iki olahraga saka Prancis sing kebagi ning macem-macem cabang miturut pedhange. Ana telu pedhang utawa telu nomor sing dinggo yaiku floret, sabel, lan degen. Floret kuwi pedhang sing langsing, lentur, lan entheng uga ora landhep. Pedhang iki ana per lan bobote mung 500 gram. Pedhang sing keloro yaiku sabel. Sabel bentuke segitiga lan ujunge luwih lentur. Bobote uga mung 500 gram. Sing terakhir yaiku degen. Bentuke segitiga lan ana cekungane, kaku, lan luwih gedhe. Bobote 750 kanthi 770 gram.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5187", "text": "Ning Papua ana sistem noken, yaiku sistem kanggo njupuk keputusan saka kepala suku utawa ketua suku. Sistem iki dadi salah siji sistem sing paling dihormati amarga dadi keputusan paling dhuwur. Ning sistem noken ana 2 cara, yaiku noken big man utawa menagawan lan noken gantung. Noken big man utawa noken menagawan iki keputusan sing diserahake marang kepala suku yaiku sing total utawa kabeh. Noken menagawan iki cara sing dinggo pemilu ning Papua amarga jarak tempuh saka pedalaman marang lokasi pemilihan iki adoh banget. Carane yaiku kabeh wong rundingan kanggo nentokake calon sing bakal dipilih banjur sing nang TPS mung kepala sukune. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9214", "text": "Mangan panganan cepat saji kuwi oleh, anggere ora kekerepen. Panganan cepat saji yaiku panganan kang diolah kanthi cara cepet lan adate ngandhut akeh gula, lemak, garam, lan kalori. Ing antarane panganan cepat saji yaiku: burger, fried chicken, mi instant, kentang goreng, soda, cola, lan sapaunggalane. Ora keneng kerep anggone mangan panganan mau awit bisa gawe risaking awak. Kasarikaken saking laman rskariadi.co.id, panganan cepat saji ngandhut akeh garam, garam utawa uyah kuwi sifate bisa ngiket banyu ana sajroning awak, mula yen akeh garam mlebu ana awak bisa gawe kembung lan kondisi bengkak awak kita. Banjur, panganan cepat saji bisa ngundhakake insulin ana awak. Panganan cepat saji akeh ngandhung karbohidrat, karbohidrat mau nyebabake undhake gula darah. Yen gula darah akeh lan terus ana awak kita, sabanjure bisa nyebabake penyakit diabetes. Sateruse, panganan cepat saji bisa gawe timbuling jerawat. Jerawat bisa timbul awit panganan legi lan ngandhut akeh minyak mlebu ana awak kita. Mula bener yen aja kerep-kerep anggone mangan panganan cepat saji.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "579", "text": "Acara-acara saiki kudune iso ngundang sanggar-sanggar utowo penari-penari trasional neng daerahe. Iki iso dadi salah siji coro kanggo mempromosike pariwisata neng daerah kui. Ora mung promosi, pelaku-pelaku kesinian kui bakal iso luwih langgeng meneh mergo ono gawean. Pegiat tari tradisonal neng endi-endi kui jumlahe sitik. Jumlahe sing sitik kui uga ora diimbangi karo apresiasi sing duwur. Akeh seniman gerak tari kui sing dibayar murah utowo mung sak iklase. Yen industri tari koyo ngene terus, tarian tradisonal ora bakal berkembang secara organik. Yen pegen tetep langgeng, pemerintah kudu ngebiayai kegiatan kui. Biaya kui adoh luwih larang timabange awak dhewe iso ngebanung industrine.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10167", "text": " Kutha Jogja ingkang kondhang wisatanipun. Katahipun wisata kutha Jogja ngundang kathah wisatawan lokal lan asing. Wonten warsa 2015, wonten panggonan renang ingkang viral wonten Jogja ingkang asmanipun Jogjabay. Wahananipun kathah kados Waterboom wonten Bali utawi panggonan sanesipun. Jogjabay kalebet panggonan renang ingkang unik amargi konsepipun awujud gabungan antawis budaya Jawa ingkang tradisional kaliyan kapal bajak laut saking benua Eropa. Wahana edukasi awujud gelombang tsunami lan gempa bumi ugi disedhiyakaken wonten Jogjabay. Panggonan wisata wonten Maguwoharjo menika ugi sadeyan daharan wonten restoran-restoran saklebetipun. Daharan ingkang disade macem-macem saking menu tradisional ngantos internasional. Sakderengipun mantuk, turis saged tumbas cindramata ingkang ugi disade wonten Jogjabay.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2442", "text": "Transportasi wisata yaiku angkutan sing dirancang gawe wisata utowo ngelencer. Mari ngunu nag kendaraan iku biasane ono stiker kusus sing digawe nandakno nang angkutan iku angkutan wisata. Biasane iku diwei tuliasan \"Pariwisata\" nag kocone. Transportasi wisata biasane duwene fasilitas sing luwih api ambek lengkap ben sing numpak ora kesel. Salah sijine fasilitase yoiku koyok Kursi sing iso diturokno, TV sing gede, ono Wifi, ambek ono Toilete. Tapi fasilisa sing akeh iku maeng sebanding ambek rego sing ditawakno karo sing ngelolah transportasi wisata. Soale biaya sing digawe dandani transportasi wisata yo ora saitik utowo murah. Mangkane transportasi wisata saiki jenis-jenise macem-macem.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "180", "text": "Preinan semester 4 wingi, aku dolan neng omah simbahku. Omahe simbahkui kui ono neng Bogor Kota cerak Istana Bogor lan Kebun Raya Bogor. Ngerti-ngerti, konco SMA-ku telpon, jarene dheweke lagi ono neng Jakarta bar rampung melu seminar. Dito, jeneng koncoku kui, arep dolan neng Bogor. Seko kabar-kabaran kui, Dito tekan Bogor sesuke. Aku metuk dee neng Stasiun Bogor. Dito selama neng Bogor nginep neng ngarep omahku. Wengine, awak dhewe ono rencana nonton neng Bioskop. Pas kui lagi ora ono film sing rame utowo dienteni suwe. Aku karo Dito pas Kui nonton film Preman Pensiun. Filme kui lucu lan asik banget mergo ono adegan gelut-gelutan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "979", "text": "Yen awak dhewe tau nonton film-film utowo kartun-kartun sing nyeritake soal robot, awak dhewe ora oleh langsung pecoyo karo opo sing ditampilke film kui. Film utowo kartun sing awak dhewe tonton kui ide sing ono neng pikirane penulis. Penulis kui dudu ilmuan dadi iso wae sing ono neng pikirane kui ora sesuai karo fakta utowo hipotesis seko sing ngerti robotik. Penulis kui mung nulis opo sing ono neng pikirane seko imajinasi. Dadi awak dhewe ora perlu wedi kedadean neng donyo nyoto yen awak dhewe duwe film sing nyeritake robot kui bakal matine menungso lan dadi siji-siji sing tinggal neng jagad iki. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9658", "text": "Dina riyayane wong Islam iku ana 2. Idul Fitri lan Idul Adha. Nalika Idul Adha, wong Muslim sing wis mampi bakale tuku sapi utawa wedhus kanggo dibeleh. Wedhus utawa sapi sing ditunu iki uga ana sarate kanggo bisa dibeleh. Kayata wis cukup umure, ora meteng, lan sing lemu. Idul Adha uga dadi wektu sing paling disenengi karo wong-wong amarga bisa mangan sate utawa gule terus-terusan. Amarga duweni akeh banget daging, dadine bisa masak sate saben dina. Nanging kudu dieling supya tetep njaga mangane ora oleh digragras wae amarga kakean mangan sate utawa gule nggarai darah tinggi. Ayo padha jaga kesehatane awake dewe-dewe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4621", "text": "Ning keluargane Risa, ana resep masakan sing ora tau ketinggalan pas Idul Fitri, yaiku pithik ingkung bumbu ireng. Resep iki warisan saka mbah buyute Risa. Resep iki isine pithik sing dibumbui rempah-rempah khas meduro. Simbahe Risa pancen ana keturunan Meduro dadi isa nggawe bumbu iki. Mau pancen dinggo khusus keluarga. Amarga enak lan ora ana tunggale, keluargane risa setuju yen buka warung ayam lan bebek bumbu ireng khas Meduro. Saiki masakane wis terkenal ning Surabaya lan kutha-kutha gedhe liyane. Cabange wis akeh lan isa berkembang. Ya iki sing arane warisan keluarga sing isa dadi potensi mbantu ekonomi keluarga lan isa dadi rujukan kuliner tradisional. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3108", "text": "Olahraga iku ancene pentinge pol kanggo awak dewek kabeh. Nah olahraga sing paling favorit pas cilik yo mesti mlayu soale olahraga iki gampange megilan. Terus wong tuoku mesti mlayu nek iso nakpan pas preian koyok dino minggu barang mesti mari subuh dikon mlayu-mlayu. Yo ancene tujuane ben aku sehat ambek ora turu nag marine subuh soale prei ora sekolah. Sak liyane iku mlayu-mlayu maeng yo duwe manfaat sing gede kanggo kesehatane awak iki, opo maneh kanggo kesehatane jantung ambek otot. Mangkane biyen nag apan preian mesti akeh bocah-bocah mlayu-mlayu nag isok soale mesti kabeh wong tuo ngongkon anake metu teko omah ben ora turu nag esok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8696", "text": "Salah siji transportasi umum sing dadi andelan e wong Jabodetabek iku KRL. Mergo onok KRL iku, uwong sing urip nang Bogor isok kerjo nang Jakarta tanpa kudu ngekos soale wes isok numpak KRL ae. Nek lagi wayahe liburan, KRL iki ditumpaki pengunjung teko luar kota sing kepingin ngerasakno. Gawe awakmu sing durung tau numpak KRL tapi pingin nyobaki, tutono cara iki. Siji, siapno kartu KRL utowo e-money teko bank. Loro, nek wes nyekel kartu, tempelno kartu iku mau nang pintu masuk ben pintu isok kebuka dan awakmu isok melbu nang peron stasiun. Telu, gatekno peta jalur kereta ben awakmu isok milih kereta sing bener. Utowo nek sek bingung, awakmu takon ae nang petugas sekitar ben awakmu gak kesasar.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7869", "text": "Awakmu tau gak, pas nyetriko, kelalen nyemprot nganggo penghalus sing marakno klambi angel banget disetriko utowo klambine sek lecek? Utowo bingung kudu nyemprot disik, terus ndekek semprotane, terus njupuk setrikone buru nyetriko klambine. Nek dipikir, koyok ngono iku ruwet puol. Nek wes ngono, awakmu kudu kenal ambek sing jenenge setriko uap. Dadi setriko uap iki isok nyemprotno penghalus ambek nyetriko nganggo siji alat tok. Engkok awakmu garek isi cairan penghaluse nang kontainer e setrika iku mau, beres deh. Dadi mbari nyemprot, isok langsung disetriko. Nek awakmu lagi nggolek setriko, pilih o setrika uap. Wes ringkes, praktis, murah pisan. Wes uripmu bakal dipermudah nek nganggo alat sing siji iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6621", "text": "Dina Minggu wingi aku lunga menyang omahe budheku. Omahe budheku iki ana ning jero kampung pecinan lan cedhak banget karo pelabuhan ning kuthaku. Wargane rukun lan uga gayeng amarga kabeh generasi wiwit saka simbahe kanthi putu isih ana sing manggon ning kampung kuwi. Kabeh kebutuhan kuwi ana ning jero kampung amarga wonge padha dodolan barang sing macem-macem kaya sembako, klambi lan uga sak panunggale. Saban imlek, aku lan budheku mesti oleh akeh panganan kaya kue kranjang, mie, lan uga buah. Nanging ning jero kampung kuwi, senajan Islam minoritas, tetep wae ana masjid gedhe sing uga dadi pusat kegiatan masyarakat kampung. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9035", "text": "Perkembangan teknologi iku onok nang ndi ae, salah sijine iku nang dunia medis. Aku tau krungu nek onok ilmuwan sing nduwe wacana kate nggawe robot sing isok ngelakoni operasi nang menungso. Bahkan wacana iku wes tau dipresentasikno nang dunia medis. Koyok biasa, ben onok penemuan anyar iku pasti onok sing pro dan kontra. Nek aku nang pihak kontra sih. Aku bener-bener gak isok mbayangno nek iku awakku dewe sing dioperasi karo robot. Sing aku eroh, robot iku kan pergerakane terbatas. Semisal engkok onok kesalahan sitik pas ngelakoni bedah, kan robot gak isok mbecikno secara langsung pas nang tengah-tengah operasi. Gak koyok dokter sing langsung isok nangani nek onok kesalahan sitik. Makane onok wacana robot sing isok bedah awake menungso iku nrawasno pol gawe aku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4602", "text": "Wong saka jaba Pemalang mesti bingung yen ketemu panganan sing arane grombyang. Akeh sing ngomong nek panganan iki mirip banget karo rawon amarga duduhe warna coklat rada ireng. Tapi sejatine bedha. Grombyang rasane luwih legi lan porsine luwih cilik yen dibandingno karo rawon. Rasa legi iki disebabno grombyang nganggo klapa sing diparut alus. Lenga saka klapa kuwi mau sing nggawe rasane legi. Grombyang asli nganggo daging kebo lan ora ana bagian lemake. Bedha karo rawon sing apa wae jenis daging isa mlebu. Grombyang dipangan bareng karo sate daging kebo lan ditambah irisan godhong bawang. Cara sajiane khas. Biasane nganggo mangkok cilik lan sendok bebek kaya wedhang ronde. Sak durunge ana warung, grombyang didol ning pikulan kaya soto pikul Surabaya. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1224", "text": "Saiki yen arep dodolan panganan utowo ombenan seko umah kui wis makin gampang. Saiki wis ojek daring wis iso digawe ngedol lan mesen panganan. Teknologi iki ora mung nguntungke sing arep tuku, naning uga nguntungke wong sing dodolan. Soale, dodolane wong kui dadi iso dituku karo wong-wong sing ora cerak omah. Pelanggane dadi ora mung tonggo-tonggo wae. Mergo aplikasi ojek daring kui, wong sing dodolan panganan utowo ombenan seko omah kui pasare dadi luwih ombo. Sakliyane kui, wong sing arep dodolan dadi luwih ngemat. Mungkin biyen, yen arep entuk pasar sing seakeh kui, wong kudu golek panggon dodolan neng pinggir dalan. Saiki, awak dhewe iso entuk pasar sing podo nanging iso digawe seko omah.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3546", "text": "Dodolan online iku ora kok mok angger dodolan tok tapi yo kudu ngerti produk sing ancene rame ambek sing disenenge wong akeh. Nah dodolan online iku yo ono carane ben iso rame koyok wong-wong sing ancene wes maju ambek sing wes hasil. Carane iku maeng yo sak pirang-pirang salah sijine yoiku kudu delok ambek nentokno produk opo sing ancene didol. Nentokno produk iku ancene pentinge pol kanggo wong sing dodolan online soale saingane nang online iku luweh akeh timbang nang toko-toko biasa soale sing dodolan online iku teko endi-endi ambek oleh masang rego iku gendeng-gendengan. Nah nag wes ngerti produk opo sing ate didol biasane karek golek pasaran utowo pelanggan karo gabung grup-grup online sing ancene akeh minate nang produk sing ate didol.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5581", "text": "Ning cedak omahku, saiki wis buka toko anyar sing dodolan piranti omah kaya lampu, pot, kabel, kipas angin, lan sak panunggale. Nining, kanca SD-ku dadi kasir ning toko kuwi. Pas lagi dadi kasir, Nining bingung amarga toko kuwi ora ana layanan pembayaran digital. Jaman saiki mbayar belanja bisa saka digital, yaiku teknologi QRIS sing disediakake Bank Indonesia. Akeh wong tuku sing sambat amarga layanan iki marai pembayaran gampang. Nining sing dadi kasir iki dadi seneng ngerungokake sambatan wong sing tuku. Banjur Nining usul marang bos ngongkon ngurus administrasi kanggo QRIS iki. Banjur wes 2 sasi, QRIS iki mulai ana ning tokone Nining. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3545", "text": "Dodolan online saiki ancene rame nang endi-endi soale ancene enak terus yo ora kepikiran modal gede. Terus sing garai enak maneh iku ora atek butoh panggonan koyok toko utowo ruko soale sing penting iso online terus duwe akun nang sosial media wes dadi rame tokone utowo dodolan online maneh. Opo maneh nag didol nang salah sijine market place sing saiki ancene ramene megilan timbang mal-mal sing ono nang kota-kota gede. Dadi ora gaok nag akeh sing dodolan online polahe ancene biayae murah terus pengeluarane yo saitik ora sepiro gede polahe biaya sing ditokno yo mok angger sing digawe ngelakokno internete tok terus ambek duwe sosial media tok. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3521", "text": "Kat ono pandemik tahun 2020 sampek terakhir tahun iki, wong-wong podo kepikiran kanggo gawe dodolan nang omah polahe ancene tokoh-tokoh gede akeh sing bangkrut terus ora iso balikno modal. Terus mari ngunu dodolan nang omah yo ora mok cukup gawe ambek ngedol barang tok, tapi oleh masarno barang yo kudu iso, soale nag semisal ora iso mesti dadekno ora payune produk iku maeng. Mari ngunu ono sing acene dol-alan ang omah iku kanggo sampingan tok koyok koncoku sing ono nang kota Pahlawan. Deke iku sakliyane kerjo yo dodolan nag omah luwong garene kenek gawe tambah-tambahan ambek gawe celengan terus teko iku maeng koncoku yo saiki wes rodok gede dodolan nang omahe maeng.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "172", "text": "Wis seminggu iki, aku neng omah dhewekan. Ibuku lagi jenguk simbah sing ono neng Bogor lan adiku lagi KKN neng Temanggung. Mergo kui, aku kudu ngopeni omah dhewekan. Senadyan aku akeh kegitan, aku ora iso tenanan ngeresiki omah. Aku mung iso nyepake panganan kanggo awaku dhewe lang ngumbahi piranti-piranti masak. Dadi omahku reged banget. Pas ono wektu selo tak sempet-sempetku kanggo ngeresiki. Jebulane debune wes ono akeh banget. Pas tak sapu aku tekan wahing-wahing. Nek pojokan wis akeh telek cicak lan sarang laba-laba. Bar kabeh ruanganan tak sapu, banjur omahku tak pel. Akhire, omahku dadi resik meneh lan wis harum apel seko obat pel mau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9237", "text": "Akeh sing seneng mangan jeroan. Jeroan iki kayata ati, ampela, lan sapanunggale. Aku salah siji wong sing ora seneng mangan jeroan amarga jeroan kususe ati mesthi bakalan krasa amis banget. Ana cara sing gampang kanggo ngolah ati utawa jeroan. Kaping pisan, jeroan diumbah kanthi resik banget. Sawise iku, ati sing wis empuk lan resik digodhog nganti jeroane empuk supaya pas dipangan ora alot. Kaping telu, bisa siapke bumbukanggo ngolah lan masak jeroane. Yen wis dimasak kanthi cara iku, jeroan bakalan ora amis lan luwih enak dipangan. Yen pengin luwih enak maneh, jeroan bisa dimasak nganggo bumbu balado lan diwenehi lombok sing uwakeh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10006", "text": "Wiwit kelas 2 SD, aku wis mesti dilatih kanggo mlayu saben isuk. Ora amarga aku meh didadekna atlet, nanging supaya aku kebiasa kanggo olahraga supaya awake tansah seger waras. Mlayu uga ana tata carane supaya ora tiba, keplicuk, utawa cedera liyane. Kaping pisan, kudu nggawe sepatu sing cocok kanggo mlayu. Ana sepatu kusus kanggo mlayu supaya pas mlayu pirang-piranh kilo ora cedera. Kaling pindho, kudu mesti ngelakukake pemanasan sik sadurunge mlayu supaya otote ora kaget. Sawise mlayu uga kudu ngelemesne otot maneh utawa kasebut pendinginan. Sing terakhir, kudu bisa ngukur jarak mlayune karo kekuatane awakdhewe. Ora perlu meksa kudu bisa langsung mlayu adoh, alon alon wae ora papa.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4096", "text": "Carane munggah asline iku perkoro sepelepol tapi iso dadekno efek sing megilan kanggo wong sing numpak angkot iku maeng, contone wong sing numpak bis nag ora ngerti carane mesti tibo, terus sing jenenge wong tibo teko bis iku wes gelek kedaden nang endi-endi. Tapi sing jenenge musibah kan ora ono sing ngerti, tapi carane numpak angkutan umum iku asline kudu diperhatekno ben ora marakno perkoro sing dadekno perkoro elek teko, nah carane numpak iku maeng biasane wes diomongno ambek kernete angkutan umum, koyok nag bis biasane kernete iku mesti ngomong nag medun dikongkon gawe sikil kiwo ben ora kegeret howone bis utowo kesabapan barate bis.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4020", "text": "Pas aku dolan nang daerah perumahan elit nang daerah kota Pahlawan, omahe iku gede-gede pol, ambek koyok istana sig ora karoan apike. Terus model-modele yo apike megialan koyok bangunan wong eropa. Tapi ambek tonggo-tonggone iku kok koyok ora rukun ambek guyub ngunu soale omahe podo pageran gede-gedene pol ambek duwure megilan. Paling yo wedi kemalingan soale nag daerah kono kan terkenal akeh maling ambek wong nyolong mangkane diwei pager sing duwur ambek gedene megilan. Nah urip nang kono antar tonggo siji ambek liyane iku koyok ora kenal ambek ora ngurusi karo tanggane. Nah nag ono opo-opo karo tanggane piye nag ora akrap ngunuku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9607", "text": "Sembayang dadi kewajiban sing kudu dilakokake kanggo kabeh wong Islam. Salah siji kewajiban sing ana ing dina Jumat yaiku sembayang Jumat. Sembayang iki pancen diwajibake kanggo wong lanang tok, nanging kanggo wong wedhok hukume sunnah. Kanggo wong lanang sadurunge sembayang Jumatan, ana pirang-pirang kegiyatan sunnah sing bisa nambah pahala. Kaping siji, sadurunge Jumatan kudu adus sing resik. Kaping loro, sunnah sadurunge Jumatan yaiku ngethok kuku lan brengos. Kaping telu, nggawe klambi sing resik lan nggawe lenga wangi. Iki minangka ngurmati nalika ibadaha karo Gusti nggawe klambi sing resik, lan wangi. Sing terakhir nalika wis ana ing masjid kanggo ngerungakna khutbah, ora oleh ngomong dhewe lan rame. Kudu khusuk kanggo ngerungakna khutbah lan khusuk kanggo sembayange.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "549", "text": "Keris kerep dipandang ora mung sekadar senjata nanging uga pusaka. Keris kerep dikaitke karo perkoro-perkoro sing cerak hubungane karo mistis. Keris uga kerep didadeke cekelan. Ono sing ngaggep neng jero keris kui ono seng nunggoni. Jin sing neng jero keris kui iso jagani utowo maringi sing dhuwe kui rejeki. Nanging, awak dhewe saiki ora perlu meneh perocoyo karo sing koyo ngono. Neng ajaran Islam kui jelas syirik, lan syirik kui dosa gedhe. Sak liyane alasen agama kui, sebagai menungso modern sing berpindidikan, awak dhewe kudune luwih percoyo karo logika timbange sing klenik-klenik. Luwih apik keris kui awak dhewe delok sebagai benda sejarah sing kudu awak dhewe rawat lan jaga.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7377", "text": "Onok salah siji perbuatan zina sing akeh wong gak sadar wes ngelakoni iku, terutama gawe wong wedok. Perbuatan iku maksute nganggo parfum sing wangine sampe semerbak tutuk ndi ae. Padahal, nek onok wong lanang sing sampe isok mambu parfum sing dinggo iku mau, wong wedok iku bakal kenek duso zina. Terus yaopo carane cek tubuhe awak dewe tetep isok wangi? Pertama, adhus nganggo sabun sing wangine awet. Ojok lali sisan nganggo lotion sing wangi sisan nang awak. Terus klambine cek wangi tapi gak sampe semerbak nemen iku dikeki pewangi pas kate dientas. Ojok lali disetriko nganggo penghalus sing onok pewangine. Teko kono, awakmu isok ngerasakno nek awakmu wangi tapi gak sampe sing semerbak dan mancing wong lanang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6624", "text": "Nduwe tangga sing apik kuwi kalebu salah siji rejeki sing kudu disukuri karo wong sing ana ning dunya iki. Tangga sing apik ora mung ngewenehi panganan, nanging uga ngewenehi perlindungan kaya ora berisik lan uga ora nggolek perkara, kaya misal tangga sing seneng mbuwang sampah sembarangan. Tangga sing apik iki kadhang ya ana kurange, nanging tetep wae pengen ngewenehi ketenangan sing ana ning lingkungan. Banjur tangga iki uga bisa ngewenehi rasa aman, kaya misal melu njaga lingkungan lan uga ngelapor yen ana babagan sing marai curiga kaya maling, rampok, lan uga wong asing sing ora dipengeni mlebu omahe awak dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6903", "text": "Arek Suroboyo pasti wes kenal banget ambek pecel semanggi. Salah siji panganan khas kota pahlawan iki sering dadi andalan gawe sarapan. Bentukane meh meh podo ambek pecel sing biasane, bedone iku sayuran sing disajino ambek bahan bumbu pecele. Sesuai jenenge, bahan utama pecel semanggi iku sayur semanggi sing didhang. Biasane ditambahi kecambah sing wes direbus. Nek bumbune iku teko telo, kacang tanah, ambek gulo abang. Cara penyajiane yaiku sayur semanggi ambek kecambah ditoto nang pincuk daun gedhang, terus disiram bumbu nang nduwure. Biasane pecel semanggi iki dipangane karo kerupuk puli. Rasa pecel semanggi iki lebih dominan legine soale bahan utama bumbune teko telo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1722", "text": "Urip karo tonggo-tonggo kui pancen ora gampang. Ketemu wong sing pikirane bedo kui pancen rodo angel gatukene. Opo sing dianggep tonggone ku apik durung tentu apik kanggo awak dhewe lan sak walike. Yen awak dhewe iso gatuke pikirane dhewe lan pikiran tonggo sing liyo kui awak dhewe termasuke tonggo sing apik. Ciri-ciri liyo tonggo sing apik kui mesthi gateke tonggot-tonggone sing lagi keno musibah. Misale ono anggota keluarga tonggone dhewe sing sedo utowo ono sing lagi lara, tonggo sing apik kui bakal niliki neng omahe utowo neng omah sakit. Ciri liyane kui, tonggo sing apik ora bakal nuduh tonggone sing ora-ora, opo meneh yen dheweke ora duwe buktine. Dhewke ora duwe perasangka olo neng wong-wong neng sekitare.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2774", "text": "Aku ambek koncoku sing pas biyen waktu cilik tau diulangi ajaran agama islam sing jenenge sembayang. Lah ajaran iki sampek saiki terus dilakone ambek gak ngiro kelalen soale dilakoni terus. Nag jareku ajaran iku termasuk ajaran sing apik, soale teko gerakan sembayange wae iso dadekno sehat nang awak. Delok keterangan nag merdeka.com yo ngarani nag sembayang yo iso nguwei manfaat sing gedeh kanggo kesehatan salah sijine yoiku iso ngelancarno darah sing milih nag endas, terus yo iso nyehatno sistem pencernaan ambek ginjal,nah ono maneh sing luwih apik yaiku iso ningkatno kecerdasane wong. Dadi manfaate ajaran agama iki ancene kedene pol. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2475", "text": "Saiki sing diarani aktivitas nag waktu luang iku macem-macem, ora preian, ora cangkruan, ora dolanan, ora moco ambek lyan-liyane. Tapi sing jenenge waktu luang saiki yaiku waktu sing kenek gawe nyenengno awak. Lah wujute nyenengno awak iku yo macem-macem salah sijine yo koyok ngelakoni penggawean sing disenengi yaiku nag bocah enom yo mlaku-mlaku nang enggon sing iso digawe seneng-seneng. Sak liyane iku yo ono sing cangkruk ambek konco-konco bagi-bagi pengalaman sing wes dilakoni sak jeki ora kepetok. Mangkane kadang nag kayok kumpul-kumpul utowo dolan gelek diarane dadi penggawean nag waktu luang soale wong-wong utowo bocah-bocah ketok nyantai ora ono beban nag pikirane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6609", "text": "Masak bareng bisa dadi salah siji agenda liburang karo pasangan kanggo ngasah kemampuan lan uga ngelatih kekompakan ning rumah tangga. Masak bareng kuwi dadi acara sing bisa ngeraketake hubungan lan uga ndandani komunikasi sing rusak amarga jare wong liya, pasangan kuwi bisa ditaklukake saka weteng banjur ning atine. Sing dilakoni kuwi bisa saka blanja barengan, banjur nyiyapake kabeh bahan masakan bareng, lan uga masak banjur reresik dilanjut mangan bareng. Kamangka, para pasangan kuwi kudune sering ngelakoni masak bareng ben bisa weruh apa wae selera sing disenengi pasangane lan uga apa wae sing pengen dipangan bareng ben ora ana salah paham.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10129", "text": "Woh ingkang unik wonten Indonesia kathah sanget lan benten-benten wujud keunikan menika. Wonten jinising woh ingkang nalika mateng aromanipun boten eca. Woh menika asmanipun pace. Wonten bahasa Indonesia, sebatanipun mengkudu. Nalika tasih enem, woh pace werninipun ijem, atos, lan boten wonten aromanipun, dene nalika sampun mateng, werninipun dados putih. Pace ingkang sampun mateng teksturipun langkung lembut. Menawi diperes utawi digodhog, pace bakal medalaken aroma ingkang boten eca kados aroma mutahan. Nanging justru aroma kados puniku ingkang damel pace kathah khasiatipun. Kathah pabrik ingkang damel suplemen saking pace kangge tamba penyakit hipertensi, lan nyeri sendi. Ibu hamil langkung sae boten ngonsumsi pace amargi dereng wonten ingkang ngertos efekipun marang kualitas ASI.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9304", "text": "Ngajak wong dolan ana ing wisata alam kuwi langkung prayoga kawit umur bocah. Dolan ana alam kuwi akeh mupangate kanggo bocah, umpamane ngajak dolan bocah ana pantai utawa segara. Ngajak bocah wisata ing alam bisa gawe pikirane rileks. Rileks awit bocah diajak ora mikir bab sekolah lan disumanggakake weruh kahananing alam. Banjur, wisata alam kanggo bocah bisa gawe dheweke sinau sosialisasi. Ketemu karo wong asing lan nglakokake sosialisasi bisa dadi srana pasinaon bab tetepungan tumrap bocah. Saliyane, wisata alam bisa ngrangsang kreativitas, pemecahan masalah, lan ngundhakake rasa ingin tahu. Bocah kuwi dhasare pengin ngerti yen weruh barang anyar. Menawa ing segara dheweke bisa sinau papan ngendi kang aman kanggo dolanan lan ngendi kang ora. Dheweke bisa sinau menawa ana ombak teka kudu diadhepi kanthi cara apa. Mula, ngejak bocah dolan ana alam pancen prayogi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8926", "text": "Salah siji olahraga ekstrem sing akeh digemari karo wong-wong iku panjat tebing. Panjat tebing iku dilakoni dengan cara menek dinding utowo tebing bebatuan atek sudut kemiringan tertentu. Mergo iku, sing kate ngelakoni panjat tebing iku kudu nguasai teknik menek iku mau. Gak isok sembarangan terus asal menek ngono ae, sing onok malah nyusruk nek ngawur. Gawe awakmu sing sek pemula, awakmu kudu melajari teknik iki. Siji, three point contact, yaiku mertahano telung anggota tubuh nempel ndek dinding. Loro, usahakno tangan mesti lurus dan ojok nekuk sikut soale bakal cepet pegel e. Terakhir, ilingo nek menek tebing iku nganggo sikil, guduk tangan. Dadi tumpuan dorongan paling gede iku kudu teko sikil.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4006", "text": "Uripe wong ambek pasangan iku macem-macem, ono sing enak yo ono sing ora enak kabeh iki maeng karek wong sing ngalami urip ambek pasangane maeng. Nah salah sijin cara ben urip ambek pasangan iku tetep enak ambek adem ayem yaiku komunikasine utowo ngomonge iku sing enak ojo sampek ngomonge iku ora enak, terus sak liyane iku sing jenenge wong lanang yo kudu iso ngelakoni tanggung jawabe dadi wong lanang, mari ngunu dadi wong wedok iku yo ojo sampek maneni wong lanang, soale sing jenenge wong wedok iku lahir teko bagian awake wong lanang. Nag ancene ora gelem nurut yo mesti nang dibuak wae golek maneh. Nah dipertahano sing ojo tambah gegeran terus ben dino.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9627", "text": "Kisah utawa crita sing ana ning Alquran iku macem-macem. Saka crita Nabi lan crita liyane. Mia sing dadi guru ana ing SD saben pelajaran mesti ngewiwiti karo nyritani muride babagan kisah Nabi. Iki mana supaya muride bisa ngerti hebate para Nabi lan kuasane Allah. Carane Mia nalika crita uga unik lan apik bisa nggarai muride ora jeleh. Kaping pisan, Mia nggolek crita Nabi sing ora pati dawa. Misal crita Nabi Nuh sing bisa slamet nalika ana banjir bandang. Kaping pindo, Mia uga nggawa alat-alat kanggo ngewangi supaya crita bisa urip kayata gambare kapal sing wis digunting, lan sapanunggale. Sing terakhir, sadurunge crita Mia kudu wes apal critane. Sewengi sadurunge, Mia mesti wes apalan crita sing bakal dicritakke ning muride supaya ora lali.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9741", "text": "Wektu iku Maulana nduweni tugas sekolah ndoleki senjata tradisional tiap-tiap daerah. Deweke milih senjata tradisional teko Jawa Timur, khususe daerah Madura yaiku jenenge celurit. Maulana ndolek informasi dening omahe wong sing bagian ngawe senjata. Maulana ing omahe wong ngawe celurit diterno karo bapake. Ndek kono Maulana lan bapake isok ndelok piye carae ngawe senjata tradisional seng jenenge celurit iku. Sak wise ngerti cara ngawe celurit, Maulana nyobak ngawe nganggo bahan sing ana ing omahe wong sing ngawe celurit kuwi. Maulana seneng mergo dee isok ngawe senjata seng dadi ciri khase masyarakat Madura, senajan deweke ngawe iku kurang apik utawi sempurna, tapi deweke bangga mergo dee isok mempelajari hal iku. Celurit sing digawe Maulana digawa moleh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7766", "text": "Senam akrobatik iku senam estetik sing nampilno pertunjukan sing luar biasa dan kadangan tergolong ekstrem. Senam akrobatik iku biasane ditampilno pas acara seni pertunjukan, acara olahraga, ambek seni bela diri. Mergo senam iki dianggep ekstrem, persiapane sisan iku kudu mateng ben gak terjadi kecelakaan sing gak dipingini. Hal pertama sing kudu dilakoni iku nguasai teknik gerakan dasare. Mulai teko ayunan, putaran, pendaratan, tolakan, ambek statis. Latihan iku mau dilakoni nang panggon sing aman dan dikelilingi. Hal liyane maneh sing penting gawe persiapan senam akrobatik iku kudu nduwe rasa pecaya karo sesame anggotamu dewe. Nek wes percaya, awakmu bakal luwe yakin gawe ngelakoni setiap gerakan iku mau.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8142", "text": "Shopee iki situs elektronik komersial sing nduwe kantor pusat nang Singapura dan diduweni ambek Sea Limited sing didirikno tahun 2009 karo Forrest Li. Shopee pertama kali diluncurno pas tahun 2015 dan mulai memperluas jangkauane nang Malaysia, Thailand, Taiwan, Indonesia, Vietnam, karo Filipina, Shopee dipimpin ambek Chris Feng, mantan karyawan Rocket Internet sing tau mimpin Zalora karo Lazada. Shopee iki tau nerimo penghargaan mergo prestasi sing wes dicapai. Siji, “The Indonesian Netizen Brand Choice Award 2017” sing diadakno karo Warta Ekonomi. Loro, “The Best in Marketing Campaign” sing diadakno karo Majalah Marketing pas September 2017. Telu, “Bright Awards Indonesia 2017” gawe kategori Iklan Paling Berkesan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3289", "text": "Saiki perkembangan teknologi wes megilan timbang tahun-tahun sakdurunge. Nah wingi ono salah sijine prabrik sing pengembangan processor yaiku AMD ngumumno produk anyare sing bakal didol nang indonesia. Produk iki ancene disaranno kanggo pekerja ambek karo siswa utowo mahasiswa sing ora butuh penggawean abot koyok penggawean sing butuh buka aplikasi akeh. Nah Processor sing diumumno iki ancenen kanggo nyukupi kebutuhan sing enteng-enteng ae. Terus salah sijine keunggulan sing garai wong kepingin duwe yoiku batune sing awete megilan yoiku sampek 12 jam. Nah kanggo mahasiswa utowo siswa iki termasuk pilihan sing pas, soale ora diluk-diluk ngecas. Opo maneh durung karoan iso ngecas nang sekolahan utowo kampus.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9606", "text": "Riyaya Idul Adha wis cedhak. Kabeh wong wis padha cepak utawa nyelengi kanggo tuku sapi utawa wedhus kanggo dikurbanke. Kanggo mbeleh sapi utawa wedus ning Idul Adha ora ngawur lan ana tata carane. Kaping siji, kewan sing meh dibeleh kudu kewan sing halal kayata sapi, wedus, kebo, unta. Kewan-kewan iki uga kudu wis pas umure, kudu seger waras, lemu lan ngandung akeh daging, ora oleh njupuk kewan sing meteng, lan ora oleh cacat. Kaping loro, alat kanggo mbeleh kudu landhep supaya ora ngelarani kewane. Kaping telu, kudu dimadhepne ing kiblat. Sing terakhir yaiku maca basmalah lan niat mbeleh amarga Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9235", "text": "Asinan iku panganan sing kecut tur pedhes. Asinan iki digawe saka buah kayata pencit, jambu, nanas, lan diguyang karo dodoh campurane. Senajan kecut lan pedhes, asinan iki cocok dinggo suguhan nalika ana adicara utawa ngelumpuk sak kaluwarga. Yen mangan asinan, aja nganti keakehan. Amarga yen wetenge ora kuwat, bakalan murus lan nggarai mules banget. Yen ora kuwat pedhes, aja njupuk sambel akeh-akeh. Yen wis kadung seneng asinan, bakalan ketagihan terus. Saliyane asinan buah, kadhang ya ana asinan sayur. Rasane luwih sedhep maneh lan bergizi pol. Wong dodol asinan ing Indonesia uga wis akeh banget. Senajan ora ning panggon asale yaiku kutha Bogor, nanging saiki gampang banget golek asinan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3205", "text": "Sakliyane game balapan aku yo seneng ambek game sing jenise strategi. Game iku jarene konco-koncoku ancene apike megilan, soale iso ngulangi sing maen game iso gawe strategi nang uripe, tapi iku kan durung karoan bener. Masio iku durung kebukti tapi game iku ancene butohno strategi sing apik, soale nag ora duwe bakale langsung kalah ambek ajor. Terus game iki yo iso marakno wong sing dolanan iku lali ambek sembarang-barang, aku iso ngarani ngeneki soale aku wes tau ngalami. Pas iki aku maen jam loro awan, tapi saking senenge sampek lali mangan awan terus moro-moro wes atene magrib. Terus dolanan maneh mari isyak terus moro wes jam siji bengi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5491", "text": "Nonton wong tanding olahraga iki pancen paling nyenengake. Apa maneh yen bulu tangkis. Minggu wingi, kanggo mengeti akhir taun, kelurahanku ngadakake tanding bulu tangkis. Sajane pertandingan iki ya ora gedhe, nanging kerasa gayeng amarga ana awa kelucuane. Bedha kaya tandhing bulu tangkis liyane, wong sing main bulu tangkis ning kene kudu nggawe kostum sing lucu-lucu kaya daster, badut, lan liyan-liyane. Hadiah saka lurah uga gedhe amarga ana pabrik sekitar sing melu dadi sponsor. Aku ora melu main, nanging melu nonton lan dodolan es ning bazar. Lomba iki rencanane arep diadakake maneh wulan Agustus taun ngarep wayah perayaan dina kamardhikan Indonesia. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10041", "text": "Saben daerah ning Indonesia mesti nduwe panganan khas sing angel ditemoni ning daerah liyo. Salah sijine panganan khas Yogyakarta yaiku gudeg. Gudeg iku isine cecek utowo nangka nom, ndog godhog bunder, krecek, ayam utowo daging sing digodhog suwe karo godhong jati. Gudeg Yu Djum, dikenal dadi gudeg legendaris Yogyakarta. Akeh wisatawan sing ngujo mangan gudeg Yu Djum saben teka ning Yogyakarta. Gudeg Yu Djum wes ana saking tahun 1951. Warung gudeg iki dirintis karo wong wedok sing jenenge Djuwariyah. Suwe-suwe gudeg Djuwariyah dikenal gudeg Yu Djum. \"Yu\" iku undangane wong-wong sing tuku gudeg nggo wong wedok Jawa, artine \"Mbak Yu\". Djum itu celukan jeneng Djuwariyah. Dadine jeneng Gudeg Yu Djum iku sing terkenal.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3172", "text": "Pas aku mlayu-mlayu nang lapangan kampus moro-moro sikilku kedeklok sampek kaget ambek kemenge ora ukur. Nah kedeklok iku maeng koyok kekilir iku tapi nang daerahku iku diarani kedeklok. Terus aku muleh nang kos ambek deglok-deglok. Kedeklok iku asline kedaden polahe sendi-sendi utowo otot iku breset dadi nag pengen waras kudu dipijetno nag ora iso dadi oboh. Nah pas waktu iku aku duwe konco sing pinter mijite kaget sing polahe kedeklok koyok ngunu. Akhire ambek koncoku sikilku dibedot, tapi laget diurut saitik langsung ora karuan lorone. Mari ngunu aku ora terimo tak betot dewe soale aku yo ngerti. Koncoku sing nyawang ora mentolo akhir digetno ambek koncoku, aku berok-berok ora karuan. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2725", "text": "Salah sijine cerito sing ono nang jeru kitab sucine wong islam yaiku kisah Nabi Lukman sing ngulangi anake ben dadi wong apik. Lah kisah sing koyok ngeneki ancene apike megilan soale langsung dijipet teko cerito sing tau dialami ambek wong sing temasuk dimulyakno ambek pengeran. Cerito sing model koyok ngeneki asline pantes ono nang jeru kitab suci soale iso nguwei contoh ambek pengalaman kanggo wong sing moco terus iso nguwei ilmu yo opo carane ngulangi anak ben dadi wong sing bener urip nang dunyo. Dadi cerito iku maeng kudune iso dadi contoh sing apik kanggo wong-wong sing duwe anak ben ngerti carane didik anak sing bener.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7718", "text": "Awakmu lagi bingung nggolek olahraga sing enteng dan gampang dilakoni nang omah? Lompat tali jawabane. Lompat tali iki wes gampang, enteng, alate murah, dan akeh banget manfaate. Siji, isok njogo stamina. Loro, isok mbakar kalori. Telu, ningkatno kepadatan tulang. Papat, ningkatno koordinasi tubuh. Limo, nyehatno jantung. Enem, ningkatno efisiensi pernapasan. Pitu, ningkatno kecerdasan. Dadi gawe awakmu sing sek bingung kudu ngelakoni olahraga opo, coba lompat talian ae. Wes gampang, murah, dan manfaate sak bajek keret koyok ngono. Wes ngono ringan dan isok dilakoni nang ndi ae, termasuk nang panggon sing sempit koyok kamare awak dewe. Gak usah ditunda maneh, ndang ayo lakoni saiki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9311", "text": "Salah siji program sekolahku yaiku nindakake KKN ing panggon sing nyelempit. Aku nemu panggon apik lan nyelempit ana ing Gresik yaiku Pulau Bawean. Pulau sing ana ing lor kutha Gresik iki pancen rada repot nalika merono. Salah siji carane yaiku nyabrang nganggo kapal. aku lan kanca-kanca KKN-ku padha nyabrang ning Pulau Bawean saka Gresik nganggo kapal feri. Sawise tekan Pulau Bawean aku kaget amarga ndelok pulau iki. Senajan cilik, Pulau Bawean nduweni panggon wisata sing akeh banget kayata Air Terjun Laccar, Pulau Gili Noko, Danau Kastoba, lan liyane. AKu wis cepak kanggo nyobak kabeh wisata alame sing ora kabeh wong bisa ngerti lan nyobak iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3158", "text": "Masio pertandingan olahraga iku apik tapi pemerintah yo kudu ngawasi pertandingan iku koyok contone ngaman-no pertandingane maeng. Asline iku wes ono anjuran teko pemerintah nang petugas mboh iku TNI utowo Polisi kanggo ngamanno pertandingan iku maeng. Opo maneh nang bidang bal-balan soale sing delok iku akehe megilan terus biasane antar penonton sing delok iku mesti ono sing fanatike megilan ambek tim sing dibelo. Terus anjuran kanggo sing delok utowo pendukung tim sing lomba utowo sing bertanding yo wes diwei aturan ben ora kedaden koyok sing ora-ora koyok contone tawuran sing sampek saiki durung iso diatasi ambek panitia sing nyelenggarakno pertandingan bal-balan nang Indonesia iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9243", "text": "Salah siji merk banyu putih sing ana ing Indonesia yaiku Cleo. Rasane banyu cleo rada pait yen ora biasa ngombe banyu iki. Banyu putih iki akeh maceme. Ana sing banyune diwadahi gelas, botol, lan galon. Saiki uga ana celo sing diwadahi botol cilik ukuran 330ml. Cleo botolan iki gampang digawa nandi-nandi amarga wujude sing cilik lan gampang dicekel. Cleo bisa dituku ana ing warung-warung cilik. Cleo botol cilik iki rasane pada wae karo cleo botol gedhe utawa cleo galon. Rasane tetep pait kanggo wong sing durung kebiyasa ngombe iki. Cleo botol cilik bisa digawe kanggo sapa wae sing pengin ngewenehi ngombe kanggo tamu nanging ora gelem repot.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7701", "text": "Mbiyen cilik iku aku sering banget dolanan badminton ambek tonggo-tonggoku. Ben sore, aku mesti diceluk karo tonggoku gawe dolen bareng. Saking senenge karo badminton, aku sampe nduwe patang raket. Padahal gawe arek cilik, nduwe siji ae wes cukup. Tapi nek aku gak cukup. Aku butuh raket akeh cek isok digawe gentian. Terus mergo saking seringe aku dolan badminton, gak jarang sisan senar raket e iku moro pedhot dan marakno aku njupuk raketku sing liyane. Biasane aku dolan badminton iku ket mbari ashar sampe diobraki mamaku gawe moleh. Biasane seh nek kate maghrib iku wes diobraki, tapi kadang isok luwe awal maneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7882", "text": "Jaman saiki, sembarangane iku serba otomatis, salah sijine iku pengharum ruangan otomatis. Pengharum ruangan iki salah siji alat sing isok nyemprotno pengharum ruangan secara otomatis. Cara kerjane iku nganggo fitur timer. Onok sing ben 7 menit pisan, 15 menit pisan, utowo 30 menit pisan. Ukurane yo bedo-bedo, onok sing cilik dan onok sing gede, dan iku isok disesuaino ambek ukuran ruangane sisan. Pengharum ruangan otomatis iki nganggo baterai sing dipasang nang alate dan engkok isok mlaku dewe. Pengharum ruangan otomatis bakal mati nek isi parfum e wes entek utowo bateraine sing wes entek. Pengharum ruangan otomatis iki wes isok dituku nang ndi ae, termasuk Minimarket.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3509", "text": "Sing jenenge wirausaha iku ora kenek dainggep sepele masio iku mok cilik-cilikan polahe dadi pengusaha iku kudu siap sembarang kalir. Terus akeh-akeh wong sing wes sukses oleh dadi wirausaha mesti ngongkon kudu ulet ojo sampek gampang nyerah soale cobaane iku luweh gede timbang liyane. Nah teko sifat sing ora gampang nyerah iku maeng wong sing dadi wirausaha iku maleh tlaten terus akhire gelem ngelakoni opo sing dadi kewajibane nang usahae iku maeng. Terus nag ancene ora sabar mesti bakal dadi perkoro sing ora apik, contone iso ae maleh ora oleh pelanggan mergane kurange kesabaran oleh ngelayani. Terus mesti marakno wong sing mrono ate tuku ora sido mergane ora sreg.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2845", "text": "Nang negoro iki sing duwe pirang-pirang sudu ambek adat budaya, mesti yo duwe pirang-pirang senjata tradisional sing digawe ambek wong duku utowo adat iku gawe berjuang bareng. Jarene gramedia senjata tradisional sing rodok terkenal iku sekitar ono rong poloan menduwur. Salah sijine sing paling gelek dipetuki yaiku senjata tradisional sing di gawe masyarakat suku sunda jaman biyen yaiku Kujang. Tapi yo ono sing ngarani nag senjata iki asline yo teko jawa barat soale akeh wong daerah kono sing duwe ambek gunakno senjata tradisional iki. Lah senajata iku saiki akeh sing goleki soale bentuke iku sing cilik ambek duwe motif sing apik nang gamane iku maeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7883", "text": "Saiki iku jaman serba gampang dan serba otomatis, salah sijine iku coffee maker otomatis. Coffee maker otomatis iku alat sing isok nyeduh espresso dengan otomatis. Gak koyok coffee maker manual, alat sing siji iki gak butuh keahliah khusus gawe nganggone. Istilahe ngono kabeh isok nggawe kopi espresso asal ngerti dan ngetuti panduan teknis sing onok. Mesin kopi iki bakal otomatis dan konsisten ngukur volume banyu panas sing kate dinggo dan bakal nyesuaino secara otomatis tekanane pas banyu ngalir melalui bubuk kopi iku mau. Biasane bentuke mesin kopi manual iki pun luwe cilik dan ringkes timbang mesin kopi manual sing biasa onok nang Kafé.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8900", "text": "Dino iki wayahe Endi gawe melbu sekolah. Bedo koyok sak durunge nang ndi Endi mesti sekolah nang sekolah negeri, pas SMA iki de’e sekolah nang sekolah swasta. Mergo de’e entok beasiswa penuh, makane Endi isok sekolah nang kene. Sing luwe nyenengno maneh, arek-arek e sek tetep gelem ngancani Endi mbasio de’e guduk teko keluarga sogeh. Pas perkenalan sekolah, dijelasno nek onok akeh pol jenis ekskul sing disediakno nang sekolah anyare. Endi iku langsung tertarik gawe melu ekskul memanah. Soale nang sekolahe mbiyen, gak tau onok ekskul iku. Makane pas pendaftaran ekskul e dibuka, Endi cepet-cepet daftar ben isok entok kuota gawe gabung nang kono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "497", "text": "Salah siji bangunan sing penting kanggo umat Islam kui masjid. Masjid kui panggon ibadah kanggo umat muslim lan uga perkoro-perkoro liyane sing ono hubangne karo agama. Yen ora ono masjid neng suatu daerah sing akeh wong sing umat Islame. Nanging yen arep gawa masjid kui ora murah. Ono perkoro-perkoro sing kudu gatek yen awak dhewe arep narik dana kanggo gawe masjid. Pertama, awak dhewe kudu ngerti konsepe masjid sing arep dibangin iki. Opo apike karo masjid-masjid sing liya. Awak dhewe uga nawarke konsep-konsep sing kiro-kiro bakal gawe manfaat karo warga sekitare. Yen awak dhewe wis ngerti, opo sing awak dhewe iso tawarke seko masjid sing arep dibangun iki. Wong-wong sing arep donasi bakal luwih enteng sadaqahe mergo dheweke ngerti piye dadine masjid kui mengko.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2775", "text": "Nag aku biyen ngaji ambek konco-konco ono sing jenenge ajaran agama sing paling tak iling-iling sampek saiki yaiku wudu. Ajaran iki asline ora mog gawe ijuk tok asline. Tapi akeh manfaate kanggo wong sing ngelakoni wudu iku maeng. Jarene guruku sing biyen ngulang wudu, nag wong ate sembayang nang masjid iku kudu wudu disek ben awake resik mboh iku teko reget utowo reget sing ora ketok moto. Lah sing jenege wudu iku ancene duwe arti resik-resik teko hadast cilik utowo gede. Lah teko kono maeng wong sing biasane wudu biasane ketok resik ambek seger, soale wong sing wudu iku ora mok ngeresiki tangan ambek sikil tok tapi mulai tangan sampek sikil iku diresiki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2356", "text": "Bolet (ubi)ancene rasane uenak opo maneh nag sing apik ora ono bongkengi. Mangkane aku seneng karo bolet. Lah yo opo carane masak bolet? Masak bolet iku gampange pol, cukup siapno bolet opo wae jenise, sing penting ora ono bongkenge, mari ngunu, diumbah sing resik sampek ilang endute, terus siapno banyu sak cukupe digawe nggodok. Mari ngunu lebokno bolet sing wes diresiki maeng nang njero banyu sing wes disiapno gawe nggodok. Nag wes sekitar 30 menitan delok'en bolete karo ngencepno sodo nang bolete, nag sundepane isek alot berarti durung mateng, tapi nag sundepane gampang, berarti uwes mateng. Gampang ta masake bolet? mangakane aku seneng karo cemilan iki, soale gawene gampang, bedo maneh karo sing jenenge mbote, masio digodok suwe tetep isek gatel nag ilat. mangkane aku ora seneng karo mbote.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2757", "text": "Nag wong islam mesti ngerti sing jenenge nuzulul Qur'an. Dina nuzulul qur'an termasuk dino sing dimulyakno karo wong islam soale ono peristiwa sing paling penting kanggo wong islam. Peristiwa sing penting maeng yaiku mudune al-qur'an sing dadi kitab sucine wong islam. Nah mudune iku maeng nag tanggal 17 Ramadhan 610 M sing gowo iku Malaikat Jobril sing dituruno nang kanjeng nabi Muhammad S.A.W. nang guwo Hiro. Mankane tanggal iku mesti rame soale akeh wong islam sing podo ngerayakno dino sing paling nyenengno kanggo wong islam. Terus biasane wong islam nag ngerayakno mesti ngadakno acara koyok pengajian utow mangan-mangan bareng ambek tujuane iku digawe ngenang peristiwa maeng. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5543", "text": "Mesin cuci liyane saka SHARP sing paling apik ning taun iki yaiku jenis SHARP ES-FL872. Mesin cuci iki jenis mesin cuci bukaan ngarep lan bentuke klasik kaya mesin cuci jaman biyen nanging mesin lan kegunaane luwih apik. Mesin cuci iki kalebu salah siji produk unggulan SHARP sing nganggo layar LED kanggo ngontrol kerja mesin sing ana ning jerone. Bahan mesin cuci iki luwih kuwat lan bisa nahan kumbahan sing kapasitase luwih gedhe. kanggo ndelok kumbahan, mesin iki dilapisi kaca sing kandel uga ora gampang ninggalake goresan. Mesin cuci iki ora berisik kaya liyane lan nyediakake teknologi anyak sing nyebabake proses ngumbahi kuwi luwih cepet. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2386", "text": "Tibak'e sayuran yo iso digawe jajan salah sijine yaiku olahan sing teko menyok. Olahan teko menyok iku iso dadi pirang pirang werno salah sijine gethok lindri, tepung, gablok, ambek liyane-liyane. Carane gawe gethok teko menyok yo gampang, pertama kudu nyiapno menyoke, terus diresiki, dionceki menyoke sampek ilang kulite, mari ngunu diumbah maneh. Sak marine menyok iku maeng wes resik, lagek di godok karo banyu biasa sampek mateng. Nag wes mateng karek dientas terus ditirisno ben banyune ilang kabeh. Terus nag wes ilang kabeh banyune lagek di cuwili cilik-cilik ambek di campuri gulo, uya, ambek vanili. Terus diurap sampek roto. Mari ngunu, lagek dilebokno gilingane Gethok Lindri. Terus nag wes dadi ojo lali diwei parutan klopo. Nag ono jajan sing teko menyok yo ono jajan sing teko buah yaiku teko gedang sing jenege keripik gedang. Keripik gedang iki gampange pol nggawene karek tlaten opo ora. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "840", "text": "Pas awal-awal mlebu kuliah, aku lagi sadar, jebul ekstrakulikuler, yen neng kampus sebutane UKM, sing ono neng kampus kui jumlahe luwih akeh seko pas aku sekolah wingi. Neng kampusku akeh banget jenis olahraga sing iso dileboni lan jenis-jenis bela dirine ugo akeh. Awale aku pengen milih UKM olahraga siji lan bela diri siji. Sing bela diri aku arep melu judo rencanane. Sing olahraga aku isih bingung. Pas ono koyo pameran UKM, aku golek kira-kira UKM olahraga endi sing cocok karo aku. Akhire, tak putuske milih UKM softball. Nanging pas wis kuliah, ora ono sing tak lakoni loro-lorone. Aku ora sido daftar UKM judo lan aku gur melu latian softball kui peng 5.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "184", "text": "Film Indonesia biyen temane gur mubeng-mubeng seko horor lan cinta-cintaan. Latar panggon film sing ditayangke gur mung sekitar Jakarta lan Pulo Jawa. Sitik banget sing ngangkat soal kedaerahan. Jarene film sing crito soal budaya utowo etnis sing minoritas kui sitik pasare. Padahal, film Indonesia sing ngangkat kedaerahan kui penting banget kanggo nunjuke yen Indonesia kui negoro sing majemuk. Nanging taun 2022, perkoro kui kebukti ora bener. Taun iki sing entuk piala Citra neng kategori film dowo paling apik kui judule Before, Now, and Then (Nana). Film sing disutradarake karo Kamila Andini kui nyeritake soal etnis Sunda lan kabeh dialog sing dienggo nganggo boso Sunda. Sak liyane kui, film Ngeri-Ngeri Sedap garapan Bene Dion Rajaguguk sing nggao latar Batak uga mlebu nominasi sing podo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7861", "text": "Akhir-akhir iki rasane aku lagi sensitif puol. Sitik-sitik rasane pingin marah ae. Dan iku marai aku bingung sisan. Iki gak ndak e seh aku marah marah terus. Akhire tak putusno gawe cerito nang koncoku. Aku cerito ket A sampe Z, lengkap lah pokoke. Koncoku langsung nyimpulno nek aku lagi stres banget mergo kerjaan sing numpuk. Aku rodo gak percoyo soale aku gak ngeroso stres blas. Akhire koncoku ngongkon aku gawe tes stres. Aku bingung, carane yaopo. Moro koncoku masang smartwatch e nang tanganku dan milih aplikas gawe ngukur tingkat stres. Awale aku bingung, ancen isok yo jam ngenean ngukur tingkat stres. Dadakno isok, dan hasile nyudokno nek aku ancen lagi stress puol. Aku rodo melongo sih, iki teknologi tambah suwe tambah maju banget, sampe tingkat stres ae isok diukur nganggo jam tangan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5141", "text": "Gaman liyane sing tak delok ana ning omahe simbahku yaiku tombak. Tombak iki dinggo golek kewan buruan ning alas jaman biyen lan digawa karo pasukan kraton. Nanging saiki, tombak kuwi sing ana mung mata tombak utawa pucuke. Ora kaya keris, tombak iki wes ora utuh amarga digawe saka bahan wesi sing kurang apik lan garapane uga kurang alus kaya garapan empu keris. Nanging ya isih landhep amarga fungsine dudu kanggo pajangan. Jare simbahku, tombak iki fungsine kanggo gaman perang, kamangka ora oleh dinggo dolanan sak penake dhewe amarga isih bisa nggawe tatu ning tangan utawa sikil. Amarga kuwi, simbahku nyimpen pusaka iki ngati-ati. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2460", "text": "Tahun wingi aku ambek koncoku dolan bareng-bareng nang pantai sing ono nang trenggelek. Pantai'ne uwapik, terus nak kono yo rame, tapi ora nemen. Masio rame ngunu panggonane tetep kejogo kebersihane. Ora ono sampah sing pateng kemleler nag pantai-ne. Terus nag kono aku karo bocah-bocah dolanan pasir, ambek abus banyune pantai, terus goleh watu sing apik-apik sing sekirane iso digeleh nak akuarium. Mari ngunu aku ambek konco-konco foto-foto bareng ambek pirang-pirang gaya sampek pegel, sampek isen, polahe diwasi uwong ora entek-entek fotone. Akhire wes pegel foto, terus mangan bareng nag pinggir pantai iku maneg ambek delok gedene ombak sing pateng gembrujuk. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5420", "text": "Aku duwe kanca kerja jenenge Angga. Angga iki salah siji anggota marching band ning kampusku. Dekne iki bocahe lincah lan lucu senajan awake rada lemu. Dekne seneng banget ngejak aku lunga marang omahe. Jebul Angga iki adhine salah siji pemain basket kondhang yaiku Andakara Prastawa utawa Pras. Pas tak goleki ning internet, bapak uga ibune Angga iki uga pelatih basket jaman biyen lan dadi anggota ning timnas. Bakat kuwi nurun marang Pras nanging ora marang Angga. Nanging kepiye wae, aku dadi demen banget nonton Pras wayah tandhing amarga maine apik lan mlayune cepet banget senajan awake paling cilik ning tim. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7082", "text": "Life is Beautiful iku salah siji film teko Korea Selatan sing rilis tahun 2022. Film iki bergenre drama musikal romantis. Sutradara film iki yaiku Choi Kook Hee. Aktor ambek aktris sing dolen ndek film iki yaiku Yum Jung Ah, Ryu Seung Ryong, Park Se Wan, Ong Seong Woo, Ha Hyun Sang, ambek Kim Da In. Film iki ceritane tentang kisahe Oh Se Yeon, seorang ibu sing diagnose kenek kanker dan wektune ning dunyo garek sitik maneh. Akhire Se Yeon njaluk bojone, Kang Jin Bong, gawe menuhi kabeh permintaane sak durunge de’e gak onok ning dunyo iki. Film iki durasine 2 jam 2 menit.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5077", "text": "Ibadah sing bener kuwi ana aturane miturut alkitab. Kanggo umat Kristiani, ibadah sing bener kuwi yaiku ibadah kanggo cara lungguh sing anteng, ngadeg, nyanyi, utawa ndunga kanggo basa roh. Tangane kudu dilempit lan merem ben bisa nyambung karo Gusti. Nanging cara iki ora tau dilakoni karo Gusti Yesus amarga Gusti Yesus iki yen ndunga ndangak marang langit lan ngalap berkah kanggo awake dhewe uga kanggo wong sing ana ning cedhake. Gusti Yesus uga lungguh simpuh. Nabi-nabi jaman biyen uga ngelakoni cara sing padha, yaiku salah sawijine sujud. Nanging cara iki akeh sing ora padha ngerti amarga tafsir kitab iki uga bedha-bedha ning saban imam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "542", "text": "Senjata tradisonal seko Jawa Barat kui salah sijine kujang. Kujang iki dianggep senjata sing skaral kanggo masyarakat Sunda. Senjata tradisonal sing seko Pasundan iki dadi logo daerah Propinsi Jawa Barat lan uga dadi salah siji tugu neng kota Bogor. Wiwitane, senjata iki salah siji piranthi kanggo wong tani. Nanging, suwe-suwe piranthi iki dadi senjata sing ngelambangke kewibaan kesatria tanah Sunda. Desain bentuk kujang kui maksude koyo pulau Jawa. Desain kui digawe raja seko ilam sing teko neng mimpine. Kujang uga telung lubang neng sisih penggire. Lobang kui ngelmbangke simbo Trimurti dewa Hindu, yaiku Dewa Brahma, Dewa Wisnu, lan Dewa Siwa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6966", "text": "Ndek setiap restoran, pasti onok sing jenenge pelayan. Tugase yo mulai melayani pelanggan sampe resik-resik area restoran. Awak dewe sebagai pelanggan sak isoke melu meringankan beban kerja pelayan sing kudu ngelayani pelanggan sing sak bajek keret, opo maneh nek restorane lagi rame. Onok cara sing paling gampang tapi membantu pelayan restoran banget. Carane iku tumpuk kabeh bekas piring sing mbari digawe mangan dadi siji, terus didekek nang tengah meja. Dijamin, pelayan bakal berterima kasih banget ambek awak dewe karena wes direwangi. Nek restorane nduwe sistem self-service, berarti awakmu kudu beresno wadah sing mari digawe mangan dan diguwak dewe nang tempat sing wes disediakno, ojok dijarno keleleran nang tengah mejo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7410", "text": "Pas aku nang Pontianak, aku sak keluarga dijaki nang Rumah Panjang. Pas aku dikeki eroh, pertamane aku bingung soale gak eroh opo iku Rumah Panjang. Pas disudokno fotone, dadakno iku rumah adat sing onok nang Pontianak, lebih tepate rumah adat khas Kalimantan Barat. Pas merono, aku gak nyongko nek omahe iku bakal guede banget. Pas nang foto ketoke koyok cilik, dadakno 3 kali luwe gede timbang sing tak bayangno. Berhubung bagian njerune omah iku lagi kuncian, aku mek keliling nang sekitarane omah iku tok. Teko duwur omah iku, aku isok ndelok seluruh pemandangan kota Pontianak sing gak sepiro rame iku. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5804", "text": "Ning sosial media, lagi akeh rame kasus sing ngelibatake wong sing nduweni usaha nanging ngadakake magang sing ora manusiawi kanggo para mahasiswa. Magang iki jaer bisa mateni amarga target kerja sing ora sesuai lan jarene keakehan kanggo ukuran bocah magang. Pas ditelusuri, jebul CEO saka usaha iki mahasiswa sing abal-abal amarga kepangan omongan yen kabeh wong bisa dadi pengusaha. Nanging kenyataane kuwi ora bener amarga pengusaha kuwi butuh sinau lan kudu paham piye carane ngolah rasa lan ragene menungsa ning panggon kerja. Magang iki ora dibayar, nanging perusahaan uga ora oleh semena-mena marang pegawaine lan ora mikirake ilmu sing trep kanggo ngolah perusahaan. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6369", "text": "Stres nggolek gawean kuwi mesti dialami wong ning taum 2023 amarga akeh krisis gedhe lan uga ora ana penghasilan sing mumpuni. Akeh masyarakat prasejahtera sing mutusake kanggo dadi pengangguran amarga angel golek lapangan penggawean. Apa sing didelok iki uga bisa dadi rujukan kondisi menungsa ning taun-taun selanjute lan bisa micu stres sing luwih gedhe. Akeh rumah sakit jiwa sing mulai mbuka praktik berobat jalan, nanging kabeh sarane ya mung njaga kondisi fisik lan tetep nggolek hiburan kaya nonton, akeh ngobrol, lan sak panunggale. Kamangka, awak dewe kudu siap ngadepi krisis iki lan dadi wong sing tangguh ben ora gampang kena stres. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "80", "text": "Bakdo taun wingi, aku neng omahe eyangku. Eyang sing iki adi saking eyang putri saking bapak kulo. Griyo piyambakipun wonten ing daerah Wijilan cerak Alun-alun Lor kota Yogyakarta. 2 taun kepungkur, aku ora sempet nyambangi mbah Wijilan kui, amargi tesih pandemi. Dados taun wingi, ibu kulo lan kulo nyempetke ning griyanipun simbah. Sak durunge mangkat, aku arep mampir disik ning Ayam Goreng Bu Tini kanggo tuku oleh-oleh. Nanging tokone tutup, dadi oleh-oleh kagem simbah diganti karo buah-buahan. Bejone, neng jejere rumah makan ayam goreng kui ono toko buah. Ibuku tuku jeruk, apel, lan anggir. Masing-masing buahe kui tuku 1 kg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8117", "text": "WFH alias kerjo teko omah iku ancen marakno kerjaan luwe efektif gawe pirang uwong. Tapi, onok sisan uwong sing ngeroso gak nyaman ngelakoni kerjo nang omah. Tapi gak usah kuatir, onok limang cara ben awakmu tetep nyaman kerjo nang omah. Siji, atur jadwal koyok biasa. Misale koyok tangi isuk koyok biasa ambek siap siap kerjo koyok biasa. Loro, gawe kopi ambek mangan awan nang omah. Tujuane iku ben madakno kegiatan sing dilakoni pas kerjo nang Kantor. Telu, tuku mejo khusus sing nyaman gawe kerjo ben kerjomu iku luwe efektif sisan. Papat, pisahno antara ruang kerjo ambek ruang santai. Tujuane ben awakmu gak gampang males malesan dan tetep ngelakoni tanggung jawab sebagai karyawan. Terkahir, olahhraga dan gerakno awak. WFH iku biasane wektune luwe efektif. Awakmu isok nyelingi kerjo karo olahraga ringan ben pikiranmu luwe seger sisan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7306", "text": "Ibadah sing paling utama gawe wong islam iku sholat. Sholat iku disebut dadi pondasine agama. Wong iku didelok apik gak e teko sholate iku mau. Nek semisal sholatmu gak apik, uripmu melu gak apik pisan. Opo maneh, pas engkok nang dino pembalasan, amalan sing ditakoni paling pertama iku yaopo sholatmu. Sholatmu gak karuan, sing liyane melu gak karuan. Dadi gawe awakmu sing sek males sholat, ayo mulai dirutini sholat limang wektu. Onok cara cek isok rutin sholat limang wektu. Siji tok, niatno nang njero atimu nek awakmu iku butuh Allah. Nek awakmu butuh Allah, awakmu yo butuh sholat sisan. Mulai teko kono, awakmu mulai sholat nang salah siji wektu disik, terus ditambah nang wektu liyane sampe isok rutin limo limone. Ojok lali sisan dungo gawe digampangno sholat rutin nang gusti Allah SWT.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9760", "text": "Amarga cidhek marang acara 17 agustusan, ing desa daerah omahe Andiko ngadakake lomba kesenian daerah. Ana lomba nyanyi lagu daerah, lomba angklung, lan sapanunggalane. Salah sawijining lomba sing dimelui kaliyan Andiko lan kanca-kancane yaiku lomba angklung. Saben kelompok kasusun marang 7 anggota. Akhire Andiko lan kanca-kancane latihan gawe nyiapake lomba kasebut. Dheweke latihan saben dina nganti kompak. Akhire ing tanggal 17 Agustus, dheweke tampil. Dheweke podo nderedek kabeh, nanging kudu tetep semangat. Pas wayah diceluk, dheweke ndungo bareng-bareng sakdurunge munggah ing panggung. Sawise ndungo dheweke langsung munggah ing panggung. Andiko lan kanca-kancane ngunekake angklung kompak banget. Sawise tampil, dheweke lego sanget. Saking kompake, ing wayah wara-wara, Andiko lan kanca-kancane entok juara 1.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "94", "text": "Saiki mangan iwak iso luwih gampang. Biyen wong-wong sing tinggal neng daerah pegunungan utowo daerah terpencil sing adoh seko laut kui angel banget. Soale biyen durung ono teknologi transportasi sing cepet gowo barang lan durung ono cara nyimpen pangan ben luwih awet. Saiki ditambah teknologi pengemasan sing wis canggih. Saiki iwak seko laut iso disimpen neng kemasan cilik lan didistribusike neng endi wae. Iwak kui disimpen neng wadah kaleng sing iso awet luwih seko setaun. Jenis iwak sing biasane dikemas nganggo kaleng cilik kui biasane iwak sarden lan makarel. Mergo ono teknologi iki, kabeh wong iso mangan iwak laut termasuk wong sing tinggale adoh seko pantai.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "929", "text": "Laptop saiki wis dadi pilihan tepat jaman saiki timbangane komputer. Soale, wong saiki luwih okeh lungone tembangane neng sak panggon, koyo kantor utowo omah. Arep jenis laptop sing opo wae, laptop kui digawe ben iso gampang digowo neng endi-endi. Mungkin, ono sing mikir yen gaweane digarap seko omah luwih penak nganggo komputer. Nanging, pas awak dhewe kerjo seko omah kui, awak dhewe ora mungkin mung neng omah wae. Mesthi ono wektu, awak dhewe kumpul karo bos karo konco-konco kerjone dhewe kanggo rapat utowo bahas projek opo piye. Yen awak dhewe ora nganggo laptop, awak dhewe bakal kangelan pas neng wektu-wektu koyo ngono.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7386", "text": "Salah siji rukun Islam sing kudu dilakoni karo seluruh umat Muslim yaiku zakat. Zakat sing kudu dilakoni pas wulan Ramadhan iku jenenge Zakat Fitrah. Zakat fitrah iku zakat sing wajib ditokno umat islam, bah lanang bah wedok, bah arek cilik bah wong gede, ambek bah tuwek bah enom. Zakat iki dilakoni ket awal wulan Ramadhan sampe menjelang Idul Fitri. Biasane barang sing digawe bayar Zakat Fitrah iku beras ukuran 2,5 kg. Bayar fitrah iki onok tata carane. Pertama, niat disik. Mbari ngono, beras iku mau dikekno langsung nang wong sing berhak utowo diserahno nang panitia Masjid utowo Mushola. Terus dikeknoe kudu tepat waktu, batese iku sampe isuk sak wise sholat Ied.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9336", "text": "Turu ing hotel saiki gampang banget. Ora perlu mara sik ning panggone kanggo pesen kamar. Ana website lan aplikasi sing bisa digawe kanggo pesen kamar hotel senajan kene ana ing omah. Kaping pisan, golek jenenge hotel utawa daerah sing meh dinggo nginep. Kaping pindho, yen wis nemu hotel sing dirasa pas langsung dipilih pesen hotel. Kaping telu, langsung isi data sapa sing mesen kaya jeneng, nomer, email, lan data liyane. Kaping papat, langsung dibayar. Pembayarane iki macem-macem jenise ana sing bisa transfer lan ana sing bisa bayar ning hotel langsung. Yen wis bayar, voucher hotel bakal dikirim ana ing email.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "155", "text": "Liburan ojo didelok sebagai kegiatan sing guwak-guwak duwit. Liburan iso didelok sebagai inventasi neng awake dhewe. Liburan kui mesthi butuhke biaya, secerak opo wae lokasine. Nanging duwit kui ora sepiro dibandingke opo sing iso awak dhewe bakal entoke. Awak dhewe iso entuk pengalaman sing ora iso dinilai seko materi. Pas awak dhewe plesiran neng daerah sing asing banget, awak dhewe mulai ngeroso bedo karo wong setempat. Awak dhewe dadi iso ngebandingke, ngopo wong neng kene koyo ngene lan awak dhewe koyo ngono. Seko refleksi kui, awak dhewe dadi luwih iso ngenal sopo awak dhewe sing sebenere. Lan seko nyinauni tabiate wong seko daerah liyo, awak dhewe iso numbuhke empati.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5520", "text": "Adi bar tuku laptop anyar amarga laptope wis rusak lan nganggu kerjoan. Senajan garapane ora ana hubungane karo desain lan video, Adi tetep wae ngerasa repot yen nganggo laptop sing jenise biyasa amarga dekne sering kerja suwe banget lan sering ngerasa ora nyaman. Laptop lawase Adi wis mulai lemot wiwit nggarap skripsi amarga dinggo terus-terusan. Banjur saiki Adi tuku laptop anyar sing tipene luwih apik lan kemampuane luwih akeh sing bisa dimanfaatke. Adi wis suwe nyelengi kanggo tuku laptop iki lan Adi ora bisa nyaman yen arep nyilih kantor sing terbatas. Untunge saiki dekne wis duwe laptop dewe lan bisa luwih bebas nggarap gawean. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9263", "text": "Wong dodol panganan utawa katering saiki dadi bisnis sing njanjekke. Katering iki dadi salah siji bisnis kanggo nyepakake panganan lan ombean kanggo acara gedhe kayata kanggo hajatan, sunatan, rapat gedje, lan acara liyane. Adi dadi salah siji wong sing akhire ngelaksanakake bisnis iki karo kulawargane. Seminggu pisan, Adi oleh pesenan katering ing macem-macem panggon. Kayata hajatan, rapat, kanggo mangane pegawai kantor, lan liyane. Adi diewangi 10 pegawaine saben dina masak kurang luwih 100 porsi panganan kanggo diterna ing wong sing pesen. Ana sing masak sayure, ana sing masak lawuhe, ana sing masak jajane lan ana sing ngeracik ngombene. Liyane bakal ngewangi kanggo mbungkusi ing kotak menawa ana sing pesen kanggo sega kothak. Ora mung enak, panganan sing dimasak karo Adi kudu duweni gizi sing akeh lan ora ngundang penyakit liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5486", "text": "Yen nggoleki manfaat olahraga kanggo awak kuwi pancen ora ana enteke amarga saban olahraga kuwi nduweni manfaat sing bedha. Manfaat sing diwenehake iki bisa dadi salah siji semangat ben tetep sregep olahraga, utamane kanggo anak sing ana ning masa pertumbuhan. Olahraga basket iki nduwe manfaat kang akeh sing bisa marai postur awak dadi apik. Nanging, kanggo marai kuwi tetep maksimal, ana sing perlu dilakoni, yaiku pas pemanasan lan peregangan, awak lan sikil kudu maksimal ben peredaran darah dadi lancar. Banjur sinau teknik lan ora gampang nyerah ben awak kuwi ya bisa amarga kebiasa dilatih. Sing paling penting yaiku gizi lan istirahat sing cukup. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2323", "text": "Pas aku cilik, panganan sing paling tak senengi yaiku Getok Lindri, panganan sing teko menyok (menyok podo karo singkong) sing diwei jingo warna-warni, terus bentuk'e, koyok emi tapi kotake luweh cilik. Rasane uenake pol opomaneh ditambai karo parutan klopo. Nag bocah saiki paling yo ora ngerti opo panganan getok lindri iku. Nah carane gawe yo gampang, bahan-bahane yo ora angel yaiku menyok sing wes dioceki ambek ditugel-tugel, gulo putih, uya, vanili, parutan kelopo sing digawe muwuri nag wes getuke kebentuk. Nag bahan-bahan iku maeng wes siap, menyoke diratakno ambek gulo, uya karo vanili. Nag wes roto karek digiling karo gilingane getok. Nag wes kebentuk lagek diwuwuri karo parutan kelopo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3160", "text": "Biyen pas aku isek kerjo nang Kota Pahlawan, koncoku ngejak dolanan ambek sky dyving nag Kota Apel. Tapi polahe aku ora duwe duwek akire yo ora budal. Nah olah raga iki termasuk olah raga sing paling serem ambek ora karuan soale iku nyicir teko duwur pesawat ambek gowo parasut sing engko digawe nyelametno wong sing olah raga maeng ambek digawe mudune. Iku munu ora murah soale nak pisan tok ae biayae luwong larange. Opo maneh nag bolak bailk yo tambah larang. Sing garai larang iku asline standar keselamatane ambek peratan keselamatane sing ancene digawe soale iku taruhane nyowo. Nag salah saitik utowo alate moro-moro ora fungsi yo tahlilan bareng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "956", "text": "Yen kanggo wong sing seneng foto kui, panggon umum iso dadi salah siji panggon favorit kanggo awak dhewe jupuk-jupuk foto. Akeh objek-objek sing menarik, mbuh kui wong, gedung, utowo sing liya-liyane. Nanging, awak dhewe kudu sadar yen ora kabeh wong kui gelem dijipuk gambare. Dadi sakdurunge awak dhewe jipuk foto neng panggon umum, awak dhewe kudu gateke beberapa perkoro. Sing kesiji, awak dhewe kudu delok-delok panggon umum kui pancen entuk dijupuk gambare opo ora. Soale, ono beberapa panggon umum sing duwe aturan koyo ngono. Sing keloro, awak dhewe pas arep moto uwong kui jaluk ijin disi supoyo dheweke ora nesu. Yen awak dhewe golek momen sing opo onone dadine awak dhewe motret disik, awak dhewe takoni kui masalah opo ora.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6607", "text": "Hubungan marang keluarga kuwi bisa dadi salah siji cara kanggo ndelok kepiye sifat pasangan sing dikarepake. Yen kenal keluargane kanthi apik, awak dhewe uga kudune ngerti kepiye dekne ngabekti marang ibu lan ramane. Sifat iki bisa didelok saka carane ngomong lan uga kepiye ngutamakake keluargane. Kadhang ana wong sing ora gelem yen disingkirake saka prioritas amarga bojone luwih eman karo keluarga kandung, nanging kabeh kuwi salah. Kudune yen tambah eman kuwi ya tambah apik kanggo kriteria anyar. Banjur awak dhewe kudu ngerti kepiye carane pasangan ngatur kebutuhan pribadi, pasangan, lan uga kanggo keluarga ben mengko ora dadi masalah sing gedhe. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7412", "text": "Honai iku salah siji rumah adate Papua. Tapi unike, gak kabeh daerah nang Papua onok omah iki. Honai iki mek isok ditemoni nang suku Dani, tepate nang lembah Baliem, kabupaten Jayawijaya, Papua. Honai iku sebutan gawe rumah adat sing dinggoni wong lanang. Nek gawe wedok, jenenge iku Ebe’ai. Omah iki nduwe ciri khas e, yaiku bentuk dasare bunder ambek rangka kayu terus atape bentuk kerucut sing terbuat teko jerami. Duwur omah iki mek 2,5 meter. Kabeh bahan omah iki iku terbuat teko kayu ambek jerami utowo ilalang. Honai gak nduwe jendelo dan mek onok siji pintu. Siji omah Honai onok rong lantai sing fungsine bedo-bedo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8655", "text": "Mitigasi bencana iku dilakoni sak durunge kedaden onok bencana alam utowo bencana liyane. Tujuan mitigasi iku salah sijine gawe ngurangi dampak sing bakal ditimbulno, terutama gawe penduduk sekitar kono. Salah siji cara gawe ngelakoni mitigasi bencana iku nganggo robot mitigasi. Jenis robot mitigasi bencana iku mulai teko robot pencegah kebakaran, robot pendeteksi tsunami, ambek robot patrol utowo pemantau omah ambek gedung. Keberadaan robot mitigasi bencana iku bener-bener ngemudahno tugase menungso pol. Soale robot iku mau isok ndeteksi gejala-gejala bencana sing kate kedaden terus bakal ngirimno sinyal nang sistem sing dicekel menungso dan ngekeki informasi nek bakal kate onok bencana iki. Temenan sih, robot mitigasi iki bermanfaat pol.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5013", "text": "Salah siji tokoh agama wedhok sing akeh dadi idola amarga kawicaksanaane yaiku Maria Teresa Bojaxhiu utawa sing luwih dikenal karo Bunda Teresa utawa Mother Teresa. Bunda Teresa iki salah siji biarawati lan misionaris saka Kalkuta, nanging isih keturunan Roma. Bunda Teresa iki dihormati karo umat Katolik lan dikanonisasi, kamangka jenengke dadi Santa Teresa. Ing taun 1950, Bunda Teresa nggawe organisasi Misionaris Cinta Kasih ning Kalkuta nan ngabdi marang wong kang lara, wong mlarat, yatim piatu, kanthi 47 taun. Ing taun 1970, gerakan kemanusiaan iki tambah gedhe lan kondhang amarga kegiatan kemanusiaan sing dilakoni. Sak wise Bunda Teresa seda, gereja Katolik ngewenehi gelar tambahan yaiku Beata utawa sing diberkati.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6675", "text": "Nduwe tanduran ning kamar kuwi mbutuhake usaha sing luwih angel tinimbang wong sing nandur ning jaba. Perawatan tanduran sing ana ning jero kamar iki luwih angel amarga rawan bosok amarga ora kena srengenge. Tanduran ning jero kamar, utamane kamar sing cilik kuwi bisa marai rugi yen ora ana ventilasi amarga bakale rebutan oksigen karo wong sing urip ning kamar kuwi. Tanduran sing ana ning kamar iki uga rawan mati amarga ora oleh nutrisi sing cukup kajaba tanduran iki jenis tanduran sing kudune ana ning jero ruangan kaya gelomban cinta, anthurium lan uga sirih gading. Becik nandur tanduran banyu sing ana ning jero akuarium.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7425", "text": "Es Lilin iki salah siji lagu daerah sing asale teko Jawa barat. Lagu iki ceritane guduk nyeritakno tentang kuliner es lilin, tapi tentang wong wedok sing gelisah mergo dicedeki ambek wong lanang. Pesan teko lagu iki iku kabeh wedok kudu ati-ati nek milih pasangan urip. Lagu sing siji iki dinilai menipu banget. Yaopo gak, lagu iki mesti dinyanyikno dengan irama ambek cara nyanyi sing ceria. Wong sing sekilas ngeruknokno pasti bakal ngiro iku lagu sing ngutarakno kebahagiaan. Tapi nek didelok arti lagune, dadakno iki lagu cukup sedih, berbanding terbalik ambek iramane. Iku opo’o lagu iki dianggap menipu gawe beberapa uwong.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "168", "text": "Wektu preinan kui, kerep dimanfaatke bocah-bocah kanggo dolan karo koncone. Timbangane anak ngeguak wektu sio-sio, mending anak-anak kui diajak neng panggon liburan sing ono edukasine. Masa kanak-kanak kui kudu dimaksimalke. Pas isih cilik kui, anak iso ngembangke potensial seko jero awake. Dadi selama isih masa perkembangan kui, anak-anak kudu diwehi stimulus sing iso ngemaksimalke potensiale. Taman Pintar iso dadi alternatif panggon liburan sing ora mung seru nanging uga mengedukasi. Neng Taman Pintar ono panggon dolanan sing iso ngekei stimulasi motorik kasar anak. Neng kono uga akeh wahana sing iso ngejembarke wawasan anak babagan ilmu pengetahuan alam. Taman Pintar kui uga duwe planetarium kanggo memfasilitasi anak-anak sing pengen ngerti babagan luar angkasa.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6651", "text": "Saban taun, ning pesantrene adhiku, mesti ana bimbingan kanggo nyiyapake kondisi benca alam. Lokasi pesantren sing ana ning cedhak daerah banjir marai adhiku kuwi kudu kuwih waspada amarga bencana kuwi bisa sewayah-wayah teka lan uga bisa marai rugi material lan uga marai penyakit. Senajan wis dibangun bendungan, nanging para pengurus pesantren kuwi isih kuatir amarga udan ora bisa diprediksi. Para santri nduwe kewajiban bisa renang lan uga kudu bisa nyelametake barang-barange dhewe. kegiyatan iki mesti ana setaun sepisan. Sak liyane banjir, santri uga diajari carane antisipasi bencana liyane kaya kebakaran, gempa bumi, lan uga angin puting beliung ben tetep selamet. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2791", "text": "Pas dolan nang daerah bunder gresik ono sing jenenge panggonan ibadae wong islam sing gayae koyok gaya-gaya andalusia. Panggonan iku pas pinggire terminal bunder. Pas aku dolan mrono iku rodok bengi sekitar mari magrib soale teko suraboyo terus mampir mrono sisan soale pegel. Mari ngunu sing jenenge masjid KH.Ahmad Dahlan maeng iku fasilitasi gawe pengunjung utowo sing ibadah mrono maeng lengkap, dadi wong sing pengen ibadah nang kono mesti seneng soale kondisine bersih, terus ono AC-ne, mari ngunu ono panggonan santaine. Sak liyane iku bentuk bagunane iku garae moto maleh seger soale modele iku koyok timur tengahan ambek ono wit sing koyok model wit kormo ngunu, mboh iku kurmo temen mboh ora yo ora ngerti.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3197", "text": "Nag delok pertandingan sepak bola saiki iku kudu ngerti peraturane soale wes seje ambek biyen sing sak durunge ono covid. Peraturan iku maeng koyok ora oleh gowo bahan, barang utowo benda sing iso garai wong iku cidera nang pingire wong sing delok maeng, terus ono maneh sing ngelarang nag gak oleh ngelakoni penggawean sing bakal ngewoi pertandingan iku maeng. terus yo ora oleh rokokan barang, ambek ora oleh mlebu nang panggonan sing ancene kanggo sing main bal-balan. kudu gowo id card barcode gawe penonton sing nang tribun soale kanggo bukti ben ora oyokan ambek penonton liyane. Nah aturan-aturan iku sing kudune dilakoni ambek wong sing delok bal-balan maeng.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3527", "text": "Dodolan teko omah saiki wes mulai akeh, mboh iku jajanan, pulsa, ambek liyan-liyane. Nag daerah sing tak kosi iki akeh wong sing ngomah nang kono iku buka warung cilik-cilikan kanggo mangane mahasiswa. Nah gawe warung cilik-cilikan nang omahe dewe ancene ora sepiro gede modale polahe omahe utowo panggonan dodolane maeng wes ora atek nyewo akhire iso ngadol rodok morah, mangkane saiki akeh wong sing gelem manfaatno omahe dewe kanggo dodolan soale yo iku maeng, sak liyane iso nambahi pemasukan sing ono terus sakben dinone, tapi ora ngetokno duwek kanggo nyewo panggonan gawe dodol maeng. Terus sak liyane iku dodolan iku maeng yo enak ora kudu nunggoki terus soale kenek digawe nyendak liyane. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5056", "text": "Ana bedha antarane Idul Fitri lan Idul Adha babagan aturan mangan. Aturan iki uga ana kaitane karo wulan ramadhan lan dzulhijah uga aturan poso sunnah sak uwise dina riyaya kuwi. Wayah Idul Fitri, sak durunge sholat, umat islam oleh mangan amarga wis dianggep rampung poso lan ora perlu poso maneh. Hukum mangan iki uga sunnah amarga kanggo mengeti dina kemenangan. Nanging, sesuke umat muslim wis oleh poso syawal. Bedhane karo Idul Adha, wayah Idul Adha iki umat muslim sunnahe sak durunge sholat Id kudu nahan ora mangan dhisik. nanging 3 dino sak uwise kuwi, umat muslin ora oleh poso. Telung dina iki diarani dia tasyrik. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7067", "text": "Liburan semester mesti dadi wektu sing pas gawe ngumpul ambek dulur-dulur sing omahe adoh. Biasahe podo seneng ngumpul dadi siji nang omahe simbah. Onok akeh banget kegiatan sing isok dilakoni bareng-bareng. Salah sijine dolan permainan karet. Tapi sakdurunge dolan, kudu ngepang karete disik sampe dadi tali sing dowo. Nang kene bakal dijelasno cara ngepang karet dadi tali dowo. Pertama, jupuk 2 karet. Terus karet kedua dideleh ndek tengahe karet pertama. Mbari ngono tarik sisi kiwo karet kedua nang njero karet pertama sampe ketemu ambek sisi tengene karet kedua. Wes ngono, awakmu garek nglebokno karet ketiga ndek tengahe karet kedua sampe seteruse. Nek wes cukup, baru diiket cek gak ucul. Tali teko karet siap digawe dolan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2762", "text": "Kitab suci agama nang negoro iki utowo negoro liyane nacene bedo-bedo soale angger negoro yo duwe pirang-pirang agama sing kudu dijogo kanggo jogo kerukunan masyarakat nang negoro iku maeng. Lah sing diarani kitab suci agama yaiku buku sing ngajarno ajaran agama iku awit teko urip sing bener iku koyok opo sampek golek erejeki sing bener barang koyok opo iku yo nang jero kitab iku. Lah kabeh kitab suci iku mesti noto uripe wong sing ngelakoni agama iku maneg mangkane nag jero agama totonan urip sing bener iku mesti diulangno ben ora podo kewohan urip utowo kesasar nang jero uripe. Dadi wong sing duwe agama mesti uripe akeh-akeh ora usah utowo ownge ora otos atine.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "406", "text": "Sak durunge salat utowo ngelakoni perkoro-perkoro ibadah liyane, koyo moco Alquran kui, awak dhewe kudu wudu disik. Wudhu kui tujuane gawe awak dadi suci. Syarate wudu kui, kudu ono banyu ngalir sing cukup. Carane jupu wudu kui, wiwitane awak dhewe kudune maca niat sih. Banjur awak dhewe ngeabus tangan disik. Sing keloro, awak dhewe kudu kumur-kumur. Sing ketelu, ngerisiki lobang irung. Sing ketelu, basih kabeh permukaan kulit neng rai. Sing kepapat, ngebasus pergelangan tangan tekan siku, sing tengen lan kiwo. Ketelu, basuh permukaan kuli kepala sing dilanjutke neng kuping. Bar kui, ngebasuh sikil, seko ujung driji tekan mata kaki, loro-lorone. Kabeh gerakan kui dibasih secukupe, paling akeh 3 kali.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "932", "text": "Pas cilik disik aku isih tinggal neng Bogor. Pas wayah preinan, sok-sok aku dolan neng omahe simbahku. Omahe simbah kui omah sing disik dipanggoni ibuku dhewekan pas kuliah. Neng omah simbah kui ono rong TV. Siji TV diseleh neng ruang tamu lan sijine meneh ono neng kamar. TV sing ning ruang tamu kui jenise isih TV sing biyen TV tabung. TV kui ukuran 21 inci. TV kui biasalah, wis apik pas neng jamane. Nah, sing unik kui TV sing neng kamar. Soale, kui TV sing dienggo ibuke disik pas isih kuliah. TVne kui jenis TV tabung sing ukuran 14 inci, malah luwih cilik. Wernone ireng. Mergo wis lawas banget, TVne kui kudu dienteni panas disik lagi gambare muncul kabeh. Pas lagi awal diurupke kui, mung ketok garis tipis neng tengah siji, nanging tetep ono swarane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7065", "text": "Reuni karo konco pas jaman sekolah iku dadi momen paling menyenangkan gawe beberapa uwong. Sing paling berkesan iku biasane nek wes reunian ambek konco kuliah. Hal iku mergo masa kuliah iku masa transisi tumbuh dan berkembang ngadepi dunyo dewasa sing pelik banget. Dan masa-masa iku dilalui awak dewe bareng konco pas jaman kuliah. Dadi rasane ben ketemu konco kuliah iku seneng banget dan berkesan banget. Wes ngono, konco kuliah iku sing paling eroh ambek kemampuan dan ketertarikan e awak dewe. Kadang mereka yo nawari lowongan pekerjaan sing cocok gawe awak dewe sing durung entuk kerjaan. Dadi reunian ambek konco kuliah iku isok sekalian gawe ngejalin relasi sing luwe luas maneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10118", "text": "Tempayan inggih punika piranti ingkang saged dipunpanggihi wonten pawon tradisional. Bentukipun kados kendi saking lempung utawi watu. Bagian inggilipun amba kangge nglebetaken beras utawi toya. Tempayan ugi saged dados wadah kangge daharan ingkang difermentasi kados alkohol. Jaman biyen, tempayan diangge wadah nyimpen barang-barang ingkang reginipun awis. Pinten-pinten tiyang ugi nganggep tempayan kados barang pusaka ingkang kedah dipunjagi. Ukuranipun benten-benten kados wadah kangge nyimpen toya sakmenika. Tiyang Indonesia gadhah sebutan ingkang benten-benten kangge tempayan wonten saben daerah. Menawi pengen nyajekaken toya wonten meja, wadahipun boten ngangge tempayan, nanging ngangge kendi toya. Kendi toya menika bentukipun ramping, bagian kangge mendal toyanipun alit dados katon sae menawi dipunangge.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5529", "text": "Barang elektronik sing kudune dikenalke wiwit cilik ning jaman saiki yaiku laptop. Akeh banget bocah cilik sing mulai dikenalake karo teknologi. Miturut informasi, ning Singapur wis akeh siswa SD sing diajari babagan koding lan nggawe program komputer sing migunani kanggo urip saban dinane. Nanging, Indonesia durung siap yen dikongkon niru negara tetangga kuwi amarga sarana sing kurang lengkap lan ora ana subsidi khusus kanggo teknologi. Ditambah penduduk Indonesia akeh sing ana ning isor garis kemlaratan lan luwih mentingake tuku panganan tinimbang pendidikan. Kamangka, awak dewe sing isih enom iki kudu bisa dadi agen kemajuan bangsa lan ngolah sumber daya menungsa wiwit umur sekolah. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7374", "text": "Onok kisah nek wong iku selama uripe gak tau lalai ambek sholate, tapi wong iku tetep melbu neroko. Pas ditakoni, dadakno wong iku gak isok njogo diri teko hadas. Hadas sing dimaksud iku jenenge wadi. Wadi iki cairan sing metu teko kemaluan pas uwong wes mari ngoyo utowo ngelakoni pekerjaan sing megelno. Biasane wong gak ngeroso nek teko lubang kemaluane ngalir metu cairan wadi soale teksture sing cair koyok banyu. Dikirone mek banyu biasa, padahal iku cairan wadi dan iku najis. Makane sek akeh uwong sing ngeremehno iki soale akeh sing gak sadar. Cairan wadi sing kenek nang klambi iku marakno wudhune gak sah, bahkan sampe marakno sholate sisan gak sah soale iku najis dan kudu diresikno karo banyu resik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4070", "text": "Tahun wingi tepake ulan suwelas, aku jajal nandur-nantur lombok nang pot cilik-cilik ngunu. Tak kira lomboke iku maeng ora terik soale alum ambek rodok rontok godonge. Terus mari rontok sampek entek tibake mupus maneh nang pange godong sing rontok maeng. Nah sampek saiki lomboke akhire uwoh gede-gede, yo luwong kenek gawe tomboh pedes nag mangan gorengan. Soale wes dadi kebiasaan nag mangan gorengan yo mesti mek lombok kanggo gandengi pedise maeng, terus nag ora ono pedise iku ora enak, opo mane nag sing jenenge tempe goreng ambek tahu petis. Yo tambah goleki lombok mergane enake pol nag digandenge ambek lombok.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4036", "text": "Wong urip nang gunung ambek wong urip nag panggonan sing umume dipanggoni menungso iku ancene bedone pol. Nag nang gunung iku ono pirang-pirang perkoro sing ancene kudu diperhatekno yoiku koyok lingkungan gunung iku maeng apik opo ora kanggo omah-omahan mergane nang duwur gunung iku ora ono wong akeh, Terus lingkungan nang kono iku aman opo ora teko perkoro-perkoro sing bakal ngancem keselametane wong sing bakal urip nang gunung maeng. Mari ngunu kondisi alame sekitare iku piye, pantes ambek aman opo ora gawe urip nang gunun iku maeng. Nah perkoro-perkoro iki maeng ancene kudu diperhatekno kanggo uwong-uwong sing urip nang gunung.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4674", "text": "Salah sawijine masalah sing ana ning dapur lan akeh wong sing ora sadar ya babagan karesikan alat masak kaya telenan. Ana istilahe yaiku kontaminasi silang. Kontaminasi silang iki disebabake campuran sisa zat nabati karo hewani sing nuwuhake bakteri lan bisa ngerusak gizi panganan. Cara sing bisa ngilangake kontaminasi silang iki ya misahke alat masak kanggo ngolah nabati lan hewani lan ngumbah alat masak sing resik. Telenan iki ya paling rawan kena kontaminasi silang amarga sering digawe ngirisi bahan-bahan mentah. Ning standar manca negara ya sajane alat masak iki ora oleh dicampur lan kudu duwe tetengere dewe, apa maneh telenan kayu sing gampang kena rembesan banyu. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10075", "text": "Jogja gadhah daharan saking mi ingkang khas lan boten saged dipunpanggihi wonten panggonan sanes. Kula remen sanget dahar mi menika amargi raosipun eca. Mi punika asmanipun mi lethek. Aslinipun mi lethek saking Srandakan, Bantul. Disebat mi lethek amargi werninipun lethek alias kusam. Werni mi ingkang lethek punika amargi glepung ingkang dipundamel mi sanes glepung gandum utawi trigu, nanging glepung tapioka utawi kanji kaliyan glepung gaplek saking tela. Glepung kanji ingkang dipepe wonten andhapipun srengenge gadhah werni ingkang lethek. Nalika didahar, mi lethek kraos kenyel ugi langkung kandel ketimbang mi sanesipun. Proses damel mi lethek boten kagem pewarna utawi pengawet. Kados mi sanesipun, mi lethek sages diolah dados mi goreng utawi mi godhog. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1784", "text": "Menurutku, tau tinggal neng deso penting. Alesane supoyo awak dhewe ngerti piye carane hidup sing sederhana. Awak dhewe kesuwen tinggal neng daerah kota dadi pola pikire sing awak dhewe duwe kui kabeh-kabehane kudu instan kudu cepet. Neng kota kui, golek informasi gampang, akses pendidikan gampang, pilihan gaweane akeh, lan iso ono meneh keutungan sing sifate material sing iso awak dhewe entuke neng kota. Neng deso kui kewalikane, opo-opo neng kono serba alon lan angel dientuke. Awak dhewe iso sinau sabar lan bersyukur neng kono. Neng deso arep neng endi-endi wae adoh. Neng puskesmas wae angel opo meneh neng panggon hiburan sing liyo. Malah neng deso kui, awak dhewe mung arep golek sinyal wae wis angel.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9700", "text": "Salah siji budaya sing ana ing Sidoarjo yaiku nyadran. Budaya nyadran iki dadi bentuk syukur wong Sidoarjo ing Gusti babagan laut. Aku lagek iki melu nyadran ana ing kali cedak omahe Mbahku. Aku numpak kapal nuju tengah laut panggone kupang sing bakal dipanen. Sadurunge ana ing tengah laut, ora lali aku dijak nyekar ana ing kuburane wong sing dipercaya dadi luhure Sidoarjo. Ing tengah laut aku langsung ngefoto kegiatan nyadran iki kanggo dadi tulisan sing bisa dimot ana ing koran. Ora mung kuwi, aku dadi ngerti yen wong ing Sidoarjo isih nglestarikake banget tradhisi sing ana lan usaha kanggo ora ngilangke tradhisi iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6320", "text": "Aku urip ning kampung sing adhem ayem uga rukun tentrem. Pak RT kerep nggatekake babagan keamanan ning kampung lan melu njaga ronda. Kampungku iki uga lancar banget ngadakake acara kaya pengajian, tahlilan, lan acara kampung liyane. Karang taruna ning kampungku uga aktif. Ibu-ibu padha melu PKK lan sering ngadakake kegiyatan kaya ngurusi kebon RT bareng, nandur sayuran lan hasile bisa dinikmati karo wong sing ana ning kampung. Saban Minggu Legi, ning kampungku uga anan kerja bakti. Kabeh wong mesti melu, mulai saka bocah kanthi wong sing wis sepuh bisa melu kerja bakti iki amarga wis kaya keluarga dhewe. Yen ana bahaya, mesti njaga lan melu waspada marang kampung. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "862", "text": "Aku kui kepengen jajal nyelem bebas. Senadyan aku ora patio iso renang, aku kepengen sinau nyelem bebas kui. Bebas sing dimaksud neng kene kui pas nyelem awak dhewe bebas karo alat-alat sing ngerepoti, koyo tabung oksigen. Olahraga ekstrem iki mung butuhke alat sing minim banget, awak dhewe mung butuh kanggo klambi khusus kanggo nyelem lan koco moto nyelem, malah awak dhewe ora butuh nganggo sepatu kodok. Senadyan jejnenge ono bebas, nanging nyelem model koyo ngene iki tetep ono aturane. Salah sijine, awak dhewe ora entuk nyelem dhewekan. Paling ora, awak dhewe kudu dikancani sak wong. Wong kui sing bakal nyelametke awak dhewe yen ono opo-opo. Ngelakoke olahraga ekstrem iki yo ora entuk sembarangan, awak dhewe kudu duwe sertifikat disik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2389", "text": "Wong nag desoku ancene ora sepiro ngerti masalah gizi. Tapi wong kono ngerti manfaate godong kelor salah sijine gawe ngedukno darah tinggi. Nag ndelok fungsi iku, podo karo keterangan sing dijelasno nag situse halodoc sing ngarani nag godong kelor iku kenek digawe ngontrol tekanan darah. Terus fungsi liyane yo ono yoiku kenek digawe ngedukno kadar gulo nag ngone awak. Sak liyane godong kelor yo ono buah sing duwe fungsi apik kanggo ngedokno darah tinggi yaiku semongko, Bauh iki gelek ditandur ambek wong nag sikitare desaku, biasane ulan 7an lagek panen. Nag situse alodokter, buah iki dijelasno nag duwe kandungan vitamin A, C, kalium, ambek magnesium. Buah iki yo duwe L-citrulline sing iso ngambakno otot, dadine iso ngedukno tekanan darah tinggi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "520", "text": "Pas ujian kelulus SD, kabeh mata pelajaran kui diujike, termasuk mata pelajaran musik. Sak durunge aku pindah neng SD Negeri, aku sekolah neng SD swasta. Sekolahku sing biyen kui ora ngajarke blas babagan lagu nasional lan lagu daerah. Aku dadi rodo kangelan ngetuti pelajaran kui. Tese kui, kudu mainke siji lagu nasional kanggo alat musik, siji lagu nasional sing dinyanyike lan loro lagu daerah. Lagu kui diundi. Aku entuk lagu Menthok seko Jawa lan lagu Tanduk Majeng seko Madura. Sing lagu jowo kui rodo lumayan tak nyanyike lagu aku. Nanging lagu sijine sing seko Madura kui angel banget. Kanggo aku nada kui ora biasa lan bosone kui beda banget. Aku keangelan ngapalke lagu kui.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9604", "text": "Sholat kanggo wong Islam iku wis dadi kewajiban saben dina. Sedina ana 5 wektu sholat sing kudu dilakoni. Yen isuk sadurunge srengenge metu iku sholat shubuh, yen awan kira-kira jam 12 iku sholat bedug, yen sore jam 3 iku sholat ashar, yen sore nalika srengenge wis mudhun yaiku sholat maghrib, yen bengi banget kira-kira jam 7 yaiku sholat Isya. Nalika sholat uga ana gerakan sing dilakoni. Kaya mbungkuk, sujud, lan liyane. Kabeh gerakan iku duwe manpaat. Salah sijine yaiku bisa gampang nggawe sirkulasi darah dadi lancar, bisa neglancarna pencernaan, ningkatake kesehatan jantung, lan bisa ngilangake lara geger. Mangkane aja lali kanggo sholat saben dina.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4022", "text": "Sing jenenge tonggo yaiku wong sing biasane omahe nang pinggire omahe awak dewek kabeh. Nah sing jenenge tonggo iku maeng mesti wong sing paling parek ambek awak dewek sing biasane urip mboh iku nag perumahan, deso utowo nang kota. Kabeh wong mesti duwe sing jenenge tonggo. Nah urip ambek tonggo iku termasuk salah sijini wong sing biasane gembulan ambek wong sing ono nang pinggire wong sing urip iku maeng. Nah urip ambek tonggo iku ora kenek sak enake dewe mergo tonggo iku yo mesti duwe kepentingan dewe-dewe ambek ora karoan. Nah nag iso urip ambek tonggo iku sing rukun ben nag ono opo-opo iku iso jaluk tolong ambek ora isin.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7803", "text": "Awak dewe gak onok sing gak eroh ambek game sing jenenge The Sims. The Sims iki permainan komputer simulasi strategik. Game iki didesain ambek desainer permainan Will Wright, dipublikasikno karo Maxis, dan didistribusikno ambek Electronic Arts. Game iki dirilis pertama kali pas tanggal 4 Februari 2000. Game iki iku sederhanane simulasi aktivitas sehar-hari nang rumah tangga. Fokuse iku bakal nang menungso virtual sing diarani Sims. Pemain game iki isok ngatur aktivitas keseharian Sims, mulai teko turu, mangan, moco, adhus, dolanan, kerjo, utowo sing liyane. Sims iku mau isok digawe dewe ambek pemaine, mulai teko bentuk wajahe, perawakane, werno kulite, werno rambute, dan sembarang kalire.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4633", "text": "Sak liyane rempah tahu, aku ya seneng mangan pecel. Pecek kuwi akeh jenise kaya pecel madiun, pecel kediri dan sak panunggale, nanging sing paling tak senengi yaiku pecel Kediri. Pecel kediri iki bumbune luwih alus lan ana tambahan kemangi segere. Sayuran sing biasa ana ing pecel kediri iki sing paling khas godhong kenikir. Godhong iki jarang ditemoni ning njaba Jawa Timur. Godhong iki yen digodhog rasane seger lan ana wangine, cocok karo bumbu pecel sing gurih, pedhes lan ana legine. Pecel iki paling enak dipangan ning pincuk utawa piring godhong sing dibentuk kaya mangkok. Pecel iki ora nganggo krupuk, gantine yaiku rempeyek kacang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2437", "text": "Hotel sing duwe fasilitas apik ambek janjikno, kadang yo isek ngecewakno pelanggan sing nginep nang kono. Kancoku sing tau nginep nang hotel ngandani nag nginep nang hotel opo-opo nag pengen nambah kudu bayar, ambek ora oleh potongan rego blas, mari ngunu kadang waktu metune sakdurunge entek iku wes dikongkon metu, jarene ben steril sak durunge waktune entek. Terus nag nang penginapan masio iku fasilitasi apik tapik iso rodok enak, kadang isek oleh potongan rego- nag nambah-nambah ngunu masio iku ora apik fasilitasi ambek opo sing disudohno, tapi isek layak digawe nginep. Mangkane nag ate golek hotel utowo penginapan kudu ati-ati ambek sing ngolah hotel utowo penginapan solae kadang awak dewek iso digedor regane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4637", "text": "Aku ora sepira seneng sambel trasi, nanging aku ngerti cara nggawene. Sambel trasi iki duwe mambu lan rasa sing khas tinimbang sambel korek utawa sambel bawang amarga ana tambahan trasi. Sak durunge nggawe sambel, trasi iki mau dibakar ning nduwur kompor kanthi ngetokake mambu sing rada nyengat tur ben ora kerasa mentah. Bar kuwi, campur trasi karo uyah, lombok, tomat, gula lan bawang putih. Bahan-bahan iki, kajaba uyah, bisa digoreng disik ben sambele awet tur ana rasa gurihe. Ning warung penyetan Lamongan, biyasane ditambah lenga jelantah bekas goreng iwak. Rasane dadi luwih gurih. Bar kuwi diuleg kanthi alus lan bisa dipangan karo lalapan lan penyetan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "884", "text": "Olahraga kui ora mung apik kanggo kesehatan awak, nanging uga kesehatan mental awak dhewe. Misale, yen awak dhewe ora iso fokus lan mikir kanthi jernih kui mungkin mergo awak dhewe kurang olahraga. Oksigen sing digowo getih neng uteke awak dhewe kwalitase kurang apik lan jumlahe uga mungkin kurang, dadi pikiran awak dhewe terganggu. Yen awak dhewe gerak kui, awak dhewe iso ngunggahke adrenalin. Iki iso marake awak dhewe luwih optimis kanggo jalani urip lan iso jipuk keputusan-keputusan nganggo utek sing jernih. Olahraga iso ngerampungke masalah kui. Mungkin, hasil ora langsung keroso nanging yen iso dilakoni kanthi rutin, efek neng kesehatan mentale dhewe bakal keroso.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7482", "text": "Semeru iku gunung tertinggi sing onok nang pulau Jawa. Lokasine nang Lumajang, Jawa Timur. Nang kene, onok sisan sesepuh sing biasa dihormati dan dadi juru kuncine. Nang Semeru, juru kunci sing paling terkenal iku jenenge Mbah Dipo. Mbah Dipo iki sesepuh sing paling dihormati nang daerah kaki Gunung Semeru. Pas jaman enome, mbah Dipo iki ngentekno masa-masa iku gawe bertapa nang Puncak Mahameru. Suwe banget bahkan rambute ae dowone sampe sak pinggange. Hal iku sing marai mbah Dipo disebut wong sing paling eroh perkoro Semeru. Bahkan beliau iki isok eroh kapan Gunung Semeru bakal erupsi dan kapan wayahe gawe evakuasi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8652", "text": "Menurut Wikipedia, Badan Meteorologi, Klimatologi, dan Geofisika utowo biasa disingkat BMKG iku Lembaga Pemerintah Nonkementrian Indonesia (LPNK) sing nduwe tugas ngelaksanakno tugas pemerintahan nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Kepala BMKG saiki iku Prof. Ir. Dwikorita Karnawati, M. Sc., Ph. D. BMKG nduwe tugase dewe. Siji, pengkajian ambek penyusunan kebijakan nasional nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Loro, koordinasi kegiatan fungsional nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Telu, ngefasilitasi ambek ngelakoni pembinaan nang kegiatan instansi pemerintah ambek swasta nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Papat, penyelenggaraan pengamatan, pengumpulan, penyebaran, pengolahan, analisis, ambek pelayanan nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Limo, penyelenggaraan kegiatan kerjasama nang bidang meteorologi, klimatologi, kualitas udara, ambek geofisika. Terakhir, penyelenggaraan pembinaan ambek pelayanan administrasi umum nang bidang perencanaan umum, ketatausahaan, organisasi, tatalaksana, kepegawaian, keuangan, kearsipan, hukum, persandian, perlegkapan, karo rumah tangga.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2476", "text": "Aktivitas uwong saiki bedo-bedo, awit teko bocah enom sampek wong gede. Opo maneh nag jenenge aktivitas nag waktu luang, kabeh wong mesti bedo-bedo gawe ngelakoni penggawean nag waktu luange. Sing duwe keluarga yo mesti ambek keluargae, nag sing bocah enom, mesti ambek pacare utowo ambek konco-koncoe sing penting kumpul bareng. Aktivitas nag waktu luang ancene apek gawe kebutuhan awak ben awak'e tambah relax utowo ketok nyantai. Istila'e ngasohno awak teko abote ngelakoni penggawean pirang-pirang dino sing wes kelakon. Dadi sak marine aktivitas iku, pikiran dadi lego ambek awak balik seger maneh. Dadi aktivitas nag waktu luang iku pentinge pol gawe kebutuhan kesehatan awak dewek kabeh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7408", "text": "Onok sing tau krungu ambek sing jenenge tradisi Bakar Batu? Ritual sing siji iki asale teko Papua. Ritual iki umume diselenggarakno pas onok peristiwa penting, koyok lahiran, kematian, kawinan, sampe ucapan syukur mergo hasil panen sing apik. Tradisi iki wes dilakoni ket suwe karo masyarakat suku Dani. Jeneng “Bakar Batu” iki soale masyarakat kono masak nganggo watu sing dibakar disik. Marine dibakar, watu-watu mau dilebokno nang lubang cilik. Engkok, bahan-bahan panganan koyok daging, macem-maceme telo, ambek sembarang sayur bakal disusun nang nduwure dan dijarno sampe mateng. Nek awakmu nduwe kesempatan gawe nang Papua, ojok lali melok ndelok ritual iku, isok dadi pengalaman gawe awakmu dewe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8645", "text": "Jarene akeh uwong, hubungan sahabat iku buru isok terjalin nek rong uwong utowo luwe nduwe kepribadian sing cocok dan klik. Biasane mereka iku nduwe kepribadian sing mirip mirip sisan. Tapi, kadangan sepasang sahabat iku isok ae terjalin antara kutub karo kutub, alias rong uwong iku mau nduwe kepribadian sing bener-bener bertolak belakang. Semisal sing siji ekstrovert dan ceria puol, terus sijine introvert dan meneng puol. Nek uwong ndelok, pasti ngirone persahabatan rong uwong iku gak bakal awet. Nyatane, sepasang sahabat sing nduwe kepribadian saling bertolak belakang iku isok terus terjalin loh. Teko bedone sifat ambek cara pandang, mereka iku dadi isok saling melengkapi dan dadi saling ngerti satu sama lain.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1229", "text": "Misale, awak dhewe pengen dodolan pangan seko omah, mungkin awak dhewe iso gawe panganan sing biasane dipangan pas isuk-isuk. Isuk-isuk kui wong mesthi akeh sing kesusu kerjo dadine ora sempet sarapan. Iso uga pas preinan, wong kui males tangi pas isuk-isuk. Timbangane dheweke ora sarapan lan males gawe panganan, dheweke mesthi milih tuku. Neng kono, awak dhewe iso jupuk kesempatan. Awak dhewe iso nyesuaike panganan sing didol. Soale, sak ben daerah kui, kebiasane bedo-bedo. Koyo neng Yogyakarta iki, tak mat-matke wong arang sing seneng sarapan bubur. Wong daerah kene iki luwih seneng sarapane soto. Mungkin, neng daerah liyane uga duwe kebiasaan sing bedo.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "455", "text": "Jaman biyen pas cilik, awak dhewe ngerasake yen ibadah poso kui abot banget. Rasane kui sasi Ramadan luwih sui seko wektu-wektu liyane. Awak dhewe ora sabar bodo ben iso magan panganan sing enak. Nanging pas kui, awak dhewe iso niteni yen arep bodo kui seko iklan sirop neng TV. Seko mlebu sasi Ramadan kui, sirop iklan kui wis metu. Yen awak dhewe delok iklan sirop kui artine sasi poso kui wis cerak. Iklane kui dibagi dadi beberapa bagian, paling ora telu. Sing bagian terkahir kui, biasane nyeritake kebersamaan pas bakdo. Seko kui awak dhewe iso ngerti, yen dino sing awak dhewe enteni wis cerak. Iklan kui iso dadi ganti tanggalan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "903", "text": "Gim neng gawai kui dudu kanggo bocah-bocah utowo wong enom wae. Wong sing wis dewasa lan gedhe uga dolan gim neng gawaine dhewe-dhewe. Seko pengamatan, gim sing didolanke wong gedhe kui ono ciri-cirine arep podo. Intine kui gime kui kudu gampang didolanke. Gime kudu sing iso dinimakti tanpa duwe kemampuan sing khusus. Gime kui kudu iso didolanke kapan wae. Biasane wong-wong sing nyambut gawe, dolan pas lagi neng duwur sepur perjalanan bali. Gime uga kudu sing ora marake stress. Maksude, gim sing carane menang kui gampag. Dadi gim sing kerep didolanke karo wong sing wis dewasa kui gim-gim sing koyo puzzle, koyo Candy Crush.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3236", "text": "TV saiki ambek biyen iku sejene adoh, nak biyen ngeleh chenele TV iku diunter-unter sampek pegel lagek petuk chanele. Tapi saiki cukup diremote wes iso maleh chanele. Tapi nag ilang remote yo mesti bingung piye oleh ngakakno ambek oleh ngeleh chanele. Carane maeng iku gampang cukup dicupno disek kabele nang cup-cupane listrik, terus dipetek petekan sing ono tulisane \"power\". Nak wes dipetek jelas makan TV-ne. Terus radio barang saiki oleh ngakakno yo ngunu dicobno listrik disek lagek dipetek petekan sing ono tulisane \"power\" lagek iso makan radione maeng. Saiki ancene wes serba listrik seje ambek biyen sing isek gowo batu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7074", "text": "Ben uwong iku pasti nduwe kegiatan masing-masing nek pas lagi stres. Onok sing mangan akeh, nonton film, turu, dan liyan liyane. Dan sing lumayan popular iku ngresikno kamar pas lagi nganggur. Dadi waktu nganggur iku gak digawe istirahat opo liyane, tapi malah resik-resik kamar. Jarene ngresikno kamar nek lagi nganggur iku isok ngilangno stres mergo kerjaan utowo tugas-tugas liyane. Ndelok kamar sing gak karu-karuan koyok kapal pecah iku koyok gambaran kondisi utekke uwong sing stres. Nek kamar iku dirapikno sitik sampe bener-bener resik, rasane iku koyok utekmu melu disapu dan dipel sampe kinclong. Nek wes ngono, baru rasane utek plong dan siap ngadepi kerjaan maneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "464", "text": "Jaman saiki, aku wong sing pengen dadi bener dhewe. Ora ono wong sing ngakus salah, senadyan dheweke sak jane ngerti yen dheweke kui salah. Iki termasuk neng agama lan perdaan aliran. Kabeh agama utowo suatu aliran agama kui ora gelem disalahke karo kelompok liyo. Sing parahe kui, wong iso tekan kepegen bela-belani sinau kitab suci agama liya kanggo ngebuktike kelompok sing liya kui salah. Nanging kui sebenere ora perlu. Alasane, yen sinau mung setengah-setengah kui podo wae mergo argumentasine bakal ora valid. Sing keloro, kanggo nyalahke wong liyo kui, udu fungsine kitab suci. Sak ben agama kui duwe kitab suci ben umate iso dadi wong sing luwih apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4659", "text": "Opak kuwi camilan sing cilik, enteng, nanging ngewaregi banget amarga digawe saka tela utawa beras. Opak wis ana nalika jaman biyen simbah-simbah isih cilik. Kanthi saiki ya dadi cemilan andalan sing murah. Warung-warung ya dodol opak. Ana sing arane opak angin, opak puli beras, lan akeh maneh jenise. Nanging akeh wong sing ora ngerti yen kadang opak iki ana sing diproduksi nganggo formalin. Masio murah, ya wong kudu ngati-ati karo panganan ini. Amarga opak ya sajenis karo krupuk, opak iki ya kudu didelok kadar lengane, apa ya aman lan ora nggarai watuk. Lan produksine iki kudu ditinjau maneh ben tetep resik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8641", "text": "Dino iki aku mlaku-mlaku nang salah siji Mall sing onok nang Suroboyo. Niate seh kate me-time ngono lah. Terus pas aku nongkrong nang salah siji Kafe, aku gak sengojo ndelok Alma ket adoh. Alma iku mantan sahabatku. Awak dewe mbiyen iku wes konco kentel pol. Terus mergo awak dewe ngesir arek lanang sing podo, marakno awak dewe dadi perang dingin dan suwe-suwe malah saling ngadoh. Dan saiki aku ndelok Alma lagi guyonan karo konco anyare. Aku ndelok e mek isok senyum cilik. De’e ketok banget wes bahagian karo konco anyare. Ngetoki banget nek de’e iku wes ngelalekno awakku, sing mbiyen tau dadi sahabate. Sedih seh, tapi yaopo maneh, jenenge urip.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9724", "text": "Hayo, kanca-kanca padha ngerti apa ora tembang Gundhul-gundhul pacul? Lan tembang iki ngenani bab apa? Gundhul-gundhul pacul tembang kang asale saka Jawa Tengah. Tembang iki kang kerep didadekake uga kanggo lagu dolanan bocah. Surasa ing njero tembang iku apik banget. Gundhul-gundhul pacul nduweni surasa kanggo para panuntun. Yen ditamatke kanthi setiti, tembang iku dadi pepoyok ben para panutan nduweni watek kautaman. Watek kanggo ngupayakne kabeh kaperluaning para rakyat ben rakyat urip tentrem. Panutan kudu isa njaga amanah lan ora perlu watek umu. Yen nganti umuk kabeh bakal dadi morat-marit. Nah, tembang iki isa dadi salah sijine sarana tuladha kanggo adhik-adhik kabeh. Kamangka, aja padha tumindak ala.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7043", "text": "Transportasi andalan sing digawe liburan iku salah sijine yo bus. Bus iki kendaraan sing nduwe petang roda dan kapasitase gede banget. Bus sing gede isok nampung bahkan sampe 50 uwong dan kabeh komanan panggon lunggo. Onok macem-macem bus sing biasa digawe perjalanan liburan. Mulai teko bus umum sampe bus sing disewo khusus gawe liburan keluarga. Fasilitas bus wisata jaman saiki wes apik banget. Mulai teko kursine sing empuk, AC super adem, TV, bagasi sing guede dadi isok muat tas akeh, colokan listrik, sampe jedhing. Bus wisata sing wes disewo khusus isok melayani perjalanan sesuai perjanjian, mulai antarkota, antarprovinsi, sampe antarpulau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7486", "text": "Roto-roto awak dewe pasti nggolek profil e budayawan iku teko internet. Tapi onok situasi ndek ndi profil iku gak lengkap dan marakno angel gawe nggoleki tentang budayawan iku mau. Onok siji cara sing isok dilakoni gawe nggolek profil budayawan luwe mendalam. Carane yaiku wawancara wong e langsung nek sek urip. Biasane kan onok kontak e nang internet, nah awakmu ngehubungi disikan. Ojok lali nganggo boso sing santun cek luwe gampang diterimo budayawan iku mau. Nek wes tektokan, garek janjian ae kate ketemuan nang ndi dan jam piro. Nek wes beres kabeh, garek ngenteni hari-H dan awakmu isok ngelakoni wawancara langsung nang budayawan sing mbok golek iku. Isok sisan engkok awakmu nambahno informasi tentang budayawan iku nang internet.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5055", "text": "Ana tradisi sing bedha saka umat muslim ning Medura, yaiku tradisi mudik wayah Idul Adha. Mudik utawa bali kampung iki kerasa bedha amarga biyasane umat muslim ning wilayah liyane ngelakoni mudik wayah Idul Fitri. Ning Idul Adha, wong Medura nganggep yen Idul Adha iki luwih gedhe saka Idul Fitri amarga mbarengi karo ibadah haji ning tanah suci. Dadi akeh sing nganggep yen budaya meriah kuwi kudune ana pas Idul Fitri. Kamangka pas Idul Adha, ning daerah Medura, Situbondo, Bondowoso, Lumajang, uga daerah sing akeh wong Medura mesti rame lan toko-toko padha sepi amarga akeh sing padha ngerayakake ning omah keluwarga adohe. Apa maneh yen keluwargane melu kurban. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4072", "text": "Nandur iku termasuk kelakoan sing biasane digawe icir-icir tanduran wong nang lemah, mboh iku nang sawah, nang latar, utowo nang dadah. Kabeh iku tetep dijenengi nandur mergo penggawean iku icir-icir tanduran. Nah sing ditandur iku maeng yo pirang-pirang, awit teko kebutuhan mangane menungso contohne koyok pari, kacang-kacangan, jagung, ambek liyan-liyane. Kabeh iku maeng ancene penggawean nandur sing biasane gelek dilakoni menungso. Tapi sing biasane gelek nandur iku yo wong sing seneng nandur-nandur. Terus sing seneng nandur yo ora mok wong tani tok, tapi wong saiki masio nang kota barang yo akehe megilan mergo saiki akeh song sing seneng ambek tanduran.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2700", "text": "Telong ulan wingi aku karo konco-konco melok ngaji rutin nag masjid kampus. Biasane pengajian iki ono nag mari ashar pas dino kamis. Pengajian iki sing dibahas macem-macem mulai teko ngaji kitab kuning sampek pengajian sing isine bahas masalah sosial sing ono hubungane ambek ceramah agama. Lah ketekpak'an dino iku bahas masalah najis sing akeh-akehe bocah kampus iku ngelakoni perkoro iku yaiku sikile neracak teko nggon wudu sing ora atek gawe sandal padal panggonane iku adoh teko mesjidte terus ora ono panggonan lewati sing digawe suci kanggo mlaku nang mesjid. Pas waktu iku akeh bocah sing rumongso soale akeh sing durung paham masalah iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7393", "text": "Masjid Nabawi iki salah siji Masjid sing onok nang kota Madinah, Arab Saudi. Masjid Nabawi iki dadi Masjid ketelu sing dibangun nang sejarah Islam dan dadi Masjid nomer loro sing paling gede sak dunyo. Seliyan Masjidil Haram, Masjid Nabawi iki sisan dianggep dadi tempat suci gawe umat Muslim. Luase masjid iki yaiku 40.000 m persegi dan isok nampung sampe 600.000 jamaah. Nek pas musim nyekar nang makam Nabi, Masjid iki isok nampung sampe sak juta jamaah. Masjid Nabawi iki diyakini mbiyene iku dadi omahe Nabi Muhammad SAW pas beliau hijrah nang Madinah pas tahun 622 Masehi. Bangunan awale gak onok atape dan dinggo gawe kepentingan sosial koyok panggon ngumpule masyarakat, majelis, dan digawe sarana sekolah agama. Tambah suwe, pemimpin Madinah ganti ganti terus dan akhire terus terusan dibangun sampe gede koyok ngene.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5541", "text": "Ning asramaku biyen ana sing jenenge mesin cuci keramat amarga sing oleh nganggo mesin cuci kuwi mung para senior lan mung oleh kanggo ngumbah seragam amarga mesisn cuci kuwi apik. Sapa wae sing ngumbah ning mesin cuci kuwi mesti dadi siswa sing berprestasi utawa bisa ngumpulake nilai sing apik. Nanging pas aku wis kelas 12, aku baru ngerti yen mesin cuci kuwi mung crita gawe-gawenan ben mesin cucine awet lan ora gelis rusak amarga mesin cuci iki sing paling apik ning asramaku. Nanging crita mesin cuci keramat kuwi wis kadhung nyebar lan dipercaya karo para siswa sing ana ning asrama, utamane ning asrama putri. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "819", "text": "Sing awak dhewe golek seko olahraga kui, dudu awak mengko bakal dadi apik, opo ben iso nunggah neng media sosial. Sing penting seko olahraga kui awak dhewe latian napas. Latian napas iki ora mesthi dilakoke neng olahraga sing abot, neng olahraga sing enteng kui tetep iso. Malah kanggo wong sing dudu atlet utowo ora biasa latian, luwih dianjurke ngelako sing enteng-enteng disik, koyo mlaku 10 menit sak ben dione. Napas kui penting dilatih soale iki pengaruh banget neng metabolisme sing ono neng jero awak. Sistem kui sing bakal bakar lemak lan jupuk nutrisi seko panganan utowo ombenan sing awak dhewe konsumsi. Yen sistem kui ono gangguane, awak dhewe iso keno akeh penyakit.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9042", "text": "Air purifier iku alat sing isok digawe murnikno udara. Alat iki dadi andelan gawe ngentokno udara sehat nang njero omah. Kerjone alat iki yaiku nyedot udara nang njero filter gawe disaring terus disalurno ben dadi udara sing kualitase luwe resik. Alat iki akeh dimanfaatno karo wong sing urip nang perkotaan ndek ndi kualitas udarane wes elek pol dan bek karo polusi. Sak liyane iku, air purifier iki nduwe akeh manfaat. Siji, ngilangno ambu badek. Loro, nyegah penyebaran jenis penyakit menular sing onok nang udara. Telu, ningkatno kualitas turu. Papat, ningkatno harapan uripe menungso. Limo, isok nangkep asap. Enem, ngurangi kemunculan jamur. Terakhir, nangkep bulu alus ambek ketombe sing onok nang kewan angonan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "125", "text": "Ngunggahke video panggon wisata sing ora kabeh wong ngerti kui pancen duwe keuntungan. Video kui iso viral lan panggon sing dimaksud bakal dikunjungi akeh wisatawan. Warga lokal dadi iso duwe penghasilan tambahan seko ngedol barang utowo jasa neng kono. Nanging gawe viral panggon wisata kui, ora mesthi duwe dampak sing sae. Iso wae wisata alam sing viral kui dadi rusak mergo dikunjungi karo akeh turis. Panggon wisata kui ora duwe persiapan sing cukup kanggo nangani turis sing mbludak. Diimbuhi, turis-turis sing sak penake dewe sing ngerusak fasilitas wisata. Contohe koyo, taman amarylis sing biyen ono nek Yogyakarta. Mergo turis sing ngerti-ngerti akeh lan ora ono persiapan, taman kui dadi rusak lan kudu ditutup.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5451", "text": "Pas jaman SMA, aku tau melu tanding senam ritmik tingkat kabupaten. Senam ritmik iki ana sing kategori tim, uga ana sing kategori individu utawa tunggal. Aku melu sing kategori individu. Sejatine pertandingan individu iki mbutuhake kelenturan kaya wong nari. Nanging kekuatane uga ora oleh mudhun. Amarga bobotku sing luwih, 6 sasi sak durunge lomba, aku wis dikongkon diet lan latihan sing disiplin uga nguwasai alat kaya hulahop, pita gimnastik, bal, lan uga nguasai jenis musik sing arep didadekake lagu senam. Peserta lomba iki yaiku antarsekolah lan wis diseleksi ning tingkat kecamatan uga sekolah. Aku ora oleh juara, nanging aku seneng amarga iki pengalaman sing marai semangat kanggo berprestasi luwih dhuwur.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9252", "text": "Pie susu khas Bali gegawan sing mesthi dienteni yen mari lunga teka Bali. Rasa panganan iki khas banget. Wujude sing bunder lan warnane kuning mas nambahi rasa pengin mangan pie susu Bali iki. Ning pinggire kaya tepung rada atos nanging ing tengahe adonan pie susu Bali iki alus lan langsung bisa mbleber nalika dipangan. Legine uga ora legi banget dadi isih aman nalika dipangan saben dina. Rasa susune uga ora mblenek dadine ora bakal jeleh nalika dipangan terus. Pie Susu Bali iki bisa dituku ana ing toko-toko gegawan khas Bali. Regane uga standar ora larang banget. Kabeh wong sing diwenehi mesti arep lan seneng banget.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5107", "text": "Indonesia kuwi terkenal karo budhaya sing nguri-nguri dalan uripe wong kaya wiwit ning jero weteng kanthi wis lair. Banjur gedhe, dadi manten, kanthi tradisi ngurmati wong sing wis wafat. Menungsa kuwi wiwit ning jero weteng wis dislameti kaya ana upacara 4 wulanan, yaiku upacara kanggo mengeti ruh pertama mlebu umur ngandut 4 wulan. Uga ana tingkeban ning wulan kepitu sing dadi wulan sakral amarga diarani meteng sing paling akeh godhane. Kamangka ana prosesi siraman, kirim dunga, mecahake klapa, lan liyane. Yen wes lain, uga ana upacara brokohan kanggo mengeti bayi lair lan slametan ngubur ari-ari kanthi puput tali puser kanggo ndungakake bayi slamet. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10099", "text": "Nyamikan wonten Indonesia kathah sanget jinisipun. Wonten nyamikan ingkang raosipun gurih, wonten ugi ingkang manis utawi gabungan saking kalih raos menika. Onde-onde kalebet nyamikan ingkang nggabungaken raos gurih kaliyan manis. Gurihipun onde-onde asalipun saking adonan glepung kaliyan taburan wijen wonten njawinipun. Raos manis kacang ijem kaliyan gendhis saged diraosaken saking isianipun. Jinising onde-onde ugi wonten maneka warna. Wonten onde-onde biasa ingkang isinipun kacang ijem, wonten onde-onde biasa ingkang boten gadhah isian. Wonten ugi onde-onde keciput ingkang ukuranipun alit-alit dados boten wonten isinipun. Onde-onde ingkang kopong alias boten gadhah isi teksturipun langkung garing lan awet. Nanging, sedayanipun sami raos eca lan gurih.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1792", "text": "Trans Jogja kui siji-siji kendaraan umum sing dicepake pemerintah kota utowo propinsi. Sakliyane kui, saiki ora ono kendaraan umum liyane. Disik jarene ono bis, nanging saiki arang banget liwate. Trans Jogja kui koyo bis bioso sing wis duwe rute sing tetep. Saiki wis ono luwih seko 12 rute sing disediake. Bentukan bise kui biasa. Kapasitas wong sing iso lungguh neng kono sekitar rong puluhan. Yen misale ditambah karo sing ngadeg, mungkin iso tekan 40 wong. Kursine adep-adepan mirip koyo kursi neng KRL. Werno buse kui ono loro, ono sing ijo lan biru. Nanging werno kui ora duwe maksud opo-opo. Nanging bis sing werno biru kui ketok luwih apik timbangane sing ijo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "823", "text": "Tom Brady kui dadi pemain neng posisi quarterback neng olahraga american footlball. Pemain sing duwe jeneng lengkap Thomas Edward Patrick Brady Jr. iki lair neng California 3 Agustus 1999. Dheweke wong kulit putih Amerika sing duwure 1.94 meter. Dheweke iso mlayu 40 yard kui selama 5.28 detik. Dheweke ngewiwiti karire dadi pemain kui ket dee ono neng bangku kuliah. Lagi taun 2000, dheweke kepilih dadi salah siji pemain NFL neng tim New England Patriot. Bareng-bareng karo tim Patriot iki, dheweke iso ngolehke akeh penghargaan. Dheweke dadi pemain sing penghargaan pemain sing paling penting peng 3, taun 2007. 2010, lan 2017. Dheweke uga iso gowo Patriot juara Super Bowl tekan peng 7.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9286", "text": "Nandur lombok iku akeh manfaate. Salah sijine yaiku bisa kapan wae dipetik kanggo digawe sambel. Nanging ora kabeh wong bisa nandur lombok kanti apik. Iki tata cara nandur lombok supaya bisa cukul apik nganti panen. Kaping siji, milih winih lombok sing apik. Winih lombok sing apik bisa dituku ana ing toko tanduran. Kaping loro, winih lombok iku dipepeh ing gisore srengenge nganti garing. Kaping telu, sawise dipeh kudu dipilih maneh endi winih sing pas kanggo ditandur. Yen wis nemu winih sing apik, wis bisa ditandur. Nandur ana ing lemah sing wis dicampur karo sekam lan pupuk supaya cepet cukul. Sawise ditandur aja lali kanggo diramut kaya disiram saben dina, lan diwenehi pupuk 2 minggu pisan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5083", "text": "Ibadah jumat agung yaiku ibadah Jumat seminggu sak durunge Minggu paskah. Jumat Agung iki salah siji saka ibadah trisuci paskah, yaiku dina mengeti kematian Yesus disalib ning Golgota. Sak durunge Jumat Agung iki uga ana ibadah Kams Putih. Dina kematiane Yesus iki uga ora pasti amarga ana sing ngomong yen dina Rabu, kamangka ana Rabu Abu uga ana sing ngomong Jumat kamangka ibadahe arane Jumat Agung. Ibadah iki tujuane kanggo refleksi apa wae sing dikorbanake karo Yesus. Nanging, ana itungan sing bedha ning wilayah kulon lan wetan kanggo acara Jumat Agung iki amarga ana pembedha metode kanggo ngitung tanggal yaiku bedha kalender Georgian lan Julian. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "105", "text": "Kaliurang kui dadi destinasi wisata sing disenengi karo wong Yogyakarta. Neng daerah kui, howone adem. Jarak antara Kaliurang lan pusat kota kui ora adoh, sekitar 1 jam perjalanan. Ket biyen, Kaliurang wis dadi tempat wong Yogyakarta ngilangi mumet lan kesel bar aktivitas saminggu. Tekan saiki, Kaliurang isih dadi panggon pelajar lan mahasiswa sing arep ngadake makrab utowo diklat. Nanging saiki, Kaliurang wis ora dadi panggon wisata sing sepenak disik. Saiki Kaliurang ora seadem biyen. Mergo penasan global sing lagi berlangsung iki, ora heran neng endi-endi wae suhune munggah. Keloro, perjalanan seko kota neng Kaliurang kui macet, utamane pas dino Sebtu-Minggu. Delok kondisine sing saiki lan wis ora ono objek wisata sing menarik, rosone eman-eman tenogone kanggo lungo neng Kaliurang.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4734", "text": "Salah sawijining bab penting ing pariwisata yaiku katersediaane hotel lan fasiltas penginepan sing layak. Hotel lan penginepan iki bisa nambahi pemasukane daerah sekitar lan bisa dadi lapangan penggaweyan kanggo masyarakat sing ana ning kawasan wisata kuwi. Nanging akeh sing ora ngerti carane ngolah penginepan lan hotel kanthi bener amarga hotel-hotel pinggiran iki isih identik kanggo kawasan prostitusi. Kurange pengawasan lan pelatihan kanggo ngelola hotel lan penginepan iki bisa dadi kerugian sing bisa ngajurake bisnis pariwisata kuwi dhewe. Apa maneh yen hotel lan penginepan kuwi ora duwe pengelolaan kenyamanan sing apik lan rapi uga ana fasilitas restoran sing ndukung kamajuan hotel.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "62", "text": "Dadi bakul jajanan pasar kui dudu gawean sing sepele. Biasane sing gawe jajanan pasar kui ora ngedol barang dagangane langsung. Dheweke butuh wong liyo ben dagangane entek. Bakul kui dadi perantara kanggo sing gawe jajanane kui karo sing arep tuku. Sing dadi bakul jajanan pasar biasane duwe keluwihan liyo dibandingke sing gawe yaiku bakul kui duwe panggon sing strategis. Bakul jajanan pasar kui biasane ono neng pinggir-pinggir dalan sing rame. Panggone sing dienggo dodolan yo ora entuk sak onone. Panggone kudu ketok resik lan higienes. Dadi sing arep podo tuku percoyo, yen cemilan utowo jajanan pasar sing didol kui sehat lan aman kanggo dikonsumsi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3231", "text": "Pas dolan nang koncoku, Aku masi ono TV sing gedene sekitar 40 in-nan. Nah TV ne maeng tebae termasuk sing model anyar sing wes kenel diwei HDMI nang TV-ne dadi wes ora perlu gawe antene. Mari ngunu pas tak delok tibake TV iku yo kenek diwei flashdisk barang soale ancene model anyar wes kenek digawe muter video sing teko Flash Disk barang. Mari ngunu sak liyane TV sing model anyar tibak'e pinggire ono radio lawas sing isek gawe batu biasa, ambek isek untir-untiran nek geleki siaran radione. Mari ngunu ro ono antene ambek centelan kanggo gowo radio iku maeng. Masio wes lawas tapi koyoke radio iku ancene diresiki terus ambek diramot.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5458", "text": "Semangat olahraga saiki mulai didukung karo industri hiburan digital lan agensi-agensi media. Salah sawijine acara youtube saka channel VINDES sing digawangi karo Vincent Rompies lan Desta Mahendra, anggota grup musil Club 80's sing saiki aktif ning penyiaran. Amarga semagat sing mudhun ning olahraga, channel iki ngadakake lomba-lomba kaya sing paling rame taun iki yaiku \"Tiba-tiba Tenis\". Kaya judule, pertandingan iki ngedu kemampuan tenis para artis sing biyasa ana ning TV. Pertandingan iki uga niat banget amarga nyediakake tiket lan sponsor sing digawa kaya pertandingan profesional. Kamangka, ayo semangat dadi agen promosi olahraga ning Indonesia amarga olahraga kuwi hiburan sing penting kanggo masyarakat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1203", "text": "Jaman saiki, awak dhewe iso dodolan tanpa tuku barange sing arep didol. Jenenge sistem dodolane kui dropshiper. Awak dhewe ora mung ora usah tuku barange, malah awak dhewe ora kudu nyimpen barang dodolane kui neng panggone dhewe. Awak dhewe ora butuh nyewa omah utowo ruangan utowo nganggo omahe awak dhewe kanggo didadek gudang. Sistem dodolan iki awak dhewe mung dadi perantara antara sing duwe utowo sing gawe barang karo wong sing arep tuku. Mengko produsen bakal nanganani langsung pesenen sing tuku. Tugase awak dhewe sebagai dropshiper kui itungane dadi gampang banget. Awak dhewe mung golek wong sing arep tuku sak okeh-okeh ben entuk duwit sing luwih akeh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2729", "text": "Kisah sing paling terkenal sing ono nag jeru kitab suci alquran sing gelek dianjurno kon nyontoh karo ulama ambek kiyai yaiku kisahe Nabi Muhammad S.A.W. awit teko akhalke sampe carane uripe kanjeng nabi sing sederhanai pol. Teko kisahe kanjeng nabi sing nang jero alquran maeng, kabeh ulama nyaranno wong muslim iso nyontoh soale bilau termasuk makhluk sing paling apik ambek kekasihne pengeran. Terus teko kisahe beliau maeng wong islam kabeh kudu iso nyontoh sifate bilau sing sabar ambek sederhana ora ketok gumedeh ambek liyan-liyane. Dadi kisahe kanjeng nabi maeng apiki pol kanggo wong-wong muslim ben uripe iku iso slamet ambek sejahtera.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5800", "text": "Pak Toni wis ngajar babagan kewirausahaan wiwit aku kelas 10 ning SMA biyen. Pak Toni iki sajane guru mata kuliah ekonomi lan akuntansi, nanging amarga ana kurikulum anyar, Pak Toni uga saiki melu ngajar kewirausahaan. Kelase Pak Toni iki dadi kelas pilihan nanging isish rame amarga luwih akeh pratike tinimbang teorine. Praktike kuwi kaya cara nggawe panganan utawa ngolah hasil ternak lan hasil kebun ben bisa dadi barang sing kena didol. Salah siji rintisane Pak Toni kuwi yaiku program olahan jamur lan ndhog asin sing ana ning sekolahku. Saiki, program kuwi wis sukses kanggo inkubasi bisnis para siswa sing ana ning SMA-ku. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9361", "text": "Lunga ning Eropa wis dadi kepenginanku lan kulawargaku. Aku lan kulawargaku wis mulai nabung lan ngelumpukke dhuwit kanggo lunga ning Eropa. Ndilalah preian taun ini Bapakku oleh rejeki. Tabunganku lan kulawargaku dadi tambah akeh. Aku mutusake lunga ning Walanda wae, amarga aku uga pengin ndelok kampus sing wis suwe takincer. Dina iku aku budhal nganggo montor muluk kurang luwih 14 jam lan mandheg ana ing bandara Schipol, Amsterdam. Mangsa ning Walanda lagi mangsa adhem lan udan salju, dadi aku lan kulawargaku wis nggawa sangu klambi sing kandhel kayata jaket, sarung tangan, kupluk, lan sepatu sing cocok kanggo mangsa adhem supaya ora kademen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7799", "text": "Kadang onok wong sing nggumun, opo enake sing nontok pertandingan olahraga langsung ndek Stadion olahraga e. Wes umpel-umpelan dadi siji, dan sumpek kabeh. Batine mereka, kan enakan nonton teko omah nang ngarep TV, gak bakal sumpek umpel-umpelan. Padahal, sensasi nek ndelok pertandingan olahraga langsung ambek teko TV iku bedo puol. Bedone iku adoh puol. Awak dewe nek nontok langsung iku rasa tegange luwe keroso. Terus nek pas gol, sorak soraine iku luwe keroso meriah e dan awak dewe isok bengak bengok bareng ambek supporter liyane. Terus keseluruhan atmosfer e iku gak bakal isok dikalahno. Wes ta, bedo bedo ndelok langsung ambek ndelok nang TV. Nek awakmu gak percoyo, mending cobaen dewe, tak jamin gak bakal nyesel.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5071", "text": "Rampung kangelan skripsi lan dituturi ibuku babagan kesabaran lan dunga sing ora pedhot, aku uga iling jare simbah yen pengen cita-citane keturutan, uga kudu sregep sembahyan dhuha. Sembahyang dhuha kuwi jare bisa mbuka rejeki uga bisa mbuka kabeh peluang. Sak liyane sembahyang dhuha, uga ana sembahyang tahajud kanggo ngelancarake usaha. Banjur aku nuruti simbahku kanggo sholat dhuha lan tahajud. Nanging hasile ya podho wae. Aku bingung lan ora ngerti kudu ngopo. Aku jajal ngecek kabeh babagan ibadahku, banjur aku ngerti yen sholat sunnah kuwi manfaat langsunge dudu kuwi, nanging nyenengke lan ngelegakake ati ben ora was-was lan tenang kanggo ngadepi kabeh masalah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2434", "text": "Jarene koncoku Hotel ancene fasilitase lengkape pol, terus opo sing dibutuhno pas nginep yo kecukupan. Awit teko mangane, alate ados, turu, sampek TV barang yo ono. Tapi kadang hotel iku yo nyocokno karo kebutuhane awak dewek ben ora kelarangen nag nyewo hotel soale hotel ambek fasilitas sing lengkap yo lumayan larang. Nag situs-situs online sing dodolan tiket hotel barang yo jelasno nag regane hotel akeh-akehe wes sak dukure 400 ewu. Tapi nag awakmu pengen sing rodok cocok ambek dompetmu penginapan sing lumayan apik yo enak, soale aku tau jajal penginapan sing rego sak ngisore 400 ewu yo wes enak'e pol. Fasilitas sing digawe kanggo nyukupi kebutuhan pas nginep yo pas. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6688", "text": "Senajan akses sing terbatas, desa kuwi bisa dadi panggonan alternatif ning masa pensium amarga tenang lan uga ora akeh kebisingan. Desa iki bisa dadi panggonan sing nyaman sing penting wong sing manggoni kuwi bisa membaur marang masyarakat lan bisa ngeregani lingkungan desa. Senajan gayeng, urip ning desa kuwi kudu kuat lan tahan banting amarga kadhang ana kedadian sing marai mangkel kaya omongane tangga sing ora bisa dikontrol lan uga keadaan sosial liyane. Kamangka, yen kepengen tenang ning masa sepuh, luwih becik bali desa lan nduwe usaha ning kana ben uripe uga ayem tentrem lan adoh saka pikiran negatif saka penggaweyan. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "874", "text": "Yen misale, ono kerusuhan bar pertandingan bal-balan kui, wong-wong ora mung suportere wae, nanging pihak penyelenggarane kui uga melu salah. Penyelanggara iki sing duwe tanggung jawab kanggo ngadake jadwal lan nyepak-nyepake opo wae sing gawe pertandingan kui aman lan nyaman. Yen misale, tim sing tanding kui tim rival sing penontone kerep gelud. Apik neng ngono kui, pertandingane ora diadake pas bengi. Yen wis diandani nanging akeh sing ngandani nanging isih ngeyel, kui cetho banget salahe penyelenggara. Pihak penyelenggara kui kudune uga ora ngedol tiket luwih seko kapisitas stadion. Kui iso marake ciloko yeng ono opo-opo. Penyelenggara kui kudu luwih ngati-ngati yen arep ngadake pertandingan bal.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "181", "text": "Pas pandemi, kabeh uwong sak donyo diarepke ora metu seko omah. Yen ono wong sing metu senadyan ora ono agenda sing mendesak kui biso ngerugike wong sing liyo. Nanging opo sing digoleki neng ono wong sing metu, mergo akeh banget toko-toko sing ora dibuka. Panggon sing marai kangen kanggo dikunjungi pas pandemi kui iku salah sijine bioskop. Bioskop kui dadi salah siji hiburane wong-wong. Pandemi akeh wong sing tambah stress. Ditambah meneh, sitik banget panggon-panggon sing iso dadi hiburan sing buka. Kepeksone, aku sing seneng neng bioskop nonton kepekso nonton film neng layanan streaming. Emang neng nonton liwat layanan ku pilihan filme luwih akeh, nanging pengalaman nontoe ora semantep nonton langsung neng bioskop.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7844", "text": "Tau gak awakmu wes angel-angel ngumbah klambi nganggo mesin cuci, tapi ambu klambine sek apek? Paling awakmu ngirone iku mergo deterjen e sing kurang, utowo mergo gak nganggo pelembut. Tapi tau mikir gak, nek iku mergo filter mesin cuci sing gak tau mbok resikno? Filter mesin cuci iku kan fungsine gawe nyaring kotoran. Nek misal filter iku mau gak rajin diresikno, yo kotoran iku bakal numpuk dan marakno hasil cucian nang mesin cuci iku dadi gak maksimal. Iku sing marakno klambimu sek mambu apek. Mbasio wes mbok tambahi deterjen sampe sak bajek keret, yo gak bakal ngaruh nek filter mesin cuci e sek rusuh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9282", "text": "Semangka bisa dipangan karo diolah dadi aneka warna panganan. Nanging semangka wutuh isih dadi panganan sing disenengi kabeh wong apa maneh ana ing Indonesia. Iki amarga hawa ing Indonesia panas banget lan nalika mangan semangka bisa adem lan seger banget. Milih semangka sing apik kudu pinter supaya ora keblondrok malah njupuk sing ora legi. Semangka sing legi warna kulite rada kuning lan soklat. Luwih kuning utawa luwih peteng warna kulite, nandakake semangka luwih legi. Semangka sing mateng biasane kulite ora pati nggilap. Kulit semangka sing nggilap nandakake semangka iku durung pati mateng. Dadi aja wedi yen nemu utawa tuku semangka sing duwe kulit rada mangkak amarga iku nandakake semangka iku wis mateng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "859", "text": "Neng pertandinga opo wae sing paling digatek wong kui misale pemaine. Misale yen bal-balan sing didelok kui gelandang opo penyerange, yen olahraga tinju lan MMA sing didelok kui petarung sing dijagoke. Padahal neng sak ben pertandingan kui, ora mung ono pemain wae. Awak dhewe sok ora gateke wasit sing ono neng tengah utowo pingir lapangan. Wasit iki tugase penting, soale dheweke sing ngatur dalane pertandingan. Dadi wasit kui uga ora iso main-main. Mung model ngerti peraturan tok, durung iso dadike wong kui wasit sing pener. Misale wasit neng pertandingan tinju. Dheweke uga ngerti carana ngindari utowo nahan jotosan. Yen ora dheweke iso cilako neng jero ring kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6357", "text": "P3K utawa Pertolongan Pertama Pada Kecelakaan kuwi mestine ana ning saban gedung utawa instansi lan diajarake marang penghuni utawa para pegawai sing ana ning gedung kuwi. Piranti sing utama saka proses P3K kuwi yaiku anane kotak P3K. Ning manca negara, saban wong lan saban omah mesti dnuwe kotak sing isine kaya perban, obat kanggo tatu, kasa, lan uga kebutuhan liyane. P3K iki uga bisa diisi karo obat liya miturut lara sing dirasakake kaya obat lambung, obat asma, lan obat kanggo penderita epilepsi. Oksigen uga kudu disediakake ben bisa dadi cadangan pas ana sesak napas lan uga udara sing panas. Sak liyane kuwi uga kudu ana termometer. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4644", "text": "Soda kuwi sajane penemuan ombenan sing apik amarga bisa dari alternatif alkohol. Nanging anggepan kuwi mung ana ing jaman biyen amarga soda durung kacampur gula lan zat-zat pengawet kaya saiki. Soda pertama ditemokake bentuke mung kaya banyu putih nanging ana rasa kang marai keri ning ilat. Jaman saiki ya ana soda sing kaya kuwi, aran dagange yaiku sparkling water. Soda sing ning warung rata-rata wis ana pemanis lan tambahan pengawet sing bisa marai penyakit kaya diabetes lan lara pencernaan. Mutune ora seapik soda alami sing bisa dinggo pengobatan. Mulane, saiki ada produsen sing nggawe alternatif kunir asem sing dicampur soda ben bisa ngurangi konsumsi soda sing tingkate glukosa dhuwur banget. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2800", "text": "Pas aku dolan nang kediri aku diundang koncoku gawe slametan kanggo acara sunatane adeke. Lah slametan iki termasuk salah sijine adate wong jowo sing sampek saiki ora iso ditinggalno. Slametan iku upacara sing biasane dilakoni ambek wong jowo sing biasane ate ngelakoni acara utowo hajat penting nang uripe utowo pas mari oleh rejeki. Salah sijine perkoro sing biasane wong jowo gelek ngadakno slametan yaiku nag ate bangun omah. Acara slametan iku asline yo meh podo ambek dongo bareng karo ngundang wong-wong sing ono nag sekitare utowo wong-wong sing dikenal ambek parek karo sing duwe hajat iku maeng. Dadi kebiasaan slametan iku munu wes tradisine wong jowo sing dilakoni sampek saiki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7707", "text": "Salah siji permainan tradisional sing wes akeh wong sing lali iku jenenge kil kilan. Onok sisan sing ngomong sari buahan. Biasane sing eroh dolanan iki iku arek-arek deso. Padahal permainan sing siji iki iku seru puol dan isok dadi bentuk olahraga soale bakal terus bertahan nganggo siji sikil tok. Nek awakmu penasaran, koyok ngene cara dolene. Siji, dolen iki gak isok dewean, kudu arek akehan. Minimal limang arek lah. Loro, hom disik gawe nentukno sing ngejar pemain liyane. Telu, nek wes mari, pemain liyane kudu cekelan tembok sambil ngangkat siji sikile. Pengejar iku mau gak isok nangkep pemain sing cekelan tembok. Dan pemain gak oleh ndekem ndek sak panggon tok, kudu pindah-pindah sisan. Engkok pas pindah, baru pengejar isok cepet-cepetan nangkep pemain sak durunge de’e cekelan tembok. Pemenang ditentukno teko pemain sing paling suwe bertahan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4647", "text": "Yen hawa mulai adem lan mulai ora bersahabat, ombenan paling cocok sak liyane wedhang jahe ya jeruk panas. Jeruk panas iki sumber vitamin C sing bisa ningkatake daya tahan tubuh ing musim sing ora kena dikira-kira iki. Carane nggawe jeruk anget utawa jeruk peres iki ora ruwet kaya jus amarga ora mbutuhake blender. Kaping pisan, pilihen jeruk sing apik. Sajane bisa nganggo kabeh jenis jeruk, nanging ana jenis jeruk peres sing rasane legi rada kecut. Yen lagi musim, uga bisa nganggo jeruk sunkist. Kaping pindho, siyapke banyu panas. Yen pengen legi, bisa ditambah gula. Jeruk panas iki ombenan paling murah nomer 2 sak wise teh panas. Nanging, rasane bar ngombe jeruk panas iki seger lan entheng ning awak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5417", "text": "Salah sawijining olahraga sing paling gampang yaiku sepedahan. Sepeda iki dadi sarana sing paling penting amarga sepeda sing pas ning awak kuwi uga ngaruh marang kenyamanan. Amarga kuwi, miturut detiksport, ana babagan sing kudu digatekake ning sepeda ben tetep nyaman. Kaping pisan yaiku nggatekake ukuran sepeda. Ukuran sing kegedhen uga keciliken kuwi ngaruh banget karo beban sing ana ning sikil pas mancal lan beban sing ana ning pinggang. Kaping pindho yaiku kudu nyediakake banyu kang akeh ben ora dehidrasi. Kaping telu yaiku kudu nyediakake jadwal khusus ben bisa mancal luwih adoh lan bisa eksplorasi dalan anyar ben ora gampang bosen. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9269", "text": "Yen ngomongke bab gaweyan kang ana gandheng cenenge karo panganan, ya wis mesthi kabeh sarujuk pakaryan kuwi mau arane Chef. Dadi Chef kuwi mbutuhake skill kang akeh lho, kayata kudu bisa masak kanthi bener lan pener. Tegese, wiwit milih bahan, ngolah bahan, milih bumbu, masak, nganti nyawisake panganan kabeh kudu dilakokake kanthi setiti supaya asile bisa maksimal. Durung maneh yen kowe dadi Celebrity Chef, wis mesthi kowe kudu percaya dhiri, bisa ngadi busana lan ngadi sarira, uga kudu bisa public speaking supaya katon merbawani ing sangarepe kamera. Bayangke wae kowe seneng masak lan mbok unggah ing instagrammu, lah jebulane sing komen lan nyengkuyung akeh, apa ora krasa seneng atimu? Mula yen kowe minat dadi Celebrity Chef wiwiti wae saka saiki!\r", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3122", "text": "Biyen aku paling seneng delok olah raga bulu tangkis. Nah sing paling favorit yauki Taufik Hidayat. Deke iku termasuk pemain bulu tangkis sing banggakno kanggo bangasa iki soale wes nyumbang prestasi sing megilan yaiku juaran dunia 2005 ambek piala atena 2004. Cara maine deke iku lincahe megilan sampek konco-konco ambek lawane ae ngakoni nag deke iku pinteri megilan oleh main. Sak liyane iku yo akeh prestasi liyane koyok juara asian games 2002, juara dunia WBF, ambek Olimpiade sing ora mandek-mandek. Mari ngunu deke ora melok maneh Pelatnas Cipayung nag tanggal 30 januari 2009 ambek mutusno dadi pemain sing profesional. Sak marine iku deke gawe pusat pelatihan bulu tangkis sing di jenengi Taufik Hidayat Arena.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "443", "text": "Amalan sing awak dhewe lakoke neng donyo kui bakal diwales neng akhirat mengko. Naning sak durunge kui, awak dhewe wis iso ngicipi balesane neng alam kubur. Yen awak dhewe pantes mlebu swarga, awak dhewe bakal diloke endahe panggon kui. Yen awak dhewe pantese mlebu neroko, awak dhewe wis iso ngerasake panas seko neng alam kubur. Gerbang neroko bakal dibukake kanggo wong-wong sing akeh ngelakoke tindakan ala pas isih urip. Senadyan awak wong kui durung mlebu uap panas sing metu seko kono wis iso bakar kulit. Wong kui oga bakal dikancani karo amal eleke, sing rupane olo lan ambune busuk. Awake wong kui bakal diantemi nganggo gada wesi lan kuburane bakal dadi sempit tekan balung-balunge remuk.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1213", "text": "Mangkat kerjo neng kantor kui pancen malase banget. Disik pas jamane pandemi, awak dhewe wis biasa nyambut gawe seko omah. Saiki pandemine kui wis ora ono, awak dhewe dipekso balik menyang kantor. Awak dhewe dadi kudu tangi luwih isuk lan uga adus sak durunge mangkat. Biasane disik, awak dhewe iso sante-sante disik sakdurunge nyambut gawe. Awak dhewe isih ono wektu kanggo dolan karo bojo lan anak. Padahal, sebenere gaweane dhewe kui pancen iso digarap seko omah. Awak dhewe ora butuh-butuh banget ono neng kantor. Paling awak dhewe kudu neng kantor pas ono rapat sing penting wae utowo kudu ketemu langsung karo pelanggane perusahaane dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7057", "text": "Tahun iki aku ambek dulurku milih liburan nang Jakarta wong loro. Mergo bosen nang panggon sing iku iku ae, awak dewe nyobai nang Perpustakaan Nasional alias biasa disingkat dadi Perpusnas. Terus dulurku kepikiran gawe moco buku nang kono. Ternyata, awak dewe kudu daftar dadi member e disik. Akhire aku ambek dulurku daftar member Perpusnas diewangi karo petugase. Pertama, ngisi formular pendaftaran sing wes disediakno nang ruang keanggotaan nang lantai 2 Perpusnas. Mbari ngono nyudokno KTP. Pas wes mari ngisi formulir, awak dewe dijaluki nomor telpon ambek alamat email sing isok dihubungi. Wes deh garek ngenteni diluk dan awak dewe entuk kartu anggota.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5041", "text": "Dina Jumat wingi, Kiki lunga ning masjid kanggo sembahyang jumatan. Kiki istirahat saka kantor pas jam mangan awan. Rampung wudhu, dekne langsung lunga menyang masjid sing ana ning cedhak kantor. Wayah jumatan kuwi, Kiki ngerungokake khotbah babagan kautamaane zakat. Kiki uga ngerungokake ceramah babagan zakat iki oleh disumbangake saka harta lan kapan wae bisa disumbangake ben kautamaane tetep ana, yaiku ora kanthi ngeliwati keleme srengenge ning dina Idul Fitri amarga tujuane zakat kuwi ya ngopeni wong sing ora duwe panganan ning dina kuwi. Banjur Kiki uga nyatet babagan sing penting kaya ukuran kanggo zakat lan apa wae sing bisa disumbangake kaya beras lan dhuwit. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2100", "text": "Neng Sekolah Alam Bogor, sekolah disik pas SD, kui ono sing jenenge dino dodolan. Dino kui wong tuwo lan wali murid kui bakal teko neng sekolah. Biasane dino dodolan kui ngepasi acara koyo rapat utowo pertemuan wong tuwo lan wali murid mau. Awak dhewe neng kono kudu dodolan opo sing arep awak dhewe dol. Gurune dhewe ngewangi dhewe seko awal kanggo dodolan. Seko nentuke barang sing arep didol, tuku bahan panganan, nyepake panggon dodolan, tekan ngewangi masake. Pas kui, kelompokku milih dodolan bakso tusuk karo Milo. Sayange pas kui lagi udan, dadi es Milo sing awak dhewe dol ora akeh sing tuku. Nanging bakso tusuke payu tekan ora ono sisane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9726", "text": "Lagu gundul-gundul pacul yaiku lagu daerah khas Jawa Tengah. Lagu gundul-gundul pacul yaiku salah sawijining tembang dolanan sing biasane dinyanyikake kaliyan bocah-bocah. Bocah-bocah seneng banget yen dikongkon nyanyikake. Ben apal lagune, carane sing kaping siji yaiku weruh lirik lagune. Sing kaping loro yaiku sering ngerungokake lagu gundul-gundul pacul. Sing kaping telu bocah-bocah bisa nyanyi bebarengan karo kancane. Sing kaping papat, pas wayah dolanan bocah-bocah bisa karo nyanyi. Saengga yen wis apal dheweke bisa nyanyi tanpa ndelok lirik. Bocah-bocah pasti bakal seneng banget yen apal kaliyan lagu gundul-gundul pacul. Bocah-bocah uga bisa nyinaui makna lagune. Bocah-bocah uga bisa ngajari kanca liyane sing ana ing sekolah, ben kanca liyane bisa nyanyi sisan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5499", "text": "Taun 2021 lan 2022 dadi taun sing gemilang kanggo akeh cabang olahraga ning Indonesia, salah sijine yaiku pencak silat. Peminat pencak silat iki tambah akeh sing ngakibatake akeh perguruan silat anyar sing buka ning Indonesia. Salah sijine yaiku jenis pencak silat Madura sing dadi juara dunia ning ajang manca negara. Pencak silat uga dadi olahraga sing nyenengake yen ditonton, apa maneh sing cabang seni amarga bisa weruh kebudhayaan Indonesia sing dicampur karo seni bela diri. Nanging, ning stasiun TV jarang banget ditayangake lan mung ana ning sosial media utawa kanal video online. Kamangka kuwi, ayo dukung para atlet pencak silat lewat tayangan olahraga ben bisa maju kaya cabang olahraga liyane. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5831", "text": "Bapakku mbuka bengkel ning ngarep omah lan wis suwe banget usahane kuwi sepi amarga ana pandemi. Jarang ana wong sing ndandani motor utawa mobil. Bapakku uga mulai kekurangan dhuwit kanggo operasional bengkel. Banjur bapakkuu nduwe Ide ben bengkel iki ora tutup. Bapakku mulai mbuka video lan tutorial ndandani sepeda kaya mulai setir kanthi ban lan rantai. Bapakku pinter golek peluang bisnis, yaiku ndelok wong sing akeh seneng sepedaan. Sing marai seneng yaiku wong sing biyen langganan ndandani motor ning bapak, saiki ganti ndandani sepeda pancal amarga akeh wong sing seneng garapane bapakku sing rapi kuwi. Amarga kuwi, bapak saiki ora ngerasa rugi lan bengkel tetep buka. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2812", "text": "Kabeh wong sing urip nang suku utowo adat mesti duweni omah adat sing duweni fungsi macem-macem. Lah terus opo se sing jenenge omah adat iku? Omah adat yaiku omah sing ge bangun ambek coro sing podo utowo bentuk sing podo ambek awitan omah iku dibangun sampek turun temurun. Omah adat iku mesti gabangun utowo digawe ambek merhatikno fungsine nang uripe masyarakat utowo wong sing urip nang jaman iku utowo adat iku. Mangkane sing jenenge omah adat mesti duwene bentuk ambek rupo sing seje-seje. Lah sing garai seje iku opo? sing garai seje yo teko karakter wong sing nang adat iku maeng ambek kondisi lingkungan utowo keadaan, terus mabek cuaca sing ono nang daerah adat iku ono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9209", "text": "Dhek jaman saiki, akeh banget panganan sing ngandung lombok pirang-pirang. Kayata mie gacoan sing wis misuwur banget ana ing Indonesia. Mie iki duweni level pedhes dewe-dewe. Ana sing isi lombok 10 nganti 40 ya ana. Ora mbayangke kepiye pedhese lan kepiye dadine yen mangan mie gacoan sing level paling dhuwur. Kanggo ngilangi pedhese iki, mie gacoan duweni ngombe sing unik. Kayata es genderuwo, es pocong, lan liyane. Senajan jenenge medheni banget, nanging sakjane es e seger pol. Isine campuran buah lan sirop. Mie gacoan wis nduweni akeh banget cabang ana ing saben kutha. Mula, kanggo kowe sing durung tau njajal mie gacoan ayo gek ndang njajal!.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8936", "text": "Hal gak terduga selama pertandingan olahraga iku isok kedaden kapan ae. Iku pun gak mek dialami ambek atlet e tok, tapi penonton e isok kenek sisan. Salah siji sing tau tak alami iku pas nonton sepak bola, terus raiku kenek tendangan bola sampe marakno mimisen. Iku jelas kecelakaan dan gak onok sing isok disalahno. Pas awakku mimisen, aku langsung ngelakoni tindakan ben getih iku mau isok mandek metu teko irungku. Cara iki isok mbok tiru sisan. Siji, posisi sira nunduk tapi tetep lunggo tegak. Loro, pencet pangkal irung. Telu, kompres nganggo es nang pangkal irung. Papat, idukno getih sing melbu nang kerongkongan ben gak muntah. Terakhir, enteni sampe darah mandek ngalir.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "828", "text": "Michael Jordan kui pemain basket sing terkenal sepanjang masa. Aku dhewe kenal Jordan ora seko pertandingan basket, nanging malah seko film kartun, Space Jam. Artine dheweke iki pemain sing paling terkenal neng jamane, seko wong gedhe tekan bocah cilik. Iki iso dadi argumen yen dheweke kui dadi pemain paling apik. Alesan sing liya kui, dheweke uga entuk penghargaan pemain paling berharga tekan 5. Jumlah kui luwih akeh seko LeBron sing entok 4 lan Kobe sing mung siji. Jordan kui neng lapangan terkenal iso nyetak angka seko werno-werno kondisi. Ora mung jago nyerang, dheweke uga jago neng bagian pertahanan. Dadi Michael Jordan iki layak kanggo dadi pemain basket palin apik sepanjang masa.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7848", "text": "Aku sering banget ngerungokno keluhan sing siji iki, lali gak ngentas kumbahan sing lagi dikum. Dan iku gak mek dialami karo arek kos tok, tapi wong sing kerjo sisan akeh sing ngalami iki. Biasane iku mergo wes pegel pas moleh kuliah utowo kerjo, terus dadi males, dan akhire lali gak dientas. Nek wes ngono, onok siji solusi sing paling pas, yaiku nganggo mesin cuci otomatis. Nek wes nganggo iku, awakmu garek metek pisan tok, terus mesin cuci iku bakal bekerja otomatis bahkan sampe ngeringno kumbahanmu engkok. Kumbahanmu bakal aman deh sampe engkok awakmu moleh kuliah utowo kerjo. Dadi gawe awakmu sing sek sering lali ngentas kumbahan, tukuo mesin cuci otomatis gawe nang omahmu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9025", "text": "Wong-wong sing lagi diet pasti gak tau nge-skip sing jenenge ngombe jus. Bah iku jus buah, jus sayur, utowo campuran teko rong jenis panganan iku, pokoke ben dino iku kudu ngombe jus. Biasane, wong-wong iku sampe mbelani tuku slow juicer gawe program diet e. Ketoke koyok podo ae nggawe jus nganggo blender ambek slow juicer, padahal manfaat sing dientokno iku bakal bedo. Slow juicer iki bakal ngeremes bahan panganan alon-alon gawe ngeminimalisir tekanan udara dan bakal ngasilno jus sing kandungan nutrisine luwe duwur timbang nek ngejus nganggo blender biasa. Wes ngono, hasil sing dientokno teko slow juicer iki luwe lembut soale kabeh sarine keperes nang kono kabeh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1747", "text": "Pas awak dhewe kancanan karo wong kui, iso wae awak dhewe seneng karo wong sing podo. Nanging, awak dhewe ora kepengen hubungan kancanane kui pedot mergo urusan seneng-senengan. Supoyo kui ora kedadean, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, yen awak dhewe wis curiga, awak dhewe karo konco kui seneng karo wong sing podo, awak dhewe kudu ngobrol karo dheweke. Sing keloro, awak dhewe kudu ngeyakinke wong siji karo liyane, supoyo ora musahan mergo urusan kui. Sing ketelu, yen misale kui diroso keangelan, awak dhewe kudu lan koncone dhewe kudu golek cem-ceman sing liyo lan dipastike pas kui awak dhewe seneng karo wong sing bedo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1750", "text": "Neng Yogyakarta, tau ono angin puting beliung sing gedhe banget. Omah-omah lan fasilitas umum neng kota pelajar kui akeh sing rusak. Salah sijine kui sekolah sing bakal dadi panggonku sinau. Kui kedadeane sekitar taun 2007. Pas kui posisi aku durung pindah neng kota kui. Nanging budheku omah cerak seko SMP 15, SMP sing dirusak karo puting beliuang mau. Nanging, omahe budheku ora kenopo-nopo. Ono cerito sing aneh neng walik kedadean kui. Sak durunge, angine makin gedhe, ono simbah-simbah ngetok-ngetok pintu omah. Dheweke jaluk uyah jarena supoyo iso ngusir puting beliunge kui. Simbahe kui nyebarke uyahe neng sekeliling omahe budheku. Asli, omahe budheku slamet. Padahal, SMP 15 kui kahanane rusak banget. Jarake sekolah kui karo omahe budheku ora luwih seko 200 m.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9395", "text": "Hobi jaman saiki iku maceme akeh banget lan kadhang aneh. Kenapa aneh? awit wong saiki kadang ana sing duweni hobi ngingu macan, lan kewan buas liyane. Kayata artis Alshad Ahmad sing ngingu macan putih sing dijenengi Selen. Saliyange mung diingu, macan putih iki uga biasane dilebokna ana ing YouTube. Wong sing gemes karo macan iki akhire padha njaluk ndelok terus lan akhire macan iki dadi objek sing dieksploitasi karo sing duwe kanggo ing YouTube. Sakjane macan iku ora oleh diingu ana ing pekarangan omah, amarga macan iku kalebu kewan buas sing habitate ana ing alam terbuka utawa alas supaya naluri kewan buas e ora ilang. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4721", "text": "Museum Benteng Vredeburg pancen ninggalake cerita sing marai bungah nalika ketemu kanca anyar. Salah sawijine nalika aku pengen mlaku-mlaku dewenan ning museum iki, aku ketemu salah sawijining mahasiswa sing ngadakake penelitian, asmane Mbak Tiara. Mbak Tiara iki mahasiswa sejarah sing lagi penelitian pengaruhe budaya kolonial kanggo masyarakat Jogja. Amarga museum lagi sepi, aku kenalan karo Mbak Tiara lan ngobrol akeh babagan sejarah lan carane dadi peneliti sejarah lewat panggonan wisata iki. Jare Mbak Tiara, neliti panggon wisata sejarah iki ana untung lan angele amarga kadang wis diwenehi penjelasan diorama, nanging ya kudu nggawe pitakonan maneh apa penjelasan iki wes bener apa durung. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5127", "text": "Ning Jawa, ana lagu-lagu sing biyasane dinyanyekake karo dolanan pas wayah padhang wulan. Salah sawijine yaiku lagu \"Jamuran\". Lagu iki ngejak bocah-bocah cilik dolanan kaya mbedhek jamur apa sing didelikake karo kancane. Lagu iki uga padha karo \"Cublak-cublak Suweng\". Cara nyanyekake yaiku ana siji wong sing ndingkluk lan kancane sing ora ndingkluk dolanan ning gegere karo nyanyi. Pucuke tangan kuwi ditutulake marang tlapakan tangan sing kebuka lan digilir. Banjur yen lagune wis rampung bocah sing ndingkluk mau kongkon mbedhek ning ndi wiji utawa tangan terakhir sing ditutul kae mau. Yen bedhekane bener, kamangka bisa gantian karo bocah sing kepilih kuwi. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10174", "text": "Amargi wonten Indonesia kathah bentang alam awujud tebing, wonten pengusaha hotel ingkang damel hotel wonten tebing. Hotel Padjajaran Skylodge Purwakarta, menika asmanipun, dados hotel gantung ingkang kaping sepisan wonten Indonesia. Hotel menika pancen nembe gadhah setunggal kamar, nanging sensasi nginep wonten tebing punika boten saged dipunpanggihi wonten pundi-pundi papan. Mesen kamar wonten mriku, berarti sampeyan kedah boten jirih marang panggonan ingkang dhuwur. Supados saged tekan hotel, sampeyan kedah manjat tebing lan nyebrang nitih tali kados flying fox. Fasilitas kamar sampun lengkap kados hotel biasanipun. Sampeyan kedah niti undhak-undhakan saking wesi supados saged tekan kamar. Kapasitasipun kamar menika namung cekap kangge wong kalih.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6987", "text": "Salad buah isok dadi alternatif gawe wong-wong sing males mangan buah. Aku bakal jelasno resep salad buah sing temenan sehat soale gak ates mayonaise sing lemak jenuhe duwur kalo susu kental manis sing kandungan gulone duwur. Nek iki aku bakal nganggo yoghurt sing luwe sehat. Salad buah iku isok nganggo buah opo ae, tapi nang kene aku bakal nganggo stroberi, mangga, ambek gedhang. Terus gawe saos salad e, aku nganggo yoghurt rasa stroberi ambek rong sendok lemon peres. Pertama buah-buahe diketoki disik dadi bentuk kotak-kotak utowo sak senengmu, terus ditoto nang mangkok. Mbari ngono nang wadah liyane, campur yoghurt rasa stroberi karo lemon peres. Nek wes roto, saos iku mau dituangno nang duwure buah-buah mau. Salad buah sehat siap dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3219", "text": "Nak tak delok-delok saiki akeh bocah-bocah dolanan hp nang peteng-peteng kadang ambek turu barang. Padal asline iku ora oleh soale iso dadekno moto loro. Nah perkoro iku maeng yo wes dianjurno karo dokter, karo pakar teknologi, ambek pabrike nang buku panduan yo wes nganjurno ngunu. Tapi anjuran iku akeh sing ora dituruti terus efeke saiki akeh sing kenek min, terus motone rodok mblawur, ambek akeh sing motone moro-moro pereh barang. Kabeh iku maeng polahe ora nuruti anjuran ambek prosedur penggunaan hp sing ancen wes diwei ambek pabrike nag buku panduan sing ono nang kerduse hp. Nag wes kadung nginiki biasane sing kenek yo hpne. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7754", "text": "Piala Dunia FIFA utowo wong-wong nyebute FIFA tok iku kompetisi sepak bola internasional sing dituti karo tim nasional putra senior anggota Federasi Sepak Bola Internasional sing dadi badan pengatur sepak bola sak dunyo. Kejuaraan iki diadakno patang tahun pisan dan wes diadakno ket tahun 1930. FIFA iki dinilai dadi kompetisi olahraga sing paling akeh peminate. Sing paling jelas, kabeh pecinta bal-balan iku pasti bakal ndelok kompetisi iki. Cuma sing bedo iku, bahkan wong-wong sing gak seneng bal-balan ae bakal nonton pertandingan iki sisan ben eroh sopo sing dadi pemenang bal-balan sak dunyo iki. Bahkan wong-wong pasti mbelani langganan Vidio ben isok nonton pertandingan FIFA secara langsung. Istilahe ngono nek gak nonton FIFA iku bakal ketinggalan tren. Makane akeh uwong sing gak gelem kari dewe dan podo akeh sing nonton sisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5483", "text": "Catur kuwi salah siji olahraga sing nduwe manfaat kang gedhe kanggo mental lan kecerdasan. Miturut artikel media halodoc, permainan catur iki bisa ningkatake memori amarga olahraga iki kudu ngapalake akeh pola lan uga langkah mindahake buah catur. Catur iki bisa ningkatake kreatvitas siswa amarga miturut penelitian, catur iki mbutuhake strategi sing bisa ngerangsang daya pikir kanggo para bocah. Kamangka, wong sing seneng dolanan catur iki bisa nduwe kemampuan kanggo nyusun rencana sing apik. Catur iki uga bisa dadi salah siji cara terapi kanggo wong sing gampang stres lan ngelatih fokus amarga bisa ngewenehi layanan lan strategi antistres kanggo para pasien.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4626", "text": "Ana panganan sing terkenal ning daerahku, yaiku tahu aci Tegal. Tahu iki khas amarga rasa lan bentuke bedha saka tahu aci sing ana ing Pemalang. Cara nggawene gampang. Kaping pisan, nyediakake tahu putih utawa kuning. Tahu iki kudu sing isih seger lan langsung dikum karo banyu uyah ben luwih awet lan luwih enak, Kaping pindho, campurke tepung aci, bumbu, banyu setithik, uga irisan godhong brambang utawa kocai. Bar kuwi, adonan kuwi mau digoreng bareng tahune. Carane, tahu diparuh dadi loro lan tengahe diwenehi adonane aci. Nggorenge kudu ning lengo panas ben mateng lan kudu diwolak-walik ben ora gosong. yen wes mateng, Tahu isa dipangan karo lombok ijo ben saya enak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9030", "text": "Dino iki, aku ngajak adek-adekku gawe mlaku-mlaku nang TP. Berhubung aku buru ae gajian, aku nraktir adek-adekku sembarang kalir. Mulai teko mangan bareng, njajan, sampe tuku klambi kabeh tak bayari. Mbarine muter-muter adoh, awak dewe gak sengojo ngonangi onok mesin pembuat jus jeruk. Cara kerjane iku awak dewe garek mbayar 10 ewu, terus robot e iku bakal nggawekno jus jeruk secara otomatis. Berhubung penasaran, akhire aku nyoba nglebokno duit 10 ewu. Dan bener, robot e langsung nyala dan nggawe jus jeruk iku mau. Gak suwe, jus jeruk e wes dadi. Pas tak coba, rasane iku sepo pol. Soale jus e iku bener-bener murni jeruk tok, gak atek ditambahi gulo blas.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2494", "text": "Jarene salah siji situs online, Hobi iku duwe manfaat sing gede kanggo ngilangno stress sak marine ngelakoni penggawean sing akeh. Soale karo hobi maengwong iso nyenengno awak'e ambek pikirane maeng. Tapi ora kabeh hobi iku murah salah sijine sing hobi mlaku-mlaku utowo mangan. Hobi mlaku-mlaku utowo jeneng sing terkenale Travelling iku butoh biaya gede. Mari ngunu mangan barang yo butuh biaya gede, soale mesti pengen ngerasakno panganan sing aneh-aneh. Mangkane Hobi iku ora kabeh enak, jarene wong sing duwe duwek akeh, hobi opo wae podo wae sing penting awak'e seneng nag ngelakoni. Tapi akeh-akeh wong sing ora sugeh hobi apapaun sing penting nyenengno.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2452", "text": "Aku tau liburan nag pantai nang daerah tulung agung jawa timur. Pantai'ne iku sing garai aku kelingan sampek saiki soale apike pol. Pantaine iku pasire putih ambek onoh hutan pinuse sing lumayan omboh dadi nag kono yo kenek di gawe kemah. Mari ngunu ono gubuk-gubukan sing kenek di gawe leyeh-leyeh ambek delok gedene ombak. Sak liyane iku, Pantai iku maeng yo ono air terjune, dadi iki sing garai bedo karo pantai liyane sing mok nyugohno pemandangan laut ambek ombak tok. Tapi nak nang kene ono sing jenenge air terjune barang. Masio air terjune ora duwur, tapi iku cukup garai pemandangane uapik. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9378", "text": "Nalika duwe wektu kang longgar, kagiyatan kang bakal dakandharake ing sabanjure iki mbok menawa bisa koklakokake. Siji, reresik kamar lan peturon. ora mokal yen pancen saben dina kowe wis reresik kamar utawa papan turu, nanging kang dakmaksud yaiku nata meneh piranti-piranti utawa ngresiki sawang kang ana dhuwur ternit, ngganti kapur barus ana jero lemari, apadene ngelap kaca ana meja riasmu. Loro, ngresiki kolah utawa kamar mandi. Tegese, kowe bisa ngresiki piranti kang ana jero kamar mandi kanthi cara disikat utawa dilap nganggo cairan anti kuman utawa noda, kaya WC, ember, cidhuk, gantungan sabun sampo lan sikat gigi. Reresik kamar mandi iki wigati katindakake yen wektumu longgar sebab papan iki saben dina dianggo dening kabeh wong kang ana jero omah. Ayo padha sregep anggone resik-resik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9788", "text": "Saben wewengkon kui nduweni tokoh utawa pangarep kang kerep didadekake tuladha marang siji lan sijine. Pangarep saben wewengkon kui milihe beda-beda. Ananging, pangarep sing kerep luwih diajeni iku biasane pangarep kang isa imbang antarane adhat istiadhate lan kauripan sosial marang siji lan sijine. Kengenapa kok isa mengkana? Amarga pangarep adhat iku kudu isa ngarahake, ngajak, ngawasi, njupuk caraka upama ana prakara ing kiwa tengene. Kamangka kuwi, yen milih tokoh adhat kuwi biasane akeh-akeh saka trah kaluwarga. Yen saka beda trah, biasane uwong kang oleh wahyu utawa paling dianggep ngerti lan tuwa. Kamangka kui, para kanca yen milih pangarep adhat dipilih temenan ya, sing bener, ben isa njaga wewengkon lan masarakate.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9746", "text": "Keris salah siji senjata tradisional sing isih ana ing Indonesia. Kanggo wong sing duwe keris iki uga kudu bisa ngeramut supaya kerise awet lan ora gampang rusak. Iki tata cara kanggo ngeramut keris. Kaping siji, keris dikum ana ing banyu kelapa. Keris bisa dikum 2 dina nganti seminggu tergantung karo korosine keris. Kaping loro, sawise dikum karo banyu kelapa keris digosok karo jeruk purut nganti resik. Kaping telu, keris bisa dikum maneh ana inh banyu sing isine larutan waranggi. Sawise iku bisa dikumbah maneh karo banyu. Sing terakhir, keris dipepeh ana ing panggon sing panas supaya bisa garing kena srengenge.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7758", "text": "Pekan Olahraga Nasional utowo disingkat dadi PON yaiku pesta olahraga nasional nang Indonesia sing diselenggarakno karo Komite Olahraga Nasional Indonesia. PON iki diadakno ben patang tahun pisan dan diituti kabeh provinsi sak Indonesia. Terakhir PON XX iku diadakno nang Jayapura, Papua. PON iki dinilai isok mbangkitno rasa sportifitas dan iku bakal ngerangsang kebangkitan rasa nasionalisme sing terpendam nang generasi penerus bangsa. Teko kono, jiwa nasionalisme isok bangkit dan persatuan karo kesatuan ben individu nang berbagai pelosok tanah air bakal isok tambah terjalin erat. Tapi sayange, PON iki sek dipandang sebelah mata karo masyarakat mergo sek kalah karo pertandingan olahraga luar negeri sing liyane. Padahal nek didukung secara penuh, olahraga iki isok ngalahi pertandingan olahraga sing liyane. Makane ojok isin gawe ndukung acara PON iki rek.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5456", "text": "Tandhing basket kuwi dadi salah siji pertandingan olahraga sing paling dienteni karo para penggandrunge. Basket iki mbutuhake stamina sing kuat lan uga konsentrasi ben pertandingan iki lancar lan ngasilake poin sing dhuwur. Miturut wikihow, ana cara-cara sing kudu digatekake karo para atlet sak durunge tandhing. Kaping pisan yaiku istirahat sing cukup yaiku turu 8 jam kanggo njaga stamina para atlet. Kaping loro yaiku nyiyapake barang-barang sing arep digawa sak durunge tandhing ben ora kelabakan pas arep budhal amarga iki ngaruh ning mental. Kaping telu yaiku ngonsumsi penganan sing ngandung karbohidrat 2 jam sak durunge tanding lan ngombe banyu putih sing akeh. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9058", "text": "Nek jaman mbiyen, aku iku mesti kudu ngetik ulang nek kate ngesitasi sesuatu teko buku. Jujur ae, sing koyok ngono iku kadang megelno. Soale sing kate tak sitasi iku uakeh pol. Tapi saiki aku gak maneh kangelen, soale aku mek garek nganggo fitur text scanner nang hp ku. Fitur text scanner iki bakalan nge-scan tulisan sing onok nang teks, terus awak dewe garek copas tulisan iku, mari wes. Awak dewe dadi gak usah repot gawe ngetik ulang, mek garek copas dan ngedit sitik-sitik, wes ngono tok. Dadi gawe awakmu sing sek leren ngetik ulang, manfaatno fitur text scanner sing onok nang hp mu yo rek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "950", "text": "Pas SD kui, neng sekolahan kui gawe lomba foto. Lomba kui khusus kanggo murid-murid kelas 4 lan kelas 3. Kabeh siswa sing arep melu lomba kui oleh ngeleboke sak akeh-akeh foto sing iso dientoke. Mengko seko akeh foto kui, bakal dipilih siji foto seko masing-masing siswa sing melu lombane. Yo wis seko kui, aku ngejak ibuku neng taman-taman cerak omahku supoyo aku iso akeh entuk gambar. Aku golek mung sedino. Bar kui, aku langsung nyetak foto kui. Aku nyetak sekitran 10 foto. Minggu sesoke, foto kui tak lumpuke neng guruku. Neng akhir minggu kui, foto-foto lomba kui dipajang neng papan pengumuman. Pas delok fotoku kui dipajang, seneng banget rasane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7076", "text": "Onok akeh cara gawe ngilangno stres ambek pegel-pegel nang awak sak wise kerjo. Mulai teko turu sak dinoan sampe pijet refleksi. Onok salah siji cara sing paling sederhana gawe ngilangno stres tanpa kudu ngetokno duit akeh dan mek butuh meneng tok. Yaiku ngrendem sikil nang banyu anget. Tapi banyu angete guduk banyu anget biasa, tapi banyu khusus. Cara nggawe banyu khusus relaksasi iki gampang. Mek butuh banyu anget, uyah, karo essential oil. Pertama banyu anget didekek nang timbo. Mbari ngono dikeki uyah terus diudek sampe uyahe larut. Terakhir, tetesi essential oil. Saiki garek celupno sikil nang njero timbo sekitar 15 menitan sampe banyune adem. Relaksasi murah meriah iki isok dilakoni pas lagi nganggur nang omah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7877", "text": "Dolanan robot iku gak mesti kudu sing ribet kok. Onok salah siji cara gawe ngerangkai robot sederhana nganggo sikat gigi. Pertama siapno disik bahane. Mulai teko motor DC sing cilik gawe vibrator HP, sikat gigi sing wes dipotong, baterai, selotip, gunting, karo kabel nek motore gak onok kabele. Cara nyusune iku ngene. Siji, perikso motor. Nek motore gak onok kabel e, pasangen kabel ndek nggon e. Biasane bentuke iku rong plat logam cilik. Kabel mau isok disolder cek kenceng, utowo isok ditempel nganggo selotip. Loro, tempelno motor mau nang sikat nganggo selotip. Posisikno kabel e sampe metu. Telu, tempelno baterai nang sikat nganggo selotip. Aturen ben kabel e gaduk nang rong kutub batre iku mau. Papat, sambungno kabel motor karo baterai. Nek wes ngono, motor karo sikat iku bakat geter. Terakhir, dekeken robot ndek lantai. Wes deh, robot wes isok didoleno.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6685", "text": "Sifat negatif kuwi ana amarga dukungan saka lingkungan. Akeh wong sing ora nyaman urip ning kampung utawa ning desa amarga mesti akeh omongan sing ora ana dasare lan dadi fitnah. Omongan iki ana amarga omah warga kuwi cedhak lan sering ketemu ning panggona kerja kaya sawah, ladhang, kebon, lan uga ning laut yen desane desa nelayan. Utawa uga sering ketemu ning industri sing ana ning desa kuwi. Frekuensi kanggo ngomongake wong uga tambah dhuwur. Topik omongane kuwi uga akeh variasine. Kanggo wong sing ora biasa ya malah ndadekake tambah ora betah amarga kerep oleh omongan ora kepenak saka tangga desa. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5501", "text": "Pak Anton kuwi salah siji pegawe negeri ning kantor kelurahan. Ning wayah istirahat saka pelayanan umum, Pak Anton seneng banget dolanan gim klasik ning komputer kaya Zuma lan Solitaire. Zuma iki gim kaya dolanan neker lan nyusun werna. Pak Anton seneng dolanan Zuma amarga suarane banter lan bisa ngelatih fokus. Banjur gim iki uga dadi gim sing mesti ana kanggo ngobati sumpek lan ngobati ngantuk wayah istirahat. Ning omah, Pak Anton uga dolanan Zuma karo anake nanging ya ora nganthi lali karo kewajibane ning kantor lan uga ning omah. Nanging Pak Anton iki uga wis bosen lan pengen golek alternatif gim liyane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3222", "text": "Laptop iku saiki wes ora gawe Hardisk tapi wes SSD sing bantere pol nag digawe mroses data. Terus Ram-me yo ora DDR3 tapi wes DDR4 sing kenek ditambahe maneh. Sak liyane iku Keyboard-te iku saiki yo ono sing iso makan dadi nag ngetik masio rodo peteng isek kenek. Terus sing sangar iku Graphic-ke sing apike megilan soale keneg di gawe dolanan sembereng kaler, soale Ram-me gede wolong giga. Nah kabeh iku maeng ancene sing rodo apik. Dadi laptop sing duwe fitur ambek mesin koyok maeng ancene regone rodok larang awit teko nem juta sampek welasan juta karek merek endi sing ngetokno produk sing duwe fitu-fitur koyok ngunu. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2127", "text": "Bojone koncoku kui dodolan risol neng omahe. Pas wingi aku neng omahe, aku ngecipi dodolane. Jebul kui risol mayones paling enak sing tau tak pangan. Mergo penasaran, aku takon corone dheweke dodolan. Sing kesiji, jarene, awak dhewe ora iso mung ngadelke ngerti resep. Awak dhewe uga kudu terampil gawene. Nek gawe risol, awak dhewe kudu latian gawe kulite. Sing keloro, awak dhewe uga kudu gateke bahane. Awak dhewe kudu nganggo bahan sing kwalitase paling apik. Sing ketelu, awak dhewe kudu gateke ukuran lan isiane. Soale kui bakal ngaruh neng rego. Sing keloro, awak dhewe kudu gateke rego. Regone kui masuk akal opo ora kanggo wong ngedol meneh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9029", "text": "Ben wulan iku aku mesti nang Klinik Kecantikan. Tujuane aku mrono iku gawe ngelakoni ekstraksi komedo sing wes numpuk nang rai ben wajahku ketok luwe resik dan gak jerawaten maneh. Sing koyok ngono iku jenenge facial. Tapi biaya gawe facial iku lumayan larang, dadi kadang aku kudu mikir-mikir nek kate facial. Tapi saiki aku wes jarang nang Klinik Kecantikan maneh. Opo’o? Soale aku wes nduwe cleansing brush. Garek nganggo iku ben wayahe cuci muka, wajah rasane langsung alus. Terus nek rutin nganggo iku, komedo sing onok nang wajah iku isok metu dewe, dadi wes gak perlu maneh nang Klinik Kecantikan gawe facial. Gawe awakmu sing pingin nduwe kulit glowing, ayo nganggo cleansing brush rek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9711", "text": "Aku nduweni kanca jenenge Teguh. Dee urip ing Rumah Gadang. Rumah yoiku omah tradisional seng asale seko daerah sumatera. Rumah gadang iku rumah adat suku Minangkabau. Omah iki nduweni keunikan utawa ciri khas seng mbedakne saka omah tradisional liyane. Bentuk e omah gadang yoiku atap e koyo sungu e kebo. Jarene teguh cacahe kamar bedha bedha miturut wong wedhok sneg ngenggoni. Amarga saben wong wedhok seng ngenggoni uwes ndhuweni bojo, wong wedhok iku bakale ndhuweni kamar dewe. Jarene teguh omah adat Gadang nduweni 2 kanggonan, yoiku kanggonan adat lan kanggonan saben dina. Omah adat Gadang nduweni fungsi temporer iku dadi nggon kegiatan adat seng biasae dilakokno ing wayah – wayah tertentu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5445", "text": "Ekskul sing paling kondhang lan sering lomba yaiku futsal. Ning sekolah, akeh banget bocah lanang sing minat melu ekskul iki. Nanging ning ekskul iki ora umum bocah wedhok sing melu, padahal futsal iki wis akeh kemajuan lan akeh panitia lomba olahraga nggawe aturan futsal khusus wedhok. Uga miturut majune jaman, wis mulai akeh lomba futsal wedhok tingkat negara utawa manca negara. Kurange minat iki salah sawijine amarga kurange kampanye babagan olahraga futsal kanggo wedhok ning sekolah kan ora ana pelatih sing bisa mbentuk tim. Pihak sekolah iki uga dadi bagian sing penting kanggo nuwuhake semangat futsal putri ben bisa nyithak luwih akeh prestasi. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9026", "text": "Wong wedok iku senengane noto rambute dadi macem-macem model. Bah iku kriwul, bah iku lurus, pokok kabeh dilakoni ben rambute ketok apik. Salah siji alat sing biasa digawe noto rambut iku jenenge catok. Nek nganggo alat iku, awak dewe isok ngelurusno rambute awak dewe ben isok ketok rapi dan gak awut-awutan. Sak durunge nganggo catok, awakmu iku kudu nyiapno kondisi rambutmu gawe ngeminimalisir kerusakan rambut. Carane iku koyok ngene. Siji, olesno vitamin rambut sak durunge catokan. Loro, nganggo o pelindung panas gawe ngehindari kerusakan rambut. Telu, sisir rambut terus bagi rambut dadi pirang bagian. Papat, semprot hair spray ben tatanan rambut luwe awet. Terakhir, nganggo dry shampoo ben rambut isok ngembang apik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9720", "text": "Ing wayah preian sekolah bocah-bocah seneng kumpul gawe dolanan bareng. Rina, Riko, Deden lan Satria dolan menyang omahe Nana. Dheweke mancal numpak sepedae. Sawise suwi ing dalan, bocah-bocah totok ing omahe Nana. Dheweke mikir, dolanan apa sing bakal dilakokake. Rina usul yen dolanan cublak-cublak suweng wae. Kabeh bocah setuju. Riko sing dadi, akhire bocah liyane ngelakokake watu ing nduwure awak e Riko kanggo lagu cublak cublak suweng. Sawise iku, Riko mbadhek sopo sing nggawa watune. Sing nggawa watune yaiku Satria. Ananging Riko ora bisa mbadhek. Akhire Riko dadi maneh. Wis suwi bocah-bocah dolanan, akhire wis wayah surup. Bocah-bocah pamit mulih marang Nana.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7359", "text": "Salah siji peristiwa sing onok hubungane ambek sejarah mudune Al-Qur’an nang bumi iku jenenge Nuzulul Qur’an. Nuzulul Qur’an iku asale teko rong kata, yaiku 'nuzul' sing artine nuruno sesuatu nang panggon duwur nang panggon sing cetek, ambek 'Qur’an' sing artine kitab sucine umat Islam. Al-Qur’an pertama kali diduno nang Gua Hira pas tanggal 17 Ramadhan 610. Makane sampe saiki Nuzulul Qur’an iku dirayakno pas malam ke-17 Ramadhan. Nuzulul Qur’an iki disebut dadi bengi sing luwe apik timbang sewu wulan. Maksude iku kabeh amalan sing dilakoni pas bengi iku luwe apik timbang amalan sing dilakoni selama sewu wulan. Dadi gawe awakmu sing Muslim, akeh akehno ibadah pas bengi ke-17 Ramadhan nek gelem entok pahala akeh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7747", "text": "Kadang, onok dino-dino khusus ndek ndi arek sekolah iku mesti ngeluh nek awak e iku keroso puegel puol. Tapi pegele iku mek ndek dino tertentu tok. Nek diteliti maneh, dadakno onok dino ndek ndi arek iku mbari moleh sekolah iku kudu melu ekskul terus sek kudu lanjut melu les nang LBB. Nek wes ngono, awak dewe sebagai wong tuwo iku kudu ngewangi ngatur jadwal sisan. Siji, ndelok disik jadwal ekskul e arek iku ben dino opo ae. Loro, nek awakmu sek melokno LBB, tentukno jadwal les sing gak tabrakan karo ekskul e. Misal, ekskul e iku onok dino seloso karo kamis, berarti pilih jadwal LBB selain dino iku. Nek wes ngono, arek iku gak bakal ngeroso kepegelen saking sibuk e kegiatane.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4615", "text": "Akeh wong sing nganggep panganan cepat saji kuwi ora ramah lingkungan lan ora apik kanggo kesehatan. Produksi panganane higienis, tapi bahan sing dinggo kadang ora sehat amarga akeh sing sintesis. Sak liyane kuwi, kemasan sing dinggo mbungkus ya ora ramah lingkungan amarga saka plastik lan bahan-bahan sing ora bisa ajur yen kekubur ning tanah. Ana organisasi ning luar negeri sing ngomong yen panganan cepat saji kuwi sampah sing dikemas apik. Kuwi sebabe saiki perusahaan sing produksi panganan cepat saji mulai melu nggalakake kampanye ramah lingkungan kaya minimalisasi nganggo kemasan plastik lan nyediakake menu kanggo vegan sing bahan dasare nganggo jamur utawa kacang-kacangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3234", "text": "Nang TV iku siarane ancene macem-macem, ono sing temenan ono sing bujukan. Nag ora ati-ati nag delok TV yo bakal percoyo ae ambek bakal kebijuk opo maneh saiki jamane wes gendeng-gendengan koyok ngeneki. Mangkane nang delok TV iku kudu pinter-pintere wong ben ngerti endi sing tepak ambek sing salah. Terus nag radio barang yo ngunu, opo maneh radio iku tambah ora ketok wonge, tambah blaeni, soale sing ketok wonge koyok TV ae isek kenek gawe bijuki wong, opo maneh sing ora ketok, mok suoro tok yo tambah ora karuan medenine. Dadi daiki jamane wes podo ora jelas koyok ngeniki yo kudu ati-ati. Ojo gampang percoyo ambek sing jenenge TV karo Radio.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10050", "text": "Oncom menika daharan asli Indonesia ingkang didamel saking proses fermentasi kacang kedele. Daharan menika gadhah nutrisi ingkang sae kangge kesehatan. Miturut panaliten, oncom gadhah kandungan zat besi, fosfor, kaliyan niasin. Zat besi saged nyegah anemia. Niasin saged ngirangaken kadar LDL utawi lemak darah. Stroke ugi kalebet penyakit ingkang saged dicegah menawi sampeyan asring dahar oncom. Zat fosfor wonten oncom saged nyegah penyumbatan pembuluh darah. Sampeyan ingkang gadhah masalah reproduksi ugi saged dahar oncom amargi fosfor bakal ngimbangake hormon supados masalah reproduksi saged diobati. Ibu hamil kaliyan janin bakal sehat umpami asring dahar oncom. Reginipun oncom mirah wonten pasar. Daharan menika saged diolah dados sekul tutug oncom, cireng, utawi digoreng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8635", "text": "Salah siji gunung sing paling sering dadi inceran para pendaki gunung iku Gunung Arjuno. Gunung Arjuno dewe iku gunung sing paling duwur sing onok nang Jawa Timur. Salah siji alesan pendaki iku seneng banget nang Gunung Arjuno iku mergo keindahan e sing uapik pol. Mulai teko hutan ceara, padang sabana, ambek perkebunan warga nang sekitar lereng gunung. Mbasio ngono, Gunung Arjuno iki terkenal ambek hal mistis e. Sing paling terkenal iku jare onok pasar setan alias pasar ghaib paggon e setan-setan sing onok nang kono. Onok sing ngomong nek wes kadung melbu nang pasar iku, bakal angel balik nang dunyone menungso. Hal iku sing ditebak karo akeh uwong dadi penyebab akeh uwong sing sering nyasar pas ndaki nang Gunung Arjuno.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10021", "text": "Bambang Pamungkas dadi idolane Ayahku. Olahragawan bidang bal-balan iki wis misuwur banget ana ing Indonesia. Saben ana pertandingane Bambang Pamungkas, Ayahku mesti ndelok. Kaya saiki, Ayahku wis ngajak aku ndelok bal-balan ana ing Gelora Bung Karno. Bambang Pamungkas dadi kapten kanggo tim Indonesia sing musuh Malaysia. Aku lan Ayahku dukung Bambang Pamungkas nganti wis nggawe atribut khas kayata kelambi warna abang sing ana tulisan jenenge Bambang Pamungkas. Nalika Bambang main, aku lan Ayahku ora mandeg kanggo mbengok jenenge supaya tambah semangat kanggo ngegolna. Bal-balane tambah sengit amarga skore bedhu. Sawise pertandingane wis rampung, aku lan Ayahku langsung mulih lan ngerasa seneng banget wis bisa ndelok Bambang Pamungkas main dina iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4043", "text": "Konconan sing apik iku ora atek kenemenen pareke soale engko nag kenemenen iso dadeknno perkoro sing ora apik, contohne nag nyila opo-opo maleh sak karepe dewe sukur jipik mergo wes kenal akhire yo ora atek kondo sukur gowo ngunu, terus nag utang barang yo sak karepe dewe mergo deke iku wes rumongso parek dadi ora nganggep iku dadi perkoro sing penting. Yo konconan iku enak sing biasa ae ben ora marakno loro ati barang nag ono opo-opo sing sekirane kudune konco sing dijak kok moro-moro wong liyo. Nah ngunuku nag ancene konco sing ora sepira nemen pareke yo biasa ae, soale mesti ora ngajokno atine tapi pikirane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7793", "text": "Jaman saiki, dolanan online semacam LoL ambek PUBG iku isok dikategorikno dadi cabang olahraga e-sport. Salah siji perlombaan e-sport iku PUBG Mobile Global Championship utowo biasa disingkat PMGC. Pertandingan iki diselenggarakno ben tahun pisan. Nang tahun 2022 iku diselenggarakno tanggal 10—27 November 2022 nang Malaysia. Nang turnamen iki, dijanjikno bakal ngekeki hadiah sing total nilaine 4 juta dollar US utowo setara 62,4 miliar rupiah. Terus nang tahun iku, PMGC 2022 iku gak maneh nganggo format East Region ambek West Region. Gantine, babak liga nang PMGC 2022 mencakup serangkaian pertandingan sing terdiri teko Group Stage, Survival Stage, ambek Last Chance Stage.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2496", "text": "Nag delok hobine wong saiki iku macem-macem. awit perkoro sing masuk akal sampek sing ora masuk akal ambek sing angel dilakoni uwong umum. Tapi ngelakoni hobi iku iso ngewei dampak sing positif kanggo awak dewek kabeh salah sijine pikiran iso rilex ambek anteng soale wes kepekelen kakean mikirno penggawean ben dino. Sak liyane iku, hobi yo iso wae garai wong iso gembulan ambek wong lingkungane tambah raket, contone wong sing duwe hobi cangkruan yo mesti kancane tambah akeh, terus pikirane barang tambah jembar soale akeh wong sing iso dijak ngomong karo ijol pengalaman. Mangkane saiki wong sing duwe hobi aneh-aneh biasane wonge iku kreatife pol soale pikirane iku bebas bebane gak sepiro akeh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2805", "text": "Nag mlaku-mlaku nang jogja iku paling enak nag pas wayai parek-parek ambek ulan mulud. Soale nang kono ono sing jenenge Upacara Adat Sekaten. Lah acara iki ancene ramene pol, Tahun 2019 sak durunge korona ake tau melok pisan, awitane tak sangkano mok acara biasa. Tibak'e ramene megilan. Lah cara iki jarene wong-wong nang kono pas aku takok, iku ancene rutin diadakno sak tahun pisan kanggo memperingati lahire nabi Muhammad S.A.W. Teko situs Jogjaprov yo nerang no nag upacara iku ancene dilakoni sak tahun pisan pas tanggal 5 robiul awal sampek 11 robiul awal nag nang tanggalan jowo diarani ulan mulud. Mangkane nag pas ulan iku mesti ramene pol.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7863", "text": "Vacuum cleaner utowo pengisap debu iku alat sing isok digawe ngeresikno kotoran nang sudut-sudut omah dengan cara disedot nang njero kontainer sing onok nang njero mesin e. Paling sering pengisap debu iki digawe ngeresikno sudut tembok omah sing angel dijangkau utowo digawe ngeresikno karpet. Jenis-jenise penghisap debu iki yo onok sembarang kalir. Siji, upright. Loro, canister. Telu, drum. Papat, wet/dry. Limo, pneumatic. Enem, backpack. Pitu, hand-held. Wolu, robotic. Songo, cyclonic. Sepoloh, central built-in. Sulas, constellation. Jenis-jenis iku mau nduwe fitur e dewe-dewe sing dikhususno gawe jenis siji iku tok, tapi fungsi utamane iku podo kabeh, yaiku gawe nyedot debu nang omah.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5061", "text": "Tera kuwi salah siji kanca sekolahku sing sregep lan pinter. Ora mung ning sekolah, Tera uga sregep banget budhal menyang gereja lan melu kumpulan agama kristen ning sekolah. Nanging seminggu iki, Tera sering ijin ning tengah jam pelajaran. Jebul Tera melu lomba cerdas cermat alkitab. Cerdas cermat iki isine yaiku lomba-lomba sing mbahas babagan kandungan alkitab. Tera iki sabendina latihan soal lan ngapalake ayat-ayat penting ning alkitab. Kadang aku uga ngancani Tera apalan alkitab. Pungkasane, Tera budhal lomba lan kanthi tekan final. Usaha Tera kanggo apalan iki ora sia-sia amarga dekne ora mung apal, nanging uga paham bagian-bagian ning njero alkitab. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5821", "text": "Dodolan paling gampang kanggo pelajar kaya Rani saiki yaiku dodolan akun kanggo hiburan online kaya akun Netflix, Spotify, Youtube, lan uga sak panunggale. Pas wayah sekolah ning omah amarga pandemi, Rani malah oleh untung akeh amarga dhuwite isih wutuh. Rani uga ora keganggu sinaune lan isih sempet wara-wiri dolan karo kancane. Dodolan ning omah iki ditambah uga dodolan akun kanggo mbuka aplikasi desain sing dibutuhake wong. Dhuwit saka dodolan iki malah dinggo Rani kanggo modal dodolan liyane ben untunge tambah akeh lan isa nyelengi kanggo biaya kuliah. Sing paling nyenengake yaiku saiki Rani wis bisa ngejak wong liya dodolan ben bisa sukses. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6387", "text": "Mbangun ekowisata kuwi pancen mbutuhake proses sing luwih dawa lan mbutuhake akeh wong sing partisipasi marang kegiatan iki. Awal kanggo mbentuk ekosistem pariwisata ning desa iki yaiku nggawe organisasi kelompok pengembang wisata kaya saka Karang Taruna utawa PKK. Banjur nggawe proposal sing bener lan ga sah miturut hukum sing diawasi karo notaris lan diusulake menyang pemerintah. Proposal kuwi uga kudu jelas lan isisne ana potensi wisata, apa wae sing kudu disiyapake, lan uga perkiraan pemasukan lan pengeluaran. Organisasi pengelola uga kudu digatekake temenanan ben ora salah kaprah lan bubrah. Warga uga kudu melu njagani keputusan saka pemerintah babagan desa wisata iki. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4794", "text": "Salah sawijine kegiyatan sing bisa dadi hobi kang nyehatake awak yaiku sepedahan. Hobi iki dadi primadona ning kutha-kutha gedhe. Sakjane hobi iki ya mung nyediakake sepeda, nanging sing marai larang ya printilan kaya helm, klambi, kacamata khusus, lan sapanunggale. Uga sing bisa marai larang ya gengsi sing dhuwur. Kadang wong siji karo liyane seneng mbandingake rega sepeda, golek sepeda sing paling larang, lan piranti sing regane ya ora kalah larang. Apa maneh saiki sepedahan nduwe akeh masalah amarga kurange perhatian marang lalu lintas. Amarga iki, hobi sing maune apik lan gampang ditiru masyarakat bisa dadi salah sawijine hobi sing ngerugikake masyarakat.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "46", "text": "Yen pengen sampeyan seneng ngopi, pengen kopi sing kekenian nanging ora ono duwite. Aku ono solusine. Timbange larang-larang tuku neng kedai kopi mending gawe dewe. Bahan-bahane gampang kok, mung kopi instan, gulo, lan susu. Sing kepisan, godog banyu tekan mendidih. Tuang sak saset kopi instan neng gelas ukuran 125 ml. Banjur banyu mendihe dituang neng gelas kui sekitar 50 ml. Sisane, 75 ml, diisi karo susu. Ben rosone, mirip koyo kopi kekenian, susu sing dienggo aku saranke ojo song tawar. Sesuai selera, tapi neng saranku nganggo susu sing rosone karamel opo sing roso kelopo. Nek misale kurang legi, iso ditambah gulo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2850", "text": "Nag moleh nang jawa timur mesti bocah bocah iku titip panganan utowo oleh-oleh khas jawa timu. Lah wingi pas aku balik teko jawa timu, bocah-bocah tak tukokno sing jenenge wingko Babat. Panganan iki ancene dadi oleh-oleh khas Babat awit aku cilik sampek gede. Dadi wes pirang pirang tahun suwene. Mari ngunu sing seneng ket biyen sampek saiki yo isek tetep akeh. Lah terus opo sing garai panganan iki gesenengi ambek wong akeh? sing garai akeh wong seneng yoiku rasane. Rasane iki ora mok angger legi tok, tapi yo ono campurane gurih-gurih'e. Lah gurih-gurihe iku maeng teko klopo sing kecampuran ambek uyo ora kok mergo dikei masako. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9745", "text": "Celurit iku dadi salah sijining gegaman tradhisional kanga sale saka Medura, Jawa Timur. Clurit utawa sabit dadi ciri kajantananing para jaler ing kana. Gaman iki miturut ceritane digunakake karo tokoh jenenge Sakerta kang kontra merang Walanda nalikaning jaman penjajah mbiyen. Celurit dadi lambang kajantanan ing kana amarga biasane dinggo carok utawa adhat kanggo mertahanake harga diri sing nduwe sakaluwarga. Clurit iki wis kondhang tekan ngendi-ngendi. Gunane sing akeh lan maknane dadi salah siji gegaman kang duwedeni tur kerep digunakake masarakat. Clurit iki isih akeh ditemokake lan akeh wong sing isih duwe. Aja nganti clurit iki ora ana sing ngeramut lan dadi punah saengga ora ana anak putu sing ngerti gaman iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10032", "text": "Sekolahku duweni kabeh klub olahraga. Ana basket, bal-balan, voli, badminton, lan olahraga liyane. Alat olahraga sing ana ing ruang olahraga uga lengkap banget. Ana bal basket sing cacahe 5, ana bal voli sing cacahe 5 sisan, ana raket kanggo badminton sing akeh banget lan ora kari yaiku kok gawe badminton. Kabeh alat olahraga iki diwenehi jeneng \"SMAN 1 Sidoarjo\" lan diwenehi tandha yaiku cat warna ijo supaya ora ketelisut utawa ora katut kegawa mulih karo bocah liya. Alat olahraga sing cacahe akeh banget iki dadi bukti menawa sekolahku mesti ngewangi lan dukung apa sing dadi bakat murid-muride khususe ana ing bidang olahraga.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7781", "text": "Adekku sering ngeluh nek gegere iku sering lara padahal gak mergo opo-opo dan gak mbari lapo-lapo. Pas tak gatekno, dadakno adekku iku dasarane gak tau gerak dan gak seneng olahraga. Akhire teko kono de’e mesti tak jak stretching sing enteng-enteng ae, terutama gawe ngelenturno bagian gegere. Awale de’e muales, tapi sek tetep tak pekso gawe obah terus. Ben dino, ben de’e mari moleh sekolah, sak durunge adhus aku ngajak adekku gawe stretching bareng-bareng. Suwe-suwe, adekku lapor nang aku nek gegere mulai enakan dan gak lara maneh. Teko kono, adekku isok ngerasakno manfaate gawe stretching ben dino. Akhire tanpa tak jak, de’e mulai inisiatif gawe ngelakoni stretching dewe nang kamare.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "20", "text": "Aku mesthi tertarik karo panganan sing jenenge roti goreng soale jenenge neng ben daerah iso bedo-bedo. Ono sing ngarani bolang-baling lan ono sing ngarani roti kui odading. Mergo penasaran, mau awan aku karo adiku gawe dewe neng omah. Bahan-bahane wis tak tuku sak minggu sadurunge. Sing kepisan, awak dhewe kudu ngaktifke ragine disik neng susu sing anget. Ditunggu 10 menit. Ragi sing wis aktif dicampur karo tepung terigu protein duwur. Banjur adonane kui diuline tekan kalis. Mergo proses sing suwe aku karo adiku gentenan nggo nguleni adonane mau. Wis kalis, adonane dinengke wae sekitar 1 jam ben ngembang. Nanging eman banget, adonane kui ora ngembang-ngembang padahal wes dienteni luwih seko 2 jam. Dadi awak dhewe ora sido mangan roti goreng malah ngereged-regedi omah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "951", "text": "Aku lan konco-koncoku pas SMA disik tau gawe film sak kelas. Film iki kudu digawe soale kanggo tugas pelajaran seni. Awak dhewe sing nyepake produksine kabeh seko panggon tekan naskahe, awak dhewe sing gawe bareng-bareng. Nanging awak dhewe ketemu masalah, yaiku awak dhewe oro ono sing duwe kamera. Bar diskusi, awak dhewe sepakat yen arep nyewo wae kamerane. Pas kui, aku sing dikebagian tugas kanggo jupuk kamera neng panggon penyewaane. Panggone kui rada adoh seko sekolahane dhewe. Kui tempate uga ora neng tengah dalan, dadi seko dalan gedhe awak dhewe kudu rodo blusuk-blusuk disik liwat sawah lagi tekan panggone. Senadyan sempet kesasr sitik, aku tekan panggone kui. Akhire, awak dhewe wis iso ngewiwiti gawe filme.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8610", "text": "Ket aku cilik, mama iku senengane nukokno aku celengan. Pokoke ben celenganku rusak, pasti bakal ditukokno sing anyar. Tujuane iku ben aku rajin nabung. Mbasio talah durung nduwe tujuan gawe nabung iku mau, tetep dikongkon nabung. Jare mamaku, pokok awakmu sing rajin nabung, engkok lak eroh bakal digunakno gawe opo iku duite. Pas gede, aku dadi kebiasaan ngelakoni nabung tanpa tujuan sing pasti. Terus onok kejadian nang ndi awakku gak sengojo nyerempet motor pas aku nyetir montor. Pas tak cek, wong e gak luka, tapi spion e coplok. Aku langsung cepet-cepet ganti rugi. Dan duit ganti rugi iku tak jupuk teko tabungan iku mau. Akhire aku sadar, tabungan iku mau digawe dana darurat. Aku dadi ngerti maksute mamaku ngongkon nabung mbasio gak onok alesane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7361", "text": "Onok salah siji rutinitas sing marai aku dikondo arek alim karo konco-koncoku. Rutinitas sing dimaksud iku moco Al-Qur’an ben mari maghrib. Dan iku bakal tak lakoni nang ndi ae. Nek lali gak nggowo Al-Qur’an, aku bakal nganggo hp gawe ngaji. Iku sing marai aku dikondo arek alim. Awale aku mek nuruti omongane mama gawe ngerutini ngaji setidake sak dino sak lembar. Suwe-suwe iku dadi kebutuhanku dewe. Rasane iku nek gak ngaji sak dino ae koyok gak tenang kabeh. Makane semenjak iku aku bener-bener ngerutini ngaji ben mari maghrib. Bah sitik bah akeh, sing penting sak dino iku aku kudu ngaji.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5146", "text": "Wong kang ngopeni keris kuwi sak liyane kanggo pajangan, uga bisa kanggo nguri-uri pusaka Jawa lan dipercaya bisa nambah wibawa sing duwe gaman kuwi. Ngopeni keris iki uga ana carane ben tetep bisa resik lan ora karaten. Miturut tradisi kuna, kanggo ngilangi karat, keris iki bisa diumbah kanggo woh sing kecut kaya jeruk nipis, blimbing wuluh, utawa woh mengkudu sing wis mateng. Banjur keris sing wis diumbah iki digaringake utawa dianginke lan diwenehi tepung dedhak utawa tepung jagung banjur diwenengi lenga kanggo ngindarake saka karat. Minyak sing dinggo yaiku minyak kesambi. Miturut crita, minyak kesambi iki ngandung racun kamangka bisa marai keris iki san saya migunani kanggo bela diri. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5433", "text": "Pita gimnastik yaiku pita sing dinggo senam ritmik. Pita iki manika warna lan biyasane dinggo lomba sing mbutuhake seni. Bentuke kaya antena cilik lan ana pita dawa sing ning ujunge. Dawane 2 meter kanthi 3 meter kanggo lomba manca negara. Ambane pita iki 7 cm kanthi 10 cm. Pita iki katone entheng, nanging ya abot amarga kudu selaras karo gerakan ben ora kesrimpet. Kamangka olahraga iki butuh keseimbangan ben ora tiba dan kudu tetep nampilake seni kaya tari balet. Yen arep ganggo pita iki bisa tuku ning toko online utawa ning toko alat olahraga, nanging pita iki saiki wis angel digoleki ning Indonesia amarga perkembangane uga kurang apik. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7886", "text": "Saiki onok alat sing isok manggang roti secara otomatis. Jenenge iku toaster. Toaster iku isok manggan roti sampe dadi garing. Nganggo toaster iku onok carane dewe. Siji, colokno kabel toaster nang stop kontak. Loro, lebokno roti sing kate mbok panggang nang slot sing onok. Telu, atur tingkat panggangan. Misal awakmu nyetel nang angka 3, berarti iku rotine bakal dipanggan sampe telung menit. Tapi nek gelem aman, pilih tingkatan sing rendah disik gawe ngehindari roti sing gosong. Papat, duno tuas panggangan gawe mulai manggang. Limo, enteni sampe alate wes muni. Kadang onok alat sing otomatis ngangkat rotine menduwur, onok sing kudu dijupuk dewe. Pokoke nek wes ngono, roti panggang siap dipangan. Ojok lali nek mbari dinggo, alate diresikno sisan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6313", "text": "Jaman saiki, akeh perusahaan keuangan sing nggarap proyek ning bidang keuangan kanggo para nasabahe. Salah sijine yaiku Mekari. Mekari kuwi salah siji perusahaan sing ana ning masyarakat sing ngelayani keuangan online lan uga nyediakake aplikasi kanggo ngurusi perkara keuangan. Salah sijine yaiku program simulasi kanggo ngitung dana darurat sing ana ning rekening nasabah. Mekari iki wis ana wiwit taun 2015 lan wis nduwe klien 35000 wong. Mekari iki nyediakake aplikasi kanggo karyawan sing pengen ngurusi dana darurat kaya sistem kredit liwat aplikasi. Jeneng aplikasi iki yaiku flex installment. Aplikasi iki ora nduwe pengaruh marang pengeluaran lan uga pemasukan perusahaan sing dadi mitra ning jerone. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5568", "text": "Pompa banyu kuwi dadi salah sini alat elektronik sing kudu diopeni amarga rawan rusak. Pompa banyu iki fungsine akeh banget, apa maneh kanggo daerah sing angel banyu resik kaya daerah sing akeh lahan gambut, kapur, lan sapanunggale. Nanging, pompa banyu iki uga ora bisa maksimal yen kerjane ora didukung karo galian sumur sing kurang jero amarga pompa iki bakal ngasilake banyu sing apik miturut jerone galian sumur. Pompa banyu iki uga nggawe listrik kang gedhe, nanging ya bisa digawe ning daerah sing panggon banyune kurang stabil. Kamangka, sak durunge mutusake nganggo pompa banyu, awak dhewe kudu ndelok kepiye kebutuhan omah lah piye aliran sing ana saka PDAM. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9727", "text": "Lagu Gemu fa mi re utawa akeh seng nyelok maumere, lagu iki di diciptakno Frans Kornelis Dian Bunda utawa biasae dicelok Nyong Franco, seng saiki urip ing Maumere, Nusa Tenggara Timur. Lagu Gemu fa mi re iki diciptakno taun 2011 ing alas pinggire kutha maumere. Lagu iki biasae digawe senam isuk, hajat kawinan sampe acara korporat. Gemu nduweni arti nglebokno njerone cangkem lan fa mi re iku njot balok njerone musik. Pas nulis syair Lagu Gemu fa mi re, franco mbayangno yen wong- wong wetan ngerungake lirik , isa obah kiwo tengen. Lagu iki nduweni tarian lucu seng iso nggerakake semangat lan joget ing kiwo tengen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1771", "text": "Aku seneng banget disik tau sekolah neng Sekolah Alam Bogor. Soale, neng kono aku ora mung iso ketemu konco-konco sing ramah nanging aku uga iso entuk pelajaran babagan nandur. Ora mung teorine tok nanging langusng prakteke. Aku neng sekolah kui telung taun, kelas loro tekan kelas papat. Tekan saiki, aku isih iling opo wae sing awak dhewe tandur sak ben taune. Pas kelas loro, awak dhewe nanem timun suri. Pas kelas telu, awak dhewe nanem chaisim. Sing bedo kui, kelas papat. Awak dhewe dibebaske arep nandur opo wae. Asile kui mengko bakal awak dhewe dol dhewe lan dimasak dhewe. Pas kui, aku milih nandur jagung.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9389", "text": "Para mudha mesthine saora-orane wis tau sing jenenge nonton film ana bioskop. Kepara yen lagi nonton nganti laporan ana instastory barang. Akeh kang nonton film mancanagari, nanging ana uga kang seneng nonton film lokal. Para mudha apa wis padha ngerti yen jebulane akeh film Indonesia kang sasap pikantuk penghargaan ing mancanagari? Film mau ing antarane film Marlina: Si Pembunuh dalam Empat Babak sasap pikantuk penghargaan Grand Prize Tokyo FilmEX Internasional Film Festival 2017. Banjur ana film Kucumbu Tubuh Indahku kang sasap pikantuk penghargaan Academy Awards 2018 minangka wakil saka Indonesia. Kang durung suwe iki, watara tahun 2021 film Laut Memanggilku sasap pikantuk penghargaan ing Busan International Film Festival kanthi kategori Sonje Awards awit kanggo film pendek. Bombong ya rasane yen film Indonesia bisa pikantuk penghargaan ana mancanagari? Mula ayo padha nindakake apresiasi seni kanthi nonton film lokal!\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7379", "text": "Jaman saiki, akeh banget arek enom sing lagi demen ambek artis luar negeri dan mbelani gawe tuku printilan sing onok hubungane karo artis iku. Salah sijine iku poster sing fotone artis senengane mereka. Biasane mereka bakal nggolek poster iku gawe dipajang nang tembok kamare. Padahal akeh banget ulama sing berpendapat ojok ngelakoni iku. Hal iku mergo foto sing onok nang poster iku biasane bakal dileboni karo setan-setan. Wes ngono, malaikat iku gak bakal isok melbu kamar sing ditempeli poster. Dadi isok ae amalan sing wes mbok lakoni iku gak kecatet ambek malaikat. Dadi gawe awakmu sing sek masang poster nang kamar, ndang cabuten cek malaikat iku isok melbu kamarmu dan nyatet amalanmu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7866", "text": "Salah siji alat elektronik sing isok ngademno ruangan selain AC iku kipas angin. Timbang AC, kipas angin iku luwe murah dan luwe ramah lingkungan. Tapi kipas angin iku kudu rajin diresikno soale gampang debuen. Cara ngeresikno kipas angin iku ngene. Siji, cabut kabel teko stop kontak. Loro, siapno alat-alat koyok kain lap, spons, karo obeng gawe mbuka kipas angin. Telu, buka penutup kipas nganggo obeng mau. Papat, preteli siji-siji bagian kipas angin mau, terus diresikno siji-siji. Bagian penutup kipase diresikno nganggo spons. Terus bagian balik-balinge dilap nganggo kain lap. Limo, resikno sisan bagian kepala ambek awak e kipas angin. Terakhir, nek wes resik kabeh, balekno nang posisi semula.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7894", "text": "Jaman saiki, kemacetan iku wes gak isok dihindari maneh, opo maneh nang daerah perkotaan gede koyok Jakarta. Macet iku mau marakno ningkatno polusi udara sing gak apik gawe kesehatan. Mulai teko kono, pemerintah iku ngenalno mobil listrik. Tujuane iku ben polusine gak numpuk. Soale kan mobil listrik iku bahan bakare listrik, dadi gak bakal luwe ramah lingkungan, iku jare pemerintah Indonesia. Tapi, nganggo mobil listrik pun yo gak bakal efektif ngatasi macet sisan. Semisal kabeh uwong iku ganti mobil listrik kabeh, yo engkok tetep bakal macet, gak onok sing berubah. Macet iku buru isok ditangani dengan cara ngurangi jumlah kendaraan sing onok ndek dalan, guduk ganti jenis kendaraan iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4651", "text": "Amarga kartun Hamtaro, ponakanku dadi seneng banget mangan kuwaci. Apa maneh saiki kuwaci wis ada macem-macem rasane. Ana sing rasa susu, rasa teh ijo, lan sapanunggale. Sing paling lucu kuwi pas dekne kangelan mbuka kuwaci lan getun amarga kuwaci kuwi kulite gedhe nanging kok ya isine cilik banget. Kaya saiki, ponakanku wis lungguh ning ngarep TV karo mangku kuwaci. Asline ya camilan iki ora marai wareg, ning akeh banget sing seneng kaya ponakanku. saben balik sekolah, dekne mesti pamit ning warung tuku kuwaci. Nanging saya gede, saiki wis jarang mangan kuwaci amarga jare wis kesel mbukaki kulite lan isine ora sumbut karo tenaga sing kanggo mbuka. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4714", "text": "Saban wayah imlek, Gunung Kawi iki mesti rame karo wisatawan saka njaba Malang. Ning dina biyasa, Gunung Kawi pancen sepi kaya kuburan, nanging wayah imlek mesti akeh atraksi lan pertunjukan sing bisa ditonton. Gunung Kawi sing maune ora ana dekorasi, dadi rame karo lampion warna abang lan kabeh sing ana hubungane karo imlek. Kabeh reramean iki bisa kedaden amarga ana sponsor saka perusahaan Singapura lan Tiongkok. Sing marai wagu yaiku malah ora ana sponsor sing saka Indonesia. Pemerintah Kabupaten Malang dhewe ora ngetokake dana kanggo promosi lan ngguyubake perayaan imlek iki, padahal potensi wisatane gedhe lan bisa nekakake pemasukan kanggo daerah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6617", "text": "Milih rekening kanggo dana darurat lan media kanggo nyelengi kuwi kudu titen amarga aja sampe kabeh kuwi marai rugi kena potongan bunga lan angel cair. Dana cadangan kuwi kudune dideleh utawa dilebokake marang rekening sing gampang dicairake kaya rekening bank biasa sing nduweni aplikasi m-banking ben bisa dikontrol liwat HP. Dana darurat uga kudune ora disimpen ning bentuk sing angel cair kaya saham lan emas. Kebutuhan sing darurat kuwi pancan akeh banget pilihan cara nyimpene. Kamangka, wong uga ndelok untung lan rugine ben ora tambah kerasa rugi pas lagi arep dinggo kaya pas butuh dana kanggo kesehatan utawa kelairan anak.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5184", "text": "Masalah sing ana ning Keraton Jogja iki sajane ya ora akeh, nanging rada mbulet amarga masalah iki wis suwe banget dipikirake karo wargane amarga Sri Sultan Hamengkubuwono X iki ora duwe putra sing bakal dadi Hamengkubuwana XI. Sri Sultan ndhuwe putri 5 lan kabeh wis ngemban tugas dhewe-dhewe ning jero kraton. Kamangka, taun 2017 ana wacana macem-macem saka kraton, yaiku GKR Mangkubumi bakal nggantekake Sri Sultan. Nanging akeh sing ora stuju amarga Jogja ora tau dipimpin karo putri raja. Nanging ya ana sing stuju, sing penting tugas GKR Mangkubumi kuwi ya mung nyanding lang ngerewangi kabeh kebutuhan administrasi, tanpa mindahake gelar saka Sri Sultan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3163", "text": "Aku tau dijak koncoku Sky diving nag daerah Kota Apel. Olahraga iku termasuk olahraga sing paling ekstrim sing tau tak lakoni. Olahraga iku iku dilakoni ambek mumbul utowo ngawang karo nyicir teko duwur pesawat cilik sing ancene digawe ngunuku. Terus nag wes nemokno duwure sing dikarepno maeng lagek ngetokno parasut sing ono nang tas sing dicangklong iku maeng. Terus parasut sing digowo iku mesti ono loro soale digawe cadangan nang sing siji macet utowo ora iso digawe. Nah carane buka parasute maeng iku mok geret tali sing ono nang tas iku maeng. Terus olahraga iki yo butuhno mental sing kandel soale nag ora kendel mesti wedine ngapot polahe duwure megilan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4035", "text": "Jarene koncoku sing gelek munggah gunung, nag munggah gunung iku kudu duwe awak sing siap kanggo ngadepi lingkungan nang kono, awit teko awake sampek mentale soale nang kono iku ora ono opo-opo kejobo alam liar sing dadi koncone tok, mangkane bocah-bocah sing munggah gunung mesti peralatane iku akeh solae kanggo nyukupi kebutuhan munggah gunung sing bakal dilakoni maeng. Nah persiapan iku maeng awit teko obat-obatan sing dicocokno ambek kebutuhan wonge maeng, sampek kebutuhan mangan barang yo kudu dicukupi ben ora marakno perkoro sing ora-ora kedaden pas ono nang dukur gunung. Tapi Bocahe yo ngomong nang gunung iku ora kenek sak karepe dewe kudu ati-ati ben ora ono opo-opo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6632", "text": "Suku Tengger yaiku suku sing urip ning Gunung Bromo, kamangka suku iki diarani Wong Brama. Suku Tengger iki miturut sejarahe lair saka pasangan Joko Seger lan Roro Anteng. Uripe wong Tengger kuwi identik karo keyakinan campuran Hindu lan Buddha sing ana ning Jawa. Isih akeh upacara adat sing dilakoni ning Tengger lan kuwi dadi objek wisata sing menarik amarga tradisi suku iki uga jarang ditemokake. Akeh upcara Tengger sing diitung saka tanggalan Tengger lan uga prosesine kaya upacara Hindu. Banjur fisik masyarakat uku Tengger iki uga kaya wis bisa adaptasi marang cuaca sing adhem. Kamangka, Wong Tengger iki betah urip ning panggonan sing adhem.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3240", "text": "Ulan wingi pas dolan nag salah sijine mall sing ancene termasuk salah sijine mall paling gede nak kota gudeg. Aku delok ono pameran perabotan rumah tangga sing paling anyar. Nah salah sijine sing paling rame yaiku mesin cuci. Peralatan iki tibake iku pirang-pirang jenise sing kadang garai wong iku bingung kudu mileh sing endi. Jenise iku maeng yo ono sing teko ukurane, terus ono sing merek opo. Dadi nag pengen golek sing murah yo kudu delok mereke disek ambek ukurane sak piro. Tapi ono maneh sing paling penting yoiku fitus sing dilebokno nang mesin cuci iku maeng. Soale iku pengarune akeh nang alat iku maeng. Terus merek barang yo kudu dperhatekno ambek kualitas mesine.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9611", "text": "Ihsan seneng banget bisa ngomong bareng rembugan karo kancane sing beda agama. Minangka kegiyatan Jambore Pelajar, Ihsan bisa ketemu kanca sing beda agama lan akhire rembugan kepiye agamane dewe-dewe, kepiye nalika ndunga marang Gusti, kepiye nalika ngerayakke riyaya, lan sapanunggale. Kanggo Ihsan, melu kegiyatan iki ora mung bisa sinau pelajaran utawa isu umum wae, nanging Ihsan uga bisa sinau babagan toleransi umat beragama. Ing kegiyatan iki, Ihsan uga bisa menyang gereja lan rembugan karo Romo. Ihsan sing sejatine wong Islam duwe kesempatan kanggo nakok ning Romo kepiye carane njaga Toleransi ing urip karo tangga teparuh. Romo karo telaten njawab pitakone Ihsan. Sawise puas, Ihsan akhire bisa ngerti kenapa kok akeh wong sing isih gelut utawa nyebar berita hoax. Iku kabeh amarga urung lan ora gelem ngenali kancane utawa tanggane dewe sing beda.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "407", "text": "Jumatan kui ibadah mingguan sing wajib ukume dilakoke karo wong muslim sing lanang. Koyo jenenge, ibadah kui dilakoke sak ben dino Jumat pas wektune adzan dzuhur. Nanging ibadah iki bedo seko salat dzuhur. Awak dhewe kudu ono neng masjid sak durunge adzan. Sak durunge adzan mengko ono khatib utowo wong sing ceramah neng mimbar. Bar khatib kui ngucapke salam, lagi adzan. Sak wise adzan khatib ku ngelkoke khatbah sing dibagi dadi 2 bagian. Bagian sing keloro utowo sing terakhir kui biasane isine kesimpulan seko khatbah sing sakdurunge lan dilanjutke karo dongo. Yen khatbah wes rampung, wong sing adzan iqamah. Bar kui salat 2 rakaat koyo salat subuh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2761", "text": "Wingi pas dolan nang Suroboyo aku sempet petuk karo koncoku sing saiki wes ngulang nang salah sijine sekolah. Bocahe ngulang nang salah sijine sekolah kristen nang kono masio deke ora kristen tapi muslim. Nang deke sempat moco-moco kitab sucine wong kristen iku sing jenenge alkitab. Terus bocahe cerito tibak'e kristen barang yo ngulangno kerukunan ambek lingkungan sosial sing kudu dijogo. Terus bocahe yo ngomong ambek nyimpulno nag tibak'e islam ambek kristen iku yo podo-podo ngulangno apik. Mangkane masio nang indonesia iku akeh agama tapi kabeh agama iku ngulangno kerukunan ambek kebersamaan sing iso dadekno kerukunan kanggo bangun lingkungan sing apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8675", "text": "Metode nandur taneman iku onok akeh puol. Salah sijine iku nganggo sistem aeroponik. Aeroponik iku siji cara bercocok tanam udara dan gak nganggo lemah. Sistem aeroponik iki nganggone styrofoam sing akare bakal nggantung nang udara. Sistem aeroponik iki temenan hemat banyu pol. Hal iku mergo gawe numbuhno taneman nganggo sistem iki, nutrisine iku mek disemprotno nang akar taneman e tok. Terus banyu sing wes dicampur laruhan hara disemprotno dalam bentuk kabut sampe kenek akar e.Teko kono, penggunaan banyu iku dadi luwe sitik. Soale volume banyu sing disemprotno iku pasti jumlahe luwe sitik timbang banyu sing disiramno langsung nang taneman iku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "809", "text": "Awak dhewe sak yogyane wis ngenalke olahraga opo wae neng anake dhewe ket cilik. Olahraga kui penting kanggo kesehatan awak lan mentale. Yen ora dibiaske pas cilik, anak dhewe mengko bakal kangelan gawe kebiasan olahraga pas wis gedhe mengko. Misale, anake dhewe aras-arasan yen diajake olahraga, nanging awak dhewe kudu tetep mekso dheweke. Mungkin, awak dhewe iso ngewiwite kanggo olahraga sing dheweke senengi. Kui bakal nambah motivasi anak supoyo ono semangat gerak. Yen misale anake dhewe kui bener-bener ora seneng olahraga blas, awak dhewe iso ngebujuk dheweke gerakan-gerakan sing enteng. Gerakan enteng iki kudu dilakoni kanthi rutin supoyo dadi kebiasaan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1719", "text": "Awak dhewe iso nyepake dana darurat ket saiki. Ekonomine awak dhewe lowong opo ora, awak dhewe kudu nyisihke sebagian penghasilane dhewe. Soale, keadaan sing prihatin kui bakal awak dhewe temuke neng masa depan lan awak dhewe kudu siap ngadepi kui kabeh. Carane awak dhewe nyepake dana darurat kui akeh. Salah sijine nganggo cara investasi saham. Nanging, cara kui rada bahaya. Soal danane sing ono neng kono angel banget dicairke utowo angel dilempit. Kanggo ngeduwitke saham kui butuh wektu. Padahal, dana darurat kui awak dhewe butuhe cepet. Rego sahame kui uga iso midun. Iki resiko sing paling gedhe, opo meneh pas ngadepi krisis ekonomi koyo pas taun 1998. Makane kui, aku ora begitu nyaranke nyimpen dana darurat neng bentuk saham.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7406", "text": "Tedak Siten iku salah siji tradisi teko Jawa sing tujuane ben anak isok tumbuh dan berkembang dadi wong sing sukses ndek masa depan. Tradisi iki wes dilakoni ket mbiyen dan terus dilakoni sampe saiki. Tata carane terdiri teko pitung tahapan. Sak durunge iku, siapno kabeh peralatan sing dibutuhno. Mulai teko kurungan bambu, jenang werno-werni teko ketan, tangga ambek kursi sing terbuat teko tebu, ayam panggang, tumpeng robyong, bubu ambek jadah pitung werno, duit kertas, banyu gege, ambek pitik sing sek urip. Tahapan ritual iku mulai teko mlaku ndek pitung werno, midak tonggo teko tebu, didelek nang tumpukan pasir, melbu ndek kandang ayam, nyebarno udik-udik, diadhusi nganggo kembang sritaman, dan dinggoni klambi anyar.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4062", "text": "Stress yaiku perkoro sing ancene garai wong iku koyok ora iso mikir ambek panik. Nah roso iki biasane dirasakno pas wong iku maeng kepepet ambek perkoro sing ancene diadepi maeng terus akhire ora iso mikir apik. Nah wong sing koyok ngunuku ancene biasane pikirane wes saking budeke mangkane kebingungen. Mangkane kanggo ngatasi perkoro sing koyok ngunuku maeng biasane akeh carane karek cocok opo ora ambek wong sing ngalami perkoro iku maeng. Nah salah siji yaiku kudu ngantengno pikirane disik ben ora kesusu lapo-lapo polahe nag kesusu mesti hasile akhire ora apik. Terus kudu iso ngantengno awak ben iso mikir sing apik ora kok amboradul.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5006", "text": "Ning kabeh agama, dunga kuwi salah siji cara kanggo komunikasi karo Gusti Kang Maha Kuwasa. Dunga iki uga wajib kanggo kabeh agama. Nanging, carane uga ana sing bedha masio nduwe tujuan sing padha. Miturut alkitab, ning agama Katolik kuwi ada 5 cara ndunga. Kaping pisan yaiku tansah ndedung kang tekun. Kaping loro, ndunga uwi kudu ndelik-ndelik lan kudu andhap asor. Kaping telu, ndunga kuwi kudu spesifik lan ora kakean basa-basi. Kaping papat, ndunga ing jero jeneng lan pribadi Gusti Yesus, lan kaping lima, ndunga mesisan karo njaluk pangapura kanggo dusa sing dilakoni wong liya uga awake dhewe amarga umat kudu ngampuni wong liya sak durunge ngirim dunga. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2804", "text": "Acara adat ancene perlu dilestarikno soale iku termasuk tradisi sing ditinggalno wong biyen. Lah ngelestarikno adat iku yo perlu sing penting adat iku duwe nilai sing apik kanggo wargane. Lah nag nang desoku upacara adat sing jenenge \"Nyadran\". Upacara iki asline apike megilan soale gawe simbol roso syukur nang pengeran polahe wes nguwei rejeki sing ora karoan gedene. Lah sing garai acara iki apek maneh yo iku wong-wong gelem kumpul bareng sing iso dadekno wong deso maleh guyup ambek rukun. Dadi upacara adat sing koyok ngeneki iku yo kudu dilestarikno ben wong nang daerah iku tetep makmur uripe soale wong biyen gawe upacara adat yo ono awitane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3292", "text": "Jaman saiki iku wes majune ora karuan. Sampek kompor ae gawe listrik. Nah kompor listrik iku bentuke yo wes koyok umume kompor mok carane manarnoe tok sing bedo. Kompor listrik iku oleh manasno masakan iku karo listrik sing diolah dadi mapas liwat wesi sing dipanasno liwat listrik utowo sing jenege elemen. Nang kompor listri iku ono sing jenege petek-petekan kanggo ngakakno ambek mateni, terus ono sing jenenge petekan kanggo ngatur panase iku sepiro, ambek ono sing kanggo ngatur matine kampor iku maeng pirang menit. Terus ono sing luweh sangar maneh iku nag duwene sensor sing kompor listrik iku maeng iso ngerti nang masakane awak dewek iku wes mateng dadi iso mati dewe otomatis.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8614", "text": "Kabeh uwong iku pasti ngelakoni nabung nek nduwe tujuan tertentu. Duit tabungan iku mau nek wes kekumpul isok digawe sesuai ambek kepinginane wong iku mau. Salah sijine iku nabung gawe dana darurat. Berhubung tahun 2023 iki Indonesia diperkirakno bakal ngalami resesi, dan sembarangane iku dadi tambah larang, dadi tambah penting gawe nyediakno dana darurat. Nabung gawe dana darurat iku onok akeh pol carane. Salah siji cara sing dinilai efektif iku nduwe rong rekening bank. Dadi rekening siji gawe transaksi biasa, sing sijine gawe tabungan. Tujuane iku ben duit sing ditabung gawe dana darurat iku gak kecampur ambek duit liyane. Soale kan nek dana darurat wes didekek nang rekening khusus tabungan, gak bakalan iku rekening disentuh blas kecuali nek wes ndek situasi darurat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9384", "text": "Aja sakpenake dhewe menawa nonton film ana bioskop. Bioskop kuwi kalebu papan kanggo kabeh wong utawa tempat umum. Minangka tempat umum, samesthine ana bab-bab kang kudu dilakoake utawa ora kena dilakokake. Kabeh mau digawe iya supaya kabeh wong rumangsa kepenak. Nalika nonton film ana bioskop, ora kepareng ngrekam tayangan kang lagi diputer, Awit tumindak kuwi kalebu ilegal. Nalika ana bioskop, ora dikaparengake omong karo kanane kanthi swara seru. Kabeh kepengin nonton kanthi sekeca, mula aja ganggu kantremaning liyan. Ing jero bioskop, ora pareng ndelehake sikil ana dhuwur kursi ing sangarepe. Arepa kursi ing sangarepmu kosong, tetep ora pareng ngunggahke sikil ana kana, awit bisa mepeti sawangane liyan uga tumindak mau ora trep karo tata susila lan tata krama ana tempat umum. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2374", "text": "Saiki kompor macem-macem ono sing listrik ono sing gas biasa. Tapi jarene koncoku isek enak gas cepet panase. Soale nag listrik iku angel nag digawe masak, suwe panase. Mari ngunu nag listrik mati, ora iso masak bedo ambek kompor biasa. Mangkane sampek saiki isek akeh sing gawe kompor gas utowo LPG. Kompas.com yo ngomong nag ancene kompor listrik iku angel nag digawe nyambot gawe utomo mask cepet-cepetan solae panase suwe. Tapi nag jare aku, kabeh iku podo wae, sing penting disesuaikan wae karo kebutuhane. Nag kebutuhane digawe buka warung yo enak kompor gas, tapi nag digawe masak omohan iso ae gawe kompor listrik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3248", "text": "Saiki akeh emak-emak sing podo duwe mesin cuci nang omah saole enak wes ora repot-repot ucek-ucek sampek pegel karek nyemplongno ae. Tapi nag duwe mesin cuci biasane wong-wong iku mesti ngawur koyok oleh nyempungno pakean nang tabung sing sampek montol-montol sing akire klambine bejat. Padal nang kono iki wes dianjurno kon ati-ati ambek ora oleh bek-bek soale tabunge maeng yo ono kapasitase. Mangkane nag duwe mesin sing digawe umba-umba maeng kudu ngerteni disek opo sing kudu dilakoni ambek sing ora oleh dilakone nang buku panduanea ben ora kedaden sing ora-ora. Sing penting iku kudu diturut ae buku pedoman sing teko pabrike maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6957", "text": "Salah siji jajanan favorite uwong-uwong pas lebaran iku nastar. Tapi mbasio akeh uwong sing seneng, sayange aku gak seneng. Mboh opo’o ilatku gak isok nerimo rasa nastar. Padahal aku seneng banget ambek buah nanas, tapi aku gak seneng ambek rasa selai nanas sing digawe isiane nastar. Dadi ben unjung-unjung nang omahe uwong pas lebaran, aku pasti milih jenis jajan liyane. Kadang onok uwong sing rodo mekso nawari nastar, tapi untunge aku nduwe cara jitu sing ampuh banget gawe nolak. Dadi pas onok uwong sing nawari nastar, aku nolak dengan cara alus disik. Nek sek mekso, aku ngomong nek lagi diet, dadi gak mangan jajanan sing kalorine duwur. Biasane nang kene wong sing nawari wes nyerah. Tapi nek sek mekso, langsung nyolot ancen awakmu gelem ta tanggung jawab nek aku dadi lemu? Nek wes ngono pasti wong iku mundur dan aku isok ngehindari mangan nastar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6942", "text": "Minuman jeruk nipis wes sering dadi menu andalane wong-wong nek pesen ngombe nang ndi ae. Wernoe bening, dadi ketok rodo kurang meyakinkan. Padahal rasane kecut legi dadi siji dan iku nikmat banget. Minuman iki yo isok diombe ndek segala situasi. Nek cuaca lagi panas kentang-kentang, isok ditambahi es batu dan dadi es jeruk nipis sing sueger banget. Nek cuaca lagi adem, jeruk nipis e dijur nang banyu anget, dadine jeruk nipis anget sing isok marai awak melu anget sisan. Mbasio podo-podo jeruk koyok minuman jeruk liyane, rasa kecut sing luwe ringan iku sing marai minuman jeruk nipis bedo teko minuman jeruk liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3207", "text": "Nag ono wong sing seneng dolanan game mesti ngerti game sing jenenge Age Of Empire. Nag game iki asline apike megilan soale iso milih karakter sing ate mok gawe ambek panggonan sing atek mok gawe markas. Terus sing kudu diperhateko yoiku sistem sing dibutuhno nak maen game iki yaiku processore laptope paling gak kudu sing 64 bit ben enak ambek banter, terus sistem windose nag iso kudu sing anyar soale grapike butuh sing apik, mari ngunu sing paling penting yoiki Ram-me kudu sing gede paling gak wolong giga ben maene ora sendat-sendat ambek pedot-pedot. Terus ono maneh memori sing kanggo jalakno nang sistem iku paling gak sekitar 50 gigan dadi game iku ancene kanggo sing laptope sangar.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "911", "text": "Aku tau dhewe sing tahan banting. HP kui tak tuku neng 2018. HP iki wis ngancani aku seko awal-awal kuliah tekan aku lulus. Kira-kira HP iso tak enggo tekan 4 taun. Aku ora ngerti kenopo kok HPkui iso bertahan sak suwe kui, senadyan HPne kui dudu HP sing larang-larang banget. Regane neng ngisor 2 yuta. HP kui wis bola-bali tibo. Awale, pas lagi anyaran tak tuku kui tak jagani banget. HP kui tak eman-eman supoyo ora cepet rusak. Begitu HP kui wis tau tibo seko duwur meja lan ora kenopo-kenopo. Aku wis luwih ora ngopen. HPne kui sering tak tiba-tibake. Malah HPne kui tau nyegur neng kolam iwak nangin tetep iso dienggo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4700", "text": "Wayah prei sekolah wingi aku dijak ibuku ning salah siji panggon wisata ning Pemalang yaiku pemandian banyu panas Guci. Sak jane, Guci iki ana ning cedhak Gunung Slamet. Pemandian iki rame lan duwe objek wisata pemandian alami lan kolam renang. Amarga pemandian iki isih alami, Guci dijaga banget karo warga amarga dipercaya bisa ngeweni berkah lan penghasilan. Obyek wisata iki rame banget lan marai bungah. Aku lan ibuku tuku manisan buah, yaiku sing dadi oleh-oleh khas saka Guci. Sak liyane ngunjungi pemandian, aku uga mlaku-mlaku ning pasar sayur lan buah sing nyediakake bahan sing seger lan langsung saka tegalane warga. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5437", "text": "Bal voli kuwi salah siji bal sing mbutuhake perawatan kang sregep amarga kadhang bal iki digawe saka bahan sing gampang rusuh lan gampang rusak amarga kena tekanan saka tenaga atlet. Masio bal voli kuwi tipe utawa merk sing apik, miturut sumber media bolanet, ana babagan sing kudu digatekake yaiku yen bal voli kena ledhok utawa lebu, bisa diumbah nganggo banyu lan dilap kanthi garing. Ora usah dipepe amarga bisa marai bahan kulite rusak. Ben ora kempes, bal voli iki apike nyimpene digantung amarga bisa ngurangi perubahan bentuk sing ana amarga tekanan suhu. Sing pungkasan, kudu sering ngecek angin sing ana ning jero bal lan yen kempes kudu dikumpo. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "557", "text": "Yen neng Yogyakarta kui, akeh wong sing pengen tuku gudeg kanggo oleh-oleh. Ono sing kudu digateke yen arep tuku gudhe kanggo oleh-oleh kui. Sing pertama, awak dhewe kudu milih jenis gudeg kering. Gudeg basah kui luwih ora awat timbange sing kering. Sing, keloro awak dhewe kudu ngerti kemasane. Biasane yen awak dhewe ngebungkus gudeg kui bakal dienggone kotakan utowo nganggo godong gedang. Nanggo bungkusan kui awete ora ngasi sak dino. Wedine malah pas tekan omah wis ora iso dipagan. Yen arep digowo bali kui, awak dhewe jaluk dibeseki. Besek kui bentuk kotak lan digawe seko anyaman pring. Yen dibungkus besek kui, gudeg iso disimpen tekan rong dino.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9623", "text": "Crita Nabi sing paling diilinh karo Sahrul yaiku crita Nabi Ayyub. Salah siji Nabi sing duwe kesabaran lan keimanan sing duwur banget. Kesabaran Nabi Ayyub diuji karo tekane penyakit kusta utawa penyakit kulit saka Allah. Kabeh donyane kayata dhuwit, lemah sing ana ing ngendi-endi, kewan, lan sapanunggale pada entek. Allah uga njupuk anake, dadine Nabi Ayyub kari wong loro karo bojone. Sahrul uga iling crita nalika Nabi Ayyub isih durung diwenehi ujian iki, Nabi Ayyub iku duweni rai sing bagus, rupawan, donyane akeh, lemahe ana ing endi-endi, lan duwe anak lanang loro sing sholeh. Nalika penyakit iku teka, awake Nabi Ayub kebak karo kusta. Ora ana sing kelewat saka penyakit iki. Nabi Ayyub ora bagus maneh amarga kulite kebak karo kusta. Nabi Ayyub isih sabar lan percaya Allah bakal nulung. Sawise iku, Allah tenanan nulung Nabi Ayyub. Sikile dikongkon nggetak ning lemah lan akhire metu banyu sing iku bisa dingho raup lan diombe. Ndilalah Nabi Ayyub mbalik maneh awake kaya sadurunge, kabeh penyakit kustae wis ilang blas amarga mukjizat lan pitulung saka Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "883", "text": "Anak kui ket cilik kudune wis dirangsang perkembangan motorik kasare. Motorik kasar kui penting kanggo kemampuane iso ngendalike lan gerake anggota awake. Motorik kasar iki iso dilatih seko olahraga sing simpel, koyo lompat-lompatan. Ciri anak sing perkembangan motorik kasar kurang apik kui kerep tibo. Anak ora duwe keseimbanga sing apik, dadi dheweke gampang banget tibo. Ora mung seko keseimbangan, anak sing kemampuane kui kurang uga sering tibo mergo keserimpet, mergone dheweke kui ora iso mengkoordinasikan kanthi apik sikil tengen lan sikil kiwo. Anak sing perkembangan motorik kasar kui uga kerep nyampluk barang-barang sing ono neng sekitare. Dheweke ora arep nibake barang kui sebenere, nanging dhewe kurang iso ngendalike tangane wae.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7063", "text": "Dino iki aku sak keluarga berangkat lungo nang Cimory. Tapi pas nang tengah perjalanan, ternyata macet banget. Aku langsung ragu nek awak dewe bakal isok melbu nang area Cimory. Dan dugaanku bener, panggon wisatane kebak, dadi aku sak keluarga gak isok melbu kono. Timbangane sia-sia, mamaku ngajaki belonjo nang toko oleh-olehe. Nang toko iku, kabeh jenis produk teko Cimory didol. Aku ambek adikku langsung njupuk keranjang dan bagi tugas. Aku bagian njupuki susu tetrapack dan njupuki kabeh rasa sing onok nang kono. Adikku sing wedok bagian njupuk yogurt squeeze dan njupuk kabeh rasa sing onok nang kono. Terakhir, adikku sing lanang bagian njupuk yogurt drink kabeh rasa sisan. Sedangkan mama ambek bapak mlipir gawe tuju jajanan khase Cimory. Mbari bayar kabeh, awak dewe mutusno gawe langsung moleh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "121", "text": "Wong akeh sing ngomong yen mangsa SMA kui mangsa sing paling endah. Salah siji hal sing marake endah kui studi wisata. Biasane studi wisata kui dilaksanake kanggo kelas 2. Wektu kui aku lan angkatanku dolan neng Malang, Jawa Timur. Panggon sing paling tak iling pa kunjungab kui Museum Angkut. Neng museum kui dipamerke werno-werno jenis transportasi seko akeh negoro lan taun sing bedo-bedo. Aku lan konco-konco ngubengi kabeh zona tematik sing ono neng kono. Kabeh konco-koncoku podo semangat delok lan foto-foto karo mobil utowo montor sing dipamerke. Aku mung lingguh ning pojakan mergo aku ora tertarik karo kendaraan klasik koyo ngono lan aku uga ora seneng foto-foto. Nanging aku tetep seneng neng kono, mergo iso delok konco-konco sing sumringah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2855", "text": "Nag aku dolan nang omahe koncoku sing ono nang koto Gudeg, mesti nag muleh ora digani gudeg tok, tapi ono manh oleh-oleh khas kota iku sing jenenge Bakpia. Lah aku mesti senege pol nag digawani ambek panganan siji iki opo maneh gratis. Panganan iki sing paling gelek yaiku isine kacang. Tapi yo ono sing reno-reno isine. Nag jarene kompas.com macem-maceme isine bakpia iku ono sing kacang ijo, bolet, keju, duren, ambek liyan-liyane. Yo iyo se ancene kaeh, soale nag aku nang malioboro mesti wong sing dodol pangan iki majang ora mok sak rasa utowo siji werno. Lah jarene koncoku sing paling enak iku kacang ijo, tapi nag aku seneng keju soale rasane campur legi ambek ono gurih-gurehe ngunu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "530", "text": "Salah siji cerita rakyat sing tak apal tekan saiki kui legenda utowo asal-usule jedule Danau Toba. Aku iling cerita kui mergo pas SD disik tau didadeke soal ujian. Ceritana kui ono wong enom sing gaweane dadi petani. Jeneng wonge kui Toba. Pas dee lagi mancing dheweke tau entok ikan mas gede. Mergo sisik uga apik, dheweke ngingu iwak kui. Neng omahe, iwak kui berubah dadi wanita. Selama iki, sing masak lan sing beberes omahe kui, jebul jelmaan iwak kui. Banjur, Toba nikahi wanita kui. Nanging wanita kui ngewehi syarat yaiku dheweke kudu jaga rahasia bab asal usule. Toba karo wanita kui duwe anak sing dijenengi Samosir. Suatus saat, Samosir dikon mbokne gawe panganan kanggo bapake neg sawah. Nanging Samosir mangan bekel kui neng tengah dalan. Pas tekan kono, bapake nesu banjur nguneke Samosir yen dhewe kui anak seko iwak. Akhire, Toba ngelanggar janjine. Banjur ono udan badai sangking gedene udane kui gawe genangan sing gedhe sing saiki diarani Danau Toba lan pulau sing ono ning tengah-tengahe diarani Samosir.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9047", "text": "Humidifier iku alat sing nduwe fungsi gawe ngelembapno udara sing carane nyemprotno uap banyu. Uap iku mau isok ningkatno kelembapan dadi ruangan iku nduwe tingkat kelembapan nang kisaran sing ideal dan apik gawe kesehatan. Humidifier iku efektif gawe ngatasi kekeringan nang kulit, irung, tenggorokan, ambek lambe. Terapi humidifier iki isok nyegah kekeringan sing marakno iritasi nang pirang bagian awak sisan. Tapi mbasio ngono, penggunaan humidifier sing gak tepak iku isok marakno gangguan pernapasan. Dadi ancen nganggone iku kudu tepak ben isok ngentokno manfaate. Cara nganggo humidifier sing tepak iku koyok ngene. Siji, nganggo banyu suling utowo banyu mineral. Loro, ganti banyu ben dino. Telu, resikno ben minggune. Terakhir, ganti filter sing teratur.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8105", "text": "Salah siji jenis bisnis sing lagi menjamur nang Indonesia iku bisnis startup. Bisnis iki lagi digandrungi terutama karo kaum milenial. Alesane iku mulai bisnis startup iku jauh luwe gampang timbang mulai bisnis konvensional. Soale kan teknologi wes tambah maju, terus regulasi pemerintah sisan sing wes lancar sing marakno bisnis iki dinilai mudah. Tapi mbasio ngono, sek akeh sing wedi kerjo nang startup soale sembarangane serba gak pasti. Tapi mbasio ngono, bisnis startup iku tetep nduwe akeh keunggulan nek dibandingno karo bisnis konvensional. Siji, gak butuh lokasi sing terlalu strategis. Loro, bisnis startup iku nduwe pasar sing luwe luas. Telu, modal sing relatif luwe rendah. Papat, ilmu startup isok ditemukno nang ndi ae. Limo, mbantu ngekeki solusi. Terakhir, ngubah pandangan uwong nang hal hal sepele.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7483", "text": "Acep Zamzam Noor sing nduwe jeneng lengkap Muhammad Zamzam Noor Ilyas iki dadi salah siji sastrawan sing lumayan terkenal nang Jawa Barat. Nduwe celukan akrab, yaiku kang Acep. Lahir ndek Tasikmalaya, 28 Februari 1960. Penyair iki asale teko etnis Sunda dan digedekno nang lingkungan kehidupan pesantren. Kang Acep iki putra sulung teko K. H. Ilyas Ruhiat, seorang ulama teko Pondok Pesantren Cipasung, Tasikmalaya. Kang Acep ngentekno masa remajane nang lingkungan pesantren. Marine lulus, beliau lanjutno pendidikan nang Jurusan Seni Lukis nang Fakultas Seni Rupa dan Desain ITB. Mbari ngono lanjut maneh nang Universitá Italiana per Stranieri, Perugia, Italia. Selama uripe, kang Acep iki wes nduwe akeh banget karya sastra gubahane beliau dewe. Muali teko kumpulan sajak, kumpulan, puisi, sampe antologi. Beliau wes tau entok penghargaan sisan. Onok Penghargaan Penulisan Karya Sastra Depdiknas (2000), South East Asian Write Award teko Kerajaan Thailand (2005), Khatulistiwa Literary Award (2007), ambek Hadiah Sastra Rancage (2012) gawe kumpulan sajak Paguneman.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3201", "text": "Pas preian nag aku ora duwe duwek akeh, aku mesti doalanan Game nang laptop. Nah sing biasane sing paling tak senenge yoiku dolanan game sing balap-balapan utowo sing jenise petualangan. Nag game sing balapan biasane iku Aspalt terus nag sing petualangan iku koyok Empire earth. Game iki sing garai seneng yoiku gamabare sing apike megilan ambek iso ngerasakno bener nag game iku. Nag balapan iku iso delok lintasane iku koyok temenan masio iku mok game tapi iso keroso. Masio iku mok game tapi ancene iso garai wong lali sembarang kalir. Aku tau dolanan game iku awit jam rolas awan sampek jam enem sore ae ora opo-opo. Sampek lali mangan ambek turu. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "174", "text": "Leren kui penting. Kegiatan sing iso didelok males kuwi ora iso disepeleke. Bentuk leren sing paling maksimal kui turu. Turu kerep dianggep kegiatan sing ora produktif. Nanging sak walike, turu kui iso ningkatke tingkat produktifitas. Durasi turu sing dianjurke seko dokter kui 8 jam sedino. Durasi kui kanggo keakehan wong, ono sebagian wong sing butuh wektu luwih utowo kurang seko kui. Turu biso gawe suasana hati sing dadi seneng meneh. Misale sidone kui kowe lagi ngalemi dino sing elek. Turu kui iso ngilangi perasaan sing sedih kui dadi pas tangi turu isuke biso semangat meneh. Naliko suasana hati sing seneng, tingkat produktifas ugo dadi iso munggah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5019", "text": "Kasus sing lagi akeh ning Indonesia saiki yaiku kasus ajaran sesat. Akeh wong sing macak kyai utawa pandita sing nyampurake agama siji lan liyane lan biyasane ditambah karo ngapusi warga ben oleh dhuwit akeh, kaya misale ngewangi dadi dukun sing bisa ngobati penyakit uga dadi paranormal sing bisa ngusir barang sing gaib. Nanging, wong sing ana ning kampung uga percaya karo kesaktian lakon iki. Kamangka kuwi, jaman saiki sing kudu dikuatke yaiku saka agama lan keyakinan amarga akeh ajaran sing wis menyimpang. Yen ragu-ragu, ya mending takon karo sing wis ahli utawa wong kang bisa nafsirake isi kitab nganggo ilmu sing bener. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "556", "text": "Sak ben awak dhewe dolan neng suatu kota, awak dhewe pengen gawake oleh-oleh kanggo wong-wong omah utowo konco sing ono neng panggone awak dhewe. Sing paling gampang kui ngekei oleh-oleh sing bentuke panganan. Ono beberapa hal sing apike awak dhewe gateke sak durunge tuku. Sing pertama, awak dhewe kudu ngerti piro duit sing awak dhewe gowo. Ojo ngasi awak dhewe mung napsu tok naning ora ono duwite. Seko duwit sak mono, awak dhewe kudu iso mikir arep dikei neng sopo wae. Sing keloro, tuku panganan sing mung ono neng kota kui wae. Neng panggo oleh-oleh kui, uga didol panganan werno-werno sing akeh neng kota-kota liyo, panganan sing koyo ngono sing kudu awak dhewe hindari.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6391", "text": "Dina pertama aku kerja ning Jakarta kuwi malah aku ngerasa bingung amarga aku ngerasa yen KRL kuwi padhete ora masuk akal. Akeh wong dhesek-dhesekan lan uga nganthi meh semaput amarga numpak KRL. Apa maeh pas wayah bali kerja, ambu keringet, ambu panganan, lan uga ambu liyane bisa marai tambah mumet. Ning Solo uga ana KRL nanging kondisine bedha karo KRL sing lagi tak tumpaki iki. Suasanane luwih tenang lan uga ora marai stres. Amarga kuwi, aku pengen sesuk mben pindah kos wae ben ora kudu numpak KRL. Aku ora kuat yen kudu wara-wiri numpak sepur lan uga teka telat ning kantor. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "597", "text": "Gawe rawon kui gampang opo meneh nganggo bumbu instan. Nanging, ben luwih mantep meneh, luwih apik yen ditambahi bumbu-bumbu sing liyane. Cara gawene sing pertama, masak daginge disik paling ora sak jam utowo tekan empuk. Disaranke nganggo daging bagian sengkel sing ono lemak-lemake. Bar kui, awak dhewe iso nyepake bumbu tambahane. Awak dhewe iso ngiris bawang karo brambang wae lan geprek batang sere. Gongso irisan bawan karo brambang mau tekan harum, bari kui tambah bumbu insntane. Yen bumbune, wis setengah mateng lagi sereh lan godong jeruk dileboke. Bar kui awak dhewe ngeloboke kaldu daging lan daging sing wis dipotong cilik-cilik. Enteni tekan mendidih.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6938", "text": "Sushi iku salah siji panganan teko Jepang sing digawe teko sego ambek lauk. Sego sing digawe sushi biasane luwe pulen timbang sego biasa dan luwe berasa soale wes dibumboni nganggo cuka, uyah, karo gula. Panganan teko Jepang iki masuk ndek daftar panganan senenganku, soale rasane sing gak aneh-aneh dan tatanan panganane sing ringkes, dadi isok dipangan nang ndi ae. Gawe arek-arek sing males mangan, sushi isok dadi alternatif. Mbasio ketoke sitik, tapi kandungan nutrisine sushi lumayan akeh. Terus bentuke sing isok dilahap sak suapan tok cocok gawe arek sing males nyendok panganan. Dadi gawe awakmu sing males mangan tapi sek kepingin sehat, coba mangano sushi deh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "127", "text": "Kebun Buah Mangunan sempet viral neng media sosial. Panggon kui diarani wong-wong nganggo jeneng negoro neng duwur awan. Mergo neng kono awak dhewe iso delok kabut-kabut sing nutupi bukit-bukit. Awak dhewe iso delok pemandangan bukit sing werno biru keijo-ijoan. Neng tengah-tengah bukit kui awak dhewe iso delok sungai sing koyo ngebelah sungai kui. Pemandangan apik koyo ngono iso didelok pas musin udan. Pas mangsa udan kabut-kabut sing ngebalut bukit kui iso ketok nanging nek lagi kerep udan kabute dadi akeh malah iso nutupi pemandangan. Nalika mangsa kemarau, kabut kui malah iso ora ono blas. Jam berkunjung sing direkomendasike kui isuk sekitar jam 5 tekan jam 6. Sak liyone iso delok kabute, awak dhewe iso delok proses terbite srengenge.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7712", "text": "Squat iku salah siji jenis olahraga sing manfaate gawe ngencengno otot nang awak, terutama otot nang bagian njero pupu, bokong, sikil, karo betis. Gerakan squat sing tepak iku isok efektif sisan gawe ngelancarno sistem pencernaan. Squat iki akeh banget maceme, dan berikut limo di antarane. Siji, bodyweigh squat. Iki squat sing paling dasar banget dan dadi dasar gerakan kabeh jenis squat. Loro, jump squat. Podo ambek squat jenis siji, cuma garek ditambah lompat ae. Telu, sumo squat. Dijenengi sumo squat soale posisi sikile koyok atlet sumo sing kate tarung. Papat, dumbbell front squat. Squat iki dilakoni sambil nggowo barbel cilik nang tangan. Limo, Bulgarian split squat. Squat sing iki dilakonine dengan cara siji sikil dimemburikno.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "832", "text": "Koncoku kui seneng ngejaki futsalan. Aku kerep nolak ajakan kui. Aku iki ora iso main futsal, opo meneh kasute aku ora duwe. Pas kui, aku dijak koncoku futsalan, nanging tawaran sing iki aku ora iso nolak. Mergone kelase dhewe arep tanding lan ora ono wong meneh sing selo kanggo diajak main. Masalahe kui, aku ora duwe kasute. Akhire aku nyilih kasut futsale masku. Kasute kui mereke League. Wernone abang lan ono seleret werno awu-awu neng bagian ngisor. Taline uga werno abang. Ukurane yen ora salah kui 41. Kanggo aku ukuran kui kudune pas, nanging pas jajal tak enggo kasute kui keroso rodo sesak. Nanging yo wis lah, ora opo-opo. Aku futsalan karo konco-koncoku nganggo kasut kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9759", "text": "Omben sing paling cocok ing hawa adhem kaya ngeneki omben sing anget-anget. Wedang uwuh, omben saka Imogiri Yogyakarta kang isa dadi pengangete awak nalika usum ngeneki. Omben sing karacik saka akehe tetuwuhan tamba iki oleh-oleh saka makam raja-raja gedhe Ngayogjakarta ing kompleks pemakaman Imogiri. Wedang uwuh iki setipe secang, bajigur ananging rupane luwih ana abang-abange. Biasane, omben iki dinggo njamu dayoh nalikane jamane para raja ndisek. Omben iki nduweni sakehe manpangat. Kayata kanggo ngangetna awak supaya ora masuk angin, diombe nalika awak panas, lan liyan-liyane. Mula saka kui yen dolan nang Jogja kususe Imogiri aja ngasi kelewat tuku iki ya.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1733", "text": "Sak liyene kahanan suhu sing adem banget, isih okeh meneh kahanan neng gunung sing iso gawe awak dhewe ciloko. Conto liyane kui medan pendakaiane. Medan neng sak ben gunung kui bedo-bedo. Awak dhewe kudu golek informasi disik piye kahanan medane neng gunung sing arep awak dhewe ungggahi. Medane kui ono seng akeh watune, ono sing akeh lumpur, ono sing terjal banget, ono sing dalane rodo roto, lan liya-liyane. Awak dhewe uga kudu ngerti ono pirang pos pendakian neng gunung kui lan piro jarake seko siji pos neng pos liyane. Awak dhewe uga kudu ngerti ono khewan-khewan opo wae sing ono neng gunung kui. Yen misale ono khewan sing bahayani, koyo macan, awak dhewe kudu luwih ati-atin pas pendakiane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3230", "text": "Pas wingi mlaku-mlaku nang salah sijine museum sing ono nag kota Apel. Aku delok ono pameran barang-barang elektronik sing lawar ambek jadule ora ukur terus aku yo laget ngerti iku bentuke nag koyok ngunu. Nag kono iku ono TV sing wes lawas. Tibake TV biyen iku ora teko plastik koyyok saiki tapi teko kayu sing ancene digawe kanggo awake tv maeng, terus nag ngeleh chanel yo diuntir-untir ngunu soale durung ono remote. Terus nang kono yo aku delok ono radio lawas barang nag radio isek durung sepiro maleh adoh teko jaman saiki bentuke meh podo ambek biyen ngelehe yo isek akeh sing gawe untir-untiran. terus antene yo isek podo mok bedane iku nang awake sing isek gawe kayu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10153", "text": "Indonesia boten namung gadhah bentang alam awujud laut ingkang dawa. Kathah ugi danau lan bentang alam awujud banyu sanesipun, tuladhanipun padusan mata air, benter utawi asrep. Wonten padusan ingkang unik wonten Tarutung, Tapanuli Utara. Padusan punika kasebat pemandian air soda. Toyanipun paudusan menika pancen medalaken gelembung kados toya soda. Raosipun ugi mirip. Toya wonten padusan soda menika dipunpitados saged nambani maneka penyakit. Boten kedah bayar tiket mlebet menawi ajeng ngraosaken sensasi padusan toya soda. Biasanipun pengunjung nyaosi duit saiklasipun marang pengelola. Dalan ingkang kedah dilewati menyang panggonan menika kurang jembar lan boten mulus. Betah 45 menit saking Bandara Silangit menawi pengen rawuh wonten panggonan menika.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6625", "text": "Tangga kuwi pancen ora ana ning sampurna, apa maneh yen sing ana ning jero kampung utawa gang cilik. Sumber daya menungsane ora bisa dipadhakake karo wong sing ana ning kutha. Wong kampung kuwi rasa penasarane dhuwur lan sering nakoni babagan ora penting, nanging luwih perhatian lan uga luwih gayeng. Yen nduwe gawe utawa acara gedhe, mesti ngewangi masak lan dadi wong sing paling tanggep yen ana permasalahan ning lingkungan, apa maneh yen duwe tangga perangkat RT. Nanging wong sing ana ning kutha uga ora mesti cuek, nanging biyasane luwih sibuk amarga akeh kerja lan ngandelake informasi saka HP lan grup. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9019", "text": "Salah siji kamera kekinian sing paling akeh digolek iku GoPro. GoPro iku melbu nang kategori kamera action sing sering digawe aktivitas outdoor. Mergo regane sing lumayan terjangkau timbang kamera biasa, makane mulai akeh uwong sing tuku kamera iku. Wong-wong iku kakean nganggo GoPro pas beraktivitas nang banyu. Tapi ancene sih, kamera sing siji iki paling cocok bahkan digawe nyelem nang njero banyu. Alesane iku mergo kamerane iku waterproof. Wes ngono, jepretan sing dihasilno iku isok ketok jernih ambek tajem mbasio dinggo nang njero banyu, bener-bener gak onok pecahe blas. Dadi gawe awakmu sing butuh kamera gawe ngerekam nang njero banyu, GoPro pilihane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8693", "text": "Kendaraan umum sing paling dikenal ambek masyarakat Indonesia iku jenenge angkot. Tapi, nang sebagian daerah iku onok sing ngomong mikrolet. Mbasio podo-podo mobil sing muat penumpang dan fungsine gawe transportasi umum, angkot karo mikrolet iku nduwe perbedaan. Siji, teko fisik e. Loro-lorone iku podo nganggo mobil ukuran sedeng utowo bertipe minibus. Cuma bedane, angkot iku biasane nganggo mobil merk Suzuki Carry. Nek mikrolet iku nganggo mobil merk Toyota Kijang. Loro, posisi engine mounting e. Angkot iku biasane bermesin mid-engine alias posisi mesin onok nang tengah. Terus nek mikrolet iku bermesin front-engine alias posisi mesin onok nang ngarep. Iki perbedaan mencolok teko angkot ambek mikrolet.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9677", "text": "Ana ing kampus, Dewi seneng kanggo ngewangi kancane. Ora mung mandeg ning ngewangi sinau utawa njelasne materi sing angel, Dewi uga gelek ngewangi nalika kancane golek dhuwit kayata dodolan. Kanca-kancane Dewi uga nggumun kepiye carane Dewi bisa mesti nulung lan ngewangi kanca-kancane. Kaping siji, Dewi mesti iling yen misale gelek ngewangi wong liya bakalan diewangi sisan nalika ana sing Dewi ora bisa ngelakoni dhewe. Kaping loro, kanti ikhlas Dewi ngewangi kanti seneng. Kaping telu, Dewi ora milih-milih kanggo sapa wae sing diewangi. Pokoke sapa sing ora bisa ngelakoni apa-apa dewe, Dewi bakalan langsung ngewangi. Dewi uga ora sombong amarga kabeh sing dilakokake Dewi mung pengin oleh Ridhane Gusti.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9262", "text": "Akeh wong sing durung reti apa kuwi ahli gizi. Ing panggon sing ana hubungane karo masakan, mesthi duweni ahli gizi. Tugase ahli gizi ora gampang, dheweke kudu bisa ndelok lan ngukur panganan sing enak nanging kudu tetep duweni gizi seimbang. Ing rumah sakit misale, ahli gizi kudu bisa ndelok panganan sing ora bisa dipangan karo pasien sing lawa, nanging kudu diganti karo panganan liya sing duwe gizi padha karo panganan liyane. Misale ahli gizi kudu bisa ngewenehi saran utawa ngeracik menu kanggo wong sing duweni lara diabetes panganan sing tetep legi , tetep duweni gizi sing akeh, nanging duweni kadar gula sing sithik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "73", "text": "Bapak sedo pas aku umur 9 taun utowo pas aku isih kelas 3 SD. Bapaku ora duwe opo-opo sak liyane tabungan lan uang pensiunan. Nanging pas gede, aku lagi ngerti nek bapaku kui duwe koyo barang sing paling disenengi. Barang sing dimaksud kui peso. Peso ukuran 17 cm sing seko wesi. Gagang pisone kui seko kayu. Jarene biyen, bapakku kui seneng banget masak. Pas jamane kuliah, bapaku nganggo piso kui nggo masak diengge sak kampung. Nanging eman banget, saiki piso ne wis mulai rusak. Ujunge ora selandep biyen lan ono legokan neng tengahe. Warna coklat neng gangge yo wis memudar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "446", "text": "Salat kui wajib ukume kanggo awak dhewe sing muslim. Opo wae kondisine, awak dhewe tetep ngelakoni ibadah sing dadi tiang agama Islam kui. Salah siji halangan pas salat kui pas awak dhewe ono luka. Selama kui, lukane ora ganggu gerakan salat awak dhewe salat kanggo ngadek koyo biasane. Nanging, misale ora iso, dioleh solat lingguh utowo karo teturon. Yen lukane kui tekan nanahen. Awak dhewe kudu ngerisiki nanah kui. Nanah kui termasuk najis mergo kui hal sing jijiki. Nanah kui diresiki tekan garing. Yen misale nanah kui metu sitik pas salat, awak dhewe ora perlu panik. Yen nanahe isih metu sitik, kui salate dhewe isih sah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5526", "text": "Ngerumat laptop saka njaba kuwi pancen butuh ati-ati amarga laptop kuwi dudu barang elektronik gedhe sing ketok mripat lan dilapisi nganggo bahan sing atos kaya wesi. Kamangka kuwi, laptop iki nduwe cara dhewe kanggo njaga, apa maneh sing laptope produksi taun 2019 lan 2020-an amarga ning taun iki, kemasan laptop kuwi luwih tipis lan bahane saka plastik karbon. Laptop iki aja dideleh ning panggonan sing gampang ceblok lan uga duwe tas pelindung sing ana busane ben empuk lan tahan saka tekanan ben ora gampang pecah, Banjur ojo sampe kelebon banyu lan swu ben ora ngerusak lapisan logam sing ana ning jero laptop lan aja sampe dideleh ning panggonan sing lembab.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "147", "text": "Tiket sepur saiki wing biso dituku liwat aplikasi resmi seko KAI. Jenenge KAI Access. Coro mesen liwat aplikasi kui, sing kepisan, undah aplikasine. Yen wis kepasang neng telpon pintar, dibuka. Sak durunge iso mesen, Sampeyan kudu gawe akun disik. Akun kui fungsine kanggo pemberitahuan status pemabayaran mengkone. Pilih stasiun keberangkatan lan tujuan. Ajo lali pilih tanggal keberangkatan lan jumlah kursi sing ameh dipesen. Banjur pilih golek. Mengko bakal ditampilke jenis sepur lan gerbonge. Pilih sing paling cocok karo budget lan kenyamanan. Sampeyan kudu ngisi data penumpang koyo jeneng lengkap karo nomor identitas, iso nganggo KTP utowo SIM. Yen wis yakin ora ono salah tik, pilih bangku lan lanjut bayar. Metode pembayaran neng aplikasi kui iso tranfer ATM, m-banking, dompet digtal, QRIS, lan akeh pilihan liyane. Yen wis dibayar nganggo metode sing dipilih, Sampeyan bakal entok kode pemesanan. Kode kui sing mengko iso dicetak neng stasiun.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5155", "text": "Sak liyane apel Malang, uga ana kripik buah sing diolah nganggo teknologi vakum utawa ngilangi banyu ning jero buahe. Nanging ana perusahaan kripik buah sing nakal. Kripik buah iki diisi mung sethitik lan akeh angine nanging regane padha. Konsumen akeh sing protes amarga kripik buah iki jumlahe kurang akeh padahal rasane enak, Kripik buah isi angin iki kesebar ning kabeh panggon wisata ning Malang lan njupuk bathi sing gedhe banget. Kamangka kuwi, wong kang weruh kepiye kualitase milih ora tuku kripik iki lan jenis kripik iki bisa ngerusak pasar oleh-oleh ning Malang. OWng luwih seneng tuku kripik kentang utawa talas. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9266", "text": "Dunya media saiki wis obah banget. Apa wae bisa mlebu ana ing kene salah sijine panganan. Panganan sing disiarna ana ing media bakalan luwih misuwur tinimbang panganan sing mek didol ana ing warung. Wong sing biyasane nyiarna panganan ning media sosial arane food blogger. Yen kowe lagi pengin dadi food blogger, iki pirang-pirang cara sing bisa dilakokake kanggo miwiti dadi food blogger. Nomer siji, kowe kudu duweni rasa peka ning panganan. Saliyane iku, yen misal kowe nyiarake panganan ing YouTube sing kowe kudu ngomong dewe, kowe kudu bisa nyampekake rasa panganan kanti apik, menarik, lan jelas utawa jujur supaya wong sing ndelok awakmu bakal percaya karo omonganmu. Nomer loro, kudu bisa motret panganan. Ora perlu sing apik banget, nanging kepiye carane wong sing ndelok kasil fotomu bakalan langsung kepengin njajal panganan iku.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2425", "text": "Nag jareku, kampung jodipan iku apik, soale ono warnai sing macem-macem angger omah. Tapi ono mangkelno soale nag kono iku panggonane ora roto, terus drojog ambek angel nag gowo sandal sing lunyu. Terus koncoku yo tau ngomong, teko keunikane iku maeng sing iso dadekno perekonomiane warga kono iso munggah. Terus nag situs liputan6.com yo ngakoni nag perekonomiane warga kono iso kebantu polahe tekone wong sing nglencer nang kampung iku. Akhire teko wong wisata iku pendapatane wong warga kampung jodipan isi stabil. Terus sing garai rame maneh yoiku jembatan kocone sing paling jengkelno, lapo'oh kok jengkelno, soale wong nag mlaku nang kono mesti alon-alon ambek berok-berok polahe wedi. Iku kedaden polahe jembatane iku teko koco sing bening sampek ketok ngisore kali.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2312", "text": "Sego goreng iku panganan sing iso ditemokno nang ndi-ndi nggon. Sak Indonesia, kabeh wong ngerti panganan siji iki. Panganan iki biasane digawe mangan wayah isuk. Nek bengi akeh ditemokno didol nang pinggiran dalan, warung cilik, sampek restoran gedhe. Sego goreng umume warna cokelat teko bumbu kecape. Sego goreng yo ono sing warna abang teko bumbu caos sambel tomate. Rasane iso milih sing pedes, gak pedes, gurih, sodok legi, wes sak karepe sing tuku. Sego goreng yo ono tambahane lawuh, yaoiku iso orak-arik ndog, dadar ndog, daging pitik, urang, lan liya-liyane sak karepe sing tuku pokok ono nang menune. Ambune sing gurih banget pas digoreng anget-anget nggundang wong podo tuku mergo mesti nggarai lesu", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1715", "text": "Kahanan sing mekso awak dhewe nganggo duwit tabungan kui mesthi ono. Lan kahanan kui ora iso awak dhewe kendalike. Makane kui, awak dhewe wis kudu nyepake tabungan kanggo kahanan koyo ngono. Ojo tekan, mergo tabungane durung cukup opo malah ora duwe tabungan blas, awak dhewe dadi ngutang supoyo iso ngebaki kebutuhan pokok. Luwih mending awak nabung timbange ngutang. Ngutang kui ono resikone yen awak dhewe ora iso nyaur. Senadyan ngenteni tabungan entek kui rasane mirip koyo ngenteni bom jeblug, luwih mending nabung. Kasarane yen awak dhewe mati nganggo duwit tabungan kui luwih mending, soal awak dhewe mati ora gowo utang opo-opo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7329", "text": "Nabi Yunus AS iki nabi sing diutus gawe nyadarno kaum Assyira penyembah berhala nang kota Niniwe. Nabi Yunus AS iki pendatang nang kota iku. Makane pas Nabi Yunus AS teko nang kota Niniwe dan nyampaino dakwah, beliau malah diolok-olok. Tambah suwe kesabaran Nabi Yunus AS entek dan beliau mutusno gawe ninggalno kota iku. Pas nang perjalanan ndek kapal, Nabi Yunus AS kudu nyemplungno diri nang laut soale kelebihan muatan dan diselamatno ambek paus. Nang njero wetenge paus mau, akhire beliau disadarno ambek Allah SWT nek ninggalno kaume dalam keadaan marah iku gak bener. Teko kono, awak dewe isok neladani nek awak dewe gak oleh mutusno sesuatu pas utek lagi panas mergo emosi. Iki pesen gawe awakmu sisan rek, nek kate gawe keputusan iku usahakno utekmu wes dalam keadaan adem cek gak nyesel ndek kemudian hari.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6309", "text": "Ning manca negara, isu sing lagi semarak yaiku babagan childfree utawa sepakat ora nduwe anak karo pasangan. Kanggo penduduk sing ana ning jaba Asia, budhaya ora gelem nduwe anak iki wis wajar amarga pertimbangan sing akeh lan uga ana paham sing luwih liberal. Pertimbangan iki uga nyangkut anane krisis ekonomi, emosional, trauma, lan psikologi sing durung siap. Nanging alesan iki akeh sing hujat amarga wis akeh negara sing rugi amarga gerakan iki. Ning Indonesia babagan iki dikaitake karo ajaran agama, nanging lingkungan sing padhet iki uga marai akeh wong mikir adoh. Kamangka, awak dhewe kudu bisa ngurmati keputusan wong amarga saban wong duwe perkarane dhewe. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "167", "text": "Liburan bareng anak kui sok marai mumet. Anak kerep rewel neng tengah dalan. Nek ora anak turu pas lagi wektune lungo. Ben liburan tetep nyenengke kanggo wong tuwo lan anake kudu ono persiapan sing mateng sak durenge mangkat. Sing kepisan, pilih destinasi wisata sing kiro-kiro disenengi karo kabeh anggota keluarga. Yen ragu-ragu, awak dhewe iso nakoke langusung panggon koyo opo sing pengen dee kunjungi. Keloro, pilih penginepan sing nyaman. Pas isih enom utowo durung duwe anak, awak dhewe kerep milih penginepan sing murah senadyan ngerti yen panggone kui ora terlalu nyaman. Ketelu, yen misal nganggo kendaraan pribadi ojo meksoke menyang sekali dalan. Anak-anak kui gampang bosen dadi pisan-pisan kudu mandeg kanggo ngelakoke aktifitas liyane. Kepapat, cepake barang-barang lan dolanan sing gawe anak kui anteng neng perjalanan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9749", "text": "Hayo sapa sing ning papan tinggalane isih kerep weruh bocah angon wedhus golek rambah? Nah, gaman kang dinggo golek ramban iku mau salah sijine gegaman tradisional asli Jawa Timur, kususe Madura. Gaman kui nduweni jeneng clurit utawa sabit. Clurit iku digawe saka wesi sing dicithak ning ndhuwure mawa geni. Nyetak e ora mung sepisan nanging ngasi ping telu. Sakbubare dibentuk utawa dicetak wujud sing urung dadi iku di gerinda mbentuk setengah mbulan. Ing tahap iki kudu dibentuk nganti bener-bener apik lan landhep amarga penentuan apik eleke clurit tergantung tahapan iki. Yen uwis banjur mlebu tahapan pungkasan yaiku dideleh maneh ing ndhuwure mawa, banjur di lebokake banyu, di lebokake oli, lan sing paling pungkasan dilebokake banyu. Nah kui mau cara-carane nggawe clurit utawa sabit saka Madura. Ketoke gampang nanging angel, kamangka ayo padha ngginakake.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9679", "text": "Manungsa nalika urip ana ing alam donya iki ora dewean. Wis mesti bakale mbutuhake wong liya. Mulane tulung tinulung iku wis mesti kudu ditindakake karo manungsa siji ning manungsa liyane. Tulung tinulung uga dianjurake ing kabeh agama. Yen tetulungan, ora perlu mbedakake wong. Kabeh kudu ditulung senajan beda agama, beda suku, beda ras, utawa nganti beda negara. Tulung tinulung karo wong liya bisa nambah keraketan hubungan saduluran, bisa ningkatake kepedulian sosial, dihormati ln diregani wong liya, lan sing paling penting yaiku oleh ganjara saka Gusti. Mula, ayo wiwit ditindakake tulung tinulung marang wong liya lan ora mbedak-mbedakna wong sing meh ditulung!.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9775", "text": "Kecak yaiku jejogedan saka Bali kang iringane amung nganggo swara manungsa. Jejogedan kang wis misuwur tekan ngendi-ngendi iku ditarikake para kaum pria kang lunggu mubeng. Wirama kang khas amarga nyuarakake “cak, cak, cak” kaliyan ngangkat tangane. Kajaba kui, uga ana tokoh kang meragakake Rama, Shinta, Rahwana nganti Hanoman. Tarian iki awale saka tahun 1930-an, saka seniman Bali kang jenenge Wayan Limbuk lan pelukis asal Jerman jenenge Walter Spies. Tarian iki sanyatane ritual kang kasebut shangyang utawa tradisi kanggo nolak bala. Tari kang mbutuhake akeh uwong iki dadi tarian uga sarana ngibadah. Kamangka, yen nonton tarian iki bakal krasa banget rasa sakrale.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8606", "text": "Nek njalani siji hubungan sing podo ambek wong sing podo sisan, pasti onok lah rasa bosen iku. Hal sing koyok ngene iku sering kedaden nang uwong sing wes rabi. Biasane teko bosen iku mau, akhire dadi alesan gawe selingkuh karo wong liyo. Tapi ancene, nek wes onok rasa bosen ambek pasangan iku, kudu cepet-cepet ditangani ben gak tambah nemen dan maleh pegat. Iki carane gawe ngadepi rasa bosen nang pasangan. Siji, ubah cara pikir. Loro, ubah rutinitas ambek coba hal sing anyar karo pasangan. Telu, budhal kencan ambek pasanganmu. Papat, omongno nang pasanganmu dan diskusikno bareng opo solusine ben rasa bosen iku isok ilang. Terakhir, konseling ambek tenaga ahli.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6641", "text": "Aku duwe kanca saka Bali, jenenge Made. Made iki salah siji mahasiswa ning Universitas Udayana, jurusan kedokteran. Made iki nduwe omah sing isih asri lan uga gaya arsitekture tradisionanl. Amarga kekancan karo Made, aku dadi ngerti kepiye budhayane wong Bali lan uga kepiye wong Bali sembahyang. Pas wayah ana karnaval budhaya lan tari, Made mesti ngejak aku kanggo nonton. Aku uga sering dimasakke karo ibune Made. Senajan aku muslim lan Made Hindu, awak dhewe malah nduweni rasa toleransi sing dhuwur. Kekancanan iki awet banget kanthi lulus, saiki aku lan Made kerja ning Jakarta. Ya padha wae isih nang ngendi wae bareng. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1247", "text": "Dodolan neng Instagram kui gampang gampang angel. Awak dhewe iso gampang banget buka lapak neng kono, nanging durung tentu awak dhewe barang dagangane dhewe gampang payu. Salah siji carane supoyo barangane ono sing tuku kui awak dhewe kudu gawe konten utowo kiriman sing menarik. Ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke supoyo kirimane dhewe digateke wong. Sing kesiji, opo sing awak dhewe kirim kui kudu duwe ciri khas. Ciri khas kui iso seko desain sing unik utowo werno sing arang digunake karo wong-wong liyo. Awak dhewe uga nyantumke logo neng kirimane dhewe. Sing keloro, logo sing awak dhewe pasang neng kiriman kui sak iso mungkin unik, artine ora okeh logo sing desaine mirip.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2796", "text": "Kabeh wong sing ono nag dunyo mesti ngerti sing jenenge Masjid. Yo panggonan iki termasuk salah sijini omah sing digawe sembayang umat islam sing ono nang endi-endi. Nah masjid maeng iku fungsine akehe megilan. Contohne Masjid iku yo kenek digunakno kanggo musyawarae wong muslim kanggo mecahno masalah-masalah, masjid yo kenek digawe kanggo wong islam sing pengen konsultasi masalah agama utowo ngaji masalah agama islam, mari ngunu masjid yo kenek digawe ningkatno pengetahuan utowo ilmu sing ono hubungane ambek agam utowo perkoro sing apik. Dadi fungsine masjid iku ora mog angger digawe sembayang tok tapi yo kenek digawe ngembangno ilmu agama ambek liyan-liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9662", "text": "Sumatera Utara nduweni panggon sing jenenge museum Alquran. Panggon iki kanggo nyimpen Alquran sing umure wis tuwa sing ana ing daerah Sumatera Utara. Mushaf Alquran sing paling tuwa sing ana ing museum iki yaiku sing ditulis taun 1070/1074 H utawa kurang luwih 370 taun kepungkur. Bisa didelok rupane Alquran iku wis nguning, kertase uga wis rapuh lan ora oleh ngawur kanggo jempok amarga bisa rusak. Motif sing ana ing Alquran iku uga macem-macem kayata motif kembang matahari, motif Simalungun, lan liyane. Alquran utawa mushaf paling tuwa iki dadi bukti yen ana peradaban Islam sing ana ing Sumatera Utara. Saliyane iku, iki uga dadi warisan sing kudu dijaga banget aja nganti rusak supaya generasi sawise anak putu pada bisa ngerti lan ndelok rupane Alquran iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5842", "text": "Salah siji perusahaan perdagangan elektronik ning Indonesia sing paling gedhe yaiku Tokopedia. Tokopedia iki wis ana wiwit taun 2009 lan duwe pengaruh sing gedhe ning Asia Tenggara lan kalebu toko online sing paling akeh dikunjungi karo masyarakat Indonesia. Tokopedia iki ndukung produk UMKM lan ngadakake program dukungan UMKM iki wiwit 2018. Tokopedia iki ngelakoni kerja sama karo GoJek ben bisa nggedhekake bisnis. Saka kerja sama iki, akeh cabang bisnis kaya perbankan digital lan uga kredit. Tokopedia oleh pendanaan saka perusahaan gedhe manca negara. Produk saka Tokopedia iki wis sesuai karo kebutuhan wong Indonesia, salah sijine kaya layanan luwih gampang produk halal. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5129", "text": "Jaman saiki wis akeh media kanggo nyebarake lan nyanyekake lagu-lagu daerah. Salah sijine yaiku media video kaya Youtube utawa Tiktok. Amarga kamajuan teknologi iki, lagu daerah bisa tambah dikenal karo wong akeh lan bisa dadi media kanggo sinau babagan lagu daerah sing kurang terkenal lan duwe risiko kekikis karo modernisme. Salah siji proyek pelestarian lagu daerah iki yaiku proyek Wonderful Indonesia sing digalakake karo para musisi-musisi enom. Proyek iki ngolah lagu-lagu tradisional dadi lagu sing luwih modern ben bisa ngetutake perkembangane jaman. Lagu-lagu iki uga digawekake video sing apik banget. Kamangka kuwi, generasi enom kaya awak dhewe kudu luwih kreatif kanggo ngenalake lagu tradisional.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7463", "text": "Tenun iku guduk mek kain tok, tapi onok sisan berupa alat musik tradisional. Alat musik tenun iki asale teko Palembang. Tenun iki terbuat teko kayu sing bentuke persegi panjang. Nang bagian tengahe tenun iku bentuke koyok ornamen segitiga sing pas dipukul bakal ngetokno suara, guduk melodi. Nek dolen tenun, pemain garek mukul alat musike nganggo kayu nang bagian tertentu sing ngetokno nada. Fungsi alat musik tenun iki gawe ngiringi pas onok acara-acara hiburan. Alat musik iki dikeki jeneng tenun mergo jaman mbiyen didoleni pas wong-wong wedok lagi nenun kain. Dadi pas lagi bosen terus pingin dolanan, mereka bakal dolen nganggo alat musik tenun iku gawe ngehibur diri.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9220", "text": "Raihan saiki seneng banget nonton drama Korea. Saben dina dheweke bisa ndelok 4-6 episode drama Korea. Apa maneh yen wayah preian sekolah, Raihan bisa tekan isuk nganti tengah wengi ora metu saka kamar kanggo ndelok drama Korea. Ana babagan sing disenengi Raihan yen ndelok drama Korea, yaiku panganan utawa ombenan khas Korea sing mesthi nyebabake Raihan pengin njajal. Salah sijine yaiku ombenan strawberry korean milk. Ombenan iki gampang digawe lan bahane uga gampang digoleki ana ing omah utawa pasar. Bahan sing dianggo yaiku susu lan buah strawberry. Raihan njajal nggawe dewe ana ing omah lan bisa kasil. Ombenan strawberry korean milk bisa digawe kanggo ngancani ndelok drama Korea.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "961", "text": "Tau pas kui lagi sering mati listrik neng daerah omahku. Sedino kui iso tekan peng telu mati lampu sing jedane kui ora tekan 10 menit. Banjur, aku batin, yen mati-ngurup koyo ngene listrike iso gawe perabot listrik neng omah rusak. Nanging pas tak cek meneh, ora ono perabot listrik neng omahku sing rusak. Sesoke, aku dolan neng omahe koncoku. Omahe kui ora adoh-adoh seko nggonku, sekitar 2 kilonan. Awak dhewe ngobrol banyak pas kui, termasuk kedadean mati listrik sing wingi. Mergo kui, kulkas sing ono neng omahe koncoku kui rusak. Dheweke mis jajal ngundang tukang neng omah nanging wonge ora iso terus. Akhire, dheweke jarane pengen jalal benake dhewe. Seminggu bar kui, pas aku dolan meneh, dheweke cerito yen kulkase wis iso dienggo meneh. Wingi dheweke benake dhewe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3181", "text": "Wingi sekitar semingguhan aku ngeterno koncoku perikso nang dokter soale awake gelek gringgingen ambek terus ndase ngelu. Pas tutuk kono jari dokteri iku dikongkon mangan sing akeh ambek olahraga sing teratur ben darahe iku maeng lancar ambek jantunge iku apik. Tibake doktere maeng yo ngandani nag olahraga iku kudune rutin ben ora gampang kenek penyakit. Nah salah sijine manfaate olahraga maeng yo kenek gawe gampangno alirane darah ben lancar. Terus yo kenek gawe jogo kesehatane jantung ambek otot. Dadi manfaate olahraga ancene pentinge megilan. Mangkane saiki nag kota-kota nag isok mesti akeh wong sing mlayu-mlayu gawe olah raga polahe pengen sehat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "574", "text": "Aceh kui salah siji daerah sing budayane kui kenthel karo unsur agama Islam. Ora mung tekan kehidupan sak ben dinone, nanging uga keseniane. Lirik-lirik lagu sing dienggo tarian Aceh kui akeh nuansa Islam. Jaman biyen, tarian iki dadi salah siji media dakwah sing efektif. Termasuk prinsip-prinsip sing ono neg tarian kui. Tari lan tari ratoeh jaroe ku tarian kelompok sing dilakoke karo lingguh. Pas nari tarian kui, bahu penari siji lan liyane kui kudu nempel. Formasi barisane kui uga kudu lurus. Kui dijipuk seko prinsip salat sing kudu ngelurus lan ngerapetke saf. Dadi selain, ngajarke kekompakan, tarian iki uga ngajari utowo ngandani penontone perkoro sing penting neng agama.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8981", "text": "Hasan lali nek dino iki wayahe ngumpulno tugas Penulisan Ilmiah. Berhubung file e de’e sek onok nang Google Docs dan durung diedit, Hasan cepet-cepet nyilih laptop e Agil sing nganggur. Berhubung Agil wes mari ngumpulno tugas e, dadi de’e sante ae pas Hasan lansung njupuk laptop e. Awale Hasan anteng nggarap tugase, terus moro-moro de’e misuh karepe dewe. Pas Agil takon opo'o, Hasan tambah emosi pindo. Hal iku mergo laptop e Agil iku kebacut lemot e, sampe metek spasi ae onok loading e. Hal iku marakno kerjaan e Hasan dadi terhambat. Hasan tambah panik campur ngamuk pas waktu pengumpulan tugas e mek garek 30 menit ngkas. Mergo laptop e Agil gak isok diharapno, Hasan milih gawe nyilih laptop e arek liyane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "37", "text": "Wayah akhir bulan wes ora ono duwit. Timbange jajan panganan sing larang mending masak dhewe neng omah. Paling gampang lan dijamin enak kui mangan mie instan goreng. Neng durung ngerti cara masake, kene tak andani. Sing kepisan, campur bumbu, saos, kecap, karo, minyak sing ono neng kemasan. Siapke banyu neng panci. Godok tekan mendidih. Wis mendidih leboke mie instan. Enteni sekitar 4--5 menit. Yen kepengin tekstur miene isih kenyel makin cepet diangkate. Banjur ditiriske. Campur mie sing wis ditiriske neng bumbu nganti roto. Ben soyo marem, ojo lali goreng endog ceplok. Yen kiro-kiro mangan mie tok ora marai wareg, ojo lali ditambah sego.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10176", "text": "Bali tesih gadhah penginapan sanes ingkang konsepipun mirip kaliyan Mara River Safari Lodge. Bentenipun penginepan ingkang asmanipun Firefly Eco Lodge Bali nawakake sensasi tilem wonten kamar ingkang bentukipun kados sangkar manuk. Penginepan ingkang lokasinipun wonten Ubud menika ugi gadhah pemandangan asri khas Ubud. Senadyan regi sewa kamar wonten mriku awis amargi panggonanipun kalebet kawasan ingkang elit, nanging fasilitasipun ugi lengkap lan kualitasipun sae. Wonten pendingin ruangan, set kursi malas, TV, lan mesin kangge damel unjukan. Saben kamar mandi gadhah konsep ingkang kebikak supados turis saged mirsani pemandangan wonten inggilipun kamar mandi. Fasilitas toya benter, hair dryer, bath tub, shower, lan fasilitas sanesipun. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "590", "text": "Senadyan aku wis tinggal neng Bantul wis suwe, nanging aku lagi ngicipi pangan khas Bantul kui pas simbah kakung lan palikku dolan neng Yogyakarta. Pas kui, aku wis limang taunan neng Bantul. Simbah lan paklikku ora ono sing ngerti panggon sate klatak sing enak kui neng endi. Dadi awak dhewe wong telu kui gur mubeng-mubeng Bantul disik. Neng dalan kui, paklikku crito jaman kuliah biyen dheweke tau ngipet tekan Pantai Prangtritis. Wis sekitar 1 jaman, awak dhewe mampir neng sate klatak Pak Pong. Simbah karo paklikku kui jebul ora patio seneng karo rasane. Gak ono sing spesial-spesial banget seko satene. Bedane, mung ditusuk nganggo ruji wesi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4029", "text": "Wong urip karo tanggane iku nag iso sing guyup ambek rukun, nah iku kabeh wes dianjurno teko pemerintah mangkane nang deso-deso mesti ono sing jenenge RT sing singkatan teko (rukun tonggo). Nah anjuran pemerintah iku mang yo kudu dilakoni karo kabeh warga negoro iki ben iso urip enak ambek tonggone, soale nag urip rukun karo tongone nak ono opo-opo mesti enak nag jaluk tolong karo tonggone. Mangkane urip rukun karo tonggo sing dianjurno yo kudu nang dilakoni ben ora marakno gegeran sak tanggane ambek ora ngerugekno tanggane perkoro masalah sepele. Mangkane aturan ambek anjurane pemerintah sing apik yo kudu dituruti ambek dilakoni.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2335", "text": "Ngomong-ngomong soal selera, selerane uwong nang nggone panganan iki bedo-bedo. Wong Indonesia nek perkoro panganan loro iki mesti ono sing seneng pol, ono sing ra doyan blas. Ono sing ngambu tok ae malah mbunek-mbunek kudu mutah. Panganan opo iku? Yaiku duren karo pete. Nek wes wayahe usum duren, sebagian wong gelem mbayar larang-larang sampek atusan ewu gawe tuku duren. Jare wong-wong sing seneng duren, duren iku rasane legi, legit, lan aromane sedep, enak pol. Nek jare wong sing gak seneng duren, duren iku ambune nyengat pol nggarai ndas ngelu. Kandungan etionin nang duren sing nggarai duren ambune nyengat. Tambah dukur kandungan etionin nang duren, tambah nyengat ambune. Mangkane iku ono olahan reno-reno teko duren sing nggarai duren sodok diterimo karo wong-wong sing ra petek seneng duren. Mulai teko duren ketan, es cendol duren, sampek pancake.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6935", "text": "Awakmu tim bakso atek gajih opo tanpa gajih? Nek aku jelas tim bakso tanpa gajih, malah luwe nang arah pembenci gajih. Pokoke nek sampe tuku bakso ndang dikeki gajih, pasti gak bakal tak pangan. Ndelok bentukane sing nggelambir gak jelas ngono ae aku wes keri dewe. Bagian sing paling marai aku gak seneng iku nek mbari mangan gajih, pasti nang mulut iku rasane nggendel kabeh, terutama nang langit mulut. Wes ngono gak isok langsung ilang ngono ae tumpukan lemake sing nang langit mulut mbasio wes dilap nganggo tisu, kudu disikat disik baru isok resik. Durung maneh kandungan lemak jenuhe sing duwur dan isok marai kolestrol nang tubuh tambah mundak, dadi aku tambah mantep menghindari gajih.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5805", "text": "Akeh wong kang ngomong yen wirausaha iki gampang. Nanging kenyataane wirausaha iki angel amarga mbutuhake ketekukan lan dadi wong sing telaten ben ora kocar-kacir. Bisnis cilik kaya panganan, klambi, lan kerajinan iki dadi salah siji usaha sing kudu ngamati kebutuhan pasar. Sing marai angel sak liyane pasar yaiku anane modal sing kudune bisa ndukung mlakune usaha sing lagi dirintis iki. Modal sing kurang pas alokasine iki bisa dadi kerugian kang gedhe. Akeh pengusaha sing rugi lan dadi depresi amarga bisnise gagal. Kamangka, nggawe bisnis iki kudu nduwe pertimbangan lan kudu ana kesiapan mental ben ora gampang ajur lan ilang usahane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9675", "text": "Loman karo wong lan sedekah nalika wis mampu iku mesti dadi ajaran Islam sing paling tak iling. Loman utawa gampang ngewenehi wong sing mbutuhake pitulungan lan sedekah iku pancen rada angel ngelakonine. Kadang manungsa ngerasa eman kanggo ngetokna duwit, padahal iku uga gawe awake dhewe supaya ganjarane akeh. Ora ming amarga ganjaran, nanging loman lan sedekah marang wong liya bisa ngeresiki donyane kene supaya luwih berkah. Ora kudu ngewenehi dhuwit sing akeh marang wong liya, bisa ngewenehi panganan utawa apa wae sing bisa diwenenhna. Yen loman utawa gampang ngewenehi wong liya, dalan urip ing donya bakalan digampangake karo Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5561", "text": "Wis ana 2 taun adhiku nganggo kacamata lan saiki ngerasa yen mripate tambah lamur amarga kamare saiki kurang padhang. Wis ganti lampu, nanging adhiku isih ngerasa kurang. Banjur jare kakangku, luwih becik yen adhiku tuku lampu meja kanggo sinau kaya sing ana ning film ben bisa luwih kepenak sinaune. Pencahayaan sing apik iki uga bisa ndukung konsentrasi sinau. Kamangka, aku lan kakangku urunan kanggo tuku lampu meja kanggo adhiku. Aku karo kakangku tukune liwat toko online sing nyedhiakake barang elektronik. Bahan lampune saka wesi ben ora gampang rusan lan daya sing dibutuhake rada cilik dadi aku ora kuatir boros listrik. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "565", "text": "Alat musik tradisional kui ora kalah asike karo alat musik modern. Mungkin, awak dhewe ngeroso alat musik tradisional elek mergo lagu-lagune. Lagune kui lawas banget lan ora cocok karo selarane akeh wong. Nanging yen misale dibandingke karo piano ngemainke lagu-lagu klasik, koyo karyane Mozart, kui podo wae. Ono musik klasik sing boseni, nanging ono uga lagu klasik sing marake seneng utowo semangat. Kui podo kasuse neng alat musik tradisonal, kui masalah selera. Yen ono wong sing iso ngepaduke alat musik tradisional karo lagu-lagu modern kui pasti bakal ono wong sing seneng. Tuladane koyo lagu Lathi seko Weird Genius, sing ngeleboke musik gamelan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5461", "text": "Ning UKM Resimen Mahasiswa, olahraga sing diajarke yaiku terjun payung. Olahraga iki pancen medeni amarga ora oleh ragu-ragu lan kudu bisa ngatur tempo lan gravitasi ben ora tiba lan tatu. Ilmu iki sing kudu disinaoni Hendra sak durunge njajal terjun payung sing diajarake karo para senior sing ana ning UKM Resimen Mahasiswa. Hendra mbutuhake setaun kanggo sinau terjun payung iki karo para TNI lan nguwasai medan. Hendra uga sinau cara urip ning alas kanggo antisipasi seumpama parasut ceblok ning panggonan sing ora dikenal. Sing Hendra ngerteni yaiku sing paling penting kudu wani lan siap disiplin amarga mung disiplin lan konsentrasi sing bisa nyelametake. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7309", "text": "Dzikir iki salah siji amalan sing dianjurno gawe dilakoni ben onok kesempatan. Onok akeh banget jenise dzikir sing isok dilakoni. Tapi onok salah siji jenis dzikir sing paling dianjurno nang Al-Qur’an, yaiku dzikir isuk ambek sore. Dzikir isuk iku dilakoni mulai teko sak marine sholat shubuh sampe dhuha. Dzikir sore iku dilakoni mulai sak marine sholat ashar sampe sak durunge maghrib. Dzikir isuk karo petang iki nduwe beberapa manfaat sing apik gawe awak dewe. Nek awak dewe rutin, bakalan entok perlindungan teko Allah SWT nang ndi ae dan kapan ae. Awak dewe bakal terus dilindungi teko hal-hal sing celaka. Makane mulai saiki ayo mulai rutin dzikir isuk karo petang nek gelem selamet dunyo ambek akhirat.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8657", "text": "Salah siji bencana alam sing paling sering kedaden nang Indonesia iku gunung meletus. Guduk tanpa alesan opo’o kok Indonesia iku sering pol ngalami gunung meletus, yaiku mergo sek akeh gunung sing statuse aktif. Mergo iku, awak dewe kabeh, terutama sing urip nang siji kota ambek gunung berapi iku kudu eroh carane mitigasi bencana gunung berapi iku mau. Cara mitigasi bencana gunung berapi iku koyok ngene. Siji, pemantauan aktivitas gunung api. Engkok data hasil pemantauan dikirim nang Direktorat Vulkanologi ambek Mitigasi bencana Geologi (DVMBG). Loro, tanggap darurat. Telu, penyelidikan gunung berapi nganggo metode geologi, geofisika, ambek geokimia. Terakhir, sosialisasi sing dilakoni karo pemerintah daerah nang masyarakat. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9285", "text": "Korea Selatan ora mung misuwur karo dramane sing apik banget. Buah stroberi uga misuwur banget ana ing kono. Macem-maceme buah stroberi yaiku ana stroberi seolhyang, stroberi maehyang, stroberi king's berry, stroberi santa, lan stroberi sancheong. Stroberi ing Korea Selatan iki luegi banget apa maneh pas wektu panen. Warnae sing abang mbranang lan wujude sing gede banget dadekake buah iki dadi buah sing paling digoleki ana ing Korea. Nanging regane stroberi ana ing Korea iki kalebu larang yen dibandingake karo stroberi ing Indonesia. Sak pak sing isine kadang 10-20 iku bisa didol kurang luwih 250 ewu. Larange regane stroberi iki uga ana pengaruhe karo lahan kusus sing digawe kanggo nandur stroberi iki.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9002", "text": "Mesin cuci siji tabung iku biasane diarani dadi mesin cuci otomatis, soale panggon nyuci ambek panggon pengering e dadi siji. Mesin cuci siji tabung nduwe akeh kompenen. Siji, water inlet valvet sing dadi bagian penghubung selang banyu nang mesin. Loro, inlet connection sing fungsine gawe ngelebokno banyu nang bak cuci. Telu, timer sing fungsine gawe ngatur wektu nyuci. Papat, agitator sing fungsine gawe ngelakoni operasi ngeresikno klambi. Limo, front panel sing fungsine gawe ngatur sesi nyuci. Enem, tube alias bak cuci. Pitu, air dome sealer sing fungsine nyegah banyu metu teko bak. Wolu, gasket sing fungsine gawe ngisi celah antara rong permukaan. Songo, outer tube sealer sing fungsine gawe nyegel banyu sing onok nang bak mesin cuci. Sepoloh, pompa banyu sing fungsine gawe ngalirno banyu teko mesin cuci nang rong arah. Sulas, hose connector sing fungsine gawe nyambungno selang siji nang selang liyane karo kran sisan. Rolas, pipa pembuangan sing fungsine gawe ngetokno banyu bekas kumbahan mau. Terakhir, dispenser detergen sing fungsine gawe panggon detergen.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8912", "text": "Sopo sing eroh olahraga bal sing digebuk nganggo tongkat terus nek bal e dipukul sampe adoh podo mbengok “home run”? Onok sing ngomong iku kasti, onok sisan sing nyebut iku bisbol. Sing lucu maneh, onok sing nganggep rong olahraga iku podo. Padahal kasti karo bisbol iku bedo. Onok patang perbedaan. Siji, bentuk lapangan. Nek kasti iku lapangane bentuk persegi panjang. Nek bisbol iku lapangane bentuk bujur sangkar. Loro, ukuran lapangan. Secara keseluruh, lapangan kasti iku luwe ombo teko bisbol. Telu, alat pemukul sing bobot ambek dowone bedo. Terakhir, bal sing dinggo. Bal sing dinggo kasti iku terbuat teko sabut kelopo utowo ijuk. Nek bal sing dinggo bisbol iku terbuat teko kulit sapi utowo jaran.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6909", "text": "Wortel iku salah siji jenis sayuran sing paling gampang ditemoni nang sekitare awak dewe. Regone relatif murah, terus manfaate yo akeh gawe kesehatan. Sing paling akeh wong eruh iku manfaate gawe kesehatan mripat. Hal iku mergo kandungan vitamin A ndek wortel sing isok ngeduno resiko terjadinya berbagai penyakit mripat, koyok rabun senja ambek katarak. Terus wortel iku mengandung air karo serat sing apik gawe kesehatan saluran pencernaan. Terus kandungan kalium ambek antioksidan nang wortel isok menurunkan risiko penyakit jantung. Sing terakhir, kandungan vitamin dan folat isok bantu njogo karo nguatno daya tahan tubuh. Dadi mulai saiki, mulai rutin konsumsi wortel rek cek awakmu tambah sehat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1212", "text": "Tekan saiki dadi PNS kui isih dadi pilihan paling apik kanggo angaktan kerjo jaman saiki. Penake dadi PNS kui, neng kono duwe sistem jenjang karier sing mesthi. Gajine awak dhewe bakal munggah semakin suwe awak dhewe kerjo neng instansi pemerintah kui. Awak dhewe uga ora usah mumet-mumet pas wis tuwo mengkone. Yen awak dhewe dadi PNS, awak dhewe wis dijamin entuk dana pensiun. Dadi pas wis tuwo, awak dhewe iso sante-sante ngenikmati opo sing wis awak dhewe bangun selama iki. Sakliyane kui, dadi PNS kui uga ora gampang dipecat. Ora koyo neng perusahaan swasta utowo perusahaan rintisan sing iso mecat karyawane sak penak jidate bose.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6613", "text": "Dana darurat kuwi bisa dijupuk saka kredit online. Nanging, kredit online iki akeh banget variasine lan uga sering ora bisa dipercaya amarga akeh penipuan lan uga syarat sing ora sesuai. Kredit online iki biyasane nganggo aplikasi sing wis dipercaya lan diawasi karo OJK utawa Otoritas Jasa Keuangan. Salah siji aplikasi sing wis terbukti aman yaiku aplikasi Danamas Dana Tunai. Aplikasi iki nawarake suku bunga 19,2% saban sasi lan maksimal dana pinjam kanthi Rp7,5 yuta. Tenor peminjaman saka aplikasi iki yaiku 3 sasi lan kuwi normal kanggo aplikasi simpan pinjam online amarga ora ninggalake kasus lan ninggalake kecurigaan kanggo para calon nasabah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2490", "text": "Biyen pas aku isek cilik, Aku senengane mancing ambek konco-konco nang kali utowo nang jublangan sing sekirane akeh iwak'e. Jenenge bocak cilik nag wes oboh seneng ambek siji perkoro yo wes budal. Mancing ae, sampek lali mangan. Opo maneh nag dino minggu awit esok sampek sore lagek moleh. Iku wae nag ora digelek'i karo wong tuo yo ora bakal muleh neg gak pegel. Mancing biyen iku dadi hobiku ambek konco-konco, soale mesti adu akeh-akehan, maru ngunu engko nag oleh ditunu bareng terus dipangan bareng. Sak liyane iku, mancing nang daerahku biyen dadi hobi akeh-akehe bocah soale yo mok dolanan iku sing paling nyenengno. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10016", "text": "Akeh olahraga sing enteng enteng lan ora nganggo piranti sing abot-abot. Salah sijine push-up. Ana tata cara gawe ngelakokno olahraga iki. Nomer siji deleh en tangan lan sikilmu ning ndisor utowo ning nduwur e lemek. Nomer loro deleh en tangan loro mu sak ombone pundakmu. Nomer telu kenceng no tangan loro mu karo sikil. Nomer papat, mudun no awak mu nganti dada meh njempok tekel utowo lemah lan lemek e. Nomer limo kek ono wayah diluk gawe mandek, sakwise iku surungen awak e balik ning panggon kaitan mau. Yen wes ngunu balenono gerakan sing ning cara iku mau. Kudu bener lan ati-ati yen ngelakoni olahraga ben tangan mu ora kecekluk. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8934", "text": "Guru Penjaskes ku iku mesti ngilingno nang kabeh murid e gawe ngelakoni pemanasan sak durunge ngelakoni olahraga. Terus nek misal onok sing ngelakoni pemanasan asal-asalan, bakal ditegur dan dikon gawe ngulangi pemanasan sing tepak. Tapi ancene, pemanasan iku sepenting iku. Istilahe, awak iku pasti sek dalam keadaan kaku. Nek awakmu ngelakoni olahraga tanpa pemanasan, pasti rasane gak enak kabeh. Wes ngono, nek uwong gak ngelakoni pemasanan sak durunge olahraga iku pasti bakal luwe gede resiko gawe ngalami cedera. Hal iku soale otot mau durung disiapno gawe gerak sing abot. Nek wes pemanasan, otot iku mau wes siap dan isok ngelakoni aktivitas olahraga dengan optimal.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7874", "text": "Wes suwe banget wacana nek pelayanan nang pirang panggon iku bakal diganti nganggo robot kabeh. Salah sijine iku pelayan nang restoran. Cuma jareku, pelayan nang restoran nek diganti nganggo robot iku sembarangane gak bakal isok maksimal. Misale, kate nyajikno panganan, pasti pergerakane wes diatur kudu ngene kudu ngono. Terus nek pas posisi panganane rodo mlengse, robot iku gak bakal ngecikno iku mau dan tetep bekerja sesuai opo sing wes diprogram. Lek wes ngono, hasil penyajiane pasti bakal rusuh terus berantakno kabeh. Nek menungso kan cek tetep isok noto panganan sing mlengse iku mau, soale mereka isok niteni. Gak koyok robot sing obahe terbatas pol.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7717", "text": "Push up iku salah siji jeni lathian sing akeh dilakoni gawe mbentuk otot awak bagian duwur, koyok otot dada, bahu, lengen, geger bagian duwur, ambek persendian. Push up iku bakal efektif nek dilakoni ambek cara sing tepak. Selain efektif, bakal terhindar teko cedera sisan. Carane iku siji, mulai teko posisi tengkurep disik. Pastikno dada ambek weteng nempel nang lantai. Loro, deleh telapak tangan nyentuh lantai terus luwe ombo teko bahu karo lutut. Telu, pastikno posisi sikil, punggung, gulu, ambek sira sejajar. Papat, angkat awak alon-alon nganggo bantuan otot lengan sambil ngguwak napas. Limo, pertahano awak ndek posisi awak keangkat, rong sikut lurus, ambek otot weteng kenceng. Terakhir, duno awak balik nang posisi awal.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9276", "text": "Ngumbah piring ora angel. Piring lan gelas sing wis rusuh kudu cepet diumbah ana ing pawon. Aku mesti duweni gawean kanggo ngumbah piring utawa gelas ana ing omah. Supaya luwih cepet anggone ngumbah piring, gelas, utawa alat masak liyane aku duweni cara. Kaping pisan, samubarang kaya piring, gelas, wajan utawa liyane sing cabete panganan kudu dikum disek. Iki kanggo ngelunturake minyak utawa turahan panganan utawa ombeane. Kaping loro, barang sing wis dikum bisa langsung diguyang banyu kanti resik. Sawise iku, kabeh barang digosok karo sabun supaya minyak utawa turahane ombeane bisa ilang lan ora ninggalna pliket. Wasana, kabeh sing wis digosok karo sabun diguyang maneh utawa digirah karo banyu sing akeh lan aja lali digaringake sik sadurunge dilebokke ana ing lemari.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7350", "text": "Onok salah siji acara rutin sing mesti dilakoni mbarine sholat Idul Fitri, yaiku halal bi halal keluarga besar H. Sidik. Halal bi halal iki mesti dilaksanakno ben dino pertama Idul Fitri. Panggone pun yo gak tau pindah, yaiku nang Gedung Graha Petro. Nang kono, engkok kabeh sanak keluarga keturunan H. Sidik bakal ngumpul gawe nyambung tali silaturahim dan saling njaluk sepuro koyok nek marine sholat Idul Fitri biasane. Mulai teko Sabang sampe Merauke, kabeh teko dadi siji nang kono. Nang kono, bener-bener aku isok ketemu ambek sanak saudara sing bahkan gak tau tak temoni nang sehari-hari. Rasane iku spesial banget.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9764", "text": "Ngrungokake gegendhingan pancen paling penak nalikane mripat wis kriyip-kriyip arepe turu. Swara gegendhingan kang marakake liyer-liyer iku bakune amarga swara gamelan. Gamelan iku kalebu alat musik tradisional saka Jawa. Gamelan sing aslie saka tembung gamel nduweni teghes dithuthuk utawa ditabuh. Yen dideleng iku pancen bener, amarga cara mainake gamelan iku kanthi ditabuh. Cara mainke gamelan iku ana sing ditabuh utawa dithuthuk kaya gambang, saron, boning, gong, kenong, lsp, ana sing digesek arane rebab, ana kang dikebuk yaiku kendhang, ana kang disebul yaiku suling, la nana kang dipethik yaiku siter. Gamelan kang akeh banget iki isa dadi harmoni kang apik nalikane ditabuh bareng. Kamangka kui ta, njijal kabeh padha ajar dolanan gamelan. Iku bakal ndadekake hobi kang berpaedah.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1244", "text": "Media sosial kui panggon sing bebas kanggo wong-wong pengen ngomong. Wong dadi iso ngomong opo wae lan bakal akeh wong sing delok lan mungkin uga nanggepi. Mergo akeh wong sing ono neng media sosial, wong sing lagi dodolan nganggep kui dadi kesempatan. Wong dodolan kui akeh sing nawari barang-barang dagangan neng kolom-kolom komentar neng werno-werno media sosial, mbuh kui Twitter mbuh kui Instagram. Menurutku, perliaku bakul sing dodol neng kolom komentar kui ganggu banget. Sebenere ora ono salahe uga ora ono sing ngelarang dheweke nawake dagangane neng kono. Nanging sing marai nyebai kui, barang sing ditawarke ora ono hubungane karo kiriman sing dikomentari.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "4766", "text": "Yen mlaku-mlaku ning Jogja kalo keluwarga, aja lali ning pasar buku Jogja, yaiku Pasar Buku Taman Pintar. Pasar buku iki ana ning jejere taman pintar lan panggonane gedhe. Ning kene akeh buku sing taun terbite macem-macem, mulai saka sing legal kanthi sing ilegal. Nanging ana cara sing bisa ditiru ben bisa oleh rega murah ning kene. Kaping pisan, naware aja mbanting rega, sithik-sithik nanging kudu mesti dituku. Kaping pindho, yen ngejak bocah cilik, bocahe bisa dikongkon milih dewe amarga yen bocah cilik biyasane diwenehi murah. Kaping telu, yen wis cocok karo siji toko, usahakke toko kuwi dadekake langganan. Aja lali yen buku sing digoleki ora ana ya pesen ning kunu wae ben digolekake karo bakule. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3214", "text": "Ponsel saiki ancene bedo ambek biyen, nag biyen iku cukup kenek digawe sms ambek telfon ae wes cukup, tapi saiki wes ora iso koyok ngunu, saiki kudu duwe teknologi sing anyar ambek pirang-pirang fitur sing iso nyenengno wong sing tuku, terus yo kudu duwe keunggulan sing ancene garai ponsel iku maeng seje ambek liyane. Mangkane saiki ponsel-ponsel sing dituku wong-wong iku bentuke podo tapi fitur sing nag jerune iku seje-seje. Ono sing kamerai bening, terus ono batune awete ora umum, terus ono sing ngecese cepet barang yo ono. Dadi ponsel saiki iku wes canggine megilan, soale nag ora gelem terus berkembang yo bakal ora payu, saole saingane iku wes ora karoan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5808", "text": "Ning jaman sing serba susah iki, akeh wong sing rebutan penggaweyan lan lapangan pekerjaan iki saingane gedhe-gedhean. Wong sing kurang ahli ning bidang tertentu lan ora duwe kemampuan khusus bisa kegeser. Kebingungan kuwi ditambah maneh karo solusi wirausaha sing durung mesti berhasil. Pemerintah uga ora nyediakake lapangan pekerjaan sing sesuai karo para sarjana lan ora ngewenehi modal kanggo wong sing pengen wirausaha. Wirausaha uga akeh saingane amarga nggolek ide usaha kuwi ya angel lan gampang banget ditiru lan dimodifikasi karo wong liya. Kamangka sing paling bener saiki, ayo akeh-akeh sinau apa wae saka kelas-kelas gratis ning internet lan uga sekolah kanthi dhuwur.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8603", "text": "Nek uwong iku wes rabi, roto-roto bakal urip bareng ndek siji omah karo pasangane. Nang omah iku mau, bakal dilakoni kegiatan sak dinone ambek anak, wong tuwo, mertuo. Sing koyok ngono iku isok disebut dadi rumah tangga. Sederhanane, rumah tangga iku siji kumpulan sing terdiri teko suami, istri, anak-anak, mertuo, ambek sing liyane sing urip nang siji panggon sing podo. Rumah tangga iku isok dibagi dadi loro. Siji, rumah tangga biasa. Maksute iku sekelompok uwong sing ndekem nang siji bangunan fisik utowo sensus, dan biasane mangan bareng nang siji pawon. Loro, rumah tangga khusus. Maksute iku wong-wong sing urip nang asrama, tangsi, panti asuhan, utowo rumah tahanan sing pengurusan kebutuhan sak dinone dikelola karo siji yayasan utowo lembaga.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "573", "text": "Ranup lampuan kui tarian tradisional sing asale seko Provisnsi Aceh Darussalam. Tari iki kerep dienggo kanggo nyambut tamu-tamu sing dikurmati. Tari iki kudu ditarike karo wanita, sing lanang ora iso. Umume jumlah penari neng tarian Aceh kui ganjil, termasuk ning ranup lampuan, kanggo alasen estika paling ora ono 5 penari. Irangin tari kui ora ono lirike. Tari ranup lampuan iki diiringi karo rong alat musik, alat musik sing ditabuh jenenge rapai lan alat musik tiup jenenge serune kale. Yen biasane awak dhewe kenal tari aceh kui tari sing dilakoke karo lingguh, tari ranup lampuan iki mlebu golongan tari sing ngadek.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7736", "text": "Treadmill iku alat sing isok mbantu awak dewe latihan dalan, jogging, mlayu, utowo dalan nang tanjakan dan gak usah atek pindah-pindah panggon. Treadmill iki akeh banget manfaate. Mulai teko ningkatno stamina, ngehindari cedera, ngatasi sira ngelu, ngeduno berat badan, bahkan iso ngetahui detak jantung karo jumlah kalori sing kebakar. Onok hal-hal sing perlu mbok gatekno nek kate nganggo alat treadmill iki. Siji, lakoni pemanasan. Loro, pahami tombol-tombol sing onok nang treadmill. Telu, gatekno setting nang treadmill. Papat, numpak nang duwur treadmill. Limo, gerak sing bener. Enem, ngelakoni pemanasan sing enteng maneh. Pitu, sedia banyu ombe. Wolu, lakoni sing rutin. Terakhir, lakoni peregangan sing enteng mbari nganggo treadmill.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6958", "text": "Salah siji cemilah khas Suroboyo sing paling tak senengi iku krupuk upil. Tapi gak koyok jenenge yo rek, krupuk upil gak terbuat teko upil, tapi teko tepung. Biasane dipangane nganggo sambel petis. Awakmu kabeh sing durung tau mangan krupuk upil, kudu nyoba rek, sumpah enak banget. Krupuk e asin renyah, terus ditambah sambel petis, tambah mantep wes. Opo maneh krupuk iki digoreng e nganggo pasir, cocok banget gawe awakmu kabeh sing menghindari panganan sing mengandung kolestrol sing duwur. Dan saiki pun krupuk upil wes akeh macem-macem rasane, dadi isok milih sesuai seleramu dewe rek. Ndang cepet cobaen rek sing durung tau nyoba, tak jamin gak bakal nyesel.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3547", "text": "Akeh wong sing dodolan online tapi ora kabeh iku payu mesgane pirang-pirang perkoro. Contone perkoro iku maeng yaiku sing awitane produk sing didol iku maeng ora cocok ambek calon wong sing tuku polahe masalah rego sing ora iso saingan. Nah perkoro iku maeng biasane gelek dipetuki nang market place sing warna kunir, polahe nang kono iku kabeh wong dodol diwei kebebasan nguwei rego ben iso ngedol dagangane sak payune. Terus nang kono yo ono sing jenenge program sing kenek gawe ngeramekno tokone contone koyok pengiriman barang sing gratis, potongan rego, ambek liyan-liyane. Nah program iku maeng ancene apik tapi kudu bayar pirang persen ngunu teko rego produke.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "466", "text": "Yen awak dhewe duwe buku sing awak dhewe senengi banget, awak dhewe bakol ngopeni bukui kanthi telaten. Perkoro sing podo kudune awak dhewe lakoke neng kitab sucine awak dhewe umat muslim. Carana awak dhewe ngurmati Alquran kui salah sijini jipu wudlu sak durunge nyekel kitab suci niku. Sampun sak yogyane, awak dhewe ngersiki awak dhewe sadurunge nyekel buku sing dianggep suci karo agama sing awak dhewe percoyo. Sing keloro, awak dhewe kudu nyelehke kitab kui neng panggon sing luwi duwur karo sikil. Iki maksude ora mung wangun yen nyelehke Alquran kui nanging, awak dhewe ora entuk nyelehke Alquran neng panggon sing reged utowo jijiki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7031", "text": "Ben tahune, keluarga besarku pasti ngumpul ndek suatu tempat gawe family gathering. Gak mesti nang omah, kadang yo nang hotel utowo panggon liyane. Tahun iki, gathering diadakno nang BeSS Resort & Waterpark, kecamatan Lawang, kabupaten Malang. Kabeh berangkat teko Gresik iring-iringan nang hotele numpak montor. Pas tutuk hotel, kabeh podo tengak tenguk disik nang gazebo resort e sambil ngenteni isok check in kamar hotel. Marine check in, kabeh langsung ganti klambi gawe renang nang waterpark nang kono. Awak dewe kabeh renang sampe tuwuk. Bengine, kabeh podo bareng-bareng BBQ-an nang area gazebo resort sing mau soale panggone jembar. Sambil mangan, sambil guyonan pisan. Kabeh podo ngobrol gak mari mari nganti bengi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5165", "text": "Alat musik tradisional iki ora bisa ilang saka perkembangane jaman amarga ning dunya iki, menungsa seneng musik lan ngelibatke musik ning akeh aspek panguripan kaya upacara adat, pentas, utawa mung kanggo relaksasi saka kegiyatan saben dina. Miturut perkembangane, media kanggo ngenalake musik tradisional saiki wis luwih bebas amarga akeh akses kaya film, teater, uga pentas musik sing bisa nekakake akeh wong lan pejabat. Saiki alat musik tradisional uga wis dadi salah siji objek inovasi teknologi amarga wis ana sing nyiptakake gamela digital sing bisa diswarakake lewat aplikasi. Gamelan digital iki luwih irit panggon lan bisa ditabuh karo wong sing baru sinau kanggo narik minat para musisi gamelan anyar.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9342", "text": "Numpak sepur panoramic saiki dadi tren anyar. Salah siji transportasi wisata sing ditokne karo KAI yaiku sepur panoramic. Sepur iki ngelayani rute Jakarta - Jogja lan sak walike. Sepur panoramic duweni interior sing apik banget. Cendelane amba banget lan bisa dibuka utawa ditutup otomatis nganggo remot. Bagian ndhuwure sepur uga ana kaca sing dawa banget kawit ngarep nganti mburi. Wong sing numpak sepur iki bisa ndelok pemandangan kanti ayem. Saliyane iku, yen numpak sepur panoramic iki bakal oleh mangan,ngombe, lan selimut gratis. Nalika numpak sepur panoramic iki, senajan adoh ora bakal kerasa amarga enak banget bisa ndelok pemandangan ning kiwa tengene sepur.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6993", "text": "Gresik iku identik ambek olahan panganan khas e sing teko bandeng. Salah sijine sing paling terkenal iku otak-otak bandeng. Bentukane koyok bandeng utuh sing ditahan nganggo bambu. Nek didelok sekilas koyok bandeng sing mbari dibakar, padahal proses masake iku diasap dadi gak gampang mambu dan isok digowo sampe nang luar kota. Teko njobo, wernone luwe dominan werno abang koyok batu bata soale wes kenek bumbu tradisional khas otak-otak bandeng. Rasane gurih dan pedes khas rempah-rempah, cocok banget gawe ilate wong Indonesia. Biasane otak-otak bandeng dikemas nganggo box dowo sing wes dilapisi godhong gedhang ambek kertas roti. Mari ngono baru dibungkus nganggo kantong plastik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9646", "text": "Biasane arek lanang lanang opo maneh bocah-bocah cilik yen wayah e sembayang jumat mesti ngantuk yen wes ngerungokno khotbah . onok cara ben bocah-bocah iki ora ngantuk. ben ora keturon oleh e ngerungokno khotbah e wak yai. sing nomer siji sakdurunge sembayang iki kudu adus dilek tekan omah ben seger mripat e isok melek. nomer loro ojok kakean mangan tekan omah iso nggarai weteng kebek moro ngantuk oleh e ngerungokno khotbah e. nomer telu sak durunge sembayang jumat ojok mlayu mlayu utowo dulinan sing aneh aneh. iku iso nggarai kepegelen ning jerone masjid . opo maneh ngerungokno khotbah e kenek silir-silir e kipas angin e masjid. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7831", "text": "Dino iki aku kate nang Malang dan berangkate teko Gresik. Eroh engkok bakal dadi perjalanan sing adoh, aku langsung nyiapno lagu-lagu gawe dirungokno nang montor engkok. Lagu-lagu iku tak bagi-bagi nang akeh folder dan tak lebokno nang flashdisk sing khusus gawe ditancepno nang radio montor. Hal iku cekne aku gak ngantuk pas nyetir. Soale nek aku ngerungokno siaran radio sing biasa, pasti bakal ngantuk. Tapi nek ngerungokno lagu-lagu senenganku, rasane iku isok luwe berenergi dak gak bakalan ngantuk. Opo maneh aku ngeleboknoe lagu-lagu sing jedag jedug dan super mbrebeki. Tapi gak masalah, sing penting engkok aku gak ngantuk pas nyetir jarak adoh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "109", "text": "Preinan taun anyar kui paling pas kanggo ngenteke wektu bareng konco-konco utowo kaluargo. Liburan bareng wong-wong sing disayang kuwi penting. Arep setaun ora ketemu karo wong-wong kui, wektu sing langka kui kudu dimaksimalke. Ning Kulon Progo ono wisata alam sing cocok kanggo ngentek wektu bareng wong sing disayangi. Panggon wisata sing dimaksud kui jengenan Hutan Mangrove Gunung Kidul. Lokasi cerak Pantai Glagah. Neng kono awak dhewe iso nemuke akeh titik-titik foto sing apik. Ono titik foto sing ono tulisan apik lang ugo ono titik foto sing nganggo miniatur-miniatur bangunan sing terkenal. Kui cocok dadi latar foto kanggo ngabadike momen kara konco utowo kaluargo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9669", "text": "Kanggo wong Islam, maca Alquran wis bisa dilakokae saben dina. Wong sing maca, ngerungokna, melajari, lan ngamalake Alquran bakale oleh kamulyaan saka Gusti Allah. Apa maneh yen bisa ngapalna. Wong sing bisa ngapalna Alquran duweni kautaman antaraning kedudukane dhuwur ing ngarepe Allah, ganjaran sing ditampa bakal akeh banget, wong sing apal Alquran dijuluki Ahlullah utawa wong sing cedhak karo Allah. Saliyane iku kautaman wong bisa ngapalna Alquran liyne bisa nggawe wong tuwane ing dina kiamat jange mahkota saka Allah. Wong sing ngapalna Alquran lan muraja'ah uga sakjane olahraga utek lan ilat. Wis ngerti akeh banget gunane utawa manpaate ngapalna Alquran, mula ayo padha ngapalna Alquran, ya!.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7487", "text": "Pas awak dewe KKN nang deso sing pelosok, hal pertama sing kudu dilakoni iku njaluk izin nang Kepala Deso ne. Hal iku cek awakmu isok ngelancarno program kerjo sing wes mbok susun dan isok ngelakoni KKN nang deso kono. Sak durunge penerjunan KKN, awakmu wes kudu njaluk izin disik nang Kepala Deso ne. Carane mulai ngampiri panggon iku disik. Mbari ngono awakmu takon-takon nang warga sekitar tentang informasine Kepala Deso mau. Nek wes entok, coba hubungi teko telpon disik. Nek gak onok telpon, awakmu langsung ngampiri omahe Kepala Deso iku mau. Kunjungi nang jam-jam kerja nek gelem nggolek aman. Nek wes dipersilahno melbu, baru awakmu isok njaluk izin nang Kepala Deso sing bersangkutan iku mau.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3211", "text": "Aku wingi pas mlaku-mlaku nang mall, aku petuk hp sing modele iku model lawas. Terus pas tak parek tibake mesine canggine pol, soale masio modele lawas tapi fitur sing ditawakno wes nyukupi kebutuhane wong sing moderen contone koyok whatsup, facebook, instagram, ambek liyane iku. Terus mari ngunu sing garai aku jumbul yoiku kamerahe sing apike megilan padal iku model lawas sing isek metek-meteki nag ate nulis opo-opo. Tapi ancene hp iku kanggo jawab tantangan kebutuhan wong saiki sing isek kepengen model lawas tapi fiture iku anyar ambek moderen. Terus rego sing ditawakno yo ora larang terus adoh ambek modek-model sing ancene modern.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "970", "text": "Aku seneng karo sing jenenge robot kui seko cilik. Awale kui aku, pas TK, seneng seko robot mergo nonton Power Rangers. Neng acara TV kui, pas lagi ngelawan monster sing gedhe, ono robot-robot cilik sing gabung dadi siji. Banjur robot gabungan kui sing ngalehke monstere. Pas SD, aku delok dolanan Bionicle neng toko dolanan neng salah siji mal neng Bogor. Aku sitik nabung tuku robot-robotan kui mau. Puncake, aku seneng karo robot kui pas SMP. Pas kui film Transformer dadi omongan banget neng lingkungan konco-koncoku. Kebetulan banget, ono guru sing nawari awak dhewe ekskul robotik. Awale kui ekskul kui ora ono, nanging mergo delok awak dhewe tertarik, dheweke ngusahake ben iso ono neng sekolahan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7394", "text": "Masjid Raya Cheng Ho Surabaya iku salah siji Masjid sing onok nang Suroboyo dan lokasine dan daerah Genteng. Masjid iki isok dinilai dadi salah siji Masjid sing unik soale Masjid e iku bernuansa Tionghoa. Soale masjid iki didirikno karo pengurus Yayasan Haji Muhammad Cheng Ho Indonesia Jawa Timur ambek tokoh masyarakat Tionghoa nang Suroboyo. Dibandingno Masjid, panggon iki luwe mirip koyok Kelenteng saking kentele ornamen Tionghoa kuno nang bangunan iki. Pintu melbune ae bentuk pagoda dan onok relief nagane. Tapi onok lafaz Allah nganggo huruf Arab sing dadi penanda nek bangunan iki iku Masjid. Nang sisi kiwo bangunane pun onok bedug sing dadi pelengkap bangunan Masjid. Sisane kabeh ornamen bangunan Masjid iki berhubungan ambek budaya Tionghoa sing didominasi werno abang, kuning, karo ijo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6384", "text": "Tulung-tinulung kuwi kebiasaan sing khas ning masyarakat Desa. Masyarakat desa iki terkenal karo kemampuan sosial sing apik, sumeh semeleh, lan uga gedhe banget toleransine. Warga ning desa iki uga perhatian karo warga liyane lan bisa ngewenehi pituturan sing bener miturut norma adat lan agama. Ning desa uga ana kebiasaan gotong-royong yen ana acara gedhe kaya selametan, mantenan, uga yen ana wong sing kepaten. Wong desa iki biyasane uga njaga tradisi sing apik kaya sering ngelakoni upacara adat, kumpulan, lan uga nggawe aturan sing bisa njaga desa kaya ora oleh nyolong wit ning alas lan uga sak panunggale amarga kudu njaga lingkungan desa. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2302", "text": "Sambel tumpang yaiku panganan sing terkenal nag Jowo, opomaneh nag daerah Kediri. Sampel tumpang iku bahane teko tempe sing wes mambu. Terus tempe sing wes mambu iku dibumbui karo bawang abang, bawang putih, lombok abang, lombok biasa, kemiri, kencur, jeruk purut, godong salam, laos, santen, tepung beras, ambek kadang-kadang iku gemasak karo rambak sing teko kulite sapi. Tapi yo ngunu, ora angger tempe sing mambu kenek digawe bahane sambel tumpang, soale tempe iku kadang mambune iku kebacut sampek ora kenek diolah maneh. Terus, bahane yo bedo-bedo sing garai pengaruh nang rasae. Iku alasane lapo'o ora angger tempe iso karo kenek digawe bahane sambel tumpang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4604", "text": "Yen jare wong saiki, tela godhog kuwi kuno, ketinggalan jaman, lan panganan sing ora enak amarga jaman biyen mung dipangan pas lagi perang. Bocah saiki padha seneng panganan sing saka kentang amarga luwih gampang diolah lan ngasilake akeh menu panganan dibandingke telo sing angel dimasak. Nanging, kajaba angel dimasak, tela kuwi gizine luwih akeh, luwih murah, lan gampang digolek ning pasar. Tela godhog iki cocok gawe diet rendah kalori lan bisa dinggo ngilangno lara maag. Gawe sing bosen mangan sega, tela iki uga cocok gawe ngganti menu sega amarga karbohidrate wis isa nggante kebutuhan saben dina. Tantangane ngolah tela ki ya mung cara masake ben ora bosen. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10125", "text": "Jagung menika sumber karbohidrat sanesipun beras. Wohipun jagung biasanipun diolah dados sekul jagung, jagung bakar, bakwan, sereal lan tesih kathah malih. Kewan ternak kados ayam lan bebek biasanipun ugi dicaosi pakan jagung. Glepung maizena lan minyak jagung ugi diolah saking wohipun jagung. Bagian-bagian wit jagung sanesipun ugi saged dipunmanfaataken. Batang lan godhong jagung ingkang sampun dicacah kangge pakan sapi saged damel tletongipun boten mambu. Godhong jagung ingkang sampun garing saged didamel kerajinan tangan kados karangan bunga. Biyen, tiyang damel rokok ingkang bahanipun saking kulit jagung garing. Manfaat ingkang kathah menika dadosaken jagung cocok dados alternatif daharan pokok. Ngrumat tanduran jagung ugi langkung gampil amargi boten betah toya ingkang kathah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4019", "text": "Dana darurat iku iso ae disiapno teko pirang-pirang dalan sing iku ancene wajar ambek penggaweane wong sing saiki wes gelut ambek teknologi sing majune ora karoan. Nah wong-wong iku maen akeh-akehe dadekno dana darurat maeng karo investasi nang emas, utowo nabung nang Bank soale deke kabeh iku nganggep nag iku coro sing aman mergone jelas ambek ora ngiro dibijuk karo Bank ambek emas maeng. Dadi nyiapno dana darurat sing koyok ngeneki ancene wes gelek dianjurno ambek wong-wong sing ancene wes tau ngelakoni solae keamanane wes jelas ambek kejamin teko pihat utowo lembaga sing jamin maneg, mangkane saiki nag nang bank mesti antrine ora pakat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9602", "text": "Corona pancen dadi penyakit sing bisa ngendeg kabeh kegiyatan. Salah sijine yaiku riyaya Idul Fitri sing ana saben taun. Riyaya taun ingi beda banget. Amarga corona, ora akeh wong sing mudik ning kampunge dewe. Kampung dadi sepi, sembayang riyaya uga ora rame kaya biyasane, ora akeh sing medaya ing omah tangga teparuh, lan sapanunggale. Sing biyasane ramene riyaya bisa nganti seminggu lebih, saiki dina ketelu wae wis sepi banget. Kabeh wong padha wedi kanggo medaya lan wedi kanggo salaman karo wong liya amarga wedi nularake penyakit corona. Silaturahmi diganti karo silaturahmi online yaiku lewat telpon, video call, utawa samubarang online liyane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4763", "text": "Salah siji alternatif kegiatan keluarga sing bisa dilakoni yaiku belajar nggawe keramik ning museum keramik Kota Tua. Museum iki ana ing njero komplek Kota Tua barengan karo Museum Fatahillah. Museum iki ana ing sebrange komplek museum Kota Tua. Ora mung keramik, ning museum iki ya ana pameran lukisan sing ana sejarahe. Museum iki apik banget kanggo ngenalake seni gawe bocah sekolah. Kanggo sinau keramik, pengunjung kudu daftar lan antre wiwit jam 7 kanthi jam 10 isuk. Banjur yen wes rampung nggawe keramik, keramik iki oleh digowo bali kanggo kenang-kenangan. Nanging yen ora pengen nggawe keramik, rasane keliling ning museum iki ya wis cukup amarga tata ruange wis direnovasi ben luwih aman. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1790", "text": "Pas isih SMA kelas 1, aku balik sekolah numpak Trans Jogja. Aku bali sekolah kui jam loro sore luwih seprapat. Yen misale, aku ora ono kegiatan meneh utowo ora ono ekskul aku langsung bali. Jarake sekolahku karo halte bis sing paling cerak kui ora adoh-adoh banget, kiro-kiro setengah kilo. Biasane aku mlaku neng halte kui. Nanging sok-sok, aku diterke koncoku numpak montor neng haltene kui. Ono siji kedadean sing ora penak, pas aku numpak Trans Jogja. Aku tau ngenteni bise teko kui tekan 2 jam luwih. Haltene kui wis kebak karo wong-wong, malah tekan ono sing ngatre neng jobo halte.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "963", "text": "Jenis kipas angin kui ono akeh. Jenise kui iso dibedake seko panggon pirantine kui nemplek. Sing kesiji, ono kipas angin sing gantung neng tembok. Sing keloro ono sing nempel karo lemah utowo jobi. Kipas jenis iki uga ono rong bentu, ono kipas angin sing bentuke bulet utowo kotak sing ono tiange ben iso ngadek duwur lan ono sing ono tiange kui. Sing ketelu, ono kipas cilik sing iso diseleh neng duwur mejo. Sing kepapat, ono kipas sing iso dicekel nganggo tangan. Biasane kipas sing jenis iki ora perlu dicopke neng listrik nanging nganggo batu. Batune kui ono sing iso diganti lan ono uga sing iso dicas nganggo casan HP.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9341", "text": "Preian semester iki, Ali kate balik kampung. Kampunge Ali ana ing Jawa Barat. Supaya cepet tutuk, Ali mutusake nganggo montor muluk. Rega kanggo numpak montor muluk iki macem-macem. Yen tujuan Surabaya-Bandung, Ali oleh rega kurang luwih 900 ewu kanggo montor muluk merk Lion Air. Kabeh koper sing digawa karo Ali dilebakna ing bagasi pesawat supaya ora ngaboti. Yen tas utawa barang sing cilik digawa dhewe karo Ali ana ing njero pesawat. Ali lungguh lan nukmati perjalanane dhewe kanti ngerungokna lagu. Iki dudu sing sepisanan kanggo Ali numpak pesawat amarga saben lunga menyang luar kutha, Ali mesti numpak pesawat supaya ora kesuwen ning dalan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2778", "text": "Wudu yaiku salah sijine ajaran agama sing sampek saiki tailingi ambek tak lakoni terus. Soale nag ora ngelakoni wudu mesti sholate ora dadi. Wudu iku ora mog angger ijok ambek ngerisiki anggotae awak tok. Tujuane wudu iku ngilangno hadast cilik sing ora ketok teko moto. Mangkane kanjeng nabi nganjurno ambek ngajak kabeh wong muslim ojo sampek ngelalekno wudu nag ate sembayang soale iku temasuk salah sijine kewajiban wong muslim sak durunge sembayang. Nag wudu yo ojo sampek sak karepe dewe rukun-rukune wudu kudu dilakoni, nag ora dilakoni yo mesti ora dadi. Nag wudune ae ora dadi ambek ora sah. Yo sembayange mesti ora ketrimo, soale sing garai sembayange maeng ketrimo yo polahe wudu sing sah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4757", "text": "Panggon wisata sing ninggalake kesan apik salah sawijine ya Pantai Parangtritis. Pantai iki wis dadi objek wisata sing kondhang ning Jogja amarga terkenal karo fasilitas lan pemandangane sing apik. Saka Malioboro, jarak pantai iki nang tengah kutha mung 26 km. Yen pengen ngunjungi Parangtritis, bisa sewa motor ning cedhak Stasiun Lempuyangan. Nyewa ojek online utawa ojek pangkalan ya bisa, nanging ongkose larang. Kaping pindhone, bisa nganggo mobil lewat Jalan Parangtritis utawa bisa melu rute paket wisata sing disediyakake biro perjalanan ning sekitar Malioboro. Yen pengen pengalaman sing bedha, bisa numpak Transjogja 3A saka Malioboro nang Giwangan banjur numpak bis umum arah Parangtritis. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9287", "text": "Mangan nanas ana ing mangsa panas pancen enak. Nanas bisa dipangan wutuh, dadi es jus nanas, utawa dipangan karo pencit lan karo bumbu rujak. Ora kabeh bisa mangan nanas kanti ayem amarga kadang cara ngonceki lan ngolah nanas sing ora bener bisa nggarakna buah iki dadi gatel yen dipangan. Cara ngonceki nanas supaya ora gatel yaiku nomer siji, mahkota utawa sing paling pucuke dikethok dhisik. Nomer loro, dionceki muter nganti kari matae nanas lan buwak matane nanas kanti nganut polane. Sing terkahir, nanas sing wis resik dikum ana ing banyu uyah supaya telutuhe ilang lan ora nggarai gatel yen dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "163", "text": "Ket biyen, aku pengen banget neng Semarang. Pas taun 2021, aku lagi kesampaian iso dolan neng ibu kota Propinsi Jawa Tengah kui. Aku dono karo Yacub, konco kuliahku. Awak dhewe cah loro kui montoran neng Semarang. Awak dhewe pengen penasaran karo Lawang Sewu. Lawang Sewu kui bangun lawas sing dibangun pas jaman penjajahan Belanda. Sing ngerancang bangunan kui ugo arsitek saking Belanda dadi nuansa kolonial neng Lawang Sewu kui kerasa banget. Bangunan kui duwe ciri khas bentuk lengkung dan desain sing sederhana. Neng kono uga ono lukisan koco sing ngegambarke kemamuran Hindia Belanda ning ngisor pemerintahan Belanda. Biyen bangunan kui digawe kantor perusahaan sepur swasta. Saiki bangunan kui dadi panggon wisata lan museum sing nyeritake sejarah sepur neng Indonesia.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5130", "text": "Dina Senin wingi, adhiku melu lomba maca crita ning kabupaten. Tema lombane yaiku ngelestarekake crita rakyat daerah amarga saiki akeh program saka pemerintah kanggo ngelestarekake crita daerah. Adhiku maca cerita asal mulane Gunung Tangkuban Prau. Dekne wis nyiapake kabeh kaya klambi, kapal-kapalan kanggo properti, lan uga dekne wis latihan ning omah lan ning sekolah. Adhiku mbuka ceritane kanggo cerita babagan sapa kuwi dayang Sumbi, Tumang, lan sapa kuwi Sangkuriang sing dadi lakon utama ning cerita iki. Banjur adhiku nyeritakake prau kuwi bisa keguling. Sing marai bungah yaiku adhiku dadi luwih paham lan luwih bisa ngerti babagan warisan crita lisan iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "512", "text": "Film Ngeri-Ngeri Sedap sukses ngenalke kebudayaan Batak neng pencinta film Indonesia. Film iki disutradari lan ditulis karo putra Batak langsung, Bene Dion Rajaguguk. Bene berhasil nunjukke budaya Batak neng filme kanthi apik. Salah siji sing ditampilke kui omah adat Batak. Omah kui jenenge omah bolon. Omah kui dideloke neng penonton pas adegan pelaksanaan acara adat sulang-sulang pahompu. Senadyan, ora dideloke akeh utowo dadi latar utama, film iki cukup ngegambarke bentuk omah bolon mau. Sekilas kui, bentuk atep omahe koyo omah gadang, Sumatra Barat, nanging digawe memanjang. Omahe kui ogo digawe beringkat, koyo omah panggung. Neng ngisore omah kui iso digawe ngingu khewan terknak.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4608", "text": "Resep tempe ditemokake ing serat Centhini, kitab tradisi ing Surakarta, sing ditulis abad 17 masehi. Sakliyane kitab kuwi, tahun 1928-1931, ana peneliti saka Amerika nemu catetan kuno sing nyeritakake bangsa Tiongkok uga nggawe panganan sing jenise meh padha, jenenge Mei Dou Zha. Tempe Tiongkok iki digawe saka ampas tahu lan ditutup 3 dino ben jamure isa akeh lan isa dimasak. Wong Tiongkok percaya nek Mei Dou Zha iki iso marai sehat soale orang nganggo pengawet lan apik kanggo pencernaan amarga jamur duwe kandungan probiotik sing apik. Tempe iki uga apik gawe MPASI bayi. Ora perlu tuku bahan panganan sing larang. Ayo mangan tempe kanggo nyukupi gizi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5007", "text": "Salah siji ibadah rutin ning agama islam yaiku sholat tahajud. Sholat iki hukume sunnah lan ora wajib. Nanging ibadah sholat iki duwe kautamaan sing akeh amarga bisa ndadekake ketenangan kang gedhe, utamane kanggo sing lagi duwe hajat. Sholat iki dilaksanakake ing wektu sepertelune bengi, yaiku jam 01.00 kanthi wektu subuh. Wektu iki yaiku wektu sing utama amarga sepertelu bengi terakhir. Sholat tahajud iki dilaksanakake kanggo nutup sholat bengi utawa sholat witir lan sholat liyane. Banjur Sholat iki uga bisa dilakoni sak wise tangi turu wayah bengi kaya misale wong kang ora bisa tangi jam 1 bengi amarga wedi bablas, kamangka bisa turu dhisik sedilut njuk tangi jam 10 bengi lanjut tahajud. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6373", "text": "Pupuk NPK yaiku pupuk sing manfaate gedhe kanggo tanduran. Pupuk iki nduweni 3 mineral penting miturut singkatane yaiku nitrogen, phospat utawa fosfat, lan kalium. Unsur kuwi bisa marai pertumbuhan tanduran kuwi luwih optimal. Nitrogen bisa marai godhong iki akeh lan ijo-ijo, fosfat iki bisa nuwuhake tunas lan nyehatake akar ben tetep kuat. Banjur fungsi kalium yaiku kanggo pembungaan lan pembuahan. Umume, NPK iki duwe 5 unsur hara, yaiku 3 unsur hara makro yaiku natrium, fosfat, lan kalium uga 2 hara mikro yaiku zat tambahan liyane. Bentuke pupuk iki macem-macem yaiku ana sing bentuk serbuk lan uga bentuk butiran kaya mutiara sing luwih gampang takarane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7850", "text": "Pas jamanku SMP, lagi usum banget sing jenenge kamera SLR. Kabeh koncoku podo nduwe kabeh, dan meh gak onok sing gak nduwe. Ndelok kabeh koncoku nduwe kamera SLR, aku njaluk tukokno sisan nang bapakku. Bapakku langsung nolak. Alesane mergo larang terus kamera SLR iku khusus gawe wong sing wes pro. Bapakku nawari gawe tuku kamera digital biasa ae. Tapi aku gak gelem dan aku akhire purik. Akhire aku mek isok ngelirik tok tekne koncoku soale bapakku gak nuruti kepinginanku. Moro-moro, gak onok abang gak onok ijo, onok paket sing gede banget teko nang omah. Bapakku langsung nompo dan ngongkon aku melu gawe mbongkar paket iki. Pas wes dibuka, dadakno isine kamera SLR kepinginanku. Aku gak percoyo banget, dadakno bapakku mbelani gawe nuruti kepinginannku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "404", "text": "Ibadah sing paling abot neng Islam kui salah sijine haji. Ora koyo ibadah liyane sing iso diragap neng endi-endi, ibadah haji kui mung iso dilakoni neng Mekkah. Ibadah kui uga ora sak ben wektu iso dilakoke. Haji kui mung iso dilakoke pas sasi Dzulhijah kalender Islam. Ibadah iki uga gunake tenaga sing akeh mergone ibadah iki akeh kegiatan fisik, koyo tawaf lan sa'i. Kanggo awak dhewe, wong Indonesia, ibadah kui luwih angel meneh mergo kanggo ngelakoke rukun Islam sing kelimo kui awak dhewe kudu ngatre disik. Ngenteni antrean haji kui ora iso cepet, paling ora awak dhewe kudu ngenti 20 tahun disik. Sebenere iso wae cepet, nanging butuh biaya sing luwih okeh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1703", "text": "Wong sing yang-yangan kui nek podo nesu ketok lucune. Opo meneh yen pasangane kui isih bocah-bocah kabeh. Dheweke bakal ngelakoke perkoro-perkoro sing aneh lan pas dheweke iling pas wis gedhe bakal ngeroso isin. Ono pasangan sing podo nesu kui ora omong-omongan. Arep ono perkoro penting koyo opo wae ora ono sing gelem buka mulute. Ono uga wong sing yang-yangane kui nesune ngamuk-mgamuk. Sing wedhok ngambek lan sing lanang dadi bingung dhewe. Ono uga pasangan sing ora ketok nesu pas nesu. Dheweke podo mendem perasaane. Pas ono kedadean sing mancing emosine metu, dheweke nesu koyo gunung sing jeblug. Lan isih okeh cara nesu liyane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6992", "text": "Gurami iku salah siji jenis iwak banyu towo sing terkenal banget ndek kalangan masyarakat. Gurami akeh banget diolah dadi berbagai jenis masakan, salah sijine iku gurami asem manis. Biasane nek nang restoran, gurami iki difillet terus daging sak tulange dibaluri nganggo tepung baru digoreng. Nggorenge yo gak sampe garing banget, cek tekstur daginge sek lembut. Terus gurami sing wes digoreng iku disiram nganggo saos asem manis. Rasa asem e iku biasane teko saos tomat, terus rasa legine lebih dominan rasa legi teko bawang bombai dan gulone sitik. Perpaduan gurami goreng tepung sing disiram saos asem manis ndadekno sajian iki dadi luwe kaya rasa.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10089", "text": "Salah sawijining unjukan ingkang diremeni kathah kalangan inggih punika es krim. Es krim saged dipunpanggihi wonten pundi-pundi papan. Tuladhanipun warung, minimarket, lan kafe. Es krim sampun didamel wiwit jaman Cina kuno. Wonten jaman Romawi kuno, es krim dipuntepang amargi kaisar ingkang mrintah jaman menika ngimpor salju saking pegunungan, lajeng dipuntambahi madu lan buah-buahan. Es krim saking susu dipunkembangaken malih dening Tarenti, salah sawijining koki saking Italia. Piyambakipun dibeta menyang Prancis supados saged damel es krim wonten Paris. Es krim ingkang bentukipun kados conthong populer amargi pagelaran Pameran Dunia warsa 1904. Dugi sakmenika es krim sampun gadhah varian ingkang kathah sanget. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8681", "text": "Uca iku sakjane seneng-seneng ae selama KKN nang deso iki. Kabeh wargane iku podo apikan pol. Kabeh program kerjane dihargai sisan. Nek didelok sekilas, meh gak onok eleke lah. Padahal nek ditelisik maneh, wong deso kene iku sek akeh kurange. Salah siji kekurangan wong deso kene iku senengane bakar sampah nek wes podo numpuk. Sebagai mahasiswa klaster Agro, Uca jelas nentang iku. Sampah iku kudune diguwak nang TPS ben engkok isok diolah. Nek dibakar koyok ngene, malah marai pencemaran lingkungan. De’e wes ngandani kabeh warga deso kono perkoro iki. Mereka mek iya iyo tok, tapi gak dilakoni. Hal iku marakno Uca akhire mek isok pasrah ambek wong deso sing keras kepala pol iku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4641", "text": "Wis setahun Pak Tomo dodolan wedhang jahe lan gorengan ning cedhak pasar. Pak Tomo milih dodolan wedhang jahe sak liyane amarga faktor ekonomi, Pak Tomo seneng ngombe wedhang jahe. Wedhang jahe bahane gampang lan kasiyate akeh, mulane Pak Tomo bisa oleh dhuwit lan langganan luwih akeh. Pak Tomo dodolan wis ana 20 tahun. Saiki dodolane ana susu jahe lan bajigur. Akeh wong sing mampir warunge Pak Tomo amarga wedhange kesohor ing Jogja. Regane uga murah banget. Pak Tomo biyasane nyediakake gorengan tela, mendhoan, lan bakwan. Warunge Pak Tomo buka bar maghrib kanthi jam 3 esuk. Yen malem minggu warunge rame karo bocah nom lan bapak-bapak. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1742", "text": "Konco kui ono sing apik lan ono sing ora. Dudu mergo tabiate wonge kui, nanging mergo sikape dhewe karo wong sing awak dhewe anggep konco kui. Wong iso awak dhewe konco sing apik kui yen dheweke ngedukung opo sing awak dhewe lakoke. Dheweke uga ngilingke awak dhewe yen lagi salah. Dheweke bakal ngomong opo onone senadyan kui rasane pait. Nanging konco sing elek kui sak walike. Dheweke ora peduli, awak dhewe ono sing dalan sing bener opo ora. Sing dheweke mung pikirke kui, awak dhewe isih ono untunge opo ora. Yen dheweke ngerasa awak dhewe ora iso dienggo meneh, awak dhewe bakal ditinggal.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8976", "text": "Sembarang kalir kecelakaan iku isok ae kedaden nang ndi ae dan kapan ae. Salah sijine iku hp sing kecemplung nang banyu dan marakno hp iku mau kelebon banyu. Nek wes koyok ngono, kudu cepet-cepet digaringno ben banyu iku mau gak ngeneki mesin sing onok nang njero hp ne, opo maneh nek hp ne iku guduk sing waterproof. Aku nduwe cara gawe ngatasi permasalahan iku. Siji, langsung pateni hp terus garingno. Loro, coplok kabeh komponen hp terus dilap siji-siji ben luwe cepet garing. Telu, ngelap e nganggo lap sing garing dan resik. Papat, hindari ngeringno hp nganggo hair dryer. Terakhir, coba keringno hp nganggo silica gel.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7388", "text": "Upacara keagamaan iku ritual sing biasa dilakoni gawe umat sing meluk agama tertentu. Kabeh upacara agama iku niate apik, tapi kadang onok prakteke sing rodok nggapleki sampe nang luar nalar. Contohe ae koyok ritual ngelukai diri sendiri nang Thailand. Iku mek salah sijine tok, sek akeh maneh ritual upacara agama sing luwe nggapleki pindo. Dadi awak dewe pemeluk agama Islam kudu bangga ambek agamane awak dewe. Hal iku mergo nang Al-Qur’an iku gak onok upacara agama Islam sing bersifat ngelarakno awak dewe utowo ngelarakno wong liyo. Kabeh upacara agama Islam iku pasti isine seneng-seneng tok, dadi awak dewe kudu bangga ambek iku.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9261", "text": "Bapake Alfan dadi salah siji koki misuwur ing Surabaya. Saben dina Pak Yuta budal jam 5 isuk menyang restoran sing panggone ana ing Salatiga. Nalika wes tekan ana ing restoran, Pak Yuta miwiti kegiatan karo ndelok persediaan bahan panganan apa ana sing kurang kanggo dina iki. Yen wis rampung, Pak Yuta bakalan miwiti ngethok bumbu-bumbu sing diperluake kayata lombok, bawang, brambang, lan sayur-sayur liyane. Pak Yuta dadi salah siji koki sing paling disenengi masakane karo para tamu ing restorane amarga panganane duweni rasa sing khas lan ora njelehi. Wis meh 10 taun Pak Yuta dadi koki ana ing restoran iki. Saiki Pak Yuta uga ngembangake kapinterane kanggo masak ing omah kanti mbukak warung jajam cilik-cilikan amarga sakjane Pak Yuta iki kapinteran masake ing menu jajanan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6335", "text": "Gunung kuwi dudu panggonan sing biyasa amarga tekanan udara lan uga kondisi alam kuwi ora bisa diprediksi. Akeh wong sing gagal munggah gunung amarga ora bisa ngira-ngira kemampuane lan uga ngeremehake kondisi medan sing ana ning gunung. Wong sing gagal munggah gunung iki ya umume persiapane kurang mateng lan ora nurut apa jare ketua rombongan. Kamangka, akeh pendaki sing seda wayah munggah gunung utawa ngilang pas pendakian. Babagan iki wis ana wiwit biyen lan dadi mitos kaya digawa penghuni utawa sing mbahureksa. Nanging kabeh iki yen dipikir bisa amarga tingkahe menungsa sing kurang peritungan lan uga kurang ilmu babagan pendakian. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8964", "text": "Salah siji game sing paling sering tak doleno pas cilik yaiku Diner Dash. Diner Dash iku permainan strategi ambek manajemen wektu. Nang kono, awak dewe iku dadi pelayan sing ngelayani pelanggan dan ngeterno pesanan panganan nang pelanggan iku mau. Game iki isok ngelatih awak dewe gawe luwe tangkas dan luwe tepat wektu. Hal iku mergo awak dewe nduwe wektu terbatas gawe ngelayani kabeh pelanggan nang kono. Tujuane ben awak dewe isok ngentokno duit sesuai target dan entok score sing duwur. Singkate, nang game iku, awak dewe dituntut gawe tas tes was wes, gak isok sante santean ae. Iku sing marakno aku dadi kebiasaan dadi tas tes was wes sisan nang kehidupan nyata.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2817", "text": "Omah joglo iku termasuk omah adate wong jowo sing wes lawas utowo jat jaman biyen onone. Masio iku wes kat jaman biyen tapi ora kabeh wong iku ngerti bagian-bagiane omah joglo iku. Bagian-bagian maeng iku ono jenege ambek fungsine dewe-dewe. Nah bagian iku koyok Pendopo (sing bagian ngarep), Pringgitan (bagian tengah), ambek Dalem (bagian inti). Nah bagian iku maeng yo duwe tujuan nag Pendopo iku nyudohno nag wong jowo iku duwe sifat sing ramah ambek kebuka. Nah sing Pringgitan iku biasane bentuke lorong sing tujuane gawe dalan mlebu. Nah sing terakhir yaiku bagain Dalem sing duwe fungsi utomo teko omah joglo maeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6325", "text": "Tangga sing apik kuwi yaiku tangga sing mesti nyediakake akses kang paik kanggo tanggane kaya akses dalan sing nyaman, lingkungan sing aman, lan uga pitulungan sing cepet. Tangga sing apik iki mesti sering ngobrol lan uga sering ngejak kenalan marang tangga liyane tur weruh apa wae sing dibutuhake karo padha tanggane. SIng paling penting yaiku yen ana masalah kuwi kudu diomongake kecuali masalah pribadi amarga yen masalah pribadi uwi kudune ora diungkit-ungkit lan ora dirasani. Tangga kuwi uga semestine dadi wong sing responsif amarga ana tindakan kriminal ning kampung sing kedadian amarga tangga sing kurang responsif kaya KDRT lan uga tindakan kriminal liyane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7029", "text": "Salah siji kebanggaane wong Lamongan iku panggon wisata sing jenenge WBL alias Wisata Bahari Lamongan. WBL iki panggon wisata sing paling terkenal teko Lamongan. Sing menarik teko panggon iki yaiku awak dewe isok menikmati wisata alam Pantai Tanjung Kodok sekalian numpak luwe teko 40 wahana modern nang kono. Ben taune, wahana nang WBL iku mesti nambah, dadi awakmu gak bakal bosen mbasio terus terusan mrono soale bakal nemukno wahana anyar terus. Dan nek kate nikmati kuabeh wahana sing onok nang WBL, awakmu isok langsung tuku tiket sing paketan dengan rego 65 ewu pas dino biasa dan 75 ewu pas dino prei. Wes tikete murah, isok nikmati wahana sakmono akehe. Dadi gak usah mikir maneh nek kate mrene, langsung budhal ae.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5457", "text": "Kanggo atlet sing sering tandhing, mentale wis mesti kuat lan ora gampang grogi. Nanging kanggo atlet sing isih anyar, mesti wayah lomba mesti ana rasa grogi lan kuwi bisa marai ora lancar. Kamangka, ana cara-cara sing bisa ditiru kanggo ngurangi rasa grogi kuwi. Kaping pisan yaiku pinter ngatur pernapasan, kaping pindhone yaiku akeh-akeh mikirake babagan sing postif. Kaping telu, ngelakoni pemanasan sing cukup amarga pemanasan iki penting ben ora ngerasakake cidera lan ora kagok. Kaping papat, nyoba meditasi kanggo ngumpulake energi positif. Kaping lima, yaiku ngerungokake lagu sing disenengi. Kaping enem yaiku ngobrol kanggo ngilangake rasa ndredeg karo kanca sak tim nanging kudu tetep jaga fokus.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9309", "text": "Salah satunggaling papan wisata alam ing Sleman Ngayogyakarta kang dadi tujuan paraning wisatawan yaiku Lava Bantal. Lava Bantal yaiku papan wisata arupi tumpukaning watu-watu ing sela-selane banyu kang mili ana kali. Miturut panalitening ahli geografi, papan wisata kang mapan ana Kalitirto, Berbah, Sleman iki kaduga wus dumadi kawit suwidak taun kepungkur. Kacarita ing jaman biyen, watu kang ana ing Lava Bantal yaiku lahar kang mili saka jebluganing gunung, lahar mau banjur mili lan cinampur dening banyu segara mula sansaya suwe sansaya atos banjur dadi watu kaya kang bisa kadelok saiki. Ana Lava Bantal wisatawan bisa delok ilining banyu kang seger, eyuping wit-witan, swara oceh-ocehaning manuk, bisa susur sungai nganggo pelampung ban, apadene kulineran. Yen kowe lagi ana Ngayogya, ayo padha menyang Lava Bantal!\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4619", "text": "Kanggo wong sing biasa mangan burger, pizza, hotdog lan sak panunggale, mulai saiki kudu dikurangi. Sing paling utama ya sing lagi program diet. Panganan kuwi masiyo porsine cilik tapi kalorine gedhe. Ukuran kalori ning panganan cepat saji kuwi bisa luwih gedhe karo 2 porsi buah lan sayur. Panganan iki iso nggarai penyakit lan nambah kolesterol sing bisa marai stroke lan penyakit jantung. Panganan iki uga ngandung akeh bahan pengawet sing bisa marai kanker. Yen pengen sehat pancen kudu bisa masak dewe, luwih resik lan luwih aman. Awak dhewe bisa ngitung kalori lan luwih irit. Ayo njaga kesehatan gawe masa depan dimulai saka ngurangi panganan cepat saji.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10048", "text": "Woh pala gadhah asma Latin Myristica Fragrans. Woh pala menika tanduran saking Kepulauan Banda, Maluku. Pala sampun dados komoditi ingkang reginipun awis wiwit jaman Romawi. Amargi menika, bangsa Landa rawuh wonten Indonesia taun 1596 kangge sadeyan rempah-rempah, mliginipun pala. Bentukipun woh pala kados lemon. Werninipun jene. Menawi dibikak, woh menika gadhah wangi ingkang khas. Wangi kasebat saged khas amargi woh pala gadhah kandungan minyak atsiri. Wit pala kalebet dangu masa panenipun. Sampeyan nembe saged manen woh pala saksampunipun 7 ngantos 9 taun. Yuswanipun wit pala ugi dawa. Wit menika saged gesang ngantos 20 taun. Pala saged diolah woh, biji, utawa didamel bubuk kangge penyedap. Woh pala saged didamel manisan. Bijine saged digaringke kangge disaring lenganipun. Lenga atsiri wonten biji pala saged dados campuran parfum kaliyan sabun.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10166", "text": "Malang menika salah satunggaling kutha ingkang boten pareng ical saking daftar panggonan plesir ingkang kedah dirawuhi nalika sampeyan plesir wonten Jawa Timur. Kutha ingkang hawanipun asrep menika gadhah kathah sanget panggonan wisata ingkang endah. Wonten macem-macem taman, perumahan unik ingkang dados panggonan ingkang estetik kangge foto-foto. Menawi sampeyan madosi panggonan wisata kangge plesiran bareng kulawarga, Malang gadhah Taman Labirin wonten Coban Rondo. Jarakipun Taman Labirin Coban Rondo saking kutha Malang cekap sakjam perjalanan. Sesuai kaliyan asmanipun, daya tarik ingkang utami wonten mriku inggih punika labirin ingkang saged didadosaken dolanan kaliyan kulawarga. Langkung menaikipun malih, rute labirin tansah owah kanthi berkala. Dados, sampeyan ingkang bolak-balik plesir wonten mriku boten bakal bosen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10010", "text": "Saben isuk Puput mlaku ing ngarepe omah. Iki dadi olahraga sing paling enteng sing bisa dilakoni Puput. Saliyane enteng, olahraga iki ora merlukake alat sing akeh. Mung butuh sepatu utawa sandal wae kanggo mlaku. Anggone mlaku, Puput mesti ngitung karo HP jarak sing dipengeni. Biasane Puput masang 1-2 kilo kanggo mlaku mubengi omahe. Mlaku 2 kilo kurang luwih ngentekna wektu 1 jam. Sawise dirasa pegel kanggo mlaku, Puput ora lali kanggo ngencengna sikile supaya ora kram lan kaku. Olahraga mlaku iki saben dina dilakoni karo Puput supaya awake tansah seger waras, ora gampang pegel, lan ora gampang ngantuk nalika kerja.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2348", "text": "Ombenan teh iku sing paling tak senengi soale enak, sak liyane iku gawene yo gampang. tapi ora kabeh wong seneng karo teh koyok wong sing biasane seneng ngopi. Padahal manfaate teh yo akeh. Nag situse Kemenkes wes jelasno nag teh iku manfaate akeh koyok contone iso ngelawan radikal bebas soale teh duwe antioksidan. Terus ngurokno awak barang yo iso soale teh ora duwe kalori ambek iso nyuwekno keserepe lemak. Tapi kudu diperhatekno, nag pengen ngurokno awak ojo dicampuri ambek gulo utowo susu. Terus, nag gawe teh yo ojo bening mok sukur ketok ono teh'e soale nag mok anger ono teh'e podo wae ambek ngombe banyu biasa. Biasane teh koyok ngeneki sing mangkelno soale rasane aneh ora koyo teh maneh. Kabeh wong yo mangkel nag gawe teh tapi ora ono rasane teh'e.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9751", "text": "Waktu iku aku dolan ning kutha Bandung lan kanca-kanca. kene kabeh nitih bis kanggo nyampek ing Bandung. Tujuan kene kabeh ning Bandung yaiku lomba tapak suci. Ning kunu kene nginep seminggu ing penginapan sing ana ing bandung. Sak wise lomba kene kabeh mlaku-mlaku ngelilingi kota Bndung. Salah sijine yaiku ing masjid gedhe Bandung. Ing masjid kene ngelakoni shalat maghrib lan isya. Sak wise iku banjur nerusake mlaku-mlaku ing toko-toko sing ana ing sekitaran masjid gede Bandung. Kene kabeh ndolek oleh-oleh khas Bandung sing arep digawa moleh ing Sidoarjo. Panganan khas Bandung sing biasane di gawe oleh-oleh yaiku Aci lan kaos sing ana tulisane Bandung. Aku lan kanca-kanca tuku aci digawe oleh-oleh ing sidoarjo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "13", "text": "Salah siji rumah makan cepat saji A&W ono akeh pilihan menu. Ono ayam, steak, burger, kentang goreng tekan bombai tepung goreng. Aku saiki pengen ngomong menu ayame. Ben konco-konco iso ngebandingke karo ayam rumah makan cepat saji liyane. Roso daginge remasuk tekan jero nanging bumbu rempah-rempahe kurang keroso. Kulite rodo kurang renyah lan tepunge ora kandel. Ukurane standar ora keciliken ning ora gede banget. Neng A&W ayame isih dituku ijin ora kudu paketan. Siji ayam regone Rp18.500. Yen arep tuku paketan iso tuku Paket Gratis 2 sing paling murah. Paket kui isi ini ono siji ayam, sego, sop ayam, lan ombene entok teh lemon.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7792", "text": "Onok beberapa jenis permainan basket sing dadi liga nang Amerika. Salah lorone iku NBA karo NCAA. NBA iku National Basketball Association. Nek NCAA iku National Collegiate Athletic Association. Loro permainan pdo terkenale nang Amerika, cuma onok akeh banget bedone. Siji, NBA ikui gawe pemain pofesional, nek NCAA iku gawe kalangan mahasiswa. Loro, durasi jeda antara permainan siji ambek liyane nang NBA iku 130 detik, tapi nek nang NCAA iku gak onok. Telu, durasi pertandingan NBA iku 4 kuarter sing masing masing 12 menit, nek NCAA iku 2 babak sing masing masing 20 menit. Papat, batas personal foul nang NBA iku enem, nek NCAA iku telu. Dan onok liyane maneh perbedaan antara NBA karo NCAA.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "458", "text": "Pas bakdo Idul Adha kui awak dhewe kudu ora mung seneng-seneng mergo iso mangan daging sing akeh, nanging uga awak dhewe kudu ngeresepi neng ati makna suku hari raya kui. Idul Adha kui ibadah sing digawe nganggo ngeling-iling crito babagan pengorbanan Nabi Ibrahim. Wektu kui, Nabi Ibrahim disuruh Allah kanggo nyembeleh anake sing wis suwe dhewe enteni, yaiku Ismail. Crito kui ngajari awak dhewe babagan keiklasan. Awak dhewe kudu iso ngelakoke opo sing diperintahke Allah seabot opo wae. Awak dhewe kudu iling yen opo sing awak dhewe duweni neng donyo iki gur titipan Allah. Awak dhewe kudu selalu iklas yen opo sing awak dhewe duweni kui dijaluk balik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9757", "text": "Bali sakliane terkenal karo objek wisatae seng terkenal in mancanegara bali yo terkenal karo oleh – oleh e , klambi – klambie seng terkenal apik – apik lan adem, sarung bali yo terkenal adem lan alus, gantungan kunci seng akeh maceme, panganan e yo gak kalah terkenal yoiku pai susu, pai susu akeh macem - macem rasae yoiku original, keju, bluberi, durian, coklat, lan akeh macem liyane. Carane nggae pai susu ndek omah dewe gampang. Carane yoiku 250 g terigu, 160 g mentega, 1 butir endog 2 sendok gendhis alus, 1 sendok teh uya. Kabeh bahan iku diaduk dadi siji. Dibentuk dadi pinggirane pai, bahan isian e kuwi ½ kaleng susu kaleng 3 kuninge endog 1 sd maizena dicampur banyu 75 ml terus dikei ndek ndukure bahan isian e kuwi terus dipanggang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4051", "text": "Ulan wingi ancene akeh bencana sing kedaden nang negoro iki, contone goyok gempa nang daerah jawa barat, ambek daerah sulawesi. Koncoku iku sing nang daerah Jawa Barat mesti nag wayai udan-udanan mesti nyiapno awake sak keluargane kanggo ngadepi iku maeng ben ora kaget ambek jumbul nag apan wayae banjir iku teko. Terus perkiraan banjir yo ora ono sing ngerti, tapi wong-wong sing nang daerah kono mesti wes nyiapno awak terus nag bakal ate kedadean banjir ben ora kuwalaan kanggo ringkes-ringkes barang-barange. Dadi nag daerah kono nag wayai rendeng yo mesti wong-wong podo siap-siap kanggo ngadepi banjir ben nag banjir siap kabeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5425", "text": "Salah siji atlet sing digandrungi ning bulu tangkis yaiku Kevin Sanjaya Sukamuljo utawa Kevin, dadi omongan para penggandrung bulu tangkis sing ana ning Indonesia amarga kualitas main sing mudhun lan ora bisa ngimbangi pasangane yaiku Marcus Gideon. Kevin kuwi isih nganggo cara lawas kanggo ngelawan atlet liya, nanging cara kuwi ora cocok kanggo Marcus sing rampung cidera. Guneman liyane yaiku Kevin uga duwe masalah karo pelatih tim sing nyebut Kevin ora profesional amarga nggolek gara-gara ning kabeh pertandingan. Kamangka, saiki pelatih luwih fokus marang duet Fajar Alfian lan Ryan Ardianto sing saiki wis oleh gelar nomor siji kategori ganda putra. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2457", "text": "Carane gawe preianmu iso berkesan yoiku awakmu ora perlu mikir nemen-nemen cukup ngejak konco-koncomu dolan nag endi ngunu sing penting budal bareng. Aku biyen ngajak konco-koncoku budal nag daerah cangar sing dalane mungga mudun pinggire gunung terus ngeliwati alas-alas sampek akhire kesasar mlebu wisata gratis barang. Lah iku sing garai kelingan sampek saiki ambek konco-koncoku. Dadi nag awakmu langsung budal preian koyok ngunuku biasane sing kepikiran iku mok angger sing penting budal bareng ambek konco-konco nang panggonan iki ngunu wae. wes ora atek rencana mateng sing penting wetenge anteng. Engko susah ditanggung bareng ambek konco-konco. Yo preian koyo nginiki sing asline bener-bener paling ora iso ilang nag pikiran. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2722", "text": "Kisah utowo cerito nang jero kitab suci yaiku cerito utowo gambaran urip sing wes tau kedaden nang jaman liyo utowo jawan sing wes lawas tapi diangkat utowo didadekno pelajaran urip nang jero kitab suci maeng supoyo wong sing moco kitab suci iku maeng ngerti contoh sing apik ambek ngerti ang biyen iku ono pengalaman koyok ngunu. Lah terus cerito maeng dilebokno nang jero kitab suci supoyo dadi contoh utawo penglaman nag ono aturan sing kudu ora dilakoni ben ora kedaden koyok nang jero cerito maeng seng iso dadekno ke elekan utowo perkoro elek kanggo masa saiki. Sak liyane iku ben iso dari pengalaman kanggo ngadepi masa sing ate teko.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "585", "text": "Tokoh adat kui dudu pajangan kanggo ngelancarke program sing dilakoke pemerintah. Tokoh adat kerep diundag kanggo dialog karo kepala pemerintah daerah. Dheweke arep ngerungoke pendapat saking masyarakat adat babagan program utowo pembangunan sing arep berjalan. Nanging, akeh tokoh agama sing diundang utowo diwawancarai seko pihak pemerintah sing ora dirungoke swarane dhewe. Undangan kui mung dadi syarat ben progame kui iso langsung mlaku. Padahal, masyarakat adat kui uga bagian seko negara Indonesia sing kudu dilindungi hak-hake. Yen pemerintah, ora iso ngejamin hak-hak masyakarat adat ngomong lan dilindungi, sopo meneh sing iso diharapke karo masyarakat adat kui. Tokoh adat kui wis sak yogyane dirungoke.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9332", "text": "Bulan November wingi Caca lan telu kancane, Puput, Adel, lan Fella turu ana ing salah siji hotel ning Tangerang. Hotel iku jenenge hotel swiss-bel. Caca lan kanca-kancane nginep ing hotel iku amarga meh ndelok konser sing panggone ana ing ICE BSD. Teka hotel nuju panggon konser sing ana ing ICE BSD mbutuhake wektu kurang luwih 20 menit yen nganggo sepeda motor, lan mbutuhake wektu kurang luwih 45 menit yen nganggo montor. Fasilitas hotel iki lengkap banget kayata ana alat kanggo nggaringke rambut, kulkas, banyu panas kanggo adus lan sapanunggale. Caca puas banget turu ana ing hotel iki amarga pelayane uga apikan, sumeh, lan mbiyantu Caca yen dheweke ana samubarang kang ora ngerti.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7097", "text": "Hobi sing bermanfaat gawe kesehatan iku onok akeh. Salah sijine iku olahraga. Sayange, gawe wong sing males obah, olahraga iku dadi kegiatan sing paling dihindari. Padahal olahraga iku penting banget gawe kesehatan. Dadi mulai saiki, gawe awakmu kabeh sing kaum rebahan, kudu mulai ngobahno awakmu. Carane mulai mantepno mindsetmu disik, nek awakmu gak olahraga, aku isok lara. Soale faktane wong sing males obah iku luwe duwur resikone kenek penyakit jantung. Nek mindsetmu iku wes mantep, baru mulai rutin pemanansan sing enteng disik, ojok langsung olahraga sing abot. Nek wes rutin, baru deh mulai nang jenis jenis olahraga sing macem-macem dan sesuaino ambek kemampuan tubuhmu pisan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2306", "text": "Akeh wong sing wes ngerti karo panganan onde-onde. Tapi ora kabeh wong ngerti carane gawe onde-onde, opomaneh saiki jamane internet sing kabeh iso dituku. Gawe onde-onde tiba'e ora angel terus bahan-bahane yo iso dituku nag pasar ambek murah sisan regane. Carane gawe onde-onde iku sing kawitan kacang ijone dikom disek sampek sekitar 2 jam, sak marine dikom terus ditirisno ambek diresiki. Mari ngunu, nggodok banyu sak cukupe nag manci terus lebokno kacang ijo iku maeng sampek mateng ambek empok. Lah mari ngunu, kacange digerus sampek alus terus diulet karo gulo, uya, ambek vanili sampek roto. Mari ngunu, dibunderi cilik-cilik gawe isiane onde-onde.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7078", "text": "Aku nek nganggur, paling seneng mlaku-mlaku nang Mal. Hal iku mergo akeh banget sing isok dilakoni pas nang Mal. Awakmu luwe? Akeh sembarang kalir jenis panganan sing isok mbok icipi. Awakmu pengen bengak-bengok? Onok panggon karaoke sing kedap suara dan awakmu isok nyanyi bengak bengok tanpa onok sing protes. Awakmu pingin dolan? Onok panggon dolanan sing isok mbok coba, gak kudu arek cilik sing dolen mrono. Awakmu pingin tuku klambi? Akeh toko klambi sing isok mbok ampiri. Awakmu pingin ngopi? Akeh Coffee Shop sing isok sekalian digawe ngongkrong. Utowo awakmu mek pingin mlaku-mlaku tok, iku yo isok banget dilakoni nang Mal. Dadi nek awakmu nganggur dan bingung kate lapo, budhal nang Mal ae.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2419", "text": "Teko berita-berita kususe nag masalah wisata sing paling mojok utowo sengedan, mesti air terjun madakaripura metu disiki. Salah sijine situs iku yaiku blog.tiket.com. Nag delok sing ditulis karo situs iku, air terjun madakari pura ancene duwene pemandangan sing apike pol seje ambek liyane soale pinggir-pinggire ono air terjun sing bentuk koyok gedek sing ono nag dalan sing diliwati ambek wong sing dolan mrono pas ate tutuk air terjune. Mangkane nag kono wong-wong mesti seneng soale air terjune maeng ora angger cicir nang lemah tapi pinggir-pinggire ono banyu sing tipis-tipis koyok kain tipis sing dipepeh. Ben awak ngerti sing dimaksud banyu sing bentuk koyok kain tipis-tipis maeng, dolano rono, engko nag teko kono mesti awakmu pengen dolan rono maneh soale panggonane bener-bener apik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9353", "text": "Munggah gunung wis dadi kesenenganku wiwit aku ana ing SMA. Aku uga mlebu ana ing komunitas pecinta alam sing biasane sewulan pisan ana kegiatan kanggo munggah gunung. Wulan wingi, aku lan kanca-kanca ing komunitasku ana jadwal kanggo munggah Gunung Semeru. Ora gampang kanggo munggah Semeru amarga iki kalebu gunung sing dhuwur banget. Senajan ora nganti puncak nanging namung mandeg ana ing Ranu Kumbolo aku seneng banget lan iki dadi pengalaman sing paling ora bisa dilalekna. Ana ing Ranu Kumbolo hawane adhem banget apa amneh pas bengi, danaune biru banget, banyune resik, Ranu Kumbolo uga diubengi karo bukit lan wit-witan ijo royo-royo sing bisa nenangke sapa wae sing ndelok.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6680", "text": "Bagas rasane ora kepengen bali menyang kutha amarga saiki dekne lagi ngerasakake kepenake urip ning desa. Wis seminggu Bagas kuwi nginep ning omahe simbahe amarga lagi libur sekolah. Bagas liburan iki pancen kepengen nyambangi desane simbahe amarga ngerasa kuliah ning kutha kuwi sumpek. Ning omah ya ora ngapa-ngapa, kamangka Bagas numpak bisa menyeng Bojonegoro karo nemoni simbahe. Nanging Bagas iki uga ngerasa yen ning desa kuwi luwih tentrem lan bisa nenangake pikiran. Saban isuk, Bagas uga melu menyang sawah lan lunga menyang kebon kanggo nggolek buah kaya nangka lan uga klapa. Yen wes sore, bagas uga ngewangi simbahe nggiring ternak menyang kandang. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7432", "text": "Sangkuriang iki cerito rakyat karo legendane masyarakat Sunda. Legenda iku berkisah tentang terciptane Gunung Tangkuban Perahu. Legenda iki iku nyeritakno tentang kisah seorang pemuda sing jatuh cinta karo makne dewe. Awale mereka urip damai, tapi suatu hari mereka tukaran sampe akhire Sangkuriang meninggalkan rumah gawe menggembara. Dayang Sumbing, ibune Sangkuriang, nyesel dan dungo cek tetep isok ayu, awet nom, dan isok ketemu maneh ambek anake. Suwi banget, akhire Sangkuriang balik nang kampung halamane. Pas kate nggolek ibune, de’e ketemu ambek wedok sing ayu banget sing asline iku Dayang Sumbing. Akhire de’e jatuh cinta terus ngajak nikah. Dayang Sumbing sing gak eroh nek iku anake yo iyo ae. Pas ketepakan onok momen ndek ndi akhire Dayang Sumbing sadar nek lanang sing kate dinikahi iku anake. Dayang Sumbing berusaha gagalno pernikahan iku dan ngaku nek de’e iku ibune. Sangkuriang gak percoyo. Akhire Dayang Sumbing negekeki dua syarat cek isok nikahi de’e, yaiku bendung Sungai Citarum ambek nggawe sampan sampe sak durunge fajar dan dituruti. Sayange Sangkuriang gagal soale fajar wes teko. Saking kesele, de’e njebol bendungan sing wes rampung iku dan marakno sak deso kelem. Sangkuriang yo nyaduk sampan sing setengah dadi iku dan jatuh telungkup. Sampan iku mau berubah dadi gunung sing saiki dikenal dadi Gunung Tangkuban Perahu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5124", "text": "Akeh sing salah paham karo lagu \"Lingsir Wengi\" amarga salah siji film horor nggawe lagu iki kanggo ngundang kuntilanak kanggo pesugihan lan sesembahan. Lagu iki sengaja dinyanyekake kanggo nada sing medeni lan swara sing kaya sinden. Lagu iki uga sempet dipercaya bisa mbuka gerbang alam gaib. Film kuwi pancen pengaruhe gedhe kanggo wawasan lagu iki. Banjur akeh ahli sing mbahas lagu iki. Jebul lagu iki isine babagan ibadah lan lagu iki dadi salah siji media kanggo nyebarake agama Islam ning Pulau Jawa karo Sunan Kalijaga. Amarga kuwi, amanat lagu iki ora bisa diterima kanggo cara sing positif. Lagu iki nyeritakake ibadah sholat bengi sing dilakoni saban wektu lingsir wengi yaiku sepertelune bengi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2808", "text": "Acara adat sing sampek saiki dijogo nang daerah jowo yaiku acara sing jenenge Grebeg. Acara iki dilakoni sampek peng telu sak tahun, terus mesti ramene pol. Acara iki termasuk acara adat sing wes dilakoni kat jaman biyen sampek saiki karo keluarga keraton yogyakarta. Nah tradisi iki terus dijalanno ambek dijogo soale iki wes dadi tradisi sing dianjurno ambek sultan-sultan jaman biyen. Mangkane wong-wong sing ono nang daerah jogja utowo sing nang sekitarane keraton dianjurno melok acara iku maeng solae iku termasuk budaya utowo acara adat sing kudu dilakoni masio iku wes lawas tapi sing jelas adat yo teten adat ambek ora kenek ditinggalno. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9768", "text": "Sapa sing kerep ngerti rupane gamelan sing katon mewah malih dadi buluk ora karan-karuan. Iku isa amarga disebabake ora tahu diresiki. Ngresiki gamelan iku diarani mbrasuh gamelan. Nah, yen ameh mbrasuh gamelan kanca-kanca kudu nyiapake watu ijo iki isa dituku ing toko bangunan, kain bekas, tiner utawa bensin, lan uga banyu. Nah,carane kang kapisan gamelan dilap sing resik sek kanggo lap kain bekas. Banjur kui njupuk kain liane lan dicelupke karo bensin utawa tiner.Yen uwis, ndulit sitik watu ijo kang wis diremukake. Nah, gosok wae kui ning pencon utawa layah gamelan nganti kempling rupane. Yen uwis, banjur diguyang ngenggo banyu supaya ambune bensin ilang. Sing keri dhewe dipepe ning panasan. Penak tur murah ta? Ayo ta mangkane adha gugur gunung ngresiki gamelane !", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7047", "text": "Jakarta iku terkenal ambek transportasi umume sing wes isok njangkau hampir nang seluruh daerah Jabodetabek. Salah sijine sing buru diresmino iku MRT, yaiku sepur transit cepet sing nganggo rel listrik gawe dalane. Mergo sek anyar, dadi akeh banget wong sing penasaran dan numpak MRT. Gawe awakmu sing penasaran sisan, tak keki eruh carane numpak MRT. Pertama, melbu nang stasiun terdekat teko panggonmu. Ojok lali siapno disik e-money dan isi saldone. Ngisine isok nang minimarket, ATM, ambek stasiun MRT ne. Mbari ngono, tap e-money nang gerbang penumpang. Entenono sampe sepur tujuanmu teko, dan ojok sampe keliru. Nek wes teko, ngantri gawe melbu MRT. Engkok awakmu isok mudun sesuai stasiun tujuanmu dewe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9644", "text": "Salah siji senenge melu pengajian saben minggu isuk yaiku bisa nambah ilmu babagan Islam. Sing paling diiling yaiku nalika penceramahe nerangake babagan ngapura. Wong sing ngapura uripe bakal damai lan tentrem. Kenapa kok ngono? amarga wong sing bisa ngapura kesalahane wong liya iku atine bakal plong. Ora ana rasa dendam sing bisa nyebabake stress amarga saben dina kepikiran terus. Saliyane iku, yen gampang ngapura wong liya iku bisa nambah keraketan ukhuwah islamiyah utawa kekancan karo wong Islam liyane. Yen duwe masalah karo wong liya, ayo gek ndang dimarikna, yen wong liya duwe kesalahan ning kene ayo padha dingapura supaya urip luwih tentrem lan damai.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2890", "text": "Pas aku mlaku-mlaku nang Bojonegoro, aku lewat salah sijine warung sing pinggire terminal Bojonegoro. Ndok koto Bojonegoro iku panganane yo macem-macem. Terus panganan khas kono yo macem-macem salh sijine yoiku sing jenengen Ledre. Mari ngunu pas tutuk kono aku jajal panganan sing khas ambek daerah kono yaiku maneng sing jenenge Ledre. Panganan iki rasane enake megilan. Opo maneh regane yo lumayan morah. Panganan iki maceme reno-reno, ambek rasane yo macem-macem. Terus sak liyane iku sing garai enak maneh iku nag pas waktu dipangan iku ono kriuk-kiruke ambek kecampuran rasa legi. Mari ngunu sak liyane iku yo ono rasa gedang, terus bolet, ambek liyan-liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7755", "text": "Pesta Olahraga Asia utowo luwe dikenal ambek jeneng Asian Games iku ajang multi-olahraga sing diselenggarakno ben patang tahun pisan ambek kabeh atlet teko seluruh Asia terus diselenggarakno karo Dewan Olimpiade Asia. Salah siji Asian Games sing paling berkesan gawe warga Indonesia iku pas tahun 2018, ndek ndi Indonesia dadi tuan rumahe Asian Games. Sing paling berkesan iku pembukaan Asian Games 2018 sing dadi perhatian wong-wong sak dunyo mergo tari saman sing meriah banget. Mulai teko kono, wong-wong luar negeri iku mulai nggolek eroh tentang tari saman ambek tarian tradisional Indonesia sing liyane. Dan teko kono sisan, Indonesia iku dianggep berhasil ngenalno kebudayaane dengan benar.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "534", "text": "Jaman saiki cerita rakyat kui akeh wong sing nganggep ketinggalan jaman. Mergo kui, akeh poro penulis, novel utowo film, sing gawe resepsi seko cerita-cerita rakyat sing terkenal. Resepsi neng kene maksude gawe cerito sing anyar nganggo unsur-unsur cerito rakyat mau. Nanging ono penulis sing ngubah amanat utowo pesan morale seko cerita rakyat sing dijupuk. Yen sekadar ngubah latar dadi luwih kekinian lan nambahi guyonan-guyonan sing luwih masuk neng jaman saiki kui ora masalah. Nanging ono, penulis sing ngubah sudut pandang ceritane, sing disik dianggep apik dadi jahat lan sewalike. Kanggo bidang sastra kui, mungkin apik, nanging dadine awak dhewe ora iso nyeritake opo sing leluhure dhewe arep ngandani neng generasi sing anyar iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2327", "text": "Kabeh uwong nag negoro iki mesti ero sing jenenge menyok (singkong). Menyok iki kenek digawe nggawe panganan sembarang contone kripik, gimbal, getok, tepung, ambek sak teruse. Sak liyane iku, sing paling penting teko menyok yaiku manfaate sing uakehe pol kanggo njogo kesehatane awak. Manfaat sing awitan yaiku njogo weteng ben ora sunduk'en (sembelit) soale menyok duwe kandungan sing jenenge pati resisten sing njogo masalah pencernaan. Manfaat liyane yaiku iso ngontrol tekanan darah. Nah lapo'o kok iso ngontrol tekanan darah? soale menyok duwe kalium sing iso ngedokno tekanan darah, terus, menyok yo duwe serat sing iso nyetabilno tekanane darah nang nggonane awak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2447", "text": "Transportasi wisata ancene maceme akeh, tapi fasilitas sing disewakno utowo sing ditawakno macem, mulai sing apik sampek sing sederhana, karek delok rego sing di jipek. Nag pengen golek transportasi wisata sing pas mabek ora ngecewakno, kudu takok-takok utowo golek-golek info disek masalah trasportasi iku, opo maneh nag ate wisata nang luar provinsi, soale transportasi wisata sing layak pengaruh nang dalan. Dadi nag milih transportasi wisata sing kudu diperhatikno yaiku kendaraane, kendaraane iku isek layak opo ora, nag ora layak palang golek liyane, soale budal wisata iku kudu seneng ora bingung polhae kendaraan mogok nang dalan, mari ngunu delok fasilitasi, nag fasilitasi lengkap budalno wae, tapi nag fasilitasi kurang ngakomodasi kebutuhan goleh liyane ae. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9057", "text": "Jaman saiki, kabeh iku wes serba canggih. Salah sijine iku wes muncul mobil listrik. Mobil listrik iku podo koyok mobil biasane, cuma bahan bakare iku teko listrik. Dadi wes koyok barang elektronik ae, nek bateraine entek, yo kudu dicas. Podo sisan ambek mobil listrik, nek bateraine entek yo kudu nang panggon ngecas mobil. Nek kate ngecas mobil listrik nang SPKLJ sing disediakno PLN iku koyok ngene. Siji, unduh aplikasi Charge.IN. Loro, golek lokasi SPKLU sing paling cedek nganggo aplikasi iku. Telu, nang o SPKLU sing iku mau. Papat, colokno nozzle pengisian baterai nang mobil. Limo, templekno kartu NFC mobil listrik nang panggon pengisian gawe otentikasi. Enem, scan QR code sing tersedia nang kono. Pitu, lebokno kWh sing bakal diisikno nang mobil listrik. Wolu, bayar biaya nganggo aplikasi LinkAja. Terakhir, garek enteni sampe pengisian dayane mari.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6682", "text": "Nopek Novian kuwi dadi salah siji komedian sing kondhang amarga ajang komedi Stand Up Comedy Indonesia IX sing diproduksi karo TV Kompas. Nopek Novian iki nampilake wujude wong desa ning jaman saiki sing sering disalahpahami wong liya. Yen miturut wong liya urip ning desa kuwi kepenak, miturut Nopek malah sak walike. Keresahan kuwi ya sing digawa ning panggung karo komedian asal Madiun iki. Keresahan kuwi yaiku babagan ekonomi lan uga macem-macem penyebab sing marai wong kutha luwih kenal karo karaktere wong desa. Salah siji materine kuwi sing cocok karo pemikirane wong kutha kuwi babagan liburan sing diwalik, wong desa menyang kutha malah wong kutha menyang desa. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8669", "text": "Onok pepatah sing terkenal pol, yaiku “stres iku dadi sumber sembarang kalir penyakit”. Berawal teko lara pikir, maleh dadi ngerambat nang lara fisik sing liyane. Ben menungso iku pasti tau ngalami stres kok, soale ben menungso kan pasti tau ngadepi masalah nang uripe. Tapi sing perlu digatekno, stres sing dialami iki kudu di-manage ben level e isok mudun dan gak marakno awakmu kenek lara pikir. Iki temenan, nek awakmu wes kenek lara pikir, iku bakal dadi gerbang utama gawe dampak negatif liyane nekani awakmu. Dadi gawe awakmu sing lagi ngeroso stres, cepet sadarono dan nggolek cara gawe ngatasi stres sing mbok alami iku mau.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6618", "text": "Dana pendidikan kuwi sajane ora mlebu marang dana darurat amarga pendidikan kuwi salah siji kebutuhan sing bisa dirancang utawa diarahke amarga wis ana itungan biaya lan prakiraan jumlah munggahe. Biaya pendidikan iki kudu dadi prioritas wong tuwa amarga pendidikan kuwi penting. Nanging dana iki bisa dadi dana darurat yen misal anake kuwi sekolah ning panggonan sing ora peritungan kaya panggonan sing luwih larang utawa panggonan sing akeh banget biaya sak liyane SPP. Kamangka, kanggo para wong tuwa, pendidikan anak kuwi kudune diatur kanthi bener biayayane lan kudu tetep nyelengi dana darurat kanggo kebutuhan sing ora disangka kaya seragam, acara sekolah, lan uga liyane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5080", "text": "Tanggal 17 sasi wingi, aku dikirimi jajan lan panganan saka tanggaku amarga ana acara kebaktian gereja ning omahe. Kebaktian kuwi ning kaya upacara doa bareng gantian ning saban omah. Kebaktian iki biasane kanggo nyelameti omah lan biasane ana acara mangan bareng kanggo wujud rasa syukur. Tanggaku iki jemaat GKJW utawa Gereja Kristen Jawi Wetan lan sering ngadakake kebaktian. Biyasane, ibuku uga melu ngewangi masak amarga jemaat iki uga akeh banget sing teka. Kebaktian iki sak liyane maca dunga bareng uga ana renungan lan khutbah saka pandita. Yen ning omah kuwi ana masalah kaya masalah keluwarga, rampung kebaktian, ana sesi konseling saka pandita marang keluwarga. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "845", "text": "Mungki kowe-kowe tau kepikiran, kenopo kok akeh sekolahan sing ora duwe ekskul renang. Ayok awak dhewe bahas alasesane. Sing kesiji, sekolah ora duwe fasilitas. Ora mung kui, sekolah uga ora mungkin ngusahake gawe fasilitas kui. Ekskul renang kui fasilitas sing paling dibutuhke yaiku kolam renang. Kolam renang sing ukuran standar internasional kui ora cilik. Sekolah ora mungkin duwe lemah sak mono akeh. Opo meneh kanggo sekolah sing lokasi neng tengah kota, angel bangel nemu lemah kososng sing sak mono jembare. Yen misale lemah ono, duwit durung tento ono. Pihak sekolah uga ora mungkin nganggarke kanggo biaya kolam renang tok. Alternatife sebenere iso nganggo fasilitas kolam renang neng jobo, nanging kui podo wae. Soale, mlebu kolam renang kui uga kudu bayar tiket. Mungkin sekolah, ora mampu kanggo bayari tiket murid-muride neng kono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6307", "text": "Yen wis duwe anak, kadhang kesempatan kanggo para pasangan iki uga bisa ngurang. Ibu bakal luwih sibuk ngurus anak, nanging bapak uga tambah sibuk kerja amarga ana bocah sing kudu dibiyayani. Kamangka, akeh pasangan enom sing milih nunda nduwe anak ben bisa ngerajut rumah tangga lan nemokake ritme sing pas. Banjur yen kabeh kuwi wis kejaga, pasangan baru bisa mutusake arep nduwe anak apa ora. Diskusi perkara anak iki kaitane karo pembagian tugas ning omah lan uga piye carane njaga emosi ben ora dadi masalah sing gedhe. Peran wong lanang iki penting banget kanggo mutusake lan dadi wong sing bijak amarga wanita kuwi sing oleh kesempatan bisa ngelairake anak.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2455", "text": "Lagek pisan iku, pas aku dolan nang daerah magelang nemokno pengalaman sing apik'e megilan. Asline pas iku aku nyasar ambek koncoku gara-gara preian sing ora disengojo soale jam pelajaran di ganti sesok'e maneh. Akhire ambek koncoku dolan nang magelang terus nemokno sing jenenge tol kayangan. Panggonan iki apik'e rambloko. Soale nag kono iku aku koyok delok Gunung kembar jejer, sing siji merapi, sing sijine merbabu, sing apik maneh yaiku merapi sing isek ketok miline magma'e abang derewes, terus ono beluk putehe, wah apike megilan iku. Mari ngunu jarene koncoku, wah gak kat biyen wae awak dewek rene, panggonane enak adem , sejuk, ambek wonge yo ramah-ramah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2310", "text": "Mlaku-mlaku nang Lamongan gak lengkap rasane nek gak kulineran ngicipi panganan khase. Nang Lamongan iki aku seneng muter-muter nggolek sego boranan, soto Lamongan, ambek penyetan Lamongan. Ngomong-ngomong soto Lamongan ambek penyetan Lamongan wes dadi panganan sing gelek ditemokno nang kuto-kuot gede sak liyane Lamongan. Nang ndi-ndi wes sak pirang-pirang sing dodolan panganan loro iki. Siji sing arang ditemokno nek gak nang Lamongan yoiku sego boranan. Aku iso nemokno sego iki nang alon-alon ambek nang cepitan-cepitan kuto'e lamongan. Sing paling tak senengi teko sego iki, yaiku segone diwadahi boran sing gawenane teko anyaman pring. Ambune dadi sedep trus segone gurih enak rasane. Roto-roto regane yo murah. Aku mangan sego boranan lawuh iwak dadar, sambel, kulupan, tahu karo tempe mek mbayar 10 ewu. Nek tak sawang sego boranan iki akeh sing seneng. Didelok teko sing tuku, wong Lamongan dewe podo akeh sing antri tuku sego boranan. Isuk, awan, sore tetep rame peminate. Nek ono sing seneng iwak laut, iwak banyu tawar barang, wong-wong iso mileh sak karepe dewe. Wes regone murah, mareki, yo gizine akeh. Aku dadi seneng mlaku-mlaku golek panganan sing khas daerahe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "593", "text": "Pempek kui pangan olahan ikan sing akeh disenenge karo wong Indonesia. Iwak sing dienggo kui biasane nganggo iwak tenggeri utowo belida, nanging ono uga sing nganggo iwak gabus. Kesamaan seko 3 iwak kui kabeh duwe daging putih sing alus. Seko olahan kui iso didadike akeh jenis-jenis pempek. Ono pempek adaan sing rasa iwak paling keroso dibandingke sing liyo. Ono pempek lenjer sing duwe bentuk lonjog. Ono pempek kulit sing ning adonane dicampur potongan kulit iwake. Ono kapal selem sing neng jerone ono endoge. Pempek kui biasane dipangan nganggo kuah cuko. Cuko kui rasane perpaduan antara pedes, legi, kecur, karo gurih.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "115", "text": "Aku ora begitu seneng konsep wisata sing delik utowo ora akeh wong sing ngerti panggon kui. Wong-wong kerep nyebut kui hidden gems. Soale, panggon sing delik-delik kui kerep duwe akses dalan sing elek. Yen misale neng tengah kota, kui iso mlebu-mlebu gang cilik. Bisa wae dalan kui ora iso diliwati kendaraan opo wae. Yen ono neng deso kui kerep ketemu sing blusuk banget. Panggone adoh seko dalan gede. Akses dalan neng panggone kui elek, akeh watune lan durung diaspal. Artine kanggo iso tekan panggone wae kudu duwe usaha sing luwih. Nangign rung ono sing iso ngejamin yen tempat wisata kui iso sesuai karo eskpektasi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9654", "text": "Idul Fitri dadi dina paling suci kanggo wong Islam. Ing dina iki kabeh wong padha njaluk sepura marang wong liyane lan wiwit saka 0 maneh. Apa sing wis dilakoni ing wektu wingi kudu dingapura. Saka wong tuwa, wong enom, kanti wong sing ora dikenal bakalan salaman lan ngucapake \"minal aidzin wal faidzin\". Dina Idul Fitri uga dadi dina sing paling dienteni amarga kabeh kaluwarga padha ngelumpuk dadi siji. Kegiatan sing biasane dilakoni pas idul Fitri saliyane anjangsana ing omahe sedulur yaiku masak-masak panganan sing biasane ana ing dina iki kayata opor, lontong gule, rendang, utawa jajan-jajan kaya nastar, sus, lidah kucing, lan liyane kanggo nambah raketing kaluwarga. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5518", "text": "Nggunakake HP iki mbutuhake akeh kebijakan kaya jam nganggo lan ketepatan fungsine. HP iki uga ngaruh marang cara asuh anak ning omah. Wong tuwa sing sibuk karo HP lan perhatian karo anake mesti duwe masalah ning komunikasi sing ora bisa dijelasake amarga ora kulina ngobrol lan ngerteni maksud lan kekarepane anake. Akeh wong tuwa sing uga ngewenehi HP marang anak sing durung umure lan ora ngerti kebijakan sing kudune dilakoni. Kamangka jaman saiki, akeh bocah cilik sing rusak morale amarga wektu nganggo HP sing ora kekontrol. Amarga kuwi, sing duwe adhi, anak, utawa ponakan, ayo mulai diawasi wektune pas nanggo HP ben tetep bisa interaksi aktif. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7477", "text": "Jaman saiki, wes akeh banget panggon sing buka kursus gawe nari tarian tradisional. Salah sijine iku nang Sanggar. Sanggar tari iku mesti onok nang kota-kota gede, salah sijine Suroboyo. Sanggar tari sing onok nang Suroboyo iku jenenge Sanggar Tari Prastika Surabaya. Nek awakmu pengen mrono, ituti rute iki. Berangkat teko Kebun Binatang Surabaya, jupuk arah barat laut nang jalan Setail terus nang jalan Ciliwung. Tetep mlaku nang jalan Ciliwung sampe jalan Sawunggaling. Mbari ngono belok ngiwo nang jalan Hayam Wuruk dan terus nang arah jalan Gunung Sari. Ituti ae jalane sampe ngelewati jalan Raya Mastrip. Mbari ngono belok nengen nang arah jalan Kebraon V. Mbari ngono melbu nang jalan Kebraon Praja dan Sanggar Tari Prastika Surabaya onok nang kiwo dalan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4697", "text": "Urang kuwi jenise akeh lan kadang wong bingung piye carane ngresiki urang sing bener. Yen gedhe urange sak jenthik, kuwi bisa digoreng utawa diolah sak kulit lan ndase, nanging yen luwih gedhe saka kuwi, kudu diilangi kulit e amarga yen dimasak bisa dadi atos. Kaping pisan, buwak kulit urang saka bagian ngisor ndas nganti tekan buntut. Bar kuwi, gegere urang kuwi dibelek lan diilangi isine. Ndas urang mung cukup diilangi jerohane utawa diilangi mesisan ndase. Nanging sampah urang iki ora mung dibuwak siya-siya amarga kena dadi kaldu, yaiku disangrai lan dialusake utawa digodhok kanthi metu kaldune. Kaldu iki kena dinggo masak macem-macem. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6652", "text": "Banjir rob kuwi bencana banjir sing ora kabeh wilayah ana. Banjir rob iki mung ana ning wilyah sing nduweni wilayah pantai. Banjir rob iki disebabake permukaan laut sing dhuwur. Munggahe permukaan laut iki penyebabe yaiku udan sing ora ana mandheke utawa gravitasi saka benda langit kaya bulan kamangka banyu kuwi kaya ketarik ning daratan lan nyebabake banjir. Kanggo ngurangi dampak banjir rob, biyasane pemerintah wis nyediakake jalur evakuasi, utamane nig panggon wisata lan uga nggawe peta rawan bencana. Peta iki nduduhake panggonan sing oleh dibangun dadi omah lan ora ben masyarakat tetep nduwe perumahan sing aman lan ora rawan banjir. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7055", "text": "Nek wes bingung kate liburan nang ndi, andelane keluargaku iku nang Sengkaling. Panggon wisata sing siji iki wes dadi langganane keluargaku ket jaman lawas gawe liburan keluarga ben liburan semester. Mbasio Sengkaling iki wes jauh ketinggalan nek dibandingno ambek panggon wisata liyane, tapi onok rasa nyaman ben lungo mrene. Buru parkir mobil tok ae rasane langsung nostalgia dewe soale akeh banget kenangan nang kene. Mbasio wes sering banget mrene, pasti engkok onok ae kejadian sing legendaris dan dadi kenangan gawe keluargaku. Mulai teko kate kelelep pas renang, kate tibo nang kendang singa, sampe rombongan keluargane podo mencar dewe dan kudu diceluki lewat pengumuman wong ilang nang lobi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2332", "text": "Panganan sing paling tak senengi yaiki mie ayam sing emi-ne iku ora kakean tepung karo sing rodok cilik. Mari ngunu mie-ne iku ono sawine karo dudo'e iku rasane gurih koyok ono kaldu pitik'e. Terus bar ngunu dicampure caos, kecap ambek sambel. Tapi ono sing jenenge mie ayam iku sing dicampure karo ceker'e pitik, Lah iku sing aku ora seneng soale bolak-balik njajal mesti cekere ora enak. Terus ono kulite sing kadang durung dilingkepi ambek kadang ono kukune ceker sing isek kari. Mangkane aku nag tuku mie ayam mesti ora atek nganggo ceker, soale yo koyok ngunuku maeng. Bayangno yo, mangan mie ayam terus ono ceker sing kulite durung dilinketi ambek ono kukune lak yo ora mentolo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "157", "text": "Liburan sing nyenengke lan berkesan kui ora mesthi bareng-bareng karo wong akeh. Plesiran dhewekan uga iso duwe pengalaman sing ora kalah menarik karo libarang bareng konco utowo kalurago. Liburan dhewakan kui lebih fleksibel seko segala sisi dadi luwih gampang ngerubah alur perjalanan sing wis dirancang. Nanging risiko plesirikan dhewakan kuwi luwih duwur. Dadi kudu ono sing dicepake sadurunge lunga. Sing kepisan, wong-wong sing cerak karo awak dhewe kudu ngerti neng endi awak dhewe arep lunga. Yen misale, ono opo-opo wong omah iso ngerti goleke seko endi. Sing keloro, ojo berpenampilan sing menarik perhatian. Maksude, ojo nganggo perhiasan utowo klambi sing mencolak lan larang. Klambi lan aksesoris sing dienggo iso dadi pemicu kejahatan sing awak dhewe ora pengenke.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10026", "text": "Olahraga tenis lapangan iki kelebu olahraga sing rodok iwu. Kudu gelek gelek sinau yen kepingin pinter olahraga iki. ekeh tata carane olahraga iki. Nomer siji temok no panggon sing tepak gawe dulinan tenis. Kaping loro tuku o piranti sing digawe olahraga tenis iki onok raket onok bal e. Kaping telu cepakno kelambi sing digawe tenis, ora sembarang kelambi sing di nggo olahraga iki onok kelambine dewe. Cepakno sepatuh e sisan. Kaping papat dolek o kanca ben iso digawe mungsu dulinan e. Kaping limo kudu ero bagian e lapangan tenis, kaping enem kudu ngerti carane ngitung bijine tenis. Kaping pitu kudu ngerti nggepuk bal nganggo raket e. Yen wis ero tata carane dulinan iki. awakmu lan kanca mu bakale iso suwe dulinan tenis lapangan iki. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8933", "text": "Bagian otot endi ae iku isok ngalami sing jenenge cedera. Otot nang bagian selangkangan ambek njero pupu sing ngalami cedera iku jenenge groin strain. Groin strain dewe iku diakibatno akeh e tekanan nang otot ndek bagian selangkangan. Umume, groin strain iki mergo onok robekan cilik ndek pirang serat otot, tapi sebagian gede jaringan otot e tetep utuh. Groin strain iki isok disebabno mergo lompatan secara tiba-tiba utowo ngubah arah langkah. Penyebab liyane iku isok mergo tibo, ngangkat beban sing abot, ambek ngelakoni jenis latihan ketahanan sing gak ati-ati. Gejala sing dirasakno nek ngalami cedera iki umume muncul nyeri nang pangkal pupu sampe onok rasa koyok letupan utowo kemretek pas cedera terus diituti nyeri sing nemen.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9794", "text": "Gudheg yaiku salah sijining panganan saka Yogyakarta. Gudheg iku nduweni werna-werni jinis lan merk. Salah siji gudheg kang wis terkenal lan dadi digoleki yaiku gudheg Yu Djum. Gudheg Yu Djum wis madeg wiwit tahun 1950 lan nganti saiki rasane ora beda amarga cara masake tetep padha. Gudheg Yu Djum iki masio cabange akeh ananging ana sing asli ana sing ora. Gudheg Yu Djum kang asli iku ana tulisane “pusat” uga masake dadi siji ing omaha sline Yu Djum kang manggon ning Jalan Kaliurang. Ananging ngono, ora banjur sing liane iku ora enak. Sing liyane iku iya Gudheg Yu Djum nanging sing dikembangane kulawargane. Masalah rasa janjane bedane ya mung tipis-tipis. Gudheg Yu Djum kang wus nyebar ing sakehe papan Yogyakarta kanggo ngepenakake para wisatawan, dadi ora perlu khawatir yen tuku kudu ning Jalan Kaliurang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10146", "text": "Kathah ingkang njuluki Pulau Papua menika surganipun Indonesia amargi alamipun Papua boten kados kutha utawi panggonan sanes wonten Indonesia. Papua gadhah spesies kewan lan tanduran endemik ingkang kathah. Pemandangan pulau-pulau wonten mriku ugi endah sanget. Panggonan ingkang paling kondhang wonten Papua inggih menika Raja Ampat. Raja Ampat menika asmanipun salah satunggaling kabupaten wonten Papua Barat Daya ingkang kaendahanipun sampun kondhang. Kabupaten Raja Ampat gadhah atusan pulau, nanging namung tigang dasa gangsal ingkang sampun dipanggoni. Kathah ugi pulau ingkang boten wonten asmanipun. Pulau-pulau ingkang paling gedhe inggih punika Misool, Salawati, Waigeo, lan Batanta. Boten namung pemandanganipun ingkang endah, nanging lautipun Raja Ampat ugi kathah biota laut ingkang saged dipunpirsani kanthi snorkeling utawi diving. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2305", "text": "Kabeh panganan iku duweh keunggulan karo kekurangan dewe-dewe. Salah sijine yaiku Kopi. Kabeh uwong mesti wes ngerti sing jenenge kopi, tapi ora kabeh uwong ngerti carane sing aman ngombe kopi. Jarene ilmu medis, ngompe kopi iso wae nggarai weteng loro nag wong sing ngombe kopi iku maeng duwe mag, tapi ono sing nyangkal maneh nag kopi iso wae ora marakno weteng loro nag ora dicampur karo gulo. Terus, nag ora dicampur karo gulo manfaate yo luweh gede koyok contone ngelancarno geteh sing kesereten ngalire nang utek. Sak liyane iku yo iso nggarai wong ora ngantuk terus iso luweh fokus karo opo sing dilakoni.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8924", "text": "Salah siji olahraga ekstrem sing akeh banget onok nang Indonesia iku banana boat. Banana boat iku sejenis perahu karet tanpa mesin sing bentukane koyok gedhang, makane diarani banana boat. Banana boat iki didarik ambek perahu bermesin nganggo kecepatan sing buanter pol. Dikondo olahraga ekstrem iku soale sing numpak perahu iku onok wektune gawe ngeculno tali sing gawe cekelan dan bakal nyemplung nang tengah laut. Kadangan, onok uwong sing wedi nyemplung sampe cekelane iku ditahan terus. Nah, sing koyok ngono iku bahaya. Ancen seh marakno awakmu bertahan, cuma iku beresiko cedera pergelangan tangan. Soale banan boat iku belok e isok sampe nguepot pol dan iku sing marakno beresiko cedera nek gak dicul.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "107", "text": "Hutan bakau kui penting banget kanggo ekosistem pantai. Wit bakau kui iso ngindari pantai seko abrasi. Abrasi kui pengurangan daratan mergo keno ombak. Oyot-oyot bakau kui sing berfungsi ngalangi ombak dadi ekosistem pantai tetep kejogo. Sak liyone mencegah abrasi, hutan bakau kui iso memperkaya keanekaragaman hewani neng kawasan pantai. Iwak-iwak dadi biso urip neng kono. Kewan koyo rajungan utowo bongso kepiting kui biso urip neng ngisor oyot-oyot wit bakau. Alas bakau kui uga iso narik werno-werno jenis manuk. Senadyan akeh manfaate, biaya oprasional hutan bakau kui ora murah. Dadi hutan bakau biasane didadike tempat wisata. Duwit sing diolehke seko pariwisata kui, dadi iso dieenggo kebutahan konservasi alas bakau lan kawasan sekitare.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2788", "text": "Kabeh wong islam nang indonesia dianjurno karo ulama utowo kyai kanggo ngadakno acara maulid nabi. Nah tujuane yaiku ben iso marisi sifate kanjeng nabi sing ono papat yaiku sidiq, amanah, fathona, ambek tabligh. Tapih sing luwih pwnting yaiku kanggo ngenalno generasi enom sing bakal nerusno jaran islam iku ngerti Nabi Muhammad ambek sejarah perjuangane beliau nyebarno agama islam. Mangkane anjuran sing dikongkon karu ulama ora asala nganjurno, tapi ono tujuan apik sing bakal iso jogo agama islam nang generasi sak teruse. Mangkane nag ono acara maulid nabi bocah-bocah enom kudune budal ben ngerti sejarahe kanjeng nabi ambek sejarah perjuangane beliau sing ora karuan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4613", "text": "Sak liyane McD Sudirman, ada McD Kaliurang. Yen McD Sudirman dadi senengane mahasiswa nggo nggarap skripsi, McD Kaliurang iki luwih cocok dadi panggon dolan amarga suasana sing rame lan nyenengake. McD Kaliurang iki relatif luwih anyar saka McD Sudirman lan sering banget ana promo kaya ulang tahun, voucher, lan promo-promo liyane. McD Kaliurang iki duwe ruang nggo rapat utawa sinau, tapi ora tau sepi lan ora iso dinggo skripsian amarga rame banget, opo maneh Sabtu bengi. Akeh bocah nom padha ngumpul, dolanan game online utawa rapat proyek kampus. McD iki ana ing ngarep toko es krim Tempo Gelato, yen saka arah UGM, ana ing kiwa dalan Kaliurang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4606", "text": "Rega ndhog asin ning pasar mudhak larang lan rasane kadang ora sepira enak. Saiki mending sinau nggawe ndhog asin dhewe. Carane yaiku siyapno ndhog bebek, menthog, utawa pithik. Ndhog kuwi mau diumbah kanthi resik banjur diangin-anginke kanthi garing. Karo ngenteni garing, siyapo awu gosok utawa bata alus dicampur uyah krosok lan banyu sithik kanthi bentuke kaya ledhok kanggo dikepel-kepelake ning ndhog kae mau. Sakdurunge dikepel, ben rasa asine bisa mlebu ning ndhog, kulit ndhog bisa diamplas sithik nanging aja ketipisen ben ora gampang pecah. Adonan awu mau dikepel-kepelake ning ndhog lan disimpen 3--5 dino. Yen wis rampung disimpen, ndhog kuwi diumbah lan digodhok. Yen pengen luwih gampang, ndhog dilebokake toples isi banyu uyah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2799", "text": "Nag ate mlebu masjid karo guruku mesti dikongkon dongo disek, tapi sak durunge iku kudu ngeresiki awak disek ben ora kenek najis, soale engko nag kenek najis terus digowo nang jero masjid, najise maleh neplek nang masjid, terus masjid maelh kenek nasjid. Dadi wong-wong sing ate nang masjid utow mlebu masjid, kudu mastekno awake iku resik opo ora, ambek ono kotoran utowo endute opo ora sing sekirane iku gowo najis. Nag ora ono lagek iso mlebu masjid, terus ojo lali dongo ben oleh ganjarane mlebu masjid. Mangkane kabeh ulama utowo guru ngaji utowo kyai ngulang ngaji mesti nglangi dongone mlebu masjid soale iku perlu ben oleh ganjarane nag mlebu masjid ambek moco dongo iku.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "850", "text": "Bulan Februari 2020, kabeh wong podo kaget mergo onone pandemi covid-19. Wong-wong podo bingung mergone dheweke ora iso ngelakoke aktifitas koyo biasane. Kantor lan sekolah podo tutup lan ora ono panggon mangan utowo hiburan sing buka. Kepeksone, wong-wong podo meneng neng omah. Akeh perusahan hiburan kui sing ngewehi produke gratisan pas wayah angel kui, termasuk NFL. Liga bal Amerika iki nayangke pertandingan-pertandingane seko musim-musim sak durunge neng Youtube. Kui kesempatan banget kanggo aku, aku durung tau delok pertandingan bal-balan Amerika seko awal tekan akhir. Pas kui, aku nyempetke nonton final NFL, Patriot mungsuh Falcon. Kui pertandingan seru banget. Sing seko awale Falcon unggul adoh seko Patriot neng babak-bakak akhir Patriot iso nyamake skore. Pertandingan kui dimenangke Patriot sak wise perpanjangan wektu.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "60", "text": "Aku isih eling banget pas aku umurku 12 taun aku pengen banget dadi koki utowo mergo masak. Mergo aku biyen seneng nonton acara Master Chef Indonesia neg RCTI. Tahun 2011 kui, perlombaan kanggo koki amatir utowo koki omahan kui tayang kanggo sing pertama kali ini. Acara kui tayang rong dino sak ben minggu, dino Sebtu lan dino Minggu. Aku ora tau keliwatan mantengi acara masak-masakn kui. Acara kui marai aku semangat neng pawon lan acara kui marake aku dadi wani jajal masak. Mergo acara kui, aku uga dadi seneng ngerasake panganan sing ora tau tak icipi. Aku dadi seneng karo panganan khas neng macem-macem daerah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3133", "text": "Bal takraw iku ancene seje ambek liyane soale betuke ae wes bedo, bentuke iku ono bolong-bolonge ambek ora ono angine soale ancene ora ono aing gawe nampung angine maeng. Nah bal takraw iku abote yo seje-seje karek sing gawe maeng wong lanang opo wong wedok. Nag wong lanang iku abote sekitar 170-180 gram, terus kanggo wong wedok iku 150-160 gram. Terus sak liyane abote, gedene barang yo seje soale sing gawe ae seje, nag sing digawe wong lanang iku gedene 41-43 cm, terus nag sing digawe wong wedok iku biasane 42 sampek 43 cm. Sak liyane iku, bal iku maeng gawene iku dianyam nag jumlah nayamane maeng sekitar songo sampe suwelas anyaman terus bolongane maeng sekitar rolas.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1751", "text": "Yogyakarta tau ngalami lindu sing gedhe banget taun 2006. Akeh omah-omah lan gedung-gedung sing rusak. Wong sing sedo mergo lindu kui uga ora sitik. Nanging pas kui, aku durung pindah neng kota pendidikan kui. Pas aku wis pindah neng taun 2008, aku mulai ngerasake lindu kanggo pertama kaline. Senadyan, ora segede taun 2006, nanging mergo lagi pisanan ngerasake, aku dadi kaget campur wedi. Aku durung ngerti opo sing biasane wong-wong lakoke lagi ono lindu. Aku ngerti mung delik neng ngisor mejo utowo kasur. Ku sing tak lakoke. Pas keroso goyang, aku langsung mlayu neng ngisor mejo karo bengok-bengok. Pas wis mandeg lindune, aku lagi sadar yen wong sing neng omah ora ono sing nyelametke diri blas. Dheweke podo meneng neng tempate. Aku dadi ngeroso isin mergo ngelakoke kui dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9772", "text": "Tari kecak yoiku kesenian tari sing asale teko Bali. Tari kecak iki diperagakno karo puluhan penari lanang sing lungguh baris lan mbunder karo lagu tertentu , biasane ngomong “ cak, cak, cak,cak” sarta ngangkat lengan tangane. Kelambine penarie nggae gambar kotak-kotak koyo gambar catur lan di deleh ing awak. Biasane tokoh ceritane ono sing dadi Rama, Shinta, Rahwana lan Hanoman. Jumlah penarine biasane sampe 50 wong lanang. Ning tarian kecak iki akeh barang barang sing digawe diantarane , geni, kembang kamboja, gelang kerincing, selendang ireng putih, topeng lan sesajen. Tari kecak iki termasuk tradisi warga bali gawe tolak balak sing diselipno ning jerone ceritane Ramayana. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6976", "text": "Ladingmu wes mulai angel digawe ngetok bahan panganan? Tandane wes kudu diasah maneh. Lading sing wes suwe dinggo biasane tambah suwe tambah tumpul dan ancen kudu diasah cek isok tajem maneh dan enak digawe ngetok. Yaopo carane ngasah lading nek gak nguwe rautan utowo batu asahe? Gampang, ngasah lading gak perlu nganggo alat-alat iku mau. Bahkan nganggo piring ae awakmu isok ngasah lading sampe tajem maneh. Yaopo carane? Pertama siapno lading sing kate mbok asah karo piring. Pas nyekel piring, hadepno kuwalik, dadi bagian ngisore piring sing ning duwur. Terus gesekno pisau pinggiran bagian ngisor piring. Gesek terus sampe ladingmu dadi tajem maneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "56", "text": "Bakwan kui salah siji gorengan sing tak senengi. Nek arep tuku gampang ketemune, akeh bakul sing ngedol. Yen arep gawe dhewe yo gampang. Coro paling gampang kui nganggo tepung instan sing wis iso dituku neng warung utowo mini market. Gari campur tepung karo banyu sesuai selera lan campur isiane. Banjur digoreng. Nanging, yen Sampeyan arep gawe dhewe seko awal, ora angel-angel banget. Sing kepisan potong disik sayuran sing bakal dadi isenan bakwan, biasane aku nganggo kol lan wortel sing dipotong dowo koyo lidi. Neng wadah sing kepisah, campur tepung terigu lan uyah, ulekan bawang putih, mrico, lan penyedap. Bar kui ditambahi banyu tekan kekentalane pas. Bar kui goreng adonan bakwan neng minyak panas tekan wernone dadi coklat kekuningan. Tiriske. Bakwan goreng wis iso disajike.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8943", "text": "Salah siji olahraga banyu sing paling terkenal iku renang. Onok akeh pengertian renang menurut e para ahli. Menurute Muhajir (@004:166), renang iku olahraga sing nyehatno, soale hampir kabeh otot nang awak iku obah kabeh dadi seluruh otot isok berkembang dengan pesat terus kekuatan perenang mau isok tambah meningkat. Renang iku isok dilakoni nganggo alat utowo gak atek alat. Alat sing dinggo nek renang iku pelampung. Renang iku isok dilakoni ambek kabeh uwong teko kabeh kalangan umur. Ket arek cilik, ibu hamil, sampe lansia. Renang iki wes dadi olahraga sing terkenal pol. Bahkan renang iki dadi cabang olahraga sing dilombakno nang tingkat nasional sampe internasional. Salah siji manfaat renang sing paling terkenal iku isok tambah duwur awak.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5569", "text": "Air conditioner utawa AC kuwi dadi salah siji barang elektronik sing rawan rusak yen ora diopeni amarga nyalurake udara saka njero menjaba lan uga nyaring udara sing mlebu. AC iki fungsine paling maksimal yen freon sing ana ning jerone kuwi normal lan uga ora ana gangguan. Kamangka, tukang AC iki wis dilatih khusus kanggo ndandani babagan iki. Sak liyane kandungan freon, sing kudu dicek yaiku tegangan listrik lan uga kebocoran sing ana ning AC lan saluran selang AC sing kudune bisa disalurake marang njaba. Kamangka, yen arep tuku AC, kanca-kanca iki kudu nggawe pertimbangan sing mantep lan ngitung risiko sing ana amarga AC kuwi rada angel perawatane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8979", "text": "Jaman saiki, wong-wong iku gelem e sitik-sitik kudu update status. Sing paling akeh dinggo iku atek Instastory. Mergo iku, akeh pol uwong sing nggolek hp sing kamerane apik. Cuma kadangan, hp sing kamerane apik roto-roto podo larang. Tapi onok hp sing kualitas kamerane apik dan regane murah pol, yaiku Vivo. Kualitas kamerane Vivo iki gak usah diragukno maneh. Soale mereka buru ae kerjasama karo produsen optik asal Jerman sing terkenal pol alias ZEISS. Mergo iku, kualitas lensa kamera sing dinggo dadi luwe berkualitas sisan. Mbasio ngono, rego hp ne iku sek luwe murah timbang hp sing nduwe kualitas kamera sing podo. Dadi gawe awakmu sing nggolek hp murah tapi nduwe kamera sing apik, pilih ae Vivo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2746", "text": "Nang masjid kota sing aku wingi melok sembayang jumatan iku bahas pengaruhne teknologi nang perilakune bocah saiki. Nah nang kunu maeng sing khotbah nyudohno nag teknologi iku asline apik kanggo perkembangan jaman. Tapi saiki akeh bocah enom sing kesasar polahe teknologi iki. Lah sala sijine yaiku sampek akeh kedaden zino barang polahe kenalan nang media sosial sing ono nang teknologi iku maeng, terus korbane yo wes sak pirang-pirang, lah tujuan khotbah iku maeng ancene gawe generasi mudah ben ati-ati gunakno media sosial sing nag teknologi modern saiki soale iso dadekno perkoso sing ora bakal kepikiran. Mboh iku elek utowo apik. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4725", "text": "Pembangunan Gembira Loka iki miturut warga Jogja ya rada lambat. Koleksi satwa sing ning jero Gembira Loka uga kurang berkembang lan yen ana siji sing mati, angel golek gantine. Kandhang-kandhang sing kudune bisa diisi satwa malah dijarke kosong lan dikebaki banyu. Perawatane kandhang sing kaya ngene marai penyakit kaya DBD lan uga ngaruh gawe kesehatan satwa liyane. Gembira Loka bagian ngarep pancen wis rapi lan wis dibangun, nanging bagian pojok kandhang ana sing wis kudu diganti kaya wesi-wesi, watu kanggo dekorasi kandang, panggon turu satwa lan sapanunggale akeh sing kudu dirumat. Nanging kepiye wae Gembira Loka iki wis dadi kebanggaane Jogja. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3250", "text": "Pas dolan nag salah sijine mall sing ono nag kota Gudek, aku delok salah sijine toko sing adol kamera. Sing dipajang nang kono iku pirang-pirang kamera, ono sing DSLR, Kamera Digital, ambek liyan-liyane. Terus regane yo macem-macem karek nari duwete sing tuku. Regane iku maeng ono sing larang ono sing morah karen jenis ambek merek kameran maeng. Sak liyane iku yo karek pixele kamera yo mengaruhi regane kamera iku maeng. Nag tambah gede pixele yo mesti tambah larang. Terus, mari ngunu yo ono sing garai regane larang maneh youiku fitur sing dilebokno nang kamera iku maeng nag fiture iku maeng akeh ambek apik mesti ae garai regane larang.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5053", "text": "Rabu abu yaiku dina besar ning agama Kristen Protestan uga agama Katolik. Rabu abu iki dina kanggo mengeti dina duka sak durunge paskah, pertobatan, lan sarana kanggo mbangkitake rasa semeleh sak durunge kebangkitane Gusti Yesus. Rabu Abu iki dilakoni ning dina Rabu 40 dina sak durunge paskah tanpa ngitung dina minggu. Abu sing dinggo prosesi perabuan ning bathuk yaiku awu saka godhong palem sing diobong pas Minggu Palma sak durunge. Ning prosesi iku, pandita ngewenehi simbol salib ning bathuk karo ngucapake pitutur pertobatan lan ngongkon iman marang injil. Akeh wong Katolik sing nganggep yen dia iki suci, dadi wong umur 18 kanthi 59 ya ake sing padha poso.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2345", "text": "Jus pelem ambek alpokat iku sing paling tak senengi, sak liyane iso nyehatno yo iso nyegerno. Masio aku ora gelek ngombe Jus loro iku, tapi aku kadang-kadang nyempetno golek jus loro iku, nag gak ono jus pelem yo alpokat. Nag jarene bocah-bocah jus pelem iso gawe tombo sariawan, tapi nag jareku sing penting seger terus regane yo morah. Tapi sing garai aku ora seneng yo iku nag jus pelem iku dicampuri karo coklat, soale wetengku gelek loro. Mangkane aku ora seneng nag ngombe jus sing dicampure karo coklat. Palang jus pelem biasa utowo jus biasa wae sing dicampuri ambek susu putih utowo gulo sak cukupe ben rasane ora maleh nemen. \n", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2333", "text": "Jajan sing paling enak nag jareku yo onde-onde sing isene kacang ijo, mari ngunu diwei wijen. Iku nag onde-onde-ne cilik-cilik tambah enak soale langsung diceplus. Tapi nag onde-onde iku maeng iku gede-gede yo ora enak. Terus kadang yo ono onde-onde iku sing isine parutan klopo tambah ora enak blas. Mangkane aku saiki nag ono sing dodol onde-onde mesti takok sing dodol disek iku isine opo? klopo opo kacang ijo. Nag isine klopo jelas tak tinggal mireh, ora sido tuku soale aku ora seneng sing isine klopo. Terus kadang ono sing ora dike'i wijen. Iku sing garai aku ora seneng blas, terus tambah ono isine klopo terus ora ono wijene, tambah emoh. Soale jariku iku ora enak blas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2142", "text": "Sakliyane kui metode pembayaran sing biasa, ono coro liyo kanggo awak dhewe bayar barang sing arep dituku. Cara sing dimksud kui COD lan bayar mengko. Metode COD iki rame pas disik pandemi, awal 2020 tekan 2021. Nek nganggo metode iki, awak dhewe ora usah bayar disikan ben barange iso dikirim. Awak dhewe iso bayar bar awak dhewe nyekel barang seko kurir sing ngeterke. Sing keloro kui metode bayar mengko. Metode iki sebenere jeneng liyo seko kredit. Carane podo persisis. Pas awak dhewe arep tuku nganggo metode iki, awak dhewe dikon milih arep ngelunasine kapan, iso telung sasi, enem sasi, setaun. Pokokmen werno-werno tergantung seko sing nyepake jasane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9632", "text": "Ning acarane harlah nahdlatul ulama wingi wakeh wong islam saka ngendi-ngendi daerah sak indonesia teko ning sidoarjo. ning kono ruame bis bis parkir ning dalan. dalan dalan e sidoarjo podo ditutup kabeh amarga onok presiden sing teko ning acara iki. ora mung wong islam wae sing repot ning acara iki nanging saka wong kristen panggon sembayang e onok sing nyepakno panganan panggon turu lan lian liane. akeh sekolah sekolah sing digawe panggon turue wong harlah iki. wong wong podo ngelumpuk ning gor sidoarjo. wong-wong podo nggawe kelambi putih onok sing nggawe kelambi ijo. ning jobo lan ning jerone stadion e kebek wong rame desek an . ning jobone dalan akeh wong dodol panganan. sing ora keduman panggon ning jobo podo mbeber keloso lungguh ndisor lesehan bareng-bareng. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8910", "text": "Saiki wes jam songo bengi, tapi aku buru ae mari nggarap kerjaanku. Berhubung aku WFH, dadi lemburan maleh gak kenal waktu. Mergo wes pegel, aku langsung ngresikno wajahku terus siap-siap kate turu soale sesok isuk wes mulai kerjo maneh. Buru ae ngleset, adekku moro melbu kamarku dan njaluk dikancani nonton bal balan. Aku sing wes puegel langsung nolak ajakane adekku. Tapi adekku sek tetep mekso ae. Sampe tanganku didarik ngono ae. Akhire aku pasrah terus njar njarno adekku nyeret aku nang ruang tengah. Pas wes lunggo nang sofa, aku langsung ndelok TV terus eroh nek bengi iki wayahe Chelsea lawan MU. Aku mek kuat nontok dilut tok, terus gak suwe aku keturon.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4729", "text": "Taman Safari Prigen kuwi salah sijine taman safari ning Indonesia sing nyediakake panggon khusus lan wahana sing alami kanggo satwa ben urip kaya ning habitate. Safari Prigen iki uga njaga keamanan lan kenyamanan pengunjung liwat pelayanan sing profesional lan ngewenehi informasi-informasi sing dibutuhake. Taman Safari Prigen iki uga cocok kanggo keluwarga sing duwe anak cilik kanggo ngenal satwa sak durunge kenalan ning bangku sekolah. Taman safari iki uga ngewenahi pengalaman lan interaksi sing luwih cedhak karo para satwa. Kamangka kuwi, Taman Safari Prigen iki wajib ditekani yen lagi liburan. Kanca-kanca uga bisa langsung takon carane pesen tiket lan regane. Ayo padha ning Taman Safari Prigen!", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1764", "text": "Awak dhewe ora entuk nganggep sepele stress. Stress kui iso gawe awak dhewe ora sehat. Stress sing cilik yen awak dhewe ora ngelakoke opo-opo supoyo kui marai makin suwe stres makin gede. Makin gede neng kene maksude stresse kui dadi luwih angel kanggo diobati. Yen wis koyo ngono, ora mung pikirane dhewe sing ora sehat nanging awake dhewe melu lara. Seko kondisi sing koyo ngono, awak dhewe ora mung stress nanging awak dhewe wis iso disebut depresi. Wong sing depresi kui luwih angel diobati meneh. Depresi luwih butuhke pitulungan karo profesional lan wong-wong sing liyane. Depresi luwih angel meneh kanggo diobati dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4620", "text": "Saban isuk, ibuku lungo ning pasar nggo tuku bahan masakan. Dino iki, Ibu tuku daging sapi karo bumbu-bumbu. Ana santen, bawang, lombok, gula abang, lan akeh bumbu liyane. Ibu arep masak rendang. Rendang iki masakan saka Minang, nanging biyasane ibu duwe tambahan bahan-bahan dewe sing bisa ndadekake rendang sing dimasak ibuku duwe rasa sing bedha saka rendang sing biasa didol ning warung Minang. Rendang sing dimasak ibuku luwih legi rasane amarga aku lan adhiku ora sepira seneng pedes. Ibu uga sering masak rendang pas wayah riyaya. Rendang iki awet lan ora gampang mambu yen masake bener. Nanging, kepiye wae, rendange ibuku pancen sing paling enak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7385", "text": "Upacara keagamaan iku dilakoni ambek uwong nang seluruh dunia sing meluk agama tertentu. Salah sijine iku prosesi nguliti sirane menungso. Teko jenenge ae wes jelas nek iki salah siji upacara keagamaan sing ekstrem dan brutal pol. Upacara iki dilakoni karo wong-wong asli Amerika, terutama suku Apache. Upacara iki dilakoni pas mereka menang ngelawan musuh mereka. Musuh iku mau bakal diseret nang tanah sambil dilok-lokno, mbari ngono sirane bakal dikuliti. Mbarine entok kulit sira iku mau, dikekno nang wong wedok. Kulit sira iku kadang digawe tisu wajah gawe rondo-rondo sing lagi sedih. Nek didelok teko proses e ae, wes gak isok dipungkiri maneh nek iki iku dadi salah siji upacara keagamaan sing paling brutal.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5812", "text": "Kantor Shopee dadi salah siji kantor panutan sing ana ning Indonesia amarga modhel lan atmosfer sing cocok kanggo bocah enom. Senajan jenis usaha rintisan lan dadi salah siji cabang, kantor Shopee iki nerapake prinsip kerja sing padha kaya kantor ning manca negara kaya jam kerja sing tertib nanging ora marai pegawene stres. Ning kantor disediakake kantin sing gedhe, panggon kerja sing fleksibel, lan uga hiburan-hiburan sing bisa dilakoni yen jadwal kerja kosong. Ora kaya BUMN, kantor Shopee iki ora ngewajibake pegawene nganggo seragam lan sepatu formal ben luwih nyaman lan uga luwih semangat ning panggon kerja. Shopee uga nyediakake panggon jajanan sing bisa dicemili. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9224", "text": "Jamu ing jaman saiki wis ora bisa kaanggep ombenan kang lumrah. Ya pancen ing jaman biyen ombenan iki mijil ana ing satengahing masyarakat. Awit khasiate kang nyata, jamu ing jaman saiki wis wiwit akeh diprodhuksi dening industri rumah tangga apadene pabrik. Tuladhane PT Sidomuncul, papan iki lumaku ana industri minuman herbal modern kang mula bukane uga oleh inspirasi saka jamu. Tuladha liyane, yen awake dhewe dolan ana Desa Wisata Kiringan ana Bantul Ngayogyakarta, wisatawan bisa oleh pengalaman gawe lan ngracik jamu banjur digawa dadi oleh-oleh khas. Utawa maneh, ana ing Hotel Ambarukmo Plaza Yogyakarta, jamu uga dicawisake minangka unjukan welcome drink utawa nalika sarapan ana restoran. Bab-bab mau nyata nuduhake yen jamu ing jaman saiki wis mundhak level kepara wis go international saengga jamu wis dudu ombenan lumrah ana masyarakat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5052", "text": "Pecalang yaiku penjaga utawa polisi adat sing ana ning Bali. Tugase pecalang iki sing paling utama yaiku njaga lingkungan ben tetep kondusif, utamane yen umat Hindu mengeti acara keagamaan utawa acara adat. Pecalang ning bahasa Bali, yaiku \"calang\" utawa mripat sing awas. Kamangka sing dipilih dadi pecalang kuwi yaiku wong sing siap lan mlebu ning kabeh persyaratan. Pecalang utawa polisi adat uga melu mbantu polisi wilayan utawa satpol PP sing lagi tugas amarga pecalang iki penggaweyan sosial sing uga kudu nertibake lingkungan, misal kaya nertibake wisatawan lokal utawa manca negara sing keliling pas wayah nyepi, sing kudune babagan iki aturan adat tetep dituruti. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4733", "text": "Hotel sing paling terkenal ning Malang salah sawijine ya Hotel Tugu. Hotel iki kalebu hotel kang lawas amarga hotel iki duwe sejarah kanggo pembangunane Kutha Malang. Hotel iki ana ning cedhake balai kota amarga biyen kanggone hotel iki ya njamu tamu-tamu pemerintahan. Saka njaba, hotel tugu iki katon singup amarga akeh tanduran sing nutupi. Yen wis mlebu, hotel iki bakale bedha. Hotel Tugu iki duwe dekorasi campuran Jawa, Bali, lan Tionghoa amarga wong kang nduweni hotel iki keturunan Tionghoa sing wis turun temurun. Hotel Tugu iki fasilitase lengkap lan duwe restoran sing panganan lan ombenane enak. Masio miturut caritaning masyarakat hotel iki medeni, nanging ora ninggalake pelayanan sing profesional.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7392", "text": "Masjidil Haram iku siji masjid nang kota Mekkah. Masjid iki dipandang dadi panggon paling suci gawe umat Islam. Masjid iki dibangun ngelilingi Ka’bah sing dadi arah kiblat gawe umat Islam nang seluruh dunyo. Masjid iki dadi Masjid sing paling gede sak dunyo. Ombone iki sampe 356.800 m persegi dan isok nampung uwong sampe 820.000 jamaah pas musim haji dan isok bertambah maneh dadi rong juta jamaah pas sholat Ied. Masjid iki sisan dadi tujuan utama pas ibadah haji. Dadi kepentingan Masjid iki bener-bener diperhitungno nang agama Islam. Selain dadi kiblat, Masjid iki dadi panggon gawe jamaah haji gawe ngelakoni pirang rukun haji, yaiku tawaf karo sa’i.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7083", "text": "The School for Good and Evil iku film Netflix sing rilis tahun 2022. Film iki iku adaptasi teko novel sing terkenal dengan judul sing podo. Film iki nduwe genre fantasi terus disutradarai ambek Paul Feig. Aktor ambek aktris ndek film iki yaiku Sophia Anne Caruso, Sofia Wylie, Jamie Flatters, Kit Young, Charlize Theron, ambek Kerry Washington. Film iki critone berawl teko desas desus nek ben 4 tahun pisan, bakal onok rong arek sing diculik teko desa Gavaldon nang sekolah kebaikan ambek sekolah kejahatan. Tahun iki, sing diculik iku Sophie ambek Agatha. Tapi pas pembagian sekolah, terjadi kesalahan. Sophie sing ayu dan tampilane koyok putri ditempatno nang sekolah kejahatan. Tapi Agatha sing gak tau adhus dan koyok penyihir malah melbu nang sekolah kebaikan. Teko kono petualangan Sophie ambek Agatha dimulai. Film iki durasine 2 jam 30 menit.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6361", "text": "Dina kamis wingi pancen nyenengake amarga akeh wong sing melu nonton wayang ning cedhak kampusku. Maune aku mung arep liwat menyang parkiran njupuk sepeda. Nanging aku malah katut nonton amarga katone rame lan lakone uga apik. Aku ketemu karo Anto lan banjur melu nonton wayang. Jebul Anto kuwi kaping sepisan iki nonton wayang amarga dekne kerasa stres ngurusi babagan kuliah. Anto pengen nonton wayang tanpa ngejak kanca nanging malah dadine ngelamun. Banjur bocah kuwi tak kancani lan malah dadi seneng. Sisan aku uga nggolek hiburan ben pikiran bisa dadi luwih adhem amarga sedina wis kebak jadwal kuliah lan uga praktik ning kampus. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5094", "text": "Perijinan gereja ning Indonesia iki san saya angel, apa maneh ning wilayah Cilegon, Jawa Barat. Ning wilayah iki, jumlah gereja sithik lan jemaat sing arep sembahyang kudu lunga marang kutha liyane ben oleh gereja. Akeh wong kang ngomong yen iki wis bener amarga Cilegon kuwi mayoritas muslim. Nanging ya ana sing ngomong yen iki terlalu radikal, apa maneh wong Indonesia iki ora mung muslim. Yen ana wong kang pengen mbangun gereja, ijine mesti angel lan uga meksa kudu pindah panggon yen ora dikeroyok karo oknum radikal. Kamangka kuwi, Jawa Barat saiki dadi salah siji provinsi sing duwe angka intoleran sing dhuwur ning Indonesia. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5835", "text": "Promosi utawa pemasaran kuwi dadi salah siji bagian sing paling penting sing ana ning bisnis. Untung lan rugine usaha iki tergantung karo pemasaran sing apik utawa elek. Pemasaran sing apik iki bisa ngumpulake akeh pelangan lan narik wong sing pengen nandur saham ning usaha kuwi. Pemasaran iki dadi rupa lan barisan paling ngarep ning kabeh bisnis amarga tanpa promosi sing apik, perusahaan iki bakal kurang pelanggan, ilang banjur tutup lan kelangan pelanggan. Saingan bisnis bakal manfaatke kedadian iki ben usaha ora ngadek liwat promosi sing luwih apik lan uga bisa niru bisnis ning bentuk sing luwih ana perkembangan saka bisnis sing kurang promosi kuwi mau. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6329", "text": "Duwe tangga ning kampung kuwi pancen kadhang kaya oleh jodho. Ana sing pas lan uga nyenengake, nanging uga ana tangga sing gampang sengit amarga dadi wong sing gampang meri marang hasil sing diolehi karo wong liya. Tangga kaya iki biyasane omongane pait lan uga ngelarani ati. Wong kaya iki akeh banget ditemoni ning desa amarga ning desa iki interaksine luwih akeh lan sering ketemu. Urusan-urusan sing diurusi iki kadang yaiku urusan pribadi lan ora bisa misahake karo urusan publik. Kamangka, yen ketemu penduduk kaya iki yaiku ora usah direken amarga bisa marai lara ati. Awak dhewe uga ora oleh dadi menungsa sing gampang ngomongake eleke wong liya. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4698", "text": "Salah sijine iwak sing ngandung omega 3 sing akeh lan ana manfaate kanggo awak lan nutrisi otak kuwi iwak kerapu. Iwak iki kalebu ing golongan iwak laut. Iwak kerapu iki regane murah lan rasane gurih masio akeh banget ri utawa balunge. Iwak kerapu kerep dimasak dadi iwak bakar utawa kuah amarga daginge sing lembut. Rasane enak lan ora kalah karo iwak-iwak impor. Kerapu iki ya tahan ning musim apa wae, dadi gampang ditemokake. Wong Indonesia akeh sing kudu kenal karo iwak iki amarga peluange gedhe kanggo ningkatake taraf ekonomi. UMKM kudu digalakke amarga iwak iki bisa diolah dadi krupuk, abon, utawa panganan-panganan liyane lan diekspor nang manca negara. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4792", "text": "Mancing kuwi dadi salah sijine hobi sing nyenengake gawe bapak-bapak. Hobi iki biyasane dilakoni ning kali utawa pemancingan. Sakjane hobi iki tujuane ora mung golek iwak, nanging ya bisa ngelatih konsentrasi. Piranti sing digawa biyasane ya pancingan, umpan, lan ember. Kadang ya butuh nggawa bubu utawa seser kanggo njaring iwak. Yen mancing ning alam, hobi iki butuh panggon sing tenang lan ora akeh wong. Iwak sing dipancing uga ora bisa dibedhek. Nanging ning pemancingan, ya manut karo situasi ning pemancingane lan bisa milih arep nggawa iwak apa. Kadang, ning pemancingan uga nyediakake jasa masakake iwak. Kamangka, hobi iki ora mung kanggo nyenengake awake dhewe nanging ya nyenengake keluwarga.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7897", "text": "Drone iku salah siji teknologi sing biasane digawe njupuk objek foto utowo video teko jarak sing mustahil dilakoni ambek kamera biasa. Contohe ngerekam teko ketinggian sak kilometer teko tanah. Nek kate nganggo drone iku onok tata carane dewe. Siji, siapno drone e. Loro, pahami terus taati peraturan sing ditetapno. Maksute ngono ngerekam drone iku gak oleh nang area terlarang sing wes disepakati nang Indonesia. Telu, pilih panggon sing jembar, contohe pantai utowo lapangan sekolah. Papat, nyalakno drone terus operasikno remote control e. Limo, aktifno fitur return-to-home. Iki tujuane cek drone isok luwe stabil. Utowo nek misal batere ne wes kate entek, bakal otomatis balik nang GPS sing wes ditentukno. Terakhir, garek terbangno deh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10012", "text": "Ning sekolah, olahraga badminton dadi olahraga sing paling disenengi bocah-bocah. Saliyane olahraga iki enteng, badminton uga seru banget. Sapa wae sing wis bisa main badminton bakalan ketagihan kanggo main terus. Piranti sing dibutuhake uga mung raket lan kok. Ora perlu ana ing lapangan khusus, kadang bocah-bocah malah badminton ana ing kelas. Badminton uga wis dadi olahraga sing bisa dilombakake. Akeh banget kejuaraan badminton antar sekolah nganti antar nagari. Masio olahraga iki gampang dilakokake, ning ora oleh disepelekake. Kudu pemanasan dhisik, kudu latian terus, lan kudu ndelok musuh. Olahraga iki wis dadi olahraga singdigoleki lan dimainake karo kabeh wong ning nagari iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3537", "text": "Nag usaha utowo dodolan iku maeng wes kadung ngalami rugi, iku ono pirang-pirang cara ben ora tambah nemen oleh rugi sing akhire dadekno bangkrut. Nah contone cara iku maeng asline yo wes umum dilakoni wong sing duwe usaha yoiku ngitung maneh biaya produksi utowo bahan sing ate digawe produk sing ancene ate didol. Terus ojo sampek ngregani barang iku ngawur sing penting oleh bati, tapi kudu diitung masio iku sak repes. Terus ojo lali ngelongi produksi barang sing ancene ora akeh minate soale kanggo ngelongi biaya produksi, soale sing jenenge barang ambek produksi barang kan mesti butohno biaya sing ora sak itik. Dadi iku maeng carane nag apan rugi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9350", "text": "Turu ing hotel kanggo pirang-pirang wong wis dadi babagan sing lumrah. Nanging beda kanggo kaluwargane Pak Bandi. Turu ing hotel dadi pengalaman pertama kanggo Pak Bandi lan anak-anake. Minggu wingi, Pak Bandi dijak karo mantune yaiku Mbak Mila kanggo preian ana ing Bandung. Ora mung dolan, Pak Bandi lan anak-anake uga dijak kanggo turu ing hotel sing apik banget. Sarapan oleh teka hotel, nalika rada awan sithik uga bisa renang ana ing kolam renang hotel, turune ana ing kasur sing empuk banget lan kamar sing adhem amarga ana ACne. Pak Bandi turu hotel 3 dina 2 wengi lan banjur mulih ana ing omah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4634", "text": "Panganan sing ora tak senengi yaiku seblak. Jareku, seblak kuwi kaya capjay tapi kurang cocok karo seleraku. Aku ora seneng ciri khas seblak yaiku krupuk mentah sing dibanjur banyu panas kanthi empuk utawa digodhok. Ana krupuk sing isa diproses kaya iki, ana sing ora. Ing daerahku, durung ana seblak sing enak lan cocok ning ilatku amarga durung ana sing isa ngolah krupuke utawa bakul seblak salah milih krupuk sing digawe seblak kuwi mau. Tinimbang seblak, saiki aku luwih seneng capjay utawa tomyam amarga isiane luwih akeh bakso utawa sayure. Yen pengen ya krupuke mau diganti karo mie, sosis, utawa makaroni. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5062", "text": "Kitab Tripitaka yaiku kitab naskah kuno sing isine tuntunan kanggo umat Budha. Tripitaka iki asale saka basa sanskerta, yaiku \"tri\" sing maknane telu lan \"pitaka\" sing artine keranjang. Dadi, sejatine tripitaka iki artine telung keranjang. Tripitaka sing asli iki ditulis ning lontar. Tripitaka iki ana 3 himpunan ajaran, yaiku vinaya, sutta, lan abdidharma. Ning manika warna aliran budhis iki bisa duwe versi tripitaka sing bedha-bedha. Kanon Pali, Kanon Buddhis Tiongkok, lan Kanon Buddhis Tibet iki versi tripitaka sing paling penting ning ajaran budha ning kabeh negara. Tripitaka iki isine macem-macem, yaiku peraturan kanggo para bhiksu, khotbah budha, lan ilmu filsafat agama budha. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7058", "text": "Dino iki, bapakku ngide gawe ngajaki anak-anake nang Kusuma Agrowisata. Panggon iku onok nang kota Batu, Jawa Timur. Isuk-isuk, awak dewe berangkat langsung njujuk Kusuma Agrowisata. Tutuk kono, aku ambek-adek-adekku langsung melek pas ndelok perkebunan sing ombo banget. Rasane wes suwe gak ndelok sing ijo-ijo, dadi rasane seger ngono. Nang kono, bapakku ngajaki gawe manen buah. Buah sing isok dipanen nang kono onok apel, jeruk, pelem, ambek stroberi. Aku ambek adek-adekku seneng banget isok manen buah sampe sak puase. Mbari metiki buah, baru ditimbang terus dibayar. Buah-buah sing mau dipetik wes isok dipangan langsung. Ancen mangan buah metik dewe iku rasane jauh luwe nikmat timbang tuku langsung nang toko buah. Dadi gawe awakmu sing penasaran, ayo cobaen panen buah nang Kusuma Agrowisata.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10182", "text": "Wit pring saged diolah dados maneka barang migunani kados klasa, gedheg, caping, cething, lan sanesipun. Jaman biyen, kendaraan ugi saged didamel saking batang pring. Pinten-pinten batang pring ingkang didadosaken setunggal ngangge tali saged dados rakit kangge nyebrang kali, ngangkut barang saking alas, utawi mancing iwak. Rakit menika jinis kapal ingkang boten gadhah lambung, nanging saged dicaosi tiang utawi atep. Rakit ingkang gadhah tiang lan atep biasanipun dipanggihi wonten laut kangge panggonanipun penambak iwak. Sakmenika rakit saged didamel saking pralon, ponton, drum utawi barang sanesipun ingkang kiat ngapung wonten toya. Rakit sakmenika dados bagian saking panggonan panggonan wisata ingkang konsepipun pemancingan utawi alam.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3183", "text": "Manfaate olahraga iku ancene orakaruan akehe salah sijine yoiku kanggo normalno kadar kolesterol sing ono nang jero awak. Nah kolesterol iku asline apik janji ora kakean. Terus opo se sing jenegen kolesterol iki? Kolesterol yaiku lemak sing ancene diporoduksi karo awake dewek ambek teko panganan sing teko hewan. Tapi nag kakean kolesterol bakal dadekno pirang-pirang penyakit koyok ginjal, diabetes, lupus, ambek liyan-liyane. Mangkane nag jaman moderen iki akeh wong sing ngelakoni olahraga polahe akeh wong sing kenek kolerterol tinggi terus dadekno penyakit sing ora karoan. Dadi kanggo normalno kolesterol maeng akeh wong sing gunakno cara alami yaiku karo olahraga ben iso ngontrol iku maeng.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7468", "text": "Gendang iki salah siji alat musik sing termasuk nang instrumene gamelan sing fungsine gawe ngatur irama. Cara munikno alat musik sing siji iki yaiku digebuk nganggo tangan, gak atek alat bantu liyane. Gendang iki roto-roto dicekel ambek pemain gamelan profesional sing wes suwe bergelut nang budaya Jowo. Hal iku mergo dolen gendang iku kudu nganggo naluri, dadi bakal bedo nuansane. Tapi mbasio ngono, gendang iki dadi alat musik tradisional sing paling gampang didoleno ambek pemula sing blas gak tau nyekel alat musik. Soale nepuk gendang iki gak atek teknik khusus sing kudu dipelajari, cukup perkuat naluri musik ae. Dadi awakmu sing pingin nyoba dolan alat musik nang gamelanan, isok nyoba gendang disik.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1217", "text": "Arep mangkat neng kantor kui rasane abot banget. Supoyo kerosone luwih enteng, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke sebelum sak wise tangi turu. Sing kesiji, awak dhewe kudu tangi isuk, soale kegiantan-kegiatan sak teruse bakal mangan wektu sing okeh. Sing keloro, awak dhewe iso ngibadah subuh disik. Sing keloro, awak dhewe iso ngelake wektu kanggo olahraga. Olahragane iso milih sing gampang, koyo mlayu utowo yen duwe pit awak dhewe iso pit-pitan. Sing ketelu, awak dhewe iso ngewangi bojone awak dhewe reresik omah. Sing kepapat, awak dhewe uga iso ngewangi gawe sarapan. Yen misale, awak dhewe ora iso sarapan, awak dhewe iso sarapan karo ngobrol luwih sante karo bojone dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3283", "text": "Berita teknologi sing kat tahun wingi iku semliwer yaiku onone sistem autopilot utowo autonom sing dipasang nang montor-montor model anyar saiki. Nah sistem iku dikabarna iso gampangno wong sing nyetir montor. Terus yo iso ganteni nyetir barang koyok sopir pribadi ngunu. Sak liyane iku sistem iki yo iso dadekno wong sing nyetir iku selamet utowo ngelongi nemene kecelakaan nag ancene kedaden kecelakaan. Terus fungsine sistem iki yo akeh pol koyok contone yoiku iso delok utowo ero barang sing ancene ora kenek didelok teko spione montor, terus iso ngetutno montor sing ono nang ngarepe koyok contone montor ngarep iku maeng banter yo melok banter, nag alon yo melok alon.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "553", "text": "Ono rong oleh-oleh khas Bogor sing dudu panganan khase Bogor. Toko oleh-oleh koyo toko roti biasa nanging bedane kui prabikane mung ono neng Bogor ora ono neng kota liya. Sing pertama kui, toko Lapis Bogor Sangkurian. Menu utamane kui kue bolu biasa nanging adonane nganggo campuran tales bogor. Tales kui umbian-umbian sing paling khas seko Bogor. Produk sing paling anyare kui lapis bunder. Bentuke kui koyo donat sing ono rong lapis; lapis kesiji kui werno ungu sing ono campuran talase, sing keloro kui kuning sing ono roso kejune. Toko sing keloro kui, jenenge Venus. Iki toko roti sing ngedol roti-roti biasa nanging versi cilike. Wong-wong kerep nyebute nganggo jeneng roti unyil.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9283", "text": "Manggis dadi buah sing paling disenengi wong manca. Babagan iku amarga ning luar negeri arang utawa kadang malah ora ana wong sing dodol manggis. Nalika wong manca dolan menyang Indonesia, buah sing digoleki mesti buah manggis. Manggis uga akeh warnane, salah sijine manggis sing asale saka Purworejo. Manggis khas Purworejo duweni ciri-ciri kayata dhuwure wit kurang luwih 10-15 meter, ambane 3-4 meter, warna gagange soklat. Warna buah manggise abang rada ungu, rasane legi, kecut, lan seger. Buah manggis asli Purworejo iki bakalan panen antaraning wulan Januari nganti Maret. Ora mung didol ana ing Purworejo, manggis iki uga dikirim ana ing kutha liyane kanggo nuruti panjaluke para wong-wong.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7093", "text": "Hobi sing paling akeh diduweni uwong-uwong iku nonton. Mboh iku nonton kartun, sinetron, drama, film, konser, dan liyan liyane. Roto-roto uwong mek seneng nonton salah siji jenis tontonan ae. Contohne koyok sing seneng kartun yo tontonane kartun tok. Tapi iku gak kabeh, soale onok pisan uwong sing seneng nonton kabeh jenis tontonan. Media gawe nonton pun yo akeh maceme, mulai teko TV, laptop, bioskop, utowo langsung teko nonton secara langsung koyok nek nonton konser mbasio saiki wes akeh konser sing isok ditonton online. Uwong sing wes hobi nonton, mereka gak bakal ragu ngetokno duit demi nonton sesuatu sing disenengi ambek de’e. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7024", "text": "Candi Borobudur iku salah siji panggon wisata sing onok nang Magelang, Jawa Tengah. Candi sing siji iki wes terkenal banget ket jaman lawas. Gak mek wong lokal tok sing mrene, bahkan sampe turis-turis londo yo podo tau mampir mrene. Onok akeh penyebabe candi iki isok dadi sak terkenal iku. Salah siji alesane yaiku Candi Borobudur mbiyen tau dinobatno dadi salah siji teko pitung keajaiban sak dunyo. Otomatis tambah rame ae wong sing penasaran dan akhire ngunjungi candi budho iki. Sak liyane iku, Candi Borobudur iki nduwe bangunan sing unik dan khas candi agama budho. Iki dadi hal sing menakjubkan gawe turis-turis sing negorone gak onok bangunan candi koyok ngene.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9748", "text": "Kanca-kanca pesthine ora asing karo sing jenenge keris. Keris utawa kris dadi salah sijine gaman sing endah tur landhep banget saka Jawa. Hayo, sapa sing tau krungu keris gemlondhang ing njero lemari? Utawa keprungu yen keris iku ana isine dhemit? Janjane keris iku sejatine ya mung gegaman landhep biasa kang ana luk khas kang kasektenane kagantung saka mpune. Nah, Kris sing sok gemlondhang iku asline amarga diwenehi isi dhewe kanggo kabutuhane sing nduwe. Biasane isine kanggo nambah aksekten utawa amung kanggo njaga sing nduwe. Nah, kamangka wis ana isine kuwi mau aja ngasi dinggo dolanan sembarangan. Wo iya, aja ngasi lali uga wasuh tangan sabubare nyepeng keris amarga pendok e kui mbebayani. Iki dieling-eling lo ya kanca!", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "83", "text": "Aku tekan saiki kurang iso menikmati woh alupket. Sendayan adi lan ibuku seneng banget woh ijo kui. Bentuke lonjong. Kulit alpuket kui atos lan duwe permukaan sing kasar. Dadi ora iso dipangan. Kanggo jupuk isine woh apuket kui iso dibelah disik. Werno daginge kui kuning nanging bagian sing paling cerak karo kulite kui werno ijo. Menurutku, rasane hambar nanging ono roso legine sitik. Teksture lembut banget mirip-mirip karo es krim. Sing marai aku ora seneng kui, sok-sok alpuket kui ono roso paite. Tekan saiki aku durung iso bedake, endi alpuket sing roso pait endi sing ora. Dadi nek ono alpuket aku luwih seneng dijus timabange dipangan lansung.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9636", "text": "Akeh carane gawe toleransi . amarga ning indonesia iki akeh pirang-pirang agama. onok islam,onok kristen, onok hindu, onok buddha, onok maneh konghuchu, ambek katolik. dadine kene dadi wong indonesia kudu duwe toleransi sing gedhe. sing pertama yen onok wong agama liane ngerayakno riyoyo e yo ojok nggarai rame rame ning sekitare panggon sembayang e. nomer loro yen onok wong agama liane tibo ning dalan utowo kesusahan yo ditulungi ojok mung di delok . nomer telu yen onok koncomu sak sekolahan seje agama e karo awak mu yo dikancani ojok mbok adoh i. sing nomer papat yen onok tonggomu sing seje agamane karo awakmu sedo nanging ora ono dulure sing nulungi yo teko o diluk kanggo ngeregani sing duwe omah . ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7492", "text": "Lontong kupang utowo kupang lontong iku panganan khas daerah Jawa Timur. Panganan iki paling terkenal nang daerah Surabaya, Sidoarjo, Lamongan, ambek Gresik. Bahan utamane yaiku kupang putih alias hewan laut sejenis kerang sing ukurane cillik-cilik sak bijine beras. Kupang putih iku mau dikupas terus dimasak nganggo bumbu-bumbu khase. Nek wes mateng, kupang disajikno nang piring sing wes diolesi petis. Kupang iki ditambahi lontong ambek lentho, terus dikeki jeruk nipis. Biasane lontong kupang iku dipangan karo sate kupang ambek es degan. Nek jare wong jaman mbiyen, mari mangan lontong kupang iku kudu ngombe es degan cek racun-racun sing onok nang kupang mau isok ilang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2331", "text": "Pas aku sinau nag Pare, aku dibujuki koncoku dikongkon mangan pare ben kepaiten. Tapi aku malah senenge pol soale rasane ono pait-paite. Dadi nag dolan nang pare mesti golek warung sing ono panganan teko parene masio aku kudu mumet-mumet disek sampek kepegelen. Terus sak liyane pare, ono maneh sing jenenge sambel tumpang, nah sambel iki sing paling aku ora senengi, soale gawene ae teko tempe mambu. Terus, nag mari mangan mesti wetengku mules kudu ngising. Aku wes kapok pas aku dijak koncoku njajal sambel iku tahun 2019 biyen sak durunge corona. Terus ket saiki aku wes wedi emoh parek-parek njajal sambel tumpang maneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8994", "text": "Ben kota nang Indonesia iku nduwe saluran radio e dewe-dewe sing mek khusus diputer nang area kota iku tok. Gresik iku yo nduwe sisan. Arek Gresik iku pasti gak onok sing gak eroh saluran radio Suara Giri. Jingle “sembilan delapan koma empat suara giri fm~ olala suara giri fm~” iku dadi khas banget dan hampir kabeh wong Gresik apal jingle iku ket awal sampe akhir. Gak arek enom gak wong tuwo, kabeh wong Gresik iku pasti eroh ambek radio iku. Saluran radio sing sering muter lagu dangdut iku dadi pilihan akeh wong-wong Gresik sing ancen roto-roto pencinta dangdut garis keras.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10073", "text": "Kulawarganipun Tyas remen sanget dahar daharan segara. Daharan keremenanipun Tyas ingkang lumrahipun dipesen nalika dahar wonten restoran ingkang sadeyan daharan segara inggih punika urang ingkang dicaosi saos padang, kepiting lada hitam, utawi cumi saos tiram. Kangge pelengkap daharan, wonten tumis kangkung kaliyan oseng tahu lan toge. Bapakipun Tyas remen dahar urang saos tigan asin. Daharan keremenanipun Ibu inggih punika sami kaliyan Tyas. Ibu remen kepiting saos padang. Jangan keremenanipun inggih punika jangan kangkung. Ibu asring masak sayur kangkung wonten griya. Tongkol ugi kalebet daharan segara ingkang asring dimasak kangge lawuh lan didahar sareng sekul wonten griyanipun Tyas amargi Bapak remen sanget dahar tongkol suwir.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2466", "text": "Ngelakoni preian bareng ambek konco utow keluargo iku duwe keutamaan sing luar biasa. Soale iku iso ngeraketno hubungan siji ambek liyane. Mboh iku secara emosional utowo komunikasi sing iso dadekno tambah rukun. Mangkane preian bareng iku yo apik ben tambah akrab ambek tambah parek. Terus sak liyane iku yo iso ngilangno utowo nyegerno pikiran sing wes pegel ambek penggawean sing ngebeki pikiran. Terus, yo iso wae bagi-bagi pengalaman ambek liyane pas bareng-bareng. Nah teko kono maeng kadang wong-wong iku iso podo nguwei saran ambek bagi pendapat polahe masalah-masalah sind diadepi. Dadine pikiran iki koyok-koyok ono sing ngewangi miki polahe akeh konco sing bakal ngewangi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5557", "text": "Potret nganggo film kuwi pancen wis ketinggalan jaman. Nanging akeh wong sing isih minat amarga hasil fotone luwih apik. Jaman biyen, kanggo nyethak film kuwi butuh suwe amarga teknologi durung maju lan isih butuh ngumbah film kuwi ning banyu khusus lan ruangan sing peteng, Nanging jaman saiki luwih praktis amarga ana mesin scan sin diciptakake kanggo nyethak foto iki. Miturut fuji film, teknologine isih padha kaya jaman biyen, nanging saiki luwih otomatis amarga sing njalanke mesin langsung. Fotografer mung setor film kuwi lewat jasa cuci foto sing ana ning internet lan hasile bakal dikirim secara cetak utawa digital liwat emai. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2480", "text": "Minggu wingi aku oleh info teko bocah-bocah nag saiki ono film dragon bal anyar padal jarene film wes ora metu maneh. Tapi wingi koncoku ngejak delok bareng soale bocahe ate download nag internet disek mari ngunu lagek budal nang kosku. Beneran, wingi sore bocahe wes oleh filme terus ngejak konco-konco barang ben rame, solae wes suwe ora delok film bareng ambek bocah-bocah. Pas diputer tibak'e saiki animasine luwih apik, tapi koncoku ora terimo soale suarane ora banget, akhire ngakakno speaker. Delok film ancene enak nag bareng konco-konco iso ngomong bareng ambek tukar pendapat masalah film sing didelok. Tapi ora enake nag film iku maeng gambare elok, dadi ora seru, bocah-bocah ora delok malah ibut dolanan hp dewe. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6604", "text": "Jaman saiki akeh banget sinetron sing nampilake crita babagan perselingkuhan amrga crita kuwi nduweni penonton sing akeh amarga kuwi marai gumreget. Nanging, senajan apik lan gumreget, crita babagan perselingkuhan iki kadhang bisa merasuk marang pikiran lan bisa ndadekake awak dhewe gampang curiga karo pasangan lan ndadekake wong luwih posesif. Pasangan bakale angel komunikasi lan marai angel ditentang. Amarga kuwi, crita babagan perselingkuhan iki akeh sing ngomong yen akibate ora apik yen sering ditontong. Akeh banget energi negatif sing ditularke lan marai wong gampang ora tenang ndelok pasangane dhewe lan marai pernikahan kuwi ora lancar amarga akeh pikiran elek ning jerone. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5192", "text": "Kabupaten Pamekasan kuwi terkenal karo salah siji panganan khas daerah yaiku campur lorjuk. Lorjuk iki kewan sing rupane kaya kerang bambu nanging luwih cilik lan mung ana ning Pamekasan. Regane campur lorjuk iki 10 ewu lan wis oleh lorjuk kuah kaldu karo sega utawa lontong sing dicampur kremesan kripik pohung, suun, lan cambah. Lorjuk iki uga diolah dadi camilan kaya rengginang ben rasane luwih gurih. yen pengen luwih gurih, uga bisa nambah sambel, bawang goreng lan kecap. Salah siji pusat kuliner lorjuk kuwi ana ning Pamekasan bagian Pantai Jumiang lan wes dadi kuliner sing langka amarga jumlah lorjuk sing sithik. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4789", "text": "Ning Indonesia, durung pati kondhang babagan bioskop bisik. Bioskop bisik iki salah sawijining model bioskop sing disiyapake kanggo kanca-kanca sing duwe kekurangan ning mripat utawa sing ora bisa weruh. Bioskop bisik iki nyediakake kanca sing bisa nyeritakake adegan-adegan sing ana ing njero film kuwi. Bioskop iki mbutuhake relawan kang akeh ben kanca-kanca sing duwe kekurangan iki mau ben bisa nonton film kepenak kaya umume wong. Bioskop bisik iki ana ing kutha-kutha gedhe lan mbutuhake kerja sama sing gedhe karo pihak-pihak penyalur relawan. Nanging, inisiatif iki mung musiman pas ana film nasional utawa festival. Kudune proyek iki bisa dihimpun kanggo nggawe organisasi kang gedhe lan bisa nulung akeh wong in saban wilayah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8139", "text": "Gak onok pebisnis sing seneng nek ngalami kerugian, pasti kabeh langsung kepikiran opo penyebabe. Soale kan gak mungkin gak onok abang gak onok ijo moro ngalami kerugian. Salah siji faktor sing marakno perusahaan ngalami kerugian iku gak ndelok rego pasar. Ben bisnis iku pasti nduwe kompetitor, dan pebisnis ndi ae pasti bakal mikir yaopo carane nyaingi kompetitor e. Salah siji carane iku ndelok rego pasar. Biasane produk iku mau bakal dimurahno teko rego sing dikeki kompetitor ben luwe payu. Kabeh uwong iku nek ndelok onok barang sing podo terus regane bedo, pasti bakal milih barang sing luwe murah. Dadi gawe awakmu sing berbisnis, gatekno rego pasar yo rek ben gak ngalami kerugian.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1710", "text": "Bapakku pinter nabung. Aku ora ngerti yen bapak kui pinter nabung ket cilik opo ora. Nanging, bapak kui iso nabung kanggo sekolahanku. Bapakku gaweane dadi pegawe bank. Nek ora salah, bapakku kui entuk bagian sing ngatur kredit. Pangkate durung duwur lan gajine uga ora gedhe. Nanging bapakku iso nyekolahke aku karo adiku neng sekolahan swasta sing larang banget. Bapakku uga sedo pas aku isih cilik kui. Nanging, pas gedhe, aku lagi ngerti yen bapak kui duwe tabungan sing cukup kanggo awak dhewe kui urip lan aku karo adiku iso ngelanjutke pendidikan. Aku ora nyangko yen bapakku wis nyepake tabungan kanggo masa depane aku lan keluargaku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8975", "text": "Mergo akeh merk hp sing onok nang pasaran, maleh akeh sisan model hp ne. Onok sing biasa ae, sampe onok sisan sing unik. Aku iku nduwe salah siji pilihan nek perkoro model hp, yaiku LG. Hp asal Korea Selatan iki tak nilai nduwe desain sing gak neko-neko, tapi tetep ketok elegan. Padahal wernone yo gak tapak akeh variasine, tapi nek dicekel iku tetep ketok koyok hp larang. Wes ngono, hp LG iku nduwe model slim sing enteng pol gawe dicekel. Makane gak heran kok akeh uwong Korea iku justru maleh akeh milih hp LG timbang Samsung, soale mereka nduwe pertimbangan perkoro desain hp ne iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1767", "text": "Aku wonge ora seneng ketemu akeh wong. Ketemu akeh wong, opo meneh sing ora tak kenal, kui marake aku gampang kesel. Yen wis ketemu akeh wong biasane kau ngeroso stress dhewe. Ora sing parah, nanging gawe aku ora kepengen ketemu lan ngobrol karo wong-wong. Caraku ngurangi stress kui kanggo dekem neng kamar dhewekan. Ono beberapa hal sing biasane tak lakoke neng kamar. Sing kesiji, aku biasane seneng nulis pas dhewekan. Sing keloro, aku biasane moco buku. Ora ono buku khusus sing seneng tak woco, naging aku luwih kerep moco sastra. Sing ketelu, aku biasane turu. Turu kui iso ngurangi awak dhewe mikir sing aneh-aneh lan marake awak luwih seger. Sing kepapat, resik-resik kamar.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "986", "text": "Jaman saiki akeh anak sing matane ora iso lepas seko gawai. Dheweke koyo kencanduan dolanan gawai kui mbuh kanggo delok video opo dolanan gim. Awak dhewe sebagai wong tuwa sing apik kudu ngatur utowo ngurangi wektune anake dhewe neng ngarep gawai opo wae. Awak dhewe iso ngelakoke beberapa cara neng ngisor iki. Sing kesiji, awak dhewe iso gawe jadwal kapan wae anak iso nyekel gawai. Sing keloro, awak dhewe ngekei alternatif hiburan. Nanging iki, ono konsekuensine. Awak dhewe kudu nyepake wektu kanggo dolan bareng anak. Sing ketelu, yen anak lagi nyekel gawai kui, awak dhewe kudu ngancani supoyo awak dhewe iso ngatur opo sing dilakoke anak neng kono lan opo sing dheweke delok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3118", "text": "Kanggo wong sing ewo'o koyok opo kudu iso nyelakno olahraga ben awake iku seger ambek semangat kanggo ngadepi urip. Masio nang jero uripe iku maeng akeh masalah sing ruwet. Terus nag salah sijine situs online sing bahas masalah gaya urip sehat, iku nagjurno kanggo wong sing ora iso ngelakoni olahraga sing temenan iku iso ngelakoni olehraga sing enteng ambek gampang dilakoni yoiku koyok push up, mlaku nang enggo sing tambah suwe tambah banter, munggah mudun tingkat, ngumet-umetno gulu ambek endas, terus umet-umetno tangan ambek liyan-liyane. Masio iku termasuk olahraga sing gampang, tapi iku iso dilakoni nang endi-endi tanpo kudu metu teko omah.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9300", "text": "Doni kuliah ing jurusan teknik. Kuliah saben dina nggarai sumpek. Doni njajal panggon rekreasi anyar ana ing Jogja yaiku gunung merapi. Perjalanan sing ditempuh karo Doni yaiku 2 jam teka kampuse nuju Gunung Merapi. Nalika tekan ana ing Dalan Kaliurang kilometer 12, Doni wis ngerasa hawane adhem amarga wis cedhak karo Gunung Merapi. Doni mandeg kanggo nggawe jaket kanggo persiapan supaya ora kadhemen ana ing ndukur mengko. Sawise tekan ana ing daerah Gunung Merapi, Doni langsung nuju Bungker Kaliadem. Ing Bunker Kaliadem Doni bisa ndelok Gunung Merapi luwih cedhak lan ketok gagah banget. Doni ana ing Bunker Kaliadem nganti jam 2 sore lan langsung mudun kanggo balik mulih ana ing kos amarga sesok isih ana kuliah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9390", "text": "Putri duweni hobi rada beda karo kanca-kancane. Hobine Putri yaiku ngelumpukake foto kang kasebut photocard artis Korea. Foto iku oleh saka tuku ning twitter, facebook, utawa grup pakumpulan komunitas photocard iku. Saben dina, Putri nyatet foto endi wae sing wis dituku lan endi sing durung. Putri bisa ngentekake duwit nganti jutaan kanggo tuku foto iku, amarga siji foto regane bisa 100-200 ewu. Putri uga ora mung tuku lan ngelumpukke foto iku wae, nanging Putri ya kadang ngedol foto iku yen wis dirasa ora pati seneng maneh. Saliyane dadi hobi utawa kasenengan, ngelumpukke foto iki bisa dadi bisnis cilik-cilikan kanggo Putri. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7464", "text": "Salah siji alat musik utowo instrumen sing onok nang gamelan iku jenenge gong. Gong iki biasane bentuke sing paling gede timbang instrumen gamelan liyane. Cara ngehasilno muni teko gong iki garek dipukul bagian tengahe sing get. Nang permainan gamelan, gong iki sing paling jarang dimunikno. Nek awak dewe nggatekno, gong iki mek dimunikno pisan nang wolong ketukan nada. Tapi mbasio ngono, gong iki dadi salah siji instrumen sing vital nang rangkaian pemainan gamelan. Mbasio mek dipukul pisan pisan tok, tapi bakal keroso onok kurange nek gak onok muni gong iku mau. Hal iku mergo gong iki biasa digawe membuka ambek menutup permainan gamelan sing lagi berlangsung. Istilahne ngono teko muni gong iku, awak dewe eroh kapan permainan gamelan bakal dimulai dan kapan mandeke.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2790", "text": "Pas aku dolan nang magelang aku jajal leren nang alun-alune kota magelang maeng. Mari ngunu aku mumet nang tengah kota iku sedelok tibak'e ono panggonan sing karo wong kono iku diarane pecinan, lah aku pengen ngerti pecinan iku opo podo ambek pecinan sing ono nang semarang. Terus aku mrono tibak'e ono sing jenenge kelenteng. Bangunan iku persis mirip koyok bangunane wong cino. Mari akeh bocah-bocah sing ate mlebu tapi ora oleh. Tibak'e iku panggonane wong cina ibadah. Dadi sing diarani klenteng yaiku panggonane ibadahe wong cino utowo tionghoa. Panggonane apik, resik, ambek bentuke iku persis ambek sing ono nang cino. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "47", "text": "Aku ora sening ombenan kekinian. Nanging aku biyen tau nyambut gawe neng kedai ombenan cerak sekolahan. Disik aku kiro gawe ombenan angel, jebule gampang banget. Kanggo gelas ukuran 14 oz, awak dhewe butuh 25 gram bubuk. Ditambah 10 gram susu kental manis. Banjur dileboke banyu setengah gelas. Banyune iso nganggo banyu biasa ora perlu sing anget. Diudek tekan roto. Kudu digateke tekan ora ono meneh gumpelan bubuk neng ngisor. Nek wis yakin roto, lagi ngeleboke bobane. Cara masak boba uga gampang. Boba sing seko kemasan dimasak neng banyu mendidih sekitar 10 menitan. Pisan-pisan diudek ben ora kelet. Bar kui iso ditiriske.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10003", "text": "Sepedaan wis dadi hobine Shafa. Saben dina, Shafa bakal sepedaan kanggo ngelemesna awake supaya ora turu wae. Shafa milih sepedaan nalika isuk supaya hawane isih adhem lan sejuk. Sepeda sing digawe shafa yaiku sepeda onthel merk pollygon, setange warnane abang, sadele warna ireng, ana keranjange kanggo nggawa barang, lan ana bele. Sepeda iki mesti ngancani Shafa wiwit SD nalika Shafa awit seneng sepedaan nganti saiki Shafa wis kelas 12 SMA. Sepeda iki biyen asale saka hadiah amarga Shafa bijine apik nalika ujian pas kelas 4 SD. Nalika kelas 7 SMP, Shafa melu pakumpulan bocah sing seneng olahraga sepeda lan njaluk ganti sepeda sing kusus kanggo olahraga ning wong tuwane.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7027", "text": "Sak durunge rame onok panggon wisata nang beberapa kota, wes onok Dufan sing wes paling terkenal sak Indonesia. Dadi gak heran nek nang kono gak tau sepi pengunjung. Bah dino biasa utowo dino prei, Dufan iku pasti rame banget. Sing koyok ngono iku sing marai males ngantri gawe numpak wahanane. Solusine adalah tuku Fast Track Dufan. Nek wes nduwe tiket iki, awakmu gak usah ngantri suwe soale onok jalur antrian khusus tiket Fast Track. Pertama, awakmu kudu tuku tiket regular disik cek isok melbu nang areane. Engkok awakmu isok ndelok onok loket upgrade tiket Fast Track nang sebelah pintu masuk pemeriksaan tiket. Nah awakmu garek pesen nang kono dan tiket Fast Track wes onok nang tanganmu.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8915", "text": "Onok sing ngomong, opo’o olahraga nang Indonesia iku kesan e gak isok maju. Wes ngono, sing ngomong ngono iku teko pihak pemerintahane dewe. Kan aku mbatin ya. Kudune sak durunge ngomong ngono iku mbok evaluasi diri disik. Wong sebagian gede anggaran olahraga iku dikekno kabeh nang sepak bola, dan cabang olahraga liyane mek entok sitik bahkan onok sing gak entok. Aku iku bingung, lapo mereka iku mbiayai cabang olahraga sing gak tau nyumbang penghargaan gawe Indonesia. Padahal nang cabang olahraga liyane, Indonesia iku akeh nyumbang penghargaan gawe negara. Tapi yo ngono, tetep sepak bola sing dikeki anggaran paling akeh. Kudune kan pemerintah iku investasi nang cabang olahraga liyane sing luwe menjanjikan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "532", "text": "Pas aku cilik, ibuku kerep macaku buku kanggo aku lan adiku sak durunge turu. Ibuku kui seneng yen awak dhewe pengen moco utowo tuku buku. Ibuku mesthi nukoke opo wae sing tak penginke sing wujude buku. Salah siji buku sing tak senengi kui buku dongeng. Aku tau duwe buku dongeng Si Kancil. Dongeng Kancil iki akeh versine, nanging aku lali aku duwene sing endi. Sing tak iling kui ono adegan Kancil sing ngapusi Boyo. Bukune kui tipis, kiro-kiro sekitar 30 lembar. Sampul lan kertas sing jerone kui berwarna. Neng sisih kiwo halamane kui ilustrasi utowo gambare lan sing sisih tengene kui tulisan ceritone.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6392", "text": "Akhir taun 2022 wingi, KAI ngenalake gerbong sepur khusus pariwisata kanggo rute lintas wilayah. Sepur iki jenenge Panorama. Panorama iki yen numpah miturut pesenan lan diregani 1 yuta. Nanging para penumpang ora bakal getun amarga sepur iki nyediakake pemandangan sing apik saka jendela sing gedhe. Apa maneh jalur lintasane kuwi ning sepanjang daerah sing kebak sawah. Panorama iki isih terbatas lan mung tahap uji coba amarga KAI arep ndelok pasar lan peminat saka gerbong iki. Layanan sing ana ning sepur panorama iki uga sebanding karo rega sing dibayar karo para penumpang lan dijamin kepengen numpah maneh senajan ning taun 2023 iki regane uga mundhak. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9371", "text": "Dinda biyasa olahraga saben dina kanggo ngisi wektu. Dinda wis seneng olahraga tekan SD. Mulane, dheweke gelek dijak lomba-lomba olahraga kayata lomba mlayu, lomba basket, lan lomba voli. Sinambi ngenteni jam kanggo adus lan budhal sekolah, isuk-isuk Dinda wis mulai mlayu. Dheweke mlayu dikancani mbakyune supaya ora jeleh. Mlayu ning ngarep omah sekilo wae wis cukup. Sawise moleh sekolah, Dinda mulai maneh olahragane. Yen sore, Dinda luwih milih olahraga basket tinimbang mlayu maneh. Basketan uga ning ngarep omah soale Dinda wes duwe bal dewe lan ring basket dewe. Nalika wes ngerasa pegel, Dinda banjur ngaso lan ngombe banyu. Sawise dirasa kuat maneh, Dinda ngelanjutno basketan maneh nganti pegel. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "879", "text": "Olahraga kui sak mesthine kegiatan sing gawe rukun wong-wong, ora peduli sukune, ora peduli agamane, lan ora peduli status sosiale sak duwur opo. Kegiatan positif koyo ngene iki mesthine adoh seko ambu-ambu kerusuhan lan kekerasan. Opo meneh tekan ngelakoke aksi terorisem. Koyo disik, ono bom sing jebluk cerak garis akhir neng lomba mlayu maraton neng Boston, Amerika. Kudune kui ora perlu ono. Wong sing nontong lomba kui utowo pertandingan liyane kui pengen dukung negorone. Dheweke pengen seneng-seneng wae. Ojo malah awak dhewe ngerusak niat apik wong kui nganggo coro diwedeni kanggo hal-hal sing ora perlu. Awak dhewe kudu pastike yen olahraga opo wae lan neng endi wae kui bebas seko terorisme.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4759", "text": "Salah sawijining pengalaman sing ora bakal dilalekake karo sebagian wisatawan Jogja wayah wulan mulud nabi yaiku tradisi sekaten. Tradisi utawa upacara sekaten iki diadakake saben taun lan rame karo upacara kaya larung sesaji, gunungan, lan sing paling rame ya pasar malem. Pasar malem sekaten iki biyasane ana ning alun-alun kidul. Perayaan iki puncake ana ning Grebeg Maulud, yaiku tradisi mbagi gunungan kanggo ngewujudake rasa sukur saka keluwarga keraton. Kamangka, tradisi iki kudu dijaga amarga iki budhaya sing ora oleh ilang. Generasi enom kudu ngerti tujuane kenapa ana upacara iki yaiku kanggo nguri-uri budhaya Jawa lan Islam ning Mataram. Tradisi iki bisa dadi pelajaran uga pengalaman spiritual sing bisa nuwuhake kebanggaan kanggo generasi iki. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4786", "text": "Salah sawijine cara sing bisa dilakoni yen arep nonton film yaiku saka aplikasi utawa tayangan digital. Aplikasi sing paling kondhang kanggo nonton film saiki Netflix. Netflix iki nyediakake akeh film lan serial sing bisa ditonton rame-rame bareng keluwarga. Carane bisa nonton liwat Netflix yaiku buka utawa ngunduh aplikasine, bar kuwi nggawe akun sing isine alamat email, nomor hp, lan data sing dibutuhake kalebu jalur pembayaran. Pembayaran Netflix sing legal iki bisa saka kartu debit utawa kartu kredit. Banjur yen wes ngisi data, sak durunge nonton kudu mastekake akun wis berbayar lan wis bener sekabehe. Akun Netflix kuwi akeh maceme tur kudu didelok miturut kebutuhane kalebu akun khusus bocah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5102", "text": "Dina minggu wingi aku nonton sawijining film sing ana nuansa Batak, yaiku film sing judule Ngeri-ngeri Sedap. Film iki nyeritakake babagan budhaya Batak. Salah sawijine nyeritakake sulang-sulang pahompu, yaiku upacara adat keluarga gedhe sing dadi simbol rakete keluwarga. Sulang-sulang pahompu iki padha karo upacara adat manten Batak yaiku Mangadati, nanging upacara iki dilakoni sak uwise duwe keturunan utawa sak uwise upacara nikahan ning gereja. Upacara mangadari iki bisa ditunda amarga ana telu kondisi yaiku masalah ekonomi, masalah keluwarga sing durung ana restu, lan uga bisa ditunda amarga keluwarga sing lara utawa seda. Upacara iki wajib lan yen ora bisa dilakoni kudu diganti yen wis ana kesempatan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5843", "text": "Zalora Indonesia yaiku salah siji toko online ning Indonesia sing ngedol babagan klambi, tata rias, asesoris, lan uga sepatu. Pusat Zalora iki yaiku ning Singapura lan nduwe cabang ning Hong Kong, Singapura, Indonesia, Filipina, Thailand, Vietnam, Malaysia lan Brunei. Zalora iki wis mbuka cabang uga ning Australia nang New Zealand. Ning Indonesia, sing ngelola toko online iki dikelola PT Fashion Eservices Indonesia lan wis dibangung wiwit 2012. Bedha karo toko online liyane, Zalora iki produke eksekutif lan bisa ngeweneni referensi produk sing regane khusus kanggo pengguna lan pasar sing wis terpusat. Nanging kualitas barang ning Zalora wis mesti asli lan kualitase uga apik.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7373", "text": "Awak dewe sebagai wong islam iku dikongkon gawe berprasangka apik utowo berpikir positif, dan iku dikenal ambek istilah husnudzon. Istilahe, husnudzon iku sikap wong sing mesti berpikir positif nang opo sing diperbuat ambek wong liyo. Nang ilmu akhlak, husnudzon iku dibagi dadi telu. Siji, husnudzon nang Allah SWT, carane berprasangka apik ambek opo sing wes ditakdirno ambek Allah SWT. Loro, husnudzon nang awak dewe, carane percoyo ambek kemampuane awak dewe. Telu, husnudzon ambek wong liyo, carane kabeh uwong dipandang apik disik sak durunge terbukti bersalah cek gak marakno kekacauan. Manfaat husnudzon iki onok akeh. Mulai teko numbuhno perasaan cinta nang Allah SWT, numbuhno rasa syukur, nambah sikap sabar ambek tawakal, dadi wong sing gampang nyepuroni wong liyo, dan bakal dadi wong sing penuh kasih sayang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9668", "text": "Alquran salah siji mukjizat sing gedhe banget kanggo wong Muslim. Alquran didukna ana ing tanggal 17 Ramadhan. Anane Alquran iki digawe kanggo pedoman uripe manungsa. Wong sing maca thok wae dijanjani karo Gusti Allah bakalan entuk ganjaran. Apa maneh nalika diwaca pas Ramadhan, ganjarane bakal luwih akeh banget. Maca Alquran ora ana rugine blas. Justru akeh banget gunane. Kayata nambah tentrame ati lan batin uga nambah katresnanan marang Kanjeng Nabi Muhammad lan Gusti Allah. Saliyane iku, maca Alquran saben dina bisa nggawe omah luwih diberkahi karo Allah lan diadohna saka lelembut utawa makhluk sing ora ketok mripat supaya ora diganggu. Mula ayo padha maca Alquran saben dina!.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10104", "text": "Toko roti ingkang bisnisipun sampun ageng, lumrahipun ugi nyedhiayaken cake kangge acara perayaan, kados mantenan lan acara tanggap warsa. Profesi khusus ingkang asmanipun cake decorator dibetahaken kangge nyaosi hiasan wonten cake ingkang dipesen. Sakderengipun wiwit nyambut damel, cake decorator kedah rembugan kaliyan pelanggan bab desain hiasan cake ingkang dipingini. Cake decorator ugi kedah damel desain cake kangge kabetahan promosi. Menawi cake decorator gadhah usaha piyambak kados toko online ingkang sadeyan cake kangge acara khusus, tugasipun saya kathah. Piyambakipun kedah blanja bahan cake menyang toko, ngatur stok bahan kue, lan ngatur keuangan. Langkung sae menawi cake decorator gadhah kemampuan nggambar ingkang mumpuni supados pelangganipun boten kuciwa.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2464", "text": "Penggawean preian ambek konco iku ancene macem-macem. Nag jarene konco-konco ngunu preian bareng iku ora kudu dolan adoh, cukup iso cerito-cerito karo nikmati waktu luang sing ono iku wes cukup. Tapi ang jarene waong sing sugeh se seje maneh. Penggawean preian ambek konco utowo keluarga yo mlaku-mlaku, belonjo nang mall, utowo nang panggonan sing sekirane panggonan iku pantes didolani. Lah nag kanggone wong-wong biasa yo bedo. Kanggo wong biasa yo cuku iso ngumpul ambek konco utowo keluarga nag waktu preian kerjo utowo luang yo iku jenenge penggawean liburan ambek konco. Sing penting iku kumpul, ora kudu mewah ambek ngentekno pirang-pirang bondo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "855", "text": "Taun 2018, aku lan koncoku podo-podo ngelakoke KKN. Senadyan kampuse bedo lan daerah penempatane bedo, awak dhewe nemoni hal sing podo, yaiku wong-wong neng deso kui seneng banget dolanan voli, terutama bapak-bapak. Aku duwe teori kenopo kok iso koyo ngono. Sing kesiji, main voli kui ora kudu mlayu akeh. Ora iso dihindari yen dolan voli iki tetep kesel. Nanging timbangane bal-balan voli kui isih adoh luwih enteng. Opo meneh sing dolan bapak-bapak sing umure wis ora enom. Sing keloro, voli kui luwih akeh sing nonton. Mungkin, timbangane bal-balan wong-wong liyo, utamane ibu-ibu, luwih ngerti voli. Sing ketelu, voli kui ora butuh lapangan sing jembar.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "509", "text": "Wis sak yogyane, wong kui nikah kanggo adate dhewe-dhewe. Misale pasangan kui seko suku sing bedo-bedo, rong kaluarga kui isu ngerembug nentoke adat nikahan sing bakal dienggo. Nanging, neng jaman saiki, nikah ora sesuai karo adat kui ora masalah. Maksude, dudu nganggo adate suku sing liyo sing ora ono sangkut paute karo calon penganten, nanging nganggo tata cara modern utawa keagamaan. Nikahan kanggo cara adat kui ora murah. Akeh pernak-pernik sing kudu dicepake. Prosesine uga ora mung sedelo. Kanggo wong-wong utowo anggota keluarga sing sibuk kui bakal angel banget. Nikah kui sing penting niate. Yen misale, awak dhewe mampu ngelanake nganggo coro adat kui apik, nanging yen ora ojo dipaksake.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7838", "text": "Wong tuwo iku sek akeh sing ngeluh mergo tontonan nang TV akeh sing gak sesuai ambek umur. Padahal jaman saiki, kabeh TV iku wes diatur nganggo STB, gak onok maneh tayangan TV nganggo antena. Dadi kudune iku kabeh isok diatur ambek awak dewe. Semisal ndelok nang YouTube sing nayangno kartun khusus gawe arek cilik. Utowo ndelok nang Disney+ sing nayangno film sing sesuai ambek umure arek iku mau. Pokoke saiki iku gak onok alesan tayangan TV iku gak sesuai gawe arek cilik, garek awak dewe ae sing isok ngatur. Dadi mulai saiki, pinter-pinter ngantur tayangan gawe anak, opo maneh saiki wes nganggo STB sing luwe gampang diatur.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5064", "text": "Ning agama islam, ana 2 dalil sing kudu dianut kara para umat, yaiku dalil aqli lan dalil naqli. Dalil aqli yaiku dalil sing bisa dibenerake nganggo nalar lan bisa diamalke miturut kitab sing wis diwaca secara logika. Bedhane karo dalil naqli yaiku dadil sing wis ana ning al-quran lan hadist uga kudu dianut karo sekabehe umat muslim. Al-quran iki dadi salah siji bentuk dalil naqli sing paling murni amarga keaslian isine isih dijaga wiwit jaman nabi. Sing mbedhakake ya mung bentuk lan mediane kaya kitab, aplikasi al-quran, lan media seni kaya kaligrafi uga seni rupa. Nanging masio bedha media, umat muslim kudu tetep njaga kesucian al-quran iki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1222", "text": "Ono rong jenis barang sing iso awak dhewe dol seko omah. Sing kesiji, ono barang sing iso awak dhewe gawe dhewe. Barang dagangan iki biasane pangan utowo ombenan. Wong iso ngedol opo sing iso dheweke masak. Ora kudu gawe panggon ramesan. Awak dhewe iso ngedol sitik jenis panganan, nanging panganan kui sing awak dhewe yakin enak banget. Misale wonge kui jago banget gawe spagetti panggang. Dheweke iso dodolan kui. Dheweke iso nyebar poster daganan neng story Whatsapp utowo media sosial liyane. Dadi konco-koncone utowo tonggo-tonggone iso tuku dodolane. Kanggo ngedol ombenan awak dhewe ora kudu gawe seko nol. Awak dhewe iso tuku ombenan sing instan, dadani awak dhewe mung gari ngekei banyu.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "10140", "text": "Drama Korea asring nunjukaken adegan dahar cumi ingkang sampun digaringaken. Kasunyatanipun, Indonesia gadhah kuliner ingkang sejinis saking Pontianak. Kuliner menika didamel saking sotong, kewan laut sejinis cumi ingkang ukuranipun langkung ageng. Sotong pangkong, menika asmanipun. Daharan punika didamel kanthi mepe sotong. Menawi sampun garing, sotong dipanggang lajeng dithutuki kangge palu. Tujuanipun supados daging sotong boten alot. Sotong pangkong biasa didahar sareng sambel kacang kangge buka pasa wonten sasi pasa. Menawi sampeyan madosi menu iwak bumbu kuning ingkang benten kangge buka pasa, arsik ikan khas Batak saged dipuncobi. Bahan bakunipun iwak mas ingkang diolah kangge bawang batak, asem gelugur, kembang kecombrang, lan bumbu sanesipun.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "98", "text": "Indonesia kui negoro maritim. Artine, sebagain besar wilayah negoro iki kui laut. Sebagai salah siji negara maritim paling gedhe sak donyo, Indonesia unggul ning babagan perikanan. Kanggo dukung nelayanan lokal, awak dhewe sayogyane melu mengkonsumsi iwak utowo panganan laut liyane sing dijupuk seko laut Indonesia. Yen awak dhewe mengkonsumsi panganan laut kui manfaate kanggo kesehatan akeh. Sing pertama, sering konsumsim iwak laut kui iso jogo kesehatan jantung. Iwak laut duwe kandungan omega-3 sing iso ngurangi tekanan darah lan ngurangi kolesterol jahat. Protein sing ono ning iwak kui luwih rendah dibandingke jenis daging abang. Zat omega-3 kui sak liyone kanggo kesehtan jantung uga penting kanggo bantu pertumbahan lan perkembangan otak anak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8140", "text": "Akhir tahun, aku lagi butuh duit akeh gawe ngewangi urunan dandan dandan omah karo mamaku. Sayange, tabunganku wes tipis banget, dadi gak bakal isok urun akeh. Mergo iku, aku mulai nggolek koleksi kpop ku sing sekirone sek isok didol dan entok akeh. Akhire tak putusno gawe ngedol Denimalz alias boneka resmi teko band Day6. Aku ngepromosikno iku nang Twitter terus engkok isok di-checkout nang Shopee. Ben dino tak promosikno dodolan iku mau sampe akhire onok sing takon takon. Berhubung rejeki ya, dadi wong iku tuku gak atek nawar maneh. Padahal aku nyediakno opsi nego, tapi wong iku gelem nuku rego penuh. Yowes akhire cepet-cepet tak packing dan tak kirim nang wong sing tuku iku mau.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8958", "text": "Aku iku wes kulino ngelakoni sembarange nganggo cara sing legal, termasuk nek kate nonton badminton. Nek onok pertandingan badminton, aku mesti langsung buka aplikasi Vidio dan nonton teko aplikasi iku. Terus aku gak sengojo buka Twitter, dan akeh pol uwong sing podo njaluk link haram. Maksute iku link ilegal ben isok nonton pertandingan badminton dan gak atek bayar. Aku ndelok sing koyok ngono iku mbatin dewe. Ngelakoni sembarang kalir hal sing ilegal iku hukume haram lho, termasuk nonton nganggo link ilegal koyok ngono. Wong-wong iku opo gak wedi duso. Sing koyok ngono iku bakal dijaluki tanggung jawab lho nang akhirat. Gawe awakmu kabeh, nek kate nonton badminton, tonton teko situs resmi yo rek, ojok nang link haram maneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2861", "text": "Sing paling gelek tontonan jaman biyen pas aku isek SD nang deso-ku yoiku sing jenenge gong utowo wayang. Lah sing garai rame teko rong tontonan iki yo tabuhane utowo musike. Tabohan utowo musik sing ora bakal iso madani sampek saiki yoiku sing jenenge suarane gong. Gong iku termasuk salah sijine alat musik tradisional sing sampek saiki termasuk salah sijine alat sing dijogo ambek dilestarekno karo pemerintah. Yo oro nggaok se, soale sing jenenge barang sing duwe sejarah saiki karo pemerintah mesti dijogo ojo sampek dijipek karo wong luar negeri soale nak dijipek negoro'e awak dewek iki ora bakal duwe kenang-kenangan sejarah.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "910", "text": "Aku isih ora nyangka yen bocah-bocah jaman saiki wih dicekeli HP ket cilik. Pas aku SD kelas 6 wae, aku kaget pas ngerti ono cah kelas 1 gowo HP neng sekolah. Saiki bocah sing isih TK utowo PAUD wae, wis entuk nyekel HP. Aku dadi iling. Aku duwe HP pertama kui pas aku kelas 5 SD. Kui disik HPne budheku. Dheweke ngekei HP kui kanggo hadiahku sing bar sunat. HP kui merk Sony Ericsson sing seri Walkman. Aku seneng banget pas dekei kui. HP kui tak dolanke terus neng kasur mergo ora iso mlaku-mlaku bar disupit. HP kui isih tak enggo tekan aku kelas 2 SMP.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7002", "text": "Onok salah siji tempat wisata alam sing terkenal nang Gresik, yaiku Pantai Delegan. Pantai iki letake nang desa Delegan, kecamatan Panceng, kabupaten Gresik. Waktu tempuhe kurang lebih 1,5 jam nek berangkat teko pusat kota Gresik. Pantai iki termasuk pantai utara, dadi ombake relatif tenang nek dibandingno pantai selatan dan aman gawe panggon dolane arek cilik. Ancen dasarane pantai iki ramah gawe arek cilik, soale pantai iki termasuk pantai pasir putih sing lembut. Dadi cocok nek arep dolanan istana pasir. Mbasio banyune gak tapak bening, tapi sek akeh wahana permainan banyu sing sek isok dinikmati nang Pantai Delegan. Buka e ket jam 7 isuk sampe jam 5 sore. Harga tiket e pun yo murah, mek 10 ewu per wong.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2363", "text": "Jurnalis utowo penulis masakan yaiku wong sing penggawehane ngomongno masakan nag cerita sing ditulis. Tapi iku maeng yo ora gampang, wonge kudu ngerti ciri khas masakan sing ate ditulis nag karangane. Lah carane wonge ngertine piye? yo wong iku maeng kudu delok langsung utowo ngicipe langsung masakane ben wong iku iso gambarno rasa masakan sing ditulis nag tulisane. Ora angger nulis wae, nag angger nulis wae terus jupuk sumber teko sittus liyane, biasane wonge ora iso nggambarno secara jelas masakan sing ditulisno nag karyae. Mangkane, profesi iku nag diitung-itung yo lumayan nantang, soale kudu ngerti rasane panganan sing ate diangkat nag cerito telisane. Terus kudu iso gambarno rasa sing khas sing diduweni panganan sing ditulis nag cerito iku maeng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3531", "text": "Awitan tahun iku koncoku cerito nag deke iku rugi gede polahe kenek pandemik sing ora karoan kisruhne. Deke akhire iso ngadek maneh polahe pirang-pirang perkoro salah sijine yoiku deke iku jajal ngolah ambek manfaatno modal sing isek ono karo produk sing ancene saiki rame. Yo ancene ora gamapang tapi sing jenenge usaha yo kudu jajal disek ben iso ngadepi iku maeng. Terus pas dadi akhire deke jajal ngedol produk iku online tibake akeh sing seneng masio iku isek nang omahe polahe isek durung iso tuku utowo nyeo lahan sing gawe dodolan. Tapi teko kono maeng akhire deke iso ngelumpokno modal gal saitik sing akhire iso kenek gawe nyewo panggonan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6306", "text": "Njaga kemesraan ning rumah tangga kuwi dadi perkara sing angel yen komunikasine isih elek. Komunikasi kuwi dadi kunci penting sing ana ning rumah tangga amarga bisa mbangun kepiye rumah tangga kuwi utuh tekan akhir. Banjur komunikasi iki dadi cara pasangan ngerampungake urusan lan masalah sing ana. Perceraian kuwi sering disebabake komunikasi sing elek lan uga ora bisa bertahan. Kamangka cara komunikasi iki uga perlu dingerteni. Babagan komunikasi iki, sing kudu diutamakake yaiku ego sing ora oleh tumpang tindih lan kudu gelem ngalah yen sijine wis mulai ngomong nganggo nada sing dhuwur. Ngobrol sak durunge turu lan uga obrolan ning meja makan uga bisa dadi solusi ngeraketake komunikasi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9622", "text": "Bocah-bocah TK seneng nalika diceritani babagan nabi-nabi. Aku nyeritani kisah nabi Nuh sing ora kerem nalika ana banjir bandang amarga wis duwe perahu lan selamet karo para pangikute. Nanging critane ora mung saka lambe, aku nyetelke film Nabi Nuh. Bocah-bocah iki melu wedi lan nggegirisi ati nalika ndelok crita iki. Ana sing mripate ketap ketip nanging wajahe keweden, ana sing wis meh nangis, lan ana sing gecokan tanganku karo keseseken amarga wedi ndelok banjir bandang sing sak munu gedhene. Sawise film iki buyar, aku ngomonh ning bocah-bocah iki kanggo neladani kisah nabi Nuh. Carane karo tetep ibadah sing temen karo Gusti, ora lali sholat lan kewajiban laine.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9600", "text": "Taun iki Dilon mudik ing Jogja. Wis 2 taun Dilon ora bisa mudik riyaya amarga ana Corona. Isuk-isuk, Dilon sak kaluwarga mlaku menyang lapangan kanggo ngelaksanakake sembayang riyaya. Sembayang iku diwiwiti jam 6 isuk nganti jam 8. Sawise sembayang, Dilon lan kaluwargane ngewiwiti sungkeman ana ing omah. Giliran lan mubeng Dilon sungkem menyang wong tuwane, simbahe, mas lan mbake, uga pakdhe lan budhene. Dilon uga ora lali kanggo ngajak sadulure kanggo ndelok grebeg Syawal utawa salah siji tradhisi ing Jogja nalika riyaya yaiku arak-arakan gunungan. Dilon melu mbrayaki gunungan sing lewat kanggo dijupuki karo masarakat. Iki dadi riyaya sing ora bisa dilalekke karo Dilon amarga wis suwi ora riyaya bareng ning omah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7325", "text": "Nabi Yusuf AS iki salah siji anake Nabi Ya'qub AS. Nabi Yusuf AS iki dikenal sebagai Nabi sing cerdas dan jujur. Iku marai bapakne sayang ambek beliau. Teko kono, dulur-dulure podo iri dan akhire Nabi Yusuf AS dilebokno nang sumur ambek mereka. Kisahe Nabi Yusuf AS iki akeh banget didapati nang jaman saiki, ndek ndi akeh banget dulur sing gak akur dan sampe saling nyerang. Penyebab dulur-dulure Nabi Yusuf AS nyemplungno Nabi nang sumur iku yo mergo iri. Podo ambek roto-roto alesan opo’o dulur jaman saiki akeh sing cekcok, yaiku iri. Bentuk irine yo macem-macem, mulai teko wong tuwone sing pilih kasih, sampe sing teko dasarane wong iku sing irian.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4012", "text": "Nyiapno dana sing digawe jogo-jogo yaiku termasuk perkoro sing apike megilan mergo teko kono maeng wong ora sampek utang nag ono keperluan penting sing sekirane butohe ndodoke nemen. Biasane nag ono keperluan sing dodoke koyok ngunu golek dana utowo duwit iku mesti angele ora karoan. Nag sing jenenge dana sing digawe jogo-jogo maeng iku kenek pirang-pirang wujute, tapi sing paling umum dilakoni ambek menungso iku biasane celengan sing disimpen nang omah. Nah biasane celengan iki manfaate gedene megilan soale kenek digawe sak wayah-wayan tanpo kudu budal nang endi-endi mergo wes ono nang celengan sing ancene digawe nyimpen duwek ambek wong kenemaeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8930", "text": "Dino iki guru penjaskesku gak melbu, dan marakno pelajaran dino iku otomatis dadi jamkos. Tapi berhubung wes podo nganggo klambi olahraga, akhire konco-koncoku milih gawe ngelakoni olahraga bebas. Onok sing bal balan, ono sing dolen badminton, onok sing basketan, dan akeh maneh. Awale aku meneng tok ndeloki konco-koncoku basketan. Moro-moro aku dijaki gawe melu dolen basket. Aku nolak soale aku gak isok dolen basket blas. Tapi mereka tetep mekso gawe melu dolen. Akhire gelem gak gelem tetep melu ae. Pas dolen, aku akeh meneng e. Sampe akhire aku nangkep bal. Sing tim lawan wes podo ngejar aku, tapi aku mlayu ngadoh sambil nge-dribble bal iku mau. Terus ket adoh, aku nyoba gawe nguncalno bal nang ring. Dan sing gak tak songko, bal e iku mau melbu dan akhire tim ku isok entok 3 poin. Saking kagete, aku mek isok meneng tok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "939", "text": "TV nasional kui kudu diduweni karo kabeh negoro. Iki penting supoyo warga-wargane duwe jaminan program sing apik. Emang iya ono stasiun TV swasta sing fungsine uga podo. Nanging yen, ora ono TV nasional sing diduweni pemerintah, TV-TV swasta kui dadi ora duwe panutan lan iso ngelakoke sak penake. Makane kui, awak dhewe kudu ngapike lan ngedukung stasiun TV nasional. Masalahe neng Indonesia kui, TV nasional identik karo TV propaganda pemerintah. Padahal, kudune kui ora. TV nasional kui iso podo populere lan podo bathine koyo TV komersial. Sing ngebedake kui, program-program sing ditayangke kudu sejalan karo visine pemerintah. Nanging, dudu artine acara sing ono kui ora menghibur. TV kui kudune menghibur.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "524", "text": "Bocah-bocah saiki akeh sing ora tau kerungu lagu daerah dhewe. Terutama, bocah-bocah sing tinggale neng kota, contohe anak sing neng Jakarta sing ora ngerti lagu Kicir-Kicir, wong jowo ora ngerti tembang dolanan Padang Bulan. Neng sisih liyo, akeh bocah cilik saiki sing iso basa daerahe. Lagu daerah iki iso dadi salah siji media pembelajran kanggo bocah-bocah kui sinau basa daerahe. Lagu daerah kui opo meneh sing tembang dolanan kui nganggo boso sing gampang dingerteni. Koyo lagu Menthok kui, sing crito wong utowo bocah ngomong karo menthoke sing keset, nganggo basa sing paling gampang. Dheweke iso sinau seko lagu-lagus sing koyo ngono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9690", "text": "Seminggu wingi Ihsan melu kegiatan jambore ing Jakarta. Kegitan iki ngajari babagan toleransi marang wong sing beda karo kene kayata beda agama. Ing kegiatan iki, Ihsan mlebu ing pirang-pirang omah kanggo ibadah. Sing nomer siji, Ihsan mlebu ana ing Gereja Pasundan. Ihsan sinau babagan wong Kristen lan kepiye kegiatan gereja iki mlaku bareng karo warga liyane. Sawise iku, Ihsan pindah mlebu ing Masjid An-Nisa. Ing masjid iki Ihsan uga sinau babagan kepiye masjid bisa njaga toleransi karo wong liya sing beda agama. Iki dadi pengalaman sepisanan kanggo Ihsan mlebu ing panggon ibadah agama liya. Ihsan dadi luwih ngerti babagan toleransi.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "897", "text": "Kanggo bocah-bocah SMA, wektu ngedukung sekolahan dhewe-dhewe pas lagi tanding kui dadi momen sing dienteni. Awak dhewe iso bengok-bengok bareng yen misale tim sekolahan dhewe menang utowo nangis bareng pas time sekolah dhewe kui kalah. Ben awak dhewe iso dukung sekolah dhewe kanthi maksimal, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu latian disik sak durunge dukung tim sekolah neng stadion. Sing keloro, awak dhewe ngapalke lirik lagu sing bakal dienggo. Yen awak dhewe apa kabeh, suasana neng kono bakal luwih semangat. Sing ketelu, kodo ono sing mainke alat musik. Biasane kui snare drum karo terompet. Alat musik iki uga kudu dilatih bareng karo nyanyine bocah-bocah supoyo, lagu karo iringane iso pas.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9362", "text": "Nalika aku sekolah, aku pra duweni wektu kanggo mgeramut kewan kesenenganku sing wis tak anggep kaya anak dhewe yaiku asuku. Asu iki takwenehi jeneng Leon, amarga tingkahe sing kaya singa. Mlayune buanter, mripate ireng bunder, wulune putih resik. Leon seneng yen dulinan karo aku, apa maneh dulinan sing mambu werna-werna. Leon bakal ngintili aku yen gawa dulinan werna abang, kuning, ijo, lan liyan-liyane. Untunge saiki aku prei sekolah, saengga aku bisa dolan karo Leon tekan isuk nganti bengi lan Leon ngantuk banjur turu. Aku uga ngelatih Leon supaya bisa dadi asu sing pinter kayata pinter ngerteni majikane, pinter lungguh, pinter nindakake tindakan sing lucu lan liyane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8607", "text": "Salah siji penyebab akeh e hubungan romantis dadi pedot iku mergo salah siji pihak nduwe sifat cuek. Wong sing cuek iku mek peduli ambek dunyone dewe dan kadang isok ngabaino kebutuhan pasangane. Yo gak heran nek akeh uwong sing gak betah ambek wong cuek. Nek misal awakmu lagi nduwe hubungan romantis karo wong cuek, iki cara sing isok mbok lakoni ben hubunganmu iku tetep harmonis. Siji, ngomongo nang de’e disikan. Loro, sudokno nek awakmu iku peduli ambek de’e. Telu, nek pasanganmu iku cuek, keki mereka wektu, sopo eroh mereka bakal nekani awakmu dan berbagi perasaan nang awakmu nek wektune wes pas. Papat, ojok atek tukaran. Limo, analisis situasine. Enem, coba ajak de’e gawe terhubung maneh karo awakmu. Terakhir, rencanakno kejutan gawe de’e.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6684", "text": "Kanggo wong sing uripe ana ning desa wiwit cilik, mesti ngerasa nyaman amarga ning desa kuwi tenang lan uga wonge isih gayeng. wong desa kuwi yen ana kenduren utawa hajatan ora perlu nyewa wong saka njaba, sing bakal ngewangi ya wong desane dhewe. Mulai saka mbangun layos kanthi masak lan uga jaga buku tamu. Wong desa iki uga sering ngadakake acara kaya bersih desa lan uga akeh kegiyatan sing marai desa tambah gayeng. Wong desa uga terkenal ngeregani tamu adoh kaya sering nggawakake oleh-oleh kanggo wong sing ngadakake kunjungan ning desa kaya nggawakake hasil tani, beras, panganan tradisional lan uga sak panunggale. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7470", "text": "Sore iki, aku ambek adekku dolanan nang ngarep omah koyok biasane. Sing marai aku bingung iku moro arek komplek ngumpul kabeh nang lapangan perumahan. Aku sing penasaran akhire ngajak adikku ndelok onok opo nang lapangan kono. Dadakno lagi onok latihan reog gawe acara festival nang Gresik minggu ngarep. Aku mek wani ndeloki ket adoh soale topeng e gede buanget, dan adikku wes ketok keweden. Moro-moro wong sing nganggo topeng iku ngejari arek-arek sing onok nang kono. Aku ambek adekku yo dadi korbane sisan. Adekku sampe nangis saking wedine dan akhire langsung tak jak moleh. Tutuk omah, adekku sek ketok sawanen mergo dikejar topeng reog mau.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8138", "text": "Cara gawe niteni tanda-tanda perusahaan lagi merugi yaiku ndelok anggaran perusahaan. Nek misal nang anggaran iku mau pengeluarane luwe gede timbang pendapatane, berarti perusahaan iku lagi defisit alias lagi ngalami kerugian. Nek wes koyok ngono, awakmu kudu ngelakoni cara ben isok ngestabilno anggaran keuangan iku. Salah siji carane iku ngubah strategi pemasaran. Strategi pemasaran sing cocok nang jaman saiki iku manfaatno media sosial. Tambah berkembage teknologi, iku marakno media sosial nduwe andil gede gawe keberhasilan bisnis. Lewat kono, awakmu isok narik calon pelanggan luwe gampang, soale pengguna media sosial dewe iku wes uakeh pol dan isok njangkau luwe luas audiens. Dadi gawe awakmu sing lagi berbisnis, ojok lali manfaatno media sosial gawe strategi pemasaranmu.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9747", "text": "Senjata tradisional wis ora misuwur kaya biyen. Akeh bocah utawa wong-wong sing ora ngerti apa wae lan kepiye bentuke senjata tradisional sing ana ing Indonesia. Iki amarga ora ana proses pelestarian senjata tradisional. Cara iki bisa dilakoni kanggo ngelestarikake senjata tradisional. Kaping siji, ngenalna wiwit bocah-bocah isih cilik apa wae senjata tradisional. Kaping loro, ndelok senjata tradisional sing ana ing museum supaya bisa luwih ngerti gunane senjata tradisional iki. Sing terakhir, gunakake senjata tradisional. Iki cara sing bisa dilakoni supaya senjata tradisional ora punah lan tetep padha bisa ngunakake. Bocah nom ing Indonesia kudu bisa ngelestarikake senjata tradisional iki bareng-bareng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "478", "text": "Pas SMA, ustadzku tau ngomong neng donyo kui luwih akeh kejahatan sing tersturktur timabange kebaikan sing terorganisasi. Koyo geng tawuran utowo mafia, kui salah loro contoh kejahatan sing teroganisasi. Babagan kebaikan ora akeh wong sing gelem ngelakoni bareng-bareng. Wong luwih milih ngelakoni kegiatan sing apik kui dhewe-dhewe. Nanging mergo kui, kebaikan ora iso berkembang lan nyebar cepet. Makane kui, ustadzku nyaranke murid-muride kuwi melu likok. Likok kui koyo kelompok pengajian sing diajar karo gurune, murabbi. Murabbi kui dadi murid seko guru sing luwih duwur ilmune. Kanggo sistem kui, kebaikan dadi luwih iso keatur lan dadi jelas strukture. Dadi ustadzku, nyaranke wong-wong ben melu likokan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6602", "text": "Ngomongake pasangan sing bedha derajat kuwi ana crita babagan film Titanic, yaiku film barat taun 90-an lan dadi legenda uga sejarah ning dunya film amarga film iki dianggep romantis lan nyeritakake sejarah sing ana. Film iki nduwe karakter yaiku Rose, putri saka keluarga bangsawan sing melu ngadakake pesta ning jero kapal Titanic, lan uga Jack, wong mlarat sing menang lotre lan bisa berlayar ning jero kapal kuwi. Senajan nyeritakake kecelakaan Titanic, film iki uga nduwe crita babagan uripe wong jaman biyen sing ora seneng yen anake cedhak utawa rabi karo wong sing nduweni kasta sing bedha amarga bakale akeh babagan sing ora cocok.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7362", "text": "Kitab Taurat iku salah siji kitab suci sing dituruno sak durunge kitab Al-Qur’an. Kitab iki diwahyuno nang Nabi Musa AS gawe pedoman ambek petunjuk gawe Bani Israil. Kitab Taurat dituruno pas abad ke-12 sak durunge Masehi. Kitab iki ditulis nganggo boso Ibrani dan jaman saiki dadi kitab sucine umat Yahudi. Kitab Taurat iki isine 10 pokok perintah. Secara keseluruhane kitab Taurat iki isine tentang perintah gawe mengesakan Allah SWT, menghormati wong tuwo, ambek nyucikno dino Sabtu. Nang njero kitab iki onok larangane sisan. Mulai teko nyembah berhala, nyebut nama Allah SWT dengan sia-sia, mbunuh menungso, nyolong, dadi saksi palsu, ambek njupuk hakne wong liyo. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4089", "text": "Gayai wong nang deso iku saiki wes seje ambek biyen, saiki akeh wong sing gumedeh mergo teko lungoh terus duweke akeh, terus saingan numpuk dunyo barang yo sak pirang-pirang. Padal karo kyai-kyai sing ono nang deso yo mesti wes disaranno nag urip iku ora pantes nag saingan numpuk dunyo ambek gaya-gayaan soale iso dadekno perkoro sing ora bakal kepikiran iku iso kedaden. Contone nang desoku iku yo ono wong sing uripe gayae pol, tapi nag ono tonggone tuku barang anyar mesti ngeloki ambek srengen. Nah akhire kan yo ora pantes ngunuku terus akhire dadekno loro ati sing dadekno ora rukun karo tonggone dewe. Mangkane gaya urip iku sing sak wajare aelah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9731", "text": "Wina kerja ana ing perusahaan sing nggawe buku. Salah sawijining dina, Wina diwenehi tugas kanggo nulis lan nggawe animasi crita rakyat sing ana ing Indonesia. Dheweke bingung meh nggawe crita sing endi, amarga crita rakyat sing ana ing Indonesia iku akeh banget. Sawise crita ing kabeh kancane, akhire Wina oleh pituduh saka kancane kanggo nggawe crita rakyat watu sing nangis saka Kalimantan Barat. Wina akhire maca genah-genah crita watu sing nangis iki. Nalika maca crita iki, Wina uga nggegirisi ati amarga iling yen dheweke isih akeh dosane marang Ibune. Wina uga wedi didongakna elek karo Ibune kaya crita iki lan disabda dadi watu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4791", "text": "Adhiku duwe hobi nggambar. Apa wae bisa digambar, nanging dekne seneng nggambar pemandangan lan satwa amarga teknike luwih dhuwur lan luwih angel dadi mesisan ben bisa disinaoni. Sak durunge nggambar, adhiku nyediakake kanvas utawa kertas gambar lan cat akriklik. Miturut pengalamane, cat akrilik kuwi paling awet lan ora ngeribeti kaya cat minyak sing ngresikane angel. Adhiku nggambar wayah Minggu sore amarga ora ana kegiatan. Kadang ya malem Minggu banjur ditutukake sesuk isuke. Saiki dekne wis bisa ngumpulake 20 gambaran lan arep didaftarake pameran ning sekolahe pas wayah Hari Guru. Aku dadi kepengen nukokake piranti lukis pas dekne ulang tahun sesuk mben. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9387", "text": "Film ora mung bisa didelok ana ing bioskop. Jaman saiki, akeh banget panggon kanggo ndelok film kayata lewat aplikasi kang arane netflix, viu, disney hotsar, lan sapanunggale. Cara kanggo ndeloke uga gampang. Film kang ana ing aplikasi iki kaperang pirang-pirang bagian. Ana film sing bisa didelok kanthi gratis lan ana film sing bisa didelok yen wis langganan. Kanggo film sing bisa didelok gratis, kowe kari mlebu wae ana ing aplikasi iku. Sawise mlebu ana ing aplikasi, banjur milih film endi sing meh didelok. Aplikasi iki uga nyediakake tulisan ing ndisor utawa arane subtitle kanggo film sing asale saka manca kaya film inggris, thailand, utawa Korea.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6334", "text": "Film 5 cm iki ora bisa dibantah yen marai wong kuwi tertarik munggah gunung. Pengalaman sing nyenengake, pemandangan sing apik, lan uga crita pas perjalanan sing menarik sing ana ning film kuwi marai wong termotivasi kanggo nambah pengalaman munggah gunung, utamane Gunung Semeru. Nanging, film iki uga nyediakake fakta sing kurang pas amarga ana adegan kena longsong ning puncak. Adegan iki wis dikonfirmasi ora bener amarga Gunung Semeru nduwe jalur pendakian liyane sing luwih aman senajan pemandangane isih padha. Amarga kuwi, para pendaki kudune munggah gunung nganggo persiapan sing mateng ben ora kegawa tren banjur melu-melu nanging ora ngerti medane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5553", "text": "Kamera polaroid yaiku kamera sing sifate instan amarga sepisan foto langsug dadi. Polaroid ditemokake karo Edwin Land ning Prancis taun 1944 lan mulai dipasarake taun 1947. Sajane, polaroid iki jeneng merk. Kamera iki ngasilake foto ning wektu sing cepet nanging ora duwe film negatif kaya kamera klasik biyasane. Kamera iki ukurane cilik lan uga ngasilake foto ning dimensi sing uga cilik. Kamera iki didukung karo teknologi polacolor sing bisa ngasilake cahaya lan werna sing dipindahake langsung marang kertas. Jaman saiki, polaroid wis akeh banget teknologi lan uga wis manika werna. Bobote uga entheng banget nanging ora praktis amarga kudu tuku kertas polaroide dhisik. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3247", "text": "Saiki akeh wong sing tuku mesin cuci soale enak wes ora repot ucek-ucek klambi. Mari ngunu yo akeh wong sing bungung carane gunakano padal wes karek nyemplungno pakean nang tabunge tok. Tapi ono pirang-pirang perkoro sing kudu diperhatikno kanggo wong sing gawe mesin rong tabung yaiku ojo akeh-akeh oleh nglebokno klambi utowo pakean nang tabunge maeng. Terus, ojo sampek sing panggonane petek-petekan sing ono nang duwur maeng iku teles soale engko nag teles iso ajur mesine. Mari ngunu, tabunge iku maeng kudu imbang, ojo sampek mereng. Terus sing terakhir yaiku ngresiki siso-sisoe sabun sak marine umba-umba ben engko tabunge iku ora teyengen.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2859", "text": "Onde-onde iku panganan tradisional sing wes umum nang- endi-endi. Tapi asline iki panganan ambek termasuk oleh-oleh khas Mojokerto sing sampek saiki akeh sing seneng. Nah sing garai panganan iki dadi jajanan sing paling disnenegi yoiku rasane ambek regane morah. Nang gone surabaya.liputan6.com nerangno nag ondi-ondi termasuk salah sijine panganan tradisional sing sampek saiki isek akeh sing dodol. Nag pengen ngerasakno rasane onde-onde sing ancene enak yo onde-onde sing teko daerah Mojokerto. Dadi nag lewat kono ojo lali tukuh oleh-oleh khas daerah kono soale onde-ondene iku bedo ambek liyane. Terus pilihane yo akeh, mangkane iku sing dadekno wong-wong seneng ambek onde-onde sing teko kono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4676", "text": "Lesung utawa alu kuwi salah sawijining alat sing bisa kanggo ngilangake kulit beras. Alat utawa piranti iki biasane digawe saka kayu gedhe, bentuke kaya prau, lan duwe piranti sing gunane kanggo numbuk, yaiku alu. Lesung duwe ukuran 0.5 kanthi 2 meter. Biyasane lesung kudu digotong wong 2 yen arep dipindahake ning panggon liyane. Yen arep numbuk beras, carane yaiku pari sing isih utuh langsung dilebokake ning njero lesung lan ditumbuk. Biyasane, anak 2 kanthi 4 wong sing numbuk pari kanthi kulit ari lan gabahe bisa dipisahake. Rampung ditumbuk, beras kuwi dikumpulake ning tampah lan diayak ben resik lan bisa disimpen ning jero lumbung. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2738", "text": "Wingi aku ambek koncoku pas ngopi petok wong wedok kerudungan tapi kelakuane ngalah-ngalahi wong sing ora krudungan. Masio krudungan tapi pakeane maeng ketate orambloko akire digodohe ambek bocah-bocah sing ono nag kono. Padahal wes dianjurno ambek poro ulama ambek kyai nag wong wedok pakeane iki sing apik ben slamet. Tapi jaman saiki anjuran koyok ngunuku tambah dianggep kampungan mangkane tambah akeh korban pemerkosaan gara-gara pakeane wong wedok sing koyok ngunuku. Mangkane nag wong wedok iku pengen slamet nang donyo yaiku pakeani kudu diapiki maneh. Kudu nutup aurote ben ora garai perkor sing elek teko. Nag wes ketutup kabeh aurote mesti aman.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6328", "text": "Bocah kos kuwi pancen nduweni kesibukan dhewe-dhewe, nanging kesibukan iki kudune ora ngurangi adab lan tata carane lelaku marang tangga kos. Kudune ning kos iki njaga ketertiban kaya kerja bakti ngeresiki jedhing, dapur, lan uga fasilitas sing dinggo barengan. Banjur yen tanggana iki ya kudune nyapa lan yen ana masalah kudu cerita amarga bocah kos kuwi mesti adoh saka keluwarga. Sing ndadekake masalah kuwi yaiku wong sing jarang ngobrol banjur yen ana masalah malah mlayu lan nggawe gara-gara. Kamangka, awak dhewe kudu dadi tangga kos sing apik lan uga ngewenehi perhatian marang kanca ben ora kesusahan lan ora ana masalah serius.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5542", "text": "Salah siji mesin cuci sing paling apik ning taun 2022 kuwi yaiku mesin cuci merk SHARP ES-F950P-GY. Mesin cuci iki diproduksi karo perusahaan SHARP sing terkenal karo alat elektroning sing mumpuni. Mesin cuci iki jenis mesin cuci tabung tunggal sing nduwe bukaan ning ndhuwure. Fungsine uga macem-macem, yaiku salah sijine ndukung fungsi tekanan banyu sing cilik. Cocok kanggo wong sing omahe ana ning apartemen. Banjur ana antibakteri sing bisa ngilangake bakteri wayah ngumbahi sing nyebabake mambu gak enak. Mesin iki uga duwe fungsi eco-logic yaiku mesin sing bisa kerja miturut saka jumlah kiloan klambi sing ana ning jerone lan bisa luwih resik ngumbahe. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4625", "text": "Ora ana pakem sing bisa nentokake resep pertama teh. Ana sing ngomong yen jaman biyen, teh kuwi saka godhong teh ing tlatah Tiongkok kang ceblok ning jero ceret isi banyu panas, nanging ya ana sing ngomong yen teh kuwi saka kembang-kembangan. Versi teh saka kembang iki saka Eropa, mula teh saka Eropa kuwi ada campuran kembange kaya jenise teh earl grey sing rupane campuran saka teh lan kembang lavender utawa kembang sepatu. Nanging yen kepengen weruh asli rasa teh, paling apik njajal resep Tiongkok. Awak dhewe bisa ngerasakke rasa godhong teh sing paling asli lan bisa mbedhakake mutu teh kuwi. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9242", "text": "Jus melon sing biasa taktuku ning ngarep sekolah rasane rada pait. Melon sing digawe kayane melon sing wis bosok utawa melon sing tuwek. Banyu sing digawe uga rasane rada pait. Melon sing ana ing tokone rupane rada mengkerut. Dadi wes pasti iku melon tuwek. Aku luwih seneng ngombe jus melon sing nganggo melon enom supaya ora pait. Nalika aku oleh jus melon sing pait, aku biyasane ngakali karo nambahi gula sing uwakeh utawa ditambah karo susu. Jus melon yen ditambah karo susu bakalan kenthel banget lan nambah enaking jus melon. Nanging yen ora seneng ngombe jus sing kenthel, bisa diakali karo nambah banyu sing akeh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "544", "text": "Fungsine keris sing utamane ora dienggo kanggo neng medan perang, nanging kudu nunjuke status sosial. Keris kui senjata tradisionale wong Jowo. Keris kui peso utowo pedang cekak sing bentuke koyo ujung tombak nanging duwe lekukan sing mirip ulo. Keris iki ora gampang digawe mergo, pengerajin keris kudu gawe lekukan-lekukan kui. Makin akeh lekukane, keris kui dianggep makin apik. Mergo angel digawe kui, artine ora kabeh wong iso duwe keris, mung wong-wong tertentu sing duwe jabatan neng kerajaan. Makin apik, makin akeh lekukane, berarti makin duwur derajate wong kui. Yen didelok seko bentuke, keris kui ora cocok dienggo neng medan perang. Jaman disik kui neng Jowo tetep ono pedang biasa sing dowo. Yen ono wong pedang ketemu karo keris, mesthi sing menang pedange. Dadi makin ora masuk akal yen wong gelut neng medan perang mung gowo keris.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "137", "text": "Liburan kui dadi momen sing penting kanggo awak dhewe lan wong-wong sing paling cerak. Liburan utowo plesiran karo wong sing disayangi kui ojo tekan rusak mergo nginep neng hotel utowo penginepan sing kurang pas. Ben ora getun, ono coro milih hotel utowo penginepan sing pas. Sing paling penting kui, penginepan sing arep disewo kudu sesuai karo budget. Seapik-apik penginepan sing arep disewo ning ora ono duwite kui percuma. Awak dhewe iso ngebandingke rego penginepan sing podo neng beberapa aplikasi. Yen bejo, awak dhewe iso entuk rego promosi sing luwih murah. Sing keloro, pilih panggon penginepan sing cerak karo objek wisata sing arep didelok.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4607", "text": "Yen ning omah ana acara keluwarga, arisan, utawa kumpulan nanging bosen yen panganane kuwi-kuwi wae, cobao nggawe sego liwet. Cara sing gampang kanggo nggawe sega liwet yaiku umbahen beras kanthi resik. Beras sing digawe iki isa beras wangi utawa beras pandan ben luwih enak. Bar kuwi nggeprek laos, sereh, bawang abang, lombok gedhe tanpo winih, lan bisa ditambah iwak teri. Kabeh bahan kuwi mau diumbah banjur dicampur karo sega. Yen sega biyasa masake nganggo banyu, sega liwet iki bisa dimasak nganggo santen ben rasane gurih. Bar kuwi, dideleh ning jero magicom lan dienteni sampe mateng. Kanggo lawuhe, bisa nganggo pithik bumbu bali, pithik goreng, pithik suwir, sambel goreng, perkedel, lan liyan-liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7455", "text": "Bali iku surgane wisatawan soale akeh banget jenis oleh-oleh sing isok dituku nang kono. Mulai teko panganan sampe pernak-pernik liyane. Sing gak oleh kelewatan nek liburan nang Bali iku mampir nang Joger Jelek. Joger Jelek iki outlet kaos khas Bali dan mek onok siji-sijine nang Bali, gak onok nang nggon liyane. Jare uwong, durung nang Bali nek gak tuku kaos Joger Jelek. Kaos Joger Jelek iki istilahe wes dadi ikon e Bali. Wong sing nganggo kaos iki, pasti wes tau nang Bali. Mbasio rego kaose luwe larang timbang kaos-kaos sing biasane, tapi kualitase yo sebanding. Kaine lentur, adem, tebel, terus lembut. Dadi mbasio larang, tetep akeh uwong sing seneng tuku mrono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1232", "text": "Rugi kui sesuatu sing iso awak dhewe hindari. Rugi neng kene ora kewates karo rugi karo mbati yeng lagi dodolan. Rugi neng kene tak artike rugi neng segala aspek urip. Neng urip iki rugi iso dibagi ron jenis. Sing kesiji rugi materiil. Gampangane rugi iki ono kaitane karo duwit, senadyan ora mesthi koyo ngono. Rugi sing jenis iki rugi sing iso awak dhewe itung. Duwit jelas cetho iso awak dhewe itung. Perkoro sing awak dhewe kerep lalike kui wektu. Wektu kui iso diitung. Buktine wektu duwe satuane, koyo detik, menit, jam, dino, sasi, lan sak teruse. Misale, awak dhewe garap desain kanggo koncone dhewe. Dheweke ngejanjike yen awak dhewe bakal dibayar yen desain wis dadi. Nanging jebul dheweke ora sido butuh desain kui, senadyan desaine wis digawe. Pas kui, awak dhewe rugi neng wektu. Soale, wektune dhewe ora iso balik meneh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2842", "text": "Kabeh daerah mesti duwe sing jenenge senjata tradisional. Lah pas aku wingi dolan nang meduro iku ono salah sijine senjata sing belantong duowo koyok kawat bengkong tapi landepi ngalah-ngalahi pedang. Lah senjata iku jenenge clurit, clurit iku termasuk salah sijine senjata tradisonale wong meduro sing ono kat jaman biyen sampek saiki. Clurit iku biasai diwadahi ambek selotong sing teko kulit sapi utowo kebo sing kandel, terus ono danganane sing teko kayu. Senjata iku gelek digawe carok, lah carok yaiku tantangan gelut utowo perkoro gelut sing kedaden nag ono wong sing diisin-isinno martabate. Nah celurit iku ono macem-macem, ono sing kanggo senjata ambek sing kanggo alat perkebunan utowo pertanian. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6694", "text": "TransJakarta utawa Busway kuwi kendaraan umum sing paling gampang diakses ning Jakarta. Nanging jalur busway kuwi biyasane malah dinggo karo kendaraan bermotor, apa maneh yen wayah jam kerja utawa jam bali kantor mestine rame banget. Kamangka, para polisi iki kudu siaga njaga ketertiban ning jalur busway amarga wis akeh kecelakaan sing dialami karo para pengendara. Banjur polisi uga kurang ngawasi persimpangan sing ana potensi kanggo jalur busway ben motor ora mlebu lan kurang ana sanksi sing teges. Amarga kuwi, para pengendara motor sing ora tertib iki isih wara-wiri ning jerone jalur busway iki. nanging saiki kejadian kuwi wis jarang amarga wong wis mulai ngerti babagan aturan keselamatan ning jalur busway. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10127", "text": "Godhong kelor biasanipun kita ngertos wonten pepatah ingkang ngibarataken donya ingkang jembar. Kasunyatanipun, godhong ingkang saged disayur menika pancen gadhah wujud ingkang alit. Senadyan alit, khasiatipun godhong kelor kathah sanget kangge kesehatanipun badan. Sampeyan saged ngolah godhong kelor dados sup, bakwan, utawi tumisan. Asring dahar olahan godhong kelor bakal saged nambani penyakit asam urat, asam lambung, lan peradangan. Perawatan wajah kangge godhong kelor ugi langkung mirah lan gampil ketimbang perawatan wonten salon. Komedo, kriput, jerawat, kaliyan pori-pori ingkang gedhe saged ical ngangge ramuan godhong kelor. ASI ingkang kirang lancar saksampunipun babaran bakal deres menawi dahar godhong menika. Godhong kelor pancen kecil-kecil cabe rawit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5070", "text": "Aku ora tau kepikiran yen aku bakal ketemu bab sing angel ning jaman kuliah kanthi ana salah sawijining tantangan sing kudu tak adepi, yaiku pas wayah skripsi, aku ora bisa rampung amarga akeh hambatan kaya dosen sing ora ngewenehi acc kanthi aku dewe ngerasa stres lan kangelan ngerampungke skripsi. Banjur aku nelpon ibuku lan nangis amarga keweden skripsi iki ora bakal rampung. Nanging ibuku malah ngongkon pasrah amarga akbeh kuwi wis diatur karo Gusti Allah. Ya pancen bener, kabeh alur urip iki wis diatur saka Gusti Allah lan menungsa ya manut terima nasib kaya sing wis digarisake. Uga jare ibuku tugase menungsa kuwi ya mung ibadah lan ngusahakake. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3212", "text": "Telpon anyar saiki iku roto- roto duwe kamera sing telu nang gure, ambek nang ngarep siji. Terus yo duwe lampu utowo senter nang gurine. Warnae yo macem-macem, tapi wingi sing warnai biru soale ono campuran irenge dadi ketok pantes. Terus batune barang yo luang rodok gede yaiku limang ewu sing cuku digawe sedinoan nang dalan. Mari ngunu Ram-me iku petang giga terus memorine nag gak salah wolong poloh giganan, dadi rodok lumayan gede. Terus cese yo rodok cepet soale wes rom amper luweh. Tapi emane iku ora ono hedsete sing digawe ngeringekno nyanyian nang telpon iku dadi kan yo eman opo maneh kudu tuku dewe sisan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10070", "text": "Ayam goreng krispi kalebet olahan ayam modern. Padahal, miturut sejarahipun, ayam goreng krispi sampun wonten wiwit pertengahan abad kaping 18. Amargi raosipun eca lan cara damelipun ingkang gampil, daharan ayam goreng ingkang dibalut glepung menika tasih bertahan ngantos sakmenika. Kita tambah gampil menawi pengen damel ayam goreng krispi dhateng griya amargi sampun kathah glepung instan ingkang khusus kangge damel ayam goreng krispi. Wonten glepung ingkang pedes lan glepung bumbu biasa. Glepung ayam krispi menika cekap dipuntambahi toya terus diaduk. Ayam ingkang ajeng digoreng dilebetaken wonten adonan menika ngantos sedaya bagianipun kaclup. Ayam ingkang sampun dicaosi adonan basah lajeng dilebetaken wonten sisa tepung bumbu ingkang tesih garing supados kraos renyah nalika didahar. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5084", "text": "Potong gigi kuwi salah siji upacara agama Hindu sing wajib dilakoni karo umat Hindu sing arep diwasa kanggo simbol mbuwang nafsu lan angkara murka. Upacara iki uga nyimbolake uripe menungsa wiwit bayi kanthi wis gedhe, siyap ngadepi urip lan mandiri. Nanging upacara potong gigi iki uga ana sing setuju lan ora setuju amarga upacara iki ana prosedur sing bisa marai untu rusak, yaiku ngikir untu utawa natah. Kamangka upacara iki diarani metatah. Untu sing wis dikikir utawa ditatah iki bisa rusak amarga enamel utawa lapisan iki tipis. Yen lapisan iki rusak, untu sing ditatah kuwi bisa mati. Amarga kuwi, ning Bali saiki upacara iki ana ketentuane lan diawasi karo dokter.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9732", "text": "Ora akeh bukune bocah sing isine crita rakyat. Buku bocah jaman saiki kabeh isine wis babagan tresna. Ana siji panggon sing isih semangat kanggo ngetokna buku crita rakyat ana ing Jogja. Panggon iki jenenge Karya Bangsa. Buku crita rakyat sing ditokna macem-macem warnane. Ana sing tipis, ana sing kandel, ana sing gur isine tulisan, lan ana sing ana gambare. Gambar sing dimot ana ing buku crita iki padha macem-macem, nanging kabeh gambare ngetokna yen sing gawe iki pancen pengin bocah saiki luwih kenal karo crita rakyat sing ana ing Indonesia. Warna bukune akeh banget ana sing warna ijo, abang, putih, lan liyan-liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7414", "text": "Ben provinsi nang Indonesia, iku pasti nduwe omah adate dewe-dewe. Salah sijine Bangka Belitung sing nduwe omah adat yaiku Rumah Rakit. Rumah Rakit iki dadi omah adat sing paling unik dibandingno ambek omah adat nang provinsi liyane. Soale omah adat iki temenan ngambang ning duwure banyu. Hal iki mergo provinsi Bangka Belitung iku provinsi sing merupakan wilayah kepulaan. Onok rong pulau utama nang provinsi iki, yaiku pulau Bangka karo pulau Belitung. Wes ngono, sek onok maneh pulau-pulau liyane. Mego iku, masyarakate kudu beradaptasi karo kondisi wilayah provinsine. Iku opo’o Rumah Rakit iki sampe digawe ngambang nang nduwure banyu. Tapi mbasio ngono, Rumah Rakit iki isok diiket cek gak sampe kintir adoh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "927", "text": "Pas lagi pandemi ngene iki, awak dhewe dipekso nyambut gawe seko omah. Yen neng kantor ono piranti-piranti kerjo kui wis dicepake, nanging neng omah iki, awak dhewe kudu nyepake dhewe. Salah siji piranti sing dibutuhke wong-wong pas lagi kerjo neng omah. Ono beberapa hal sing iso, awak dhewe gateke sak durunge tuku laptop kanggo nyambut gawe neng omah. Sing kesiji, sesuaike kebutuhan spesifikasi karo duwit tabungan. Awak dhewe ora perlu tuku sing apik-apik, mergone mengko awak dhewe bakal balik neng kantor meneh. Sing keloro, awak dhewe kudu tuku laptop sing duwe kamera sing apik. Kamera iki dadi penting pas lagi kerjo seko omah. Soale, rapat lan ketumuan liyane kui diganti liwat daring lan panggilan video.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8615", "text": "Dana darurat iku wes dadi prioritas e kabeh uwong Indonesia. Opo maneh saiki tambah akeh seminar sing nyampaino betapa pentinge gawe nyediakno dana darurat. Cuma onok sing perlu digatekno. Dana darurat sing dibutuhno wong siji ambek wong liyane iku bedo-bedo. Biasane iku ngaruhe mergo status pernikahan sing diduweni. Dana darurat e wong sing durung rabi, bakal bedo ambek dana darurat e wong sing wes rabi. Engkok nek wong sing wes nduwe anak, dana darurat e bakal bedo maneh. Biasane tambah onok status pernikahan koyok ngono, dana darurat sing dibutuhno iku bakal tambah akeh sisan sesuai kebutuhan wong iku mau. Dadi gak isok dipadakno kabeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4764", "text": "Mlaku-mlaku ning pameran seni iki kegiyatan sing paling cocok dilakoni yen wayah liburan ning Jogja. Apa maneh yen rame-rame ngejak kanca. Salah siji pameran sing dadi unggulan yaiku Biennale Jogja. Pagelaran seni iki dadi pagelaran sing paling dienteni amarga mamerake macem-macem karya seni saka seniman Indonesia uga manca negara. Nanging, kunjungan pameran iki ora sumbut karo akehe wong kang melu seminar sing mbahas babagan seni lan panguripane seniman ning Indonesia. Acara iki ana ning saban pameran lan biasane nekakake para guru lan ahli seni. Nanging kadang pengunjung luwih seneng foto-foto tanpa ngadakake apresiasi seni sing utuh kanggo karya-karya sing dipajang. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3293", "text": "Saiki perkembangan teknologi wes ora karuan, salah sijine teknologi saiki sing rame nang gone montor-montor sing anyar yaiku teknologi autonomous utowo Mobil Autopilot. Teknologi iku maeng iku fungsine akeh megilan kanggo keselamatane menungso nang montor utowo pas nyetir montor. Nah sing jenege teknologi autopilot iku yaiku teknologi utowo sistem sing ancene dikembangano kanggo ngontrol utowo ngendalikno kendaraan utowo montor iku maeng karo otomatis. Sistem utowo teknologi iku maeng iku iso nyetir montor iku maeng tanpo disetir ambek wong sing nyetir. Nah tujuane iku ancene kanggo ganteni wong sing nyetir montor, soale nag wonge sing pegel sistem iku iso ngewangi nyetir montor utowo kendaraan maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "587", "text": "Tokoh adat iso dadi agen pembangunan daerahe pemirintah. Tokoh adat kui wong sing paling terhormat neng daerah. Pikiran lan pendapate dheweke kui bakal dirungoke. Pertama, tokoh adat kui iso dadi wong sing ngurus urusan adat koyo sing wis diatur neng Undang-Undang. Pemerintah kui menghargai adat khusus sing ono neng daerah tertentu. Makane kui, pemerintah gawe intutusi iki dadi resmi seko sudut pandang hukum. Sing keloro, tokoh ada iso ngebantun pemerintah mensosialisasi utowo ngandai masyarakat sing dipimpine babagan program pemerintah. Dheweke iso dadi perwakilan tanggapan seko program anyar pemerintah. Tokoh adat kui uga iso ngebantu pemirintah golek dalan tengah neng antara kepentingan pemirintah lan uga masyarakat adat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10155", "text": "Menawi sampeyan pengen plesiran wonten negara manca kanthi regi mirah, negara Thailand nawakake kathah panggonan plesir ingkang menarik. Wonten panggonan ingkang populer amargi panggonanipun wonten tengah kutha, wonten ugi ingkang panggonanipun mblusuk. Panggonan ingkang mekaten biasanipun nawakaken pemandangan ingkang langkung endah amargi tesih asri lan alami. Salah satunggaling panggonan plesir ingkang mblusuk wonten Thailand inggih punika grojogan utawi air terjun Mae Ya ingkang kalebet wilayahipun Taman Nasional Doi Inthanon. Kalebet mblusuk amargi jarakipun saking kutha Chiang Mai tebih sanget, 70 kilo. Nanging sayahing badan bakal kebayar nalika mirsani endahipun pengarspemandangan grojogan menika. Para turis mesti bakal remen sanget foto-foto wonten mriku. Wujudipun grojogan Mae Ya kados undhak-udhakan ingkang diselimuti kain werni pethak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9795", "text": "Rawon yaiku panganan saka Jawa Timur kang nduweni rasa khas. Rawon iki meh padha karo soto. Nanging sing mbedakake duduh rawon rupane ireng buthek kenthel amarga ana campuran kluwak, iki uga sing njalari rasane rawon beda karo panganan liyane. Isine rawon iku ana daging, cambah, ndhog asin, opak urang, lan brambang goreng. Supaya luwih manteb mangan rawon iku nganggo sega panas sing kemebul. Yen jaman mbiye rawon iki panganan kang disajekake amung ning acara-acara penting kaya dene mantenan. Ananging saiki, wis saben dina isa mangan rawon amarga akeh sing bakulan. Masio nduweni rasa sing khas, rawon isa ditampa marang kabeh ilat wong Nusantara, khususe wong Jawa. Kamangka kuwi, rawon iki wis misuwur tekan ngendi-endi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9688", "text": "Hindu dadi salah sijine agama kang wis suwe jumeneng ing Indonesia. Mligi Bali, pulo kang masarakate akeh nganut Hindu. Para pamaos kabeh pesthine wis kerep krungu ta karo Upacara Galungan?. Upacara iki biasane dienekake nem wulan sepisan kanggo menehi pisungsung marang Sang Hyang Widhi lan Sang Dewa Bathara. Galungan ing Bali ditindakake saben rongatus sepuluh dina sepisan pase ing dina Budha Kliwon utawa kerep kasebut Rabu Kliwon Wuku Dungulan. Upacara kang kawitan ing tahun 882 M utawa Saka 804 iki uga dadi salah sijine tetenger kang misuwur bab Bali. Akeh turis kang pingin ndelok upacara iki. Nah, supaya isa ngerti luwih ngerti bab Galungan, pramila menika mangga kabeh padha dolan nang Bali!!", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2319", "text": "Nag uwong sing senengane dolan mesti ora lali golek panggonan sing enak dinggo turu. Nah, nag lamongan masio ora ono panggonan wisata sing apik koyok kota liyane, tibak'e ono panggonan turu sing iso diarane enake pol digawe nginep, regane yo ora sepiro'o larang soale fasilitase yo apik, panggonan iku jenenge Grand Wisma Hotel sing ono nag lamongan pinggire alun-alun kota Lamongan. Nag ndelok teko omongane uwong-uwong sing wes tau nginep nag kono jarene panggonane enak, fasilitase lengkap, ambek regane yo lumayan ora larang-larang nemen. Dadi kanggo konco-konco sing ketepa'an lewat lamongan ojo lali mampir nang Hotel iki. Tapi nag menurutku sing wong ndeso, regane lumayan larang tapi jarene uwong-uwong sing gelek nginep nag hotel terus ndelok fasilitas sing ditawakno iku yo ora sepiro larang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10143", "text": "Wisatanipun Kepulauan Derawan wonten Kalimantan nawakaken pengalaman ingkang benten kangge sampeyan ingkang remen nyilem wonten laut utawi danau. Sampeyan saged nyilem wonten Danau Kakaban, Kepulauan Derawan. Danau ingkang lokasinipun wonten kepulauan kados menika langka. Turis kathah ingkang tertarik plesir menyang Danau Kakaban amargi saged ngraosaken pengalaman ingkang langka, inggih menika renang sareng ubur-ubur. Ubur-ubur wonten Danau Kakaban boten nyengat kados ubur-ubur sanes. Nanging, ubur-ubur menika senstif kaliyan sentuhan. Dados, penyilem kedah nyilem kanthi sikil ingkang wudo, boten sah ngangge sikil kodhok. Alas wonten Kepulauan Derawan ugi unik amargi kathah wit endemik Pulau Kalimantan ingkang boten saged dipunpanggihaken wonten panggonan sanes.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9244", "text": "Duren iku tanduran buah khas daerah tropis. Duren iki akeh ditemokake ana ing Asia Tenggara kaya Indonesia, Malaysia, lan Thailand. Senajan buah iki larang lan akeh sing seneng, nanging ana ug wong-wong sing wegah mangan duren iki amarga ambune sing nyegrok banget. Kadhang ana wong sing ket ngambu ambune duren wae wis mutah-mutah. Mambune duren sing nyegrok banget iki disebabake karo senyawa sing ana ing duren. Miturut paneliten Pusat Penelitian Pangan sing ana ing Jerman, duren iki duweni 50 senyawa sing beda lan iku mbentuk ambune duren. 50 senyawa iku uga ditemokake ana ing bahan panganan sing duweni mambu sing nyegrok kayata bawang, mrica, paprika, lan liyane. Mulane iku sing nggarai ambune duren nyegrok banget.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6337", "text": "Wong sing munggah gunung kuwi mbutuhake mental lan nyali sing gedhe amarga ora ngerti apa sing diadepi pas lagi ning gunung kaya cuaca sing ekstrem, kewan liar, kondisi alam sing angel diprediksi kaya longsor, lan uga sak panunggale. Wong sing sering lunga menyang gunung iki mesti ngerti kepiye carane ben tetep bisa urip kaya nyediyakake peralatan kanthi lengkap kaya tali, senter, lan uga peralatan liyane. Sing paling penting yaiku persiapan sing disiplin kaya olahraga saben dina lan uga sinau babagan jalur sing arep diliwati kaya peta lan uga nggolek jalur alternatif. Jalur iki uga bisa disinaoni liwat sosial media para pendaki lan uga saka internet. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2720", "text": "Biyen pas aku ngaji, aku tau diceritani sing cerito maeng teko cerito nang jero kitab suci, nang cerito iku nyeritakno salah sijine cerito asal usule menungso. Teko cerito sing diceritakno ambek pak ustad maeng bocah-bocah podo nggumun kok iso yo menungso didakno teko lemah? maringunu pak ustad ngomong \"yo iku kekuasaane pengeran sing moho agung, dadi awak dewek kabeh sing urip nang dunyo iku yo asline teko lemah, tapi saiki yo ono sing ngarane teko sak kepel geteh, lah geteh nang menungso kan yo teko panganan sing dipangan, terus panganan iku asale teko tanduran sing terik'e nag lemah, mari ngunu tanduran iku jipek sari pati teko lemah terus dadi pangan sing kenek dipangan ambek menungso. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5428", "text": "Cerita babagan atlet bulu tangkis iki mesti ora adoh saka profil Anthony Sinisuka Ginting utawa Anthony Ginting uga utawa Ginting kanggo jeneng akrabe. Ginting iki salah siji atlet sing maune ora didelok amarga isih kalah fisik karo Jonathan Christie. Nanging Ginting iki ora patah semangat lan terus ningkatake kemampuan lan teknik kanggo tanding. Ginting iki dikenal salah siji wong sing paling tenang ning lapangan amarga dekne ngerti yen fokus wis bubar, kabeh pertandingan uga bisa bubar. Ginting uga sering ngewenehi motivasi kanggo atlet enom ning Pelatnas. Kamangka, ayo kabeh padha ndukung Ginting ning pertandingan amarga Ginting iki bisa dadi masa depan bulu tangkis Indonesia. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "507", "text": "Kanggo ngeling-eling tiyang sing sampun ngedisiki awak dhewe menyang swarga, wong Jawa duwe acara utowo tradisine dhewe. Sing pertama kui, neng dino tiyang sing sedo dimakamke, dilaksanake ritual surtanah. Tujuane kui ben arwah utowo ruh sing sedo kui ngentoke panggon sing sae neng samping Gusti Allah. Sak wesi kui dilaksanake pengajian pas 3 dino sak wise sedo, 7 dino, 40 dino, 100 dino, lan sewu dino. Slametan sing dilakokni 3 dino sakwise dino kematiane kui jengene nelung dino; sakwise 7 dino kui mitung dino, sak wise 40 dino kui matang puluhan, sak wise 100 dino kui nyatus dino, lan sak wise 1000 dino kui nyewu dino.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5059", "text": "Dina Galungan yaiku riyaya dimengeti karo agama Hindu Bali saban 210 sepisan. Galungan iki kanggo mengeti kemenangane Dewa Indra ngelawan Mayanadewa utawa dharma ngelawan adharma. Wong Bali percaya yen roh leluhur kuwi bakal balik ning omah wayah Galungan, kamangka kudu ana upacara mengeti Galungan iki. Inti saka Galungan iki yaiku ngindarake menungsa saka hawa napsu. Nanging, ning akeh kantor, Galungan iki ora diitung dadi dina lembur amarga anggepane ora sepenting Nyepi. Kamangka, awak dhewe kudu usul marang kantor uga pemerintah ben Galungan iki dadi tanggal abang ben umat Hindu bisa mengeti Galungan lan bisa njupuk cuti uga kumpul karo keluwarga. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3541", "text": "Tahun iki sing dodolan online aiwt teko market place sampek sosial media wes sak pirang-pirang mergane akeh wong sing pengen usaha polahe kenek dampak pandemik sing wes sekitar rong tahunan luwih iki. Mari ngunu sing janenege dodolan online iku yo saingane akeh. Luwih akeh timbang dodolan offline soale nang toko online iku ora mok sak wilayah tapi anjok endi-endi wilayah sing ancene wonge gelem dodolan ambek ngerti carane manfaatno teknologi. Janji nang gone iku ono internete yo mesti bakal iso dodolan. Polahe dodolan online iku ora kudu buka toko ambek duwe panggonan sing ancene parek ambek panggonan sing rame wong akeh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9326", "text": "Panggon wisata ing Gunungkidul ora mung pantai wae. Ana wisata anyar sing dikembangne karo warga ing daerah Gunungkidul yaiku Heha Ocean View. ORa angel kanggo nuju ning Heha Sky View. Yen budha saka Jogja, kaping pisan kudu njupuk dalan liwat Imogiri Kulon - Imogiri Siluk - Siluk Panggang - Wonosari. Sawise iku mesti bakal nemu dalan sempit kurang luwih 9km. Kaping pindho, yen wis tekan ana ing Heha Ocean View, kudu mlaku maneh nuju panggon spot fotone. Senajan mlaku rada adoh ning panggone, nanging bakal keganti karo pemandangan laut sing apik banget. Ora mung kanggo ndelok pemandangan laut, ing kene uga bisa foto-foto amarga akeh banget spot fotone.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5181", "text": "Yen ning kampung sebelah Desa Jambe, ana simbah sing uga dadi tokoh adat lan kondhang amarga ngopeni sanggar jathilan. Asmane Mbah Ruci. Mbah Ruci iki turunan keloro saka keluwargane sing ngopeni sanggar jathilan ning Desa Rejo. Bedha karo Mbah Pomo sing wis ora aktif ndalang, Mbah Ruci iki isih melu pentas jathilan senajan mung nonton utawa melu ning ritual suwukan sak durunge para pemain iki ndadi utawa kesurupan. Mbah Ruci seneng banget yen ana bocah enom sing teka lan melu sinau babagan jathilan, salah sawijine aku. Mbah Ruci ngewangi aku ngerampungke skripsi amarga Mbah Ruci gelem dadi narasumber babagan kesenian iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "63", "text": "Neng omahku, ora akeh wong sing dodolan keliling neng ngarep omah. Sing kerep lewat kui, bakul bakso lan bakul es dung-dung. Aku seneng panganan sing adem-adem makane aku seneng tuku es dung-dung kui. Warna gerobake apik, warna pink. Nek duwur gerobake wis ketok roti lan gelas plastik muncung. Suara dung-dunge kui khas banget, bedo karo bakul sing liyo. Gong cilike kui ono neng sisi kanan surungane. Bapake sing dodol yo nganggung klambi sing rapi. Bapake biasane nganggo kemeja kotak-kotak lan katok kain werno ireng. Ciri khas penimpilan bapake kui iku nganggo topi sing koyo dieengo mantan vokalis Drive, Anji. Senadyan, rupone bapake bedo banget karo Anji.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7744", "text": "Bela diri iku dadi salah siji bentuk pertahanan diri sing wes dikenal ket jaman lawas. Nguasai olahraga bela diri iku marakno awak dewe luwe siap ambek jurus pembelaan diri, terus siap secara fisik karo mental sisan. Bela diri iki biasane disiapno gawe serangan-serangan sing marakno ngancem keselamatan diri. Jaman saiki, bahkan nang sekolah iku wes akeh maceme ekskul sing berhubungan karo bela diri, contohe karate, taekwondo, tapak suci, dan liyane maneh. Dan akeh-akehe, wong tuwo iku ngelebokno anake gawe melu ekskul bela diri. Hal iku mergo arek iku isok melajari teknik bela diri ket cilik. Dadi arek iku nduwe dasare dan engkok nek pas gede, ilmu iku bakal akeh kanggone sisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2449", "text": "Transportasi wisata sing gelek awak dewek kabeh petoki mesti transportasi wisata darat. Soale awak dewek jarang sing iso numpak pesawat nag gak wong sing duwe duwek akeh. Utowo pegawai sing bayarane gede. Tapi ket ano pengembangan ekonomi indonesia sing fokus nag bagian pariwisata, saiki akeh transportasi wisata sing nyediakno potongan rego digawe njajal transportasi iku, contone pesawat, kapal, Bus, ambek liyane. Mangkane nag pengen wisata saiki ora atek bingung masalah transportasi soale akeh agen-agen transportasi wisata sing iso ngewei rego murah. Dadi saiki nag pengen dolan yo dolan ae, transportasi wisata saiki wes murah ora koyo biyen nag gak duwe duwek akeh ora iso dolan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4629", "text": "Hawa panas ngene iki paling penak mangan sing seger-seger. Kayane buah-buahan bisa ngademake awak. Ayo jajal mangan rujak buah, panganan sing isa dadi alternatif camilan sing sehat lan bisa dipangan rame-rame. Rujak buah kuwi isine ya isa diganti manut selerane awak dhewe. Nanging, sing paling sering dadi buah andalan ya pelem nom amarga seger lan bisa marai mripat melek ora ngantuk. Rasa buah sing kecut kecampur karo bumbu sing pedhes legi bisa marai semangat mundhak. Camilan iki uga aman banget gawe kanca-kanca sing lagi diet lan lagi pengen mudhunke boboting awak. Yen pengen gampang, bisa langsung tuku utawa golek resep ning internet. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "592", "text": "Kota Yogyakarta sak liyone dikenal karo kota pendidikan, kota iki uga dijuluki kota kuliner. Salah siji pangan has sing dadi daya tarik wistawan kui gudeg. Umume, rasa guduge kui legi. Gudeg dhewe kui gori utowo nangka enom sing dimasak tekan wernone berubah dadi coklat. Sego gudeg kui isine ono, sing cetho gudeg, suwiran utowo potongan ayam, endog, tahu, lan sambel krecek. Kanggo cah cilik lawuh sing disenengi kui mesthi endog, ayam, lan areh. Gudege dhewe malah ora podo dipangan. Gudeg kui uga ono jenis. Ono sing gudeg kering lan ono sing gudeg basah. Awak dhewe uga iso milih ono sing nganggo sego, ono sing ngaggo bubur.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9233", "text": "Meh kabeh wong Indonesia rata-rata seneng karo panganan sing pedhes. Panganan ing Indonesia uga akehe nduweni rasa pedhes lan asin. Mangan yen ora ana pedhese kaya kerasa ora mangan. Aku dadi siji-sijine wong ing omah sing ora seneng mangan pedhes. Yen padha mangan mi utawa bakso nganggo lombok akeh, aku mesthi milih sing putihan dhewe utawa sing ora nganggo lombok babar blas. Nalika mangan pedhes, ilatku bakalan kerasa lara banget. Kadang uga nggarai ilatku mati rasa lan kupingku bakal abang banget. Saliyane iku, mangan pedhes uga nggarai irungku mbeler kabe dadine aku luwih milih ora mangan utawa njajal panganan pedhes babar blas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5138", "text": "Crita babagan asal mula daerah iki kudune bisa dipahami karo generasi-generasi nom kaya awake ning jaman saiki iki. Amarga kayane mandheg pituturane ning generasi tuwa. Crita iki bentuke mung tradisi lisan, nanging ya uga kudu diturunake ben identitas daerah ya ora ilang. Kaya saiki wis akeh bocah sing ora paham asal jenenge Surabaya kuwi saka crita iwah hiu Sura lan Baya. Kamangka kuwi, tradisi lisan iki bisa diturunake nang para anak ben tradisi iki ora ilang senajan iki mung karangan, ben anak bisa njupuk nilai positif sing ana ning crita iki. Amarga kuwi, ayo saiki kenalake crita-crita iki marang anak, adhi, lan para ponakan ben ora kalah karo teknologi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6972", "text": "Bagi sing nduwe toko kue utowo toko roti, pasti wes kenal banget ambek mixer. Alat masak sing siji iki fungsine gawe ngaduk adonan kue utowo semaceme. Bagian-bagian mixer dibagi dadi wolu dan masing-masing nduwe fungsine dewe-dewe. Siji, tombol nyala sekaligus gawe ngatur kecepatan. Loro, tombol penekan baling-baling mixer cek isok masang karo nyoplok baling-baling mixer pas dinggo. Telu, terminal sumber listrik sing nyambungno kabel listrik. Papat, bodi motor sing dadi mesin utama penggerak mixer. Limo, dudukan motor sing isok munggah muduno bodi motore. Enem, mangkok adonan. Pitu, dudukan mangkok adonan cek wadahe gak geser-geser. Wolu, baling-baling mixer sing fungsine gawe ngudek adonan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10014", "text": "Akeh wong sing wegah kanggo olahraga amarga ngerasa bakalan abot banget lan kudu duwe banda sing akeh kanggo tuku alate. Nanging wong-wong iki padha lali nalika ana olahraga sing bisa dilakoni ana ing omah lan iki gampang banget yaiku munggah mudhun ning andha. Oalhraga iki uga bisa macem-macem, kayata bisa mencolot ana ing andha, mlayu banter kanggo munggah mudhun andha, lan liyane. Senajan mung munggah mudhun ana ing andha, olahraga iki akeh banget manfaate. Salah sijine yaiku ngelancarne mlayune getih sing ana ing awak. Olahraga iki bisa dadi alternatif nalika ora duweni wektu kanggo olahraga ning panggon fitness utawa panggon gym. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "129", "text": "Taman Sari kui dadi objek wisata budaya ning Yogyakarta sing ora tau sepi pengungjung. Turis lokal lan internasional sering berkunjung ning situs iki. Taman Sari kui layak dadi magnet wisata Yogyakarta amargo kaendahane. Bangunan kui bangunan bersejarah sing digawe seko awal-awal Kasultanan Yogyakarta iki kebentuk dadi arsitektur lawas sing unik dadi daya terik dhewe. Neng situs kui uga ono akeh titik-titik foto sing cocok banget dipajang neng media sosial. Sak liyane kaendahane, situs Taman Sari iki uga akeh nilai sejarahe. Situs iki iso dibilang bentuk seko kemakmuran Sultan Hamengkubuono I utowo Pangeran Mangkubumi. Situs iki dibangun sebagai hadiah marang permaisurine sing wis berkorban selama perjanjian linggarjati.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4645", "text": "Miturut penelitian saka pakar, jebul ora kabeh nyebutake nek ngombe susu iki dudu siji-sijine alternatif gawe nyukupi kebutuhan gizi menungso. Masio seneng ngombe susu, aku uga kudu ndelok kandungane, susu iki akeh gulane opo murni? Susu iki duwe kandungan lemak ding dhuwur opo ora? Ning Indonesia, akeh bayi kang ora toleran karo susu sapi nanging ibune mekso yen kudu ngombe susu sapi gawe sampingan ngombe ASI. Sejatine, protein susu iki bisa diganti saka susu bahan kacang-kacangan kaya susu kedele, almond, kacang ijo, uga susu sing ngandung protein nabati. Ngombe susu iki dudu kewajiban, nanging sing kudu diperhatekake ya kacukupan gizi saben dino lan piye carane nemu susu sing cocok kanggo konsumsi awak dhewe. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4657", "text": "Akeh wong sing salah paham amarga bingung mbedakake ngendi mendoan ngendi tempe goreng tepung biasa. Mendoan kuwi istilah kanggo tempe goreng tepung sing setengah mateng lan isih duwe tekstur sing lembut. Biyasane mendhoan iki ana ing daerah Purwokerto, Cilacap, Banyumas, Pemalang, lan karesidenane. Nggorenge ya ora suwe, tempe diiris tipis lan amba, banjur dilebokake adonan tepung lan digoreng nanging aja nganti warnane dadi kuning rada cokelat, Mendoan sing apik ya sing bentuke rada lemes. Amarga kuwi, mendhoan paling enak dipangan yen isih panas kanggo ngurangi rasa adonan sing ora sepira mateng kuwi mau. Yen pengen luwih enak, bisa dipangan karo sambel kecap. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6304", "text": "Opini perkawinan sing paling sering lan isih panas banget dibahas yaiku babagan poligami. Ning agama, poligami iki ora dilarang nanging isih dadi pertimbangan amarga akeh banget persyaratan kaya pihak garwa sing kaping sepisan kudu nanda tangani surat persetujuan. Nanging poligami saiki wis salah tujuane. Ning jaman biyen, poligami iki fungsine kanggo ngelindungi para wanita sing ditinggal perang. Bedha karo jaman saiki sing ndadekake poligami tameng ngelindungi saka nafsu lan rumah tangga sing wis ora harmonis. Poligami iki biyasane ngerabi wanita sing isih enom lan isih mampu nanging sering lali marang bojo sing kaping pisan. Kamangka, akeh sing ora setuju marang poligami iki. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9385", "text": "Platform utawa panggon ndelok film online saiki akeh banget. Tuladhane kaya netflix, viu, disney hotsar, lan liyane. Kabeh film sing dilebokna ana ing papan iki iku kalebu legal kanggo didelok. Nanging dhek jaman saiki akeh banget wong sing golek cara gampang kanggo ndelok film. Amarga yen pengin ndelok film ing papan iku kudu bayar, dadine wong malah golek papan kanggo ndelok film sing gratis. Kayata telegram. Telegram dadi papan knggo nyebarake film kanti cara ilegal. Amarga wong sing nyebarake film ing telegram iki asale saka ndelok film ing papan legal lan direkam maneh banjur dikirim ana ing telegram. Cara iki kalebu cara ilegal, amarga yen kene ndelok film ana ing telegram bakalan ora ngewenehi royalti ning para produser film e lan ora ngurmati kabeh pemain filme.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5846", "text": "Dodolan saka aplikasi iki gampang banget carane. Nanging sing dadi masalah yaiku akeh para pelanggan sering protes amarga informasi sing diwenehake karo para pedangang kuwi ora lengkap. Kamangka, sak durunge ngirim ning toko online, pedagang iki kudu nguwasai spesifikasi saka barang, mulai saka ukuran, werna, jenis, tipe, kode produk, lan uga apa wae keuntungan lan kerugiane ben bisa njelasake marang pelanggan. Sal liyane kuwi, pedagang kudu ngecek stok apa wae sing ana ning toko. Pelanggan iki mesti mbandingake karo toko liyane, aja ngerasa kesaing amarga wis ngitung bener miturut margin sing dibutuhake pedagang lan uga wis karo dhuwit modal toko.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3110", "text": "Sampek saiki aku gelek olah raga yaiku mlayu-mlayuu nang lapangane kampus ambek nang dalan sing ngumeti jublangane kampus. Nang kono aku biasane mlayu-mlayu paling sekitar setengah jam. Pokoke nag wes pegel leren. Tapi sak durunge iku mesti senam disek ben otote rodok lemes soale nag ora senam disek kadang kesleo terus sikile kemeng. Nah mlayu-mlayu nang kono iku enak, soale iso delok iwak-iwak, ambek ngeringekno suarane manuk ngoceh sing ono nag wit-witan sing gede megilan. Terus howone yo enak seger soale ora nag pinggir dalan gede ambek akeh wite sing koyok alas. Mari ngunu nag kono yo bocah-bocah sing mlayu-mlayu masio kadang ono sing digawe alasan ben iso ngejak pacare.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4612", "text": "Yen lagi bosen garap skripsi ning kos, mahasiswa kerep banget garap skripsi ning McD Sudirman, Jogja. McD cabang iki uga diarani McD Tugu soale cedhak banget karo Tugu Jogja. McD iki luwih sepi tinimbang cabang liyane ning Jalan Kaliurang utawa Jombor masiyo pelayanane orang segesit liyane. McD iki cabang pertama sing ana ing Jogja. Parkirane ombo banget nanging aman amarga disiplin lan cedhak pos polisi. Suasanae tenang, ora rame kaya cabang Kaliurang lan iso 24 jam. Akeh meja lan kursi disediyakake nanging yen arep gawa laptop, kudu gawa stop kontak dewe amarga rada adoh tekan kursi. Sing paling nyenengake, saka lantai 2, iso ndelok kelap-kelipe lampu Jogja lan tugu. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6601", "text": "Heru lunga menyang Jakarta lan kerja ning kono. Dekne ngejak bojone saka kampung lan urip ning kontrakan cilik. Senajan manten anyar, Heru karo bojone uga ora males kerja lan mesti gelem ngeresiki kontrakan bareng-bareng. Saban isuk, Heru lan bojone tangi subuh kanggo sembahyang lan uga masak. Heru uga ngerewangi reresik kamar lan ngumbah klambi amarga dekne eman banget karo bojone. Banjur Heru budhal kerja lan digawani bontotan utawa bekal kanggo mangan isuk lan awan amarga omahe adoh. Pas bali, kadhang Heru nukokake bojone lawuhan ben ora usah masak amarga dekne ngerti bojone uga sedina wis kerja lan uga njaga omah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "868", "text": "Awak dhewe neng urip iki, paling ora, ngerasake siji olahraga ekstrem. Akeh wong sing wedi mergo olahraga iki ketoke ora aman. Ono uga wong sing wedi mergo duwure. Ono wong sing wedi merga dheweke ngebayangke dheweke ciloko pas ngelakoke kui. Sebenere sing digoleki wong-wong sing seneng olahraga ekstrem kui wedini. Sopo kondo, wong sing ngelakoke kui ora wedi. Dheweke golek rasa wedi kui lan rasa adrelalin sing munggah. Wong kui golek ben iso deg-degan neng olahraga iki. Pas adrenalin munggah lan dadane jedag-jedug banter, awak dhewe iso ngeroso urip meneh, senadyan sebenere koyo arep mati. Nanging, sebenere awak dhewe ora kudu wedi ciloko mergone olahraga iki tetep nganggo sistem pengamanan sing didesain ben minim wong sing kenopo-nopo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "489", "text": "Awak dhewe, umat muslim seng lanang, kerep nyepeleke salat Jumat. Kanggo sebagian besar seko awak dhewe, akeh sing salate seminggu mung pas kui wae. Nanging, tetep akeh sing nyepeleke. Akeh wong-wong, sing telat teko neng masjid. Dheweke podo ngeteni adzan disik lagi mangkat seko omah. Padahal, salat Jumat kui wis dimulai pas khatib munggah neng mimbar artine sakd durunge adzan. Wong-wong males ngerungoke khotbahe. Padahal, khutbah kui melu bagian seko rukune salat Jumat. Yen awak dhewe ora melu, ngerungoke khotbah kui podo artine awak dhewe ora Jumatan. Makane kui, awak dhewe ora entuk telat mlebu masjid pas Jumataan, opo meneh awak dhewe nganti ngenti tekan iqamah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7032", "text": "Pemalang ancen guduk kota sing sering dituju gawe wisata soale tempat wisatane pun gak tapak akeh. Dadi nek arep nggolek hotel pun rodo angel. Tapi onok siji hotel sing isok dadi rekomendasi, yaiku Hotel Grand Royal Pemalang. Lokasine sekitar 3 km teko Stasiun Pemalang, atau sekitar 15 menitan. Nang hotel iki isok milih gelem kamar sing atek AC opo kipas angin. Fasilitas kamare pun wes tergolong lengkap, mulai teko kamar mandine sing resik—dan wes entok handuk dan peralatan mandine sisan, TV, dan koneksi WiFi sing kenceng. Sarapan pun wes tersedia ben dinone. Regone pun relatif terjangkau, mulai 150 ewu sampe 300 ewu.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6319", "text": "Rekening kanggo dana darurat iki kudune rekening sing bisa diakses ning wektu sing dadakan lan uga bisa dipindah marang wong liya kaya anak, wong tuwa, lan uga pasangan. Dana darurat iki penting banget kanggo wong sing wis rabi lan ana rencana nduwe anak amarga kebutuhan anak kuwi akeh sing ngandelake dana darurat kaya kesehatan, pendidikan, lan uga sak panunggale. Dana darurat iki kudu diomongake karo pasangan lan uga kudu bisa ngerancang kebutuhan apa wae sing kudu dihemat lan kebutuhan apa sing kudu dadi prioritas. Dana darurat iki ora bisa kanggo tuku barang tersier, kamangka komunikasi babagan ekonomi iki kudu dingerteni karo awak dhewe kanggo ngurangi konflik ekonomi ning keluarga. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5533", "text": "Ing taun 2021, media Reviewaz nggawe daftar merk radio portabel sing paling apik mutune lan bisa dinikmati karo masyarakat ning kabeh umur. Salah sijine yaiku Sony Radio Portable ICF-306. Perusahaan Sony iki pancen wis kondhang babagan produksi radio apik amarga wiwit biyen, Sony mesti ngutamakake fungsi lan kualitas tinimbang tampilane. NIng jenis radio iki, tampilane pancen klasik, nanging fungsine uga apik lan ora kalah karo radio digital. Radio jenis iki mbutuhake tenaga saka batere AA sing kena digawe kanthi 110 jam. Banjur ukuran radio iki uga pas, yaiku 19 cm lan ambane 20 cm. Radio iki regane 370 ewu lan bisa dituku ning toko elektronik ning kabeh daerah.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9358", "text": "Dina prei pancen dadi wektu kang ditunggu-tunggu dening bocah sekolah apadene pegawe kantoran. Yen ngomongke bab dina prei aku banjur kelingan pengalamanku biyen dhek isih cilik. Wektu kuwi dina prei sekolah barengan karo Natal lan Warsa Anyar, aku diboyong karo ibuku lan sepupuku liyane dolan menyang desa Sribit. Dhasare aku bocah kutha, sepisanane weruh sawah lan kali, ya atine krasa mbungahi. Ing kana aku digawekake Paklik ku dolanan ceplokan seka wit pring buri omah. Besuke diajak mlaku-mlaku turut galengan tengah sawah, banjur makani wedhus kagungane Paklik. Rampung kuwi, diajak wisuh sikil ana kalen kang banyune wening. Tumrap bocah, pengalaman kuwi mau klebu larang regane. Mula kanggo wong tuwa kang duwe bocah, ayo padha dijak dolan, kareben ora sumpeg. Yen bubar dolan anggone sinau mesthi luwih sregep.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8143", "text": "Gawe ningkatno bisnis ndek online, para pebisnis iku sisan ngelakoni paid promote nek gak endorse. Nek didelok sekilas, paid promote karo endorse iki meh meh mirip, tapi tetep nduwe perbedaan. Siji, teko segi sistem utowo mekanisme promosi. Nek paid promote iku kontene disiapno karo brand e. Nek endorse iku kontene disiapno ambek pihak ketelu ne. Loro, teko segi media. Nek paid promote iku isok melalui akun publik sing nduwe jumlah pengikut sing lumayan. Nek endorse iku melalui akun influencer sing nduwe jumlah pengikut sing guede. Telu, teko segi biaya jasa. Paid promote iki dinilai luwe murah timbang endorse soale nek endorse iku konten e disiapno ambek influencer e. Terakhir, teko segi tingkat keberhasilan. Biasane endorse iku nduwe tingkat keberhasilan luwe duwur timbang paid promote.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9352", "text": "Dolan ana ing Pacet ora pas yen ora nginep utawa camping. Disa lan kaluwargane camping ana ing salah siji panggon wisata sing ana ing Pacet. Isuke, padha dolan sik ana ing air terjun sing ana ing cedhak panggon campinge. Panggon campinge apik lan amba banget. Ana kurang luwih 10 nganti 15 tenda sing ana ing panggon iki. Nalika bengi, tenda-tenda iki padha ngurupna lampu supaya ora petheng. Ing ngarepe tenda uga ana geni kanggo ngagetna awak supaya ora kadhemen. Iki uga dadi pengalamane Disa kaping pisan kanggo turu ing tenda. Disa ngerasa seneng senajan turune kudu desek-desekan karo mas lan adike. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "570", "text": "Adiku arep mlebu sanggar tariku pas taun pertama dheweke mlebu kuliah. Aku kaget krungu kui. Tak kiro adiku ora gelem mlebu sanggarku. Aku ngerti sifate adike, yen ono kangmase neng kono dheweke bakal isin. Soale neg omah, misale pas aku delok adiku masak, dee langsung nesu. Senadyan bingung, aku tetep seneng mergo adiku duwe ketertarikan neng kesenian tari. Pas tahap seleksi, aku mung meneng wae. Aku ngebenke adiku arep koyo piye. Aku ora nganddani dee kudu sinau opo wae. Sing penting nggo aku kui, adiku tetep seneng kesenian tari Aceh kui. Nanging, semester ngarepe pandemi, dee ora entuk kesempatan akeh kanggo latian. Tekan saiki, adiku durung tau balik meneh neng sangar.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "812", "text": "Wong-wong sing kerjo kantoran kui luwih akeh meneng lingguh timabange gerak utowo mlakune. Dadine, saiki akeh wong sing kerjone kui kudu akeh lingguhe sing ngelake peregangan neng panggon lingguhe. Kanggo pemasan kui, wong mung butuh bangku. Bangku ora udah sing aneh-aneh, cukup bangku sing dienggo nyambut gawe. Mungkin, yen ono spesifikasi, ojo nganggo bangku sing ono rodone. Soale, awak dhewe butuh bangkus sing ora gampang kegeser. Otat sing ditarik kui otot tangan, sikil, pingangg, karo gulu. Bar ngelakoke pemasan kui sekitar 5-10 menit, wong iso ngeroso seger meneh. Awak dadi ora keroso kaku banget. Dadine, iso garep gawean luwih fokus meneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8699", "text": "Kendaraan umum online iku wes onok uakeh pol nang Indonesia dan dadi andelan e akeh uwong gawe lungo nang ndi ae. Tapi onok siji kendaraan umum online sing sek kalah eksis ambek Gojek utowo Grab, yaiku Maxim. Padahal, nek digatekno, Maxim iki nduwe luwe akeh kelebihan timbang sing liyane. Siji, tarife luwe murah. Loro, onok layanan reservasi dan isok nyantumno alamat sing njelimet tanpa wedi kesasar. Telu, onok layanan preferensi. Teko akehe fasilitas gawe penggunane, Maxim iku pisan nduwe akeh kelebihan gawe driver e. Dadi driver sing bermitra nang Maxim iku isok luwe sejahtera. Dadi gawe awakmu kabeh, ayo beralih nang Maxim.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "913", "text": "Yen aku duwe duwit akeh aku kepengen tuku HP sing apik. Aku ora duwe HP tertentu sing tak pengeni nanging aku duwe kriteria sing pengen ono neng HP idamanku kui. Sing kesiji, werno HP kui ora entuk sing biasa. Aku ora gelem werno sing ireng utowo putih. Aku kepengen werno ning sing cerah-cerah. Sing keloro, layare kudu gedhe. Pokokmen layare lumayan gedhe lan penak yen dienggo gambar utowo ngorek-ngorek. Aku uga kepengen HPne kui wis ono bolpen digitale. Sing ketelu, desaine kudu unik nanging tetep penak pas dicekel. Sing kepapat, layar lan awak HPne kui kudu tahan pas kebanting lan tahan kelebonan banyu. Yen perkoro kamera, ora kudu sing apik-apik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7830", "text": "Dino iki aku pindahan nang kos anyar soale nang kos sing lawas gak onok panggon gawe parkir montore dan mulai semester ngarep aku nggowone kendaraan montor. Padahal aku wes nyaman karo kos sing lawas, tapi gelem gak gelem kudu tetep pindah. Mbari usung-usung barang nang kamar kos anyar, aku buru nyadar nek kamarku iki onok TV ne. Padahal pas iku aku survei mrene durung dipasang TV ne. Jare penjaga kos e ancen wes direncanakno, ben onok penghuni anyar buru dipasang TV nang kamare. Aku mek iya iyo ae. Lumayan iki TV ne isok digawe nonton film, gak usah nonton teko laptop maneh sing layare luwe cilik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8972", "text": "Oppo iku perusahaan elektronik konsumen ambek komunikasi seluler nang Tiongkok. Oppo nduwe kantor pusat nang Dongguan, Guangdong, Tiongkok. Pendiri perusahaan Oppo yaiku Tony Chen. Produk sing disediakno ambek Oppo iku mulai teko Hi-fi, teater omah, smart TV, audio visual, ambek hp. Oppo iki merk hp nomer siji nang Tiongkok pas tahu 2019 dan onok nang peringkat nomer limo ndek seluruh dunyo. Oppo iki bagian teko BBK Electronics, bareng ambek Vivo dan Realme. Sejarah sing tau dicatet ambek Oppo iku pas tahun 2016, Oppo dadi produsen hp paling gede nang Tiongkok. Bahkan mereka isok ngedolno hp ne ndek luwe teko 200 ewu outlet ritel.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2401", "text": "Pas dolan nag magetan, aku ora lali amblas dolan nang daerah gunung lawu utowo cemoro sewu. Nag kono akeh enggon apik-apik masio ora bayar tiket, soale dalane wae wes nag duwur gunung. Terus hawane yo uwenak segere pol. Sak liyane iku, akeh warung-warung nag pinggire dalan sing duweni pemandangan apik ambek enak digawe ngopi utowo leren ambek nikmati pemandangan alam. Nag kono pemandangan koyok gunung, sawah, telogo, ambek liyane-liyane akehe pol. Mangkane aku nag dolan nang magetan mesti mampir rono soale pemandangane apike pol. Terus regane panganan nag warung-warung sing ngetokno pamandangan apik yo ora larang sekitar 5 sampek 15 ewuan wes iso cangkruk ambek delok pemandangan sing uapike pol.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5046", "text": "Salah siji cara kanggo njaga ati ben ora poyang-payingan yaiku akeh-akeh ngerungokake ceramah utawa khotbah. Ceramah utawa khotbah iki ning agama islam uga diarani kajian. Kajian iki bisa dadi salah siji sumber tamba ati. Nanging sak durunge ngerungokake kajian, ana perkara-perkara sing kudu disiyapake. Kaping pisan yaiku kudu wis siyap nampa ilmu lan teka nggawa awak lan pikiran sing resik nanging ora kosong, amarga pikiran sing resik kuwi bisa nerima ajaran sing bakal disinaoni. Kaping pindho yaiku kudu nggawa sedekah yen kajian kuwi ana ning masjid. Kaping telu, kudu bener-bener nyatet apa wae sing diomongke lan yen ana sing ora pas, bisa cek ning kitab utawa internet. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5556", "text": "Kamera iki bisa dadi salah siji piranti kanggo kerja profesional. Kamangka kuwi, njaga kamera ben tetep awet iki uga penting banget. Akeh wong kang ora bisa ngopeni kamera kanthi kamera iki dadi jamuren lan gelis banget rusak. Cara njaga kamera ben tetep awet yaiku kaping pisan tetep nggatekake karesikane lensa lan kudu ngerti cara sing bener kanggo negresiki lensa. Kaping pindho yaiku nggawe tas khusus kanggo kamera ben ora gampang rusak. Kaping telu yaiku sregep ngeresiki bodi kamera lan tetep nggatekake kesediaane batere kamera amarga bagian iki penting banget kanggo para fotografer sing pengen kamerane tetep awet. Yen ana kerusakan, cepet didandani ben ora tambah fatal. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4031", "text": "Biyen pas aku seneng mungga gunung ambek bocah-bocah, iku mesti gelek nyiapno alat kanggo urip nang duwur gunung sing ancene ora ono panganan ambek keuripan sing pantes kanggo menungnso awit teko panganan sampek pakean barang. Nah urip nang dukur gunung iku ora gampang soale nang dukur gunung iku mesti ora kenek urip sak enake dewe, contohne nag turu are ora kenek langsung turu, tapi kudu nyiapno klambi sing kandel ben ora kenep hipertermia sing marakno wong iku maeng ora iso oba. Terus mangane barang yo bedo, terus gaya uripe barang yo bedo. Tapi ancene mungga gunung iku enake megilan soale sak liyane iso ngerasakno alam sing apike pol yo iso delok pemandangan sing ora karoan apike.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7317", "text": "Siti Fatimah Binti Maimun, utowo dikenal sisan ambek sebutan Putri Retno Suwari, lahir ndek Malaka pas tahun 1064 Masehi. Bapake jenenge Maimun dan asale teko Iran. Ibuke jenenge Siti Aminah sing asale teko Aceh. Siti Fatimah iki ponakane Syekh Maulana Malik Ibrahim. Selain iku, beliau dikenal sebagai pendakwah Islam nang Jowo pas abad 11. Makame onok nang daerah Leran, Manyar, Gresik. Nek awakmu kate nyekar nang makame Fatimah Binti Maimun, ituti rute iki. Mudun teko Tol Manyar, belok kiwo nang jalan Raya Daendels. Mlaku sekitar sak kilo, terus belok kiwo pas onok gapuro candi gede. Melbu kono terus ituti dalan ae. Engkok makame Fatimah Binti Maimun onok nang tengen dalan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2898", "text": "Wong indonesia wes ora asing maneh ambek sing jenenge Pecel. Nah panganan khas daerah Madiun iki wes dadi panganan sing terkenal nag endi-endi soale rasane sing enake orambloko. Mari ngunu sakliyane rasane sing enak, ono maneh sing luwih mantep maneh yaiki manfaate kanggo kesehatan. Nah manfaate yaiku teko kulup-kulupan sing digawe nag pecel maeng contone koyok toge sing duwe vitamin E sing fungsine kanggo kesuburane wong lanang ambek metbolisme awak. Terus kacang bleor sing iso ngedokno kadar gulo kanggo wong sing duwe diabetes, terus kemangi sing kenek kanggo ngilango abab sing ora enak, bayem sing kenek kanggo beningno moto ambek nguatno otot. Nah mangkane nag mangan pecel jelas iso sehat soale akeh sayurane", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "503", "text": "Salah siji prosesi nikah adat Jawa kui midodareni. Acara iki dilaksane neng omah pengantin wanita sedino sak durunge ijab. Acara midareni kui dijipuk seko kata widodari. Maksude, wong-wong biyen percoyo neng wengi kui para widodari utowo malaikat kui midun neng donyo. Widodari kui ngewehi kecantikan tambahan kanggo penganti wanita. Midodareni kui dilaksanake seko jam 6 tekan 12 wengi. Selama kui, para pengaten kui ora entuk turu. Pengantin pira sak kaluargo marani penganten wanita. Naging pas midodari iki, penganti wanita ora entuk metu seko kamar ketemu karo para tetamu. Midorani iki terdiri seko beberapa rankaian acara. Naging intine kui, pengantin pria lan keluarga marani kaluarga pengantin wanita kanggo nyatake utowo ngemantepke persiapan nikah sing bakal dilakoke sesok isuke.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9633", "text": "Wektu romadhon ora mung wong islam sing ngedum takjil gawe wong buka. nanging aku wingi pas ning dalan onok tekan gerejo daerah sidoarjo ngadakno dum-dum takjil ning bangjo. wayahku mandeg ning bangjo onok mbak mbak ayu ngekeki aku bungkusan jajan isine onok kurmo telu onok banyu putih onok lemper e onok kacang e sisan. sing dum dum takjil iki gowo gambar jenenge gerejone . baris ning ngarepe bangjo , onok sing bagian e mlaku-mlaku ngedum jajan e . onok sing nggowo salon lan mic ngomongi wong wong ning bangjo. wong wong bangjo yo rame wayah e kate maghrib. untung e wong wong sing dum dum takjil iku mau gowo akeh bungkusan e dadi yo ora kurang. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5589", "text": "Ning taun 2023, ana teknologi kanggo bisnis online sing perlu dibahas, yaiku SEO. SEO iki salah siji cara kanggo munggahake jumlah tampilan promosi industri utawa usaha sing ana ning internet. SEO iki marai mesin bisa nggolek web sing lagi dibangun iki miturut ukara kalebu kata kunci kamangka target penonton web uga munggah. Saiki, akeh perusahaan sing nggolek wong kerja kang duwe pengalaman karo SEO, utamane marketing. Wong sing kerja ning marketing iki duwe kerja sing gedhe kanggo ningkatake perhatian marang produk. Kamangka, saiki awak dhewe kudu bisa sinau babagan SEO amarga penting lan bisa ngasilake honor kang gedhe lan maksimal. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2304", "text": "Saiku akeh uwong-uwong sing tuku pangan nag pinggir-pinggir dalan. Opomaneh sing arane gorengan, panganan iki sak jane enak, tapi akeh ilmu kedokteran sing ngarane nag panganan iku iso garai kolestrol, darah tinggi, ambek asam urat. Tapi jarene wong-wong sing tuku, kabeh penyakit iku teko pengeran, janji mangane ora kakean yo ora masalah. Mangkane saiki awak dewek kabeh gelek metuki akeh wong sing dodol gorengan nag pinggir-pinggir dalan, mboh iku ngemper nak terase indomart, warung, rumah sakit sing akeh wong loro, ambek nggon-nggon sing sekirane akeh wong leren. Lah terus biasane digandengi karo ngombe kopi, es teh utowo campur, ambek rokok'an.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6695", "text": "Bus DAMRI saka bandara kuwi pancen kendaraan sing akeh manfaate amarga bisa ngeterake wong kabupaten saka bandara menyang panggonane. Bus DAMRI iki uga ana ning stasiun gedhe lan jangkauane luwih amba kaya misal ning Stasiun Tugu Yogyakarta sing nyediakake bus DAMRI menyang Bandara NYIA Kulonprogo. Bus DAMRI iki dadi alternatif. Nanging para penumpang saiki seirng sambat amarga bus DAMRI sering mogok lan uga rusak, kamangka bisa ngganggu wektu perjalanan. Seri bus DAMRI sing dinggo uga seri sing lawas kamangka ora awet lan cepet rusak yen dinggo teru tanpa perawatan sing bener lan rute sing adoh uga dalane sing wis rusak. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10181", "text": "Plesiran wonten Malioboro boten lengkap menawi dereng nyobi nitih andong. Andong menika kendaraan tradisional Jogja ingkang gadhah roda papat lan ditarik kaliyan jaran. Kendaraan tradisional menika saged ugi dipunpanggihi wonten Solo lan Klaten. Andong menika kendaraan ingkang terinspirasi saking kreta kencana raja-raja Mataram. Bentukipun mirip, nanging disesuaikan kaliyan kemampuan rakyat. Jaman biyen, tiyang ingkang nitih andong gadhah status sosial ingkang dhuwur. Werninipun andong wonten Jogja inggih menika soklat tuwa, ijem, lan jene. Kangge damel andong betah keahlian khusus amargi saben bagian andong didamel manual. Biasanipun andong didamel kaliyan abdi dalem Kraton ingkang sampun ngewarisi elmu damel andong kanthi turun temurun. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2872", "text": "Tarian daerah yaiku iso diarani jogetan sing ono nang daerah iku maeng, terus tarian iku maeng lahir utowo metu teko adat ambek budaya sing ono nang daerah kono maeng, terus tarian iku maeng biasane diwarisno turun temurun teko leluhur soale ono manfaate kango wilayah iku maeng. Tapi saiki wes akeh daerah sing kelangan utowo ora ono sing marisno tarain adat iku nang generasi penerusi soale generasi sing nerusno wes ora podo patik merhatikno ambek tarian daerah iku maeng padahal tarian iku sing dadi ciri khas daerah iku ambek sing duwe nilai-nilai utowo cerito sing dowo sing makili lahire daerah iku maeng. Mangkane saiki nag indonesia iki mulai ngelestarekno tarian daerah sing atene ilang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3161", "text": "Biyen sak durunge ono corona aku dolan nang Bali ambek koncoku. Nag kono iku ono wong sing selancar nang laut. Terus aku mikir, opo wong iku ora wedi ambek laut yo, terus nag kegulung ambek ombak piye opo gak mati. Terus olah raga iku termasuk olahraga sing paling blaheni soale resikone iku ora kenek diprediksi, iso ae mati, iso ae slamet, iso ae yo mok loro ngunu tok. Iku kabeh karek wong iku maeng beruntung opo ora. Terus sing garai medeni uwong yoiku ombake sing gedene ora karuan, tapi tambah ombak sing koyok ngunuku sing digoleki ambek uwong-uwong soale ancene dianggep tantangan sing kudune dilewati. Terus nag main iku yo kudu gawe pelampung soale ben iso ngadepi perkoro sing ora kepikiran.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4704", "text": "Sak rampunge film 5 cm tayang ing bioskop, akeh wong mulai gumregah pengen munggah gunung. Salah sawijine ya Gunung Semeru. Gunung paling dhuwur sak pulau Jawa iki pancen nyediakke pemandangan sing apik lan ora ditemokake ning panggon wisata liyane yaiki Ranu Kumbolo. Nanging apa sing diceritakake ning film kuwi ora kaya asline amarga ana bumbu-bumbu drama. Sing marai bedha kuwi ya jalur pendakiane, situasi, lan piye nggambarake Gunung Semeru. Nanging ananing film iki ora ngerusak anggepane wong marang Semeru. Gunung iki dadi gunung sing paling kondhang lan paling apik uga paling cocok kanggo wong sing seneng kemah lan munggah gunung. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4798", "text": "Hobi sing paling angel ditiru yaiku hobi-hobi sing ekstrem lan butuh piranti sing larang. Salah sijine hobi ekstrem kuwi paralayang. Paralayang iki bisa kalebu olahraga amarga mbutuhake fisik sing kuwat. Nanging akeh wong sing ndadekake paralayang iki hobi sing bisa nuwuhake adrenalin. Ora kabeh wilayah ning Indonesia nyediakake wahana paralayang. Sing paling terkenal ana ning Yogyakarta, Batu, Lembang, lan Bali. Hobi iki larang amarga ana asuransi sing kudu ditanggung lan mbutuhake pelatih sing profesional. Dadi yen kanca-kanca arep nyoba olahraga iki, wajib dikancani karo pelatih profesional lan kudu nyiapake mental sing kuwat amarga paralayang iki mbutuhake konsentrasi lan kebugarane awak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "483", "text": "Neng perayaan Idul Adha kui sing dadi acara utamane kui kurban. Khewan sing dikurbanke khewan-khewan ternak, sakliyane ungggas. Neng panggonku, khewan sing dikurbanke kui lembu lan wedhus utowo domba. Sing kurban taun wingi, masjidku kurban 7 lembu lan 3 wedus. Khewan kurban mau diiket neng tiang-tiang tendo nganggo tali tambang ben ora gampang ucul. Khewan sing arep disembelih mengkone bakal dipindah neng panggon jagalan sing ono lubang kanggo aliran getihe. Sak liyane kui neng kono ono panggon sing dienggo nguliti khewane, ngeresiki jeroan, ngetok-ngetok daginge utowo balunge. Yen wis rampung, daging, balung, lan jeroan, diplastik-plastike banjur lagi dibagi-bagike neng tetotonggo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9016", "text": "Gawe kakean uwong sing buru ae terjun nang fotografi, pasti onok siji hal sing marakno mereka kangelen, yaiku ngefoto pas bengi. Hal iku mergo pencahayaan pas bengi iku bener-bener minim dan marakno hasil sing dientokno gak masimal. Ngefoto pas bengi iku gak isok asal ngono ae. Kamera utowo objek sing digawe motret iku kudu diatur disik ben hasil sing dientokno isok apik. Koyok ngene carane gawe ngatur kamera DSRL pas bengi. Siji, atur bagian aperture nang angka sing paling tajem. Loro, sesuaino pengaturan white balance nang kameramu. Telu, ojok ngundakno level ISO kameramu. Papat, nganggo o focal length sing endek. Terakhir, kurangi efek flare, mending nganggo lensa wide angle.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1794", "text": "Nganggo kendaraan umum kui iso dadi salah siji carane kanggo ngurani dampak seko pemasanan donyo. Pemanasa donyo kui ono mergo panas seko srenge kui ora iso metu seko Bumi mergo ono gas sing mantulke balik. Gase kui dihasilke seko asep-asep sing metu seko kenalpot. Yen awak dhewe iso ngurani gas sing metu, artine awak dhewe iso ngurangi dampak pemanasane. Salah sijine kui awak dhewe ora nganggo kendaaran pribadi meneh. Misale, ono 30 wong sing tinggal sekomplek arep metu. Yen dheweke podo numpak kendaraan dhewe-dhewe artine, ono 30 kendaraan sing metu. Nanging yen dheweke podo numpak kendaraan umum kabeh, kanggo wong sak mono akehe mung butuh kendaraan siji. Makane kui, awak dhewe iso ngurangi dampak pemanasan donyo nganggo numpak kendaraan umum.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10090", "text": "Es puter lumrahipun dipanggihi wonten acara pernikahan wonten Indonesia. Es krim tradisional ingkang boten didamel saking susu menika gadhah artos ingkang jero kangge pasangan manten. Proses damel es puter ingkang terus diputer ngantos beku punika nglambangkake donga kangge manten supados kiat bertahan ngadepi maneka werni masalah nalika bebrayan. Senadyan saya angel dipunpanggihi, es puter tesih dados es tradisional Indonesia ingkang diremeni kathah tiyang. Wonten Jogja, es puter tesih saged dipunpanggihi wonten daerah Pakualaman, mliginipun wonten bakul ingkang sadeyan rujak es krim. Rujak ingkang raosipun pedes seger kaliyan es puter saking santen ingkang gurih lan asrep menika dados gabungan daharan lan unjukan ingkang unik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5158", "text": "Jakarta Barat, utamane wilayah Kota Tuwa, kuwi salah siji pusat kebudayaan ning Jakarta amarga dadi kutha pelabuhan. Ning wilayah iki terkenal karo kuliner lan panggon wisatane, nanging yen perkara oleh-oleh, Jakarta kurang ana promosi kaya wilayah Jogja, Bali, utawa daerah liyane. Sajane akeh oleh-oleh saka cinderamata kaya miniatur monas, miniatu mobil lawasan, lan miniatur ondel-ondel, nanging kerajinan iki kurang oleh perhatian saka pemerintah. Yen panganan, ana kembang goyang, dodol betawi, roti buaya, lan kue semprong. Camilan iki uga kalah karo oleh-oleh modern kaya bolu, brownies, lan sapanunggale. Kamangka kuwi, ayo saiki mulai lestarekake oleh-oleh tradisional lan aja sampe kalah karo oleh-oleh modern.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9673", "text": "Dadi wong pinter ora mung berarti bisa ngerjakna ujian, lan oleh biji paling apik. Nalika dadi wong pinter uga kudu wani lan kudu bisa anggone mbagi ilmune ning wong liya. Adin salah siji bocah sing paling pinter ing kelasku. Nanging dheweke ora medit blas kanggo mbagi ning kancane utawa ndudokne nalika kancane ana sing ora bisa. Pas iku kene kabeh lagi sinau kanggo ujian sing angel banget. Akhire Adin njelasne ning kene kabeh babagan materi iki. Bocah sak kelas langsung paham lan akhire bisa ngerjakne ujian iku kanti lancar. Sesoke bocah sak kelas langsung matur nuwun ning Adin, kabeh padha seneng. Apa maneh Adin, mripate binar-binar, eseme ora luntur, padha ngguyu kabeh, amarga seneng bisa ngewangi kancane kanggo sinau.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2372", "text": "Aku biasane nag pengen giling daging utowo nglembutno jagung sing atene digawe gimbal nganggo chopper. Chopper iku bentuke meh podo ambek belnder, cuman bedane nag gamane luweh landep ambek luweh gede-gede. Terus fungsine luweh akehan chopper timbang blender. Lapooh luweh akeh chopper? polahe chopper iku pelumat sing dirancang kanggo giling daging ben lembut. Sak liyane iku, Chopper yo kenek wae kanggo gawe jus. Terus yo kenek gawe blender daging utowo es batu. Dadi fungsine chopper iku luweh akeh. Tapi wong-wong jarang sing tuku chopper nag ancene mok buto digawe blender buah utowo mok gawe jus wae. Soale regane sing lumayan larang timbangane blender.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7336", "text": "Wudhu iku salah siji cara gawe nyucikno anggota tubuh nganggo banyu. Wudhu iki hukume wajib dilakoni ben kate sholat. Wudhu pun kudu sempurna cek sholate awak dewe isok diterimo karo gusti Allah SWT. Tata cara wudhu sing tepak iki koyok ngene. Siji, niat disik. Loro, basuh pergelangan tangan ping telu sampe sela-sela driji. Telu, kumur ping telu. Disunnahno sisan gawe ngehirup banyu teko irung. Papat, mbasuh seluruh rai. Limo, mbasuh lengen sampe sikut ping telu. Enem, mbasuh kepala ket ujung sampe tengkuk, mbari ngono mbalik maneh mengarep. Terus dilanjut ngusap kuping. Pitu, mbasuh pergelangan sikil sak sela-sela driji sampe mata kaki ping telu. Terakhir, moco dungo asak wise wudhu.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7760", "text": "Gak onok abang gak onok ijo, aku dijaki bapakku dolen nang panggon latiane koncone. Aku bingung, panggon latian opo ngono kan. Pas wes tutuk, dadakno iku panggon gawe latihan panjat tebing. Nang kono, onok tembok-tembok gede sing ditempeli watu-watuan sing bentuke macem-macem dan aneh-aneh. Jare bapakku, iku ngono watune dipeneki sampe tutuk ujung. Terus koncone bapakku nawari gawe nyoba latian. Awale aku gak gelem mergo wedi, tapi bapakku mekso dan akhire gelem gak gelem aku ngeiyani. Akhire aku dipasangi alat pengaman sing lengkap dan aku mulai nyoba manjat. Berhubung iki buru pertama kaline, dadine rasane loro kabeh sikilku. Suwe-suwe, moro aku wes tutuk setengah dalan. Tapi berhubung aku gak kuat, akhire aku njaluk culno dan aku langsung terjun ngono ae nang matras sing onok nang ngisor tembok iku mau.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6321", "text": "Urip ning perumahan iki kadhang uga ngerasa sepi amarga pager lan tembok sing dhuwur kuwi ngalangi interaksi tangga lan uga marai omah katon sepi. Kaya omahe Santi iki. Omahe Santi ana ning tengah kutha, yaiku ning perumahan gedhe sing ana ning Semarang. Senajan tanggane kuwi rame lan padhet penduduk, tanggane iki ora tau metu amarga sibuk ning kantor utawa kerja ning kutha liyane. Omah iki mung dadi omah singgah. Kamangka, sepisan dolan, Santi mesti ngunjungi panggonan sing adoh amarga melu kanca sekolah utawa dolan ning dulure. Santi uga pengen ngerasakake acara kampung sing raket lan uga bisa ndadekake cedhak karo tanggane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10109", "text": "Junk food alias daharan cepet saji kathah damel penyakit. Nyamikan ingkang boten sehat ugi diremeni sanget sakmenika. Pramila, kathah ingkang kenging penyakit obesitas, diabetes, kolesterol, lan kathah sanesipun. Kangge ngatasi masalah menika, dibetahaken ahli gizi. Tugasipun ahli gizi inggih punika nyaosi konsultasi bab nutrisi ingkang dibetahaken supados tiyang ingkang gadhah penyakit katemtu saged sehat malih. Ahli gizi ugi wonten spesialisasinipun. Wonten ahli gizi spesialis diet, ahli gizi masyarakat, kaliyan ahli gizi klinis. Sanesipun nyaranaken nutrisi ingkang sae kangge damel proses penyembuhan luwih cepet, ahli gizi ugi kedah saged nemtokaken teknik kangge ngolah bahan masakan supados nutrisi ingkang dipunserap dening badan langkung optimal. Rumah sakit kaliyan pengusaha katering ingkang sadeyan daharan sehat betahaken ahli gizi ingkang kados menika.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "894", "text": "Jaman saiki, yen awak dhewe pengen nonton pertandigan olahraga opo wae, awak dhewe ora kudu nonton langsung neng lapangane. Nganggo tekonologi sing saiki ono, awak dhewe iso nonton kui seko omah karo teturon neng duwur kasur. Emang awak dhewe ora iso nonton kabeh olahraga neng TV utowo gawai sing awak dhewe kanthi gratis. Ono pertandingan-pertandingan olahraga sing kudu awak dhewe bayar biaya langganan disik. Nanging tetep wae, awak dhewe ora kudu repot-repot nonton neng stadion kanggo nonton. Malah, awak dhewe iso nonton pertandigan sing kelewatan. Dadi wektune luwih fleksibel. Awak dhewe ora perlu wedi ketinggalan pertandingan sing arep awak dhewe tonton.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9044", "text": "Ceritane aku lagi ndelok vlog teko salah siji influencer sing asale teko Korea Selatan. Nang kono, de’e iku nge-vlog nang Sungai Han. Sak durunge nongkrong nang sungai kono, de’e nang toko semacam Indomaret gawe tuku jajan. Sak liyane iku, de’e tuku mie dan masak dewe nang toko iku sisan. Sing marakno aku kagum, nang kono iku wes onok alat gawe masak mie instan. Mek nganggo wadah alumunium, wong iku isok masak mie koyok nek masak nang kompor. Nek misal dipraktekno nang Indonesia, koyoke bakal akeh payune deh. Soale kan wong Indonesia iku hampir gak onok sing gak seneng mie instan. Terus nek isok masak mie nang ndi ae, maleh enak sisan. Dadi isok nikmati mie tanpa kudu nang restoran disik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3107", "text": "Aku ket cilik ancene senenge pol ambek ngelangi masio aku ora pinter ngelangi koyok konco-koncoku sing penggaweaha bluron sampek diklotor pakne kon ngaji polhae bluron ora mentas-mentas. Nah manfaate ngelangi iku maeng tibae akehe megilan koyok contone mbentuk otot ben otote kuat, terus dadekno awak ora klemon, mari ngunu yo iso nyehatno jantung ambek paru-paru soale nag ngelangi kan yo kudu iso ngempet ambekan barang mangkane paru-paru yo melok sehat sisan, terus iso ngendalekno stres utowo dadikno mentale sehat, terus ono maneh koyok iso ngatasi urat sing kecepit, terus iso kenek digawe terapi kanggo wong sing duwe ampek utowo asma, ambek akeh manfaat liyane iku maeng.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9298", "text": "Udang kuwi jinis kewan laut kang paling umum dipangan dening wong Indonesia saliyane iwak utawa ulam. Tekstur udang kang lembut pancen gawe rasa enak nalika mangan jinising seafood iki. Akeh jinis masakan kang bahan dhasare saka udang, kayata: udang asam manis, udang saus padang, bakso goreng udang, bakwan jagung campur udang, udang goreng tepung roti, lan sapanunggalane. Pranyata, kajaba gampang diolah dadi maneka warna masakan, udang duwe akeh kaluwihan, ing antarane: bisa ningkatake fungsi otak, bisa dadi srana ngendhani anemia, bisa dadi srana ngendhani gondok lan kemandulan, bisa ngewangi pembentukan sel tubuh, bisa nyegah penuaan dini, uga bisa ngendhani osteoporosis. Jebul udang duwe akeh manfaat ya, Ca? Ayo barang-bareng mangan udang, nanging samadya wae, mengko mundhak kolesterol yen aluamah, hahaha.\r", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5029", "text": "Ana sawijine crita kenabian yaiku crita Nabi Yunus sing dipangan iwak paus. Crita iki ora mung ana ning al-quran. Nanging ning alkitab uga ana crita iki. Nabi Yunus nyebarake ajaran marang umat sing ana ning Ninawa. Nanging, umat kuwi ora ngerungokake Nabi Yunus. Nabi Yunus wis nyerahake kabeh marang Gusti Allah lan njaluk azab kanggo umat Ninawa, banjur metu saka Ninawa lan numpak prau ning laut. Ning laut malah dipangan karo iwak paus tanpa ngeremukake balunge. Ning jero weteng paus, Nabu Yunus oleh hidayah ben ora ninggalake umate. Kamangka, saka cerita kuwi ayo padha neladani pelajaran babagan ikhlas lan ora oleh pasrah marang keadaan sing ana ning ngarep mripat. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6911", "text": "Akeh banget rumah makan coto Makassar sing onok nang kota Suroboyo. Jujur ae, mbiyen aku sampe bingung nggolek endi coto Makassar sing pas nang ilatku, soale ben restoran iku rasane bedo-bedo. Akhire aku nemu rumah makan coto makassar sing enak, yaiku nang Coto Makassar Daeng Kulle. Panggone nang daerah Peneleh, Genteng. Seperti umume, nang rumah makan dodole coto Makassar, sop saudara, ambek es pisang ijo. Sing aku seneng nek nang kene iku rasa cotone sing legit tapi seger, dadi kate mangan akeh pun gak bakal keroso eneg. Sop saudarane yo gak kalah enak, opo maneh nek ditambah bola-bola perkedel sing gurih banget. Ditambah ngombe es pisang ijo sebagai makanan penutup, lengkap wes kenikmatane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3267", "text": "Saiki nag endi-endi nag bahas masalah laptop mesti rame ambek sing sing jenenge SSD. SSD iku termasuk gantine HDD sing kanggo nyimpen data sing ono nang laptop. Nah alasan lapooh barik laptop saiki ganti nang SSD soale oleh moco data iku luweh apik ambek luweh cepet timbang HDD. Nah kenggulan SSD yo akeh koyok contone bantere oleh moco data, terus waktu lodinge iku ora suwe koyok HDD dadi luweh cepet, terus daya tahane nang panas ambek nang tatapan iku luweh apik, terus ono maneh sing garai wong sing senenge yaiku ora sepirooh ngentekno batu, terus sing terakhir yaiku ukurane sing luweih cilik timbang HDD ambek bobote barang luweh eneng timbang HDD.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3281", "text": "Saiki wes akeh pol berita sing bahas masalah teknologi sing apik kanggo lingkungan. Nah ulan wingi aku ora sengojo moro-moro moco nag saiki akeh ilmuan sing ngembangno teknologi sing jenege Artificial Intelligence utowo sing biasane disingkat AI. Nah teknologi iku ancene dikembangno ambek dirancang kanggo ngewangi menungso ben gampang urusane nag ngelakoni kerjo. AI iku nyontoh koyok pikirane menungso sing iso milih ambek ngenali suoron utowo iso mbade barang-barang sing ono nag sekitare. Terus teknologi iki biasane ono nang komputer ambek dikembangno nang jero komputers. Yo ancene sak beneri teknologi ngeniki ancene maen data, nag ora ngunu AI ora iso mlaku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7475", "text": "Tari kipas pakarena iki salah siji tari tradisional sing asale teko kerajaan Gowa Makasar, Sulawesi Selatan. Asale teko kata ‘karena’ sing artine dolen ambek ‘pa’ sing artine pelaku. Tari iki biasa ditampilno gawe bentuk promosi wisata daerah Sulawesi Selatan. Tari kipas pakarena iki dimaino ambek penari wedok jumlahe limo utowo pitung uwong sing nganggo klambi adat dan nyekel kipas. Tari kipas pakarena iki dadi salah siji tari tradisional sing paling estetik sing onok nang Indonesia. Hal iki mergo gerakan tangan ambek sikile lemah lembut dan ancen penuh estetika. Durung maneh kipas sing digawe properti nari dan biasane isok bentuk sesuatu sing apik banget.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9742", "text": "Rencong yaiku senjata tradisional sing asale saka Aceh. Senajan dadi senjata tradisional, rencong nduweni ukuran sing cilik kaya lading. Ing masyarakat Aceh, rencong dadi senjata sing penting gawe ngelawan walandi ing jaman jajahan. Gagang rencong nduweni bentuk aksara arab. Gagang rencong bentuke aksara ba, gagang sing gawe nyekele nduweni bentuk aksara sin, lancip sing mendisor nduweni bentuk aksara mim, pucuk wesi e ngelambangake aksara lam. Saengga sakabehe kesusun dadi kalimat bismillah. Rencong nduweni pucuk seng landhep. Rencong nduweni warna abu-abu lan ana sing warna coklat. Rencong biasane digawe kanggo acara rabi, meugang, peusijuek, tueng dara baro, intat linto lan sapanunggalane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "493", "text": "Masjid kui ora mung sekadar dadi panggon kanggo wong muslim salat. Masjid kui kudune dadi pusat peradaan lan pusat aktifitas masyarakat sekitare. Makane kui, masjid kui kudu duwe ruangan-ruangan tambah sak liyane panggon salat. Masjid kudu duwe ruangan sekre. Ruangan kui fungsine kanggo ruang rapat takmir lan kanggo nyimpen dokumen-dokumen sing ono hubungane karo masjid lan kegiatane. Masjid uga luwih apik duwe pawon dhewe. Pawone kui ora sing gedhe-gedhe. Paling ora iso cukup kanggo masak banyu kanggo godok teh lan goreng gorengan. Sing telu, masjid kui kudune duwe perpustakaan. Masjid ora mung kanggo awak dhewe ngejar akhirat naning uga perkoro donyo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10020", "text": "Dina iki Jerome duweni kesempatan kanggo ndelok langsung lomba badminton sing ana ing Istora Senayan. Jerome nggawa kanca-kancane sing seneng badminton kanggo ndelok Jojo, salah siji atlet badminton sing wis misuwur banget. Wis ora keitung piala sing digawa Jojo kanggo Indonesia ning lomba badminton ana ing ngendi wae. Jojo uga dadi inspirasine Jerome kanggo luwih semangat latihan badminton supaya bisa dadi atlet kaya Jojo. Jerome mesti nggumun ndelok carane Jojo main badminton kayata nalika ngelakoni smash, nalika serve, lan nalika ngelawan. Sawise rampung ndelok badminton ing Istora Senayan, Jerome langsung pindah panggon nuju ing lapangan badminton sing wis disewa sadurunge kanggo latian badminton.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5126", "text": "Ana lagu-lagu daerah sing khusus dinggo ning upacara adat. Salah sijine yaiku lagu sing judule \"Ratu Anom\" saka Bali. Lagu \"Ratu Anom\" iki nyeritakake babagan percaya marang usaha lan panguripane awak dhewe ning alam dunya. Lagu \"Ratu Anom\" iki dinyanyekake ning upacara adat Makepung, sawijining upacara adat ning Jembrana, wilayah sing wis terbuka karo akeh peradaban lan pambedha. Lagu iki dinyanyekake pas kabeh wong lagi balap kebo kanggo nambah semangat. \"Ratu Anom\" iki ya uga bisa dadi lagu penyemangat kanggo bocah sing lagi sinau. Lagu iki dipercaya bisa nyuksesake ujian amarga \"Ratu Anom\" dhewe kuwi artine ya wong enom sing dadi raja.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8988", "text": "Kabeh uwong jaman saiki iku gak onok sing gak butuh karo laptop. Keberadaan laptop iku suwe-suwe wes dadi kebutuhan primer, soale sitik-stik kabehe iku perlu laptop. Nek misal awakmu lagi nggolek laptop sing murah tapi fitur e wes apik, coba lirik Advan Soulmate. Laptop iki wes nganggo Windows 11, tapi regane iku mulai teko 2,4 juta ae. Terus, laptop iki wes dilengkapi ambek prosesor Intel Celeron N4020 utowo Gemini Lake N4020. Wes ngono, laptop iki wes dibekali ambek RAM DDR4 4 GB dan SSD 128 GB. Wes ngono, laptop iki nduwe sifat upgradable, dadi awakmu isok nambah RAM ambek SSD sesuai kebutuhanmu. Dadi gawe awakmu sing nggolek laptop anyar murah dan apik, pilih ae Advan Soulmate. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "924", "text": "Awak dhewe kui ora butuh sing jenenge laptop gaming, opo meneh awak dhewe dudu wong sing profesine kui gamer profesional. Yen misale, awak dhewe kerjo sing butuhke performa duwur koyo edit video, gawe ilustrasi, lan gawe animasi, mungkin isih cocok-cocok wae. Nanging yen didolek seko regone kui rodo ora masuk akal. Yen awak dhewe kebutuhane mung kanggo garap tugas utowo skripsi utowo ngetik-ngetik sing biasa ora butuh laptop gaming. Awak dhewe cukup nganggo laptop sing biasa. Kui wis cukup kanggo kebutuhane dhewe sak ben dino. Yen duwe duwit sing luwih, mending tuku laptop sing duwe fitur apik. Misale laptop sing iso dilipet utowo iso digawe dadi tablet. Opo tuku laptop sing tipis lan enteng dadi penak digowo-gowo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4023", "text": "Urip tonggonan iku termasuk salah sijine urip sing ancene gembulan ambek tonggo. Nah sing jenenge tonggo iku maeng termasuk wong sing ancene uripe iku mesti parek ambek omah utowo uripe wong sak liyane dulure utowo keluargane maeng. Yo ancene wong sing diarani tonggo iku mesti wong sing paling parek timbang keluarga dewe. Soale masio keluarga utowo dulur nag adoh yo mesti ora iso lapo-lapo nag ono opo-opo ambek dulure maeng. Dadi nag iso urip ambek tonggo iku kudu sing rukun ambek sing anteng ben ora ono perkoro elek sing kedaden. Soale saiki gelek wong sing ambek tonggo iku gegeran mergo perkoro sepeleh sing ancene kenek diarekno ambek kekeluargaan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5463", "text": "Olahraga sing duwe aturan luwih abot maneh yaiku tinju amarga tinju iki duwe aturan bobot lan kelas. Tinju iki wis ana wiwit jaman purba kanggo ngadu kekuatan, nanging mulai ditandingake ning Olimpiade taun 450 masehi lan dimenangke petinju pertama Yunani sing arane Theagenes saka Thaos. Jaman biyen, tinju iki isih nggunakake sarung tangan saka wesi. Banjur ning taun 1973, tanding tinju nggunakake aturan lan standar sarung tinju saiki mulai digunakake karo Jack Broughton saka Inggris. Olahraga iki uga kesohor ning para bapak lan diadaptasi dadi akeh jenis bela diri karo atlet liya lan nggunakake aturan sing bedha lan luwih bebas. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10130", "text": "Maneka warna wit buah tropis ingkang multifungsi kados klapa, gedhang, lan jambu kluthuk. Wonten satunggal malih wit buah ingkang kalebet multifungsi, inggih menika kates. Wonten wilayah Jawa ingkang ngangge basa Jawa Ngapak, sebatan kangge woh kates inggih punika gandhul. Witipun kates kalebet multifungsi amargi meh sedaya bagianipun wit saged dipunmanfaataken. Godhong kaliyan kembang kates saged dimasak dados janganan. Raosipun pait, nanging eca menawi didahar sareng sekul. Batangipun saged dados lalapan. Wohipun kates werninipun oranye. Wijinipun bunder alit-alit. Woh kates paling asring didahar langsung utawi didamel jus. Beta karoten wonten woh kates sae kangge kesehatanipun soca. Pabrik -pabrik produk perawatan kulit damel masker ingkang dicaosi ekstrak kates. Vitamin C wonten kates ugi sae kangge damel rupa langkung cerah lan alus.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9685", "text": "Umat Islam pesthine padha akeh ucap sokur lan bungah nyambut Idul Fitri. Bubar sewulan suwene pasa lan ngempet sakabene hawa nepsu dunya. Idul Fitri utawa nduweni teges dina kanggo atur lepat-kalepatan marang sanak kadang sadulur kabeh. Akeh masarakat kang bakal tumpuk undhung tekan ing salah sijine mesjid kanggo numindhakake Salat Ied. Salat sing mung dilakoni setahun sepisan kamangka mesthi rame banget. Rampungan salat kabeh uwong bakal ngadeg jumejer anjum tangan nyuwun sepura marang sapadhane. Ing Blitar tahun 2022 wingi sakwise rong tahun suwene COVID-19 masarakate katon semangat nggawa sakehe berkat kanggo didongani banjur dipangan bebarengan. Kamangka iku, Idul Fitri dadi wulan kang dipengeti kanthi raos sukur marang umat Islam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "925", "text": "Jaman saiki paling enak nganggo laptop sing campuran. Dadi laptop kui iso berfungsi koyo laptop biasa utowo layar iso dicopot dadi tablet. Model laptop koyo ngono kui luwih fleksibel. Yen awak dhewe butuh ngetik, awak dhewe iso nganggo mode sing nganggo keyboard. Yen awak dhewe pengen santai utowo lagi pengen golek hiburan, awak dhewe iso nganggo mode sing tablet. Mode tablet iki luwih penak kanggo nonton mergone ora kalangan keyboard lan iso dicekel luwih penak. Layare kui uga wis layar sentuh dadine koyo awak dhewe ngaggo HP wae. Dadi laptop jenis campuran iki paket komplit, laptop sing iso dienggo nyambut gawe lan uga kanggo hiburan pas lagi preinan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7382", "text": "Poso iki teko boso Arab berarti nahan diri. Tapi nek teko istilahe poso berarti beribadah nang Allah SWT dengan nahan diri teko mangan, ngombe, perbuatan buruk, ambek perbutaan liyane sing isok mbatalno poso ket mulai terbit fajar nganti terbename matahari. Poso sing wajib gawe umat muslim iku jenenge poso Ramadhan. Poso Ramadhan iku poso sing dilakoni pas bulan Ramadhan sing biasane 29 sampe 30 dino. Poso Ramadhan iki isok ngapus kesalahan utowo duso liyane sing tau diperbuat asal dilakonine ambek iman dan ngarepno pahala ambek ridhone gusti Allah SWT. Poso Ramadhan iki melbu nang rukun Islam sing kepapat, dadi kabeh umat Muslim bener-bener wajib ngelakonine. Nek gak ngelakoni, kudu ganti poso nang dino liyane sampe utang posone tuntas.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10011", "text": "Hadi nyenengi olahraga mlayu wiwit dheweke isih lungguh ana ing kelas 3 SD. Olahraga iki enteng kanggo Hadi, dadine dheweke saben isuk mesti mlayu kurang luwih 2-3 km. Nalika Hadi mlayu, dheweke nganggo sepatu sing kusus kanggo mlayu supaya luwih aman lan ora bakal nggarai tiba lan kecekluk sikile. Ora lali kanggo Hadi gawa jam tangan sing bisa ngukur kalori sing ilang amarga mlayu supaya Hadi luwih semnagat kanggo mlayu. Yen ana wektu, Hadi uga ngejak dulur-dulure kanggo mlayu bareng supaya padha seger waras. Hadi mesti ngomong yen mlayu iki dadi olahraga sing paling gampang dilakoni amarga ora mbutuhke alat sing aneh-aneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4762", "text": "Komplek museum Fatahillah iki salah sawijining museum ning Indonesia sing kesohor amarga keaslian, perawatan, lan kelengkapane. Museum iki ing jaman biyen fungsine kanggo Balai Kutha Batavia lan dibangun kaya Istana Dam ning Negara Londo. Ambane komplek museum iki luwih saka 1300 meter persegi lan isih cedhak karo Museum Bank Indonesia. Museum iki ana ning komplek wisata Kota Tua dibarengi karo komplek museum-museum liyane. Fungsine museum iki ya sak liyane kanggo hiburan ya cocok kanggo edukasi anak. Akeh wong tuwo sing nggowo anake ning museum iki ben ngerti babagan sejarah Indonesia lan sejarah Jakarta. Ana pemandu museum sing siyap njelasake apa wae sing ana ning museum kuwi. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "940", "text": "Pas kui, aku lagi ngenteni jadwal bioskop. Aku siji setengah jam luwih gasik seko jadwal sing ono neng tiket. TImbangane, aku ngenteni neng bioksop mending aku mlaku-mlaku neng mal wae. Banjur aku mlebu bagian super markete. Awale aku pengen delok bumbu-bumbu pawon. Aku ora arep tuku mung pengen delok wae ono opo wae bumbu sing didol neng kono. Nanging aku ora langsung mampir dono. Biasane pas awak dhewe mlebu super market neng mal kui, awak dhewe langsung ketemu bagian elektronik. Neng kono, aku langsung delok deretan mesin cuci. Aku dadi iling yen neng omah kui mesin cucine lagi rusak. Tak deloki regone mesin cuci neng kono siji-siji. Aku kepengen nukoke mesin cuci kanggo ibuku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4735", "text": "Hotel-hotel ning wilayah daerah iki bisa dadi fokus pemerintah kanggo ningkatake pendapatan amarga ana potensi kanggo berkembang. Nanging pandemi iki marai hotel daerah san saya kegusur. salah sijine amarga kurange perhatian marang protokol kesehatan. Hotel lan penginepan iki mung nyediakake hand sanitizer, nanging ora nyediakake masker. Alesane ya anggaran sing ora cukup amarga pemasukan pengunjung mudhun drastis. Kanggo mbangkitake bisnis perhotelan lan penginepan iki, pemerintah ora ngewenegi anggaran kanggo ngelaksanakake protokol kesehatan. Amarga kasus iki, akeh hotel lan penginepan daerah sing bisnise tutup lan bangkrut ing wayah pandemi corona. Usaha sing bisa dilakoni pemerintah yaiku mung ngelaksanakake revitalisasi hotel iki lan nyediakake program khusus pascapandemi gawe promosi pariwisata maneh. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "106", "text": "Sing pensaran arep jogging opo sante-sante neng Taman Kearifan, tak andani carane dono. Taman Kearifan kui cerak Fakultas Hukum Universitas Gadjah Mada, tepate ning sisih wetane fakultas kui. Sing kepisan, Sampeyan kudu ngerte sek cara mlebu UGM. Yen kui seko kidul, kowe iso lewat Bunderan UGM. Seko bunderan kui kowe liwat pintu masuk, lurus wae tekan mentok banjur belok nengen. Seko kono ngikuti dalan meneh tekan nemu bunderan sing luwih cilik. Seko bunderan cilik kui, isih ngetuti dalan sekitar 200 m. Bar kui, Sampeyan bakal nemu drojongan ning sisih tengen. Neng kono mudun. Yen Sampeyan pengen ning Taman Kearifan sisih lor kui iso belok tengen, yen pengen sing sisih kidul belok kiwo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2364", "text": "Jaman saiki kabeh usaha masakan kudu iso ambek pinter nawakno barang teko media sosial. Lah carane piye? yaiku kudu duwe foto sing iso gambarno masakan iku mangkane butuh sing jeneng food photographer sing iso dadekno foto masakan sing didol narik pelanggan. Jarene situs kompas, Wong sing profesine dadi Food Photographer iku dibutuhno kanggo usaha kuliner utowo masakan ben dagangane maeng laris. Soale, foto-foto sing didadekno iso garai uwong sing masi kepincut ambek foto sing didadekno maeng. Akhire akeh wong sing pengen ngerti rasane terus podo tuku ambek goleki panggonane. Nag jareku foto ancene mengaruhi carane promosine wong usaha masakan. Mulai teko gambare sing kudu iso geret pelanggan sampek iso garai pelanggan maeng kepincut kanggo tuku masakan iku maeng. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2731", "text": "wingi pas aku dolan nang Pare, kediri. Aku ora sengojo petuk ambek koncoku sing kurus nang kono. Bocahe maeng ketepak'an mangan, mari ngunu aku yo mangan sisan. Bocahe takok nang aku\" lapo nang pare?\". Terus aku jawa,\" Aku dolan lah, lah awakmu lapo nang kene?\" Bocahe jawa,\" Aku sinaulah ben pinter ambek golek pengalaman, kan podo ambek perintahe nabi,\" golek'o ilmu awit awakmu lahir sampek awakmu mati\". Terus aku jawa \"owalah iyo bener iku\". Nag dipikir-pikir ancene bener, kabeh wong sing nag dunyo iku butuh ilmu sak akeh-akehe digawe ngadepi urip nag masa sing atene teko. Soale bedo jaman ilmune yo bedo soale ilmu iku berkembang terus ora ono mandeke.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6908", "text": "Onok sing seneng mangan gedhang? Eroh gak nek gedhang iku termasuk nang kategori superfood sing akeh banget manfaate gawe kesehatan. Ning njero gedhang iku akeh banget nutrisi sehate. Siji, kandungan kalium sing duwur apik banget gawe kesehatan otak. Loro, kandungan gulo alami isok marai tubuh luwe berenergi. Telu, kandungan serat sing duwur isok ngelancarno saluran pencernaan. Papat, kandungan antioksidan sing isok ngelindungi kekebalan tubuh cek gak gampang kenek radikal bebas. Limo, kandungan pektin isok ngendalokno kadar gula darah tetep seimbang. Enem, kandungan asam amino triptofan ambek vitamin B6 isok ngerangsang produksi hormone serotonin sing isok ngatasi stress. Terakhir, mengandung karbohidrat jenis resistant starch sing isok marai weteng wareg luwe suwe. Dadi mulai saiki sing akeh mangan gedhang cek tetep sehat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9259", "text": "Nyamikan sing biasane dadi suguhan nalika ana pasamuwan apadene pepanggihan ora liya ya jajanan pasar. Maneka warna jajanan pasar saka sing gurih nganti legi cacahe werna-werna, ing antarane: arem-arem, lemper, lumpia, klepon, jadah tempe, mata kebo, gathot thiwul, lupis, dadar gulung, lan sapanunggalane. Nanging ana saperangan panganan kang aku kurang seneng kaya lépét jagung lan cemplon. Lépét jagung kuwi panganan kang asale saka parutan jagung cinampur karo terigu, maizena, gula, lan uyah. Cara masake didang, rasane legi. Wondene cemplon kuwi asale seka parutan tela cinampur krambil, gula, uyah, dinei isi gula jawa cair. Anggonku ora seneng panganan loro mau udu merga kuwi panganan murah apadene ora enak, nanging tekstur panganan mau kurang daksenengi. Lumantar tulisan iki aku ngajak kanca-kanca supaya ora pilih-pilih nalika mangan jajanan pasar, sapangerti panganan kang dianggep ora enak justru bisa dadi favorit ing tembe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5530", "text": "Wong ning desaku lagi padha mumet amarga saluran siaran wis mulai dipindahake ning digital lan kudu nggawe alat sing bisa mancarke sinyak digital, padahal ning desaku uga isih akeh sing nggawe TV tabung, yaiku para wong sepuh. Amarga kuwi, Pak Kades nggalakake Karang Taruna mbentuk timses kanggo ngopeni permasalahan iki ben warga uga ora ketinggalan informasi. Bocah enom ning desaku ana sing tugase dadi penguhubung toko elektronik sing bisa nyediakake alat, ana sing bagian masang, uga ana sing bagian nukokake alat lan njelasake babagan pentinge perubahan iki. Aku dhewe bagian sing wara-wiri marang kutha nukokake alat lan kadhang uga mbantu masang.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7009", "text": "Sopo sing pingin preian nang wisata alam sekaligus isok entok ilmu anyar? Kon kabeh isok nang Kebun Teh Wonosari. Panggone nang daerah Singosari, sekitar 20 km teko exit tol Lawang. Nang area kono, mulai teko wisata alam, penginapan, sampe pabrik teh onok nang kono kabeh. Nang wisata alame onok beberapa wahana sing isok dinikmati, koyok kolam renang, jalur gowe, jalur trail, ambek outbound. Terus awakmu yo isok berkunjung nang pabrik teh nek pingin eroh sejarah kebun teh iku sampe ndelok langsung cara pembuatan teh ndek kono. Nek semisal awakmu gak kepingin iku kabeh, mlaku-mlaku nang tengah kebuh teh tok ae wes isok ngerileksno pikiran sing wes sumpek banget. Dadi ngenteni opo maneh, ayo preian nang Kebun Teh Wonosari.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4636", "text": "Ning omah, aku seneng nggawe ager-ager. Aku biyasane nggawe jajanan iki yen lagi pengen panganan sing legi. Sak durunge masak, sing tak siyapna iku ana ager-ager bubuk, banyu, karo gula. Perbandingan ager-ager karo gulane kuwi 1 banding 1 gelas gula cilik. Utawa nek pengen legi, bisa ditambah maneh. Yen banyu, perbandingane kanggo sak porsi, bisa nganggo 4 gelas banyu. Yen pengen enak, ya bisa uga banyune diganti susu utawa ditambah susu bubuk. Yen manut tata carane ning kemasan, bahan-bahan kuwi mau digodhok kanti umeb. Sak durunge dilebokake kulkas, ager-ager iki kudu diademno dhisik ning nduwur cethakan ben ora rusak teksture. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5151", "text": "Pas preian sekolah, Ani dijak mlaku-mlaku marang Pekalongan karo ibune amarga ana acara keluwarga. Pas lagi ning panggon acara, Ani disuguhi salah siji panganan yaiku apem kesesi. Apem iki bedha karo apem sing biyasa didelok Ani ning Jawa Timur. Apem iki warnane coklat lan rasane rada kecut legi saka rasa nangka. Rasane enak lan ora mblengeri kaya apem biyasa sing luwih gurih lan kuat rasa santene. Ani sing biyasane ora seneng apem, bisa njupuk luwih saka loro. Banjur dekne ditawani tuku apem pas balik saka omahe dulure. Ani ya gelem wae tur apem iki luwih awet dadi bisa dipangan sesuk lan ora gampang mambu. Yen pengen anget ya dikukus maneh. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "835", "text": "Aku iki sak jane ora iso-iso banget renang. Aku seneng olahraga kui. Aku ngeroso koyo dadi cah cilik meneh sing seneng dolanan banyu. Aku ora patio iso olahragane Michael Phelps iki, nanging tetep kepengen terus. Sing marake aku ora iso kui, soale aku wedi mripatku kelebonan banyu. Pas lagi renang terus mripatku keroso perih ngono, aku dadi ngeroso panik. Makane kui, alat renang sing tak butuhke banget kui koco moto renang. Nanggo koco moto kui, aku dadi iso ngebuka mripatku gedhe-gedhe senadyan neng jero banyu. Biasane yen ora nganggo alat kui, aku merem pas renang. Padahal renang pas renang kui rodo bahaya, soale awak dhewe renange iso mencong neng endi-endi lan nabrak wong liyo utowo kejedug pinggiran kolam renang.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "826", "text": "Susi Susanti kui atlet bulu tangkis seko Indonesia sing gawe harun jejeng bangsane dhewe. Susi dikenal sebagai atlet sing akeh ngejuarai pertandingan badminton kategori tunggapl putri neng tingkat internasional. Dheweke dadi berbakat koyo ngono kui mergo latian sing sregep. Carane ben awak dhewe iso dadi atlet sing jago koyo Susi Susanti kui ono beberapa hal sing iso awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sregep latian. Pas isih sekolah, dheweke latian seko sak durunge mangkat sekolah. Latian kui dilanjutke seko jam 3 sore tekan jam 7 wengi. Sing keloro, awak dhewe kudu duwe wong sing dukung. Susi Susanti kui didukung banget karo wong tuwane. Sing ngancani lan ngatur latian Susi kui yo wong tuwane.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9321", "text": "Wis seminggu anggone Wulan ujian. Rasa jeleh teka lan Wulan pengin muter-muter daerah Jogja kanggo ngilangke rasa jeleh lan pegel marine ujian. Sadurunge mutusake meh dolan nandi, Wulan golek sik ning internet endi panggon wisata sing lagi viral. Akhire Wulan nemu Heha Sky View sing ana ing Gunungkidul. Ora kesuwen, Wulan langung sepedaan menyang panggon iku. Dalan kanggo nuju Heha Sky View ora angel lan gampang digoleki nganggo google maps. Nalika tekan Heha Sky View Wulan kaget amarga bisa ndelok pemandangan kutha Jogja saka ndhuwur lan iku apik banget. Apa maneh yen mrene pas sore dadi bisa ndelok oren semburate srengenge sing lagi mudun.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7364", "text": "Al-Qur’an iki kitab suci utamane gawe umat Islam. Kitab iki dituruno karo Allah SWT nang Rasulullah Muhammad SAW melalui malaikat Jibril. Kitab iki terbagi dadi 114 surah terus ben surate terbagi nang beberapa ayat. Gawe awak dewe umat Muslim kudu ngeyakini nek Al-Qur��an iki kitab suci sing paling sempurna di antara kitab suci liyane, gak onok sing isok ngalahno. Nang njero kitab iki, sembarang kalire onok dan wes onok aturane kabeh. Mulai teko hal cilik koyok nek kate turu iku kudu moco dungo opo, sampe hal sing paling njelimet sak jagat raya koyok hukum pembagian warisan, kabeh onok nang Al-Qur’an.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7868", "text": "Awakmu pasti tau ngeroso pegel nek ben kate ngerungokno lagu nganggo headset, kudu ngelurusno kabel e disik nek pas ketepakan lagi mbulet. Utowo awakmu gak isok obah bebas pas ngerungokno lagu mergo ketahan kabel e headset iku mau. Solusine iku siji, nganggo True Wireless Stereo utowo disingkat TWS. TWS iki kasarane headset, tapi gak atek kabel. Disambungnoe iku nganggo Bluetooth. Nek wes nganggo TWS, awakmu isok obah dengan bebas dan gak bakal ruwet karepe dewe. Wes ngono, TWS iku onok panggon penyimpanane dewe, dadi gak onok maneh drama kabel headset mbulet. Dadi ayo rek beralih nang TWS gawe ngerungokno lagu sing luwe damai. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4684", "text": "Jeruk purut iki tanduran sing duwe akeh manfaat ning bidang masak lan pengobatan. Ora mung buah, nanging ya godhonge bisa dadi bumbu masakan sing enak. Ambune khas lan bisa nyedepake panganan. Nanging ana sing kurang bisa masak nganggo jeruk purut amarga bisa ngasilake rasa sing pait. Balungane godhong kuwi bagian sing bisa marai pait dadi kudu diilangi. Uga kulit jeruk purut kuwi kulit lan wijine marai pait. Mula pas masak, kudu didelok disik ben ora ngrusak rasa. Masio jeruk purut ngasilake panganan uga ombenan sing seger, ora kabeh wong bisa ngerasakke jeruk purut amarga ora betah ngerasakke getire ning ilat. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9222", "text": "Ombenan strawberry korean milk saiki lagi misuwur banget amarga wong-wong lagi padha seneng ndelok drama Korea. Hawa Indonesia kang panas banget cocok kanggo ngombe ombenan seger iki. Ombenan kang digawe saka susu lan strawberry iki luwih enak yen ditambahi karo es batu. Rasa sing dirasakno karo ilat lan gorokan nalika ngombe iki yaiku legi, kecut lan seger. Susu sing digawe kanggo nggawe ombenan iki bisa macem-macem sing penting yaiku aja susu bubuk.Strawberry sing digawe uga sembarang kalir macem strawberry sing penting ora bosok. Mung rong bahan iku mau, kowe wis bisa njajal kepiye enak lan segere ombenan iki lan bisa digawe saka omah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3168", "text": "Wong sing nyelang mesti kudu duwe roso kendel ambek wani ngadepi banyu. Soale nag wong sing ora wani ngadepi banyu palang ora atek budal nyelam. Nah kanggo wong sing pengen nyelam yo kudu duwe alat nyelame maeng ben selamet. Nah alate maeng iku koyok Masker, Snorkel, Fins, Boots, Rompi apung, Pakaian Selam, Sabuk pemberat, Pisau selam. Nah kabeh iku maeng ancene anjuran wong sing wes pengalaman kanggo bidang penyelaman. Mangkane ben nyelame iku maeng aman yo kudu dituruti anjuran iku maeng ben selamat soale nyelam iku resikone gedene pol. Mangkane kabeh saran kudu dilakoni ben nyelame maeng anteng terus ora ono perkoro sing ora dikarepno iku metu.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7881", "text": "Gak onok abang gak onok ijo, moro koncoku dolen nang omahku. Awale awak dewe mek nonton film, suwe-suwe bosen terus luwe sisan. Akhire aku mutusno gawe nge-gofood ae soale nang omahku gak onok panganan blas dan aku lagi males masak. Moro-moro aku gak sengaja nemu popcorn sing siap dimasak nang microwave. Koncoku langsung ngongkon gawe masak iku sisan. Akhire popcorn iku mau tak lebokno terus tak masak nang microwave. Cuma pas setengah dalan, moro onok muni koyok mbledhos teko njero microwave e. Pas tak delok, onok percikan genine. Langsung tak cabut ngono ae microwave e dan aku yo gak wani njupuk popcorn sing onok nang njero. Pas koncoku takon endi popcorn e, aku njawab gak wani njupuk e soale mau microwave e kate mbledhos.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8113", "text": "Kerjo nang kantor iku yo ngelakoni tugas sing dikeki teko pihak kantor iku mau. Pekerja nang kantor iku gak mek onok sak jenis tok, tapi onok beberapa tipe pekerjaan. Siji, magang. Magang iki kegiatan pelatihan kerja ndek ngisor instruktur sing luwe berpengalaman nang siji perusahaan. Loro, kerja sukarela utowo volunteer. Volunteer iku kegiatan berkontribusi nang suatu kegiatan sing didasari keinginan personal. Telu, kerja lepas alias freelance. Freelance iku pekerja sing nduwe kegiatan kerjaan sing gak terikat ambek wektu. Papat, paruh wektu. Pekerjaan paruh wektu iku nduwe bates wektu sesuai perjajian ambek perusahaan. Biasane wektune iku separuhe teko pekerja penuh wektu. Limo, penuh wektu. Istilahe yo koyok karyawan kantoran pada umume. Terakhir, kontrak. Podo koyok pekerja penuh wektu, cuma masa kerjane iku dibatesi ambek kontrak sing wes onok nang perjanjian awal.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5555", "text": "Ning jaman saiki, kamera profesional kuwi bakal kalah lan ora penting tinimbang bakat motret utawa teknike. Wong sing duwe kamera apik nanging ora bisa motret mesti bakalan kalah karo wong sing kamerane biyasa wae nanging teknike wis apik banget. Sing paling penting saka fotografi uga jam terbang lan kemampuan kanggo mbidik objek kanthi bisa dipotret nganggo pengaturan kamera sing pas. Wong sing wis profesional mesti mbutuhake wektu kanggo ngasilake foto sing apik amarga kudu nggatekake babagan obyek, cahaya, lan sudut pandang ben tetep imbang. Kamera sing digawe uga miturut kebutuhan kaya kamera SLR, DSLR, lan jenis digital liyane ben bisa weruh hasil gambar langsung. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "459", "text": "Sak ben sasi Desember, akeh umat muslim sing debat ukume ngucapke slamet natal. Wong sing ngomong oleh kui nganggo alesan toleransi lan Islam kui agama sing penuh rahmat. Neng sisih liyo, wong sing ngelarang ngucapke slamet natal kui dasare surat Al-Kafirun; agamamu kui agamamu, agamaku kui agamaku. Wong sing ngucapke slamet neng perayaan nonmuslim kui diangep ngedol aqiadah utowo kepercayaan. Padahal, babagan kui ora perlu didebatke. Debat koyo ngono kui malah iso nambah ruwet hubungan antar golongan umat muslim sing wis buntet iki. Luwih apik, awak dhewe ngelakoni opo sing awak dhewe yakini lan ora usah mekso opo sing awak dhewe yakini kui neng wong liyo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "589", "text": "Mbah Marijan kui salah siji tokoh adat seko Yogyakarta sing kudu awak dhewe dadike panutan. Mbah Marijan utowo sing duwe gelar Mas Penewu Surakso Hargo kui duweni sifat sing wani nyekel amanah sing diwehi marang dheweke. Piyambakipun juri kunci Gunung Merapi sing sedo mergo erupsi gunung kui taun 2010. Erupsi Merapi pas kui emang sing paling gede seko beberapa taun kepungkur. Dampak jeblukan kui luwih parah seko erupsi taun 2006. Senadyan, dampake kui gedhe banget, Mbah Marijan berusaha ora gawe penduduke neng sekitar Merapi kui panik. Bar dheweke mengevakuasi warga-warga neng tempat sing aman, dheweke tetep tinggal neng omahe. Kui Mbah Marijan lakoke mergo dhewe isih nyekel amanah dadi juru kunci Merapi. Keberanian iki sing kudu awak dhewe tiru seko Mbah Marijan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9014", "text": "Akhir-akhir iki, lagi rame banget sing mbahas tentang kamera teko hp Samsung S22 Ultra. Sing paling marakno heboh iku fitur zoom sing onok nang kamera iku hasile tetep isok jernih dan gak pecah blas, padahal wes di-zoom sampe 100x. Ndelok iku, aku dadi nuaksir pol ambek kamera ne hp Samsung S22 Ultra. Onok alesan opo’o hasil zoom teko kamera iku ketok juernih pol. Soale nang kamera iku ngandelno kombinasi rong kamera telefoto periskop 10 MP ambek kamera telefoto 10 MP ambek sistem AI sing onok nang chipset Snapdragon 8 Gen 1. Dan fitur sing koyok ngono iku mek diduweni ambek Samsung tok sejauh iki. Makane gak heran nek mulai akeh uwong sing ngincer hp iki, soale kamerane seapik iku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4003", "text": "Urip nang dunyo iku mesti ora karoan rasane. Nah sing jenenge urip ambek pasangan iku mestine akeh tantangane awit teko dadekno siji pemikirane, polahe urip, ambek liyane iku yo ewoe megilan. Tapi masio urip ambek pasangan iku akeh tantangane, akeh wong sing pengen rabi ambek pengen golek pasangan mergo pengen ngerasakno duwe pasangan, nag wes duwe pasangan bingung tibake rasane urip ambek pasangan iku ora iso bebas ambek lapo-lapo iku ora iso sak enake dewe, ate mrono digoleki, ate nangdi-nagdi mesti digoleki. Yo ancene sing jenenge urip pasangan iku yo mesti ora karoan. Mergo uripe wong sing pasangan iku kudu iso gabungno uripe wong loro dadi siji.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6975", "text": "Nek awakmu nang pawon, pasti isok ndelok sembarang kalir maceme alat masak koyok panci, wajan, dan liyan-liyane. Terus opo’o sih kudu diciptakno wadah gawe masak sing bedo-bedo? Opo’o gak kabeh dadi siji? Dadi, ben wadah masak iku diciptakno cekne memasak jenis panganan tertentu iku luwe maksimal. Semisal koyok nggoreng nugget, yo paling apik nang wajan utowo panci khusus penggorengan. Nek nggoreng nugget nganggo teflon, yo matenge bakal suwe banget. Terus ngerebus sayur, yo paling apik nang panci. Nek nganggo wajan, isok-isok banyune gak cukup dan malah amber-amber. Utowo numis sayur, yo paling apik nang teflon. Nek nganggo panci iku sakjane isok, cuma kudu ndelok menjero disik buru weroh iku wes mateng ta durung. Nek nganggo teflon gak usah repot soale permukaane datar, dadi isok didelok langsung.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2400", "text": "Minggu wingi pas dolan ambek koncoku nang tawangmangu. Aku mampir sisan nang panggonan wisata sing jenenge air terjun grojokan sewu. Polahe pengen weru ambek ora tau dolan nang daerah kono. Akhiri aku jajal mlebu ambek bayar tike 15 ewu sak parkire. Pas mlebu panggonane lumayan apik. Wit-witan pinus sing duwur-duwur ngumeti dalan. Mari ngunu pas atene tutuk air terjune tibak'e uwakeh bedes-bedes pating petingkrik nag uwit-uwit. Koncoku wedine pol, soale hp-ne tau disaut ambek bedes pas dolan nag bonbin biyen. Mari ngunu pas tutuk ponggonane air terjun-ne. Tibak'e uwapik tenan panggonane, air terjune ora ngecewakno lah. Soale banyune yo gede ora banyu got sing milih teko duwur. Terus nag kono yo ono pengawase, jagani nag pengunjung diganggu karo bedes-bedese. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7448", "text": "Suku Dayak iku nduwe akeh banget macem-macem senjata tradisional. Salah sijine iku dohong utowo duhung. Senjata sing siji iki dadi senjata paling tuwo sing diduweni suku Dayak, tepate suku Dayak Ngaju. Akeh banget masyarakat sing gak eroh keberadaan senjata sing siji iki. Beberapa masyarakat Dayak ae sampe onok sing ngiro nek senjata iki tercipta sak durunge manusia onok nang bumi saking tuwone. Mbiyen senjata iki sempet digawe senjata gawe perang pisan ambek beberapa leluhure suku Dayak. Berhubung tambah suwe senjata sing siji iki wes langka banget, dadine senjata iki mulai dilestarino. Dadi gawe awakmu sing eroh informasi tentang iki, isok banget disebarno cek tambah akeh uwong sing eroh eksistensine dohong iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10183", "text": "Sampan menika asmanipun prau saking Tiongkok ingkang bagian dasaripun lempeng. Kadang, sampan ugi gadhah atep alit wonten inggilipun. Sampan gadhah artos tiga papan amargi sampan didamel kangge papan ingkang cacahipun tiga ingkang dados tiga bagian sampan, inggih menika bagian dasar, tengen, lan kiwa wonten sampan. Prau alit menika tesih dipunangge kaliyan masyarakat ingkang tesih tradisional wonten Asia Tenggara kados Vietnam, Indonesia, Malaysia. Warga Bangladesh wonten Asia Selatan ugi tesih wonten ingkang migunakaken sampan. Dayung, galah, layar, utawi mesin saged dados penggerak kendaraan ingkang biasanipun digunakake kangge keliling wonten wisata alas mangrove utawi sajinisipun. Prau sampan boten saged dibeta berlayar wonten laut amargi bentukipun boten sesuai kangge cuaca ekstrim. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3519", "text": "Kerjo nang kantor iku ora kenek sak karepe dewe masio wes dianggkat dadi pegawai tetap. Masio wes tetap tetp kudu nurut ambek aturan sing ditetapno nang kono masio iku ketoke angel ambek abot dilakoni. Tapi sing jenenge aturan yo tetep aturan, opo maneh aturan iku sing marakno awakmu iso kerjo nang kono yo kudu dituruti. Dadi nag ancene wes ketrimo kerjo nang kantor yo wes ora atek macem-macem soale nang kantor nag kakean polah yo sido disikut koncone utowo disaduk metu terus nag wes ngunu mesti golek penggawean iku angel. Soale jenenge iku wes elek ambek kantor iku mesti kerja ambek kantor liyane utowo konconan karo kantor liyane sing akhire dadekno jenengmu iku dikenal ambek kantor liyane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6924", "text": "Gerd iku wes dadi penyakit sing akeh diidap ambek wong-wong. Alternatif pengobatane pun muacem-macem, salah sijine iku ngonsumsi banyu jahe. Jahe iki onok kandungan fenolik sing isok ngeredahno iritasi gastrointestinal terus ngurangi kontraksi lambung. Dadi jahe iku isok ngurangi asam sing ngalir teko weteng nang kerongkongan. Cara nggawe banyu jahe yo gampang. Pertama jahe digeprek disik, terus rebus banyu. Nek banyune wes umep, lebokno jahe sing wes digeprek mau, terus dimasak sekitar 5 menitan. Nek banyune wes berubah werno, pateni api terus jarno banyu rebusane sampe adem, baru disaring. Nah banyu saringane iku mau diombe bendino. Paling apik diombene pas isuk sakdurunge sarapan. Isok diombe pas panas utowo adem, sesuai selera ae.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8692", "text": "Suroboyo Bus iku layanan transportasi bus berfasilitas modern nduwene Pemerintah Kota Surabaya. Bus iki diperuntukno gawe transportasi umum koyok bus kota nang kawasan metropolitan Kota Suroboyo. Layanan iki diluncurno ambek Pemkot pas tanggal 7 April 2018 dan koridor awal berupa rute loop koridor R1-R2 rute Terminal Purabaya—Rajawali (pulang pergi). Mbari ngono, tambah suwe koridor e ditambahi maneh gawe maksimalno fungsi transportasi umum nang kota iki. Siji, R3-R4 rute Unesa—ITS. Loro, R5-R6 rute Gunung Anyar Timur—Kenjeran Park. Telu, R7-R8 rute Joyoboyo—Tambak Osowilangun. Papat, R9-R10 rute Joyoboyo—Tunjungan. Terakhir, SBT rute Purabaya—Tembaan. Kantor pusat Suroboyo Bus iku onok nang Gedung PNR Mayjen Sungkono.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5594", "text": "Ana barang saka pemerintah sing sajane salah sasaran, yaiku kompor listrik. Program kompor listrik iki sajane ya nguntungake amarga bisa ngurangi gas sing dinggo, nanging uga angel yen dilakoni amarga ora kabeh wong nduwe listrik ning omahe. Daya sing dibutuhake kanggo listrik iki uga gedhe lan marai boros. Gas subsidi iki uga isih dadi alternatif sing kuat jaman saiki senajan akeh warga sing ngewenehi protes gedhen amarga regane sing saja mundhak. Indonesia iki uga sajane durung siyap pindah saka kompor gas marang kompor listrik. Nanging pemerintah iki wis kesusu ngumumake amarga kanggo manfaatke produksi nikel ben ora diekspor marang negara liyane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "841", "text": "Neng sekolahan kui, ekskul sing paling unik kui peleton inti utowo sing biasa disingkat tonti. Tonti iki siji-sijine ekskul sing ora iso dipilih. Anggota tonti sing anyar kui dipilih seko kakak kelas sing luwih tuwo. Seleksine kui dilakoke pas latian baris-berbaris. Latian iki wajib kanggo murid anyar kelas 10. Latian baris-berbaris iki dadi bagian masa orientasi siswa anyar. Latian kui dilaksanake pas bali sekolah, seko jam 3 tekan jam 5 sore. Latian kui dilakoke sakben dino selama seminggu. Selama seminggu kui, awak dhewe didelok siji-siji sopo sing kiro-kiro iso dadi anggota tonti sing anyar. Kriteriane kui sing paling utama perawakan lan gerakan neng jero barisan. Nah, pas dino terakhir kui, siswa-siswa anyar sing dipilih seko kriteria mau diceluk siji-siji lan diumumke bakal entuk pelatian tambahan ben iso dilantik dadi peleton intin SMA 5 Yogyakarta, Pascagara.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6628", "text": "Babagan ternak kuwi kadhang uga marai tangga risih. Ana wong sing ngopeni ternak nanging malah ngerusuhi tanggane kaya mbuwak sisa panganan lan uga kotoran ning teras. Kadhang kewan kuwi uga nyolong panganan kaya gabah utawa jagung sing dipepe. Kamangka, pemerintah nggawe aturan babagan urip karo tangga sing duwe kewan ternak iki. Tetanggan nduweni kewan ternak iki senajan masalahe cilik, nanging bisa dadi gedhe. Ning sosial media kuwi uga ana ning nganthi mbeleh pitike tanggane sing sering marai rusuh. Kamangka, yen duwe kewan ternak, luwih becik awake nggawe kandang sing apik lan ora ngganggu tanggane lan ora marai masalah sing bisa gawe padu. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "500", "text": "Pas neng kelas 3 SMA, aku lan konco-konco sak kelas gawe simulasi proses nikah kanggo adat Jawa. Simulasi utowo prakek iki dadi salah siji biji ujian praktek kelulusan mata pelaharan basa Jawa. Awak dhewe ngerancang simulasine kui selama 3 minggu. Awak dhewe bagi-bagi tugas ono sing gawe dekorasine, ono sing golek piranti kanggo upacara adate, lan sak panunggalne. Awak dhewe uga bagi peran ono sing dadi mantene, ono sing dadi wong tuwane, ono sing dadi saksi, ono sing dadi penghulune, ono sing dadi paes ageng, lan ono sing dadi prantacara, sisane dadi tamu. Acara kui awak dhewe adeke bar rampung sekolah. Awak dhewe seneng banget iso ngelakoke iki bareng-bareng sak durunge lulus.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7827", "text": "Laptop iku gampang banget debuen, dan iku kudu rajin diresikno. Laptop sing jarang diresikno, engkok debune bakal melbu nang njero mesin laptop e dan marakno cepet rusak. Onok salah siji cara gawe ngeresikno laptop sing gampang tapi isok resik puol, yaiku nganggo slime. Slime iku gak mek digawe dolanan tok, tapi isok digawe ngeresikno laptop sisan. Carane iku mek garek templekno slime nang duwur keyboard laptop, terus jarno sampe nyebar nang kabeh permukaan. Nek uwes, alon alon angkat slime iku mau sampe gak onok sing kantil nang sela-sela keyboard e. Kabeh kotorane engkok bakal kantil nang slime iku kabeh. Engkok bagian layare isok dilap nganggo tisu utowo kain lap soale sek gampang dijangkau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2718", "text": "Akeh-akehe wong sing nang indonesia mesti wes ngerti sing jenege K.H. Abdurrahman Wahid utowo sing gelek dicelok Gus Dur. Beliau termasuk salah sijini Tokoh Agama sing bener-bener disegani sampek makame beliau nagger dino minggu ae ramene mgeilan koyok makam-makam poro wali sing biyen tau nyebarno islam. Lah beliau dijuliki ambek wong-wong sing budayawan ambek julukan Bapak multiculural soale beliau iku ngajak ambek nganjurno masyarakat Indonesia iku podo ruku masio bedo agamane. Nah sampek saiki ajakan utowo anjuran beliau iku akeh sing ngregani sampek ngelahirno aktivis-aktivis sing naungi koyok ngunuku. Nah anjuran beliau iku polahe pengen jogo negoro sing akeh budayae iku maeng ben tetep rukun ambek guyup. Mangkane generasi saiki akeh sing podo ngajak kanggo jogo multibudaya sing ono nang negoro iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1239", "text": "Takon karo wong sing luwih berpengalaman neng bidang sing awak dhewe geluti kui, dadi salah siji cara sing awak dhewe kudu lakoke pas awak dhewe ngeoroso bisnis dhewe lagi kurang apik. Soale, yen misale awak dhewe duwe guru bisnis kui awak dhewe ora perlu mikir akeh-akeh kanggo golek solusine. Guru bisnis kui ora mesthi duwe solusine masalah sing lagi awak dhewe adepi, sebenere. Nanging paling ora, dhewe isi ngekei arahan garis besare piye carane awak dhewe metu seko kondisi sing peteng neng bisnise dhewe iki. Dheweke duwe pengalaman sing akeh. Senadyan, opo sing dheweke omangi ora satus persen bener, nanging omangane kui ora sekadar omong kosong. Opo sing dheweke omongi kui iso banget dadi bahan pertimbangane dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9619", "text": "Tokoh agama wedhok sing bisa dadi teladan salah sijine yaiku Khadijah Binti Khuwailid. Khadijah iki dadi bojo pertamane Nabi Muhammad. Sadurunge rabi karo Kanjeng Nabi Muhammad, Khadijah wis dadi tokoh penting lan elit ana ing Mekkah. Khadijah salah siji saudagar sing paling sukses lan disegani. Meh separuh kafilah dagang Quraisy iki duwene Khadijah. Wedok sing pancen wis dicepakake Allah kanggo dadi bojone Nabi iki asale sakata keturunan sing apik, ayu. Salah siji julukan Khadijah yaiku Ath-Thahirah utawa sing suci lan mulia. Khadijah ngewangi tenanan dakwahe Nabi lan dianggeo dadi tulang punggung dakwahe Nabi Muhammad. Ayo padha niru sifat apike Khadijah!.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6988", "text": "Wong-wong tuwo biasane seneng banget nek wes dimasakno sayur gambas ambek anake utowo putune. Jare nek dipangan iku rasane adem ndek weteng. Dadakno, sayur gambas iki nduwe beberapa manfaat gawe kesehatan lho rek. Pertama, isok ngelangsingno tubuh. Kok isok? Gambas iki kandungan banyune lumayan duwur, terus kandungan serate yo duwur. Dadine mangan gambas isok marai wareg luwe suwe. Kedua, isok ngatasi asam urat. Gambas iki mengandung karbohidrat, vitamin B1, vitamin C, kalsium, zat besi, ambek fosfor. Kandungan-kandung iku sing ampuh ngatasi asam urat. Selain iku, isok sisan gawe mencegah nyeri otot karo sendi. Dadi mulai saiki, nek nggawekno sayur gambas gawe sopo ae, ojok lali melu nyicipi cek melu sehat sisan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "29", "text": "Coklat panas neng bedo negoro bentuke bedo-bedo. Ono coklat sing rodo cair, ono sing luwih kenthel. Coklat panas sing rodo cair kui biasane gaya Amerika. Coklat sing kenthel kui biasane gaya Perancis lan Italia. Seko loro gaya coklat panas iki, gaya Italia kui sing paling kentel. Aku dhewe luwih seneng coklat sing kenthel, terutama sing gaya Italia. Mergo murah lan luwih kenthel. Bahane sing Italia sing marake kenthel kui nganggi tepung maizena. Senadyan, sing gaya Perancis kenthele mergo nganggo krim dadi luwih larang. Lah kenopo aku seneng coklat sing kenthel kui soale luwih enak dipangan roti tawar lan luwih marai wareg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1231", "text": "Sing keloro kui, rugi sing dudu materiil. Rupa rugine kui iso opo wae sing ora termasuk neng rugi materiil. Kewalikan karo jenis rugi sing sakdurnge, rugi jenis iki ora iso diitung lan ora ono satuan sing iso dadi patokan. Rugi iki mungkin iso dibagi meneh, ono sing ono hubungane karo sosial ono sing hubungane karo psikis utowo pikiran. Rugi secara sosial kui misale, awak dhewe kerjo terus neng kantor tekan ora ono gateke keluargane dhewe neng omah. Anake dhewe dadi ora kenal utowo ora cerak karo dhewe. Sing rugi psikis utowo pikirane kui, misale awak dhewe bertahan terus neng perusahaan gedhe mergo gajine gedhe. Naning neng kono, atasen dhewe kui ora gateke awak dhewe lan dikon lembur ben dino. Dadine, pikirane dhewe dadi ora nyaman.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "96", "text": "Adiku seneng banget panganan sing asale seko laut. Cumi kui dadi salah siji favorite dee. Adikui seneng cumi sing digoreng tepung lan nganggo saos asem manis. Panganan olahan laut kesenengan adikui gawene gampang. Sing kepisan, cumi dikumbah tekan resik. Banjur lapisan kulit paling jobo dikuliti tekan cumine dadi werno putih. Sirah cumi bajur dicopot lan diresiki jeroane. Pas ngeresiki jeraon cumi kudu ati-ati kelenjar tintane ojo tekan pecah. Yen cumi wis resik, cumi kui dipotong-potong dadi koyo cincin. Potongan cumi kui banjur dibaluri tepung. Tepung sing dieengo sio nganggu tepun instan utowo gawe dawe. Ben tepunge luwih nempel, potongan cumi kui dicelupke neng banyu utowo endog. Cumi sing wis diketok mau iso digoreng neng minyak panas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9364", "text": "Dolan karo kaluwarga nalika preian iku kadang nyenengna kadang njelehi. Iki amarga kegiatan sing dilakoni ya mung iku-iku wae kayata mangan, ndelok film sing ana ing bioskop, golek klambi lan belanja, utawa kegiatan monoton liyane. Padahal akeh banget kegiatan seru sing bisa dilakoni sak kaluwarga. Kayata ngeresiki omah bareng. Senajan nggarai pegel, nanging yen dilakoni bareng-bareng bakale seru lan ora kerasa. Ujug-ujug omah wis resik lan kinclong. Kegiatan iki saliyane bisa nggawe omah resik uga bisa nggawe raket kaluwarga. Ngeresiki omah ora mung sejam nanging bisa luwih amarga akeh banget sing kudu diresiki. Wektu iki nalika dientekna kanggo ngeresiki omah bakale nggawe kaluwarga tansah raket.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7092", "text": "Aku nduwe konco sing nduwe hobi nggambar, bah iku nang kertas utowo nang kanvas. Berawal pas cilik iku de’e senengane corat coret tembok nganggo krayon, akhire ambek ibukne ditukokno kertas gawe gambar. Awale de’e mek seneng gambar nganggo krayon, suwe-suwe de’e penasaran nganggo alat gambar liyane dan mulai coba-coba. Dimulai teko kono de’e mulai ngoleksi sembarang perlengkapan gawe gambar. Koncoku nduwe sembarang kali jenis media werno, mulia teko krayon, pensil warna, cat air, cat poster, cat minyak, sampe cat akrilik. Alat gawe ngelukise pun de’e hampir nduwe kabeh. Mulai teko pensil, kuas, sampe pisau palet. Bahkan de’e nduwe kertas ambek kanvas dengamacem-macem ukuran. Koncoku iki bener-bener ngemaksimalno hobi gambare banget.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7314", "text": "Dr. Syafiq Riza Basalamah, Lc., M. A. utowo luwe dikenal sebagai ustad Riza Basalamah iki salah siji ustad Salafi, dosen, karo penulis sing asale teko Jember, Jawa Timur. Beliau iki wes ngelakoni dakwah nang ndi ae ndek seluruh Indonesia. Ustad Riza Basalamah iki lumayan terkenal mergo penyampaian kajiane detail tapi nganggo boso sing gampang diterimo karo kalangan awam. Tapi beliau iki terkenale iku nang kalangan ibu-ibu. Hal iku mergo ustad Riza Basalamah iki akeh banget ngekeki pengajian sing materine tentang memperjuangno kemerdekaan gawe wong wedok. Beliau iki akeh njelasno sisan tentang hake wong wedok nang para bapak-bapak nek wes dakwah tentang rumah tangga.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7808", "text": "Salah siji game senengane arek-arek wedok iku jenenge Jojo’s Fashion Show. Jojo’s Fashion Show iku game nang komputer sing nyimulasikno yaopo ngombinasikno ambek desain busana teko berbagai dunia gawe peragaan busana. Teko game iki, awak dewe diajarno gawe madu madano busana sing sesuai dan marakno awak dewe luwe modis. Soale awak dewe dadi eroh akeh jenis pakaian dan yaopo carane ngombinasikno sembarang jenis klambi sing apik. Wes ngono, pengetahuane awak dewe tentang fashion iku luwe terbuka maneh. Endi klambi sing bernilai apik, endi klambi sing dadakno bilaine biasa ae. Gawe awakmu sing pingin eroh tentang fashion nganggo cara sing asyik, dolen ae game sing siji iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10101", "text": "Jaman ingkang tambah maju dadosaken kebudayaan tradisional saya langka. Daharan tradisional dipungantos kaliyan daharan ingkang langkung modern saking negara manca. Kuliner ingkang didamel kangge bahan-bahan lokal kados endog abang ingkang namung saged dipunpanggihi wonten pasar dalu pas ulang taun kutha Jogja. Endog abang sampun kalah populer kaliyan daharan sanes ingkang sejinis saking negara manca, kados sosis bakar utawi corndog. Daharan sedaya menika sami ingkang dipunsunduki, nanging benten cara pengolahanipun. Endog abang namung digodhog lan dicaosi pewarni abrit. Ketimbang daharan sanes, endog abang paling sederhana namung filosofinipun paling kathah. Endog menika lambang kelahiran. Diwernani abrit ingkang makili urip ingkang sejahtera. Sundukanipun nglambangkaken hubungan menungsa kaliyan Tuhan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4609", "text": "Akeh wong sing ora nyangka yen rujak cingur kuwi panganan sing duwe gizi akeh maceme amarga ana karbohidrat, protein, vitamin, lemak, lan kandungan-kandungan gizi liyane. Rujak cingur kuwi panganan saka Surabaya lan duwe ciri khas yaiku cingur utawa irung sapi lan dicampur bumbu petis amarga kuwi rujak iki iso diarani \"wujude diplomasi kuliner\" utawa gabungan Jawa lan Cina saka isi lan bumbune. Akeh jenis rujak ning Indoneia, nanging rujak iki sing paling lengkap amarga ana lontong utawa kupat, ramban godhog, cingur lan sak liyane. Mangan rujak iki padha karo ngelestarikake budhaya amarga kalebu panganan khas tradisional. Kanggo kanca-kanca, ayo padha nyicipi enake rujak cingur!", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9728", "text": "Blitar kutha cilik kang kawentar… Iku dadi salah siji larik saka lagu Blitar. Lagu iki nggambarake Kutha Blitar saka sejarahe rikala jaman mbiyen, kasugihan ngalam lan potensi sing ana ing Blitar. Sak iki lagu Blitar ora mung dadi lumrahe lagu dhaerah, ananging wis dadi lagu campursari kang kerep dimainke nalika ana acara-acara ing saben wewengkon lan adicara. Apa meneh wayah udan kaya ngeneki paling penak amung lelungguhan ning omah rengeng-rengeng ngrungokke lagu campursari saka radhio. Nah, sip tenan amarga lagu iki kerep kaputer ing radhio lokal. Lagu Blitar dadi bukti nyata ngadeke kutha kang kebak sejarah iki. Pramila kuwi, ayo kanca kabeh padha belajar kanggo ngeling-ngeling perjuangane para leluhur merjuangke Blitar ndhisek mawi ngrungokne lagu Blitar!", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7080", "text": "Sak umur-umur, keluargaku blas durung tau sing jenenge nonton film bareng. Hal iku soale selera tontonane keluargaku bedo-bedo. Tapi kali iki, adekku sing paling cilik njaluk nonton film bareng-bareng nang bioskop. Akhire ambek bapakku dituruti. Pas ditakoni pingine nonton film opo, dijawab Superman V Batman ambek adekku. Awale mamaku males, tapi tetep ditururi demi anake. Wes tutuk bioskop, bapakku langsung tuku tiket, terus aku ambek adek-adekku tuku jajan. Pas wes jam e, langsung deh melbu gawe nonton. Sakjane aku kurang seneng film genre action koyok ngene, cuma film iki alure apik. Dan gak koyok judule, pemenange guduk salah satu teko keduane, tapi mereka berdua podo-podo menang ngelawan musuh mereka sing sebenere. Aku sih cukup puas ambek plot film e dan metu bioskop dengan perasaan seneng.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3257", "text": "Kamera iku duwe bagian petning sing kanggo nagkep gambar yaiku Lensa. Nah lensa iki duwe manfaat genede pol kanggo kamera soale iku iso mengaruhi kualitas gambar sing dihasilno teko cepretane kamera iku maeng. Masio kamera iku maeng apik nak kualitas lensai maeng wes tuwek mesti hasil potone yo elek, terus sing perlu diperhatikno maneh yoiku jenis-jenise lensa sing ono pirang-pirang yaiku lensa sing gowonane kamera jenenge lensa kit, terus ono maenh sing jenenge lensa makro, terus ono maneh sing jenenge lensa prime, terus ono sing jenengen lensa wide angle, ambek lensa fisheye. Nah lensa-lensa iku maeng sing biasane wes ora asing kanggo wong sing senengane moto. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "997", "text": "Indonesia iki sebener duwe potensi kanggo sumber energi sing ramah lingkungan. Yen pemerintah arep gawe pembangkit listrik tenogo angin, salah siji sumber energi terbarukan sing iso digawe neng negoro iki, ono rong perkoro sing kudu digatek, yaiku kecepatan angin lan panggone. Kecepatan angin sing ideal kanggo pembangkit listrik tenaga angin kui 9 mil per jam utowo sekitar 14,5 km per jam. Sing keloro, panggone kui kudu jembar. Soale, jarakn antara kincir siji karo liyane kui kudu adoh paling ora 200 meteran. Pemerintah uga kudu gateke yen panggon sing arep didadeke pembangkit listrik tenogo angin kui dilewati akeh manuk opo ora. Soale kui bakal ganggu migrasi manuk-manuk kui lan iso ngerusak kicire.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2876", "text": "Pas aku nang kampus aku biasane gelek ero bocah joget-joget ambek berak-berok tapi kok lunggoh. Lah pas aku takok tibak'e iku jenenge tari saman. Tari saman yaiku tarian sing asale teko Aceh. Tarian iki wes terkenal nang endi-endi. Terus tarian iki biasane iku dilakokno ambek wong akeh, dadi nag wong siji iku ora iso. Lah wong akeh maeng iku ora ngadek tapi lunggoh ambek setengah lunggoh. Terus biasane wong-wong iku kudu gawe kostum warna-warni tapi isek sak seragam warnai ambek taline endas terus karo batik Aceh sing dadi pakian ngisoran. Lah biasane sing penari saman yo kawe krudung soale nang kono akeh-akehe wong wedok iku gawe krudung.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6383", "text": "Desa Adat Kanekes utawa Desa Adat Baduy iki desa adat sing isih bertahan keasriane amarga panggonane sing isih ana ning pedalaman Banten. Ning desa iki, akeh banget warga Baduy sing tetep bertahan karo tradisi lan uga ajaran saka nenek moyang. Desa Kanekes iki panggone ning Leuwidamar, Kabupaten Lebak, Provinsi Banten. Ning Kampung Baduy iki ana 2 jenis suku Baduy, yaiku Baduy Luar lan uga Baduy Dalam. Baduy Luar iki isih gelem nerima perubahan lan uga nyambut para tamu uga ngadakake interaksi karo pengunjung, bedha karo Baduy Dalam sing aksese isih terbatas. Wong Baduy iki ketat banget marang penghormatan lan njaga alam ning wilayah Kanekes.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1205", "text": "Dodolan panganan utow ombenan kui untunge gedhe lan cepet balik modale, nanging kemungkinane iso rugi uga gedhe. Seko harga pokok penjualan neng rego sing didol neng pasaran kui, bedone iso 30% tekan 50 persen luwih akeh. Kui itungane gedhe. Opo meneh yen jumlahe barang sing kedol kui akeh. Artine, duwit sing awak dhewe tompo uga luwih akeh. Nanging, panganan utowo ombenan kui ora iso disempen suwe-suwe. Bahan-bahan kui iso mambu. Supoyo iso awet, mungkin awak dhewe butuh tuku kulkas, sing artine awak dhewe kudu ngetoke duwit meneh. Opo meneh tren panganan lan ombenan kui gesere cepet banget. Setaun kui mungkin panganan sing awak dhewe dol iso laris banget. Nanging neng taun-taun berikte durung tentu iso entuk entuk sing podo akehe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5440", "text": "Awal mlebu sekolah, aku lan kanca-kancaku dikenalake macem-macem ekskul ning sekolah. Ana seni, PMR, paskibra, lan uga ana olahraga. Ekskul olahraga kuwi uga macem-macem jenise. Ning sekolahku ya rada lengkap amarga ana basket, voli, futsal, bulu tangkis, karate, taekwondo, uga ana pencak silat. Amarga wiwit SMP aku melu taekwondo, aku milih ekskul taekwondo. Nanging jebul ekskul iki bedha jenis latiane karo pas SMP. Ning SMA, tingkatane luwih angel lan luwih disiplin. Nanging aku ya tetep milih taekwondo amarga ngelanjutake dasar sing wis tak nduweni. Banjur saiki aku wis ning tingkatan sing rada dhuwur lan lagi siap-siap melu lomba ning provinsi. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3150", "text": "Biyen pas aku sekolah, mesti sak semester pisan ngadakno pertandingan, mboh iku bal-balan, tenis meja, basket, utowo bulu tangkis. Nah pas semester wingi pertandingan sing paling rame yaiku basket, soale sing main iku apik-apik ambek pinter-pinter dadi sing delok yo seneng. Nah nang pertandingan iku maeng gayae bocah-bocah iku aneh-aneh nag kate nguncalno bale nang ringe maeng. Ono sing langsung diuncalno, ono sing dioper-operno disek, ambek akeh lah gayae iku. Terus sing paling rame iku cirlidere sing dukung kelompok sing main basket maeng. Pakeane ambek atraksine iku koyok-koyok lombak atraksi terus luwe rame timbang baskete. Mangkane bocah-bocah luweh seneng delok basket timbang sing liyane.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "179", "text": "Wektu kui berharaga banget. Saking pentingke ono paribasan wektu puniko arto. Malah wektu luwih berharga seko duwit, amargo ora koyo duwit sing iso digolek pas entak, wektu kui nek wis entek ora ono sing iso ngewehi. Sebagian besar wektu sing awak dhewe enteke kui dienggo kanggo kegiatan sing penting koyo sinau utowo nyambut gawe lan turu. Sidino kui ono 24 jam. Yen sedino kui awak dhewe nyambut gawe 8 jam sak ben dino lan turu 8 jam. Dadi sidone kui awak dhewe duwe wektu selo sekitar 8 jam. Yen wektu selo dienggo dolan wae utowo kegiatan sing ora manfaat kui eman banget. Luwih apik, wektu kui dienggo sinau dadi urip iso luwih sejahtira.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5836", "text": "Kabeh usaha kuwi mesti ngalami kerugian senajan setitik. Kerugian kuwi dadi salah sawijining guru sing paling ngajari akeh yen lagi usaha. Sing perlu dingerteni yaiku kerugian iki ngajari babagan peritungan, percaya karo wong sing bener, lan ndelok usaha iki isih kena dilanjutake apa ora. Yen wong lagi rugi kuwi, sing perlu dilakoni yaiku evaluasi babagan anggaran, modal, apa sing perlu dilakoni kanggo ningkatake keuntungan lan ngurangi kerugian. Kanggo wong sing gampang nyerah, rugi iki dadi salah siji masalah sing gedhe lan marai mandheg. Nanging, sing perlu dibangkitake yaiku semangat sing dhuwur kanggo nerusake bisnis lan uga ndandani apa sing kurang. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1220", "text": "Koncoku SMA kui ono sing mboke dodolan kue-kue ngono. Ibue kui dodolan kui seko dheweke isih neng Yogyakarta tekan pindah neng Bandung. Ibue biyen pancen melu sekolah masak, dadi iso gawe opo-opo. Nanging sing dheweke dol kui biasane roti-rotian, kue-kue, lan risol mayones. Koncoku kui certio yen dheweke kerep banget ngewangi ibue gawe dodolane kui. Opo meneh pas arep bakdo, dheweke iso bendino ngewangi ibue gawe kue neng dapur. Adi-adine uga melu ngewangi. Ning jarane dheweke, timbangane ngewangi, adi-adine kui luwih ke ngiruhi, soale adi-adine kui mesthi padu. Bar kue-kuene dadi, koncoku uga ngewangi ngeterke neng sing tuku. Koncoku kui pancen berbakti tenan karo wong tuwane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "893", "text": "Aku ora seneng nonton bal-balan. Luwih males meneh, yen aku dijak nonton bareng utowo sing kerep disingkat nonbar karo wong-wong. Tekan saiki aku ora tau jajal nonbar neng endi wae. Soale, neng bayanganku kui yen nonbar kui kudu neng kafe. Mesthi neng kono, akeh wong sing ora tak kenal. Yen pertandingane kui gedhe, final piala dunia, mesthi panggone kui bakal sesak banget. Wis sesak, iso wae neng kafe kui bakal ribet banget. Ora iso aku wengi-wengi neng panggon sing rame koyo ngono kui. Aku nek wis bengi kui ngantukan. Bukanane bengok-bengok bareng neng kono, aku malah iso turu. Oh iya, sing ora tak senengi seko nonbar kui bengok-bengko mau. Sok ngerti-ngerti kaget aku yen krungu wong bengok-bengok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5139", "text": "Crita rakyat sing mulai ilang kuwi biyasane amarga ora ana sing ngelakoni utawa nerusake ceritane maneh. . Salah siji kasuse yaiku ning Pemalang. Akeh bocah sing ora ngerti asal mulane Lapangan Patih Sampun. Lapangan iki dijupuk saka jenenge salah siji patih ning Pemalang sing bisa ngerampungake kabeh tugas lan amanat ning itungan menit. Amarga saking cepete ngomong sampun, patih iki dijenengi Patih Sampun. Ana sawijine bupati sing arep nguji kemampuane, banjur njaluk digawekake dalan lurus saka kadipaten kanthi laut widuri. Banjur patih iki ngomong \"Sampun\" sak durunge rampung dititah karo bupati. Crita iki bakal ilang yen ora ana pemudha sing nggalakake crita iki Kamangka kuwi, ayo padha ngelestarekake crita rakyat ning daerah. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9022", "text": "Sak liyane pendingin ruangan, onok sisan sing jenenge penghangat ruangan. Nek pendingin ruangan nduwe fungsi gawe ngademno ruangan, nek penghangat ruangan iku nduwe fungsi gawe ngangetno ruangan. Awak dewe sing urip nang negara tropis jelas gak kenal ambek alat iki. Hal iku polane penghangat ruangan luwe akeh dinggo nang negara sing nduwe patang musim, koyok Jepang, Korea, karo negara-negara nang Eropa. Pemanas ruangan iku onok macem-macem jenise. Mulai teko sing portabel, sing koyok AC dan nemplek nang dinding, utowo sing sentral. Roto-roto penghangat ruangan sing digawe nang njero ruangan gede utowo nang omah iku sing sentral, soale ben kehangatan e iku mau isok merata nang njero ruangan iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5528", "text": "Jaman saiki, laptop kuwi dadi barang sing penting banget amarga akeh kebutuhan kerja sing digarap nganggo laptop kaya ngetik, nggawe program, desain, nggawe musik, main game, uga kanthi produksi lan dodolan. Laptop iki uga bisa dadi sumber mata pencaharian sing pasti, apa maneh pas wayah pandemi wingi, kabeh serba digarap ning omah lan serba digital. Amarga kuwi, jaman saiki wong kantoran wis mulai melek marang informasi lan jenis laptop miturut kebutuhane, nanging uga ana sing gampang kapusan amarga nawarake rega sing murah. Kamangka, awak dhewe kudu pinter lan golek informasi sing lengkap yen arep tuku laptop ben ora diapusi wong lan dadi rugine. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5160", "text": "Aku bar tuku radio lan saiki lagi seneng ngerungokake stasiun radio sing mesti muter lagu-lagu campursari utawa lagu-lagu Banyuwanginan. Jareku, lagu-lagu campursari iki pancen penak nanging marai ngantuk, cocok yen dirungokake sak durunge turu. Nanging musik Banyuwanginan iki bedha amarga musike luwih rancak amarga ana senggakan sing khas. Aku njajal golek ning internet babagan musik Banyuwangi iki. Jebuk musik Banyuwangi iki campuran gamelan Jawa lan Bali nanging iramane luwih cepet swarane luwih banter amarga kanggone ngiringi penari gandrung. Banjur ning gamelan iki ditambah biola kanggo pantus utawa mimpin lagu. Aku dadi tambah seneng karo musik Banyuwanginan iki amarga bisa mbangkitake semangat yen wayah isuk.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6665", "text": "Liburan kuwi dadi cara ngilangake stres sing uga ndadekake bingung amarga efek sing dihasilake ya ora suwi. Wong sing liburan kuwi kadhang ngentekake dhuwit akeh lan uga marai repot awake dhewe. Pas liburan pancen seneng, nanging yen wis rampung liburan kuwi malah senep amarga ndelok rekening sing tambah tipis lan uga malah dadine susah. Kanggo wong sing duwe prinsip hemat, liburan ning panggonan larang iki dudu pilihan sing trep amarga bisa marai tambah stres yen wis rampung. Kamangka, wong sing sering liburan iki kudune bisa tetep liburan amarga nduweni kemampuan manajemen keuangan sing apik lan uga ngutungake mental lan dompet. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5101", "text": "Tasya isih nduwe keluwarga ning Sulawesi, yaiku ning Toraja. Ing sawijining dina, di daerah Toraja kuwi ana upacara mengeti sedane simbahe Tasya. Tasya lunga menyang Sulawesi numpak pesawat saka Jogja karo bapake. Barang nyampe ning tlatah Toraja, Tasya kaget campur seneng amarga bisa nyaksekake upacara adat Rambu Solo saka cedhek. Upacara iki kaya nutup peti lan ana acara ngorbanake kebo, sapi, utawa babi. Kabeh keluwarga padha ngumpul lan ngerayakke nganggo pesta adat. Upacara iki pancen ngetokake dhuwit akeh, nanging miturut kepercayaane wong Toraja, amalan wong sing wes seda kuwi bisa dadi akeh amarga nyenengake keluwarga sing ditinggal lewat upacara adat iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10107", "text": "Usaha kuliner mbikak peluang ingkang ageng kangge profesi food stylist. Food stylist menika kados make up artist wonten bidang kuliner. Food stylist tugasipun mirip kaliyan fotografer kuliner, inggih punika kedah damel daharan katon eca lan menarik. Daharan ugi kedah awet nalika sesi foto. Pramila, tiyang ingkang gampang bosen utawi cuek kirang cocok dados food stylist. Padamelan food stylist nuntut kita dados tiyang ingkang detail. Gaji food stylist kalebet ageng amargi wonten Indonesia tasih langka tiyang ingkang ngertos bab padamelan menika. Padahal kathah perusaan saking lebet lan jawi Indonesia ingkang mbetahaken jasanipun food stylist kangge damel iklan produk daharan ingkang katon sae .", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5092", "text": "Gereja Mormon utawa gereja saka wong suci jaman akhir iki salah siji gereja sing dibangun kanggo wong sing percaya karo aliran Mormon utawa kebangkitan wong suci akhir jaman amarga ana revolusi ning Amerika. Revolusi iki disebabake angka penganut ajaran rohani merosot ning tahun 1770 kanthi 1780. Gereja Mormon pertama iki dibangun karo Joseph Smith taun 1805. Joseph Smith iki nganut paham universalis, yaiku ajaran sing bertentangan karo trinitas sing nganggep Bapa, Putra, lan Roh Kudus kuwi agung. Joseph Smith oleh wahyu kanggo nggawe gereja anyar amarga dekne nganggep yen ora ana gereja kristus sing sejati. Gereja iki berkembang ning daerah Nauvoo, Amerika Serikat. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10177", "text": "Pacific Palace Hotel, salah satunggaling penginepan ingkang panggonanipun wonten kota Batam, Kepulauan Riau gadhah konsep ingkang benten kaliyan hotel-hotel sanesipun. Bentukipun hotel kados kapal pesiar ingkang mewah. Pas sanget kaliyan panggonanipun ingkang wonten pinggiripun dermaga kapal feri. Lokasinipun hotel menika ugh cerak kaliyan bandara dados pas kangge nyelenggarakake acara bisnis kados rapat, seminar utawi pesta. Maneka ruangan ingkang saged dipilih miturut kabetahan. Wonten fasilitas kados wifi, proyektor, lan perlengkapan audio-visual ingkang komplit kangge ndukung acara bisnis. Kapasitas Pacific Palace Hotel Batam kalebet ageng. Hotel menika saged nampung 2500 pengunjung. Turis saged check in saking jam kalih siang lan check out ngantos jam kalih welas siang. Nanging, jam check in lan check out saged dirembug bareng resepsionis. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2844", "text": "Nag jareku senjata tradisional iku iso dadi simbol ambek dadi karya sing gambarno daerah iku maeng. Soale senjata tradisional angger daerah iku mesti bedo mboh iku bentuke, jenenge, utowo warnae barang yo iso ae bedo. Lah salah sijine iku keris, senjata iki ancene senjata tradisional sing ora angger daerah iku duwe, keris asale iku teko Jawa. Mangkane nag museum-museum senjata, sejarah, utowo barang antik mesti ono sing jenenege keris. Jarene koncoku keris iku ora sembarang senjata soale nag gawe iku kudu ono upcara utowo ritual kusus sing kanggo gawe keris. Jarene nag ora ono upacara utowo ritual sing kusus kerise iku ora iso sakti.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2821", "text": "Pas aku lungo teko suroboyo nang jogja, aku numpak bis soale murah masio rodok suwe. Terus pas nang jeru bis tibak'e supire muter lagu Suwe Ora Jamu. Laku ora ngerti lagu iku asline teko endi tapi lagune iku enak direngekno terus pase pol ambek digawe iring-iring pas numpak bis. Mari ngunu polahe aku pengen ngerti lagune lengkape koyok opo, akhire aku goleki nang google iku asline lagu teko daerah endi. Tibak'e lagu iku teko Yogyakarta. Lagu iki tembangane iku gampange pol diiling-iling. Soale ora akeh ambek mok saitik koyok pantun. Lah lagu iki asline yo ora mok lagu asal gawe tapi yo ono ceritone yaiku nyeritakno ono wong sing wes konconan utowo suwe ora petuk tibak'e pas petuk ora tambah garai seneng tapi tambah garai gelo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1208", "text": "Yen awak dhewe gelem sugih cepet kui, awak dhewe kudu dodolan. Kerjo kantoran pancen iso gawe sugih nanging luwih suwe. Kerjo kantoran kui duwit sing awak dhewe tompo kui tergantung atasane dhewe. Sak piro wae usaha sing awak dhewe toke, yen bose dhewe ngomong awak dhewe ora pantes gajine mundak, gajine dhewe bakal sak mono-mono wae. Bedo cerito yen awak dhewe dodolan. Duwit kui sing ngelola awak dhewe. Meh awak dhewe pek dhewe utowo gawe duwite tuku piranti sing ngelancarke usahane dhewe, kui urusane dhewe. Awak dhewe sing ngatur kabeh perokoro sing bakal didalani. Sing paling penting, usahane dhewe ora bakal disia-siake karo sopo-sopo.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8102", "text": "Nang KBBI, wirausaha iku gabunggan teko rong kata sing masing-masing nduwe arti. ‘Wira’ iku artine pahlawan, terus ‘usaha’ iki siji kegiatan sing ngerahno tenaga ambek pikiran gawe nyapai sesuatu. Kata wirausaha iku isok diartikno dadi uwong sing ngelakoni sesuatu ambek kabeh kemampuane gawe nyapai sesuatu. Definisi kewirausahaan iku suatu usaha gawe nentukno, ngembangno, terus nggabungno inovasi, kesempatan, ambek cara sing luwe apik gawe nduwe nilai sing luwe jero nang kehidupan. Kewirausahaan iku upaya sing ngelibatno sumber daya liyane ben isok nyiptakno kekayaan ambek kemakmuran teko penciptaan lapangan kerja ambek penghasilan produk sing dibutuhno masyarakat. Sumber daya sing dilibatno iku mulai teko sumber daya alam, modal, karo teknologi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7795", "text": "Nek ben mari nonton pertandingan olahraga iku, akeh banget supporter sing mesti ngelakoni konvoi gawe ngerayakno kemenangan tim sing didukung ambek wong-wong iku. Mbasio talah menang gawe melbu 16 besar tok, iku pun tetep ngelakoni konvoi. Pokok ben menang, pasti konvoi nang dalan raya. Nek menange wes final seh wajar, tapi nek sek buru melbu nang semifinal iu rasane gak penting gawe ngelakoni konvoi. Ngerayakno kemenangan tim olahraga dengan bentuk konvoi iku ancen dasarane gak penting sih. Wes marakno macet nang dalan raya, durung maneh engkok nek moro ricuh, walah tambah ruwet kabeh. Opo maneh nek konvoine iku pas awan, tambah ngerusoni dalan ae. Terus bengak bengoke iku marakno kuping brebeken. Wes nambah polusi udara, nambah polusi suara sisan. Gak onok apike lah pokoke.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8625", "text": "Awak dewe sing wes urip ndek permukiman warga iku pasti wes biasa ambek urip bertetangga. Sifat tonggo iku dewe onok sembarang kalir. Teko sing apikan nemen sampe ngguatheli nemen yo onok. Biasane, tonggo sing nduwe sifat problematik dan nggatheli iku maleh dadi mungsone kabeh uwong. Tanda-tanda uwong sing dimungsoni kabeh uwong iku pasti awale mergo nggolek perkoro disikan. Dan iku gak nang siji uwong tok, tapi nang kabehe. Terus saiki gatekno deh. Misal onok uwong sing awale iku biasa ae, terus maleh akrab karo tonggo sih nggatheli iku sisan, pasti wong iku melu dimungsoni sisan. Alesane iku biasane gak gelem engkok katutan ambek wong sing nggatheli iku sisan, dadi milih gawe menjauh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1701", "text": "Nek ngomongi jodoh kui sok-sok ora masuk neng logikane dhewe. Awak dhewe iso ketemu jodone dhewe sak durunge awak dhewe ngerti opo-opo babagan cinta. Koyo ibu sama bapakku. Pisanan wong tuwoku ketemu kui pas dheweke isih cilik. Bapak karo ibu kui jarak 5 taun. Pas ketemu kui, ibuku lagi dolan neng omahe sedulure. Sedulure kui koncone simbahku sing seko bapak. Dadi ora sengojo dheweke podo ketemu. Nek ora salah pas kui ibuku umur 5 taun. Artine bapakku pas kui umure kiro-kiro 10 taun. Mungkin pas kui, ibuku uga ora iling rupane bapak koyo piye lan ora nyongko barang yen pas gedhe dheweke bakal nikah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2324", "text": "Akeh wong sing ngomong nag jus pelem iku akeh kasiate. Yo bener se, soale pelem ae iku akeh vitamin C-ne, terus vitamin C yo akeh fungsine kanggo awak. Nag situse Halodoc barang yo wes njelasno nag pelem akeh manfaate koyok contone nyego diabetes, njogo kesehatane jantung, ambek kesehatane moto. Sak liyane iku, pelem yo iso njogo imun-ne awak ben ora kenek infeksi. Tapi iku maeng nag gawe jus pelem'e ora atek dicampur karo gulo. Mok asli pelem tok ora ono campuran liyane. Soale saiki akeh wong sing gawe jus pelem dicampur karo bahan sing aneh-aneh, padahal nag dicampur iso garai kandungane maleh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2760", "text": "Biyen pas sinau masalah jumlah agama sing ono nag indonesia iku tibak'e akeh. Salah sijine yoiku islam. Terus sak liyane sinau masalah agama, tibak'e angger agama yo duwe patokan utowo pondosi gawe wong sing ngelakoni agoo iku koyok kitab sucine. Nag nang islam kitab sucine diarani al-qur'an. Nag jeru kitab iki ya macem-macem ilmu sing ngulangi wong sing ngelakoni agama iku gawe urip sing sakmestine. Ono sing ngulangi rukun, sabar, ambek podo-podo ngregani nang menungso utowo lingkungan sekitare. Dadi kitap suci agama iku ora mok ngajarno masalah agama tok. Tapi yo ngulangi yo opo carane wong iku iso keangkat derajate.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "572", "text": "Tari randai asale seko Sumatra Barat. Tarian iki duwe arti berandai-andai utowo ngebayangke. Tarian iki ora mung sekedar hiburan sing bentuke tarian, nanging uga ono kisah sing dicritani neng kono. Crita kui disampaike nganggo syair lan gurindam boso Minang. Awale tari iki dimainke karo 8 pasang lanang-wedok. Angka wolu kui dijipuk seko jumlah kepala suku sing ono neng kono disik. Saiki jumlah penari bebas nanging tetep kudu berpasanga. Irangani tarian iki ngaggo alat-alat musik seko daerah Minagkabau, koyo rabab, saluang, canai, lan talempong. Alat musik kui mengko sing ngatur tempo lan retmi tariane kui. Sak liyane nganggo instrumen musik, randai kui nganggo musik sing dihasilke seko awak, koyo vokal, hentakan sikil, tepokan neng katok, lan petikan driji.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4028", "text": "Tonggo iku ancene iso kenek dianggep koyok dulur nag ancene rukun, tapi nag ora ruku ambek tonggone iku koyok-koyok urip nang alas soale ate lapo-lapo mesti wedi. Mangkane tokoh masyakat awit teko RT, Kepolo sampek kyai karo ulamat, mesti nganjurno urip ambek tonggo iku kudu rukun, ojo sampek nyelattu tanggane sing akhire dadekno tonggo iku maeng loro ati. Nah nag sampek tonggoe iku maeng loro ati, iku wes angel, tapi carane yo kudu jaluk sepuro disiki ojo sampek ora jaluk sepuro saole iku kuncine ben balek rukun maneh. Mangkane wong sing rukun ambek tonggo mesti uripe iku ayeme megilan masio ora duwe opo-opo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4670", "text": "Simbah mundhut lading kuwi saka tanganku amarga jare aku ora bisa ngasah ladhing. Simbah ngendikan yen arep ngasah lading kudu ngerti tata cara lan panggon mata ladinge ben ora kethul lan angel digawe. \"Kene le, delok kuwi, yen kowe ngasahe ora pinter, pucuke ladhing ki ora mung kethul, tapi ya bisa ngerusak lan angel yen arep digawe maneh,\". Simbah mundhut watu kali lan mulai ngasah lading manut kemiringane mata lading lan kudu searah. Jare pancen watu kali paling apik kanggo ngasah lading tinimbang watu liyane. \"Yen ngasah lading ya kudu nyediakake banyu ben ladinge ora ketutup serbuk wesi bekas lading, marai cepet karaten\"", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10120", "text": "Adang sekul sakmenika sampun gampil. Tiyang ingkang boten pinter masak ugi saged adang sekul amargi wonten piranti ingkang asmanipun magic com utawi rice cooker. Kita cekap mencet tombol cook, sekulipun bakal mateng. Benten kaliyan jaman biyen ingkang kedah ngangge piranti kados kukusan saking anyaman pring ingkang dipasang ngadep dandang. Wonten ugi ingkang ngangge periuk nasi. Bentenipun periuk nasi kaliyan piranti sanesipun inggih menika wonten gagang alumunium ingkang damel sekul dados cepet mateng. Periuk nasi lumrahipun dipunangge kaliyan tiyang Sunda jaman biyen. Piranti menika gadhah asma sanes, inggih punika kastrol. Ketimbang kukusan, periuk nasi langkung cepet panas amargi sedaya bagianipun kadamel saking aluminium. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4041", "text": "Biyen pas aku kulia, aku duwe konco sing sampek saiki isek nyambung, masio saiki wes arang petok, tapi isek nyambung terus. Yo iso diarani aku ambek deke iku wes meh koyok dulurlah, nag aku butoh opo-opo mesti jaluk tolong deke, yo podo ae ambek deke, nag deke butoh opo-opo biasane yo jaluk tolong aku. Yo wes koyok keluarga dewelah. Masio awak dewek iki wes arange pol petuk paling setahun yo mok petuk pisan, tapi yo isek akrape pol. Sampek kadang awak dewek iku kepikiran pengen kawe kantor dewe ben kenek gawe ngumpulno konco-konco sing wes ora tau petok maneh. Yo ancene sing jenenge konconan iku yo mesti kudu podo percoyoaan soale nag ora percoyo iku sing ono tambah pikiran elek tok.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8643", "text": "Jaman saiki, lagi usum krungu istilah circle pertemanan nang Indonesia. Nang bahasa sehari-hari, circle pertemanan iku lingkaran sahabat terdekat. Iki isok diartikno dadi sekelompok konco, sekelompok sahabat, utowo sekelompok uwong sing njalin hubungan cedek dalam jumlah terbatas. Lingkungan pertemanan iku dianggep terbatas mergo wong-wong sing nang kelompok iku nduwe kesamaan. Contohe teko hobi, minat, utowo profesi sing podo. Biasane uwong isok dadi bagian teko circle iku pas ngeroso ‘klik’ pas gak sengojo ngobrol ambek salah siji anggota circle iku mau. Teko kono, de’e bakal dijak gabung nang circle mau. Gawe sebagian uwong, nduwe circle sing nyambung iku akeh nggowo efek sing positif, bahkan gak jarang sisan sing ndatengno manfaat gawe uwong iku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2105", "text": "Yen awak dhewe pengen iso dodolan utowo dadi pengusaha kui, awak dhewe kudu duwe karakter kendel jupuk resiko. Karakter kui sebenere ora gampang dientoke nanging ora ono sing ora mungkin neng donyo iki. Supoyo awak dhewe duwe karakter kui ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sinau disik carane supoyo ora wedi gagal utowo rugi. Soale kui penting kanggo awak dhewe entuk pengalaman sing luwih akeh. Pengalaman kui sing mengko bakal ngewangi awak dhewe dadi wani jupuk resiko. Sing keloro, awak dhewe kudu ngitung kerugian sing bakal awak dhewe entok yen gagal. Kui iso gawe awak dhewe ayem mergo kebayang opo sing bakal awak dhewe adepi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2381", "text": "Pas nag omah mesti aku nang sawah golek jagung enom sing kenek digawe gimbal, jangan, ambek ditunu. Jagunge ancene isek seger-seger tapi kadang yo ono sing bogang, enom, pas-pasan, ambek ketuwek'en. Mangkane aku milihe sitok-sitok sing sekirane kenek diolah. Ciri-cirine gampang, nag rambute iku maeng wes ireng rodok garing, berarti iku wes enak, cocok gawe diolah koyok digodok, digimbal ambek liyan-liyane. Mari oleh jagung, aku langsung ndelok wit pelem sing ono nag galengane sawah. Tiba'e akeh sing tuwek, nah pelem iku nag wes tuwek biasane pucuke pelem iku ora lincip tapi gepak, ambek warnae iku ijo tuwek sampur ono putih-putihe. Nag mateng nag uwit malan luweh enak soale rasane isek asli durung kecampuran opo-opo koyok karbit sing biasani digawe mateng no.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8973", "text": "Xiaomi iku perusahaan elektronik swasta teko Tiongkok. Xiaomi iki nduwe kantor pusat nang Beijing, Tiongkok. Perusahaan iki didirikno pas tanggal 6 April 2010. Pendiri Xiaomi iku jenenge Lei Jun. Jeneng Xiaomi iku asale teko boso Mandarin sing artine “beras cilik”. Produk elektronik sing diprodukisi ambek perusahaan Xiaomi yaiku smarth phone, komputer tablet, laptop, gelang pintar, pengisi baterai portabel, ambek TV. Perusahaan iki nduwe nilai luwe teko 46 miliar USD dan nduwe luwe teko 16.700 karyawan sing asale teko Tiongkok, Malaysia, Singapura, India, Filipina, ambek Indonesia. Pas tahun 2018, Xiaomi nempati peringkat papat secara global nang kelompok ponsel pintar. Pas tahun 2019, pengiriman ponsel Xiaomi iki nyapai 125 juta unit.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5171", "text": "Aku duwe ponakan sing seneng nari. Bocahe seneng melu-melu nari amarga ndelok panggung utawa acara ning TV lan ketok wis duwe bakat joget amarga seneng nonton video tari jaipong. Banjur karo kakangku dekne jajal dilebokake sanggar seni. Jebul malah seneng lan san saya semangat nari. Tari jaipong iki angel-angel gampang, dadi sinaune kudu wiwit cilik. Dina minggu, ponakanku wis budhal ning sanggar jam 8 isuk amarga kudu pemanasan. Amarga ponakanku aktif ning sanggar, aku dadi melu sinau nari maneh, bedhane aku sinau nari gambyong amarga kelase isine bocah-bocah enom. Kamangka kuwi, aku saiki uga melu nglenturake awak maneh ben bisa nari. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7812", "text": "Jaman saiki, gak onok wong sing gak nduwe smartphone. Smartphone iku telepon genggam utowo telepon seluler pintar sing dilengkapi karo fitur sing mutakhir terus nduwe kemampuan sing duwur koyok komputer. Smartphone iki isok diartikno dadi telpon genggam sing bekerja nganggo perangkat lunak sistem operasi (OS) sing nyediakno hubungan standar ambek mendasar gawe pengembang aplikasi. Fitur umum nang smartphone iku mulai teko telepon, SMS, kamera, pemutar musik ambek video, internet, editing document, ebook viewer, aplikasi game, aplikasi chat, dan sek akeh maneh dan iku kabeh isok ditambah dewe dengan cara download aplikasine. Sistem operasi smartphone sing paling akeh dinggo iku onok loro, yaiku iOS karo android.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5477", "text": "Babagan sing paling ora bisa disangka pas olahraga kuwi yaiku kondisi pencernaan sing kurang apik kaya maag, kram otot weteng, lan sapanunggale. Kanggo atlet sing wis profesional, wis mesti bisa nangani masalah pencernaan wayah arep tanding amarga wis paham karo keadaane dhewe. Kanggo atlet amatir utamane sing isih pelajar, ana babagan sing kudu digatekake ben ora gampang cedera weteng pas lagi olahraga, yaiku sarapan. Sarapan sing dianjurake yaiku sarapan sak cukupe ben awak iki uga ana energi sing dihasilake. Banjur kaping loro yaiku pemanasan sing bener utamane ning bagian otot weteng ben ora ngerasakake kram. Kaping telu yaiku kudu ngerti kebutuhan nutrisi ben ora gampang luwe lan bisa konsentrasi.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3506", "text": "Dadi wong pengusaha iku sing apik ancene ora langsung ujuk-ujuk gede, tapi yo kudu diawite gal saitik ben ketok hasile. Terus yo kudu ngerti gawe usaha opo sing ancene sak jalan ambek wong sing ate gawe usaha maeng. Carane gawe usaha iku ora sepiro ewo, nah carane iku sing awitane iku kudu nemokno usaha sing ancene bidang iku maeng dikuasai ambek wong iku maeng soale nag ora dikuasai bakal keteteran kabeh, terus nag ono opo-opo mesti ruwet ora ngerti solusi sing ate gawe ngadepi masalah. Mari ngunu kudu kendel ambek wani jipek resiko soale nag ora kendel ambek gelem jipek resiko mesti bapak ora iso gede usahae ambek nag ono masalah mesti ora iso ngatasi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2884", "text": "Kabeh adat mesti duwe sesepuh sing dianggep penting nang adat iku. Lah nag desoku iku ono sing jenenge mbah bayan sing biasane mimpin acara adat nang desoku, terus nag ora dipimpin ambek mbah bayan maeng mesti wong-wong ora bakal mangkat. Dadi sing jenenge tokoh ada iku ancene wong penting sing dibutuhno ambek masyarakat iku makili utowo mimpin masyarakat iku gawe maju ambek berkembang. Mangkane sing jenenge tokoh adat iku ora kenek disepelekno soale tokoh adat iku wes duwe ilmu sing awak dewek kabeh iku ora iso delok sak piro duwure ilmune. Lah sing ngangkat tokoh iku yo wong sing nag daerah kunu iku soale wong kono sing ngerti.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2878", "text": "Nang daerah nggananku Lamongan iku duwe pirang-pirang tarian tradisional soale lamogan iku perbatasan ambek pirang-pirang daerah sing iso mengaruhi tarian tradisional iku. Nah tarian iku salah sijine yaiku taraian boranan. Tarian boran ngelambangno utowo gambarno uripe wong dodol sego boranan sing ono nag daerah kono. Tarian ngeniki saiki wes gak sepiro geminati para generasi enom sing ancene kudune ngerti citra ambek ciri khase daerahe dewe. Dinas pariwisata ambek kebudayaan kota lamongan ancene kudu ngelestarikno kebudayaan lamongan sing ancene mulai ate ilang. Soale iku wes dadi tugase sing sak durunge wes dianjurno teko menteri kebudayaan pusat ben kebudayaan lamongan ora ilang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9012", "text": "Kamera polaroid utowo luwe dikenal ambek jeneng kamera langsung dadi iku model kamera sing isok ngeproses foto dewe nang njero awak kamera mbari dilakoni pemotretan. Kamera polaroid iki nganggo film khusus sing dijenengi film polaroid. Film polaroid sing isok ngasilno gambar sing onok wernone iku jenenge film polacolor. Kamera iki dirancang pertama kali ambek Edwin Land dan dipasarno ket tahun 1947. Pas tahun 1948, kamera iki dibanderol seharga 89,75 dolar. Hasil foto kamera polaroid iku nduwe ukuran khusus sesuai ambek jenis kamera sing digawe. Salah siji contohe iku kamera Fujifilm Instax Mini 7S, sing ngasilno foto polaroid dengan panjang 54 mm ambek lebar 86 mm. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6985", "text": "Pasti awakmu kabeh wes tau krungu berita, nek buah nanas iku nduwe kandungan zat tertentu isok marai keguguran. Berita iku jelas hoaks yo rek, ojok onok sing percoyo maneh. Justru buah nanas iku akeh banget manfaate gawe miss V. Buah sing nduwe werno khas kuning dan nduwe kulit berduri iki mengandung enzim bromelin. Nek dikonsumsi akeh isok marai produksi lender nang miss V tambah akeh. Nah lendir iki isok mbantu pergerakan sperma melbu rahim terus nang sel telur gawe pembuahan. Terus buah nanas iki isok ngurangi gejala PMS koyok dilep, mood gak stabil, weteng kembung, sampe sakit kepala. Tapi iku kabeh dengan syarat mangane kudu sak cukupe, gak oleh berlebihan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "479", "text": "Toleransi kui babagan sing penting dipahami kanggo kabeh wong, teruma bangsa Indonesia. Saiki wong terlalu bangga karo identitase tekan iso ngelek-ngelek identitas sing liya. Padahal perbedaan kui lumarah lan ngehargai perbedaan kui sitik okehe dadi pelajaran neng kabeh agama. Ora ono agama sing ngajarke benci karo agama liyane. Awak dhewe kudu jaga toleransi beragamane awak dhewe, uga neng bidang liyane koyo suku lan basa. Yen awak dhewe ora iso nrimo perbedaan kui, negoro awak dhewe ora bakal pecah. Ora nutup kemungkinan, bakal akeh kerusuhan yen wong ora iso mahami golongan siji karo liyane. Toleransi kui penting kanggo jogo perdamaian neng negoro iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7767", "text": "Terjun payung iku olahraga nang udara sing dilakoni dengan cara lepas landas teko pesawat cilik. Mari nentukno ketinggian, pemain kudu terjun teko pesawat iku mau. Pemain sing ngelakoni terjun payun iki bakal dipasangi parasut sing bakal ngembang pas tuase didarik. Olahraga iki dianggep ekstrem dan kudu akeh persiapane. Iki beberapa persiapan sing kudu dilakoni sak durunge terjun payung. Siji, siapno mental. Iki sing paling penting. Nek gak wani, gak usah dipeksokno. Loro, lakoni peregangan. Tujuane gawe ngelenturno otot-otot peloncat. Telu, latihan pernapasan. Soale cara napas nang udara iku bedo karo nang darat, dadi perlu dilatih. Terakhir, pastikno awakmu cukup turu pas bengi sak durunge ngelakoni terjun payung.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5845", "text": "Modus penipuan saiki akeh banget maceme. Salah sijine yaiku dodolan online sing ngaku dadi reseller nanging malah njupuk bathi akeh lan ngapusi. Para pedagang palsu iki biyasane seneng ngilangake barang banjur ngijolake karo barang palsu utawa barang sing dudu dagangane banjur wong sing tuku kuwi diblokir ben ora bisa nuntut. Penipuan sing kedoke toko online iki dadi mudhunake kepercayaan masyarakat marang perdagangan online lan bisa maraiwong ngerasa yen toko online kuwi ora nyaman. Kamangka kuwi, saiki keamanan toko online kuwi dijaga ketat karo pemerintah lan akeh perbaikan sistem kanggo ngurangi kejahatan sing ana ning toko online lan njaga kenyamanan para pelanggan. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6301", "text": "Aku tau urip ning kampung sing rada kacau amarga akeh keluarga sing bermasalah. Salah sijine yaiku babagan rabi enom. Ning kampungku, ana bocah jenenge Jejen. Jejen iki isih umur 18 taun nanging wis dibebani karo urusah rumah tangga amarga kepaksa rabi lulus SMA. Kabeh iki amarga Jejen iki dijodohake. Bojone Jejen iki kerja ning pabrik lan kayane uga kepeksa. Amarga tekanan ekonomi iki, Jejen dadi kena KDRT amarga bojone iki sering ngombe ombenan alkohol banjur ngarani Jejen nggawa sial. Amarga ora kuat, Jejen iki njaluk pegat lan uga nerusake kuliah nganggo beasiswa ben dekne bisa dadi wong wedok sing luwih migunani sak uwise oleh trauma saka bojone. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2420", "text": "Tahun 2010 aku ambek konco-koncoku dolan nang Bromo. Panggonan iku wes umum dadi wisata sing paling apik ang jawa timur. Opo maneh panggonane sing nyuguhno pemandangan alam awit teko pengunungan sampek perkebunan. Terus teko dukur yo iso delok srengenge sing lagek metu, uapike pol. Maringono, sak liyane iku yo iso delok gunung bromo langsung ambek ngeliwate padang pasire sing ombone pol, terus yo iso menek gunung bromo ambek delok kawa'e sing isek nyemborno belok'e welirang. Akeh konco-konco sing ndase ngelu nag wes kenek beluk'e. Mangkane aku gowo masker ben ora ngelu. Kabeh iku maeng pengalaman dolan ambek konco-konco sing wes suwe nag tahun 2010. Nag saiki asline yo pengen dolan mrono maneh soale panggonane apike pol.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7411", "text": "Dino iki, aku dijak bapakku ngunjungi omahe pakdheku sing onok nang Situbondo. Pas aku takon pakdhe opo’o, jare lara dan bapakku pingin mastikno kondisine. Akhire aku sak keluarga berangkat nang Situbondo. Pas nang kono, aku kaget banget soale ndelok bentukan omahe pakdheku sing unik banget, gak koyok omah biasane. Terus iki yo ancen buru pertama kaline aku nang omahe pakdheku sing iki. Biasane ketemu iku mek pas Halal Bi Halal tok. Jare budeku, iki omah adate khas Jawa Timur sing merupakan peninggalan teko mbah buyut, jenenge Joglo Situbondo. Jarene bangunan iki gak oleh diubah utowo direnovasi. Mbari ndeloki omah iki, aku melu nyunguk kondisine pakdhe sing lara. Untung ae larane gak nemen dan jare minggu ngarep isok waras.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3151", "text": "Tahun iki pas aku delok pertandingan balapan sepeda montor ancene rodok rame timbangane tahun-tahun sak durunge. Nah sing garai rame yoiku ono sing tau oleh juara dunia peng enem iku melok mlebu maneh sak marine tahun wingi abesen sampek pirang-pirang ulan. Nah pas tahun iki deke luwong iso melok sampek pirang-pirang pertandingan nak balapan iku maeng. Nag wong iku tampil mesti akeh ramene soale mesti ono balapan sing temenen garai sing delok mlongo ambek ngelos dodo polahe oleh balapan kendele megilan. Nag pemain sing anyar-anyar mesti ora wani koyok ngunu, mangkane nag wong iki ora melok utowo abesen mesti akeh wong sing aras-arasen delok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8649", "text": "Menungso iku makhluk sing dinamis. Gak onok uwong sing nduwe sifat sing podo. Onok sing apikan, onok sing elekan. Onok sing ‘ngobati’, onok sing ‘ngeracuni’. Wong sing problematik dan nduwe sifat racun iku kudu cepet-cepet dihindari. Tapi kadangan, sek akeh pol uwong sing kejebak nang hubungan toksik ambek koncone iku mau. Alesan gak isok ucul iku mergo de’e sek setia ambek koncone iku mau. Jarene eman, persahabatane wes mlaku suwe, moso kate pisah. Padahal, sing koyok ngono iku suwe-suwe bakal nyiksa batinmu dewe. Dadi gawe awakmu sing ngeroso tersiksa nang siji hubungan pertemanan, sadaro nek awakmu iku terjebak nang hubungan toksik. Nek wes sadar, cepetan menjauh dan nggolek konco liyane sing luwe apik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5123", "text": "Lagu-lagu Batak kuwi ana akeh maceme. Salah sijine yaiku lagu judule \"Butet\". Lagu iki uga nyeritakake perjuangan rakyat Batak sing lagi mbela tlatah kelairane ning wayah perang. Bedhane iki dinyanyekake saka bapak marang anak wedhoke sing ditinggal perang ngelawan penjajah. Lagu iki diciptakake karo Siddiq Sitompul saka cerita yen jaman biyen bapak yen kangen keluwarga mung bisa ngirim surat. Surat iku isine ngongkon anake dadi perawat ben bisa ngobati tentara-tentara sing lagi perang. Lagu iki dinyanyekake nganggo nada sing dhuwur lan kanggo wong Batak, lagu iki dadi lagu sing marai nangis amarga amanat saka lagu iki akeh banget lan ngilingake marang wong tuwa. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3100", "text": "Pas aku cilik aku senege pol ambek sing jenenge bal-balan. Sak liyane olah raga, yo iso koncoan ambek bocah-bocah sing sak umuran. Opo maneh nang deso bal-balan iku mesti dadi idolae bocah-bocah pas iku. Nang bal-balan iku ora mog angger saduk-sadukan tok tapi kudu boloan ambek konco-konco sing apikan ben iso menang. Soale nag ora ngunu engko ora iso menang. Terus kudu iso mileh boloh sing apik ben iso menang nag gak ngunu mesti kalah. Terus wonge kudu podo ben adil. Nah bal-balane iku mesti ora karoan kadang lang dalan, nang sawah, pas uda-udan, utowo pas sore. Terus sing sangar iku mesti nyeker ora ono sing gawe sepatu. Dadi nag gaprakan mesti ono salah sijine sing jepat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5031", "text": "Minggu wingi, ibuku kelangan dompet ning pasar. Ibuku bingung amarga ning dompet kuwi ana KTP, SIM, lan kartu-kartu penting liyane. Pas lagi ning pasar, ibuku wis takon marang akeh pedagang nanging ora ketemu. Banjur ning tengah dalan, ana wong ngemis. Ning kesak ibuku ana dhuwit 2000 perak kanggo numpak angkot. Banjur ibuku ngewenehi wong ngemis kuwi lan milih mlaku ning omah. Ibuku wes arep ngurus kartu-kartu, banjur ana tamu. Tamu kuwi yaiku tukang becak. Bapak tukang becak kuwi ngewenehake dompet ibuku sing ilang. Jebul, bapak tukang becak kuwi sing nemu lan isine sing lengkap. Yaiku jenenge keutamaane sedekah, jare ibuku amarga bisa mbuka lawange rejeki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7443", "text": "Badik iku lading dowo sing bentuke khas sing dikembangno ambek masyarakat teko Sulawesi. Badik iki nduwe sisi sing tajem tunggal utowo ganda dan dowone isok sampe sekitar setengah meter. Bentuk badik iki asimetris terus bilahe biasane dihiasi ambek pamor. Badi iki penyebutan nang boso Makassar. Nek nang boso Bugis disebute dadi kawali. Badik iki nduwe konsep mistisisme dan bernilai secara ekonomi dan seni sing tingkate duwur. Badik iki bentuke koyok pistol, Cuma iki guduk senjata api. Cara nyekele yo podo koyok bek nyekel pistol. Dicekel nganggo siji tangan sing posisine patang jari nang ngarep dan jari jempol nang mburi cekelane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8621", "text": "Sak marine mbah uti rewel gak gelem turu sak dinoan ket wingi, akhire mbah uti gelem turu mbarine tak bujuk-bujuk. Akhire aku isok ambekan dilut. Awale aku wes kate bersantai, lah kok moro-moro onok suara tahlilan banter pol teko tonggo sebelah. Terus aku buru iling nek dino iki ancen onok tahlilan rutin. Aku gak melok soale ancen nang kepercayaanku tahlilan iku bid’ah. Sakjane aku gak masalah sih nek onok uwong kate tahlilan, cuma iki ngajine nganggo mic sing marakno suarane dadi banter pol. Teko kono, siraku langsung ngelu. Opo maneh aku krungu suarane mbah uti sing tangi maneh. Tambah ngelu siraku.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5170", "text": "Wiwit umur 4 taun, aku melu sanggar tari ning cedhak omah karo kanca-kanca sekolahku. Sakjane ana pilihan tari modern, nanging aku milih tari tradisional jawa. Aku sinau tari khas Jawa Timur saka sing paling gampang yaiku tari anak-anak sing nggambarake kewan lan kembang, banjur lanjut tari Gandrung Banyuwangi. Tarian iki gampang diapal nanging uga kesel amarga gerakane kudu kesel. Aku uga sinau tari remo. Tari remo iki kudu bisa nahan sikil amarga teknike angel lan kudu gagahan. Tari sing paling tak senengi ya tari remo iki amarga maceme akeh lan saban daerah duwe teknike dhewe-dhewe kaya remo boled, remo jombang, lan remo malangan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1721", "text": "Adiku tambah ora iso bersosialisasi meneh. Sebenere adiku iso, nanging mbuh ngopo neng omah kui adiku ketok ora iso. Dheweke neng sekolah utowo kampus kui aktif melu organisasi. Adiku malah tau entuk jabatan sing penting ning organisasine. Nanging neng omah kui, adiku ketok ora iso bersosialisasi banget. Misale ono tonggo sing arep ngekei sesuati kanggo ibu, senadyan adiku sing paling cerak seko lawang, nanging dheweke wegah bukake. Sing kudu buka lawange lan nerimo tamu kui mesthi aku nek ora ono sopo-sopo meneh neng omah. Pas jamane isih nganggo telepon omah yo mirp koyo ngono. Sing nganggkat telepon kui mesthi aku. Padahal, adiku posisine luwih cerak seko telepone lan lagi selo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5823", "text": "Oriflame yaiku salah siji usaha kosmetik saka Swiss sing paling terkenal amarga bisnise maju lan uga ngewenehi keuntungan sing akeh marang karyawan lan marketinge, kaya hadiah asesoris, rekreasi, lan uga seminar kosmetik tingkat internasional. Akeh anggota Oriflame sing oleh keuntungan luwih kaya mlaku-mlaku ning Eropa. Modal dodolan Oriflame iki mung tuku katalog lan bisa nawarake liwat online. Oriflame iki wis terkenal karo produk kosmetik lan parfum sing regane murah nanging kualitase uga apik. Para pelanggan Oriflame iki kesebar ning Indonesia lan uga wis akeh sing ngerasakake manfaat produk, bonus, lan uga keuntungan ekonomi liyane saka perusahaan sing wis dibangun wiwit 1967 iki.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9018", "text": "Onok arek sing curhat nang aku. Jarene de’e iku minder pas nggabung nang klub fotografi sing onok nang kampus. Aku jelas heran lah, wong perasaan bakat e arek iki apik pol, dan hasil jepretane gak tau elek. Tak takoni opo’o, jare de’e minder soale de’e gak nduwe kamera DSLR utowo mirrorless dan selama iki mek motret nganggo kamera hp. Pas tak delok hp ne, dadakno wes onok fitur telung lensa nang hp e. Aku langsung nyemangati de’e ben arek iku gak minder maneh. Soale hp jaman saiki iku hasile gak kalah apik ambek kamera biasa, opo maneh sing wes onok telung lensane. Bahkan nek sing nganggo iku pinter, hasil e isok luwe apik lho. Dadi gawe awakmu kabeh, gak usah atek minder nek gak nduwe kamera DSRL. Cukup nganggo kamera hp ae hasile wes apik kok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8126", "text": "Jaman saiki, sembarang produk dodolan, terutama sing dodolane online, iku pasti bakal dipaketno dan dikirim karo kurir ekspedisi. Kadang awak dewe iku males gawe metu nang ekspedisi mek gawe ndekek paket sing kate dikirimno. Nek nganggo platform toko online koyok Shopee, paket iku mau isok disusul karo kurir ekspedisi, dadi awak dewe gak usah metu omah. Onok cara gawe ngatur penjemputan paket karo kurir nek teko Shopee. Siji, mbarine pembeli nge-checkout barang nang Shopee, lakoni pengecekan nang pesanan ben isok diproses. Loro, atur opsi pengiriman ambek wektu penjemputan paket nang alamat toko nang bagian Seller Centre. Telu, kemas produk sing kate dikirim terus cetak resi sing dikirim teko Shopee. Terakhir, garek enteni kurir teko gawe njupuk paket iku.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3149", "text": "Biasane nang sekolahku biyen iku kabeh siswa ambeki siswi mesti dikongkon melok olahraga. Terus yo disaranno kon milih salah sijine ekskul sing ancene disenengei ambek siswa-siswi sing sekolah nang kono. Mangkane bocah-bocah mesti duwe keahlian olahraga dewe-dewe ono sing nang basket, ono sing nang bal-balan, ono sing nang tenis, terus yo ono sing nang bulu tangkis barang. Nah sing ora ono yoiku sing nang ngelangi soale nang kono biyen durung ono kolam renange soale isek dibangun. Nah kegiatan eksul iku maeng ancene disaranno ben bocah-bocah iku iso ngembangno bakal olahragae maeng. Soale olahraga iku penting kanggo kesehatane wong iku maeng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7714", "text": "Ancen ket mbiyen iku aku paling males nek dikon olahraga jenis opo ae. Tapi aku pasti langsung semangat nek dijaki senam. Ben onok acara senam nang ndi ae, aku pasti njaluk melu. Mulai teko nang Sekolah, pas onok acara gede, dan sek akeh liyane maneh. Awakku seneng senam iku mergo rasane nek olahraga iki iku asik, gak mboseni, dan guampang. Gerake macem-macem, dan instruktur e pasti semangat banget gawe mimpin wong-wong. Wes ngono senam iku isok nganggo lagu macem-macem, dan iku isok diatur karo lagu senengane awak dewe. Senam iku sisan jenis olahraga sing isok nggerakno kabeh anggota tubuh. Dadi cukup siji olahraga ae dan gak usah atek olahraga iki iku maneh gawe ngelatih anggota tubuh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9762", "text": "Aku nduweni suling ing omahku. Suling yaiku salah siji piranti lagu saking daerah Jawa Barat. Suling dadi salah siji piranti lagu sing paling tuwa ing dunya. Suling yaiku salah siji piranti lagu sing digawe saka pring. Ing perkembangan zaman, suling saiki ana sing digawe teko bahan sak liyane pring, misale saking perak, emas, utowo campuran karo-karone. Suling biasane nduweni warna coklat, tergantung karo bahan sing digawe. Suarane suling lembut, lan enak yen diunikake karo piranti lagu liyane. Suling biasane nduweni ukuran 60 cm lan kadang ana sing ukuran 30 cm. Suling nduweni bentuk sing bunder, dawa kaya pipa, lan nduweni bolongan ing bagiane. Suling biasane diunekake nganti cara disebul.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9347", "text": "Taeyong lagi crita ning dulur-dulure babagan pengalamane munggah Gunung Rinjani sing ana ing Lombok. Munggah Gunung Rinjani uga bisa dilewti kanti nyewa ojek nuju pos 2 rute Sembalun. Kaping pisan, golek ojek sing biasane ana ing cedhake hotel. Kaping loro, ojek iki mbandrol rega kurang luwih 250 ewu. Numpak ojek nuju ing pos 2 iki bisa kanggo nyimpen tenagae awakdhewe supaya ora pegel nalika ngewiwiti munggah Gunung Rinjani. Yen mlaku biasa, mbutuhake kurang luwih telu nganti patang jam nuju pos 2. Numpak ojek iki uga bisa kanggo ngewangi ekonomi masarakat sing ana ing cedhake Gunung Rinjani amarga iki dadi salah siji penggaweane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5527", "text": "Yen wis bisa njaga bagian njaba laptop, sing perlu diopeni liyane yaiku bagian njero laptop, yaiku babagan program-programe sing ana ning jero amarga laptop kuwi luwih sensitif karo virus yen dibandingke karo komputer gedhe. Laptop kuwi uga duwe kemampuan sing luwih terbatas, kamangka ora perlu nyimpen dokumen sing ukurane gedhe amarga bisa marai laptop cepet rusak. Wong kang duwe laptop iki uga nyediakake harddisk kanggo nyimpen dokumen. Banjur sak uwise kuwi uga ora usah download babagan sing aneh-aneh kajaba saka web resmi amarga bisa ngundang virus lan ngerusak kabeh isi laptop. Sing pungkasan, uga kudu luwih sregep ngeresiki laptop saka virus nganggo scan karo ngeresiki dokumen. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2478", "text": "Penggawean sing iso dilakoni nag waktu luang iku macem-macem, ono sing sio digawe ngembangno hobine, kesenengane, ambek kumpul karo wong-wong sing disenengi. Lah manfaate iku maeng yo akeh contone ben awak iki ora kaku terus polahe kaean mikirno penggawean sing ora ono enteke. Terus ben awak iki yo iso sehat ambek ngasoh teko penggawean sing ora karuan abote. Mangkane perluni aktivitas nag waktu luang gawe njogo kesehatan awakmu ben awakmu tetep seger, nag wes seger pikiranmu yo melok seger ambek emosimu yo ora mbledos-mbledos. Soale nag awakmu ora nggunakno waktu luangmu gawe penggawean sing mbok senengi, biasane mesti ono sing kurang ambek sing ganjel.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10046", "text": "Wedang uwuh punika salah satunggaling unjukan tradisional ingkang tasih bertahan ngantos sakpunika. Unjukan menika mirip kaliyan jamu ingkang didamel saking rempah-rempah ingkang gedhe manfaatipun. Bentenipun, jamu didamel saking sari rempah-rempah ingkang dipun uleg terus disaring lan dipendhet toyanipun utawi dipundamel dados bubuk wonten pabrik. Khasiatipun wedang uwuh kaliyan jamu sami kathah kangge kesehatan. Nanging, jamu sanesipun saged nyegah penyakit, ugi gadhah khasiat sanes ingkang luwih spesifik, gumantung saking bahan bakunipun. Kayata jamu rapet wangi, jamu paitan, jamu beras kencur, lan kathah sanesipun. Wedang uwuh kaliyan jamu sampun kondang khasiatipun kawit pirang-pirang abad kapengker. Pramila kathah tiyang Indonesia ingkang tasih ngandelaken unjukan-unjukan punika kangge njagi kesarasan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6664", "text": "Wong sing ora nduweni kegiyatan lan akeh kegiyatan kuwi padha-padha nduwe potensi kanggo stres. Stres iki bisa diilangi kanggo akeh kegiyatan kaya olahraga. Olahraga iki bisa ngilangi stres amarga bisa ngetokake hormon. Nanging kadhang olahraga iki marai stres yen kudu ditarget. Olahraga iki kudune ora marai stres amarga kudune ora duwe target lan kudu akeh variasine, kaya misale dina iki yoga, sesui jogging, lan uga liyane ben ora bosen. Yen gampang bosen, olahraga iki bisa nggolek kanca ben ana pendukunge. Sing marai eman yaiku saiki akeh wong sing mikir yen olahraga kuwi larang, padahal ya ora kudu ngetokake dhuwit kaya mlayu isuk. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "555", "text": "Seko biyen ngerti yen panganan sing dadi oleh-oleh khas Yogyakarta kui bakpia pathok. Pathok kui dijikuk seko jeneng daerah sentra pembuatanne. Biasane isian bakpia kui kacang ijo. Nanging saiki wis akeh bakpia sing versi kekinian. Ukurane kui luwih cilik lan duwe varian rasa luwih akeh, seko coklat tekan duren. Akeh wong sing ngomong yen bakpia kekinian kui rasane aneh lan luwih cocok karo bakpia pathok. Nanging saiki, ono meneh bakpia sing luwih ora masuk akal, yaiku bakpia kukus. Sing seko jenenge wae, kudune kui dudu bakpia. Bakpia kui kudune dipanggang dudu dikukus. Rasane ugah adoh seko bakpia. Rasane kui luwih mirip brownis kukus.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "415", "text": "Bengkel Hati kui dudu klinik sing klenik. Neng kono, wong iso ngerti solusi utowo obat seko penyakite nganggo ngebenahi sifat utowo tabiate sing ala. Klinik sing diduweni karo Ustaz Dhanu kui karamah seko Gusti Allah. Karamah kui mung iso diwehi neng wong-wong terpilih saking Gusti Allah. Kanggo sebagian wong, kui tetep alasan sing ora masuk. Nanging metode iki wis ana seko jaman biyen. Ilmu sing koyo ngeneki diarani firasat neng Melayu utowo Sumatra, yen neng Jawa kerep diarani ilmu titen. Ilmu iki diduweni kanggo coro nitene tanda-tanda neng sekitare awak dhewe. Ora mung mandhek neng sak uwong wae, cara maca tanda-tanda iki dilakoni turun temurun. Ilmu iki valid utowo iso dipercoyo mergo validasi seko wong sak ben masane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5089", "text": "Ning agama islam, akeh upacara keagamaan sing mengeti alur uripe manungsa ning dunya iki. Salah sijine yaiku akikah. Akikah iki upacara kanggo mengeti kelairane bocah lan hukume sunnah muakad utawa sunnah sing paling disaranake. Hukum kuwi akeh dasare lan akeh para ulama sing setuju amarga akeh sing percaya yen akikah iki bisa ngeculake para bayi saka belenggu jin. Sak liyane kuwi, akikah iki uga dadi cara kanggo sedekah lan ngucap sukur amarga ana bayi sing wis lair. Upacara iki dadi cara ngenalake bayi marang lingkungan lan keluargane. Kamangka kuwi, kanggo kanca-kanca muslim, kudu sadar yen upacara iki penting. Yen durung akikah, ya jajal akikah secepete lan mengko yen duwe anak kudu ngewenehi hak akikah iki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7700", "text": "Lompat tali iki dadi salah siji olahraga favoriku pas cilik. Awale mergo jaman cilik mbiyen, aku nduwe perawakan sing cilik banget. Bahkan saking cilike, aku sampe akeh dinyek karo koncoku. Kabeh podo ngomong nek aku iku boncel. Akhire aku wadul nang bapakku. Karo bapakku, dikon jarno ae. Timbang tambah porek, aku dikon olahraga ae cek tambah duwur. Gak suwe, aku ditukokno tali dan dikon rutin lompat talian. Ben sore mbari moleh sekolah, aku lompat tali terus. Tambah suwe, aku tambah nikmati kegiatan rutin iku mau. Mergo lompat tali iku mau, awakku dadi tambah duwur, dan iku sing marakno aku tambah semangat gawe lompat talian terus.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9657", "text": "Ana tradhisi-tradhisi sing dilakokake wong buddha wektu riyoyo waisak utamane wong indonesia. diantarane yoiku, sing nomer siji ngurupno lampu lan lilin gambar kembang teratai. sing nomer loro proses jupuk banyu berkat teko sumber banyu jumprit sing onok ning kabupaten temanggung lan nyumet obor karo geni saka mrapen kabupaten grobogan. nomer loro ritual pindapatta, yoiku ritual ngekek i panganan ning biksu tekan wong wong. ritual iki digawe wong wong jalakno kebajikan. nomer telu diarani samandhi . samandhi iki dilakokake pas rembulan purnama. ora oleh ngelakokno ritual sak karepe dewe . kudu onok tata carane dewe. yen ora ngerti yo kudune melok wong tuwo tuwo sing wis ngerti aturan e . ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2109", "text": "Misale awak dhewe pengen anake dhewe dadi pengusaha sing apik, awak dhewe kudu ngelatih anak seko isih cilik. Sebenere ora kudu dipekso dadi pengusaha, nanging yen dheweke iso dodolan kui bakal ngewangi perkembangan kariere sesok pas wis gedhe. Pengusaha kui duwe sifat ora gampang nyerah lan wani jupuk resiko. Rong perkoro iki angel dheweke entoke yen dheweke arep sinau dadi wong sing koyo ngono dhewekan. Wong kui butuh dorongan seko faktor liyo, salah sijine nganggo coro usaha iki. Dheweke dadi muter uteke piye corone dheweke dodolan kui ora rugi lan tenogone ora dadi sio-sio. Awak dhewe ora usah ngekon dodalan sing abot-abot. Awak dhewe uga tetep kudu pastike yen dheweke seneng ngelakoke kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2111", "text": "Salah siji kendaraan umum sing biasa dienggo wong-wong neng kantore kui sepur. Tepate mungkin jenis sepur listrik sing biasane awak dhewe sebut KRL. Kendaraan iki dipilih mergo ora ono pilihan sing liyo. Wong sing duwe mobil utowo montor dhewe mesthi milih kendaraan umum. Alesan sing liyo mungkin kui dadi siji-sijine kendaraan umum sing paling cerak seko kantor. Sebenere KRL kui panggone nyaman. Kursine empuk lan gerbonge kui mesthi resik. Nanging pas lagi wayahe mangkat lan bali kantor, pagi karo sore, KRL kui padet banget. Yen awak dhewe mangkat seko stasiun sing ono neng tengah rutin, awak dhewe entuk jaminan kudu ngadek neng sepure. Pas kui, awak dhewe kudu dempet-dempetan karo penumpang liyane. Yen awak dhewe ngadek, ngobahke sikil sitik kui tekan arep ora mungkin.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8954", "text": "Ket tanggal 24—29 Januari, Indonesia Masters diadakno nang Istora Senayan, Jakarta. Koyok biasane, aku mesti nonton lewat TV ben gak ketinggalan berita tentang badminton. Cuma aku iku buru ngeh ambek siji hal, yaiku jumlah court e. Biasane nang negara liyane, court sing dinggo iku onok patang court. Lah nang Senayan iku mek onok telung court. Aku dadi mbatin, Senayan iku gak ideal nek kate digawe perlombaan koyok ngene. Soale nek mek telung court tok sing digawe, pertandingan e iku diadakno sampe dini hari. Sing koyok ngono iku kan bakal ngaruh nang stamina atlet e sisan. Wes ngenteni sampe bengi, terus nek menang sesok e kudu dolen ket awan dan iku jelas stamina ne podo gak optimal kabeh. Kudune kan Indonesia nyediakno panggon sing luwe ideal gawe perlombaan koyok ngono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "971", "text": "Aku lan konco-konco sak kelas kui melu ekskul robotik pas SMP. Ekskul iki digawe mergo aku lan limo koncu sing liyane mau tertarik banget karo bidang robotik, dadine guruku ngusahake bin awak dhewe iso ngelakoke minate dhewe kui. Guru kui ngundang ponakane neng sekolah. Ponakan kui sing ngajari awak dhewe neng tim robotik SMP. Pertemuan sing kesiji kui perkenalan. Jebul, dheweke disik kui uga sekolah sing SMP sing podo. Bar perkenalane rampung. Mas e kui ngenalke awak dhewe babagan robotik. Awale pancen awak dhewe ora dong opo sing diomongke karo mas e. Nanging, mergo sekolahane dhewe ono keterampilan listrik, awak dhewe iso paham neng pertemuan ke loro.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7893", "text": "Artificial intelligence utowo boso Indonesiane iku kecerdasan buatan, utowo luwe dikenal karo jeneng AI iku simulasi teko kecerdasan sing diduweni ambek menungso sing dimodelno ndek njero mesin terus deprogram ben isok mikir koyok menungso sisan. Jare Mc Leod ambek Schell, AI iki aktivitas penyediaan mesin koyok komputer sing nduwe kemampuan gawe nampilno perilaku sing dianggep podo pintere nek kemampuan iku ditampilno ambek menungso. Intine, AI iku sistem komputer sing isok dilakoni pekerjaan-pekerjaan sing umume butuh tenogo menungso utowo kecerdasan menungso gawe nyelesekno kerjaan iku mau. Salah siji contoh AI iku asisten virtual sing saiki isok diakses nang hp android utowo iOS.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4009", "text": "Ngelakoni urip ambek pasangan iku ora iso alur terus ambek enak terus, soale sing jenenge bedo endas mesti pemahamane nang urip iku mesti seje. Nah guruku iku mesti nganjurno nag wong sing wes duwe bojo iku kudu duwe sabar sing luweh gede timbang pas isek urip dewean. Soale nag wes duwe keluarga utowo bojo, mesti akeh perkoro sing iso dadekno adu lambe sing akhire gegeran. Nah ambek sabar iku maeng iso ngalahno perkoro iku maeng, mangkane guruku mesti nganjurno dikongkon sabar sak sabar-sabare ben ora dadekno ati loro nag ancene ngadepi perkoro sing koyok ngunu maeng. Terus sak liyane iku maeng, yo dianjurno nag ngomong sing enak ben ora dadekno atine wong sing ngerungokno iku loro ambek mangkel.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2377", "text": "Gawe jus saiki iso nag omah ora perlu nang tukang jus, soale wes akeh wong sing duwe belnder. Dadi kabeh iso kawe jus nang omah. Belnder iki gampange pol gawene, cukup dicupno ae nang listrik terus ono petek'an siji kanggo sing paling banter mumete gamane, loro sing rodok alon, terus sing telu sing paling alon, ono maneh sing tulisane turbo utowo passed sing fungsine iso langsung paling banter dewe tapi dicekeli terus, soale nag langsung ditinggal ambek tangan langsung mati. Mangkane nag gawe jus karo blender dipasno wae mutere gamane sing dibutuhno, banter utowo sedang, karek butuh'e sing gawe, nag pengen cepet yo sing paling banter, nag pengen roto yo sing sedang. Kabeh karek kebutuhuane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9638", "text": "Tetulungan karo wong liya iku penting. Urip ana ing donya ora dhewean lan mesti bebarengan karo wong liya. Urip kadhang ning dhuwur uga kadhang ning ndhisor. Mulane kudu mesti tetulungan karo wong liya kaya sing diajarke ana ing Alquran. Nalika ana sapa wae sing njaluk tulung, kene kudu nulung. Ora peduli wong iku beda ambek kene, beda agama, beda keyakinan, beda ras, nanging kudu tetep ditulung amarga kene padha manungsae. Tetulungn uga ora ana rugine. Iku mana dadi tabungan kanggo kene mbok menawa mengko kene ana ing posisi sing angel dadi bisa ana sing nulung sisan. Ayo padha tetulungan karo wong liya!.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9631", "text": "Aisyah diwenehi penggawehan saka sekolahan e karo gurune. nanging penggawehan iki kudu onok kelompok e. Aisyah iki ketepak an sak kelompok karo Regina. saben mulih sekolah aisyah karo regina ngerjakno penggawehan e saking sekolahan mau ben gelis mari lan ora diseneni guru ne. dino senin iki wayah e nggarap tugas ning omah e regina. regina teko e mari ashar. gara-gara tugas e akeh dadine buyar e sampe mari maghrib. wektu maghrib aisyah numpang sembayang ning omah e regina. amarga regina iki duduk wong islam namung regina iki tetep ngoleh i Aisyah sembayang nak omah e. Regina iki wonge ora bedak bedakno konco sing Islam ambek sing ora. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10186", "text": "Tuk-tuk inggih punika kendaraan ingkang jumlah rodanipun tiga. Asalipun Tuk-tuk wonten negara Thailand. Kendaraan menika dados transportasi tradisional Thailand ingkang kedah dicobi nalika plesir wonten mriku. Sejarahipun Tuk - tuk nyatanipun sampun dangu wiwit Thailand ngimpor mobil bekas saking Jepang taun 1957. Kendaraan bekas menika dimodifikasi lan dados tuk tuk ingkang kados sakmenika. Awalipun tuk tuk namung disebat kendaraan roda tiga, nanging sairing berkembangipun jaman, asmanipun owah dados tuk tuk amargi nalika mesinipun murub, swaranipun kados tuk tuk. Sakmenika, pemerintah Thailand gadhah rencana ngilangake tuk tuk amargi kendaraan ingkang awalipun digunakaken kangge ngangkut barang punika dianggep gawe macet lan semrawut.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7439", "text": "Cerita rakyat sing paling legendaris dan akeh wong sing apal kisahe iku kisahe Kelinci karo Kura-Kura. Kisahe iku tentang Kelinci sing sombong dan ngelokno Kura-Kura nek de’e gak bakal isok ngalahno awake nang perlombaan lari. Soale Kelinci mlayune kuenceng, dan Kura-Kura luambat. Suatu hari diadakno lomba lari maneh. Kelinci lawan maneh karo Kura-Kura. Tengah dalan, Kelinci leren turu disik soale jarake sek uadoh. Dadakno kali iki sing menang Kura-Kura polane Kelinci ngeremehno Kura-Kura mau. Kisah iki isok banget dijupuk hikmahe, yaiku awak dewe gak oleh sombong, opo maneh sampe ngeremehno wong liyo. Gak selamane awak dewe bakal nang nduwur terus. Roda kehidupan iku muter terus, dadi awak dewe gak oleh sombong nang wong liyo iku rek. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10028", "text": "Sapa ning kene senengane ndelok tandhingan badminton utawa jawane tampekan?. Ing stasiun tv kerep banget saiki nayangake tandhingan bulutangkis. Indonesia dhewe yen disawang-sawang babagan badminton iki ora isa diremehake. Salah siji atlit kang ngawangga yaiku Anthony Sinisuka Ginting, atlet badminton kang asale saka Bandung, Jawa Barat. Ginting nduweni serangan kang isa dadi kaluwihan uga diwedeni marang mungsuhe. Ginting kang wis menangake akeh tandhingan wis patut yen diuja-uja amarga pancen dadi kebanggaan e Indonesia. Kabeh wong sing seneng karo badminton ndadekake Ginting kaya pahlawan ing olahraga iki. Ginting bakal ngalami akeh tandhingan meneh, kamangka kuwi ayo kabeh padha ndhung Ginting supaya menang lan bisa nggawe Indonesia bangga duwe.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5414", "text": "Olahraga sing paling aman kanggo wong lemu kuwi salah sijine yaiku mlaku santai. Wong lemu kuwi angel banget yen kudu ngejar olahraga jenis kardio abot kaya mlayu amarga bisa ngerusak sendi dengkul uga marai abot ning pernapasan. Mlaku santai iki bisa ngurangi bobot awak yen dilakoni rutin lan dibarengi diet amarg mlaku santai iki uga bisa marai ngontrol panganan sing melbu ning jero weteng. Mlaku sing disaranke karo dokter yaiku 10000 langkah saban dino lan gampang dilakoni kaya mlaku saka kos menyang kantor lan uga bisa mlaku-mlaku ning pasar tanpa kendaraan. Nanging sing dadi kunci yaiku kudu sregep lan konsisten. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6330", "text": "Biyen aku tau melu pramuka lan tau munggah Gunung Pancar karo kanca-kancaku amarga melu lomba. Akeh peserta sing melu munggah gunung lan melu kabeh mata lomba kaya sandi, semaphore, peta, lan sak panunggale. Ning gunung kuwi uga nan materi lomba P3K lan materi kepiye carane urip ning alas. Ning lomba kuwi aku diajari carane masak rimba kaya manfaatke kabeh sing ana ning alam kaya kayu garing, godhong, lan uga watu kanggo nggawe geni senajan wis sedia kompor parafin. Banjur uga diajari kepiye carane masak ning keadaan darurat lan ngeresiki alam ben ora gampang kobong amarga geni sing isih sisa bekas saka masak. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6647", "text": "Anane kanca kuwi bisa marai wong sing nduweni beban mental cepet waras. Akeh banget wong sing waras saka depresi amarga kancane kuwi ndukung dekne kanthi bener, kaya ngilingake ngombe obat, ngejak mlaku-mlaku, lan uga ngawasi babagan panganan lan ngejak ngobrol babagan sing serius kanthi sing paling gampang. Kanca sing apik iki disaranke dadi terapis pribadi kanggo wong sing depresi, nanging ora perlu ngerasa beban amarga kadhang wong sing depresi iki duwe kekarepan sing ora bisa diomongake. Peran kanca iki mung dadi panggonan crita lan uga panggonan sambat ben pikiran apa sing ana ning sirah kuwi bisa enteng lan ora marai stres. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2896", "text": "Biyen aku tau di ulangi mak'e carane gawe panganan sing pangnanan iku termasuk salah sijine panganan khas daerahku. Panganan iku jenenge Soto. Kabeh wong wes mesti ngerti seng jenenge soto tapi ora kabeh wong ngerti carane gawe Soto. Lah carane gawe soto maeng tibak'e gampange pol. Dadi sing awitan iku maeng kudu disiapno kabeh bumbu-bumbune sing teko bawang abang, bawang putih, kemiri, kunir, godong jeruk, sere. Mari ngunu bumbu iku maeng di alusno utowo diulek sampek lembut. Lah nag wes lembut lagek digongsong tapi ojo sampek gosong soale garai ora enak rasana. Nag wes mari digongsong maeng lagek diwei banyu maring ngunu diumopno sampek molak-malik banyuni terus ditambai uyo ambek gulu, terus godong jeruk ambek sere yo dicemplungno. Lah wes dadi to sotone. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4071", "text": "Biyen pas aku isek cilik, mesti aku dolan nang sawah kanggo ngewangi wong tuo nandur jagung a,mbek liyan-liyane. Nah nandur tanduran iku maeng yo tibake ora gampang soale kudu ngerti teorine. Nag ora ngerti carane nandur yo bakal ora terik. Nah pas iku nandur jagung, nah nandur jagung iku sak marine dicaju lemahe lagek dilebokno jagunge, sak marine iku lagek dikei awu sing koyok model pasir ngunu ben gampang terike. Mari ngunu nag wes terik sekitar umur limolas dino lagek digarem ben cepet modote ambek tambak subur. Nah wes ngunu karek ngeteni kobot. Nag wes metu kobote, yo kudu digarem maneh ben uwohe gede-gede ambek apik-apik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1772", "text": "Aku ngeroso ono rong jenis petani neng Indonesia, ono petani sing garap sawahe wong liyo lan ono petani sing garap neng lemahe dhewe. Aku sebenere ora patio paham babagan iki. Aku ngerti informasi iki seko cerito-cerito lan opo sing tak woco. Petani sing garap sawahe liyo kui sing paling mesake. Soale, dheweke ora entuk bathi segedhe petani sing duwe lemah dhewe. Nanging ono untunge uga dadi petani sing koyo ngono. Soale, dhewe ora nanggung rugi misale gagal panen. Dheweke wis digaji sak ben dinone. Bedo cerito yen model bayarane ora koyo buruh tani nanging bagi hasil. Senadyan, petanine ora ngurus perkoro pupuk lan liya-liyane. Nanging yen gagal panen, dheweke uga ora entuk hasil opo-opo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "864", "text": "Paralayang kui menurutku olahraga ekstrem sing apik. Olahraga kui koyo olahraga ektrem laine uga medeni. Piye ora wedi, awak dhewe iso mabur duwur banget koyo elang, senadyan awak dhewe seko cilik ora tau diajara corone mabur. Kui duwur banget. Nanging rasa wedi kui bakal dadi ora keroso pas awak dhewe wis ngelakoke. Neng duwur kui pemandangan sing iso awak dhewe delok kui endah banget. Donyo sing biasane awak dhewe delok kui dadi ketok cilik seko duwur. Awak dhewe uga iso ngerasa dadi bebas. Angin kui iso ngliwati sela-sela rambute dhewe. Sirahe awak dhewe dadi keroso enteng. Pas sikile dhewe ngidak lemah meneh, awak dhewe dadi ngeroso pengen mabur meneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6671", "text": "Pas isih SMA, aku lan kancaku melu kegiyatan penghijauan sekolah. Aku lan kancaku dadi perwakilan kabupaten kanggo dadi koordinator ning sekolah. Tugase yaiku nggawe surat kerjasama karo OSIS kanggo nggawe ijin kegiyatan lan uga ngurus distribusi bibit sing ana ning sekolah. Bibit saka pemerintah kabupaten yaiku bibit tanduran mangga, jambu, beringin, lan uga sawo kecik. wit iki ditandur ning lapangan mburi sekolah kanthi kabeh kelas ana bagiane dhewe. Sak kelas diwenehi jatah 5 bibit kanggo nandur lan uga kudu diwenehi jeneng kanggo pengawasan saban dina. Dadi mengko gantian para siswa nyiram miturut jadwale dhewe lan miturut kelompok lan wit sing dibagi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10116", "text": "Budaya tradisional wonten Jogja pancen tesih kathah ingkang lestari. Jogja ingkang gadhah kathah kuliner tradisional, kasunyatanipun ugi gadhah piranti kangge masak ingkang tradisional. Piranti masak punika kathah jinisipun, kayata gentong, kuali, teko, lan kendil. Desa Kasongan wonten Bantul dados pusat padamelan gerabah. Gerabah didamel saking lempung ingkang dibakar. Amargi piranti masakipun didamel saking lempung, daharan ingkang dimasak wonten gerabah dados langkung wangi lan kathah gizinipun. Gerabah lumrahipun dipunangge kaliyan bakul ingkang sadeyan daharan tradisional kados gudeg, empal gentong, kaliyan teh poci. Kekiranganipun gerabah inggih punika teksturipun ingkang langkung kasar lan gampil pecah. Menawi diasahi, piranti masak saking gerabah langkung dangu garingipun.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "906", "text": "Aku kui tekan saiki ora duwe konsol nitendo jenis opo wae. Aku dolan gim Pokeman lan Harvest Moon kui seko laptop. Ben Kowe-Kowe iso dolan gim Nintendo neng komputer utowo laptop, Kowe iso ngikuti cara neng ngisor iki. Sing kesiji, awak dhewe kudu unduh emulator konsol sing awak dhewe pengeni, ben gampang dicontone nganggo Game Boy Advance (GBA). Web sing nyediane aplikasi kui akeh, awak dhewe iso milih sing endi wae. Awak dhewe mung perlu ketik wae \"unduh GBA emulator\" neng Google. Bar kui, unduh sesuai petunjuk neng lamane. Sing keloro, awak dhewe kudu unduh ROMe. ROM kui data sing gime sing bakal dijalanke karo emulator kui. Carane uga arep podo. Ketik wae jeneng gim sing dipengeni karo \"ROM\". Bar diunduh, kowe iso ngedolanke gime kui liwat emulatore.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9605", "text": "Zakat ing ajaran agama Islam iki dadi bagian sing ora oleh dilewatna. Apa maneh nalika kene wis duwe harta dewe. Zakat iki dilakoni nalika ana wulan pasa, sadurunge riyaya Idul Fitri. Yen kene ngetokna zakat 2,5% saka harta sing diduweni, iku bisa ngeresiki harta iku lan nambah pahala ning wulan pasa. Nyalurake zakat uga gampang banget. Saiki wis akeh lembaga sing bisa nrima lan bisa nyalurake zakat kayata LAZISMU (Lembaga Amil Zakat Infaq dan Shoadqoh Muhammadiyah) sing siap nrima zakate kene lan disalurake ning wong sing mbutuhake. Aja nganti ngelalekna kewajiban iki supaya urip luwih berkah lan tentrem, adem, ayem lan bisa akeh ganjarane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2825", "text": "Lagu daerah ancene sampek saiki kudu dilestarikno soale iku termasuk warisan budaya sing kudune dijogo. Lah salah sijine lagu daerah sing sampek saiki terkenal ambek gelek dinyanyekno yoiku lagu gundul-gundul pacol sing teko daerah jawa tengah. Jarene lagu iki asline ditujukno gawe bocah cilik, tapi ono sing garani nag lagu iki asline ditujukno kanggo peminpin sing ora peduli ambek masyrakat sing dipimpin nag jaman biyen. Lah lagu iki asline diciptakno karo sunan kali jogo gawe syiar agama islam. Masio lagu iki wes lawas tapi nag jareku lagu iki paling enak direngekno ambek digawe dolanan nag ngudang bocah cilik. Opo maneh bocah cilik sing dase gundul.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6687", "text": "Wanita lan anak-anak kuwi kalebu wong sing rentan kena kekerasan lan kalah karo dominasi patriarki, utamane wanita sing ana ning desa. Program sing digalakake pemerintah saiki yaiku program pemberdayaan wanita desa. Program iki disaranke ana ning saban desa lan diolah karo komunitas ibu-ibu PKK. PKK desa iki kudune nduwei program sing uga ana hubungane karo pengembangan UMKM kaya industri oleh-oleh lan uga kerajinan. Tujuane program iki yaiku nyiptakake wanita sing mandiri lan uga kesejahteraan keluarga uga manfaatke potensi sing ana ning desa. Program sing ana ning desa iki kudu diawasi karo pemerintah ben tetep mlaku lan ora penyelewengan. Ben tambah gayeng, usaha iki bisa gabung karo karang taruna. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7423", "text": "Gundul-Gundul Pacul iki lagu daerah sing asale teko Jawa Tengah. Lagu iki diciptakno karo R. C. Hardjosubroto. Onok sing ngomong sisan nek lagu iki gubahane Sunan Kalijaga ambek konco-koncone pas sek remaja. Onok sisan sing ngomong nek lagu iki karyane Raden Umar Said alias Sunan Muria. Lagu iki nduwe arti filosofis sing mulia. Lagu iki nyeritakno seorang pemimpin iku guduk sing nganggo mahkota, tapi de’e sing nggowo pacul gawe nyangkul ambek ngupayahno kesejahteraan gawe rakyat karo wong akeh. Wong Jowo ngomong pacul iku papat kang ucul. Kemuliaane uwong iku tergantung ambek patang hal, yaiku yaopo uwong nganggo mripat, irung, kuping, ambek lambene.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5563", "text": "Pengering rambut dadi salah siji barang elektronik kang ngewenehi akeh manfaat amarga bisa ngewenehi hawa panas saka corong sing ana ning pucuke. Sak liyane kanggo nggaringake rambut, piranti elektronik iki uga bisa nggaringake klambi sing isih teles. Ning jero piranti iki ana motor kanggo nggerakake kipas lan ana sing kanggo ngasilake panas ben rambut cepet garing. Banjur uga ana thermostrat sing bisa nahan panas ben ora kelebihen lan marai rusak. Banjur ning pengering rambut jaman saiki uga ana teknologi kanggo ngasilake ion ben rambute ora gampang rusak. Kabeh pengering rambut iki uga duwe saklar kanggo murup lan mateni, dadi piranti iki tetep aman digunakake. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6610", "text": "Dina Selasa kuwi dadi dina sing paling marai kesel kanggo Nina amarga dina kuwi Nina kudu wara-wiri ngurus rekening saka kantor menyang bank. Nina kepikiran nggawe rekening kanggo nyimpen dana darurat sak uwise oleh seminar saka pegawai bank ning kantor. Seminar kuwi isine yaiku babagan asuransi lan jaminan keuangan ning umur sing senja. Nina wis kepikiran kanggo nyisihake dhuwit sing diolehi saka gawean lan uga celengan kanggo dana darurat sing ora oleh diuthik senajan Nina lagi pengen tuku barang. Nina nggawe rekening ning bank swasta amarga bunga potongane luwih cilik lan aplikasi bank sing digawe luwih gampang lan bisa diatur. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4716", "text": "Wisata Jogja sing jarang ana wong sing ngunjungi yaiku Museum Ullen Sentalu. Museum ini majang kabeh barang sing ana hubungane karo budhaya Jawa. Museum iki ana ning Kaliurang, arah ning Merapi. Yen saka Tugu Jogja, bisa numpak kendaraan sing arahe ning lor utawa bagian merapi. Museum iki akeh peninggalan lan dikelola karo pemerintah sing kerja bareng karo pihak swasta. Ning museum iki, ora oleh nyekel barang utawa foto amarga ben pengunjunge tetep akeh lan penasaran pengen mlebu nang museum iki. Museum iki uga kadang ngadakke acara kanggo umum. Yen pengen gabung acarane bisa mbuka web utawa sosial mediane lan nggolek info babagan acara sing diadakke Ullen Sentalu. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8944", "text": "Aku iki sering banget nggolek konten olahraga gawe tak tuti. Alesane iku aku gak eroh olahraga jenis opo sing gampang, gak mangan akeh panggon, tapi efektif. Pas tak golek, kabeh iku pasti podo nyarano gawe ngelakoni squat. Pas tak delok, gerakane iku sederhana pol, mek nekuk lutut dan mosisikno awak ben gak maju nemen. Dan pas tak golek maneh, squat iku nduwe akeh pol manfaat. Siji, nguatno otot inti. Loro, mbakar kalori nang awak. Telu, nguatno otot awak bagian ngisor alias bagian sikil. Papat, ningkatno kemampuan ambek kekuatan atletik. Limo, ngeduno resiko cedera. Enem, ningkatno motivasi gawe ngelakoni olahraga. Terakhir, ningkatno stabilitas ambek postur awak.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "838", "text": "Akeh wong lanang sing kepengen duwe awak sing sehat lan otot-otot sing gedhe. Impian koyo ngono kui akeh sing ora kewujud soale akeh sing ora iso duwe alat-alate eng omah. Nanging saiki awak dhewe iso latian kanggo gedheke otot neng pusat-pusat kebugaran sing ono neng sekitar omahe dhewe. Rata-rata regone kui ora larang, sekitar 150 ewu ben sasine, awak dhew wis iso nganggo fasilitas sing dicepake neng kono. Iki rogo sing murah banget. Yen awak dhewe ngelumpuke duwit anggota kui selama 3 taun, durung tentu awak dhewe iso tuku siji alat olahraga. Padahal neng kono, wis ono alat-alat sing lengkap. Dadi luwih nguntungke yen awak dhewe gawe kartu anggota timbangane tuku alat kanggo neng omah.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "102", "text": "Golek wisata alam neng tengah-tengah kota gede kui pancen angel. Nangging kanggo wong sing ono neng Yogyakarta, ono alternatif yen pengen delok ijo-ijo neng tengah kota. Universitas Gadjah Mada utowo UGM dhuwe taman sing jenenge Wisdom Park utowo Taman Kearifan. Taman iki ono loro bagian, bagian lor lan bagian kidul. Taman Kearifan sing sisih lor kui ono danau buatane. Sing sis lor iki, uga dadi bagian sing akeh wit-witan sing gedhe. Neng kene kowe bakal akeh krungu swara manuk sing werno-werno. Neng kono howo ne adem. Akeh panggon lingguhan yen wong-wong pengen leren bar kuliah. Sisih iki luwih kerep digawe kanggo olahraga, koyo jogging lan dayung. Sing sisih kidul kui kerep dieengo piknik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8664", "text": "Aku iku nduwe konco sing sueneng pol mangan coklat. Sembarang kali jenis coklat ambek olahane iku de’e seneng. Alesane iku nek marine mangan coklat, pasti stres e iku dadi ilang dan mood e isok dadi apik maneh. Dadakno teko akeh penelitian, coklat iku ancen ampuh banget gawe ngilangno stres. Onok akeh pol alesane. Siji, coklat iku nduwe kandungan theobromine ambek phenylethylamine sing isok ningkatno hormon serotonin nang utek. Nek wes ngono, uwong sing mangan coklat iku dadi ngeroso seneng. Loro, nek awak dewe mangan coklat, hormon kebahagiaan koyok dopamin ambek endorfin iku bakal dilepasno nang njero awak dewe. Telu, coklat iku isok ngilangno hormon kortisol sing dadi penyebab stres.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6934", "text": "Sego goreng tau dinobatno dadi salah siji panganan paling enak sak dunyo. Wong Indonesia pun hampir gak onok sing gak seneng ambek sego goreng, termasuk aku. Arek cilik sampe wong tuwo pasti seneng ambek sego goreng. Sembarang kalire jenis sego goreng sing isok dipilih sesuai selera onok nang ndi ae. Mulai sing wernoe putih sampe werno abang, topping ayam sampe topping seafood, porsi diet sampe porsi super jumbo, sing murah sampe sing larang, kabeh onok. Wes enak, ringkes, dan onok nang ndi ae. Bahkan awakmu arep lungo nang endi ae, termasuk nang luar negeri, pasti sek isok nemu sego goreng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5116", "text": "Ing saban daerah, mesti ana salah siji omah adat sing dadi peninggalan lan dadi cagar budaya. Nanging sajane ning daerah iki ya akeh rumah adat sing isih alami. Salah siji contone yaiku omah adat bubungan ning Bengkulu. Omah adat bubungan iki digawe saka kayu nanging awet lan isih digawe karo penduduk. Amarga omah iki omah panggung, ning isor omah iki digawe kanggo nyimpen barang-barang. Kamangka kuwi, cara ngopeni omah iki yaiku ngewenehi pelitur ben ora kena rayap. Setaun sepisah, kayune uga kudu diganti ben ora keropos lan kayu iki uga kudu nganggo kayu sing awet kaya mahoni utawa jati. Ning omah iki uga ora oleh ana pawon ben adoh saka geni ben omahe ora kobong. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8950", "text": "Aku iku sering banget nonton pertandingan olahraga. Mulai teko bal balan, basket, tenis, sampe badminton. Tapi kali iki aku niat gawe ndelok pertandingan kasti. Kebetulan panggon pertandingan e gak tapak adoh teko omahku, akhire aku berangkat gawe nonton pertandingan kasti ne. Pas nang kono, dadakno gak sepiro rame. Bahkan tribun e ae gak kebak. Mungkin mergo gak akeh peminat e kasti iki, makane sing nonton yo gak seakeh nang pertandingan liyane. Akhire aku milih panggon sing rodok rame sitik ben gak ngeroso dewe nemen. Pas pemain e iku mukul bal, dadakno bal e iku sampe home run. Sing marakno aku kaget, bal e iku mendarat pas banget nang aku. Jarene nek ngono iku bal e oleh tak simpen, dan pemain e engkok bakal nganggo bal anyar. Yoweslah akhire bal iku mau tak lebokno tas gawe kenang-kenangan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2450", "text": "Pas preian semester tahun 2013, aku dijak koncoku mungga gunung, yo ancene aku durung tau mungga gunung sak durunge. aku senenge pol soale iso delok pemandangan alam langsung nag ngarepe moto. Pas lagek oleh setengah teko munggo gunung iku maeng aku wes iso delok nag pemandangane bener-bener apike pol. Terus garai paling keilingan terus yoiku howone sing gak iso dipetuki nag gak nang duwur gunung, mari ngunu nag dukur gunung iku maeng iso delok sing jenenge lentang pas bengi. Lentange ketok pateng semburat uapike megilan soale ora kelilingan mendung blas. Mari ngunu aku yo iso langsung jemok mendunge, mboh iku mendung opo kabut tapi rasane pas jemok kosok disemprot banyu cilik-cilik ngunu. Wes pokok'e megilan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "436", "text": "Kira-kira setaun bar pandemi COVID-19 diwiwiti, wis akeh panggon-panggon sing dibuka meneh. Salah sijine masjid. Pas kui, wong-wong wis diolehke salat berjamaah neng masjid. Nanging, mergo penyebaran penyakit kui isih akeh, ono protokol utowo peraturan sing kudu awak dhewe taati. Sing pertama, awak dhewe ora duwe gejala panas, pilek, utowo penyakit liyane. Sing ke loro, awak dhewe kudu nganggo masker terus selama ono neng jero masjid. Takmir mesjid uga kudu nyepake termogun kanggo mrikso suhu jamaah sing teko. Saf neng jero masjid kui uga dadi renggang. Paling ora jarak siji wong karo liyane kui 1 meter. Jamaah uga disaranke ora suwe-suwe neng masjid. Seko imame dianjurke maca surat sing cekak-cekak lan ora disaranke uga ora dzikir suwe-suwe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2463", "text": "Penggawean preian ambek keluarga utowo ambek konco yoiku penggawean sing sing iso dilakoni bareng-bareng ambek konco utow keluarga nag waktu preian utowo pas duweni waktu luang. contone koyyok rekreasi bareng, mlaku-mlaku bareng, dolan bareng, mangan bareng, ambek liyan-liyane sing sak jenise iku. Terus penggawean sing koyok ngunuku saiki yo macem-macem soale sing jenenge perkembangan jaman yo wes maleh terus teknologi yo tambah maju, akhire pola pikire wong sing anggepi masalah penggawean preian ambek keluarga utowo konco yo iso ae bedo-bedo. Contone nag bocah enom mesti cangkrukan bareng. Iku wes dianggep penggawean preian ambek konco. Tapi iku maeng seje maneh nag wong sugeh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1776", "text": "Supoyo akeh kawulo enom sing gelem dadi petani, awak dhewe butuh bantuan seko pemerintah seko berbagai bidang, utamane seko dana lan kebijikan. Ono beberapa hal sing iso pemerintah lakoke supoyo wong-wong enom gelem dadi petani. Sing kesiji, pendidikane supoyo iso dadi petani kui iso dimudahke. Sing keloro, ono suntikan dana kanggo cah enom sing pengen ngewiwiti dadi petani. Sing ketelu, kebijakan perkoro distribusi lan rego asil panen kui kudu mihak karo petani. Sing kepapat, teknologi pertaniane kui kudu dikembangke lan petani sing modale terbatas tetep iso duwe akses nek teknologi kui. Sing kelimo, pemerintah iso melu ngawasi dalan rante pasokan sing ono neng pasar. Supoyo rego sing ono neng pasaran kui tetep gawe petani untung.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5002", "text": "Mebanten saiban utawa mebanten kuwi salah sawijine tradisi hindu ning Bali kanggo ngewujudake salah sawijing ajaran yen kabeh menungsa kudu duwe sifat anersangsya utawa ora mentingake awake dhewe lan uga sifat ambeg para mertha, yaiku ngedisikake kepentingane wong jaba lan makhluk liyane. Tujuan mebanten iki ya mesti ngucapake rasa sukur kanggo berkat sing diwenehi karo Sang Hyang Widhi Wasa. Sembahyang mebanten iki umpama sedekah ning agama liya. Biyasane dilakoni pas rampung masak wayah isuk. Masakan kuwi dadi sesembahan amarga panganan kuwi dadi simbol panguripan ning dunya iki. Mebanten iki uga dadi salah siji wujud Panca yadnya sing dilakoni wong Hindu. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3244", "text": "Mesin sing digawe umbah-umbah ancene manfaate megilan kanggo wong-wong opo maneh emak-emak. Mangkane saiki angger uwong roto-roto mesti duwe sing jenege mesin cuci soale ono pengeringe barang dadi ora atek ngenteni panas, terus iki yo manfaate pol opo maneh nag wayae udan-udanan tambah pase pol. Tapi nag duwe mesin jujui yo kudu diperhatekno masalah banyune, ambek kudu diresiki disek sing jenenge najis ambek orae soale nag langsung dilebokno yo bakal najis kabeh, opo maneh banyune kan mok sak itik ora akeh. Mangkane nag umbah gawe mesin iku maeng kudu diresiki disek, dibuak endute sing sekirane gowo najis, ambek didewekno pakean sing sekirane luntur ben awet pakeane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5134", "text": "Akeh cerita daerah ning Indonesia sing ana hubungane karo dunia gaib amarga wong Indonesia isih percaya karo anane setan utawa roh wong mati sing bangkit maneh dadi memedi utawa dhemit. Nanging crita setan iki didominasi karo wong wedhok sing seda banjur ngewalesake dendam lan angkara murka amarga dipateni, dirudha paksa, utawa kena kekerasan kaya crita kuntilanak, wewe gombel, lan sak panunggale. Miturut salah siji artikel, akehe setan wedok iki disebabake karo angka rudha paksa ning Indonesia iki dhuwur lan crita setan iki bisa dadi media kanggo nyuwarakake keresahan iki ben wong padha sadar yen wong wedhok nin Indonesia iki krisis keamanan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7726", "text": "Gawe awakmu sing seneng nonton kejuaraan olahraga opo ae, pasti bakal nduwe atlet utowo olahragawan favorit sing dibanggakno. Pokok wong iku melu kejuaraan opo ae pasti bakal ditonton gawe dukung. Onok salah siji cara gawe apresiasi atlet senenganmu secara langsung dan iku guampang banget. Carane iku ngirimi pesan langsung nang akun media sosial pribadine. Awakmu tulis pesan sing isine ungkapan atimu dan nganggo o boso sing enak diwoco dan tetep sopan. Kirimno pesan piro ae sak akehe dan sak tuwukmu. Nek awakmu beruntung, pesenmu iku mau isok dibales dan awakmu malah isok berinteraksi luwe lanjut karo atlet senenganmu. Cobaen saiki nek penasaran.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5119", "text": "Taman Mini Indonesia Indah utawa TMII iki pancen wahana sing pas kanggo promosi budhaya sing ana ning Indonesia. Salah sawijine yaiku babagan omah adat sing disulap dadi galeri utawa museum. Ning TMII bocah-bocah bisa ngenali omah adat sing manika warna masio sebagian mung replika kanggo ngindari kerusakan. Anane TMII iki uga ngewenehi wawasan yen arsitektur daerah ning Indonesia iki akeh maceme lan uga akeh filosofine kaya ruangan kanggo tamu sing dipisah karo ruangan kanggo keluwarga. Maknane, wong ning Nuswantara iki ngurmati privasi lan bisa profesional kanggo misahake urusan pribadi karo masyarakat njaba, apa maneh yen posisi wong kuwi dhuwur kaya kepala suku. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "980", "text": "Internet IndiHome lan sinyal seko Telkomsel kui tau ilang pas dino Rebo 21 Desember 2022 sekitar jam setengah 5 sore. Pas kui, aku lag nonton film neng kamar. Ngerti-ngerti film sing tak tonton kui mandeg dhewe. Aku bingung awale, soale yen internet madeg kui biasane mergo mati lampu. Terus, ibuku lan adiku ngomong yen sinyal Telkomsele yo ilang. Pas krungu kui, aku langsung delok media sosial. Jebul bener, internet IndiHome kui lagi midun. Pas delok neng media sosial mau wis akeh sing komplen, aku mikir aku ora perlu komplen meneh. Mergone, aku ameh komplain wae internet ora bakal tambah cepet balik. Akhire, internet kui ngurup meneh sak durunge magrib.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5849", "text": "Kanggo para mahasiswa sing mbutuhake penghasilan kanggo dhuwit jajan, dodolan akun kanggo aplikasi streaming kuwi dadi solusi paling apik kanggo nambah penghasilan. Cukup nyebarake brosur ning internet lan oleh dhuwit jajan yen wis bisa ngurus akun kanthi rampung. Mahasiwa iki biyasane manfaatke peluang ning internet kaya Twitter lan instagram sing luwih gampang amarga pasare uga akeh kaya para penggemar Netflix, Youtube, lan Spotify. Usaha iki gampang banget dilakoni lan mung butuh ketelatenan. Kamangka, ayo para mahasiswa sing pengen tambahan dhuwit jajan, bareng-bareng manfaatke peluang iki ben bisa menisan sinau bisnis cilik-cilikan ben bisa mbantu wong tuwa lan nambah dhuwit jajan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9023", "text": "Diffuser iku alat sing fungsine gawe ngubah minyak esensial dadi uap wangi, terus nyebar nang udara ben luwe gampang dihirup. Penggunaan diffuser nang njero ruangan iku isok nyiptakno suasana sing nyaman terus nenangno. Onok akeh pol jenis diffuser sing isok dinggo ben dinone. Siji, diffuser lilin. Loro, evaporate diffuser. Telu, nebulizer diffuser. Papat, ultrasonic diffuser. Sing bedo iku mek bentukan ambek cara kerjane, tapi fungsine iku podo kabeh, yaiku nyebarno ambu wangi nang ruangan iku mau. Jenis minyal esensial sing ditetesno nang diffuser dan biasa dinggo gawe ngerileksno pikiran iku onok akeh. Mulai teko neroli, lavender, eukaliptus, jahe, rosemary, bergamot, ambek jeruk.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4709", "text": "babagan wisata alam iki wis dadi isu ning wilayah Jogja. Utamane pembangunan HEHA Ocean View ning sawijining pantai ning Gunung Kidul. HEHA Ocean View iki nyediakake panggon sing apik nanging ya larang banget kanggo warga amarga sasaran pengunjunge dudu warga lokal. Wong sing kerja ning kono ya dudu warga lokale dewe amarga njupuk saka panggon liyane lan kurang manfaatke tenaga warga Gunung Kidule dhewe. HEHA Ocean View iki maune mung wisata alam sing kurang promosi banjur dibangun ulang ben katon apik, nanging malah ngewenehi kerugian. Amarga kuwi, ayo ndukung pemerintah ben kudu bisa evaluasi bab perijinan kanggo wilayah iki lan mbangun Gunung Kidul bareng warga. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2741", "text": "Wingi pas petok koncoku deke cerito pembahasan khotbah sing direngekno pas minggu iku. Deke cerito nag isine khotbae ancene bener . Sing dibahas jarene masalah bocah enom sing wes akeh kenek pengaruhi sing ora apik teko perkembangan jaman iki. Khotbah jelasno nag bocah saiki wes ora karuan tingkahe tek-tek upload status nang media sosial mboh iku pas dolan-dolan, pas iku mangan, utowo pas mangan bareng ambek pacare. Padahal iku maeng termasuk perkoro sing ora pantes diumbar-umbar soale iso dadekno perkoro sing ora apik teko. Lah khutboh maeng ngajak bocah-bocah enom kabeh podo ati-ati nag gawe media sosial soale nag ora ati-ati bakal ciloko.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9763", "text": "Bapakku nduweni macem-macem gendang ing omah. Gendang yaiku salah siji piranti lagu saking daerah Jawa Tengah. Piranti lagu iki ditabuh gawe tangan lan ora nggunakake piranti bantu liyane. Gendang nduweni bentuk tabung lan biasane digawe saka kayu. Gendang sing digawe saka kayu biasane awet yen digawe. Ing pucuke gendang ditutup karo bahan tipis sing digawe saka kulite wedhus utawa sapi. Gendhang nduweni fungsi gawe ngatur iramane lagu. Gendang nduweni warna sing macem-macem kayata abang, coklat, ireng lan sapanunggalane. Gendang nduweni macem-macem ukurane yaiku 185 nganti 200 cm lan nduweni diameter 80 cm. Gendang nduweni macem-macem jenise gendang dhawa, gendang beleq, gendang beriak, lan sapanunggalane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6318", "text": "Kecelakaan lan bencana alam kuwi dadi masalah sing dadakan lan sering banget ngentekake dana. Apa maneh kecelakaan amarga akeh sing kudu didandani lan kudu ditebus. BPJS sing angel diurus uga dadi alesan kenapa dana darurat iki kudu digawe karo wong akeh. Sing ana ning pikiran yen ana dana darurat yaiku rancangan biaya sing gede lan uga bisa marai kurang penghasilan. Kamangka, dana darurat iki bisa dadi kategori kondisi dhuwit sing nganggur utawa uang dingin sing bisa disisihake. Amarga kuwi, ayo mulai nggawe rekening kanggo dana darurat ben yen ana apa-apa ora kebingungan lan kangelan nggolek selangan uga ora repot ngurus asuransi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5075", "text": "Ajaran agama sing uga sering dibahas yaiku babagan jihad amarga akeh sing salah pangerten marang ayat sing mbahas jihad. Akeh wong kang mikir yen jihad kuwi padha karo perang lan angkat senjata. Jihad iki disimbolake dadi perlawanan marang kebijakan sing ora bener. Nanging jihad iki luwih adoh saka kuwi amarga jihad dewe akeh jenise lan akeh carane. Jihad kuwi ana sing jihad ngempet hawa nafsu, jihad ning dalan harta kaya sedekah, jihad golek ilmu, uga dzikir bisa dadi jihad. Nanging sing sering digemborake ya babagan ngelawan pemimpin kang dzalim. Nanging pemimpin dzalim iki uga ora dijelasake lan marai akeh wong kepikiran sing ora bener lan ora ngurmati para pemimpin. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7046", "text": "Onok akeh trasnportasi sing isok ditumpaki gawe perjalanan nang destinasi wisata. Salah sijine sing paling terkenal iku sepur. Gak koyok jaman mbiyen, sepur jaman saiki jauh luwe nyaman. Gak onok maneh penjual keliling sing nyumpeki gerbong. Hal iku mergo sing oleh melbu nang gerbong sepur wes kudu nduwe tiket. Saiki, pesen tiket sepur iku isok lewat ndi ae. Mulai teko ndek stasiun langsung sampe pesen online. Cara pesen tiket sepur online iku gampang banget. Awakmu download disik aplikasi KAI, terus ngisi data diri disik. Mbari ngono, pilih stasiun asal karo stasiun tujuan. Nek wes, pilih jadwal sepur sing pas gawe awakmu. Terus pilih panggon kursi dan bayar tikete. Nek berhasil, berarti tikete wes ketuku. Dan gak usah atek cetak tiket, awakmu cukup scan QR teko aplikasi iku mau gawe melbu nang lokete.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "440", "text": "Aku tau lagi ngerasake kesusahan banget. Bapakku durung suwe kui sedo. Ibuku ora duwe penghasilan sing tetap. Adiku isih butuh sekolah, lan aku dadi anak sing paling barep. Aku ngeroso kudu nafkai ibu lan adiku. Nanging aku bingung, aku isih kuliah lan durung iso golek gawean. Nanging aku kelingan tau krungu iki neng kajian. Yen Allah kui mesthi ngewangi hambane sing lagi kesusahan. Gusti Allah ora bakal marangi cobaan neng hambane sing ora sesuai karo kempuaan hambane. Aku kudu yakin yen perkoro-perkoro iki mungkin ora mungkin dituntaske neng motoku, nanging kanggo Allah kui iki perkoro sing gampil. Aku kudu tetep dongo lan inget marang Tuhan Sing Maha Penyang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7090", "text": "Aku nduwe misanan sing nduwe hobi masak. De’e iku paling seneng utak atik resep utowo nggawe resp anyar. Kabeh jenis panganan wes tau dicoba ambek de’e. Tapi misananku iki paling seneng nggawe cookies. Awale mergo anake sing rewel njaluk tuku cookies tapi gak dituruti ambek bapakne. Akhire misananku nyobe gawekno cookies gawe anake dan anake seneng banget. Sejak iku de’e mesti ngestok cookies nang omahe. Nek wes wayahe nggawe cookies, pasti misananku bakal nggawe akeh banget dan engkok bakal dibagi-bagino nang sanak dulure kabeh, termasuk aku. Dan ancene ya, rasa panganan teko wong sing hobi masak iku gak tau gagal, mesti enak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10054", "text": "Tahu walik saged dados pilihan nyamikan saking Jogja sanesipun bakpia. Tahu walik punika nyamikan saking tahu ingkang sebelah lebetipun dipunwangsul medal lan dipunsukani isian glepung kanji kaliyan daging ayam. Wonten Jogja, warung ingkang sadeyan tahu walik inggih punika asmaipun Tahu Walik Om Ta. Saben tahunipun dipunregani sewu rupiah. Regi mirah, isi adonan ingkang kebak, kaliyan raosipun ingkang gurih ndadekaken tahu walik Om Ta laris manis dipuntumbas tiyang lokal utawi turis. Sampeyan ingkang pengen mbeta tahu walik kangge oleh-oleh saged mesen tahu ingkang setengah mateng. Dhateng griya, tahu walik menika saged digoreng malih ngatos mateng terus dipundahar bareng sambelipun ingkang sedep. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4739", "text": "Rampung pandemi corona iki, bisnis pariwisata ning Indonesia iki isih kerasa lesu amarga wong kang duwe modal akeh sing pada rugi, salah sawijine wong kang ngelola hotel lan penginepan cilik sing ana ning pinggiran kutha. Hotel-hotel iki kalah karo hotel sing sistem pemasarane luwih apik amarga ono modal sing bisa diolah. Nanging hotel-hotel iki kadhang ya ana sing adoh saka objek wisata, malah hotel sing mbutuhake tamu ben usahane ana kelangsungane kuwi sing sepi, padahal kualitase ya ora bedha adoh. Amarga kuwi, ayo dadi wisatawan sing cerdas lan bisa mbantu nguripake bisnis perhotelan cilik ning daerah. Yen nduwe tenaga lebih, ayo padha melu nggalakake utawa masarake hotel-hotel ning daerah ben luwih rame. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "461", "text": "Pas jaman kuliah, aku kerep moco Alquran neng musala neng jero kampusku. Aku biasane moco kitab suci agama Islam kui bar salat berjamaah. Aku ora moco akeh-akeh, biasane sekitar siji tekan rong halaman. Ngerti-ngerti, aku dikontak karo salah siji pengurus musala kampus kui. Aku dijaluk maca Alquran neng salah siji pengajian sing diadake neng masjid Al-Adab kui. Aku bingung kenapa aku ditawari. Mungkin, mergo aku kerep maca Alquran neng kono, nanging aku sadar yen moconanku kui durung bener. Aku uga sadar yen swaraku ora kui ora penak dirungoke. Dadine, tak putuske kanggo tolak tawaran seko pengurus kui. Harapane, ono wong sing luwih apik woconane sing jupuk tugas kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3520", "text": "Tahun iki koncoku iku moro-moro ngongkon aku dodolan. Nah aku yo bingung lah dodolan nang endi, panggonan ae ora duwe, terus koncoku iku ngomong. Nag dodolan saiki iku ora kudu duwe panggonan ambek bondo gede gawe nyewo enggon, soale saiki ancene ono sing jenenge dodolan online sing kenek dilakoni teko omah. Dadi ora atek bukak utowo nyewo panggonan sing ancene gedene pol nag nyewo. Terus saiki yo wes akeh sing ngelakoni dodolan nang omah teko internet. Maring ngunu polahe ora atek nyewo enggon maeng mangkane kadang iso ngregani morah. Terus mari ngunu yo ora atek ruwe kanggo ngatur preian barang soale nag nang omah iso bukak sak karepe dewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "908", "text": "Kabeh wong kui duwe selarane dhewe-dhewe, ora iso dipeksoke, termasuk neng gim. Nanging, luwih apik yen awak dhewe dolanke gim sing uga didolanke wong liyo. Ora kudu jago. Sing penting, awak dhewe iso melu dolan bareng pas lagi ngumpul bareng konco-konco. Yen misale, awak dhewe dolan sitik-sitik gim kui, awak dhewe ngerti siji opo rong perkoro seko gime kui. Informasi kui iso awak dhewe dadike bahan kanggo ngobrol pas lagi ngumpul. Yen awak dhewe ora ngerti blas babagan gim sing dimaksud kui, awak dhewe ora iso ngopo-ngopo. Awak dhewe gak iso melu dolan lan awak dhewe ora iso mlebu obrolane mergo awak dhewe ora ngerti perkoro kui opo-opo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7466", "text": "Bonang iki salah siji alat musik sing digawe pertunjukan musik gamelan sing asale teko Jawa. Fungsi utamane bonang iku dadi petunjuk arah teko suatu gending. Dadi alat musik sing siji iki bener-bener vital banget. Kabeh alat musik nang gamelan berpatoke ambek bonang. Nek bonange kaco, liyane pasti melu kaco. Bonang iku dimuniknone dengan cara dipukul. Cek munine apik, kayu sing digawe mukul dilapisi kain nang ujunge dan dijenengi bindi. Cara maino bonang iku pertama, pemain bonang lunggo nang tengah-tengah dan nyekel bindi nang kedua tangane. Onok akeh banget teknik mukul bonang. Sing paling sederhana iku nabung rong nada bersamaan. Misal nada 3 duwur dipukul barengan ambek nada 3 rendah, utowo nada rendah 1 dipukul barengan ambek nada 1 tinggi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7449", "text": "Wamilo iki senjata tradisional sing berasal teko daerah Gorontalo. Bentukane sekilas meh meh podo karo golok. Cuma sing mbedakno wamilo karo golok iku onok nang bagian ujung ngisore. Ujung ngisore wamilo iki luwe melengkung nang ngisor, dadi luwe nyaman pas digenggem. Wamilo iki terbuat teko besi dan nduwe ta’upo utowo sarung sing dibuat teko kayu kuning. Koyok senjata tradisional liyane, senjata sing siji iki mbiyen digawe perang lawan musuh. Tapi jaman saiki, wamilo nduwe akeh banget fungsine. Tapi sing paling sering iku digawe pas ngarungi alas dan isok dadi senjata pas jelajah. Dadi gawe awakmu sing gak eroh kudu nggowo opo pas jelajah alas, isok nggawe senjata sing siji iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2831", "text": "Biyen aku tau moco cerito nag salah sijine situse dinas kabupaten lamongan sing nyeritakno awitane sejarah kota lamongan iku koyok opo ambek awitane metune jeneng lamongan nang kota lamongan iku. Asline jeneng lamongan iku terko salah sijine bocah enom sing jenenge Hadi, Hadi maeng pinteri orambloko mangkane oleh pangkat ronggo sing akhire jenenge maleh dadi Ronggohadi. Tapi karo wong kono dicelok ambek Mbah lamong. Tapi polahe mbah lamong iku maeng pinteri orambloko oleh mimpen utowo oleh ngemong masyarakat nang kono akhire mbah lamong iku jenenge maleh dadi Lomongan. Dadi Lamongan teko jenenge salah sijine tokoh masyarakat utowo pemimpin sing paling disenenge amek masyarakat kono sing jenenge mbah Lamong ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4780", "text": "Dina Sabtu, aku ngejak adhiku nonton film ning bioskop. Aku lan adhiku nonton Mencuri Raden Saleh. Film iki marai aku penasaran sebab oleh akeh komentar apik ning sosial media. Uga aktore sing biyasane dadi pemeran utama ning filme dhewe-dhewe saiki ngumpul dadi sak film. sak durunge mlebu bioskop, aku lan adhiku tuku tiket lewat online ben langsung cetak uga tuku camilan kanggo nonton bioskop. Film sing ditayangke iki bedha karo tema film liyane. Lewat film iki, para bocah enom bisa sinau piye carane njaga warisane bangsa kaya karya seni lan ngewenehi pangerten yen lukisan iki saksi bisu perjuangane para leluhur. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5021", "text": "Saban wayah natal, ana rangkaian acara ning gereja. Taun iki, Yosep dadi salah sawijine panitia sing nyiyapake acara. Biyasane ning acara natal kuwi ana pentas teater sing nyeritakake babagan kelairane Yesus. Kanggo acara teater iki, Yosep taun iki milih bocah-bocah cilik saka sekolah Minggu kanggo mentasake teater iki amarga pengen nuwuhake rasa tresna marang Gusti. Yosep ngejak bocah murid sekolah Minggu sinau proses lan crita kelairane Yesus. Yosep uga ngajari carane akting ben bisa nampilake pentas sing apik, utamane kanggo pemeran Maria lan Yusuf amarga peran iki penting banget ning ndhuwur panggung. Saka pentas iki, akeh bocah sing tambah sregep pengen sinau alkitab amarga diceritaake kanggo cara sing nyenengake.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8115", "text": "Salah siji tipe pekerja sing akeh banget dilakoni wong-wong iku freelance. Freelance iki dadi inceran mergo tipe pekerja iki gak bakal terikat karo kontrak perusahaan, tapi mek nduwe tanggung jawab garap kerjaan sing dikeki kantor. Makane iku freelance dianggep super fleksibel. Dan berhubung kerjo freelance iki gak terikat kontrak ambek perusahaan, awak dewe isok sisan dadi karyawan freelance nang rong perusahaan sekaligus. Gak bakal onok masalah sisan, soale kan gak onok ikatan kontrak. Sing penting kerjaan mari, pihak perusahaan garek terimo dadine. Iku sing marakno akeh karyawan kantor sek akeh sing njupuk kerjaan freelance, soale isok gawe nambah pendapatan sisan. Freelance iki ancen akeh banget manfaate.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3111", "text": "Pas aku sekolah mesti nag wayae olahraga terus sing ngulang olah raga utowo sing ngawasi olah raga iku ora mlebu, mesti guru sing liyo ganteni ngulang olahraga. Mangkane mesti diisi olahraga sing paling gampang awasane ambek ulangane yaiku senam. Nah sename iku aneh-aneh, pokoke sak senenge guru iku sing ngulang masio obahe maeng ono sing mumet-mumet sampek endos bingung barang yo ono. Tapi ancene senam iku olahraga sing paling enak ambek gamapange oraukur. Terus iku yo dilakoni nang tengah lapangan sing lapangane iku jemek kabeh. Dadi nag senam yo mesti copot kabeh sepatune soale nag gak ngunu yo bakal ojor sepatune kelem linet.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4050", "text": "Jaman saiki iku mesti akeh berita sing nyiarno bencana alam sing kedaden nang pirang-pirang daerah contone koyok sing kedaden nang daerah Semarang yaiku banjir sing sampek saiki durung surut, terus ono maneh gembah sing lagek kedaden, ambek liyan-liyane iku maeng. Nah koncoku sing nang daerah Semarang mesti ben tahun iku yo siap-siap kanggo ngadepi banjir iku maeng, mergane nag gak siap-siap engko yo kalang kabut nag kedaden banjir. Opo maneh saiki nag banjir jarene tambah nemen timbang sak durunge. Mangkane deke iku mesti nyiapno barang-barange kanggo gampang dieleh-eleh nag apan banjir. Terus sak liyane iku, deke yo wes biasa ngadepi koyok ngunu iku maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2415", "text": "Wisata air terjun mada karipura ancene uapik temen, sampek ono sing ngarani iki koyok panggonan topo'e wong sakti soale mengkelung bunder ngunu. Terus nag ditus wisata yo ono sing ngarani nag air terjun iku panggonane Patih Gajah Mada topo. Terus ono maneh sing ngarani nag banyune air terjun iku ora tau entek, yo ancene bener se, soale aku pas dolan mrono iku ulan 7 pas ketigo wayahe wadok podo kesaten tapi nag kono banyu air terjune isek tetep kede terus beninge pol. Mangkane yo ora nggumun nag ono sing ngarani banyune nag air terjun iku abadi ora tau entek masio ketigo dowo. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5178", "text": "Tarian sing kudune bedha nanging sering dipadakakae yaiku tari ratoeh jaroe lan tari saman saka Aceh. Bocah sekolah Jakarta sering nyebut ratoeh jaroe iki tari saman, padahal bedha amarga ratoh jaroe kuwi ditampilake karo putri, lan saman ditampilake putra. Nanging, akeh ahli tari tradisional sing ngomong yen iki bisa dadi masalah gedhe amarga tarian-tarian kuwi nduwe latar budhaya sing bedha uga nduwe ragam sing pakem kanggo tari saman. Amarga gerakane mirip, tarian iki dianggep padha nanging ya kuwi dadi salah kaprah. Kamangka, awak dhewe ya kudu ngerti babagan jeneng tarian iki ben ora dadi masalah marang pengenalan budhaya lan adat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4082", "text": "Sing diarani modele urip utowo polahe urip yaiku perkoro utowo kelakoan sing mujudno menungsoe iku maeng koyok opo. Nah sing arane polahe uripe utowo gayae urip iku maeng nag nang deso iku sejene megilan mergo wonge iku ora kakean polah, terus wonge yo wes opo onone ngunu, ora kok sangar-sangar koyok wong kota. Mari ngunu wong deso iku biasane klambine yo wes ala kadare, terus sak liyane iku, mangane barang yo wes sing penting kenek dipangan ora kok enak-enak koyok wong kota. Masio gaya uripe maeng biasae ae, tapi iku kabhe sing marakno wong deso maleh kuat-kuat ambek sehat-sehate megilan mergo ora kecampuran barang kimia liyane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4004", "text": "Sing jenenge urip nag wes duwe gandengan mboh iku sah utowo ora, mesti tau ngalami sing jenenge loro ati. Nah jarene koncoku gandengan nag durung sah yo ora atek loro atilah nag ono sing ora tepak, ambekan iku yo ora pantes wong durung dadi gandengan sing sah. Terus kadang yo sing lanang iku ngatur-ngatur sing wedok, terus sing wedok yo ono sing ngatur-ngatur barang. Padal kabeh iku ora pantes dilakoni. Masio wong sing ngelakoni iku maeng ngerti nag iku sing jenenge ora ilok tapi yo tetep ae dilakoni, jarene nag ditakoni lapo kok mbok lakoni? mesti jawabe iku gawe latian ambek pengalaman mene nag wes sah. Ngunuku kan yo pikiran sing kuwalik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10135", "text": "Daerah-daerah pesisir lumrahipun ngasilaken kathah daharan laut. Maneka warna jinisipun daharan laut. Ingkang disebat daharan laut menika daharan ingkang asalipun saking laut. Daharan laut saged dipuncepeng utawi dibudidayakaken. Rumput laut inggih punika salah satunggaling daharan laut hasil budidaya. Caranipun budidayakaken rumput laut lumayan angel amargi kita kedah milih panggonan ingkang pas. Pesisir ingkang ajeng ditanduri rumput laut kedah gadhah sediaan rumput laut alami. Toyanipun laut ugi kedah dipilih ingkang tenang lan tesih kathah syarat sanesipun. Senadyan angel, untungipun budidaya rumput laut kalebet kathah. Warga pesisir lokal ngantos tiyang negara manca betah kathah rumput laut kangge maneka olahan. Wonten daerah pesisir, rumput laut saged diolah kagem oleh oleh ingkang khas. Tuladhanipun dados kripik lan dodol rumput laut.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3127", "text": "Valentino rossi utowo sing gelek dicelok ambek Vale, iku yo termasuk atlit balapan sepeda motor sing paling legenda nang balapan sepeda motor. Tahun wingi deke iku pensiun utowo gantung helm polahe akeh masalah sing ora iso diatase ambek deke yaiku koyok deke ambek pabrik sing dibelo iku wes ora sak pemikiran, istilae koyok masalah wong jero nang tim'me, terus montore wes ora iso dikembangno maneh mabek kakean masalah, terus wes umur sing ora produktive maneh kanggo balapan soale iku iso mengaruhi mental balapane, terus sing terakhir yaiku deke wes ora iso kompetitif ambek pembalap sing isek enom. Nah masalah-masalah iku maeng termasuk perkoro sing garai Vale maeng pensiun.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4722", "text": "HEHA Sky View iku obyek wisata anyar lan rame ning wilayah Jogja sing paling kondhang ing taun 2019 lan 2020 sak durunge pandemi. Obyek wisata iki panggone ana ing Patuk, Gunung Kidul. Panggon iki ana ing nduwur gunung dadine bisa ndelok pemandangan kutha wayah bengi. Uga ning HEHA ana kafe, panggon mangan, lampion, lan panggon kanggo foto-foto. HEHA iki nduweni cabang nanging ning panggon sing beda yaiku sijine ning wiliyah pesisir. Dadi pengunjung bisa milih arep pemandangan saka gunung apa laut. Nanging sing apik ya nek isih padhang ning HEHA cabang pesisir, yen bengi ndelok lampu-lampu kutha saka HEHA Sky View.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3129", "text": "Mark Marques saiki mesti gelek oleh saran ambek anjuran teko dokter soale deke iku gelek tibo ambek sing terakhir deke iku tibo sampek tangane pedot terus operasi peng bolak-balik. Tapi ancene wonge sing rodok nakal, deke tetep mekso awake kanggo balapan polahe rumongso nag duwe tanggung jawab nang kono. Tapi masio deke dianjurno karo tim-me barang kanggo leren deke yo tetep ora gelem leren. Mari ngunu deke akhire tibo maneh sampek tangane bekas operasi loro maneh. Karo mbahne deke yo mesti dikongkon leren soale deke iku wes catu tangane. Tapi deke iku isek pengen buktekno nag deke iku isek iso balapan ambek ngalahno pembalap sing anyar-anyar masio montore deke iku ora apik. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3528", "text": "Wong sing dodolan teko omah saiki wes sak pirang-pirang polahe ancene enak ora atek mumet-mumet ambek ora atek mikir sewone enggon. Tapi dodolan angn omah iku yo ora iso sak enake dewe ben iso lancar ambek mlaku banter. Nah nag pengen lancar sing ancene dodolan nang omah iku yo kudu ngerti dodolan opo sing pancene akeh wong sing seneng nang daerah kono contone nag nag daerah gonanku iku buka kelontong soale ancene nang kene dorong ono. Dadi dodolan nang omah yo ora kenek sukur dodol tapi yo kudu ngerti dodolan sing pantes nang daerah omahe iku maeng opo. Soale nag ora dicocokno ambek nang daerah kono yo tewas dodolan tapi ora payu.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7052", "text": "Salah siji pengalaman liburan paling berkesan iku pas aku nonton konsere JBJ, salah siji boygroup teko Korea Selatan. Tak sebut berkesan soale aku baru pertama kali lungo nang Jakarta dewean dan aku sek buta arah. Teko Jogja, aku berangkat jam 10 bengi dan tutuk stasiun Jatinegara jam 5 isuk. Aku sholat shubuh ambek istirahat disik nang kono. Sekitar jam 7, aku mesen gojek gawe budhal nang Kota Tua. Nang kono, aku mek ngiteri area taman dan melbu nang siji museum tok. Aku nyempeto adhus nang jedhing sing onok nang mushola e Kota Tua. Pas wes dhuhur, baru aku pesen gojek maneh gawe nang Mall Kota Kasablanka, yaiku tempat konser JBJ bakal diadakno. Marine nonton konser, aku baru check in hotel dan istirahat nang kono. Isuke aku langsung check out dan balik nang Jogja teko stasiun Gambir.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2838", "text": "Cerita jaman biyen sing ditinggalno mbah-mbah iku ancene warisane nenek moyang sing iku ono sing temenan kedaden yo ono sing ora tapi duwe arti ambek tujuan apik sing kudune dijogo sampek saiki salah sijine yoiku cerita Suroboyo. Cerito iki sampek saiki tetep dijogo ambek Dinas Kota Suroboyo soale iku termasuk cerita legenda sing teko daerah kono. Cerita iku maeng termasuk cerito sing garai onone jeneng kota surabaya sing sampek saiki ono terus dadi kota metropolitan sing maju. Mangkane awak dewek kabeh masio ora ngerti bener opo gak cerito iku, awak dewek kabeh kudu tetep jogo cerit-certo iku maeng soale iku termasuk warisan budaya sing ditinggalno nenek moyang biyen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7312", "text": "Kyai Haji Ahmad Dahlan iku ulama gede sing nduwe gelar Pahlawan Nasional Indonesia. Beliau iki luwe dikenal sebagai pendiri organisasi Muhammadiyah. K. H. Ahmad Dahlah lahir tanggal 1 Agustus 1868 nang Kauman, Yogyakarta. Beliau iki putra kepapat teko pitung dulur. Bapakne iku jenenge K. H. Abu Bakar, ulama ambek khatib sing terkenal nang Masjid Besar Kasultanan Yogyakarta pas masa iku. Ibune iku putrane H. Ibrahim sing pas iku ngejabat dadi penghulu Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Beliau nduwe bojo jenenge Siti Walidah sing dinikahi pas mbari moleh teko Mekkah gawe haji ambek menetap limang tahunan. K. H. Ahmad Dahlan karo bojone dikaruniai pitung anak.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5020", "text": "Ben malem Jumat, ning kampungku ana pengajian ning masjid. Ning masjid kuwi ora mung sinau babagan maca al-quran lan semaan kitab. Nanging uga sinau babagan crita-crita sing ana ning jero al-quran. Salah sijine yaiku crita sing ana ning Al-Kahfi. Pak Kyai nyeritakake babagan Ashabul Kahfi lan rombongane sing keturon ning gua 309 taun. Gua iki dijaga karo segawon ning ngarepe. Babagan Ashabul Kahfi iki diceritakake ning surat Al-Kahfi ayat 9 kanthi 26. Pak Kyai nyeritakake surat iki lan ngewenehi wawasan babagan asbabun nuzul utawa apa sing dadi latar belakang mudhune surat iki. Sing bisa diteladani saka cerita iki yaiku babagan keimanan marang Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7305", "text": "Sholat rawatib iku dadi sholat sunnah sing hukume mu’akkad soale mesti dilakoni ambek Rasulullah Muhammad SAW dan akeh banget keutamaane. Tapi di antara akehe sholat rawatib, onok siji sing paling diutamakno karo Rasulullah, yaiku sholat qabliyah shubuh rong rokaat. Dadakno onok keutamaan sholat qabliyah sing bermanfaat gawe awak dewe. Keutamaan sholat qabliyah sing dimaksud iku luwe apik timbang dunyo sak isine. Artine nilai amale iku jauh luwe gede teko dunyo sak isine. Dadi nek dilaksanakno terus ben dino, bayangno pahala sing isok mbok entokno. Wong sing terus terusan ngelaksanakno sholat qabliyah shubuh rong rokaat nisyaca bakal disenengi ambek Allah SWT.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6971", "text": "Koncoku onok sing mbari panen telo. Saking akehe hasil panene, koncoku sampe bagi-bagi telo nang arek-arek sak jurusan kuliah, termasuk aku sisan. Akhire tak putusno bengi iki aku mangan telo. Pas tutuk kos, aku langsung meneng terus mikir. Kan aku gak nduwe dandang gawe ngedhang, terus yaopo carane aku ngedhang telone? Sakwise mikir suwe, aku bakal nyoba ngedang nganggo magic jar. Telone tak potong cilik-cilik, terus tak dekek nang duwur dandange magic jar. Pancine tak isi banyu, terus kabeh tak toto koyok biasane, dan tak cetek tombol cook. Tak enteni sampe magic jar e nyetek mateng, dan dadakno gak suwe, mek sekitar 20 menitan. Pas tak coba, hasile memuaskan. Wah isok dadi alternatif e arek kosan iki, ngedang telo nganggo magic jar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6608", "text": "Nyiyapake kejutan utawa kado kanggo pasangan kuwi ora perlu ngenteni pas ulang taun utawa pas acara penting liyane. Kejutan kaya kado lan hadiah liyane iki dianggep bisa dadi wujud rasa sayang lan uga pengertian marang pasangan. Ora usah nggolek hadiah sing larang, cukup nganggo hadiah sing ora ruwet lan murah kaya camilan kesenengane pasangan, barang sing dipengeni, lan uga tiket kanggo rekreasi bareng. Wektu kanggo ngewenehi hadiah iki kadhang bisa dadi wektu kanggo ngeraketake komunikasi kaya ngucap matur nuwun lan uga njaluk sepura yen ana salah. Kamangka, aja isin nduduhake perhatian saka ngewenehi hadiah kanggo bojo ben ora gampang bosen.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9043", "text": "Teko listrik iku perangkat elektronik sing dinggo gawe manasno banyu nganggo media listrik. Teko iki biasane onok akeh nang kamar hotel dan biasa dinggo gawe ngejur kopi utowo teh. Sak liyane iku, teko listrik iki dinggo karo arek kos utowo wong sing urip nang ruangan sing terbatas. Alat sing siji iki nduwe macem-macem ukuran, mulai sing cilik sampe sing guede. Bedo ukuran bedo sisan kebutuhan watt e. Tapi gedene koyok yaopo, watt sing dibutuhno teko listrik iku gak tapak akeh. Jaman saiki, nek kate nggolek teko listrik iku gampang. Mulai nang toko elektronik, toko perabotan omah, sampe nang platform online iku onok kabeh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4669", "text": "Jaman saiki, ana penggaweyan sing arane food vlogger utawa wong kang ngelakoni promosi panganan ning youtube utawa sosial media liyane. Food vlogger iki penggaweyan sing angel-angel gampang amarga kudu masarake produk panganan sing durung mesti dadi selera awak dhewe. Pancen katone mung modal mangan lan ngomong, tapi piye carane ngundang wong ben gelem mangan panganan sing dipangan awak dhewe. Food vlogger iki kudu bisa nyeritakake panganan mulai saka sejarahe, situasi warung, lan bahan-bahan sing ana ning jero panganan. Mula yen kanca-kanca pengen duwe penggaweyan iki, dadio food vlogger ya sejatine kudu pinter lan ngasilake informasi kang manfaat gawe penonton uga bakule. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5078", "text": "Salah siji ajaran alkitab sing ngajari umat Kristen ben ora duwe rasa dendam. Ayat iki ana ning Matius 5:39. Ayat kuwi kira-kira katulis \"Yen ditapuk pipi kiwa, sodorake pipi tengenmu.\" Ayat iki uga dadi salah siji doktrin kanggo umat Kristen yen diwenehi perlakuan kurang apik utawa kasar, kudu diwales tanpa nganggo kekerasan. Ayat iki uga ngajari yen karo menungso sing jahat kuwi ora oleh diwales nganggo perbuatan sing jahat amarga bisa marai situasi tambah ora penak. Kamangka kuwi, awak dhewe kudu dadi wong sing legowo lan bisa dadi wong kang bijak. Awak dhewe uga kudu bisa dadi wong sing bisa ngontrol emosi ben tetep dadi menungsa sing apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5406", "text": "Olahraga sing bisa ngelatih awak ben imbang yaiku sepatu roda. Olaraga iki bisa dimulai wiwit cilik, yaiku umur 4 taun amarga saraf motorik anak lagi dikembangake banget. Sak liyane kuwi, sepatu roda iki uga bisa ngelatih imajinasi anak miturut saka metode latiane. Kaya kaping pisan, anak dijak njaga keseimbangan lan mbayangake isih ana ning pinggir jurang amarga bisa ngati-ati yen mlaku. Kaping pindho, anak uga bisa dilatih ngelewati akeh rintangan kaya lagi petualangan ning gunung. Nanging sing paling penting yaiku anak nyaman lan seneng. Uga sing kudu digatekake yaiku sepatu sing dinggo ora oleh marai sikil lara kamangk latian bisa luwih lancar.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7896", "text": "Sepeda listrik iku dadi alternatif gawe arek sekolah sing gak oleh numpak motor nang Sekolah tapi males ngonthel sepeda. Wes ringkes, terus ramah lingkungan sisan. Jenenge ae sepeda listrik, sepeda iki kudu dicas ben dayane entek. Carane ngecas sepeda listrik iku onok loro, ngecas bareng karo sepedane karo ngecas kepisah karo sepedane. Nek kate ngecas karo sepedane, carane iku ngene. Sambungno bagian output charger nang lubang charger sing onok ndek sepedamu. Iku cara sing praktis. Nek sepeda listrikmu nduwe baterai portable, isok dicas terpisah karo sepedane. Carane yo koyok ngecas barang elektronik biasane dan isok dilakoni nang ndi ae, contohe koyok nang njero kamar.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8", "text": "Panas ngentang-ngetang koyo ngene paling enak ngombe sing seger-seger. Ombenan sing legi lan adem nanging regone murah yo dawet. Sing omahe utowo sing liwat dalan Imogiri Timur ono bakul dawet ireng sing uenak. Posisi cerak terminal Giwangan. Bakule gerobakan ning misale pengen mangan langsung wis disiapke kursi karo mejo. Dawet irenge kui ditambahi nongko marake wangi. Gulone nganggo gulo jowo dicampur santen. Regone ora larang namung Rp7.000. Bakul dawet kui yo nyepake tape ketan. Mbok menowo ono sing tuku kepengen nambah tekstur lan roso legine iso nambah tape kui. Menowo ditambah, regone dadi Rp9.000. Asli sih, nik ditambah tape kui dawete soyo mantep.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6380", "text": "Saban taun ning wayah-wayah sasi itungan Jawa sing wis disepakati, desaku mesti ngadakake acara bersih desa. Bersih desa iki tujuane kanggo ndunga bareng ben desa iki diwenehi keselametan lan uga keberkahan saka panen pari, sayur, jagung, lan uga usaha liyane kaya tambak, ternak, lan dagang. Para ibu mesti masak akeh banget kanggo acara mangan bareng lan uga nggawe tumpeng gedhe sing isine hasil bumi. Tumpeng kuwi banjur direbutake pas puncak acara. Pas bersih desa mesti ana pagelaran seni kaya jathilan, wayang, utawa dangdutan. Pagelaran seni iki uga dilengkapi rebutan gunungan lan aku mesti oleh bagian kaya klapa, kacang, lan uga timun. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "445", "text": "Ukume ngerungoke musik kuwi kerep dadi perdebatan. Salah siji alesane, akeh wong sing seneng ngerongke musik. Musik kuwi wis dadi hiburan pas lagi rekoso, sedih, utowo mung ngisi-ngisi kekosangan. Musik kui wis dadi gaya hidup kanggo akeh wong. Dadi yen misale perkoro kui dilarang, akeh sing dadi kebingungan. Dalil sing nganggap musik kui haram mesthi ono hubungane karo perbutan maksiat. Musik kui dadi diedentike karo tindakan olo. Nanging ono pendapat sing ngolehke wong kanggo ngerongke musik. Syarate musik diolehke kui yen ora dienggo perbuatan sing olo. Musik kui pantese dirungoke ben awak dhewe dadi semangat. Uga lirik-lirik sing ono neng lagu kui ora ono sing ono muatan negatife.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5523", "text": "Pas wayah pandemi, para siswa iki mbutuhake laptop sing fungsine bisa ndukung proses sinau. Pilihan sing pas kanggo para siswa ning taun 2022 iki Axioo My Book 14H. Desain saka laptop iki klasik lan isih laris ning pasaran. Axioo iki dadi pilihan para siswa amarga entheng lan bobote mung 1 kg lan kandhele mung 2 cm. Kemiringane 135 derajat lan luwih efisien lan fleksibel. Kanggo wong sing kerja nganggo laptop, Axioo iki nyaman yen didelok saka kemiringan layar. Lapisan laptop iki saka bahan sing ora gampang rusuh. Batere laptop iki uga irit. Kamangka, laptop iki kalebu dadi salah siji laptop pilihan miturut media detikcom. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "472", "text": "Salat kui tiang agama kanggo wong sing nganut ajaran Islam. Salat kui ibadah sing nentoke ibadah-ibadah liya sing awak dhewe lakoni apik opo ora, nalika salate apik kabeh ibadahe apik lan sak walike. Nanging salat sing sae utowo khusyuk kui ora gampang. Salat sing khusyuk kui ciri-cirine ora kesusu. Wong sing salate khusyuk kui ngenikamati kabeh gerakan salat lan moco surat lan woconan liyane alon-alon ben iso diresapi neng jero ati. Gerakan salate uga ketok alon-alon lan posisine iso sempurna. Sing wonge pikirke kui pas salat mung Gusti Allah, dheweke ora mikirke babagan sing ono kaitane karo donyo. Dhewe fokus ngobrol marang penciptane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4768", "text": "Mlaku-mlaku ning Jogja ora lengkap yen ora ngunjungi Museum Sonobudoyo karo keluwarga. Museum iki dadi primadonane para turis manca negara amarga ancer-ancere gampang lan lengkap. Museum iki njelasake macem-macem babagan budhaya Jawa lan Indonesia, utamane alat musik gamelan lan bab pewayangan gaya Jogja. Museum iki ya ana pemandu sing tanggap karo kabeh pitakone pengunjung. Sing ora oleh dilewati saka museum iki yaiku tanggapan wayang saban malem Minggu. Nanging tanggapan iki kadang kurang ngelegakake amarga ora anak wong kang bisa nerjemahake dialog ning pewayangan kuwi. Kamangka, pemerintah Jogja kudu nggawe unit khusus kanggo pemandu pewayangan lan mberdayakake warga ben bisa mandiri lewat budhaya.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2701", "text": "Nang desoku biasane nag malem jum'at iku ono kegiatan tahlilah ambek istigosah bareng nang masjid kampung. Nag ono acara iku wong-wong kabeh ngumpul terus akeh wong sing gowo jajan utowo panganan sing kenek dipangan bareng nag wes mari acara iku. Acara iku biasane gawe dungakno keluarga utowo wong-wong pareke wong sing ono nag desok iku. Dadi nag saben malem jum'at bocah-bocah mesti senenge pol budal nang masjid polahe akeh jajan sing kenek dipangan ambek jajane iku reno-reno maceme mangkane bocah cilik senenge megilan nag ono acara iku. Lah kanggo wong sing wes gerang yo senenge megilan polahe iso dongakno keluargane sing mes mati.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8691", "text": "Dino iki, aku ambek dulurku lungo nang Waterpark anyar sing onok nang cedek omahe dulurku. Nang kono, awak dewe renang suwe pol sampe awak dewe tuwuk. Mbari renang, awak dewe milih mangan disik nang kono. Berhubung gak akeh pilihan panganane, aku ambek dulurku milih mangan Pop Mie ae sing murah. Mergo keluwen, awak dewe sampe mangan rong cup Pop Mie. Wes wareg, awak dewe adhus dan siap-siap gawe moleh. Molehe awak dewe numpak angkot sesuai rencana. Saange pas ndek tengah dalan, angkot iku mau mogok. Awale awak dewe milih ngenteni, tapi dadakno angkote gak murup-murup. Mergo iku, aku ambek dulurku langsung mudun dan ngetem bus. Untunge ae gak suwe onok bus mandek dan awak dewe dadine moleh numpak bus.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9773", "text": "Tari piring asale saka Sumatra Barat sing gelek digawe ajang promosi lan pariwisata kebudayaan Indonesia. Tari piring iki tarian tradisional Minangkabau sing nampilake atraksi nggae piring . Tari piring iki digawe nyambut tamu utawi pembukaan upacara adat. Nanging awale tarian iki digawe muja dewa-dewa contoh e dewi padi gawe hasile panen. Tarian piring iki di gowokno karo loro uwong utowo lebih , nanging umum e jumlah e ganjil. Ciri khas e penari e nggowo piring ning tangan e. tari piring iki dibarengi nganggo music talempong sing kasusun enem talempong, siji gong cilik, siji tambua, siji botol lan kerincingan. Alat-alat iki di gepuk nganggo alat sing disebut panokok, kecuali tambua lan kerincingan sing digepuk nganggo tangan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2418", "text": "Nag jawa timur iku asline akeh panggonan wisata sing durung umum ambek wisatawan. Sampek ono situs-situs online sing nulis karo nyiarno nag nang jawa timur tibak'e akeh panggonan wisata sing sengedan. Salah sijine yoiku Goa Gong sing ono nang pacitan. Goa Gong iki jerune sekitar 256 meter. Terus awakmu yo iso dolan nang jero ambek lampu sing wes disiapno karo wong sing nag kono. Mari ngono nag jeru guo'e yo ono bentuk-bentuk lemah sing aneh-aneh sing iso di delok ambek lampu. Mangkane nag kono akeh wong sing nyewakno senter. Bentuk sing aneh-aneh iku maeng di arani karo salah sijine situs online blog.tiket.com dadi sing paling apik dewe nag Asia tenggara. Mangkane ben ero luweh jelase dolano rene soale tikete yo mora ambek pemandangane sak durunge mlebu gua yo apik, soale akeh bukit-bukit sing apik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6339", "text": "Akeh wong kang wedi lunga menyang gunung amarga panggonan iki akeh banget cerita mistis lan uga medan sing bahaya. Nanging, jaman saiki akeh banget wong sing ana ning sosial media promosi kepiye carane bisa munggah gunung amarga gunung kuwi panggonan sing apik lan luhur. Gunung iki ora medeni senajan kuwi panggonan sing ora dikenal. Persiapan sing mateng lan uga anane panduan saka ahli bisa ngilangake trauma lan wedi amarga cerita gunung sing medeni iki. Wong sing munggah gunung iki uga bisa nguji mental lan perilaku. Kamangka, ayo jajal munggah gunung ben bisa sehat lan uga bisa nguji babagan kekancan lan nyali. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "918", "text": "Yen awak dhewe arep tuku HP anyar tak saranke tuku HP sing duwe kamera sing apik. Sebenere ora kudu apik banget. Sing penting kui, resolusine cukup kanggo sekadar cetho pas lagi moto. Kamera iki dadi penting soale kerep akeh kegiatan sing mekso awak dhewe kanggo foto. Kanggo nyambut gawe misale. Awak dhewe sok-sok dikon laporan neng bose dhewe kudu nganggo bukti foto. Yen kamerane kui elek, bose dhewe ora iso delok kanthi cetho keadaan panggon sing awak dhewe poto. Yen awak dhewe pengen gawe rekening bank liwat HP, awak dhewe kudu butuh kamera sing apik kanggo moto awak dhewe. Fungsi liyane kamare kui pas awak dhewe lagi balesan-balesan pesan teks karo koncone dhewe. Yen awak dhwe bingung jelaske suatu barang, awak dhewe luwih penak yen langsung ngirim fotone.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4772", "text": "Jaman saiki, akeh wong kang nyediakake jasa kelas online sing bisa ngajari akeh kemampuan kaya pemasaran, carane nulis laporan kanthi uga kelas-kelas sing ana hubungane karo kejiwan. Kelas online iki ana sing mbayar uga ana sing gratis. Melu kelas online iki bisa dadi sarana kanggo nambah kenalan lan bisa nambah ilmu. Wong ora perlu adoh-adoh njupuk kelas ning bangku kuliah. Mung sewates lungguh ning ngarep laptop lan nyatet apa wae sing bisa dilakoni. Ning sosial media ya akeh banget jasa sing nawarake kelas online sing bisa dipilih kaya skill academy, glints, google, lan linkedin. Kelas online iki uga ngasilake sertifikat sing bisa dinggo ngelamar kerja uga nunjukake kemampuan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9723", "text": "Yamko rambe yamko yoiku salah siji lagu seng asale saka papua. Lagu Yamko rambe yamko \r\n Secara khusus yoiku sijine lagu daerah seng asale saka tradisi rumpun telong suku ing lembah Grime, yakni suku Namblong, suku Gresi, dan suku Kemtuk. Lagu seng irama e rancak iki ndueni arti mistis lan supranatural. Seng kawitane lagu iki yoiku lagu seng biasae dinyanyikno kanggo ritual kasep seng dianggap sakral masyarakat sekitar. Lagu daerah Yamko rambe yamko asale saka campuran 3 bahasa yoiku bahasa Namblong bahasa Gresi, lan bahasa Kemtuk. Lagu Yamko rambe yamko iki nyeritaake daerah seng ngalami perang antar suku. Saiki lagu Yamko rambe yamko sering digae arek pramuka kanggo nyemangatno suasana, lan pantang menyerah.\r\n", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7715", "text": "Wong-wong sing nduwe jam kerjo sing duwur iku pasti gak nduwe waktu gawe olahraga. Tapi mbasio ngono, onok solusi gawe wong-wong pekerja koyok ngene, yaiku mlaku. Mulai mlaku pas budhal kerjo, mlaku pas moleh kerjo, pokoke nang ndi ae mlaku. Mlaku iki dadi olahraga sing enteng, murah, dan isok dilakoni ben dino. Wes ngono, mlaku iki olahraga sing isok dilakoni gawe kabeh kalangan umur, ket arek cilik sampe wong sing wes sepuh. Efek e ancen gak isok langsung, tapi setidake awak dewe iki bakal obah terus ben mlaku. Dan dasarane menungso iku diciptakno gawe obah, salah sijine iku mlaku. Nek iki dirutini, awakmu isok luwe sehat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5474", "text": "Kedadian sing paling ora disangka pas olahraga yaiku kalahe negara-negara Eropa ning Piala Dunia 2022. Kejadian iki marai para penggemar bal padha kuciwa lan akeh teori sing beredar babagan kalahe negara Eropa iki. Jerman, Italia, Inggris, lan uga negara-negara sing diprediksi bakal menangke Piala Dunia 2022 malah kalah karo negara Asia sing ora disangka kaya Jepang, Korea Selatan, lan uga Maroko. Negara Asia iki ngewenehi prestasi sing mbanggani saka juara grup lan marai wong antusias nonton gelaran taunan iki. Pertandingan iki dadi luwih dramatis amarga akeh isu politik lan negara sing mlebu ning balbalan iki tanpa ngurangi kualitas pemain ning saban tim nasional. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7878", "text": "Nek awakmu nduwe anak sing nduwe hobi ngutak ngatik alat mekanik, coba arahno anak iku mau gawe melu ekskul robotik nang sekolahe. Nek wes ngono, hobi iku mau isok luwe tersalurno dan isok luwe terarah sisan. Nek bakat iku mau isok luwe diasah, isok ae pihak sekolah bakal melokno arek iku mau gawe melu kejuaraan robotik sing lagi akeh banget diadakno nang ndi ae. Mulai teko nasional sampe internasional. Nek isok sampe juara, iku isok dadi prestasi sing banggakno gawe sekolah, gawe awakmu, karo gawe arek iku dewe. Berawal teko hobi, isok dadi prestasi. Dadi nek awakmu nduwe hobi sing berhubungan karo robotik, lebokno ae nang ekskul robotik.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7417", "text": "Omah adat nang Jogja iku jenenge Rumah Joglo. Omah Joglo iki sakjane akeh banget didapati nang sekitaran Jogja. Cuma nek awakmu kepingin ndelok bentukane Omah Joglo sing otentik, salah sijine iku onok nang njero area Kraton Yogyakarta. Nek awakmu penasaran, ituti rute iki ae. Berangkat teko Malioboro Jogja, mlaku nang arah kidul nang jalan Malioboro. Terus ae mlaku nang jalan Jend. Ahmad Yani dan engkok bakal ngelewati Toko Djoen nang kiwo dalan. Mbari ngono terus lurus ae nang jalan Pangurakan. Sekitar 170 meteran mbari ngono belok nengen nang jalan Alun-alun Utara. Ket adoh, bakal ketok rupane Kraton Yogyakarta sing ruame banget.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5120", "text": "Jaman cilik, aku diajari lagu anak-anak daerah sing judule \"Menthog\" karo bapakku. Lagu kuwi nyeritakake babagan cara mlaku menthog sing lucu lan megal-megol lan ngisin-isini. Lagu iki nggemesake amarga marai bocah cilik seneng lan bisa ngerti carane menthog mlaku. Ning lagu kuwi, menthog diceritakake kewan sing males lan penak-penak turu. Jare bapakku, aku ora oleh niru tingkahe menthog sing males-malesan lan mung ngethok yen ana perlune. Asline lagu iki apik amarga ngajari dadi wong sing produktif lan ora mung turu lan mlaku kaya menthog. Banjur lagu kuwi uga dirungokake karo adekku. Nanging jarene ora apik amarga kalah karo lagu-lagu jaman saiki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6354", "text": "Banjir kuwi bisa dadi bencana alam sing uga ana unsur campur tangan saka menungsa. Banjir iki amarga debit air sing dhuwur amarga udan gede, sumber banyu sing mundhak akeh, lan uga bisa amarga gelombang pasang. Nanging pencegahan lan penyebab kuwi sing kudune dipikirake karo menungsa, kaya misal ora mbuwang sampah ning kali lan saluran banyu, kerep ngeresiki saluran banyu saka tanduran liar, lan uga nyegah pendangkalan banyu kali. Banjir rob kuwi uga bisa ditangani nganggo beton pemecah ombak utawa mbangun bendungan. Kamangka, menungsa iki kudune luwih milih nyegak tinimbang kena bencana ning panggonane langsung amarga bakale luwih ruwet lan marai stres.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8908", "text": "Ekskul iku kegiatan sing dimeloki arek sekolah ndek luar kegiatan akademis tapi sek ndek lingkup sekolah e iku mau. Kadangan nek tak delok, onok tipe arek sekolah sing semangat pol gawe melu ekskul. Hal iku mergo ekskul sing dimeloki termasuk dadi hobine. Kabeh uwong iku pasti seneng lah nek ngelakoni hobine, gak onok sing gak seneng malah. Cuma kadangan, arek iku mau terlalu fokus ambek kegiatan ekskul e sampe ngabaino kemampuan akademis e. Padahal kate yaopo yaopo, arek sekolah iku kudu isok mertahano nilai akademis e ben isok naik kelas. Nek arek iku terlalu fokus karo ekskul e, isok isok nilaine dadi anjlok kabeh. Dadi gawe awakmu sing nduwe anak, awasi, ojok sampe de’e terlalu fokus ambek ekskul e dan marakno nilai akademis e dadi anjlok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7370", "text": "Aku tau diskusi dowo banget ambek mamaku pas mbahas tentang ajaran agama. Topik sing marai diskusiku dadi dowo banget iku warisan. Nek bagi wong awam, warisan teko uwong sing meninggal yo garek dibagi-bagino ngono ae. Nek nang islam, gak isok langsung koyok ngono. Onok tata carane gawe bagino harta warisan nang anak turune sing wes diatur ambek Allah SWT lewat kitab Al-Qur’an. Pembagiane pun yo wes detail banget, dan iku kabeh gak isok diganggu gugat. Contohe pas bapak meninggal, anak lanang entok ½, terus anak wedok entok ¼. Engkok nek ibu sing meninggal, aturane bedo maneh. Nek sing meninggal anak yo engko bakalan bedo maneh. Makane warisan iki dadi materi ajaran agama sing diskusine paling dowo dan paling tak iling.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9650", "text": "Omah e wayan iki onok ning Bali. wayan yo kelebu wong hindu. dino iki sekolah e wayan prei amarga saiki onok dino galungan . wayan ngewangi ibun e nggawe sesajen diewangi karo mas e wayan. ibun e nggawe pirang pirang sesajen dadine ora isok yen nggawe dewe kudu onok sing ngewangi. marine nggawe sesajen wayan ngewangi ibune masak masak gawe wayan lan dulur dulur e. sak marine masak wayan langsung sembahyang nak pura e karo keluargane . saben galungan mesti wayan atine bungah nemen amarga sekolahan e prei lan wayan isok ngelumpuk karo dulur dulur sing ora tau kepetuk suwe. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9639", "text": "Manungsa kadhang dadi makhluk sing palinh serakah. Apa maneh nalika hubungan karo jabatan lan dhuwit. Ora sithik wong sing terlena amarga kepincut karo jabatan sing dukur lan dhuwit sing akeh. Akeh banget kasus korupsi wiwit sing nominale sithik nganti sing nominale gedhe banget. Wong sing seneng korupsi ngono iku wis ora iling lan ora wedi karo Gusti. Wong korupsi uga bisa kasebut wong nyolong amarga dheweke nyolong hak utawa dhuwite wong liya. Ning Indonesia wis ora kaitung pira jumlahe wong sing korupsi. Mula, ayo padha njaga ati lan awak supaya ora keblasuk ana ing tindak ala korupsi lan tansah njaluk ning Gusti supaya dilindungi.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5032", "text": "Salah siji crita sing diriwayatke babagan sahabat nabi yaiku crita Umar bin Khattab pas dadi khalifah ke-2. Umar bin Khattab iki sahabat nabi sing terkenal paling teges lan uga oleh julukan pedange Nabi Muhammad amarga ngelindungi nabi lan keluwargane. Ing sawijing dina, Umar bin Khattab lagi mlaku ning tengah wengi. Umar bin Khattab mampir ning salah sawijining omah amarga krungu swarane bocah nangis keluwen, ibune mung bisa nggodhog watu amarga ora duwe gandum kanggo mangan. Rampung kuwi Umar bin Khattab nangis amarga ngerasa ora bisa ngopeni rakyate. Banjur Umar njupuk gandum ning lumbung lan nyedekahake marang keluwarga sung keluwen kuwi. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9784", "text": "Tokoh adhat yaiku wong kang nduweni amanat lan jabatan ing salah sijining tatanan kang ana ing salah sijining wewengkon. Amanat utawa tugas kang kudu disunggi dening tokoh adhat yaiku mimpin pakurmatan adhat, mertahanake tata cara gesange kanthi adhat kang bener, njelasake lan nurunake filosofi uga aji kang ana ing adhat. Wong-wong kang kalebu jinise tokoh adhat yaiku pangarep suku, pangarep adhat, aktivis marang budaya lan tradhisi, juru kunci, lan seniman budaya ing salah sijining wewengkon. Tokoh adhat iki saben wayah pesthine ana. Ananging amanah orane iku sing ora ngerti. Kamangka kui, tugase masarakat milih sing bener ben ora salah kedaden. Aja ngasi ganti tokoh pangarep malah ilang adhate. Iling pokok sing paling ngerti kepiye adhat lan tatanan kang ana ing kana.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7720", "text": "Aku nduwe konco sing jenenge Bambang. De’e iki sueneng banget dolen bal-balan. Awale iku teko jenenge de’e iki seneng dipadakno karo atlet sing jenenge Bambang Pamungkas. Pas de’e nggolek sopo Bambang Pamungkas iku, de’e malah dadi tertarik. Dan teko kono, de’e dadi seneng bal-balan. Awale Bambang iki mek asal-asalan tok dolen bal-balan iki. Batine dolen ngene iku gawe seneng-senengan ae. Tapi ndelok sosok Bambang Pamungkas sing isok sampe juara mergo bal-balan tok, koncoku iki dadi termotivasi. Akhire de’e mesti melu ben onok lomba futsal nang ndi ae. Teko kono, de’e dadi langganan perwakilan sekolah sisan gawe melu lomba futsal nang perlombaan sak nasional.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5157", "text": "Ana sing ngomong yen tuku oleh-oleh ning Bringharjo kuwi larang amarga regane dipadhakake karo rega wisawatan saka njaba Jogja. Nanging omongan iki bisa dibantah yen pinter lan ngerti cara belanja sing bener ning Bringharjo. Pedagang Bringharjo iki sajane yen ngewenehi rega ya bisa ditawar sing penting naware pinter lan ora langsung motong akeh, umpamane tuku batik ya ora oleh nawar kanthi separone. Kaping pindhone yaiku yen bisa nawar nganggo basa Jawa krama, bakal diweneri luwih murah lan dipadakake karo warga lokal. Banjur kaping telu yaiku dadi langganan ning salah sawijine toko ben oleh potongan rego utawa tuku grosiran utawa langsung akeh. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4703", "text": "Gunung Bromo kuwi salah sawijine gunung kang ngadek ning Jawa Timur lan diapit kabupaten-kabupaten kaya Probolinggo, Malang, Pasuruan, lan Lumajang. Gunung iki dhuwure 2.329 meter. Gunung iki dadi sejalur karo Semeru lan tengger, mula jalur wisatane arane BTS utawa jalur Bromo, Tengger, Semeru. Gunung Bromo iki kalebu jenis gunung sing pasif. Kamangka kuwi akeh wisatawan sing adoh saka njaba kutha lan manca negara ngunjungi Bromo lan pengen ndelok wisata sing wis rame diomongke. Ning gunung iki ana suku asli yaiku suku tengger sing nganggep Gunung iki suci. Sak liyane wisata alam, turis uga bisa ndelok upacara adat sing diadakake ning Bromo iki. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2147", "text": "Awak dhewe sebagai bakul kui ora iso ngindari seko komplenan wong sing tuku. Kui wis dadi resikone awak dhewe. Nompo klomplenan kui ora mung langsung neng toko wae, nanging uga neng internet. Nompo komplenan neng internet kui rodo bedo. Supoyo iso nompo lan golek solusi seko kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sabar. Yen durung yakin opo sing perlu awak dhewe omongi, awak dhewe iso nunda disik. Opo meneh kui komplenane seko pesan teks utowo ditulis neng kolom komentar. Sing keloro, awak dhewe kudu nganggo boso sing sopan lan formal. Sing ketelu, yen awak dhewe kudu ngomong, awak dhewe kudu nganggo nada bicara sing alus lan sopan.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "21", "text": "Bulan Ramadan, 10 dino sadurunge riroyo, kaluargaku mesthi gawe kue kering. Biasane kue sing digawe kui kastengel, nastar, karo putri salju. Nek isih ono wektu lan bahane ditambah kue Coco Crunch utowo Corn Flakes. Taun iki aku iso bantu ngewangi. Mergo isih pemula, aku diwehi gawean sing gampang-gampang. Sing pisan aku ngalusi gulo pasir nganggo blender. Ben asile luwih alus, gulo sing wis diblender kudu disaring meneh. Terus aku delok budheku ngecampur adonane. Dudu aku sing nyampur mergo wedi gawe kesalahan. Aku ngebantu nyetaki kuene. Kue sing tak cetak kui kastengel. Bar dicetak, kuene kui diolesi kuning telor banjur ditaburi parutan keju.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7369", "text": "Nek ditakoni podo rajin ngaji opo igak, yo akeh ae sing bakal ngomong rajin. Tapi pas ditakon paham gak ambek opo sing mbari mbok woco pas ngaji, pasti roto-roto podo kicep. Hal iku mergo roto-roto wong ngaji mek asal ngaji tok, tanpa eroh opo arti ambek maknane. Mbasio ta Al-Qur’an sing dinggo iku sing terjemahan, tetep bakal lali diwoco, pokok ngaji ngono ae. Dadi gawe dulur-dulur muslimku, nek ngaji iku ojok lali artine diwoco sisan yo. Moso iyo rek awakmu ngaji sampe engkok awakmu mati gak eroh arti teko Al-Qur’an iku mau. Kan podo ae sia-sia nek koyok ngono carane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2785", "text": "Tahun iki aku ambek koncoku isek tetep ora iso muleh kanggo ngerayakno idul adha sing biasane dadi upacara rutin wong islam nang ulan Besar utowo dzulhijah. Jarene koncoku, ancene nag idul adha iku enak nek nang omah iso nyate bareng konco-konco sing nang omah. Tapi nag jareku sih podo wae soale nang kampungku bocah-bocah yo ora ono sing nang omah. Kabeh podo budal nang kota. Lah sing jenenge idul adha iku enake awak dewek kabeh iku biasane oleh daging gratis nag gelem budal nang masjid utowo mushola sing nyembelih daging korban. Tapi iku yo dorong karuan oleh soale kadang masjid iku ngutamakno warga sing sekitar masjid. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3507", "text": "Wong sing dadi usaha iku roto-roto ora langsung gede ambek duwe kantor sing gedene pol. Kabeh iku di awiti teko nol ben ngerti carane nyambut gawene wong iku maeng. Nah sing kudu dieroi teko wong pengusaha iku sing awitan yoiku kudu wani ambek kendel, mental sing siji iki ancene rodok abot soale sing jenengen wong kendel iku ancene ora mok angger budal tapi kudu wani ngadepi sembarang kalir awit teko resiko usahae sampek liyan-liyane sing engko bakal kedaden. Terus kudu telaten, nah telaten iki biasane ora kaebh wong iku duwe roso ngeneki soale ancene angel golek sing koyok ngeneti. Mangkane wong usaha iku kudu duwe sing jenenge telaten.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "40", "text": "Malem minggo wingi, aku ono latian joged neng kampus. Latiane tekan jam 9 wengi. Pas meh bali, aku delok langit wes mulai mendung. Wedi kodanan, aku cepet-cepet bali. Dilalahe neng tengah dalan malah udan. Pas banget wengi kui, aku ora gowo mantol. Gelem ora gelem aku kudu nguyup. Nanging, awaku wes klebes disikan. Bejone, neng panggon nguyup kui ono bakul ronde. Lumayan nggo anget-anget, aku mesen ronde sak porsi. Wes suwe banget aku ora mangan ronde. Biyen aku seneng banget ombenan iki. Pas jamanku cilik, ono bakul ronde gerobakan sing liwat ngarep omah. Aku iso tuku ronde kui paling ora seminggu sepisan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7343", "text": "Onok pembahasan sing lagi rame banget dibahas akhir-akhir iki, yaiku perbedaane madzi karo mani. Loro-lorone iku mau podo-podo cairan sing metu teko lubang kemaluan. Tapi dadakno onok perbedaan madzi karo mani. Madzi iku cairan putih bening terus lengket sing metu pas kondisi syahwat, gak muncrat, dan pas marine metu gak marakno lemes. Nek mani iku cairan sing metu pas syahwat seseorang wes tutuk puncake, mambune khas, disertai muncratan pas metu, dan marakno lemes sak marine metu. Madzi iki termasuk najis ringan, tapi nek pas metu, wong gak wajib gawe mandi besar dan gak mbatalno poso. Mani iki hukume gak najis, tapi nek pas metu wajib gawe mandi besar dan isok mbatalno poso.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2839", "text": "Cerito asal-usule kota lamongan yo termasuk cerito masyarakat daerah kono kanggo ngenang tokoh-tokoh sing merjuangno kota iku biyen. Tapi sampek saiki akeh wong sing ora ngerti opo maneh generasi enom sing senengane dolanan Hp padahal wis ono anjuran teko dinas pendidikan nag bocah-bocah saiki ojo sampek ngelalekno sejarah utowo budaha sing ono nang daerah kono, soale iku termasuk identitas negoro sing kudu dijogo. Teko anjuran iku maeng jane kabeh generasi yo kudu ambek wajib ngerti masalah sejarah kota iku maeng. Tapi kenyataane sing bener-bener ero yo mok wong sing duwuran tok utowo wong sing biyen-biyen. Tapi generasi saiki ora sepiro ero.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "84", "text": "Aku kerep mangan gedhang bar jogging utowo mlayu. Awale, aku ora patio seneng gedhang nanging aku diandani nek biasane atlet larikui bar latian biasane mangan gedhang. Mergo bar mlayu aku sering kekeselan lan ora ngerti solusine, aku jajal coro kui. Jebul, energiku bar mlayu luwih cepat balik pas mangan gedhang. Bar aku moco-moco meneh, salah siji khasiat woh kuning kui ngango nambah energi. Seko penelitian, 2 woh gedang isi nyepake energi kanggo mlaku 90 menit. Mangan gedhang bar mlayu kui ora mung enak ning ilat, nanging ugo neng weteng. Pisang kui lembut ora abot lan atos koyo sego, dadi lambung gampang nyerna woh sing identik karo panganan munyuk kui.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2834", "text": "Kabeh enggon iku mesti duwe cerito sing dijipek teko daerah iku maeng, mboh iku teko uripe wong kono utowo teko gedadean sing tau kedaden nag daerah kono. Lah nag jareku cerito rakyat sing teko daerah Suroboyo sing jenenge Awitane Jenenge Kota Suroboyo iku termasuk cerito sing kudune kabeh generasi sing enom iku ngerti ambek cerito iku. Soale cerito iku ancene legendae koto pahlawan iku sing kudu dilestarikno utowo diabadekno ben generasi sak teruse iku iso ngerti. Masio cerito iku durung jelas benere, tapi sing jenege cerito sing teko wong jaman biyen biasane iku warisane leluhur utowo mbah-mbah sing ngerti kedadean iku. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9717", "text": "Betang yaiku salah sawijining jeneng omah adat ing daerah Kalimantan Tengah. Omah adat kuwi dinggoni kaliyan masyarakat dayak utamane ing daerah pucuk kali sing dadi pemukiman utama ing masyarakat suku dayak. Omah adat betang nduweni bentuk sing mirip omah panggung lan digawe dowo. Wong suku Dayak kudu mempertahanake omah adat sing ana ing daerah Kalimantan Tengah nganti saiki. Cara gawe njaga kalestarian omah adat ing Kalimantan Tengah yaiku sing kaping pisan dheweke kudu bisa ngenalake marang masyarakat liyane yen Kalimantan Tengah nduweni omah adat sing apik banget. Kaping loro, wong suku Dayak kudu mangerteni cara njaga omah, saengga katon resik. Kaping telu, wong suku Dayak kudu mangerteni filosofine omah adat betang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9323", "text": "Jagad sosial media dina iki lagi rame banget karo panggon wisata viral sing ana ing Jogja yaiku Gamplong Studio. Panggon iki viral amarga tau digawe shooting pirang-pirang film kayata Habibie & Ainun 3 lan Bumi Manusia. Ing Gamplong iki akeh banget panggon sing bisa digawe foto-foto amarga bangunane pancen digawe kaya bangunan jaman lawas. Ana bangunan pecinan sing ornamene persis ornamen tionghoa, warna bangunane uga abang lan kuning. Sing paling rame digawe foto yaiku bangunan omah lawas tingkat 2 sing tau digawe shooting Bumi Manusia utawa kasebut Omah Annelies. Bangunan iki dicat warna coklat lan ana ijone, njero bangunane dimodel kaya omah jaman lawas lengkap karo barang-barang lawas kayata kursi, meja, lan kaca.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "596", "text": "Jajan legi sing gampang dicokot lan kenyel kui klepon utowo onde-onde yeng neng daerah Sumatra. Carane gawene ngambang. Sing pertama, cepak disik bahan-bahane, ono tepung ketan, banyu godong suji, banyu kapar sirih, uyah, gulo jowo lan parutan klapa. Keloro, awak dhewe kudu nyepake godog godong suji lan ngukus klapa parut disik. Yen wes adem, awak dhewe iso nyampurke tepung, banyu suji, banyu air sirih neng adonan. Aduk tekan roto, mengko werno adonane dadi ijo mergo daun suji kui. Sing ketelu, lebok banyu mateng sitik-sitik karo diuluni tekan kalis. Yen wis kalis, dinengke 10 menit. Jikuk adonan mau sitik-sitik lan dipipihke. Banjur lebok potongan gula jowo neng tengah-tengah adonan kui trus ditutup. Baleni proses iki tekan, adonane entek. Godog adonan sing wis ono isian gulo mau. Ditiriske, banjur dibalur karo parutan klapane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8941", "text": "Mbah uti iku mesti ngongkon kabeh putune gawe ngelakoni lompat tali. Alesane iku ben putune podo duwur kabeh. Aku sisan dikongkon gawe ngelakoni iku. Bahkan mbah uti iku mbelani nang omahku ben dino gawe ngongkon aku lompat tali. Ben dino iku aku dikongkon lompat tali sampe ping 300. Awale sih aku muales pol. Batinku, kan yo mending dolen ambek konco timbang ngelakoni iki. Wes ngono, rasane iku puegel kabeh soale gak dikeki wektu gawe leren dilut ae ambe mbah uti. Telung wulang berlalu, mbah uti ngukur duwurku nganggo meteran. Hasile aku wes nambah duwur sampe limang senti. Aku jelas kaget, soale lompat tali temenan ngaruh gawe nambahno tinggi badan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7873", "text": "Salah siji film tentang robot sing paling terkenal iku Transformers. Transformers iki film action ambek fiksi ilmiah sing diangkat teko kisah Transformers pas tahun 1984. Film iki disutradarai karo Michael Bay. Pemain film iki antara lain Shia LaBeouf, Megan Fox, Tyrese Gibson, Josh Duhamel, Anthony Anderson, Rachael Taylor, John Turturro, ambek Jon Voight. Sinopsise Transformers iki koyok ngene. Bermula teko remaja sing jenenge Sam Witwicky tuku mobil pertamane, sing de’e gak eroh, dadakno iku jelmaan robot alien. Dan iku guduk siji-sijine alien sing onok nang bumi. Optimus Prime ambek konco-konco sak kelompok robot transformers iku nang bumi gawe nggolek AllSpark. Tapi musuh bebuyutane Megatron ambek pasukan Deceptions liyane yo nggolek AllSpark, dan mereka iki bakal ngelakoni opo ae gawe ngentokno iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5003", "text": "Ana tradisi maca shalawat bareng rutinan yaiku maca diba' utawa diba'an. Acara diba'an iki isine ya maca shalawat nabi sing dirangkum ing sawijining buku yaiku buku diba'. Ora mung puji-pujian, ning ya uga ana crita babagan sejarah, keturunan, perjalanan dakwahe Nabi Muhammad, uga sapa wae keturunane Nabi. Sing ngelakoni diba'an iki umume warga nahdliyin, yaiku jamaah sing saka bagiane NU. Diba'an iki umum banget ning Jawa Timur amarga isih akeh budhaya pesantren nahdliyin. Ning kampung-kampung, maca diba' iki dadi sarana kanggo ngeraketake seduluran amarga mesti dilakoni rame-rame gantian saka omah siji ning omah liyane uga mesti meriah amarga diba'an iki bisa dadi wujud rasa sukur. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9737", "text": "Crita rakyat saya suwi saya pudar. Ora kabeh bocah ngerti yen Indonesia duweni crita rakyat sing akeh maceme. Ora cukup mung ngenalna ning bocah-bocah, nanging uga perlu kanggo ngelestarikna crita rakyat iki. Cara supaya crita rakyat bisa lestari iku akeh. Kaping siji, mesti nyritakna crita rakyat ning bocah. Kawit cilik bocah-bocah kudu wis dikenalna karo crita rakyat. Kaping loro, ngewenehi bocah buku crita rakyat. Kaping telu, gotong royong kanggo gawa crita rakyat iki ing sosial media supaya luwih misuwur. Cara telu iku bisa digawe supaya crita rakyat ora gampang ilang lan bisa ana terus. AMarga eman banget nalika crita rakyat Indonesia iki ora bisa awet.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6631", "text": "Ning sekolahe Nita, pramuka kuwi wajib, apa maneh pramuka ning sekolahe Nita iki sering banget ngadakake acara ning jaba kaya susur gua, munggah gunung, lan uga latian-latian liyane. Sasi ngarep, Nita lan kancane diundang menyang acara Saka Wana Bhakti cabang kabupaten kanggo melu acara kemah ning gunung. Sajane Nita ya bisa wae langsung budhal, nanging dekne tetep ora pengen rugi lan lara pas serampunge saka kemah. Nita lan kancane uga ngelakoni latian fisik saban bali sekolah ben otot lan pernapasan ora kaget pas ana ning panggonan sing tekanan udarane uga bedha karo panggonan biyasa. Nita uga ngelengkapi alat pendakian kanggo jaga-jaga. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "28", "text": "Kue kering niku cemilan wajib sing ono pas riroyo. Neng pasar, swalayan, mal, tekan kabeh media sosial akeh sing dodolan kue kui. Salah siji kue sing paling disenengi kui Nastar, kue kering sing ono selai nanas neng jerone. Seko akehe kue nastar sing ono neng pasar, aku paling seneng nastar gawean budheku. Sing marai bedo kui, sing kepisan, seko selaine. Selai nanase digawe dhewe. Nanas sing dienggo dipilih sing kandungan banyune sitik supoyo selaine iso luwih awet. Sing keloro, teknik gawe adonane. Jarane budheku, adonan kui kering kui ora oleh keakehan dimek-mek utowo kedemok-demok. Mergo tangan kui ono sifat asam sing marai adonane pas diapanggo ora dadi renyah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3516", "text": "Nyambutgawe nang kantor iku ono macem-macem, opo maneh saiki wes jamane teknologi sing sangare ora ukur. Salah sijine penggawean sing nang kantor iku maeng yoiku sing jenenge Front Desk Officer, Front Office utowo Customer Service. Penggawean iki ancene ketok gampange megilan tapi asline iku yo rodok butohno kesabaran soale langsung ngadepi wong sing teko terus ate tuku produk sing didol karo kantor iku maeng. Lapooh kok butuh kesabaran? soale deke iku langsung ngadepi calon pelanggane sing ancene duwe watak sing bedo-bedo ono sing sabar, ono sing sopan, ono sing biayakan, ono sing ugal-ugalan, ambek macem-maceme iku maeng sing ancene butohno kesabaran sing bener-bener sabar.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "432", "text": "Jaman-jamane kuliah wingi, aku kerep ngero mumet. Luwih tepate aku ngerasake atike ora ayem. Mungkin, pas kui lagi akeh mikir kuliah lan tugas-tugase sing numuk. Iso uga, mergo akeh tanggungan seko organisasi ditambah karo latian tari sak ben dino. Pas kui, aku sering uring-uringan, kepengen sesuatu nanging ora ngerti kepengin opo. Mungkin aku lagi ngeroso adoh seko agama, adoh seko Gusti Allah. Bar salat, aku iseng-iseng moco Alquran. Pas kui aku ameh setaun ora rutin moco kitab suci Islam kui meneh. Pas aku rampung ayat kesiji, sirahku keroso luwih enteng. Makin akeh ayat sing tak woco, makin enteng sirahku. Aku uga ngeroso ati dadi ayam tentrem.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "152", "text": "Kebun Raya Bogor kui panggon sing kerep tak kunjungi sak ben aku neng mampir neng Bogor. Eyang kakung lan eyang putriu sing seko bapak seneng banget karo taneman dadi aku uga melu-melu seneng. Kebun Raya Bogor kui jembar banget. Yen dimuturi jobone ono sekitar 5 km. Kebun Raya Bogor digawe karo wong Inggris sing tau jajah Indonesia, Raffles. Raffles kui ugo sing nemuke bunga bangke jenis raflesia arnoldi, sing tekan saiki dadi salah siji daya tarik panggon wisata kui. Bagian sing paling favorit kui neng Kebun Raya Bogor kui omah koco. Mergo neng kono, aku iso nemu akeh jenis kembang anggrek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10102", "text": "Kangmas kula nyambut damel dados juru masak wonten restoran hotel. Nalika sekolah, kula wonten praktik nyambut damel wonten restoran kangmas kula. Kasunyatanipun, dados juru masak boten kedah masak kemawon, nanging kedah saged damel resep masakan ingkang eca. Tampilanipun daharan ugi kedah dipuntata dening juru masak. Daharan ingkang eca lan katon menarik bakal diregani langkung awis. Kualitas kaliyan stok bahan baku kangge damel masakan ugi kalebet tanggungjawabipun juru masak. Juru masak kedah mastekaken menawi stok bahan masakan ingkang sae cekap kangge nglayani para tamu saben dinten. Urusan ngatur staf dapur ugi sami kedah ditata. Menawi wonten juru masak junior utawi helper, juru masak senior kedah saged saling bantu bab padamelan dapur hotel.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3235", "text": "TV ambek Radio ancene alat sing iso ngerohno wong nang perkoro sing anyar polahe iso ono siaran, mboh iku berita utowo film. TV iku yo iso digawe hiburan kanggo wong-wong sing pengen delok film, utowo berita. Tapi saiki acara sing ono nang jero TV wes ora onok sing bener, masio iku berita saiki wes ora kenek dipercoyo. Mangkane ati-ati nag delok TV. Terus radio barang yo ngunu masio iku berita sing jenenge siaran wes arang benere, soale saiki siaran-siaran mboh iku tv utowo radio wes ora kenek dipercoyo. Opo maneh nag wayae pemilihan gubernur ambek presiden tambak ora karuan siarane. Mangkane kudu ati-ati nag delok TV utowo ngeringekno radio.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1223", "text": "Jenis barang sing iso didol neng omah kui barang sing wis dadi. Awak dhewe iso tuku kulakan utowo langsung ngontak karo sing duwe barange kui. Kanggo ibu-ibu rumah tangga, biasane kui ngedal piranti-piranti sing dibutuhke neng omah, koyo tonggoku. Ono tonggoku sing ngedol sprei, kemul, sarung bantal, lan sarung guling. Ono uga tonggoku sing ngedol kasut karo klambi-klambi kanggo bocah cilik. Awak dhewe uga iso dodolan barang sing awak dhewe senengi utowo sing awak dhewe butuhke. Awak dhewe iso dodolan buku. Misale awak dhewe seneng masak, awak dhewe iso dodolan piranti-piranti masak. Sebenere iso ngedol barang opo wae sing penting ukurane ora gedhe-gedhe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3502", "text": "Jaman saiki wes akeh sing podo pengen duwe usaha dewe soale wes ngerti carane dodolan ambek buka peluang. Wirausaha yoiku wong sing ngelakoni utowo mroses penggawean sing akhire buka peluang kanggo hasilno penggawean mboh iku kanggo awake dewe utowo kanggo wong liyo barang. Nah saiki wong sing dadi wirausaha iku macem-macem ambek sak pirang-pirang awit teko bocah SMA sampek wong sing wes tuwek yo iso dadi wirausaha. Wong sing dadi wirausaha iku ora kewates umur. Sopo sing pengen yo karek budal, lah wong dodol pentol pinggir dalan ae yo termasuk wirausaha. Mangkane saiki wong sing dadi wirausaha iku sak pirang-pirang ora koyok biyen nag gak duwe duwek gede ora iso dadi wirausaha.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "806", "text": "Bocah cilik duwe aktifitas fisik sing luwih akeh timbangane wong sing wis gedhe. Dheweke seneng mlayu-mlayu dhewe utowo olahraga bareng karo koncone. Supoyo dhewe ora cidra pas dolan kui ono apike, awak dhewe ngajarke cara pemasan utowo perengganan disik. Sing kesiji, anak kui kudu diajari pemanasan bagian tangan.Carane, anak dikon nyimpulke driji neng loro tangan kui neng duwur sirah, telapak tangane ngadep neng duwur. Terus tangane koyo disurung neng langit-langit. Disurung terus, tekan keroso otot tangane ketarik kabeh. Bar kui, isih nganggo posisi tangan sing podo, sikel dibuka neng samping sak lebar bahu. Rong tangan mau ditarik neng sisih tengen sak suwe 8 itungan, bar kui pindah sisih kiwo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7467", "text": "Saron iki salah siji alat musik tradisional sing termasuk nang gabungan instrumen nang gamelan. Alat musik siji iki asale teko Jawa. Ukurane saron iki sedang tapi nduwe oktaf sing duwur. Cara munikno saron iku dipukul nganggo pemukul sing jenenge panakol. Cara dolen saron iki onok tahapae. Siji, pemain lunggo nang posisi tengah cek tangane isok gaduk gawe mukul nada tertinggi ambek terendahe. Tangan kanan nyekel panakol, dan tangan kiri gawe nahan. Loro, pukul saron sesuai notasi lagune nganggo tangan kanan. Telu, mbari mukul saron, tahan bilahan logam iku nganggo tangan kiri. Misal, mbari mukul nada 3 dan kate mukul nada 5, tangan kiri nahan nada 3 barengan ambek awak dewe mukul nada 5, dan ngono sak teruse.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4711", "text": "Nalika aku isih sekolah ning Malang, ana panggon wisata sing jarang ana wong weruh yaiku museum tempo dulu ning dalan Ijen. Museum iki sing nduwe asmane Pak Dwi, yaiku pengusaha industri kreatif asli Malang. Pak Dwi nggawe museum kuwi amarga pengen njaga budayane Malang utamane wilayah Malang bagian kutha amarga akeh peninggalan kaya kolonial lan Jepang sing dadi tinggalan. Museum kuwi ora mung sejarah perjuangan, nanging Pak Dwi nambahi diorama kaya jajanan jaman biyen, dolanan, klambi adat khas Malang sing akeh wong ora ngerti. Nanging nek jareku amarga museum iki dadi siji karo restorane Pak Dwi, wong-wong umum padha angel aksese mrene. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "833", "text": "Olahraga flag football utowo football gendero iki arang wong sing ngerti neng Indonesia. Olahraga iki model sing aman seko american football. Ono perbedaan sing ketoro antara keloro olahraga mau. Sing cetho kui bagian pelindunge. Football gendero iki didesain minimalke kontak fisik antar pemaine dadi ora butuh pelindung sing werno-werno. Dheweke mung nganggo kaos lan katok biasa. Kasut sing dienggo uga ora ono sing spesial iso nganggo kasut olahraga opo wae. Sing paling ngebedani kui, football gendero nganggo sabuk gendero. Neng american football, permainane kui mandeg yen wong sing gowo bal tibo. Yen wis 4 kali terus-terus bale ora maju luwih seko 10 yard seko titik awal, bale gentian karo tim musuh. Neng football gendero iki tibo kui diganti yen ono gendera sing dicabut. Pemain football gendera iki nganggo sabuk sing neng burine ngelewer 3 gendero sing gampang dicabut.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4638", "text": "Akeh panganan ning Indonesia iki sing nggawe teknologi fermentasi tradisional. Salah sijine panganan Sumatera utawa daerah Melayu sing arane tempoyak. Tempoyak iki asale saka daginge duren sing disimpen 3 sampek 5 dino dicampur uyah karo lombok ben luwih cepet fermentasine. Tempoyak iki biasane digawe tambahan sambel. Rasane kecut lan ditambah ana pedese. Tempoyak iki jare enak dipangan nganggo iwak bakar, iwak goreng, lan masakan-masakan tradisional liyane. Nanging ora kabeh wong cocok karo rasane amarga rasane rada bedha karo sambel liyane. Akeh wong sing ora seneng karo mambune sing kecut. Mula kuwi, yen pengen ngerasakake panganan sing unik, kanca-kanca bisa langsung jajal tempoyak. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5050", "text": "Dina idul fitri kuwi dadi salah siji dina sing rame ning keluwargaku amarga dadi dina kanggo kumpul. Dulurku saka Jakarta padha ngumpul ning omahe simbahku kanggo mengeti dina Idul Fitri. Akeh sing nggowo oleh-oleh kaya dodol, abon, jajan kalengan, lan liyan-liyane. Amarga dulurku akeh, ruang tamu sing kanggo nampa tamu, yen bengi dadi kamar kanggo turu lan digelar kasur. Sing turu ning jero kamar yaiku dulur sing wedok lan para budhe. Nanging sing paling enak yaiku turu ning kamare simbahku amarga resik lan luwih adhem. Banjur sesuke padha sholat Idul Fitri ning lapangan utawa mesjin lan bali saka sholat bisa mangat kupat karo opor bareng-bareng. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6341", "text": "Aku duwe kanca jenenge Ari. Aku lan Ari ketemu ning sosial media. Wiwitane, aku ngira Ari iki bocah lanang amarga jenenge. Nanging, pas aku wis kenal suwe, Ari iki jebul bocah wedok. Aku lan Ari sering banget ketemu ning komen sosial media lan uga sering ngomongake macem-macem kaya buku, musik, lan uga sak panunggale. Ari iki bocah sing kreatif lan sering ngewenehi rekomendasi buku lan uga musik. Pas liburan, aku lan Ari pengen ketemu ning Surabaya, banjur aku numpak sepur menyang kana lan nemoni Ari. Aku lan Ari dolan menyang akeh panggonan kaya Tunjungan Plaza. Saka Ari, aku paham yen kekancan liwat internet iki uga ana sing apik lan awet. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2370", "text": "Pas mlaku-mlaku nag mall, aku delok ono promosi peralatan masak koyok teflon ambek liyan-liyane, akhire aku karo adikku sing senengane masak delok nang pangonane sing diklanno maneg. Tutok panggonane tibak'e akeh temen maceme. Slah sijine teflon sing anti karat ambek anti lengket. Teflon maeng yo lumayan apik, teko modele ambek kualitas sing disudono nang calon wong sing tuku yo apik, terus ono sesi jajal, terus adikku maeng jajal dadar endok ora atek diwei lengo kletek, aki mikire pasti nemplek ora karoan, tibak'e oranemplek blas. Mari ngunu adek tuku siji digawe ibu nag omah ben ora ngentekno lengo kletek di gawe goreng-gorang soale lengo kletek saiki larang regane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8658", "text": "Salah siji alat sing paling penting diduweni nang omah iku fire extinguisher alias alat pemadam kebakaran. Fire extinguisher iku pemadan api portabel sing isok ngetokno banyu, busa, gas, ambek media liyane sing isok gawe madamno api penyebab teko kebakaran. Penting banget gawe nyimpen alat iki nang omah soale ben sewaktu-waktu onok kebakaran nang omah, awak dewe isok nganggo iku gawe nyegah kebakaran iku dadi tambah gede. Alat pemadam iki isok dadi pertolongan pertama sak durunge petugas pemadam kebakaran teko nang omah ben kerusakan iku isok diminimalisir. Gawe awakmu kabeh sing durung nduwe alat iki, ndang tukuo rek, soale iki penting banget.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9614", "text": "Abu Bakar As Siddiq salah siji sahabat Nabi Muhammad sing wis dijamin karo Allah kanggo mlebu suwarga. Abu Bakar uga dijuluki karo sebutan Assabiqunal Awwalun utawa wong sing kaitan mlebu Islam. Ing jaman Nabi Muhammad, akeh wong kafir utawa umat sing ana ing Mekkah ora percaya karo omongane Nabi Muhammad lan kabeh dakwahe. Abu Bakar dadi wong sing pertama percaya karo omongane Nabi, mulane diwenehi julukan As Siddiq. Ora mung kuwi, Abu Bakar uga duweni sifat-sifat sing apik sing bisa diteladani kanggo urip saben dina ing donya kayata duweni pangarepan sing kuat, gampang nyepura wong liya, ora sombong, lan adil sarta bijaksana.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3513", "text": "Wong sing kerjo nang kantor iku ora mesti wong sing sak jurusan ambek sak bidang. Soale nang kantor iku penggaweane ora mok siji tok, tapi ono pirang-pirang penggawean sing ancene bidange iku yo seje-seje, ono sing bagian teknik, komputer, masarno, dodolan, ngitung duwek, ambek liyan-liyane. Kabeh iku ancene wes getoto ambek kantor iku maeng ben iso operasi lancar polahe bidang sing digeluti iku akeh. Mari ngunu sing kerjo nang kantor yo ora mok wong siji tok, terus nang kono iku dibagi kelompok-kelompok sing ancene cocok ambek bidang sing dibuka nang kantor iku maeng. Contohne wong teknik yo kerjo nang bagian teknik, wong sing pinter ngitung duwek yo kerjo nang bagian iku, ambek liyan-liyane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7427", "text": "Ben provinsi nang seluruh negara Indonesia iku pasti nduwe lagu daerah e sing khas. Biasane lagu daerah iku nganggo boso daerah teko provinsi iku mau. Semisal lagu daerahe Jawa Tengah pasti nganggo boso Jowo, utowo lagu daerahe Jawa Barat nganggo boso Sunda. Dan onok akeh boso daerah sing onok nang seluruh Indonesia, dan awak dewe gak mungkin isok nguasai kabeh bosone, opo maneh sing ancen gak nyinauni boso iku. Onok cara cek isok setidake ngelafalno boso sing tepak gawe nyanyikno lagu daerah iku. Siji, rungokno disik versi asli lagu iku. Gatekno logate cek isok ngelafalno lagu sing tepak. Loro, praktekno sampe sekirane bener-bener mirip. Awakmu isok sisan njaluk penilaian teko wong liyo iki wes tepak ta gak. Nek wes, berarti awakmu berhasil ngelafalno boso iku dan isok nyanyikno lagu daerah iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3548", "text": "Saiki ancene wes akeh sing dodolan nang online utowo nang internet soale ancene modale iso luweh saitik ambek ora atek ruwet-ruwet nunggoi terus. Nah masio nang internet dodolane iku enak ora butohno modal akeh tapi yo pirang-pirang perkoro sing kudu dilakoni ben dodolane maeng iso rame pol. Nah wong sing tau dodolan online iku biasane mesti nguwei saran nag pengen dodolan online kudu iso gunakno fitu-fitur sing ono nang media sosial kanggo wong sing dodolan nang media sosial, utowo kudu iso gunakno fitur-fitur market place kanggo sing dodolan nang market place. Soale nag ora ngerti mesti bakale bingung ambek ora bakal rame dodolane maeng.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "887", "text": "Ben awak dhewe iso ngerasake manfaat olahraga kui dudu awak dhewe ngelakokene sak obot utowo sak suwe opo, sing paling penting kui awak dhewe ngelakonine kanthi disiplin. Ben iso disiplin, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu nentoke target sing kudu dicapai sak ben dinone. Targete kui ora usah sing muluk-muluk. Sing keloro, olahraga sing awak dhewe pilih kui kudu gampang awak dhewe lakoke. Dadi misale awak dhewe wonge mageran ojo milih renang. Sing ketelu, awak dhewe kudu gawe jadwal olahragane. Olahraga sing awak dhewe tentoke mau kui arep dilokeke jam piro, oleh isuk utowo sore, pokokmen kapan wae pas wektu awak dhewe selo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7479", "text": "Tarian saureka reka iki salah siji tarian tradisional sing asale teko daerah Maluku. Tarian iki dimaino ambek muda mudi sing terdiri teko patang lanang ambek patang wedok. Tarian iki onok properti utamane, yaiku gaba-gaba. Gaba-gaba iki terbuat teko bilah pohon sagu. Cara narine iku arek-arek lanang gerakno gaba-gaba iku, dan sing wedok nari sambil ngehindari gaba-gaba iku. Tarian iki isok banget gawe ngelatih stamina, kelincahan, karo ketepatan. Ketukan nada sing cepet marakno gerakan gaba-gabane yo melu cepet. Cek gak kenek gaba-gabane, butuh gerakan sing lincah. Dan ben gerakan iku barengan ambek ketukan nada, dadi isok ngelatih konsentrasi dan ketepatan utek. Dadi gawe awakmu sing tertarik, isok banget nyoba nari iki karo konco-koncomu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "131", "text": "Aku tau nginep neng omah warga setempat. Pas kui lagi diselengarake festival tari internasional sing dadi bagian acara Festival Tungguk Tembakau taun 2018. Festival kui sebetule kanggo ngerayake panen raya tembakau neng wulan Agustus. Nanging digawe acara liyane ben iso ngunggahke pariwisata neng Boyolali. Pas acara kui berlangsung, omah-omah warga sing cerak kono dienggo dadi penginepan. Aku lan konco-koncoku nginep neng salah sijine. Omahe sederhana, ora nganggo tegel lan temboke durung dilepo karo dicat. Awak dhewe turu neng ruang tamune nganngo kasur palembang bareng-bareng. Senadyan panggone sederhana, tuan omahe kui ramah. Awak dhewe kerep diajak ngobrol lan ben isuk mesthi disuguhi gorengan utowo rebusan lan teh anget.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1206", "text": "Ngedol panganan lan ombenan kui gampang-gampang angel. Supoyo dodolane lancar jaya, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke sak durunge awak dhewe buka usaha kui. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti opo sing iso lan pengen digawe. Sing keloro, awak dhewe kudu ngerti kira-kira sopo wae sing bakal tuku panganan utowo ombenan kui. Makane, awak dhewe kudu gawe riset pasar cilik-cilikan. Sing ketelu, awak dhewe kudu nentuke panggon sing cocok kanggo dodolane kui. Awak dhewe kudu nyocoke uga karo pasar sing awak dhewe sasar. Sing kepapat, awak dhewe mulai ngitung-ngitung modal awal sing awak dhewe butuhke. Yen wis kui dilakoke, awak dhewe lagi iso buka usahane.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "989", "text": "Jaman saiki kabeh wis pindah neng digital seko dodolan tekan gawean, terutamane dodolan. Saiki lapak digital kui wis okeh banget lan kabeh wong iso gawe. Wong sing dodolan ora perlu duwe toko fisik sing asli. Dheweke iso dadalan seko omahe dhewe. Mergo akeh sing dodolan kui, persaingane makin padet. Salah siji cara ben dodolan wong iso dikenal luwih seko produk-produk sing podo kui ngelakoke pemasran digital. Saiki, wong iso gawe poster utowo materi promosi gratis neng internet, gawe neng Canva contohe. Ora mung gratis hasile uga ora kalah apike karo aplikasi sing kudu bayar. Wong-wong iso sinau carane neng vidoe-video neng Youtube. Awak dhewe kudu sinau Canva utowo aplikasi sing mirip-mirip supoyo dodolan dhewe kui iso luwih payu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10126", "text": "Pakel kaliyan kweni menika jinisipun pelem ingkang sampun langka dipunpanggihi. Pulutipun pakel saged damel kulit dados gatel. Raosipun pakel langkung kecut ketimbang pelem. Wohe ugi langkung alit. Tiyang Sunda lumrahipun nyebat woh pakel menika limus. Wonten daerah sanes, pakel disebat bacang. Kraton Ngayogyakarta nandur wit pakel wonten pelataran sisih ler. Miturut Kraton, pakel menika lambang akil balige menungsa. Wonten sandingipun wit pakel wonten setunggal malih jinis wit pelem ingkang sami langka, inggih menika kweni. Kweni gadhah tekstur serat ingkang langkung alus ketimbang pakel. Wohipun langkung wangi. Kulit kweni langkung tipis. Kweni lan pakel lumrahipun dados bahan campuran rujak, nanging sakmenika sampun langka sanget bakul ingkang sadeyan pakel lan kweni.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5099", "text": "Ing sawijining wilayah ning Indonesia, isih akeh wong kang nolak pembangunan rumah ibadah kanggo agama minoritas kaya mbagun gereja, pura, wihara, lan klenteng. Pembangunan iki dilarang amarga jare ora duwe ijin, padahal kuwi mung alasan kanggo nutupi sikap intoleran sing ana ning warga sekitar. Miturut media Tempo, wiiwit 2007 kanthi 2018, gereja ana ning posisi paing dhuwur kanggo kasus penolakan pembangunan rumah ibadah iki, yaiku ana 199 kasus. Penyerangan kuwi bentuke macem-macem, bisa saka serangan fisik kanthi intimidasi. Amarga kuwi, generasi enom kaya awake dhewe kudu nduweni pemikiran sing ora cupet lan nerima kasunyatan yen Indonesia iki isine wong saka macem-macem agama lan duwe sifat toleran. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5598", "text": "Kecerdasan gaweane para teknisi utawa kecerdasan buatan utawa AI iki dadi primadona kanggo layanan sing ana ning internet kaya ojek online, toko online, layanan administrasi, lan uga sak panunggale. AI iki akeh fungsi lan manfaate amarga AI iki bisa ngewangi akeh kerja kaya dadi resepsionis kanthi nduduhake peta ning HP. Para pengguna AI iki kalebu dadi para pengguna sing untung amarga isih akeh wong sing ora bisa njangkau layanan iki, misale kaya ning pedalaman, njaba daerah, desa, lan uga daerah sing terisolasi. Kamangka, ayo manfaatke AI sesuai karo fungsine ben awak dhewe uga dadi wong kang manfaat kanggo nulungi wong liya.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7800", "text": "Mbiyen pas cilik iku aku seneng banget dolen game nang komputer. Akeh banget koleksi game sing tak nduweni. Salah sijine iku Sally’s Salon. Aku seneng banget dolen iku soale aku mbayangno nek aku dirawat koyok ngono bakal yaopo rasane. Mulai teko motong rambut, ngewernoi rambut, ngecat kuku, dan sek akeh macem-macem e. Dan dolen Sally’s Salon iku rasane seru banget. Saking serune, aku karo adekku mesti rebutan komputer mek gawe dolanan Sally’s Salon. Akhire timbang tambah tukaran, mamaku mbagi wayah dewe-dewe gawe aku karo adekku. Pokoke ben arek mek oleh dolen sak jam, mbari ngono gentian sak jam maneh, dan muter koyok ngono terus sampe tuwuk.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1730", "text": "Aku durung tau mungguh gunung. Sebenere, aku ket disik kepengen nanging durung ono kesempatane wae. Nanging, koncoku kui kerep banget munggah gunung. Aku kerep diceritani karo dheweke kedadean opo wae sing dheweke rasa neng kono, seko kedadeain sing marai guyu tekan kedadean sing medeni. Durung suwe iki, koncoku mau munggah gunung neng daerah cerak Yogyakarta, nanging aku lali jenenge. Dheweke yen munggah gunung kui mesthi wong cah sitik, paling akeh wong papat. Pas rombangane midun nginep neng sak pos sak durunge puncak, ono sing ngomong delok demit. Bar kui kabeh ngumpul neng tendo, terus kerungo suara wong wedhok guyu. Kabeh ora ono sing wani metu. Bar isuke, mergo isih wedi, rombongan koncoku kui podo lansung balik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "0", "text": "MInggu isuk penake mangan bubur iki lur. Aku lagi kepingin mangan bubur langgananku neng cerak UTY. Langsung wae mangkat, ora sah adus, kesuwen. Pancen rodo adoh sih seko omahku sekitar 15 menitan numpak motor, ning jenenge kepengen, yo ora dadi perkoro. Tekan kono wis jam wolunan, ora patio rame sih tur yo ora sing sepi-sepi banget. Langsung wae, aku ngampiri bapake sing dodol mesen bubur ayam 2 karo teh anget 2 kanggo aku karo koncoku. Ora nganti 5 menit, pesenanku wis dadi. Bubur sing didol neng kene judule khas Pemalang. Bubure nganggo bumbu kuning koyo bubur ayam Jakarta ning duduhe luwih kenthel lan ono roso legi-legine. Ning kene yo ngedol lontong sayur. Nek misale isih ngelih iso mesen kui ben luwih marem.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6605", "text": "Sing ngeraketake urip bebojoan ning lingkungan wong Asia kuwi salah sijine anak. Senajan komunikasine apik, kabeh kebutuhan ana, yen ora ana anak, jarene bakale anyep. Wong sing isih tas rabi, akeh sing ora pengen nunda nduweni keturunan amarga keturunan iki bisa dadi pertimbangan yen ana masalah kaya pegatan sing batal amarga ngutamakake anak, banjur uga ana kerja sama sing tambah apik lan kuat ning rumah tangga amarga ngurus anak bareng. Kamangka, wong ning Asia iki peduli nemen karo wong sing isih tas rabi nanging ora gelem duwe anak cepet. Babagan kuwi bakale bedha yen masalah iki digawa ning negara barat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5504", "text": "Ning taun 2010-an kanthi welasan, isu sing lagi rame ning para siswa yaiku gim sing ana ning warnet. Gim iki bisa marai ketagihan lan bolos sekolah. Jenise akeh lan macem-macem. Salah sijine yaiku Counter Strike, gim perang-perangan sing bisa munggah level yen ngisi lan bayar uga main ning rentang wektu tertentu. Akeh pelajar sing kena kasus amarga gim sing berlebihan lan oleh penilaian moral sing elek. Ning berita manca negara, ana pelajar sing njajal senjata api amarga pengen niru gim sing uga diarani CS iki amarga kurange pengawasan saka wong tuwa, guru, lan tenaga pendidik. Kamangka, siswa sing duwe masalah ning sekolah, biyen wis bisa langsung disimpulke amarga ketagihan gim iki. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3114", "text": "Olahraga sing paling gampang dilakoni saiki ancene mlayu-mlayu, opo maneh olahraga iki yo morae pol ora atek bodo akeh-akeh pokoke awake iso mlayu yo budal. Tapi ono maenh sing paling enak yaiku senam, nah olahraga iki termasuk olah raga sing paling eneng dilakoni soale oar atek butohno enggon omboh sing penting iso obah yo wes cukup ngunu tok ambek obah-obahno awak karo gerakan sing wes dipelajar. Olahraga senam iku maeng ancene paling gampang dilakoni, tapi jaren bocah enom iku ora olah raga, tapi joget, soale mok obah-obah tok oara ono sing kenek gawe ngelemesno awak utowo ngeringetno awak. Mangkane bocah-bocah enom saiki mesti nag olahraga mileh mlayu timbangane senam.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10138", "text": "Olahan gurita kathah sanget wonten macem-macem negara. Wonten Thailand, gurita diolah dados yuk pla mluek, daharan kados salad ingkang ngangge daging gurita godhog. Gurita ingkang pun digodhog ditambahi peresan lemon , uyah, potongan brambang, lan lombok. Raosipun gurih, kecut, lan rada pedes. Wonten Spanyol, gurita digoreng ngangge glepung. Asmanipun filetes de polvo. Pendamping hidangan menika awujud sari lemon lan mrica. Daharan saking gurita ingkang proses padamelanipun digoreng kados mekaten kalebet langka. Spanyol gadhah olahan gurita ingkang benten malih. Gurita dicampur kaliyan bubuk paprika lan kentang lajeng dimasak wonten kwali dados polbo a feira. Konon, menawi boten dimasak ngangge kwali, raosipun bakal benten.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "527", "text": "Lagu-lagu sing ngaggo basa daerah kui saiki iso didustribusike luwih luas. Neng jaman media teknologi wis canggih iki, awak dhewe iso ngunggah opo wae neng Internet, termasuk lagu-lagu daerah mau. Yen awak dhewe arep lagu basa daerahe dhewe dikenal akeh wong, awak dhewe iso ngelakoke beberapa cara. Sing kesiji, awak dhewe iso unggah kui neng media sosial. Media sosial sing paling popular kanggo lagu kui Spotifiy utowo iso uga neng Youtube. Luwih apik meneh yen musik kui iso digawe video musike. Dadine, wong iso luwih gampang ngerti opo maksude lagu kui tanpa ngerti arti lagune disik. Awak dhewe uga iso ngelakoke kolaborasi karo musisi daerah sing liyo. Dadi iso saling promosi lagi sji karo liyane utowo garep projek musik bareng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2837", "text": "Biyen pas cilik aku diceritane ambek mboh sing aneh-aneh salah sijine yoiku asal usule kota Banyuwangi. Biyen sak durungi ono kota iku jarene ono Pangeran sing nemokno wong wedok sing loro nang alas. Tibak'e wong wedok iku maeng anake raja sing Jenege Surati. Lah wong lanang maeng kowo wong wedok maeng nang kerajaane terus rabi. Tapi keluargane maeng dadi ojor gara-gara ono wong lanang sing jenege Rupaksa sing bujuki nang bojone Surati maeng nag surati bakal mateni deke. Tabi Surati maeng pengen buktekno nag deke iku dibujuki. Terus Surati maeng mlebu nang kali, nag kali maeng anyune maleh wangi berati Surati temenan tapi nag banyune ora ambu opo-opo berati surati bener ate mateni pangeran iku. Tibak'e Banyu iku maeng maleh wangi. Lah teko kene iki asal usule kota banyu wangi. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4717", "text": "Rada adoh sitik saka Ullen Sentalu, ana museum sing hawane rada mistis nanging ya rada miris amarga ninggalake kenangan mbledose Gunung Merapi. Museum iki arane Museum Sisa Hartaku. Museum iki dibangun ning bekas omah warga sing keno udah awu lan lahar. Akeh barang sing dadi korban saka tragedi iki. Uga ana balungan ternak sing ora bisa digawa ngungsi. Aturan ning museum iki salah sawijine ya disaranke nggawe masker amarga mbok menawa ana awu vulkanik sing isih aktif lan bisa marai alergi. Kaping pindho, amarga iki museum tragedi, pengunjung bisa ngerewangi ndedungo marang Gusti kanggo katenangan lan kemakmuran warga sing kesisa ning Merapi lan supaya aman.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1211", "text": "Pas aku SMA, aku ora kepengen kerjo kontaran. Bayanganku kerjo kantoran kui bosene wae. Aku mengko bakal ngadep komputer utowo laptop seko jam 9 tekan jam 5. Aku bakal ketemu wong-wong sing kui-kui wae lan suasana sing ora berubah seko dino neng dinone. Aku bayangke ono neng ruagnan sempit sing ono ACne. Sedino aku ora geser-geser seko bangku panggonku lingguh. Aku ora iso bayangke aku lingguh terus neng ngarep laptop, ngetik lan gawe dokumen-dokumen terus-terusan. Paling hiburan sing iso tak lakoke neng kantor kui mung ngerungoke musik karo pisan-pisan ngobrol karo konco kerjo neng sampingku. Aku uga iso dolanan bolen, tak pencet-pencete tekan pere jebol.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5140", "text": "Simbahku duwe keris sing jarene wis ana wiwit jaman penjajahan. Keris iku tinggalan saka buyutku, Keris kuwi bentuke dawa lan ana lekukane kaya ula uga ana ukirane kaya sisik naga. Keris iki disimpen ning lemari lan ora oleh sembarangan dibuka utawa dicekel amarga jare ana jin ning jerone. Keris iki dirumat saban sasi suro, yaiku diadusi nganggo banyu kembang ben awet lan ben ora ilang kesaktiane. Nanging kuwi ya mung dongeng. Jare simbahku, keris lan gaman liyane iki dirumat amarga peninggalan saka leluhur sing wajib dijaga ning keluargaku. Ben ora gelis rusak, ya kudu diumbah setaun pisan yaiku wayah suro. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2755", "text": "Jarene wong-wong islam dino jumat iku termasuk dino sing penting ganggo wong islam sing ono nag dunyo. Dino iki yo termasuk dino sing paling dimulyakno sak luyane riyoyo. Nek nang situs detik.com iku ngarani nag dino jumat termasuk salah sijine dino sing termasuk duwe keistimewaan sing paling akeh. Terus nang dino iki yo ono sing ngarani dino sing donga iku akeh kekabule timbang dino liyane. Mangkane nek dino jumat biasane akeh wong sing ngelakoni keapikan ben keapikan iku dilipatno ambek pengeran. Terus maringunu nang dino jumat iku termasuk dino sing endi wong-wong sing iso ngerungokno khotab sing isine iku kanggo ningkatno kemantepan ati nang nggone agama islam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8634", "text": "Ndaki gunung iku isok dikategorikno dadi salah siji jenis olahraga sing lumayan ekstrem. Hal iku mergo akeh pol resiko sing isok kedaden pas nang duwur gunung. Mulai teko cedera sampe engkok kesasar. Petunjuk arah nang gunung iku sek minim, dadi resiko nyasar iku gede pol. Pendaki gunung iku kudu nyadari iku dan kudu siap ambek situasi iku sisan. Makane onok pendapat nek pendaki gunung iku kudu isok menyatu karo alam. Alesane iku ben engkok pas nyasar, mereka iku isok manfaatno sembarang kalir sing onok nang sekitaran kono, salah sijine nggolek tanaman liar sing gak beracun dan isok digawe dadi panganan darurat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2121", "text": "Yen aku wis tuwo, wis wayahe pensiun, aku ora gelem mung meneng neng omah. Aku kepikiran arep gawe usaha panganan cilik-cilikan. Rencane aku pengen gawe koyo warung cilik. Panggon dodolane aku mikire nek ora neng omah yo neng cerak-cerak kui. Soale yen wis tuwo, arep neng endi-endi kui dadi gampang kesel. Makane dodolane kui kudu sing gampang mangkat lan baline. Aku uga ora gelem nganggo okeh pegawe. Nek iso digarap karo aku lan bajuku, mending koyo ngono wae. Ora usah nambah wong liyo. Aku uga ora kepengen anak-anakku sesok kerjo neng warung kui. Aku mikire warung kui mung dadi hiburanku. Aku ora kepengen kui dadi bisnis sing diseriusi. Sak liyane kui, aku uga duwe rencana golek bathi sing okeh seko kono.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2338", "text": "Akeh wong seng seneng karo sate soale bumbu kacange sing garai enak. Sak liyane iku, Sate yo iso garai wong sehat koyok contone sing duwe anemia dipangani sate maleh bergas maneh, terus njogo kesehatane jantung barang. Terus nag salah sijine situs sehat duniamasak yo jelasno nag sate iku yo iso nyegoh kangker barang teko kandungan Vitamin B, Zat besi, Kolin, ambek selenium sing lumayan dukur. Mangkane akeh sing seneng karo sate, termasuk aku barang yo seneng karo sate, kejobo nag sate-ne maeng ora daging, tapi dicampuri karo gajih, iku lagek akeh sing ora seneng karo sate, termasuk aku yo mangkel nag tuku sate terus dicampuri karo gajih.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8935", "text": "Onok akeh pol jenis cedera sing isok dialami ambek kabeh uwong. Onok sing sifate sementara, onok sing nduwe resiko seumur hidup. Salah siji jenis cedera iku cedera ligamen lutut anterior utowo biasa disingkat dadi cedera ACL. Cedera iki kedaden mergo onok peregangan berlebih utowo robek e ligamen lutut anterior. Cedera iki dinilai nduwe resiko seumur hidup. Wong sing pisan ngalami cedera iki bahkan sampe dioperasi, bakalan nduwe resiko gede gawe ngalami cedera iki maneh. Soale pisan e ligamen lutut anterior dioperasi, kekuatan e bakal berkurang dan kondisine gak bakal isok balik dadi semula. Makane cedera iki dikondo dadi cedera sing resikone sampe seumur hidup.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10092", "text": "Kula pengen plesiran menyang Jogja lan nyobi daharan ingkang kalebet ekstrem, inggih punika walang goreng. Madosi tiyang ingkang nyade walang goreng ugi boten gampil amargi sakmenika jumlahipun sabin boten kathah. Cuaca ingkang boten temtu ugi dadosaken walang tambah langka. Nanging, kula kepanggih kaliyan tiyang ingkang nyade walang goreng wonten margi Wonosari. Walangipun digoreng dadakan. Reginipun lumayan awis, selangkung ewu saktoples. Pas kula cobi, raosipun gurih lan renyah. Kula remen sanget walang goreng dadakan menika. Senadyan awis, raosipun eca sanget kados urang goreng. Kula langsung borong gangsal toples kangge didahar dhateng griya. Walang goreng saged didahar kangge nyamikan utawi dados lawuh dahar sekul. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3256", "text": "Kamera sing saiki paling gelek disenenge bocah-bocah yaiku kamera DSLR. Nah lapoo kak iki sing paling disenengi? soale nang kamera iku maeng hasile iso apike megilan. Nah bagian-bagian sing kudune dieroi karo wong-wong nag kamera iki yoiku koyok bodi kamera sing ancene termasuk ono mesine kamera iku. Terus ono lensa sing gunane iku kanggo nangkep gambar sing akhire engko dicetak ambek kamera iku maeng. Mari ngunu ono sing jenenge tombol shutter sing fungsine kanggo jepret gambar sing wes ancene diencer. Terus ojo lali ono sing jenenge on/off, petekan iki pentinge megilan soale nag ora dipetek bakale ora makan kameran iku maeng. Terus sing rodok penting maneh yoiku Batu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "558", "text": "Pas awak dhewe dolan utowo plesiran, luwih apik awak dhewe tuku oleh-oleh gonne UMKM. Produk UMKM kui ora mesthi elek. Mungkin iyo, seko estetika toko lan kemasane kui ora terlalu apik. Nanging, sego segi kualitas lan kerisikan uga ora kalah dibandingke sing duwe merk gede utowo kue artis. Seko segi rasa produk UMKM kui mungkin kurang diminati. Toko oleh-oleh sing gede kui biasane wis nyesuaike rasane karo pasare dadi pancen cocok neng ilate okeh wong.Yen produk UMKM kui kurang diminati mergo rasane kui ngikuti ilat wong-wong daerah kono. Mergo kui uga, produk oleh-oleh UMKM kui luwih unggul, produke kui duwe roso otentik sing ora iso digawe karo sembarang wong.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7339", "text": "Shodaqoh iku bentuke onok acem-macem. Salah sijine iku bantu korban bencana alam. Wong-wong sing dadi korban bencana alam iku jelas butuh banget bantuan teko wong liyo. Awak dewe sebagai umat Muslim, wajib hukume gawe ngewangi wong sing lagi kesusahan. Dengan kata lain, awak dewe wajib nulungi korban bencana alam. Salah sijine iku dengan bershodaqoh. Shodaqoh iku isok dalam bentuk materi koyok klambi, terop, terus isok dalam bentuk sembako sisan koyok beras, lengo, dan bahan panganan liyane sing gampang digawe nang situasi mendesak dan awet cek isok digawe kapan ae. Dadi gawe dulur-dulur Muslimku, ojok lali nyisihno hartamu gawe nulungi korban bencana alam yo rek.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5547", "text": "Kemajuan teknologi iki ngasilake akeh barang kaya mesin cuci portabel, yaiku mesin cuci sing bisa dipindah-pindah amarga ukurane sing cilik. Wujude mesin cuci iki mulai dikenalake ning sosial media Tiktok amarga bentuke sing unik. Cara nganggo mesin cuci iki uga gampang, Kaping siji yaiku ngumpulake kumbahan kurang saka 9 kilo amarga mesin iki kapasitase cilik. Kaping loro, selang saka pancuran lan selang pembuangan kudu dihubungake, banjur bagian nozzle utawa pengurasan uga kudu dipasang kanthi bener. Kaping telu, pasang mesin cuci lan bisa langsung dinggo ngumbahi kaya biyasa. Nanging mesin cuci iki kudu sering dirumat ben ora cepet rusak lan gampang bocor.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7304", "text": "Akeh banget uwong sing mesti ngilingno gawe moco Al-Kahfi ben dino jumat. Surat siji iki sering dikaitno ambek bacaan sing dianjurno karo Rasulullah Muhammad SAW. Dadakno keutamaan moco surta Al-Kahfi iki onok lumayan akeh gawe kebaikane awak dewe. Siji, dipancarno cahaya nang dino kiamat sing dadi penanda nek awak dewe iki umate Rasulullah SAW. Loro, entok petunjuk ambek bimbingan teko Allah SWT nang dunyo. Telu, diampuni dusone antara rong dino jumat. Papat, dikeki rasa sakinah dalam berkeluarga. Limo, terhindar teko fitnah dajjal sing keji. Enem, omahe gak bakal dileboni setan dan isok terhindar teko gangguan setan sing terkutuk. Pitu, entok ridha teko Allah SWT.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6683", "text": "Sak liyane Nopek Novian, komedian sing sering ngomongake budhaya sing ana ning desa yaiku Sadana Agung. Yen Nopek Novian kuwi materine babagan kritik, Sadana Agung iki materine seputar promosi potensi sing ana ning desa kaya omongan yen pendidikan wong desa kuwi fasilitase adoh saka wong sing ana ning kutha, nanging kualitas usmber daya menungsane ya ora kalah amarga isih akeh wong saka desa sing bisa kuliah ning mancanegara amarga beasiswa saka pemerintah. Wong sing saka desa kuwi miturut Sadana Agung yaiku wong sing sregep amarga luwih becik ngolah sawah dhewe tinimbang golek kerja ning kutha nanging ora jelas lan ora ana hasile. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7725", "text": "Lionel Andrés Messi utowo luwe dikenal ambek jeneng Lionel Messi iki salah siji pemain sepak bola asal Argentina dan dadi kapten tim nasional Argentina. Messi iki dianggap dadi pemain terbaik nang dunyo dan dianggep dadi pemain terhebat sepanjang masa. Hal iku dibuktikno dengan gelar Ballon D’or sing diduweni Messi sampe onok pitung trofi. Dan sing paling anyar maneh, Messi isok menangno trofi FIFA 2022 sing dadi penutup karir e. Messi iki sisan dinilai dadi pemain sepak bolah paling sukses soale isok nyabet kabeh kejuaraan sepak bola sing tau diadakno nang seluruh dunia. Mulai teko UEFA, Ligue, Olympic Gold Medal, La Liga, Copa del Rey, sampe sing paling duwur FIFA World Cup.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9771", "text": "Rama salah sijine murid SD Sinar Mentari sing melu sanggar tari ing desone. Rama iki termasuk murid sing ber prestasi lan pinter ing hal hal kesenian. Rama pinter tari reog amarga dewek e asal e saking ponorogo. Saben sore rama latihan ing sanggar sebelah omah e . saben latihan rama mesti wis nyepakno peralatane dinggo latihan e. Akeh arek sak umurane rama sing wis pinter nari senajan umure sik cilik ning disore rama. Ibune rama seneng amarga rama termasuk anak sing pinter nari jogo kebudayaan sing wis turun temurun ben ora ilang lan dilalekno. Amarga jaman saiki wis podo ngelalekno budaya sing diwarisno para nenek moyang . ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4624", "text": "Mecin umum dinggo ning panganan-panganan Indonesia lan panganan sing asale saka cina kaya sega goreng, mie goreng, birun, cap jay, lan sapanunggale. Saiki, akeh produk sing wis nambahke mecin ning jerone kaya kaldu instan, kecap asin, mie, lan bumbu-bumbu instan liyane. Mecin iki manfaate akeh kaya marai rasane tambah enak lan marai gurih ing kabeh resep. Nanging kakean mecin kuwi ora sehat lan ora cocok ning ilate wong Jowo. Mulane masakan cina saiki akeh sing diganti bumbune karo rempah Indonesia kaya bawang, brambang, kaldu, uyah, gula, merica, ketumbar, lan liyan-liyane. Salah sawijine mie godhog sing resepe dijupuk saka masakan cina nanging ada bumbu jawane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5825", "text": "Ora kudu nduwe warung, wong sing milih kanggo dodolan ning omah ning jaman saiki kudu nduwe relasi sing apik lan nduwe wawasan babagan teknologi kanthi dekne bisa masarake barang saka omah. Kaya misale dodolan panganan utawa klambi, bisa langsung difoto lan disebarake ning internet ben wong padha tuku. Amarga saiki kuwi jaman internet, dagangan iki kudune ya digawe segampang mungkin ben bisa ngasilake dhuwit akeh tanpa nambah biaya liyane lan malah dadine rugi. Akeh banget aplikasi kanggo dodolan ben ning omah tetep ana penghasilan. Kamangka, bisa disimpulake yen teknologi kuwi dadi salah siji faktor majune perdagangan sing dikelola saka omah. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3124", "text": "Akeh wong-wong sing sinene balapan sepeda montor iku dukung ambek seneng karo Rosi. Tapi saiki deke wes pensiun polahe wes tuwek, terus akeh wong sing ngomong nag pensiune deke iku mergone deke wes ora geregane ambek pabrike sepeda montor sing dibeloni sampek priang-pirang tahun maneh soale wes nemokno pembalap sing luwih apik. Mari ngunu ono sing ngomong nag deke iku wes ora iso saingan ambek pembalap sing isek enom-enom sing garai deke nyerah terus akhire pensiun. Sak liyane iku ono sing ngarani nag deke pensiun polahe deke wes ora iso nyesuaikno karo teknologi sing dikembangno nang sepeda montor balap saiki. Kabeh iku maeng ancene mok pendapate wong-wong sing ngerti karo balapan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5588", "text": "Jaman saiki, gim nang HP kuwi akeh maceme. Akeh perusahaan digital sing mulai produksi gim ben pemasaran lan bisnise bisa sukses senajan gim iki ora sampurna lan bisa marai HP rusak amarga dianggep program malware utawa \"virus\" sing bisa ngerusak data lan aplikasi kuwi dhewe. Gim sing digawe iki macem-macem bentuk lan cara promosine. Nanging awak dhewe kudu pinter milih gim apa sing arep dipasang ning HP. Gim sing dipasang iki kudune duwe sistem keamanan ben ora ngerusak HP. Sing kudu dilakoni yaiku uga ndelok sumber game iki saka ngendi. Kamangka, ayo dadi konsumen gim sing selektif ben ora kejebak malware. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "912", "text": "HP Vivo Y21. Kui HP sing pertama kali tak tuku nganggo duwitku dhewe. Regone kui Rp1.999.999,00. Ono rong pilihan werno pas aku tuku, ono sing emas lan ono sing ireng. Pas kui aku milih sing ireng. HP kui duwe penyimpanan 16 GB lan RAM 2 GB. Bobot kui enteng banget 150 gr. Ukuran HPne kui uga cilik dadi gampang banget mlebu sak kathok. Saiki wis 4 taun seko aku tuku HP kui. Kondisi HPne kui wis rusak. HPne ora gelem diurupke. Yen diurupke kui malah balik mati meneh. Bentukane wis ono bagian sing rompal-rompal mergo tibo lan tombol kanggo ngurupke HP kui wis mendelep.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "814", "text": "Mlayu kui olahraga sing gampang lan sehat. Mlayu kui iso gawe otot jantunge dhewe tetep elastis. Nanging, mlayu kui dadi ora gampang yen awak dhewe ngejak konco, opo meneh koncone dhewe kui ora tau olahraga. Alasane sing kesiji kui, jadwale dadi ora fleksibel. Awak dhewe kudu golek jadwal sing kabeh kosong lan janjian disik karo koncone dhewe. Pas dinone, iso wae koncone ngebatalek mergo ono kegiatan mendadak. Nek ora, koncone dhewe kui tekone telat dadine awak dhewe kudu mlayu pas panas. Sing keloro, yen mlayu bareng konco kui, awak dhewe kudu nyesuaike tenogo dhewe karo konco. Iso wae koncone dhewe kui duwe fisik sing luwih apik seko awak dhewe, mungkin wae ora. Padahal, sing bener kui, awak dhewe mlayu nganggo kekuatan lan kecepatan sing awak dhewe nyaman.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9289", "text": "Guneman bab sayur, mbokmenawa bisa ngandharake bab apa wae. Ananging, ing salebete tulisan iki aku arep ngudhar salah sawijining sayur kang bisa cinampur ana ing masakan. Sayur mau yaiku sayur sawi. Sawi ijo apadene sawi putih miturutku padha-padha duwe rasa kang enak. Masakan kang bisa kacampur karo sawi ing antarane: tumis sawi, oseng sawi, ca sawi, capcay, mi godhog, mi nyemek, nganti nasi goreng sawi rasane uga oira kalah enak. Menawa kadelok saka sisi kesehatan, ptanyata sawi kuwi duwe maneka mupangat kanggo badaning manungsa. Ing angtarane: sawi ngandhut akeh serat kanggo awak, sawi ngandhut akeh antioksidan, sawi bisa nyegah kolesterol kang kalangkung ana badaning manungsa, bisa kanggo srana detoksifikasi, nganti bisa ngobati psoriasis. Krungu andharan kaya mangkene, ayo kanca wiwit padha seneng marang sawi.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5087", "text": "Baptis kuwi salah sawijining upacara agama Kristen lan Katolik sing fungsine kanggo lambang ngeresiki dosa-dosa. Baptis iki uga dadi lambang matining awak karo Gusti Yesus lan bangkit sak uwise prosesi kuwi. Ana manika warna tata cara baptis ning gereka miturut saka aliran gerejane, yaiku bisa nganggo banyu sing dikepyurake marang jemaat karo Romo utawa imam karo ngucap kautamaan trinitas, yaiku nyebut asmane Bapa, Putra lan roh kudus. Ning gereja-gereja katolik uga ana baptisan anak amarga manut ayat sing njelasake yen anak-anak sing teka marang Gusti Yesus. Nanging ya ana gereja sing mbabtis wong sing wes dewasa lan wis ngelakoni pengakuan iman kaya Kristen Advent. Sak liyane nyipratake banyu, gereja-gereja iki uga ana sing baptis selam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9052", "text": "Tesla iku siji perusahaan otomotif ambek penyimpanan energi sing asale teko Amerika Serikat. Pendiri Tesla iku Martin Eberhard, March Tarpenning, JB Straubel, ambek Ian Wright. Perusahaan iki nduwe basis nang Palo Alto, California. Perusahaan iki didirikno Juli 2003. Perusahaan iki nduwe spesialisasi nang mobil listik, komponen mesin, ambek mroduksi perangkat pengisi ulang baterai. Sak liyane mobil listrik, produk otomotif teko Tesla iki sisan nduwe fitur autopilot. Fitur iki onok nang mobil dan nek dinyalakno, mobil iki isok mlaku dewe tanpa perlu disetir ambek menungso. Istilahe ngono uwong gak perlu maneh nyekel setir, garek nyalakno fitur autopilot dan mobil iku bakal mlaku dewe sesuai GPS sing wes diatur.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1765", "text": "Yen awak dhewe delok koncone dhewe lagi stress utowo lagi akeh kepikiran, awak dhewe rasane kepengen nulungi. Awak dhewe ora tego delok koncone dhewe kui ora semangat. Sebagaia koncone, awak dhewe rasane kepengen ono terus kanggo dheweke pas lagi seneng lan pas lagi sedih. Nanging, perkoro stress iki solusi sing dibutuhke koncone dhewe kui ora mesthi kudu dikancani. Sok-sok ngebenke dheweke iso ngerampungke masalahe dhewe kui dadi solusi sing paling pas. Dheweke butuh wektu dhewe kanggo noto pikirane. Pas dheweke lagi ngono kui, yen awak dhewe ono neng sampinge kui malah iso ganggu. Dhewekan kui penting kanggo ngurangi stresse. Yen dheweke diewangi terus karo wong liyo, dheweke ora iso nangani perkoro kui dhewekan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1709", "text": "Pas awak dhewe ngejalanke hubungan kui, awak dhewe ojo ngasi ngepeksoke opo sing awak dhewe pengenke neng pasangane dhewe. Dheweke kudu iling yen pasangane dhewe kui uga menungso sing duwe ati. Dheweke uga gelem dirungoke opo sing dheweke pinginke. Hubungan pasangan kui ora mung pekorone awak dhewe wae, nanging uga wong sing gelem dadi pasangane dhewe. Yen awak dhewe ora iso ngerungoke pasangane dhewe, cepet opo suwe pasangane dhewe bakal ninggalke awak dhewe. Lan awak dhewe getun ora ngerti opo sing dipengeni dheweke. Dheweke selak wis lunga seko uripe dhewe. Makani kui, sak durunge dheweke lungo, awak dhewe kudu ngubah tabiate dhewe sing sok mesko pasangan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "575", "text": "Tarian sing asale seko Jawa kui, ngagrak Yogyakarta lan ngagrak Surakata, kerep dienggap tarian sing lemes. Irangan musik seko tarian kui pancen alon banget dadi gerakane uga melu alon. Nanging mergo alon, kui tarian Jawa kui dadi angel. Neng tarian Jawa kui ono sing istilahe mendhak. mendhak kui ngerendake awak kanggo nekuk lutut. Posisi kui ora gampang dipertahanke. Kui podo angele koyo kuda-kuda ning karate utowo silat. Merga alon kui uga, gerakan tambahan secilik opo wae bakal ketok. Penarine uga kudu gateke sak ben gerakan awak, seko ujung sirah, pergelangan tangna, tekan sikil. Penari kudu gerak sealus lan sesempurna mungkin ben iso dadi tarian sing apik.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8107", "text": "Gak mek Kantor tok sing butuh ngerekrut karyawan, tapi kabeh uwong sing nduwe wirausaha iku yo butuh karyawan. Opo maneh nek wirausaha iku wes dadi bisnis sing gede, mesti ae bakal butuh karyawan sing luwe akeh maneh. Awak dewe sebagai wirausahawan iku pasti kepingine entok karyawan sing berkualitas dan isok majukno bisnis e awak dewe. Terus yaopo carane ngerekrut karyawan sing berkualitas? Aku nduwe cara. Siji, buka lowongan nang acara job fair. Loro, tawarno benefit ambek fasilitas sing menarik gawe calon karyawan. Telu, rekrut balik karyawan sing wes tau kerjo nang bisnismu iku mau nek de’e ngelamar maneh. Papat, bangun reputasi sebaik mungkin. Terakhir, ciptakno lingkungan kerjo sing apik terus harmonis.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8970", "text": "Jaman saiki, jenis e hp iku onok uakeh pol. Onok sing biasa, sampe onok sing isok dilipet. Contohe koyok Samsung Flip. Ket pertama kali metu, adekku iku wes naksir pol ambek desain hp ne. Soale bentukane isok dadi cilik pas dilipet dan gemes pol. Pas didelok regane, adekku langsung wurung tuku soale larang pol. Tapi berhubung de’e iku wes kepingin pol, de’e nyoba njaluk tukokno nang bapakku. Pas ditakon piro regane, dijawab 20 juta sing anyar. Bapakku langsung kuaget dan nolak gawe nukokno. Jarene kelarangen, dan wedine gak awet sisan soale hp model ngono iku pasti gampang rusak e. Akhire adekku kudu nahan rasa kepinginane iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9393", "text": "Mangsa pagebluk setahun kepungkur wingi ndadekake para Ibu-ibu nduweni kesenengan ngelumpukke kembang kang arane janda bolong. Janda bolong utawa monstera iki asale saka Amerika. Tanduran iki cocok yen urip ana ing daerah tropis kaya Indonesia. Ibu-ibu sing seneng nduweni tanduran janda bolong iki bakal gelem nuku senajan regane bisa larang banget. Salah siji kepuasan yen bisa nuku tanduran iki yaiku nalika isuk-isuk bisa ndelok tanduran iki ana ing ngarep omah. Ijo royo-royo nyegerke mata sapa wae sing ndelok. Cara ngeramut uga ora angel nanging kudu tetep bisa sregep kanggo ngramut tanduran iki supaya ora nganti godhonge dadi kuning lan akhire mati.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7888", "text": "Kadangan, awak dewe iku gak nduwe waktu gawe nonton film nang bioskop. Akhire sempete mek isok nonton lewat laptop. Tapi kadangan, ndelok film nang laptop iku kurang lego, rasane iku butuh layar sing luwe jembar koyok nang bioskop. Onok solusi gawe iku, yaiku nganggo proyektor mini. Nonton film nganggo proyektor iku rasane isok koyok nonton nang bioskop. Wes ngono, awak dewe isok ngatur suasanane dewe sesuai kenyamanan. Bahkan awak dewe isok nonton sambil turu sisan. Dadi rasane koyok nonton nang bioskop sing VIP ngono lah. Gawe awakmu sing gak nduwe waktu dan pingin ngerasakno suasana bioskop nang omah, nganggo proyektor mini ae.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9028", "text": "Gawe awakmu kabeh sing senengane travelling, pasti awakmu nduwe siji keluhan, yaiku klambi sing lungset. Tapi hal koyok ngono iku gak isok dihindari, soale klambi iku mau kan kesimpen nang koper suwe dan ketindikan barang sing liyane. Kate nggowo setrika, tapi panggone gak cukup soale kegeden. Nek wes ngono, wayahe awakmu beralih nang setrika portabel. Setrika sing siji iki nduwe fungsi sing podo koyok setrika biasa, cuma bentukane luwe cilik dan isok muat nang njero koper. Nek wes onok setrika portabel, awakmu gak usah kuatir maneh perkoro klambi lungset, soale wes onok setrika. Dadi gawe awakmu sing ngalami keluhan sing podo, ayo tuku setrika portabel.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2830", "text": "Biyen pas aku cilik isek SD iku senenge pol ambek sing jenenge dongen utowo sing saiki diarani cerito. Lah nang daerah gonanku iku cerito sing paling terkenal yaiku awitane lapo kok iso dijenenge kota suroboyo. Ceritone wong biyen iku jarene ono iwak sing jenenge iwak suro sing biasane ono nag kaline wong-wong daerah kono. Mari ngunu iwak iku tibake tambah suwe, tambah gede lah karo wong kono iwak iku didadekno koyok simbol rejeki soale iso garai wong kono oleh rejeki. Tapi maringono ono jenenge kewen sing koyok kadal tapi kedene iku podo ambek iwak suro maeng. Mari ngunu kewan iku maeng dijenenge boyo ambek wong kono. Lah sing garai di arani suroboyo maeng yaiku iwak suro maeng moro-moro dipanggan ambek boyo soale boyone maeng lesu. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2343", "text": "Nag esok-esok biasane ngombe dawet beras sing bahane iku teko gulo abang diwei santen ambek isine iku ager-ager sing bentuke bunder-bunder cilik terus ono campurane bubur beras, teko kono iku mangkane di arani bubur beras. Rasane dawet iki lumayan enak opo maneh nag esok-esok soale biasane dawete iku anget. Dawet iki biasane iso getuku nak pasar-pasar tradisional. Tapi mboh saiki isek ono opo ora, biyen cilikku taun 2000-an dawet iki uwakeh nag endi-endi terus regane yo murah. Tapi aku yo ora seneng karo dawet sing wes adem, terus ono rasane rodok kecut-kecute koyok ate mambu. Terus kadang ono sing dicampuri ambek nanas barang. Aku kadang mikir, iki dawet opo rujak yo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10157", "text": "Wilayah Indonesia ugi kondhang amargi lautipun ingkang endah inggih menika Maluku. Maluku gadhah Kepulauan Kei ingkang lautipun dereng kathah kejamah. Sanesipun pantai pasir pethak, Kepulauan Kei gadhah gua Hawang ingkang lokasinipun wonten Pulau Kei Kecil. Sampeyan saged mirsani stalaktit kalih nglangi wonten banyu ingkang jernih. Menawi sampeyan langkung remen mancing saged plesir menyang Kepulauan Widi. Tesih wonten Maluku, Kepulauan Widi gadhah tuna sirip kuning kaliyan tuna gigi anjing ingkang siap dipancing. Snorkeling lan diving ugi bakal nyenengake amargi banyu lautipun jernih. Swaranipun manuk Maleo ingkang boten wonten ing kutha ugi bakal sampeyan panggihi. Saking endahipun, Kepulauan Widi disandingkaken kaliyan Maldives.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7014", "text": "Akhir-akhir iki, coffee shop nang Indonesia bener-bener lagi menjamur banget saking akehe. Sayange, kedai teh iku sek jarang banget, padahal gak kabeh uwong iku isok ngombe kopi. Ndek Jawa Timur bahkan nang Suroboyo ae hampir gak tau nemu kedai teh. Setelah pencarian suwe, akhire nemu lah salah siji kedai teh. Jeneng panggone Bird Tea Gallery, nang jalan Papa Kuning daerah Lowokwaru, kota Malang. Kedai teh sing siji iki bener-bener otentik banget rek, bahkan mereka nyediakno sampe kurang lebih 40 jenis racikan teh sing bakal diseduh dengan cara sing khusus pisan. Awakmu isok milih racikan teh sesuai ambek seleramu. Jarang-jarang sih onok kedai teh sing koyok ngene, dan panggone pun sek sepi saking durung akeh wong sing eroh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "521", "text": "Skripsi kui bahas perkoro teks kuno Melayu. Aku kudu ngubah aksarane seko Jawi, aksara arab-melayu, neng aksara latin biasa. Teks kui judul Ilmu Firasat dan Raksi. Intini kui teks sing isine babagan ramalan lan bintang-bintang. Biasane, garap skripsi kui akeh jenuh lan kesele. Kangga nyegerke utek, aku nyetel lagu-lagu nganggo boso Melayu. Pancen dudu lagu Indonesia sih. Aku kerep ngerungoke lagu-lagune Datok Siti Nurhaliza. Lagu sing tak senengi kui Cindai lan Balqis. Swarane kui alus banget, marake ati sing ngerungke dadi ayem lan utek dadi ora mumet. Aku uga ngerungek lagu Melayu liyane, koyo Lancang Kuning. Ngerungoke lagu Melayu kui sitik okehe ngewangi aku gawe skripsi kui. Mergo lagu kui, aku dadi luwih ngerti logat lan tata bahasa basa Melayu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9704", "text": "Hayo kabeh masarakat Jogja lan sakiwa tengene nek wis padha tau ndelok Larung Sesaji Parangkusuma. Kegiatan sing kalebu tata cara adhat saka Hajad Dalem Tinggalan Jumenengan saking Kraton Ngayogjakarta. Larung Sesaji Parangkusuma wis dadi agenda tahunan sing ora bakal kelewat. Kegiatan sing dilakoni kawit tahun 1755 iki nduweni teges kanggo paring andum marang para makluk ing alam liya uga dadi sarana nyenyuwunan karahayon lan katentreman marang Gusti Pengeran. Ing tahun wingi, apem lan asil bhumi kang wis ditata ing gunungan dadi rebutan para masarakat kang nyumarakake larungan. Kajaba iku, wedhus lan uba rampe kraton uga ana sing dilabuh. Nyekseni langsung larungan iki seru banget lho!", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5112", "text": "Ning Kalimantan, ana rumah adat sing arane rumah panjang. Dijenengi rumah panjang amarga omah iki amba lan dawa banget. Omah iki bentuke omah panggung sing dhuwure 7 meter lan dawane bisa luwih saka 100 meter. Omah iki sifate komunal, yaiku bisa dipanggoni luwih saka sekeluarga gedhe. Omah iki uga bisa dadi panggon kumpul adat. Omah iki duwe anak tangga sing ganjil lan mbangun omah iki kudu akeh syarate kaya ngadepe omah iki kudu miturut arah sumunare srengenge. Bagian ngarepe melu arah srengenge metu lan bagian mburi miturut srengenge mudhun. Omah iki bisa dibangun gedhen amarga Kalimantan ora rawan gempa, dadi omah iki bisa tetep aman masio digawe saka kayu. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5546", "text": "Ngopeni mesin cuci kuwi pancen angel-angel gampang amarga kadhang akeh printilan mesin sing kudu diresiki lan kudu diganti setaun utawa rong taun pisan. Mesin cuci, utamane sing tabung tunggal, biyasane gampang rusak senajan luwih canggih. Kanggo njaga mesin cuci iki kaping pisan yaiku ora ndeleh mesin cuci ning panggonan lembab amarga marai mesin cepet karaten. Sak durunge nganggo, uga kudu ngerti kapasitas mesin cuci iki ben ora ngerusak beban mesin, banjur aja nyimpen klambi rusuh ning jero mesin cuci. Banjur yen wes rampung ngumbahi, tutup mesin cuci iki kudu dibuka ben hawa panas akibat saka mesin sing nggiling klambi iki cepet ilang. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9296", "text": "Mangan kepiting pancen rada angel. Kudu cepak kanggo krokot-krokot yen mangan salah siji seafood iki. Nalika mangan kepiting bisa nganggo cara iki supaya luwih ayem. Kaping pisan, ora perlu nyepakke sendok utawa garpu amarga mangan kepiting wis mesti nganggo tangan. Kaping pindho, aja nggawe klambi sing warnane putih. Mangan kepiting iku mesti alot yen njupuk daginge, wedine bumbune bisa muncrat lan kena klambi. Kaping telu, cangkang lan capite kepiting kudu ditarik. Nalika cangkang lan capite wis ketarik, daginge kepiting baru bisa dijupuk kanggo dipangan. Senajan mangan kepiting angel lan rada repot nanging bakal keganti karo penake mangan daging kepiting iki.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9049", "text": "Onok siji alat elektronik sing mbantu kegiatan masak-masakku, yaiku hand blender. Hand blender fungsine podo ambek blender biasa, cuma gak onok wadahe ngono ae. Awak dewe iku isok nganggo hand blender nganggo wadah sembarang kalir. Nek nganggo hand blender, awak dewe dadi isok nentukno hasil sing dipingini dan pirang suwene sisan. Terus hand blender iku nduwe ukuran sing luwe cilik dan ringkes, dadi luwe gampang disimpen nang ndi ae. Wes ngono, hand blender iki luwe gampang diresikno timbangane blender biasa, makane aku maleh beralih teko blender biasa nang hand blender. Dadi gawe awakmu sing males ngalusno panganan secara manual utowo males nganggo blender biasa, ayo beralih nganggo hand blender.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6655", "text": "Situasi tanggap bencana kuwi kudune diciptakake ning kelurahan sing ana ning jero kampung, utamane kampung nelayan sing wis cetha rawan bencana. Senajan cedhak laut, kampung nelayan iki kadhang lali ora nduweni panggonan kaya lapangan sing amba kanggo titik evakuasi yen ana bencana alam. Wong sing nggolek iwak ning laut uga kadhang ora bisa maca tandha alam kamangka bisa ngancem nyawa. Bencana alam ning daerah pantai kuwi risikone luwih gedhe amarga banyu laut kuwi nduweni sifat sing ngerusak lan uga angel diresiki. Kadhang pemerintah uga ora peduli yen warga nggawe omah ning cedhak pantai lan uga ora ana relokasi sing bener. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7389", "text": "Onok akeh banget macem-maceme puasa sunnah gawe umat Muslim, salah sijine yaiku puasa Arofah. Puasa Arofah iku poso sunnah sing dilakoni pas dino Arofah, yaiku barengan pas tanggal 9 Dzulhijjah. Poso sing siji iki bener-bener dianjurno gawe umat Muslim sing gak lagi haji, bahkan onok sing ngomong nek hukume poso iki iku sunnah muakkad. Maksute iku sunnah sing hampir diwajibno. Hal iku mergo poso Arofah iki isok ngapusno duso awak dewe sak tahun sing lalu ambek sak tahun sakwise. Nek dilakoni ben tahun, duso awak dewe bakal terus kehapus asal awak dewe gak bakal nyengojo ngelakoni maksiat. Dadi nek awakmu pingin dusone keapus, ojok lali poso Arofah rek.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9694", "text": "Rumah ibadah khususe kanggo wong minoritas ing Indonesia iku rada angel babagan izin pembangunane. Iki bisa dibuktikake liwat pirang-pirang daerah sing ora ngijini pembangunan gereja ing desane. Alesane macem-macem, ana sing mikir bakal imane kecampur, ganggu wong liya, lan sing paling nemen yaiku ana program kristenisasi ing desa iku. Padahal sejatine kabeh agama ing Indonesia duweni hak sing padha kanggo bangun papan kanggo ibadah ana ing ngendi wae kanthi syarat sing wis ditentukake karo pamrentah. Wong-wong ing Indonesia saiki perlu disadarake babagan toleransi karo umat beragama sing bedha karo dheweke supaya bisa saling ngurmati supaya panguripan ing kono dadi damai lan tentram. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1714", "text": "Awak dhewe uga kudu nyepake dana kanggo pendidikane anak-anake dhewe. Biaya pendidikan saiki larang seko TK tekan kulilah kui butuh duwit sing ora sitik. Opo meneh, yen awak dhewe kepengen sekolah sing paling apik, awak dhewe kudu duwe duwit sing luwih. Makane kui, nyepake dadi pendikan kanggo anak kui dadi penting. Ilmu pengetahuan kui terus-terusan berkembang. Opo sing awak dhewe pelajari pas SMA biyen, mungkin iso dipelajari anake dhewe pas SMP. Opo malah teori sing disik dianggep bener wis ora berlaku meneh neng jamane anake dhewe. Pendidikan uga sing ngejamin dheweke sukses pas wis gedhe. Makane kui, nyepake dana pendidikan kui penting.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9236", "text": "Tuku mangan sing disenengi saiki ora perlu repot. Adi bisa turu ning omah lan ujug-ujung pangananmu teka. Iki jenenge online order utawa tuku panganan lewat internet. Carane uga gampang. Kaping pisan, pilih meh mangan apa. Menu ana ing internet bakalan akeh banget. Adi milih sega goreng ning warung senengane. Sawise iku, Adi milih bayar nganggo apa. Pilihan bayare bisa bayar lewat bank utawa bayar menawa panganane teka ana ing omah. Adi milih bayar ana ing omah amarga bank sing diduweni ora ana isine. Rampung dibayar, Adi wis kari ngenteni ana ing omah sega gorenge bakal teka diterna karo petugase lan Adi wis siap mangan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4083", "text": "Sing diarani gaya aurip yaiku termasuk polahe urip sing gelek digawe wong iku maeng, mboh iku wong deso utowo kota. Nah gayae wong deso iku maeng ancene sejene megilan ambek wong kota mergone wong deso iku biasane yo wes sing penting iso urip. Teko pakeane ae yo wes ketok nag wong deso iku mesti opo onone ae, ora atek neko-neko. Terus omahe barang yo wes sing penting pantes ora kog gumedeh ambek ora karoan. Tapi yo ono ae wong sing gaya ambek sangare megilan mergo wong perantauan. Tapi akeh-akehe wong sing nang deso yo wes biasa ae ambek gayae yo wes koyok ngunuku mergo ancene uripe sederhana ambek opo onone.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2145", "text": "Tuku barang singa awak dhewe butuhke neng internet kui luwih penak timbangane tuku langsung neng tokone. Soale, awak dhewe ora usah dadak metu omah. Awak dhewe iso turu karo teturon nek ora karo resik-resik omah. Opo meneh pas pandemi disik, iki dadi metode paling pas kanggo tuku opo wae. Awak dhewe dadi ora usah ketemu karo wong-wong neng dalan lan awak dhewe uga ora perlu demok duwit sing awak dhewe mbuh asale seko endi. Iki carane gampang banget lan aman. Saiki awak dhewe butuh opo wae iso awak dhewe golek neng toko-toko daring, seko bahan panganan, klambi, perabotan, tekan montor.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5841", "text": "Aku bingung amarga lulus kuliah durung oleh penggaweyan. Saban dina, aku ngerasa yen uripku ora ana manfaate amarga ora ana kegiyatan sing penting. Banjur aku ngerasa yen aku butuh kerja, nanging golek penggawean saiki angel. Pas aku wis pasrah, aku diajk dodolan album Korea karo kancaku sing kerja ning kono. Aku mung bagian nyalurake lan dodolan ning Indonesia. Aku uga ngerasa yen aku uga oleh untung akeh amarga aku ora perlu panas-panasan, nanging ya mung butuh aktif ning internet ben dodolan iki tetep mlaku lan kudu update marang berita apa wae sing ana ning internet babagan hiburan Korea. Saka dodolan iki, aku uga oleh kanca akeh saka pelanggan sing ana ning tokoku. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "994", "text": "Yen tujuane nganggo motor utowo mobil listrik kui kanggo nyelametke lingkungan, secara prinsip wis bener, naning kanggo kahanan sing saiki durung pener. Nganggo kendaraan listrik kui pancen iso ngurangi pengeluaran gas karbon. Nanging awak dhewe uga kudu ngerti piye seko endi listrik sing digunake kui dihasilke. Yen listrik kui seko pembangkit listrik sing ramah lingkungan koyo tenogo srengege utowo angin, kui ora ono masalah. Sing dadi perkoro kui, yen pembakit listrik isi nganggo bahan bakar fosil, koyo batu bara. Mungkin kenderaan listrike ora ngetoke zat sing marake ozon tipis, nanging pembakit listrike kui tetep iso ngerusak lingkuangan. Dadi yen sumber listrike kui isih nganggo energi sing reged, awak dhewe durung iso gawe perubahan sing nyoto kanggo nyelametke lingkungan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4042", "text": "Sing jenenge konconan iku ancene enake pol. Nah sing jenenge konconan iku termasuk perkoro sing iso dadekno wong siji ambek wong liyo iku kenal sing akhire maleh dadi parek , Nah konconan iku maeng ancene enak mergo urip iku koyok kroso enak ngunun polahe ono sing genek gejak ngadepi urip bareng, yo ancene sing jenenge konconan iku kudu pinter mileh konco ben ora kedaden perkoro sing elek contohne koyok bijuki ambek kebijok utowo kecolong. Nah perkoro ngunuku saiki wes mulai akeh ambek gelek kedaden nang endi-endi merigo wong-wong iku ora ati-ati nag mileh konco akhire dadekno perkoro iku maeng. Nah mangkane nak konconan iku kudu ati-ati ben ora ono masalah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1240", "text": "Konco tau dodolan neng Internet disik, luwih tepate bojone koncoku sing tau dodolan. Bojone koncoku kui seneng banget masak. Dadine dheweke ngedol salah siji panganan sing dheweke iso Bojone koncoku pas kui ngedol ayam sambel matah. Dheweke ora ngedol neng aplikasi ojek daring pas kui. Dheweke mung nawake neng konco-koncone seko Whatsapp lan Instagram. Pas dheweke lagi jajal resepe kui, aku dikon nyicipi. Pas tak cicipi kui rasane pancen enak banget. Sesoke bojone koncoku masak meneh kanggo dodolan. Pas kui dheweke entuk pesesan tekan 30 porsi. Nanging eman banget, saiki dheweke wis ora dodolan meneh. Senadyan, panganane sing digawe kui enak banget.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7308", "text": "Sholat tahajud iku salah siji sholat sunnah mu’akkad. Sholat iki dilakoni pas bengi, terutama pas sepertiga malam mbarine tangi teko turu. Sholat iki dilakoni minimal rong rokaat ambek ditambah witir. Sholat sing siji iki ancen abot banget dilakoni, soale awak dewe kudu leren tangi pas tengah bengi gawe sholat. Tapi mergo abote iku, keutamaane sholat tahajud iki yo gede. Pas tengah bengi awakmu sholat tahajud, iku wayane Allah mudun nang bumi dan ngerungokno kabeh dungane menungso sak dunyo. Makane sholat tahajud iki dadi wektu sing dungone paling diijabah karo Allah SWT. Nek awakmu lagi pingin sesuatu banget, coba lakonono sholat tahajud.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5525", "text": "Kadhang tinemu mangkel yen weruh ana wong sing gawean karo kebutuhan teknologine ora imbang. Salah sijine yaiku guru sing kebutuhan kerjane mung ngetik uga presentasi, nganggone laptop malah sing kanggo desain lan latop kanggo game. Babagan iki sering banget marai gemes amarga isih akeh wong sing kerja ning bidang grafis nanging kapasitas laptop ora mumpuni uga ndadekake gawean cepet eror lan ora rampung-rampung. Kasus iki isih ditemoni amarga kurang kenal saka kapasitas laptop lan isih mentingake gengsi amarga miturut wong awam, laptop tambah larang kuwi ya tambah apik, nanging praktike ora ngono amarga ana rega uga ana kemampuan laptop sing dituku. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4014", "text": "Nyiapno dana sing dodok iku ancene ora karoan rasane, soale mesti bingung opo maneh nag danae iku maeng akehe pol sampek juta-jutaan. Padal nag diitung-itung dana dodok sing atusan ewu ae kadang yo angel soale ora kepikiran nag bakal ono perkoro sing koyok ngunuku. Yo kabeh kan karek wonge sing nyiapno maeng. Nag ancene deke iku duwe konco akeh, yo mesti gampang ae nyeiapno dana iku maeng. Tapi nag ora duwe, yo bakal ewoe megilan. Opo maneh nag dana sing dodok maeng kudu nang diolehno sak naliko ben kenek digawe, yo tambah ngelu dase. Yo nag ngunuku kan kabeh wong mesti bingung yo opo carane oleh nyiapno dana sing koyok ngunuku maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5149", "text": "Ana gaman tradisional Dayak sak liyane mandau yaiku sumpit. Sumpit iki bentuke dudu kaya sumpit sing dinggo mangan, nanging ya sumpit sing bentuke kaya pipa cilik nanging ning jerone ana jarum gede lan ditembakake nganggo cara disebul. Jarum ning sumpit iki uga bisa diwenehi racun ben sasaran kaya kewan buruan iki langsung mati. Nanging sumpit iki kudu saka jarak sing cedhek amarga jangkauane ora sepira adoh. Sumpit iki salah siji gaman sing wis angel digoleki amarga saiki akeh wong sing ora seneng mburu. Tur kepala suku Dayak saiki wis akeh sing ngelarang perburuan liar. Kamangka kuwi, saiki awake kudu niru piye polahe suku Dayak sing duwe kepengenan kanggo mburu, nanging ora egois lan milih ngelestarekake lingkungan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "412", "text": "Ustazah sing kerep dikenal nganggo sebutan Mamah Dedeh kui ustazah sing disenengi para ibu neng jamane. Dheweke duwe acara regular neng TV biyen. Jenenge Mamah dan Aa sing disiarke neng Indosiar. Uszah sing jeneng asline kui Dedeh Rosidah kui ora dhewekan neng kono. Dheweke dikancani karo Abdel Achrian sing dadi prantacara acara mau. Mamah Dedeh iki disenengi karo ibu-ibu sak Indonesia mungkin mergo dheweke uga ibu-ibu. Ceramah kui bahas babagan perkoro-perkoro sing dialami karo ibu-ibu sak ben dinane. Mamah Dedeh uga ustazah sing ora pelit guyon neng ceramahe. Pisan-pisan dheweke uga guyu. Guyune kui unik banget tekan gampang diiling karo jamaahe.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3173", "text": "Pas aku mlayu-mlayu ambek koncoku nang lapangan, moro-moro koncoku iku kebreset terus akhire sikile maeng loro. Nah jarene wong gerang iki mono kaget, tapi jarene wong kuto iku jenenge terkilir. Loro iku asline disebabno otote maeng breset utowo iso ae catu polahe gesekan sing dodok maeng. Nah loro nginiki iku iso-iso nag dibarno tambak aboh, nak ono catune mbok iku blenjet utowo liyane iso ae tambah dadi borok. Mangkane kudu nang ditangani mboh iku digowo nang dokter, utowo nang tukang pijet. Tapi akeh-akehe wong sing nginiki digowo nang tukang pijet ambek urut soale iso noto lorone, nag digowo nang dokter mesti diwei obat tok ora ditoto urate maeng.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8913", "text": "Piala Sudirman iku kejuaraan bulu tangkis internasional gawe beregu campuran. Nang kono, sing bakal ditandingno iku mulai teko tunggal lanang, tunggal wedok, ganda lanang, ganda wedok, karo ganda campuran. Kejuaraan iki diadakno rong tahun pisan. Jeneng Sudirman iki dijupuk teko tokoh perbulutangkisan asal Indonesia sing jenengen Dick Sudirman, salah siji pendiri PBSI dan nduwe julukan bapak bulu tangkis Indonesia. Nang pertandingan iki, pemain iku bertarung gawe mbelo jeneng negara dan bakal entok poin peringkat IBF. Kejuaraan iki pertama kali diadakno nang Indonesia pas tahun 1986 nang Istora Gelora Bung Karno, Jakarta. Piala Sudirman nduwe duwur 80 cm sing dirancang ambek Rusnadi teko Fakultas Seni Rupa ITB.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8128", "text": "Awakmu lagi nganggur mergo durung diterimo kerjo nang ndi ae? Kate mbuka usaha tapi gak nduwe modal? Pingin ngelakoni sesuatu sing isok ngasilno duit? Aku nduwe solusi, yaiku buka jasa ketik online. Jasa ketik online iku siji jasa sing gerak ndek bidang pengetikan, bah iku tugas kuliah, skripsi, laporan, artikel, utowo dokumen liyane. Mbuka jasa iki gak perlu atek keahlian khusus dan gak atek bondo akeh sisan. Pokok nduwe laptop terus isok ngetik cepet terus akurat, awakmu isok buka jasa ketik online. Wes ngono, awakmu isok ngelakoni nang ndi ae, termasuk omah dewe. Dadi gawe awakmu sing gak nduwe keahliah khusus dan butuh pendapatan, coba ae buka jasa ketik online.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5436", "text": "Kanggo wong sing melu panahan, alat kuwi dadi babagan sing paling penting lan kudu dirumat amarga ngaruh marang hasil ning kompetisi. Salah siji piranti sing paling penting yaiku busur. Kanggo wong awam, busur iki ora sepira penting, nanging kanggo para atlet busur iki butuh cara kanggo ngopeni sing khusus. Miturut media catkayu, busur panah iki kudu disimpen ning panggon sing garing nanging ora panas ben bisa awet amarga panggonan sing panas lan lembab bisa ngerusak serat kayu busur uga karet bisa dadi kendor. Busur iki ora oleh digantung vertikal amarga bisa marai taline rusak, yen arep nggantungke yaiku horizontal lan taline ora dirangkai. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7446", "text": "Lembing iki senjata tradisional sing bentuke koyok tombak. Senjata iki dinilai cukup efektif gawe mateni lawan ket jarak adoh. Semakin berkembang jaman, saiki lembing dadi melbu nang cabang olahrga atletik sing biasa disebut lempar lembing. Lempar lembing iki onok teknike dewe. Pertama, lurusno tanganmu terus condongno awakmu memburi. Ojok lali tetep fokusno pandangan nang area target. Nganggo o sikil ngarep dadi tumpuan, terus surung atek sikil sijine. Ubah titik gravitasi ambek berat badan mengarep sambil siap-siap gawe ngelempar lembing. Pada saat sing barengan, awakmu isok ngelempar lembing nang arah duwur ngarep. Lepas lembing sing mbok cekel pas posisi tangan onok nang ngarep sikil tumpuan. Uncal lembing sekuat tenaga, dan tetep jogo keseimbangan tubuh pas nguncalno.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6933", "text": "Nek dikongkon milih daging opo sing paling gak tak senengi, jawabane iku daging wedhus. Sembarang kalir masakan olahan wedhus aku gak onok sing arep. Timbangane daging sapi sing lembut, tekstur daging wedhus iku luwe kasar soale serat-serate luwe kandhel. Mergo iku pisan daging wedhus iku jauh luwe atos timbang daging sapi. Terus ambune daging wedhus iku luwe amis timbangane daging sapi, dadi lek kate dimasak kudu sing tepak cek gak ambu. Nek gak tepak sitik ae, ambu amise bakal tetep onok. Terus kandungan lemak jenuhe daging wedhus iku luwe duwur timbang daging sapi, dadi nek mangan akeh-akeh bakal ningkatno resiko kolestrol.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "515", "text": "Omah adat Indonesia kui akeh sing bentuke omah panggung. Keakehan omah adat neng pulau Sumatra, Kalimantan, lan uga Sulawesi kui akeh sing bentuke koyo ngono. Senadyan, kabeh daerah duwe jenenge dhewe-dhewe lan duwe ornamen omah sing unik naning bentuke tetep omah panggung. Omahe kui disonggo karo tiang-tiang dadine lantaine ora keno tanah. Fungsi omah kui digawe koyono kui ben omah kui ora keno serangan seko khewan liar, salah sijine. Ono uga kolong neng ngisor omahe kui dienggo kandang khewan ternak. Fungsi liyane uga iso nyimpen hasil panen. Yen neng daerah pesisir, omahe digawe duwur kanggo ngindari banjir pas lagi segorone pasang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "492", "text": "Jaman SMA aku kerep dolan neng omahe koncoku. Omahe kui cerak sekolah neng daerah Kotagede. Awak dhewe kerep garap tugas bareng utowo ngobrol neng omahe. Sing paling tak senengi kui pas dolan neng kono kui, pas neng musala cerak omahe dheweke. Musalane kui cilik nanging tetep duwe serambi neng jobone. Nuansane musala kui werno ijo seko cat tembok uga tegel sing dienggo. Mergo mung musala, panggon ibadah kui ora dhuwe mimbar. Neng jerone ono 2 kipas angin sing gantung neng duwur. Kui koyo musala biasa sing ono neng kampung-kampung naging embuh kenopo rasane ku nyaman banget, sendayan ora nganggo AC neng jero kui tetep keroso adem. Makane kui, aku lan konco kerep teturon bar salat neng kono.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3134", "text": "Raket sing digawe main badminton utowo bulu tangkis iku macem-macem mereke. Sing paling umum nang daerah nggonanku yoiku merek yonex. Yonex termasuk salah sijine raket sing apik, polahe gelek digawe pemain papan atas sampek juara barang. Kualitas sing diwehno nang pemain iku ancene ora main-main pokoke apike megilan nag dibandingno ambek sing liyane. Mergani yonex iku maeng wes akeh sing gawe, dadi yo akeh sing podo bajak utowo malsokno. Terus nag jarene bocah-bocah yonex sing biasa utowo sing abal-abal iku biasane yo regani morah ora sampek satus ewu ae wes oleh. Terus nag sing asli iku rgane mesti atusan sampe jutaan barang yo ono.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5822", "text": "Tupperware yaiku salah sawijining merek sing wis kondhang karo produk alat rumah tangga. Tupperware iki ngenalake produk piranti saka plastik sing ramah lingkungan lan wis dikenalake wiwit taun 1946. Usaha iki wis nduwe tim dagang sing akeh, yaiku kira-kira 1.9 juta wong nganggo sistem MLM utawa multi level marketing. Tupperware iki pertama digawe karo Earl Tupper ing taun 1946. Tupperware iki wis diproduksi wiwit jaman perang lan dadi salah siji produk sing dikenal karo para ibu ning Amerika. Tupperware jaman saiki didol liwat online lan bisa luwih praktis. Tupperware iki uga dadi alternatif usaha kanggo ibu rumah tangga sing isih pengen berkembang nanging terbatas mung ana ning omah.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5559", "text": "Njaga lingkungan kuwi penting banget dimulai saka hobi, salah sijine yaiku fotografi. Sampah fotografi saka film sing dicetak kuwi akeh banget. Babagan iki bisa diatasi kanggo kamera digital, nanging kamera digital iki boros energi amarga gampang banget ngentekake listrik ning omah yen wayah ngecas. Apa maneh yen kapasitas baterene gedhe. Kamangka, papershoot wis nawarake solusine yaiku kamera sing digawe saka bahan daur ulang duwe teknologi sing canggih. Papershoot iki uga nawarke energi lan kapasitas memori sing akeh ben luwih hemat. Amarga kuwi, ayo saiki padha nyoba nggawe papershoot lan langsung pesen ning toko online lan ndelok hasil fotone ning sosial media. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6612", "text": "Sinarmas yaiku bank sing ana ning Indonesia lan kesohor amarga layanan dana darurat lan uga asuransi sing mumpuni kanggo para nasabahe. Bank iki nduwe produk digital, yaiku Simobi plus sing khusus kanggo ngolah dana pribadi lan uga dana darurat. Senajan aplikasi iki mirip banget karo aplikasi perbankan liyane, Simobi iki khusus nyediakake dana tabungan lan dana darurat sing gampang dijupuk karo para nasabah. Aplikasi iki mung perlu email lan data bukti nasabah kaya KTP lan uga rekening. Aplikasi iki bisa dinggo ning android utawa iOS kamangka aplikasi iki duwe tampilan lan fungsi sing maksimal kanggo ndukung proses nabunge para nasabah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9766", "text": "Gong yaiku jeneng piranti lagu tradisional sing ana ing Daerah Kalimantan Barat sing digunakake ing kagiyatan sabendinane ing kesenian utawa digawe pas wayah upacara adat. Gong yaiku salah sawijining piranti gamelan jawa ingkang nduweni wujud bundher gedhe ingkang digawe saking perunggu lan kalebu ing gamelan berpacu. Cara migunakake yaiku dipenthung. Gong didelehake kanthi nggantung amarga wujude ingkang gedhe. Gong kang ditabuh ngagem kayu kang ujunge dibuntel karet utawa katun. Langkah kapisan sing dilakokake yaiku kudu nyekel penthung ing ngarepe gong. Sing kaping loro, penthungen kanthi banter ing bagiyan tengahe gong. Yen gong ditabuh, suarane bakal nggetarake gong lan bisa nggetarake barang sing ana cidheke.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7087", "text": "Nonton film gak kudu budhal nang bioskop, tapi bukan ngolehno nonton nang web ilegal yo. Jaman saiki, wes akeh banget platform gawe nonton film utowo drama secara legal. Salah sijine sing paling terkenal iku Netflix. Dan nek awakmu kate nonton film nang kono, awakmu kudu berlangganan disik. Cara berlangganan Netflix iku gampang. Lewat laptop, buka web netflix.com/signup. Mbari ngono pilih paket berlangganan sing paling cocok gawe awakmu. Terus gaweo akun nganggo email pribadi ambek nggawe password. Nek wes, garek pilih metode pembayaran dan bayar biaya langganan sebelum tenggang waktune. Beres kabeh, saiki awakmu isok nikmati sak maceme film ambek drama sing onok nang platform iku sampe sak wulan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6343", "text": "Aplikasi kencan iki ora sepira efektif miturut para peneliti. Para pengguna aplikasi kencan iki kadhang malah oleh kanca sing apikan amarga duwe minat sing padha. Salah siji aplikasi kencan iki yaiku Bado. Bado iki mulai diproduksi wiwit taun 2012 lan uga wis nduwe pengguna sing rame. Bado iki melu ngubungake wong sing duwe minat padha ben bisa kolaborasi lan ngomongke babagan sing padha. Senajan Bado iki aplikasi kencan, akeh banget wong sing oleh gawean lan kanca. Wis ana 470 yuta wong sing nganggo Bado. Bado iki aman banget amarga ana proses verifikasi identitas kamangka ora bisa dadi data sing palsu. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5551", "text": "Gugun seneng banget amarga ketrima ning Institut Seni sing ana ning Jogja. Gugun njupuk jurusan fotografi amarga wiwit cilik, Gugun wis seneng banget ndelok pameran foto sing ana ning pusat perbelanjaan ning kuthane yaiku Jakarta. Pas mlebu, jebul Gugun ora mung sinau babagan cara foto, nanging uga sinau babagan kamera lan teknik ngatur cahaya sing ana ning jero kamera kuwi. Gugun kamerane uga ora sepira canggih, nanging amarga kuliah iki, dekne bisa manfaatke cahaya lan golek objek sing ana ning sekitare. Amarga kamera lan fotografi, Gugun uga oleh rejeki kaya ngewangi foto wisuda, foto wong nikah, lan akeh proyek dosen. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3539", "text": "Nag ancene dadi pengusaha iku maeng ora pengen bangkrut iku ora kenek dadekno produk sing diproduksi utowo dodolan sing didol iku pancet ae ora ono variasine. Nah nag pas rugi ben ora bangkrut yo podo wae, kudu gelem ambek wani golek trobosan utowo goleh variasi coro kerjo sing iso ngoptimalno modal sing diduweni maeng. Contone karyawan sing jumlahe akeh maeng didadekno gantian mlebune. terus gawe produk utowo nawakno dodolane maeng ambek rego sing sekirane garai wong gelem tuku. Tapi ojo sampek marakno bangkrut. Terus kudu ngerti itung-itungane maeng. Nag sampek ora ngerti yo bakal blahi, terus mesti akeh ajure sing akhire dadekno bangkrut.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6693", "text": "Kapal Feri kuwi yaiku jenis transportasi kanggo perjalanan laut sing singkat lan ana rute sing tetep kaya pelabuhan penyeberangan lan uga kapal wisata. Kapal iki cilik nanging perane gedhe kanggo perekonomian masyarakat kepulauan lan uga pengiriman barang, penumpang reguler, lan uga nyeberangke kendaraan darat. Kapal Feri sing paling terkenal yaiku lintas selat Jawa-Sumatera lan uga Jawa-Bali. Pelabuhan ning selat iki rame amarga kapal feri. Kapal Feri iki akeh jenise miturut jarak perjalanan, kapasitas kapal, lan kecepetan sing dibutuhake. Kapal Feri iki bisa budhal yen kondisi laut iki apik lan ora ana badai. Kaya kendaraan liyane, Kapal Feri iki ana kelas ekonomi lan VIP. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6979", "text": "Males masak daging soale kudu direbus sampe suwe baru isok empuk? Solusine nganggo panci presto. Panci sing siji iki nduwe fungsi masak panganan sing jauh luwe cepet dibandingno nganggo alat liyane. Masak nganggo panci presto isok ngehemat waktu sampe 50% dewe lho rek. Wes ngono, panci iki luwe ngehemat bahan bakar gas pisan soale waktu masake sing cepet dadi sembarange isok luwe efisien. Sing paling penting, masak nganggo panci presto isok marai gizi panganan tetep utuh soale gak bakal terkontaminasi udara utowo sinar teko njobo. Terus masak nganggo panci presto isok njogo pawon dadi tetep resik soale proses masake yon ang njero panci iku tok, gak atek onok uap dan liyan liyane. Dadi mulai saiki, sedia panci presto gawe urip sing luwe efisien.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "888", "text": "Yen podo bingung arep ngelakoke olahraga opo, tak saranke melu bela diri. Bela dirine kui iso opo wae, nanging tak saranke bela diri sing sifate alus koyo bangau putih, aikido, opo judo. Aku dhewe pas cilik tau latian silat bangau putih. Silat jenis kui ora nganggo tenaga dhewe kanggo ngalahke mungsuh. Neng kono diajarke, nibake musuh kanggo bobote mungsuh. Menurutku, silat iki malah ngabutke neng carane awak dhewe tibo supoyo iso meminimalke cidro sing bakal keroso. Bar melu kui, aku ngeroso awak ku dadi luwih lentur. Uga pas aku ora sengojo tibo, seko pit misale, aku ngiso gawe sirahku ora tibo disikan, lan ora akeh anggota awak sing loro mergo tibo mau.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "976", "text": "Robot kui masa depane awak dhewe. Gelem ora gelem, awak dhewe bakal neng titik neng endi robot kui jupuk gaweane menungso. Ben neng masa depan, uripe anake dhewe ora susah. Awak dhewe kudu gawe anak sinau babagan robotik. Supoyo anake dhewe kui ora dadi wong sing kelangan gawean mergone dheweke kui sing gawe robot. Awak dhewe iso ngenalkene seko crito-crito babagan robot. Awak dhewe andani yen gawe robot kui gawean sing bakal manfaat kanggo wong akeh. Awak dhewe uga kudu ngandani yen gawe robot kui gawean sing asik. Dheweke iso gawe eksperimen neng labe dheweke sesok. Dheweke iso gawe opo wae sing ono neng imajinasine.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2474", "text": "Aktivitas nag waktu luang ancene macem-macem, ono sing ngarane iku preian, nyantai, mabek liyan-liyane. Nag jarene koncoku aktivitas waktu luang iku podo karo hiburane awak dewek kabeh sing wes nagdepi waktu sing paling angel gawe istirahat. Tapi ono wae sing ngarane waktu luang iku jenenge waktu sing iso gawe lapo-lapo ambek konco, dolan, utowo ngelakoni penggawean sing iso nyenengno awak. Pikirane uwong iku bedo nag masalah ngentekno waktu luange, soale kebutuhane uwong iku yo bedo-bedo, Opo maneh saiki sing kudu ngerasakno sing jenenge waktu luang iku yo ono bocah enom barang. mangkane sing arane aktivitas nag waktu luang iku bedo-bdeo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7445", "text": "Sumpit utowo sumpitan iku senjata tradisional sing akeh digawe wong nang suku Dayak, Kalimantan. Sumpit iki terbuat teko wit kayu sing keras. Sumpit iku yo nduwe peluru sumpit sing jenenge damak. Damak iki terbuat teko bambu utowo nibung sing wes tuwo. Cara kerjane sumpit iki yaiku disebul. Senjata tradisional sing siji iki dinilai cocok digawe penyerangan jarak adoh. Buktine, sumpit iki dadi senjata sing sering digawe pas ngelawan musuh. Dinilai efektif soale sumpit isok digawe nembak musuh ket jarak 200 meter dan tepat sasaran. Selain digawe nembak musuh, sumpit iki efektif gawe berburu sisan. Mulai teko berburu rusa, celeng, burung, utowo kewan liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9776", "text": "Sapa sing ora ngerti Jaipongan? tarian sing asale saka Bandung, Jawa Barat iki wis misuwur banget ana ing Indonesia. Tarian iki digawe karo Gugum Gumbira lan Haji Suanda. Gerakan sing ana ing tarian iki yaiku gabungan saka pirang-pirang kesenin kayata Wayang Golek, Pencak Silat, lan Ketuk Tilu. Tari Jaipong mung nduweni 4 gerakan sing enerjik nanging tetep sederhana. Nomer siji bukaan, gerakan iki digawe nalika pentas Jaipong wis diwiwiti. Ing kene penari muter karo nggawe dulinan selendang sing digawe. Nomer loro, pencungan. Gerakan iki karo tempo sing cepet lan bisa nggawe wong sing ndelok melu nikmati tarian iki. Nomer telu, ngala utawa gerakan sing pedhot-pedhot. Sing terakhir yaiku mencit utawa gerakan transisi teka gerakan siji ning gerakan liyane. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3221", "text": "Saiki perkembangane laptop iku ora kalah ambek teknologi sing anyar-anyar. Wingi pas aku dolan nang salah sijine pusat elektroni sing ono nang kota Gudeg, tibake laptop iku wes ora karuan teknologine. Contone teknologi sing ono nang laptop yoiku sing kenek dicopot layare, terus layare kenek dijemok kanggo gantine mouse. Mari ngunu saiki petekan hurpe sing gawe ngetik yo wes ono lampuni dadi nag peteng mesti isek ketok. Terus laptop saiki iku yo wes ora gawe hardisk maneh tapi gawe SSD terus batune yo mancep ora kenek dibongkar pasang. Yo asline kemajuanteknologi laptop saiki ancene megialan, tapi ambek kemajuan sing koyok ngunu barange yo durung karoan nag awet.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8946", "text": "Kabeh uwong iku pasti wes familiar pol ambek olahraga sit-up. Mesti nek onok uwong sing pingin nyilikno weteng, podo dikon gawe ngelakoni sit-up. Tapi ancene, sit-up nek dilakoni dengan tepak isok nyilikno weteng ben ketok ramping. Cara ngelakoni sit-up sing tepak iku koyok ngene. Siji, ngleset nang duwur matras. Loro, tekuk kedua lutut sampe telapak sikil napak matras loro-lorone. Nek angel, kongkon wong liyo gawe nahan sikilmu mau. Telu, silangno tangan nang ngarep dada. Papat, kuatno bagian inti awak sambil ambekan sing jero, terus nganggo otot weteng gawe ngangkat geger teko matras sampe mengarep. Limo, alon-alon duno maneh posisi geger koyok semula. Terakhir, ulangi gerakan mau sampe diroso cukup.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5161", "text": "Ibuku biyen pas SMP melu salah siji sanggar musik ning kuthane. Sanggar musik iki duwe kursus sing dikhususake kanggo penabuh kolintang amarga kolintang iki kondhang ning tahun 1980 kanthi 1990-an. Jare ibuku, kabeh murid ning sekolahe kudu bisa main alat musik kolintang. Alat musik saka Minahasa iki gampang ditabuh lan ora angel kaya piano. Bahane saka kayu lan bentuke kaya alat musik xylophone. Kayu sing digawe saka kayu telur, wenuang, lan cempaka ben suwarane banter amarga serat paralel. Jare jaman biyen ana ulang taun kabupaten, banjur ngadakake tabuh kolintang massal. Nanging saiki jumlah pemain kolintang iki wis berkurang lan akeh sing milih sinau alat musik modern. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "123", "text": "Pesanggrahan Rejowinagun kui salah siji destinasi wisata budaya sing lagi kerep dikunjungi. Dijupuk dadi jenengi, situs budaya kerajaan Yogyakarta iki ono neng Rejowinangun, nanging uga ono sing ngarani Pesanggrahan Warungboto. Situs iki mirip koyo Taman Sari neng jeron beteng. Mergo disik 2 bangunan kui duwe fungsi sing podo yaiku dadi tempat leren raja lan kaluargane utowo panggon kanggo kaluargo kerajaan menghibur ati. Situs sing ono ning Rejowinagun kui dicat nggo werno coklat sak wise direvitalisasi. Neng tengah-tengah pasenggrahan kui ono 2 kolom sing bentuk bunder. Loro sendang kui nyambung siji karo liyone. Panggon iki kerep dienggo foto sadureng nikahan utowo foto-foto biasa.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8688", "text": "Wong kota iku biasane sering banget ngelakoni penyuluhan nang desa utowo panggon pelosok. Tujuane iku gawe berbagi ilmu ben engkok isok diterapno ambek warga desa iku mau. Metode gawe ngelakoni penyuluhan iku ancen onok akeh. Tapi onok sing luwe penting ben penyuluhan iku isok diterimo ambek warga desa, yaiku nganggo boso daerah sing dinggo nang kono. Misal nek nang desa kono nganggo boso Jowo, yo awakmu ngekeki penyuluhan iku mau nganggo boso Jowo. Hindari gawe nganggo boso Indonesia, biasane bakal akeh gak diterimone. Iyo bener wong-wong desa podo teko, tapi gak bakal melbu kuping tengen metu kuping kiwo. Gawe awakmu sing kate ngekeki penyuluhan, praktekno cara iki, tak jamin berhasil.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4779", "text": "Yoga kuwi salah sawijining olah raga sing bisa ngilangake stres. Olah raga iki ora mbutuhake tenaga sing gede, nanging manfaate bisa macem-macem. Ning Youtube wis ana cara-carane ngelakoni yoga, nanging wong sing ora ngerti, bakal ngomong yen Yoga kuwi ora ana tantangane. Yen didelok saka gerakan lan tingkat kompetitir, yoga iki kurang menantang kanggo wong kang seneng olah raga sing bisa nambah adrenalin. Saya tambahing umur, yoga iki manfaate gedhe amarga bisa njaga kelenturane tulang lan bisa ngelancarake peredaran darah, apa maneh kanggo wong sing penggaweyane ning kantor lan akeh lungguh. Amarga kuwi, saban tangi turu, saiki jajalen gerakan yoga sing sederhana lan rasakake manfaat kang gedhe. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5108", "text": "Acara adat sing saiki jarang ana ning kampung-kampung yaiku Nini Thowok. Nini Thowok kuwi salah siji upacara adat sing njaluk berkat marang Gusti lan ngucap sukur rampung panen. Upacara iki uga nyimbolake kesuburan amarga bisa dipentaske rampung resepsi manten. Nini Thowok iki sajane ya mung dolanan, bentuke kaya boneka sing gedhe lan didungani ben bisa joget kaya penari. Nanging akeh sing nganggep Nini Thowok iki medeni amarga ora ana sing weruh babagan sukma sing mlebu iki sukma penari sing apik utawa sukma sing ora apik. Kamangka kuwi, aja dolanan Nini Thowok sembarangan lan kudu dikancani wong sing ahli utawa sing ngerti cara dolanan Nini Thowok sing bener.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10110", "text": "Supados saged damel daharan ingkang eca, kita kedah gadhah resep kaliyan teknik masak ingkang sae. Kangge madosi resep lan teknik masak ingkang sae, kita saged mirsani acara masak wonten televisi utawi Youtube. Wonten acara masak menika wonten tiyang ingkang meragakaken cara masak daharan lan unjukan katemtu marang penonton. Tiyang ingkang padamelanipun kados mekaten disebat food presenter. Biasanipun food presenter menika chef utawi koki ingkang sampun profesional. Padamelanipun food presenter mirip kaliyan celebrity chef ingkang masak wonten televisi. Tugasipun sami masak wonten ngajengipun penonton. Menawi sampeyan langkung seneng nulis ketimbang nonton, padamelan food writer saged dipuncobi.Topik ingkang ditulis inggih punika bab resep masakan utawi budaya ingkang wonten kaitanipun kaliyan daharan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5148", "text": "Olah raga jemparingan utawa panah tradisional iki ngandelake panahan sing tradisional nanging ya bisa manah adoh lan jitu. Panah sing dinggo iki luwih enteng amarga dinggone pas lagi lungguh ben awak seimbang. Jemparingan iki ana wiwit Sri Sultan Hamengkubuwana I lan tetep anak kanthi saiki. NIng keraton uga mesti ana gladhen jemparingan lan uga ana lomba jemparingan kanggo kabeh umur lan kategori. Jemparingan iki uga salah siji tradisi sing dipertahanke amarga nyimbolake raja sing biyen seneng mburu kidang ning alas. Kamangka, awak dhewe kudu tetep ngelestarekake Jemparingan iki amarga bisa dadi salah siji cara njaga batin lan tradisi saka leluhur. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5453", "text": "Pertandingan sing paling rame ning Indonesia kuwi salah sijine yaiku bulu tangkis. Pertandingan bulu tangkis iki akeh maceme. Salah sijine yaiku Indonesia Open utawa Indonesia terbuka. Indonesia Open iki dadi salah siji kompetisi manca negara sing diadakake ning Indonesia lan kalebu salah siji pertandingan bintang 6. Amarga sponsor, jeneng Indonesia Open iki diganti dadi Indonesia Super Series kanthi taun 2017. Ing taun 2018 jeneng kompetisi iki diganti dadi Tur Dunia (World Tour) Indonesia Super 1000 amarga disesuaikake karo kompetisi Tur Dunia BWF. Wis ana 10 kutha sing dadi tuan rumah pertandingan iki. Indonesia wis oleh medali 85 wiwit diadakake pertandingan taunan iki, yaiku taun 1982.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5459", "text": "Olahraga sing wis ana wiwit jaman biyen yaiku balapan jaran utawa pacuan kuda. Olahraga iki dijupuk saka strategi perang amarga ngelatih ketangkasan. Sak liyane ngelatih fisik, atlet uga kudu bisa njinakake jaran lan kudu bisa ngelatih keseimbangan. Atlet pacuan kuda iki rata-rata latihane disiplin amarga kudu bisa ngelatih fokus lan kudu duwe target sing pasti kanggo pertandingan. Mbutuhake wektu suwe ben atlet bisa njinakake jaran amarga jaran iki kewan sing bisa ngerasakake keadaan atlet kaya jaran ora bakal manut yen atlete uga ora luwes. Kamangka angel lan unike kuwi, ayo galakke maneh pacuan kuda sing ana ning Indonesia ben tambah akeh potensi olahraga sing bisa kegali. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2104", "text": "Ora ono salahe, anake dhewe diajari dodolan seko cilik. Bakal dadi pengusaha opo ora, kemampuan ngedol kui uga penting kanggo uripe dheweke. Akeh sing iso dheweke sinauni yen dheweke kui ngedol sesuatu. Awak dhewe kudu ngelakoke beberapa hal supoyo iso ngajari anak dodolan kanthi sae. Sing kesiji, awak dhewe kudu diskusi karo anake dhewe arep ngedol opo. Luwih apik yen barang sing didol kui, barang sing kepengen didol karo anake dhewe. Sing keloro, awak dhewe kudu pastike yen barang sing didol kui gampang digawe lan gampang dientoke. Sing ketelu, awak dhewe kudu golek panggon sing paling cocok kanggo dodolan. Sing papat, awak dhewe kudu ngelibatke anake dhewe seko kabeh proses dodolan, termasuk ngerancane pengeluaran lan perkoro liyane sing ono hubungane karo duwit.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "531", "text": "Kanggo ngenalke aku lan adiku crita rakyat, ibuku nukoke awak dhewe buku legenda Gunung Tangkuban Perahu. Nanging pas aku moco-moco meneh crito kui saiki, aku ngeroso kui dudu crito sing pas kanggo anak-anak. Critane kui wis aneh seko Dayang Sumbi lahir. Dheweke lahir seko babi seng dimethengi karo raja sing sakti. Neng critone kui, rajane kui ora metengi langsung, nanging babine kui meteng seko ngombe uyuhe raja kui. Nanging tetep wae kui, ora masuk akal. Uga crito lahir sangkuriang uga ora masuk. Dheweke lahir seko Dayang Sumbi sing nikah karu asu peliharaane. Iyo neng crito kui, asu kui jelmaan dewa sing diguak. Naning tetep wae, kui rasane kurang pas kanggo dongeng bocah cilik.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3261", "text": "Tahun wingi pas isek rame corona, akeh pabrik AC sing ngembangno ac sing duwe anti-virus ambek anti-bakteri. Ac iku asline podo ae ambek umume AC. Tapi ben tambah laris pabrik-pabrik AC manfaatno kondisi ambek ngembangno teknologi anyar sing diseleh nang produke. Tapi ora suwe pengembangan iku yo dilebokno nang AC-ne montor-montor sing wes kelas mewah. Nah AC iku maeng ono tambahan teknologi sing dilebokno kanggo beningno udara ambek ono penyaringan anti-bakterine nang AC iku maeng. Dadi wong sing tuku AC nag masa penyakit wingi maleh anteng soale wes rumongso nag AC ne wes iso ngeresiki virus sing kedaden nang endi-endi negoro nag dunyo iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9707", "text": "Larung sesaji ing Telaga Ngebel iki wis dadi kegiatan rutin saben taun masarakat Ponorogo. Tujuan upacara iki yaiku tandha syukur marang Gusti amarga wis ngewenehi berkat sing akeh. Proses upacara adat iki uga akeh. Kaping siji, ana arak-arakan sesaji arupa tumpeng raksasa sing diarak saka kantor Kecamatan Ngebel nuju Telaga Nebel. Kaping loro, ana tari gambyong sing ditampilna ing pendapa Telaga Ngebel. Kaping telu, ana Pak Camat utawa sesepuh sing sambutan lan ngewenehi donga supaya upacara iki lancar. Sawise diwenehi donga, sesaji iki digawa muteri Telaga Ngebel karo montor. Sing terakhir, sesaji digawa nganggo rakit nuju tengah Telaga Ngebel kanggo dilarung utawa dikeremake.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7710", "text": "Mergo kerjaan sing numpuk, aku dadi gak nduwe wektu gawe olahraga nang Gym utowo ngelakoni jenis olahraga sing ruwet. Tapi ndek sisi liyo, aku yo butuh banget gawe obah cek awakku gak kaku mergo kesuwen longgo nang kursi kantor ae. Akhire karo rekan kerjoku dikon ngelakoni wall-sit. Jarene mergo carane gampang tapi efeke lumayan. Tak coba deh nang omah. Aku ndelok disik carane teko internet. Pas tak prakterkno, awale ancen rosone biasa ae. Tapi nang weteng karo pupu iku langsung keroso kenceng. Mergo iku, aku awale gak kuat suwe-suwe. Tapi berhubung carane iku gampang, tak peksokno gawe ngelakoni terus. Suwe-suwe akhire kulino dan saiki wall-sit iku dadi rutinitasku ben moleh kerjo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "48", "text": "Jamu kui wis dikenal akeh manfaate. Ombenan tradisional Indonesia iki akeh jenise. Sak ben jenise duwe manfaate dhewe-dhewe. Salah siji jenis jamu sing disenengi kui beras kencur. Beras kencur manfaate werno-werno. Jamu beras kencur iso dadi pelambat pertumbah sel kanker, koyo sel kanker lambung, kanker usus, lan kanker mulut. Beras kencor ugo duwe kandungan flavonoid. Zat kui fungsi sebagai antioksidan sing iso ngewangi awak ngelawan radikal bebas. Jamu beras kencur ugo biso ngebantu perawatan penyakit diabetes. Seko percobaan neng kewan, kencur iso nyegah lan ngobati diabetis tipe 2. Kencur kui iso midunke kadar gulo neng getih lan iso ngurangi resistensi insulin neng jero awak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5091", "text": "Senajan wis suwe ning Jogja, aku ora ngerti yen Gereja Sayyidan ning wilayah Gondomanan Jogja kuwi dudu bangunan sing nduwe fungsi kanggo gereja. Nanging pancen omah lan arsitekture bentuke kaya gereja amarga ana patunge. Jebul sing duwe iki ya wong sing duwe museum Ullen Sentalu ning Kaliurang, yaiku Esther Widyo Wanandyo lan R, Petrus Haryono, salah siji pengrajin batik ning Jogja sing isih ana hubungan karo keluwarga keraton. Aku melu ndelok Gereja Sayyidan kuwi pas wayah maghrib lan kerasa banget yen bangunan iki rada medeni amarga lingkungane ya kuno uga sepi lan ngewenehi kesan sing singup. Nanging omah iki tertutup lan ora oleh sembarang wong bisa mlebu. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3206", "text": "Aku gelek dolanan game nang laptopku nah game sing paling tak senenge yoiku salah sijine game balapan sing jenenge Aspalt. Game iki ancene apike megilan soale gambare apik. Nah ben maen game iki tambah seru ambek enak iku kudune diakakno sone soale suarane efek teko balapan iso kerungu, mari ngunu nag iso laptope diwei pendingen ben ora panas soale nag panas iso dadekno maleh endat-endat ambek katang mandek soale laptope kepanansan. Terus ojo lali gawe koco moto anti radiasi soale nag ora gawe sing jenenge doalanan mesti lali jam terus moro-moro motone loro. Nah iku maeng termasuk carane ben nag dolanan game iki tetep aman terkendali.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8678", "text": "Biasane, arek cilik iku males nek lagi wayahe praktek nandur taneman. Alesane iku mergo wedi ambek jijik nek kenek lemah. Nek wes ngono, wayahe awakmu ngenalno nanem nganggo media hidrogel. Media hidrogel iku media sing isok nyerep dan nyimpen banyu ratusan kali abote. Hidrogel iku mau berfungsi gawe nyerep banyu ambek nutrisi gawe taneman dan ngelepasno secara perlahan sesuai kebutuhan taneman iku. Bal hidrogel iku werno werni, dadi pasti bakal akeh arek sing tertarik gawe nandur nganggo media iki. Wes ngono, media e iku resik dan gak angel gawe diresikno sisan. Dadi gawe awakmu sing bingung cara ngenalno media tanam nang arek cilik, kenalno ae media hidrogel.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "528", "text": "Lagu dangdut Pantura kui mendadak meledak beberapa taun kepungkir iki. Wong tuwo-wong enom, wong jowo-wong sing luar jowo, wong sing terpelajar opo ora, kabeh remen ngerungoke lagu-lagu dangdut seko Jowo bagian Lor iki. Senadyan ora ngerti artine, neng awale, kabeh wong tetep ngerungke lagu-lagu kui. Ora ono kehalang tabir basa blas. Kabeh iso joged pas krungu lagu sing kenthel karo gendange iki. Iki iso dadi peluang anyar kanggo daerah-daerah liyo iso dikenal karo wong seko daerah liyane. Iso wae sesok ono kelompok musik sing nganggo boso Batak sing terkenal koyo dangdut Pantura saiki. Yen makin akeh lagu-lagu kanggo boso daerah sing iso dinimakti karo kabeh wong Indonesia, awak dhewe dadi iso luwih kenal sedulur-sedulure dhewe sing sebangsa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2764", "text": "Kitab suci al quran iku ancene kitab sucine agama islam sing termasuk agama sing diakuhi nag indonesia. Lah kitab iki jarene koncoku sing dadi guru ngaji, iku ora angger kitab suci soale kabeh cerito agama-agama liyane yo ono nang kitab suci iki awit teko agama kristen, sampek agama hindu yo ono. Mangkane jarene koncoku kitab suci iki apike orambloko mangkane deke gelek moco terus kitab iki soale saking senenge ambek kitab iki. Terus nag jareku kitab iki ancene kitab sing ora karaun apike soale nang jeru iki ono cerito-cerito sing kenek digawe pengalaman urip kanggo ngadepi masa sing ate teko opo maneh kitab iki koyok wes ngerti nang jaman iki termasuk jaman modern sing kabeh menungso wes ora karuan kedadeane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2402", "text": "Pas aku dolan nag karang anyar aku mesti mampir nang air terju gerojokan sewu. Air terjun iku panggonan tepak'e ono nag kecamatan tawangmangu, kabupaten karanganyar, jawa tengah. Air terjun iku posisine pas nag ngisore gunung Lawu. Terus jarake teko kota karanganyar yaiku ngetan sekitar 27 Km. Duwure air terjun iki sekitar 81 meter. Terus nag pinggir-pinggire iku akeh alas sing ombone sekitar 20 ha. Mari ngunu nag kono yo akeh bedese tapi bedese ora nakal soale sak ben dino wes betok ambek menungso. Terus nag sekitare air terjun maeng yo ono kolam renange, terus warung-warung cilik sing kenek digawe mangan jajan ambek panggonan sembayang barang yo ono. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6347", "text": "Kanca kuwi pancen akeh banget macem lan sifate. Kanca sing apik kuwi yaiku kanca sing bisa ngerteni apa sing disenengi lan ora disenengi karo kanca liyane kaya sifat sing bisa marai seneng utawa mangkel. Yen ana masalah, kekancanan iki kudu jujur lan uga nggolek solusi saka masalah sing ana. Ngeleremake ego kuwi uga penting banget amarga kadhang, wgo sing dhuwur iki bisa dadi masalah kanggo kanca sing ana ning sekitare. Sabar lan dadi wong sing kenal marang karakter kuwi uga bisa dadi alternatif kanggo njaga kekancan ben awet. Kamangka, para ahli uga ngomong yen wong kekancan luwih saka 10 taun kuwi bakal kekancan sak lawase amarga wis paham sifate. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5190", "text": "Ibuku seneng banget masak salah sawijine panganan khas Pemalang yaiku grombyang. Grombyang iki mirip karo rawon nanging ya rasane luwih legi. Ibuku wis lunga menyang pasar isuk iki lan bali nggawa blanjanan kaya daging sapi lan bumbu-bumbu. Jare ibuku, bumbu grombyang iki ana sing dodol kiloan lan uga ana sing dodol sepaket karo bawangane. Nanging Ibuku luwih milih nggawe dhewe ben bisa ngira-ngira rasane. Daging sing digawe uga sajane daging kebo, nanging daging kebo iki angel banget nggoleke ning Pemalang. Amarga rasa grombyang iki legi, yen arep mangan kudu sithik-sithik ben ora jeleh lan mlukok amarga kelegien. Grombyang iki bisa dicampur karo koya utawa kelapa garing. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2303", "text": "Ledre iku cemilan sing dadi cemilan unggulan nag Bojonegoro. Nah, terus bentuke panganan Ledre iku koyok cemilan sing awak dewek kabeh gelek masi nag pinggir-pinggir dalan yaiku podo karo panganan Piscok sing saiki umum nang endi-endi. Tapi Ledre iku duwe ciri sing ora podo karo piscok, awet teko bahane, warnai, ambek rasane. Ledre iku duwe roso sing macem-macem karek buah sing digawe, buah sing digawe contone koyok gedang, waluh, duren ambek liyan-liyane buah sing sekirane iso digawe. Tapi biasane Ledre paling terkenal yaiku sing bahane teko Gedang Rojo. Nah, sing garai cemilan iki dadi cemilan unggulan yoiku regane. Regone murae pol, ora ngiro garai sakmu bolong.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4727", "text": "Wahana ning Batu sing saya suwe saya rame yaiku Batu Secret Zoo. Batu Secret Zoo iki nyuguhake atraksi satwa mulai saka pameran satwa, makani satwa, lan interaksi langsung. Nanging ana aturan-aturan sing kudu digatekake karo pengunjung kanggo kebutuhan keamanan lan ketertiban amarga pengunjung ya kudu njaga satwa kuwi. Kaping pisan, pengunjung kudu manuti peraturan sing dirancang karo pengurus BSZ. Kaping pindho, aja ngadakake interaksi marang satwa tanpa pengawasan saka petugas. Kaping telu, ora oleh makani satwa tanpa pengawasan lan ngalihake perhatian satwa nganggo swara utawa lampu saka senter, hp, lan laser amarga satwa ning BSZ iki satwa liar lan isih dijaga naluri kewane. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6634", "text": "Para pendaki kuwi paling ora seneng yen nduwenin kanca ning rombongan sing sifate egois lan ora ngerti kebutuhan tim sing ana ning jerone. Kebutuhan tim iki yaiku kanca sing sak rombongan lan butuh perlindungan kaya pendaki wanita utawa wong sing pertama kali munggah gunung. Para pendaki sing egois iki kyaa mentingake awake dhewe lan ora gelem mbagi banyu, ngancani mlaku, lan uga nggawe panggon perlindungan kanggo wong liya. Kamangka, para pendaki sing luwih berpengalaman luwih seneng yen ndaki gunung dewean tinimbang nduwe rombongan sing ora jelas. Para pendaki iki uga luwih seneng ngejak wong sing wis duwe pengalaman ben ora ngerepoti ning dalan. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "959", "text": "Yen awak dhewe kepengen kamera sing awak dhewe duwe kuwi awet, kamerane kui ojo kerep-kerep disilihke karo wong liyo, opo meneh neng wong sing ora ngerti utowo paham perkoro nganggo kamera. Biasane wong sing koyo ngono kui kerep ora iso ngopeni kamera. Wong kui durung iso paham sak piro pentinge lan rapuhe kamera kui. Yen awak dhewe arep nyilihke kamera kui, apike neng wong sing podo-podo ngerti kamera. Yen misale wong kui ora dongan perkoro kamera, awak dhewe iso nyilihke kamerane kui nanging awak dhewe uga melu dheweke. Supoyo awak dhewe iso ngajari lan ngandani piye carane ngopeni kamera pas lagi dienggo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2792", "text": "Aku biasane nag sembayang iku nang masjid kampus. Masjid iku gedene pol nag ukuran kampus. Terus masjite iku maeng resik ambek teke iku teko marmer sing kelem-kelem soale saking resiki. Terus nag latare masjed yo ono taman ambek air mancure sing biasane digawe bocah-bocah ngumpul utowo ngomong-ngomong ambek koncane, mangan, ambek foto-foto soale tamane ancene apek. Terus nag mlebu jeru masjite, iku akeh kaligrafine sing ono nag temboke ambek nang imamane. Tapi kaligrafine ora sepiro gede tapi ketok pantes soale kadang ono masjid kakean kaligrafi tambah ketok ora apik. Mari ngunu nag masjid iki yo biasane ono kegiatan rutin sing ono sak ben kamis sore kango bocah-bocah kampus ngaji. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4038", "text": "Koncoku sing gelek mungga gunung iku tau nguwei aku sarang ambek anjuran nag ate munggah gunung. Nah deke iku jelasno nag urip nang duwur gunung iku ora gampang masio iku mok telong dino, deke iku maeng nyaranno nag ancene munggah gunung iku kudu nyiapno awake disek sak durunge budal contohne olahraga disek sak minggu sak durunge budal ben awake iku wes kelatih ambek ora kaget. Terus mari ngunu ojo lali sak liyane awak yo barang-barang sing ancene diperlokno kanggo urip iku wes dipastekno ono, soale nang gunung iku ora ono opo-opo, nag ancene sampek kedaden perkoro sing ora kepikiran iku iso dadi perkoro sing ora karoan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4026", "text": "Tanggone wong iku reno-reno, ono sing cerewet, ono sing menenge, ono sing senengane nguping, ambek liyan-liyane. Nah sing jenenge urip ambek tonggo iku mesti ora karoan rasane, ono sing ngeroso biasa ae koyok mangan sego, ono sing ngeroso diganggu ambek tonggone sing kelakoane anhe-aneh, yo ono ae sing ngeroso anteng mergo ono koncone. Nah sing jenenge urip ambek tonggo iku nag ancene ono masalah yo kudu nang diarekno ojo sampek marakno perkoro sing elek terus mergone nag elek karo tonggo iku ora enake pol. Opo maneh nag tonggo parek yo tambah ora enake megilan. Dadi nag iso yo nang diarekno menisan ben ora garai perkoro sing aneh-aneh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5143", "text": "Mandau utawa mando yaiku salah siji gaman tradisional sing asale saka Kalimantan. Mandau iki mulai dinggo wiwit abad ke 17 utawa 18. Mandau iki uga nggawene kudu apik. Ora mung landhep lan dawa, mandau iki uga kudu duwe selongsong sing akeh ukiran khas Kalimantan kanggo identitas wong kang duwe. Selongsong iki arane kumpang. Kumpang iki uga duwe lapisan emas lan kadhang ana sungune kidang. Mandau utawa mando ning Kalimantan iki artine \"pisau makan\". Gaman iki mulai dikenal saka Kalimantan Tengah, yaiku saka daerah suku dayak ngaju sing kesohor amarga kemampuane ning lapangan perang. Mandau sing asli regane bisa sak yuta luwih miturut jenise. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2116", "text": "Mungkin sebagian seko awak dhewe ngedadeke KRL dadi sarana transportasi sing utama kanggo awak dhewe mangkat lan bali kerjo. KRL kui dipilih mergo regone sing murah lan iso neng darak sing adoh nganggo wektu sing termasuke cepet. Nanging kanggo wong durung biasa, numpak KRL kui mungkin iso ngeroso ora nyaman. Supoyo iso ngeroso luwih penak pas numpak KRL, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso mangkat lan bali sak uwise utowo sak durunge wayah gerbonge kui kebak. Sing keloro, awak dhewe iso nganggo tas ransel neng ngarep. Sing ketelu, awak dhewe iso ngerungoke lagu utowo nonton film selama neng gerbong.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7416", "text": "Rumah Gadang iki omah adat khas teko Minangkabau, Sumatera Barat. Omah iki nduwe ciri-ciri sing khas dan apik, yaiku bentuk atap ngelengkung koyok tanduke kebo terus bagian tengahe koyok awak kapal. Asal-usul bentuk atape iku sering dihubungno ambek cerita rakyat Tambo Ala Minangkabau sing ceritane tentang wong Minang sing menang lawan wong Jowo nang peristiwa adu kebo. Rumah Gadang iki dadakno onok nang Suroboyo. Rumah Gadang nang Suroboyo iki biasane disewakno gawe acara Nikahan. Nek awakmu tertarik, ituti rute iki. Mlaku teko Kebun Binatang Surabaya, jupuk jalan Diponegoro ambek jalan Raya Surabaya-Malang nang arah jalan Achmad Yani nang Wonokromo. Mlaku sekitar 2 km, terus jupuk jalan Jetis Kulon ambek jalan Karang Rejo X nang Jalan Ketintang gang IV. Engkok belok kiri, dan Rumah Gadang e bakal onok nang kanan jalan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5177", "text": "Cara liyane kanggo ngenali bedhane tarian saka Jawa Timur lan Jawa Tengah yaiku ngenali saka klambi sing digawe. Tarian Jawa timur kuwi akeh nggawe atribut saka kuningan kaya gelang, anting bungkul, lan gongseng utawa gelang sikil. Amarga akeh tarian panji, Jawa Timur iki identik karo udheng kain sing bisa dadi mahkota utawa iket ning sirah. Warna klambine uga luwih teges lan ana clana ireng amarga gerakane akeh tanjake. Yen Jawa Tengah, warna kostum tari biyasane luwih kalem lan rambute disanggul tekuk lan kostume nganggo jarik. Kanggo tarian putra biyasane uga nganggo blangkon utawa klambi miturut lakon wayang sing lagi ditampilake. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4063", "text": "Saiki iku akeh wong sing ngalami stress mergo kakehan pikiran ambek pikirane iku kepekso utowo kepepet ambek masalah sing akhire dadekno pikirane wonge maeng ora karoan. Nah sing jengene pikiran stress mergo kepepet ambek perkoro sing ancene diadepi iku asline yo ora enake megilan. Nah kanggo ngadepi iku maeng wong iku maeng kudu ngantengno pikiran utowo dewe disek ben pikirane maeng iso mikir bening ora sampek stress. Nag ancene ngadoh disek ambek masalah iku maeng iso dadekno pikiran iku maeng tambah bening, yo ora masalah sing penting strese iso ilang. Soale nag stres iku maeng sampek kenemenen terus ora mari-mari iso dadekno wong iku maeng gangguan mental.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9355", "text": "Yen duwe dhuwit turah-turah, aja lali kanggo digawe dolan menyang manca nagari. Padahal papan wisata ya sakjane padha wae karo ing Indonesia, nanging kowe bakalan entuk lan ngerasakna pengalaman sing anyar. Ana ing pesawat nganti welasan jam, ngomong karo wong sing basane beda karo kene, tuku barang nganggo dhuwit sing dudu dhuwit rupiah, ngerasakna hawa sing beda banget karo Indonesia apa maneh nalika bisa ngerasakna salju ing nagari sing duweni 4 musim. Pengalaman iki bakalan dadi pengalaman sing paling nyenengke amarga ora bisa dilalekake. Mula aja medhit karo awake dhewe kanggo bisa ngerasakake seneng dolan ana ing manca nagari. Apa maneh yen bareng karo kaluwarga bakalan luwih seneng banget.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2767", "text": "Nang jeru kitab suci al-qur'an iku ora kabeh surat ono tulisane \"basmalah\" nang duwure kanggo ngawiti moco surat iku. Nah surat iku maeng jenenge surat attaubah. Nah lapooh nang surat iku ora ono bismillahe? polahe nang surat iku mengandung ancaman kanggo wong-wong musyrik, terus iku beda ambek bismillah sing duwe arti utowo kandungane maeng sing nyeritakno rahmat. Mangkane iku alasane kenopo nang surat attaubah ora ono bismillah kanggo ngawiti moco surat iku maeng. Terus bismillah iku maeng kenek diganti ambek bacaan ta'awuz utowo dongo liyane sing isine ngadohno awak dewe teko fitnah-fitnah ambek godane setan utowo perkoro ambek wong musyrik maeng. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3193", "text": "Pas delok pertandingan pencak silat sing ono nang GOR kampus. Aku sampek mengkorok dewe, soale gelute iku koyok ora lomba maneh. Nah nang lomba iki sing dibiji iku ora sopo sing iso ngalahno lawane disek tapi yo ono poin-poinan. Dadi nag ono sing wes oleh poin akeh nang ronde sing ditentokno yo iku sing menang. Sak liyane iku lomba beladiri iki yo resikone paling gede timbangane lomba liyane soale nang kono iku awak dadi taruhane. Nang lomba iku kabeh perwakilan perguruan pencak silat wajib gowo kostum utowo klambine perguruane dewe-dewe ambek ora oleh sampek mateni lawane polahe mangkel. Dadi nang lomba iku maeng bener-bener diwasite ambek wong sing temen-temen iso ngendalikno iku maeng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3543", "text": "Saiki ancene wes jamane dodolan online, sing endi dodolan online iku kenek dolakoni nang endi-endi ambek iso jangkau wong nang endi-endi. Terus saiki yo ono sosial media barang sing iso ambek kenek didelok wong sak negoro teko pujuk nang pujuk. Terus dodolan online iku enake ora patek ngetokno biaya gede polahe ora butoh panggona gawe nyudohno produke, terus cukup difoto dipos mari ngunu engko produke wes kenek didelok wong sing sak pirang-pirang. Yo iso ae sampek anjok endi-endi sing ancene iso dolanan online mabek sosial media iku maeng. Terus nag dodolan online iku iso dodolan sembarang kalir tanpo mikir bayar sewo piro larang opo ora.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7357", "text": "Ben tahun anyar Saka, umat Hindu nang seluruh dunyo ngerakano tradisi Nyepi. Nang tradisi iku, umat Hindu ngelakoni sejumlah ritual, mulai teko sak durunge hari raya sampe sak wise hari raya. Biasane pas Nyepi, kegiatan utowo aktivitas harian bakal dihentikno sementara selama 24 jam kecuali pelayanan masyarakat sing sifate vital koyok Rumah Sakit. Onok patang tahap ritual upacara Nyepi mulai teko sak durunge sampe sak wise hari raya. Siji, upacara melasti. Upacara iki dilakoni rong dino sak durunge hari raya. Loro, upacara tawur kesanga. Upacara iki dilakoni sak dino sak durunge hari raya. Telu, hari raya Nyepi. Papat, ngembak geni. Upacara iki dilakoni sak dino sak wise hari raya.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6345", "text": "Wong sing duwe minat sing padha kuwi biyasane bisa kekancan suwi banget amarga mesti ana topik sing diobrolake. Kekancan iki bisa ditemokake ning komunitas utawa ning panggonan kursus. Wong iki duwe frekuensi sing padha lan sering mbahas babagan lan minat sing sejalur. Kaya misal akeh wong sing nemu kanca ning komunitas sepeda, komunitas musik rock, lan uga ana sing ketemu amarga nonton konser sing padha.wong sing kekancan saka jalur iki biyasane kurang awet amarga yen salah siji wis kelangan minat, kuwi uga bakal ngaruh ning babagan kekancan. Selera lan uga minat kanggo ngobrol iki bakal ilang lan malah pindah kekancan marang liyane. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5110", "text": "Omahe simbahku bentuke isih kaya omah joglo kuna. Omah iki wes ana wiwit taun 1890-an lan wis direnovasi bolak-balik lan bentuke isih padha nanging kualitase uga isih apik. Kamangka kuwi, pas simbahku seda, omah iki ora kalebu ning daftar waris amarga isih dadi salah siji omah induk sing bisa dari omah panggon kumpul wayah reramean kaya pas nikahan utawa pas riyaya. Jare ibuku, omah iki ora oleh didol amarga ben ora ilang pasedulurane lan isih ana omah kanggo ngerumat adat lan keluwarga. Amarga saiki akeh wong ning kampunge simbahku milih ngedol omahe lan saiki keluwargane sing duwe omah kuwi ora duwe panggon ngumpul. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2894", "text": "Biasane aku nag muleh kampung nang lamongan wong tuaku mesti gawekno panganan khas daerah lamongan yaiku soto. Panganan iki nag menurutku iku enake pol soale arang mangan, tapi nag jarene Emaku iku yo wes biasa wae. Lah jarene koncoku sing pas iku melok mrono, Wak iku panganan sing enake megilan. Lah sing garai enak jarene koncoku iku ono rasa kecut-kecut seger sing teko jerut purut ambek warnai iku ono kunig-kuning pada iku sing garai tambah seger maneh. Yo ancene panganan soto nang kene wes koyok ngunuku rasane. Tapi nag dibandingno ambek sing didol nang kota soto, rasane iku adoh, soale emboh iku teko bumbune sing dikurange opo teko liyane yo ora ngerti.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7730", "text": "Dino iku aku dolen nang omahe mbah Joni. Beliau iki kakake mbah kakung dan sek cedek banget karo bapakku, makane aku sering dijak dolen mrono. Pas tutuk omahe, aku awale mek longo tok. Terus aku gak sengojo ndelok onok raket nang cedek sofa ruang tamune. Cuma koyok onok sing bedo teko raket sing biasa aku eroh. Nek biasane, aku erohe raket badminton dan bentukane luwe ramping terus dowo. Tapi raket sing iki luwe kandel dan luwe endek. Terus mbah Joni ngampiri aku dan ngajak aku ngobrol karo bapakku sisan. Terus aku takon nang mbah Joni, iku raket opo. Dijawab raket tenis. Opo’o kok kandel mergo rakete iku digawe mukul bal sing luwe abot timbang kok raket.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2770", "text": "Biyen pas aku SMP ono pelajaran sing jenenge keislaman. Pelajaran iku ngulangno yo opo dadi wong islam sing apik. Sing paling tak ilingi sampek saiki yoiku ora kabeh islam iku bener soale islam iku yo wes campuran ora karuan ono sing senengane kolot ambek sing senengane rukun sing penting islame ketrimo nang masyarakat. Lah pas iku bahas sing jenengen rukun ambek toleransi. Islam tebak'e ora nyudohno carane wong iku urip rukun ambek wong-wong liyane sing penting iso podo-podo ngregani masio iku seje agamane. Lah ajaran iki sing paling tak iling-iling sampek saiki. Soale masio nag negoro iki macem-macem agamane tapi sing jenenge urip iku kudu rukun ambek wong liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6620", "text": "Tino pindah saka kutha menyang desa amarga Tino oleh penggaweyan ning dinas pertanian. Tino oleh omah dinas sing ana ning tengah kampung lan urip karo kanca-kanca divisi. Omah kuwi dadi kaya kos putra amarga mesti rame. Wong desa wis ngerti lan seneng amarga desa dadi luwih aman amarga akeh sing njaga. Para warga uga seneng amarga Tino lan kanca-kanca iki sering ngewangi kerja bakti, kadhang yen preinan uga ngewangi ning sawah. Kamangka, Tino lan kanca-kancane iki diregani banget wong sing ana ning desa kono. Nanging senajan seneng, Tino ora bisa suwe urip ning desa amarga ning taun ketelu, dekne kudu kerja mbalik menyang kantor pusat. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3157", "text": "Nanggone pertandingan olahraga iku mesti ono wong sing kanggo negakno peraturane maeng. Wong iku jenenge wasit. Wasit iku tugase abot terus bedo olahraga yo bedo tugase, Nag nang pertandingan tenis meja tugase wasit iku delok alate kabeh pemain sing ate digawe tanding maeng, terus ngadakno undian karo pemain iku endi sing bakal nyervis utowo main disikan nang tenis iku maeng, ngontrol urutan servis, nerimo bal, panggonan, ambek ngoreksi kesalahan sing kedaden, jogo ambek ngawasi pertandingan iku maeng. Penggawean utowo tugase wasit nang tenis yo kiro-kiro koyok iku maenglah. Dadi yo bedo ambek tugase wasit sing ono nang bal-balan. Teko jumalae ae wes seje kok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7772", "text": "Onok akeh banget kecelakaan sing isok kedaden pas lagi olahraga. Salah sijine iku cedera bahu. Cedera bahu iku nyeri sing muncul mergo cedera nang salah siji utowo kabeh bagian ligamen nang sendi putar bahu. Penyebab cedera bahu iku isok mergo salah posisi pas obah utowo ketubruk sesuatu. Onok beberapa gejala sing muncul nek onok cedera nang bahu. Siji, perubahan bentuk bahu dan ketok luwe ngotak. Loro, muncul bendolan ndek cedek bahu. Telu, lengan ketok koyok gak nang posisi sing tepak, koyok rodo mlengse. Papat, onok bengkak karo abo nang area bahu. Limo, bahu mulai angel diobahno. Nek wes koyok ngono, kudu cepet-cepet ditangani sak durunge cederane tambah nemen.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8640", "text": "Aku nduwe konco ket jaman kuliah sing sampe saiki iku sek berhubungan. Jenengen iku Aya. Aku kenal karo de’e ket jaman maba mergo awak dewe podo-podo seneng Kpop. Teko kono, awak dewe dadi nyambung. Tapi nek digatekno maneh, aku karo Aya iku temenan bertolak belakang pol. Teko MBTI ne ae wes bedo pol. Aku ISFJ, terus Aya ENFP. Dan gak jarang awak dewe dadi debat saking nduwe pendapat sing bertolak belakang. Tapi sing marakno aku kaget, dadakno hubungan pertemanane awak dewe iku isok awet pol. Bahkan sak marine lulus terus balik nang kampung halaman dewe-dewe, awak dewe sek sering kabar-kabar. Perbedaan sifat iku mau malah marakno awak dewe dadi saling ngelengkapi.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6990", "text": "Mama lagi males masak, dadi milih gawe tuku mangan nang njobo. Pas nemu onok sing dodolan cumi bumbu ireng, mama gak atek mikir dowo dan langsung tuku iku. Sampe omah, kabeh langsung semangat pas eroh bakal sarapan nganggo cumi bumbu ireng. Mbasio ketoke aneh banget, kok panganan wernoe ireng, ketok koyok panganan kotor. Padahal werno ireng iku asale teko tinta cumi iku dewe, dadi sek tetep higienis. Wes ngono rasa khas bumbu irenge sing enak banget dan dadi favorit sak keluarga. Mbasio mau mama tuku cumine akeh, tapi anak-anake sek rebutan. Malah pas cumine wes entek, bumbu irenge dikoreti teko piring sajine saking doyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7462", "text": "Gamelan iku bentuk ansambel musik tradisional sing ngerujuk nang kesatuan instrumen alat musik sing dimunikno bareng-bareng. Gamelan iki nduwe tangga nada pentatonis nang sistem tangga laras slendro karo pelog. Gamelan iki terdiri teko instrumen musik perkusi sing digawe pas seni musik karawitan. Selain iku, gamelan sisan digawe ngiringi kesenian wayang kulit karo pertunjukan tari nang acara tertentu. Instrumen sing paling umum digawe nang paket gamelan yaiku metalofon sing dimaino nganggo palu, antara lain gangsa, gender, bonang, gong, saron, ambek slenthem. Onok maneh instrumen sing liyane, yaiku membrafon berupa kendhang, idiofon berupa kemanak, xilofon berupa gambang, aerofon berupa seruling, kordofon berupa rebab, ambek kelompok vokal sing disebut sinden. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5057", "text": "Minggu Palma yaiku minggu kanggo mengeti urip sengsarane Gusti Yesus. Minggu Palma iki ana ning dina Minggu sak durunge paskah. Dina iki mengeti wayah Gusti Yesus mlebu ning Yerussalem. Jenenge Minggu Palma amarga ning dina kuwi ana prosesi ngebyukake godhong palem sing dadi simbol pengorbanane para martir. Godhong palem iki uga simbol kemenangan saka dosa-dosa. Rampung prosesi palem kuwi, para jemaat bakal ngerungokake crita babagan sengsarane Gusti Yesus sing dijupuk saka injil. Crita iki pancen diwacakake wayah liturgi. Upacara iki dilakoni ben umat bisa paham piye sengsarane Gusti Yesus lan bisa luwih wedi ngelakoni dosa dan kamulyan kuwi ora mung ana pas masa jaya, nanging ya pas seda disalib. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1245", "text": "Awak dhewe ora mung iso dodolan barang utowo panganan-ombenan neng Internet. Saiki, awak dhewe iso nawake jasa neng kono. Awak dhewe iso gawe keterampilan sing awak dhewe ahli neng kono supoyo iso dadi duwit. Soale, sing dibutuhke wong-wong kui ora mung barang-barang tok, akeh wong sing butuh jasa. Yen misale, barang-barang iso didol neng Internet kenopo jasa ora iso didol neng kono. Nanging, awak dhewe iling, awak dhewe uga kudu buktike yen awak dhewe iso keterimpalin kui. Awak dhewe iso nunjuke yen awak dhewe iso nganggo ngunggah asil kerjo utowo karyane dhewe neng Internet utowo media sosial. Misale, awak dhewe buka jasa dadi tukang foto. Awak dhewe iso ngunggah foto-foto hasil jepretane dhewe neng akun media sosial.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8651", "text": "Awal tahun iki udan terus terusan ben dinone. Wes ngono, udane iku gak sing gerimis, tapi dueres pol koyok diutahi banyu sak tandon gede teko langit. Ngeroso bakal onok tanda-tanda banjir, Halim langsung nyiapno bata putih gede sing biasa disimpen nang halaman kosong mburi omah. Bata putih gede iku mau tujuane gawe ngganjel kabeh perabotan ben engkok gak kenek banjir. Ditulungi karo bojo ambek anak-anake, Halim mulai ngangkati kabeh perabotan iku mau nang duwure bata iku. De’e sisan ngamano barang-barang sing penting terus didekek nang lemari sing wes diganjel karo bata iku mau. Ndelok kabeh wes aman, Halim dadi lego dewe. Nek ngene de’e gak bakal kepikiran maneh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6656", "text": "Waspada marang bencana alam kuwi carane akeh banget, salah sijine saka nyiyapake amalan sosial kaya donor darah. Donor darah kuwi dibutuhake pas wayah bencana amarga mesti akeh kondisi sing ora bisa disangka kaya tatu lan kelangan akeh getih. Kanggo wong sing cukup umur lan nduweni persyaratan kesehatan sing lengkap, kudune bisa melu donor darah amarga donor darah kuwi mulya lan bisa nulung nyawane wong liya. Wong sing donor darah kuwi uga bisa sehat amarga awak bisa ngasilake sel darah sing anyar. Nanging awake kudu melu tes kesehatan kamangka bisa ngelakoni donor darah lan tetep bisa ngontrol kesehatan saka pemeriksaan sak durunge donor. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3128", "text": "Pas tahun 2021 akeh pakar balapan wes nganjurno Valentino Rossi \tutowo Vale gawe pensiun soale deke iku mes termasuk umur sing ora produktive maneh gawe balapan. Tapi deke isek tetep ngotot ambek usaha sak temen-temene kanggo iso podium nang angger balapane. Tapi angger deke iku ngotot mesti ora tau menang ambek mesti mrosot terus. Sak liyane iku deke yo mulai ngerti nag ancene deke iku wes tuo ambek wes ora wayai deke gawe balapan sepeda montor maneh. Akhire akhir tahun wingi deke mutusno kanggo pensiun sing ancene dianjurano ambek pakar-pakar olahraga balapan sing ancene wes pengalaman nag bidang iku. Pas pensiun deke iku oleh gelar lengenda teko bose.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5450", "text": "Ning Fakultas Ilmu Budaya kampusku, ana tradisi setaun pisan kanggo nyambut mahasiswa baru, yaiku ana tandhing sepak takraw. Tandhing iki sajane kanggo seneng-seneng amarga ora ana UKM ning fakultas sing ngadakake sepak takraw. Nanging sepak takraw iki dadi kondang maneh amarga bocah UKM Pecinta Alam FIB seneng dolanan iki pas wayah kemah lan saiki uga dipeloki marang bocah-bocah sing ana ning FIB. Mahasiswa anyar saka perwakilan jurusan dijak tandhing takraw amarga bisa dadi salah siji ajang kenalan uga njaga seduluran sing ana ning FIB. Sing menang tandhing iki bakal oleh voucher mangan gratis saka kantin sak jurusan. Iki rada lucu nanging uga nyenengake. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5174", "text": "Muatan budhaya lan moral kuwi kudu seimbang. Salah sawijine yaiku lewat tarian. Ning Bali, ana tarian sing dadi simbol pergaulan lanang lan wedhok kanggo ruwatan lan hiburan. Tarian iki arane joged bumbung. Joged bumbung iki joged sing ana ning wayah acara gedhe. Nanging tarian sing diiringi gamelan Bali iki dadi elek jenenge amarga ana pelecehan-pelecehan seksual lan gerakan erotis sing ora pantes ditonton bocah cilik. Tarian iki bisa ngilangake makna adoh saka asline amarga ngurangi nilai budhaya sing kudune tarian kanggo pergaulan malah kanggo ngelecehke penari wedok. Para pemangku adat uga wis ngewenegi teguran kanggo tarian iki, nanging akeh wong sing isih ngelakoni. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9354", "text": "Mumpung enom lan isih bisa, pamrayogiku sadangune urip kudu tau meruhi kahanan alam kang endah. Iki pengalamanku nalika tahun 2021. Aku sakluwarga lunga dolan menyang Dieng. Kayane akeh wong ing tlatah Jawa Tengah, Jogja, lan sakiwa tengene ngerti papan iki. Rombongan budhal wanci seaelas dalu. Cekaking cariyos, jam telu isuk wis tekan parkiran dieng. Aku, adhiku, sepupuku banjur padha tumuju area pendakian, pemanasan sithik-sithik, banjur wiwit munggah tangga watu ana kana. Watara jam 4.30 wis tekan dhuwur, hawane krasa adhem banget. Durung bisa weruh apa-apa sabab kahanan isih peteng. Sawise rampung solat subuh, awake dhewe lungguh ana watu gedhe lan ngenteni srengenge jumedhul. Jebulane proses jedhuling srengenge katon indah banget. Weruh warnaning mega lan angkasa ing wayah subuh jebulane uga nengsemake. Angin sumilir nambah rasa sokur dhateng Gusti dene bisa meruhi kahanan kang kaya mangkene.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7096", "text": "Onok istilah nek buku iku jendela dunyo. Iku maksute nek awakmu moco buku, bakal isok eruh akeh ilmu ambek informasi tanpa awakmu kudu metu omah langsung. Moco buku iki akeh banget manfaate. Sing wes hobi moco ket mbiyen, enak enak ae. Sing angel iku wong sing males moco. Bahkan onok wong sing buru moco sak kalimat ae wes ngelu sirane. Onok cara sing isok numbuhno minat moco gawe awakmu sing alergi kata-kata. Pertama, ojok langsung moco buku sing isine kalimat tok. Mulai teko komik utowo ensiklopedia sing akeh gambare. Dikulinakno disik moco rong buku iku, baru alon-alon mulai pindah nang novel sing ceritane ringan. Ojok langsung moco sak buku. Sedino sak lembar, terus sesoke rong lembar, dan sesoke maneh semakin ditambah. Nek wes kulino moco kalimat akeh, awakmu bakal isok moco sembarang jenis buku dan iku isok dadi hobi sing bermanfaat gawe awakmu dewe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3141", "text": "Biyen pas aku isek sekolah, sing jenenge beladiri iku yo dilebokno salah sijine kegiatan olahraga sing wajib dieloki bocah-bocah sing sekolah nang kono. Nah sing garai diwajibno maeng soale sekolahe iku tau juara siji kejuaraan bela diri tingkat kabupaten. Terus, tahun iku pengen menangno lomba iku maeng. Nah nang kegiatan iku maeng bocah-bocah yo diulangi carane gerakan-gerakan ambek jurus-jurus sing iso ngalahno lawane maeng. Terus sak liyane iku yo diulangi carane nangkis juruse mungsoe maeng. Nah pas latihan iku bocah-bocah mesti dikongkon pemanasan disek ben ora ono kedaden salah urat ambek liyan-liyane. Tapi asline masio salah urat mesti ono sing bagian mijeti.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "898", "text": "Yen awak dhewe seneng karo olahraga bal-balan kui, awak dhewe apike ngedukung tim sing seko kota utowo daerahe awak dhewe. Iki iso nunjuke yen awak dhewe bangga karo dareah asale dhewe. Ora ono sing salah ngedukung tim liyo, kui sah-sah wae. nanging yen tim sing seko daerahe dhewe kui menang utowo kalah, kui ono roso emosi sing luwih sing baka awak dhewe rasake. Seko jarak, tim daerah dhewe kui luwih cerak. Awak dhewe iso krungu kabar babagan perkembangan tim kui langsung seko cerito tonggo-tonggo. Malah mungkin kui sumber informasi siji-sijine. Mungkin, ora ono media sing gelem ngeliput tim seko daerah. Dadi, apike kui awak dhewe dukung tim seko panggon awak dhewe tinggal.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2406", "text": "Nag pengen delok pemandangan alam sing uapike pol terus gratis gak usa bayar larang yaiku dolan nang daerah karang anyar utowo magetan. Daerah kono iku akeh pemandangan paik tanpo bayar tiket digawe mlebu. Nag daerah kono masio mandek nag pinggir dalan awakmu wes iso delok pemandangan alam sing apike pol, koyok gunung, sawah, kebu teh, ambek liyan-liyane. Pokoke nag mrono kudu bensin bek ambek sepedae normal ngunu ae wes ayem. Aku biasane nag dolan yo mrono, enak ora ngetekno duwek akeh paling mok bondo duwek bensin tok. Nag pengen jajan nag kono yo jajane murah-murah awit teko sewu sampek seket ewu yo ono.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "964", "text": "Kanggo wong sing kerep gawe roti lan adonan kui, penting banget kanggo duwe mixer sing gedhe. Awak dhewe dadi iso luwih hemat wektu lan tenogo. Soale kui, yen awak dhewe ora duwe roti kui, awak dhewe kudu nguleni rotine kui nganggo tangan. Yen nguleni nganggo tangan kui suwe banget lan hasile rung tentu seapik sak umpomo awak dhewe nganggo mesin. Mesin mexir sing gede iki ora mung iso kanggo gawe roti nanging uga kue-kue sing liyane. Iki dadi luwih akeh gunane timabange mixer tangan sing mung iso digawe nganggo masak kue. Mixer sing gedhe kui uga ora perlu dicekel terus nganggo tangan, dadi awak dhewe iso nyepake bahan-bahan sing liyo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5093", "text": "Pura Luhur Poten kuwi panggon ibadah umat Hindu sing ana ning Gunung Bromo. Umat Hindu ning Bromo iki dadi panggon sembahyang kanggo umat Hindu Tengger. Hindu Tengger iki bedha karo Hindu Bali. Kamangka kuwi, bentuk bangunane uga bedha. Pura iki dibangun ning ndhuwur padang pasir taun 2000 sak uwise reformasi Hindu Dharma ning suku Tengger. Pura iki dibangun kanggo nyembah Dewa Brahma. Arsitektur Pura iki campuran antara Jawa lan Bali nanging luwih dominan Jawa Singosaren. Pura iki ana ning 2200 meter ning ndhuwur permukaan laut lan dikelilingi Gunung Bromo, Batok, lan Semeru. Ning lapangan amba iki ya mung ana pura iki lan ora ana bangungan liyane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1724", "text": "Sak males-malese awak dhewe, awak dhewe tetep kudu melu kerja bakti sing digawe karo lingkungane dhewe. Soale, kui dilakoke ora mung kanggo kepentingan pengurus RT-RW wae, nanging kui dilakoke kanggo kepentingan kabeh warga sing tinggal neng cerak kono, termasuk awak dhewe. Awak dhewe dadi ora penak yen ora melu kegiatan kui. Awak dhewe bakal ngeroso isin yen papasan karo bapak-bapak liyane neng dalan. Mungkin, awak dhewe kui wonge sibuk opo mungkin gaweane dhewe kui dilakoke sakben dino Sebtu lan Minggu. Yen koyo ngono kui kasuse, awak dhewe iso nyelake mangkat kerja bakti sak durunge nyambut gawe. Paling ora awak dhewe tetep iso melu sedilit.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5484", "text": "Olahraga iki dadi salah siji kegiyatan sing ora mung ngewenehi pengaruh kanggo fisik nanging uga kanggo kesehatan mental amarga olahraga uga bisa nyenengake awak. Olahraga iki bisa ngelancarake proses produksi hormon dopamin ben ora gampang lemes pas wayah kerja uga ngelakoni kegiyatan saban dinane. Sing paling nyenengake yaiku olahraga iki bisa marai awak tambah awet enom lan awak dhewe bisa ngontrol gerakan reflek sing ana ning awak. Otot sing wis kelatih iki uga bisa ngelancarake metabolisme lan marai gampang yen arep mudhunake bobote awak. Wong sing wis biyasa olahraga iki uga dadi ora gampang lara lan awake ora gampang pegel senajan akeh kegiyatane. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2351", "text": "3 ulan wingi aku pas mlaku-mlaku nang Magelang aku petuk ambek salah sijine sing adol jajan, terus kebetulan ono sing jenenge Jagung Bakar cemilan sing paling tak senengi nag howone adem. aku tuku loro sito'e rasa keju lah sing siji rasa keju pedes. Pas mateng tak jajal tiba'e rasane bedo, bener-bener enak, soale jagunge isek seger terus ora kenomen. Mari ngunu aku delok tiba'e wonge yo dodol jajan liyane sak liyane iku. Mari ngunu aku takok karo sing dodol, \"Iku jajan opo lek?\", Wonge jawab \" Iku jajan teko godong sing digoreng, mboh godong opo yo, lali aku\". Akhire aku jajal siji, tiba'e iku teko godong bayem, terus uakeh lengone. Akhire ora sido tak pangan. Soale aku ora seneng karopangan sing akeh lengone koyok iku maeng. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3282", "text": "Saiki jaringan 4G wes dikembangno maneh sampek 5G. Beritane iku yo wes pirang-pirang ambek wes nag endi-endi. Nah 5G iku yo termasuk sinyal sing nawakno kualitas sing luweh apik timbang sinyal sak durunge yaiku 4G. Nah sinyal 5G iku kenek digawe donlod luweh banter ambek gawe ngepos luweh cepet timbang sak durunge. Terus sinyale yo luwih stabil soale wes dapiki sinyale apek teknologine. Terus teko sinyal iku maeng yo kenek digawe sembereng yaiku koyok digawe ngembangno teknologi sing saiki nag montor-montor sing iso nyetir dewe masio ono dicekeli setire. Terus yo kenek di gawe delok TV sing gambare iku maeng luweh bening ambek jelas. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "149", "text": "Teknologi transportasi saiki wis adoh luwih canggih dibandingke jaman biyen. Saiki wong biso nempuh jarak atusan kilometer ning itungan jam. Biyen moda transportasi ora iso sebanter kui. Tenogo tranportasi sing iso dienggo ora seko mesin nanging seko tenoga khewan utowo menungso. Tulodhone kui delman lan becak. Saiki loro transportasi kui mung dadi kendaraan wisata. Ning Yogyakarta, akeh kusir delman sing saiki ngenteni wisatawan neng daerah Malioboro. Wong sing numpak delman biasane mung kepengin ngerasake sensai numpak kreto sing ditarik jaran kui. Mung setik wong sing nganngo delman kanggo kebutuhan sehari-hari. Mesakene, amargo wis ora dadi kendaraan sing utama, wong sing numpak delman dadi makin sitik. Kusire ora entuk cukup duwit kanggo ngecukupi kebutuhane utowo ngopeni jarane. Mergo kui kabeh, kusir delman saiki kudu digateke karo pemerintah utowo wonh-wong sekitare.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5552", "text": "Papershoot yaiku salah siji jeneng merk kamera sing bahan dasare saka kertas nanging kualitase padha kaya kamera digital. Papershoot iki bahane saka kertas daur ulang lan teknologine nganggo kabel USD. Kamera iki wis diproduksi ning Taiwa taun 2013 lan tujuan awale kanggo dolanan. Nanging amarga hasil fotone apik, kamera iki mulai diproduksi masal dan dipasarake ning manca negara. Indonesia kalebu negara sing isih anyar lan durung kenal banget karo jenis kamera iki. Mung ana wong sing kegabung ning komunitas sing seneng. Kamera iki uga nganggone luwih gampang saka kamera profesional lan hasile uga ora kalah apik amarga bisa diatur cahayane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5565", "text": "Salah siji barang elektronik sing penting banget nanging regane larang yaiku kulkas utawa lemari es. Kulkas iki pancen nguntungake kanggo nyimpen panganan, nanging akeh omah sing ora bisa nganggo kulkas amarga kulkas iki mbutuhake daya kang gedhe. Kulkas iki penting banget dinduweni amarga marai bisa irit bahan panganan lan bisa ndeleh stok kanggo sayur lan daging. Nanging kulkas iki uga rada ruwet ngopenine amarga butuh diresiki ben ora ana kembang es lan bahan-bahan panganan sing marai mambu lan banjur ngerusak kulkas. Sing kudu diwaspadani yaiku yen wayah kulkas bocor lan bisa kontak karo listrik banjur bisa marai kesetrum. Alas kulkas iki kudu tetep garing ben ora ana musibah kaya iki. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4790", "text": "Kiki seneng banget ngerungokake radio. Dekne mesti ngerungokne lagu lan berita saka salah sawijine stasiun siaran ning daerah lan nasional. Nanging salah sawijine dina, radione kuwi rusak lan butuh dibenakake. Radio kuwi wis dadi kebanggaane amarga bisa tuku saka dhuwit sing dihasilake saka bayaran kerja. Akhire Kiki nggowo radio kuwi ning tukang servis. Miturut tukang servis kuwi, Kiki mung butuh ngganti batere karo kabel njero amarga kabel njero radio kuwi rusak bar ora sengaja kebanting. Akhire Kiki ndandani radio kuwi, karo ngenteni, Kiki golek alternatif liyane yaiku nggolek saluran radio online sing disiarke saka Jakarta lan ana sing saka manca negara.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1236", "text": "Nabung utowo ngemat pengeluaran kui ora mesthi dadi solusi sing cocok pas bisnise dhewe lagi lemes. Duwe cadangan dana kui penting. Duwite kui iso dienggo pas kondisi bisnis utowo ekenomi global sing lagi ora pasti. Sebenere pas awak dhewe rugi kui, tabungan dhewe kudu dienggo. Pas wayah-wayah sing prihatin koyo ngono kui, awak dhewe kudu gunake tabungane dhewe. Ngopo awak dhewe angel-angel nabung yen misale, pas lagi kangelan kui awak dhewe malah soyo ngakehke tabungan. Ngemat pengeluaran kui uga dudu solusi sing bener-bener cocok. Mungkin luwih pas, yen pengeluarane dhewe luwih awak dhewe pindahke meneh neng perkoro sing luwih penting. Misale, dana kanggo pengembangan produk, awak dhewe pindahke neng dana kanggo pemasaran.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "907", "text": "Saiki, akeh wong sing ora dolan gem seko konsol utowo komputer. Saiki uga akeh wong sing dolan neng gawai utowo neng HPne dhewe-dhewe. Ben awak dhewe nyaman dolan neng HP kui ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesji, awak dhewe kudu mastike HP sing awak dhewe duwe kui sesuai karo spesifikasi gim sing arep awak dhewe dolanku kui. Yen ora cocok, ojo dipeksake. Kui iso marake HP gampang rusak. Sing keloro, pastike HPne dhewe batune kebak. Yen awak dhewe ketekan batu pas lagi asik-asik dolan kui, rasane malesi banget. Terus yen awak dhewe dolan karo ngecas kui marake HP gampang rusak uga.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7459", "text": "Pempek utowo empek-empek iku panganan khas teko Palembang. Pempek iki terbuat teko daging iwak sing digiling terus dicampur tepung kanji utowo tepung sagu, mbari ngono dicampur karo bahan bahan liyane koyok ndhog, bawang putih, micin, ambek uyah. Biasane pempek disajekno ambek kuah cuka sing rasane asem, manis, ambek pedes. Saiki nang ndi-ndi wes akeh sing dodolan pempek. Tapi tetep gak onok sing isok ngalahno mantepe rasa pempek asli Palembang langsung. Roso pempek sing didol teko Palembang langsung iku luwe sedep, gurih, terus gak amis. Dadi gawe awakmu sing lagi ndek Palembang, tukuo pempek sing akeh gawe oleh-oleh keluarga karo konco-koncomu sisan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "108", "text": "Pantai neng daerah Yogyakarta kui ono neng Kabupaten Gunung Kidul lan Kabupaten Bantul. Kawasan pantai sing paling gampang dijankau saking kota kui pantai sing ono neng Bantul. Salah siji pantai sing terkenal kui jenenge Pantai Goa Cemara. Jenenge kui dijupuk seko wit-wit cemara sing pucuke ketemu. Seko adoh, formasi wit kuwe bentuk koyo pintu mlebu guwo. Seko parkiran tekan pantai kui awak dhewe disuguhke karo pepemandangan endah kui. Neng pantai kui, howo adem. Angin sing neng kono gede banget. Saking gedene, swara wong bengok wae angel krungune. Ombake neng Pantai Gua Cemara kui gede banget. Seko pengurus kawasane ngelarang pengungjung kanggo renang utowo dolan cerak bibir pantai. Pantai iki cocok banget kanggo liburan bareng keluarga.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "467", "text": "Alquran niku isine penting banget kanggo umat muslim. Neng jerone, akeh pelajaran utowo aturan-aturan sing kudu awak dhewe ikuti supoyo uripe awak dhewe slamet donyo lan akhirat. Makane kui, penting kanggo awak dhewe ngajarke moco Alquran lan isine neng anak seko isih cilik. Carane kui, salah sijine iso nyetel muratal Alquran neng cerak anak. Anak ora kudu paham disik utowo langsung seneng pas pertama kali ngerungoke ayat-ayat suci kui. Paling ora sing, awak dhewe iso usahake kui ben anak terbiasa ngerungoke ayat suci. Senadyan anak kui ora mesthi senenn naging sak ora-orane, anak kui ora benci utowo risih pas kerungu kui. Luwih apik meneh, nyetel muratal kui pas anak isih neng jero weteng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5534", "text": "Pemerintah mulai nggalakake masyarakat nggunakake teknologi TV digital amarga mulai ketinggalan saka negara Asia Tenggara liyane. Ning ngendi wae, pemerintah mulai kampanye nganggo set top box TV kanggo kelancaran penyiaran. Nanging kelancaran iki ora didukung karo anggaran pemerintah marang digitalisasi kuwi. Akeh warga sing ora mampu tuku set top box lan kentekan set top box. Sing paling langka iki ana ning wilayah Jawa Tengah lan marai akeh masyarakat bingung, utamane sing ana ning kutha cilik. Stok alat digital iki angel banget ditemokake. Kamangka, kasus iki dadi bukti yen pemerintah kuwi sajane durung siap karo digitalisasi penyiaran, apa manh kanggo daerah pelosok. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9020", "text": "Aku iku diseneni karo bapakku soale senengane moleh bengi terus pas wayahe kuliah. Bapakku iku wedi soale nek bengi iku pasti luwe bahaya ngono lah, opo maneh aku nganggo motor. Akhire diputusno aku kudu nggowo mobil nang kuliah. Dadi ben awakku luwe aman mbasio moleh e sampe bengi. Bahkan bapakku wes nggolekno aku kos anyar sing onok parkiran mobil e. Pas aku ngecek, dadakno kamar nang kos anyarku iku onok kulkas mini e. Jujur, aku sueneng sih. Soale kan aku arek e seneng masak dewe nek nang kos. Nek onok kulkas mini koyok ngono, aku dadi isok nyimpen sembarang kalir bahan pangangan nang kono dan gak atek nyampur karo nggon e penghuni kos sing liyane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6941", "text": "Bedo ambek adikku sing buenci banget ambek coklat, aku buenci banget ambek sembarang olahan rasa vanila, terutama ombenan. Teko ambune tok ae aku wes gak seneng, pas dipangan tambah marai benci pindo saking eneg e rasane. Dadi bapakku nek nukokno milkshake kadang bingung dewe soale selera anak-anake bedo. Sing siji benci coklat, sing siji maneh benci vanila. Tapi yo yaopo maneh ya, selera uwong gak isok dipadakno kabeh. Tapi untunge suwe-suwe bapakku isok apal dewe, nek kate nukokno milkshake, aku sing rasa coklat terus adikku sing rasa vanila. Nek tuku jus pun kudu nganggo susu kental manis sing bedo, aku nganggo sing rasa coklat dan adikku sing rasa vanila.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1209", "text": "Yen arep buka usaha kui, awak dhewe ojo golek usaha sing menurut awak dhewe bakal entuk bati sing gedhe. Kudune awak dhewe gawe usaha sing awak dhewe gelem ngelakonine. Buka usaha kui pancen kudu golek bati, luwih gede luwih apik. Nanging yen usahane kui marake awak dhewe kesisko kui uga ora apik. Soale, salah siji aspek sing penting seko dodolan kui konsisten. Ono opo wae, pokoke dodolane kui kudu lanjut. Yen misale usahane kui ora sesuai karo minate dhewe, kui iso ganggu konsistensine dhewe. Awak dhewe ora entuk motivasi sing luwih. Siji-siji motivasine dhewe kui mung pengen entuk duwit akeh. Padahal, duwit kui ora bakal teko secepet opo sing awak dhewe bayanke, tetep ono proses sing dowo sak durunge entuk bati.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "10040", "text": "Mangan ora mangan sing penting ngumpul. Paribasan Jawa siji iki nandaake wong Jawa iku guyup lan seneng srawung. Ora ana panganan yo srawung, apa maneh ana panganan. Minggu iki Ibu Tuti nduwe hajatan nyunatke anak mbontot e. Amargo kuwi, Bu Tuti nganakake walimahan utowo kerep disebut ngambeng karo wong Pekalongan. Ana panganan sing khas saben ngambeng. Panganan iki kudu ana, ora keno ora. Panganan sing dimaksud yaiku sega berkat. Sego berkat iku sega sing lawuhe ayam utowo daging, tempe garit, ndog ayam godhog, lan megono. Megono iku salah siji panganan khas Pekalongan sing bahan dasare cecek utowo nangka enom. Sego berkat ikilah sing kerep dinteni wong-wong nalikane ana ngambeng. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9643", "text": "Aku melok ibukku sembayang terawih nak masjid sebelah omah. mari semabayang aku katene langsung mulih . dilalah jarene ibukku mari sembayang terawih iku onok khotbah e . akhire aku lungguh maneh ngerungokno khotbah iku mau. khotbah iki mau bakas perkoro wong wong sing onok ndek neroko. wong seng khotbah dino iki mau wong e suarane banter ora lirih, awak e wonge yo gedhe dhukur. masio aku onok baris mburi isih ketok wonge. wonge yo rupane ganteng alis e kandel . wonge yo oleh jelasno suarane cetho kata-katane yo apik apik dadine wong wong sing ngerungokno iki ora ngantuk. aku mari kerungu khotbah koyok ngunu mau langsung sadar wedhi ngelakoni sing elek elek. aku yo kepingin dadi wong apik melbu surga kaya sing dijelasno wak yai mau. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8144", "text": "Jaman saiki, platform toko gawe dodolan online iku wes onok uakeh. Mulai teko Shopee, Tokopedia, Lazada, dan akeh liyane maneh. Tapi akhir-akhir iki, onok platform sing dadi pelarian gawe wong-wong sing senengane tuku online, yaiku TikTok Shop. Wong-wong iku mulai podo berpindah teko Shopee utowo Tokopedia iku nang TikTok Shop. Alesan paling utamane iku mergo TikTok Shop sek nyediakno gratis ongkir gawe pengiriman paket e. Mbiyen kan Shopee ambek Tokopedia iku sek onok, tapi saiki cara klaim kupon gratis ongkir e iku tambah ruwet. Ndelok TikTok Shop sing sek onok gratis ongkir dan klaim e luwe gampang iku sing marakno uwong dadi beralih nang kono kabeh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5519", "text": "HP kanggo bocah sing isih ning SMP lan SMA kuwi bisa dadi sarana mbantu pendidikan ning sekolah lan komunikasi uga bisa dadi babagan sing ngajurake mental uga ngerusak perilaku. Konten sing ana ning sosial media iki bisa ngewenehi pengaruh sing gedhe kaya pitutur sing kasar, pornografi, uga dolanan gim sing berlebihan. Akeh wong sing diwasa uga lali karo batesan umur sing ana ning ana sosial media. Kamangka, awak dhewe selaku wong sing wis diwasa kudune wis ngerti kanggo sapa informasi sing ana ning konten iki diwenehake, aja sampe melu ngerusak bangsa liwat konten sing ora sopan lan ngewenehi informasi sing salah lan bisa ngakibatake kerusakan moral. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "952", "text": "Bapak kui disik tau duwe kamera. Merk kamerane kui Kodak. Dheweke ora kerep ngaggo kemera kui dadine aku sing luwih kerep nganggo. Kamera Kodak kui werno ireng. Kamera kui jenis DSLR. Aku pas kui, tekan saiki, aku ora patio paham soal kamera, disik aku mung waton jeprat-jepret wae, aku gak ngerti kamera DSLR kui opo. Opo ono jenis kamera liyane lan opo wae bedo antara siji jenis kamera karo sing liyane. Saiki, kamerane kui wis rusak. Wesi bagian lensane wis rodo penyok. Lensa kamerane uga luwih angel fokus saiki. Tutup lensane kui uga wis ilang. Lan aku uga wis lali neng endi dideleh kamera kui saiki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2315", "text": "Lemah nag Indonesia iki akeh sing ditanduri tanduran empon-empon. Jenise ambek khasiate yo macem-macem. Salah sijine, yoiku kencur. Kencur biasane iso digawe jamu beras kencur. Khasiate akeh, salah sijine digawe nambah nafsu mangan. Biasane diombekno nang bocah sing angel mangane. Tapi, opo bener beras kencur iso nambah nafsu mangan? Sampek saiki durung ono penelitian sing iso mbuktikno. Dadi iso diarani mok mitos tok. Nek jare International Journal of Pharmacy and Pharmaceutical Sciences, kencur iku iso mateni uripe bakteri Lactobacillus acidophilus. Bakteri iki sing iso garai untu rusak. Sak liyane iku, kencur, empon-empon sing ambune nyengat iku, yo nduwe kandungan sing diarani paraeumarin, karo asam cinnamic. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9247", "text": "Jamu duwe kasiat akeh banget kanggo kesehatan. Nanging ora kabeh seneng ngombe jamu. Elizh salah siji wong sing wegah ngombe jamu nalika lara. Akhire menawa lara, Elizh bakal tetep ngombe ombenan racikan Ibune kayata nalika lara watuk dheweke bakalan ngombe banyu anget sing ditambahi karo kecap lan jeruk purut. Jamu sing ora disenengi Elizh kayata jamu kencur nanging yen jamu sing asale saka sinom dheweke bakal seneng banget. Elizh wis ora seneng ngombe jamu nalika kelas 6 sd. Wektu iku Elizh lara ora arep mangan dadi diwenehi jamu temulawak nanging Elizh langsung mutah lan tekan kana Elizh wis ora gelem maneh ngombe jamu. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2810", "text": "Biasane sak minggu pisan aku karo konco-konco mesti mangan nang warung padang. Mangan nang warung iku mesti dadi idolae bocah-bocah soale segone akeh ambek regane yo lumayan murah. Terus bocah-bocah iku mesti nag nang warung padang mesti deloki tulisane ambek poto sing bentuk rumah adat padang sing jenenge omah Gadang. omah adat iki ancene bentuke apik, soale ono lincip-lincipe angger pojoke. Sakliyane iku, omah iki koyok omah panggung sing tekele iku gantung ambek bentuke iku persegi panjang. Omah gadang iki akeh-akehe gelek dipetuki nag provinsi sumatera barat. Tapi saiki gambare rumah gadang yo gelek dipetuki nag warung-warung mangan padang sing ono nag endi-endi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8674", "text": "Lawan e perkembangbiakan generatif iku perkembangbiakan vegetatif. Perkembangbiakan iki diimplementasikan tanpa ngelalui proses perkawinan dan gak ngelalui biji teko induk e. Perkembangbiakan iki onok uakeh jenis e. Sing luwe penting, perkembangbiakan vegetatif iku uakeh pol manfaate gawe menungso. Alesane iku onok akeh. Siji, taneman teko hasil perkembangbiakan vegetatif iku isok seragam dan identik karo tumbuhan induk e. Loro, penyediaan tumbuhan bakal luwe cuepet. Telu, hasil perbanyakan kehindar teko penyakit tanah pas lagi pembibitan utowo istilah liyane kehindar teko seedling soil borne diseases. Papat, ndek pirang jenis perkembangbiakan e, tumbuhan e dadi luwe murah. Terakhir, kemungkinan tumbuhan sing heterozigot diperoleh tanpa onok perubahan genetik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7358", "text": "Maulid Nabi Muhammad utowo biasa disebut Maulud iku peringatan kelahiran Rasulullah Muhammad SAW sing jatuh nang tanggal 12 Rabiul Awwal nang penanggalan Hijriyah. Peringatan iki yaiku ekspresi kegembiraan ambek penghormatan nang Rasulullah Muhammad SAW. Nek nang Indonesia, akeh banget tradisi sing dilakoni dan biasane ben daerah iku bakal- bedo-bedo. Tapi tujuane mek siji, yaiku ngerayakno dino kelahirane Rasulullah Muhammad SAW. Mbasio bedo-bedo, onok siji sing gak oleh dilakoni pas dino iki, yaiku poso. Poso pas Maulid Nabi iki onok sing ngarani haram. Dan ancen dasare, ngelakoni poso pas perayaan gedene agama Islam iku gak oleh. Malah awak dewe dianjurno gawe berpesta. Dadi nek pas acara Maulid Nabi, rayakno pol polan ae rek.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5840", "text": "Dodolan klambi ning pasar kuwi pancen angel kanggo Anggi amarga dekne uga ora oleh pelanggan sing tetap. Dhuwit modal iki terus-terusan entek amarga kudu mbayar sewane toko lan mbayar karyawan. Amarga akeh rugi, Anggi nutup tokone. Ben ora tambah rugi, Anggi sinau carane dodolan saka sosial media. Jebule, tokone Anggi iki malah rame ning sosial media lan dekne nduwe langganan sing gelem melu ngedol dagangane. Kamangka wis kadung kepenak dodol ning omah, Anggi saiki ora buka lapak ning pasar maneh. Dekne ngundang kanca-kanca sing kerja bareng lan saiki mbangun toko online kanthi tokone saiki rame lan mulai ngadek maneh senajan wis tau rugi. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6356", "text": "Omah tahan gempa yaiku omah sing strukture bisa tahan saka goncangan. Omah tahan gempa iki bisa nahan jenis getaran saka tanah ben ora ndadekake tambah rusak ning bangunan. Omah tahan gempa iki bisa irit biaya kanggo ndandani yen wayah ana gempa sing gedhe lan komponen sing penting iki ora kanthi ceblok lan uga nibani wong sing ana ning jerone. Sing paling penting saka omah tahan gempa iki yaiku struktur beton sing kudu digatekake. Ngecor beton iki kudu padhet lan kebak amarga beton sing isih ana ruang udara iki bisa marai gelis ambruk. Pengecoran iki kudu ana tahape, yaiku saban 1 meter lan yen wes rampung, pengecoran iki dibuka 3 dina sak uwise ngecor ben kuat. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "82", "text": "buah naga kui uwoh sing bentuk e unik. Seko pohone wae wis unik. Pohone kui koyo wit kaktus. Woh dewe kui bentuk e bunder. Wernone abang rodo enom. Neng kulite kui koyo ono semacam sisik-sisik sing wernone podo karo kulit wohe nanging ning ujunge werno ijo. Mergo kui woh kui disebute buah naga. Mungkin neng bayangane wong-wong, yen nogo ono endogke bentuke bakal mirip koyo woh eksotis kui. Yen werno kulite kui abang, jero awoh kui wernone macem-macem. Sing paling umum ono loro, werno abang utowo ungu lan putih. Buah naga sing abang kui kandungan banyune luwih akeh lan luwih legi. Senadyan buah naga sing putih kui luwih hambar nanging luwih cocok nek misale diolah dadi panganan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "875", "text": "Cilaka, cidra, lan terluka kui wis dadi sak paket karo olahraga. Bentuk olahragane kui iso opo wae, arep olahraga sing tim utowo sing dhewekan, awak dhewe duwe kumungkinan keno cilaka. Contoh sing paling gampang kui olaraga tinju, silat, utowo olahraga sing mirip-mirip. Neng ring utowo neng arena kui wong bakal keno polo karo lawane. Kui ora iso dihandari mergo kui tujuan seko olahragane. Atlete kui iso ngalami werno-werno cidro, koyo memar, balung irenge patah, rusuke retak, gegar otak, lan iso wae atlet kui mati mergo pertandingan sing dilakoke. Kui uga iso kedadeaan neng olahraga liyane, misale neng bal-balan atlet bal kui iso wae kesepak tim lawane. Neng olahraga mlayu utowo renang uga iso, wong kui iso wae ciloko mergo kekeselan latian.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9317", "text": "Yen kowe dolan menyang Madura aja lali mampir bukit jaddih. Bukit kapur sing isih sepi iki lumayan apik kanggo lunga preian sekolah. Panggone uga ora angel ditemokake. Bukit Jaddih iki panggone ana ing Bangkalan pase yaiku ana ing Desa Jaddih. Senajan dalane kanggo nuju bukit iki rada terjal amarga pancen panggon nambang, nanging ora angel kanggo nuju Bukit Jaddih iki. Kaping siji, nyabrang sik liwat Jembatan Suramadu. Kaping pindho, yen nganggo sepeda montor bisa liwat dalan Labang supaya ora muter balik liwat Bangkalan sik. Nanging yen nganggo montor kudu muter liwat Bangkalan supaya bisa tekan Bukit Jaddih iki. Perjalanan sing suwi iki bakal keganti karo senenge nalika ndelok pemandangan Bukit Jaddih iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9340", "text": "Dinda dolan menyang Bromo karo kanca-kancane. Nalika tekan ana ing Bromo, Dinda langsung nuju jaran kanggo numpak. Jaran iki bisa nggawa Dinda ning pirang-pirang panggon kayata spot kanggo ndelok srengenge sing metu utawa sunrise, kawah, padang savana, lan bisa disewa mung kanggo foto. Dinda ora wedi kanggo numpak jaran amarga jaran iki dudu kewan liar, nanging jaran iki salah siji kewan sing diramut karo masarakat Tengger utawa masarakat sing ana ing saubenge Gunung Bromo kanggo nggawa wisatawan muteri Gunung Bromo. Sawise pegel muteri panggon ing gunung Bromo, Dinda langsung njaluk difotokne karo jaran kanggo kenang-kenangan. Dinda uga ora lali kanggo bayar sewa jaran iki ing wong nduwene.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2866", "text": "Nag awakmu tau delok sing jenenge gong utowo ludruk mesti awakmu ngerti alat musik siji iki yaiku gendang. Gendang utowo kendhang iku biasane diunekno nganggo tangan koyok dikeplak-keplak ngunu tapi ora atek nganggo bantuan alat liyane. Kendhang iki gelek dipetuki nang daerah Jawa Barat ambek Jawa Tengah. Lah terus piye nag pengen gawe kendang dewe. Nag pengen gawe kendang yo kudu ngerti disek bahane opo ae kanggo gawe kendang yaiku Kayu Batangan utowo glundungan sing iso dibolongi wite, terus ambek lulang sing wes kenek utowo digawe ora lulang sing lagek nguliti teko kewan. Mari ngunu, kudu disiapno tali barang gawe naleni lulang iku maeng. Lah iku maeng bahan-bahane kendhang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4079", "text": "Saiki akeh wong sing seneng nandur maneh koyok wong tani, kadang saking senenge sampek tanduran sing ora iso nguwehi penghasilan ditandur, nah ketua kelompok tani nang desoku iku nyaranno nag iso nandur iku golek tanduran sing nag diicir iku iso nguwei hasil sing apik ambek sing iso dadekno penghasilan soale ben iso kenek gawe tomboh pegel. Yo ancene nandur iku nyenengno, tapi nag ora hasilno yo ora enak senenge, kejobo nag ancene wong iku wes duwe duwek akeh yo ora masalah. Dadi nag iso nandur opo-opo iku sing iso dadekno duwek ben nag wayai tanduran iku panen iso nguwehi manfaat nang wong sing nandur ben kenek gawe bondo ambek nandur maneh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4032", "text": "Carane urip nang gunung iku ancene sejene pol ambek carane wong urip biasa sing koyok nang panggonan biasane. Nah urip nang gunung iku wonge kudu duwe awak sing kuat soale panggonan iku maeng bedone pol keadaane, teko lemahe sing munggo medun ambek ora roto, terus diumeti ambek alas, mari ngunu panganan yo mok ono teko wit-witan utowo tanduran sing ono nang daerah kono tok, terus yo ora ono panganan sing teko pabrikan barang mergo ora ono trek iso munggo gunung. Terus nag urip nang duwur gunung sak liyane iku maeng yo kudu iso cepet nyesuaikno awak sak cepete mergo nag ora iso, yo bakal kewoen polahe urip nang gunun iku ora podo ambek urip nang panggonan sing biasane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2408", "text": "Nag delok mitos teko wisata telaga sarangan. Kenek diarane nag telogo iki duwe cerito sing aneh. Salah sijine yo iku nag ono pasangan sing podo seneng terus dolan mrene bakal pedot. Travelkompas.com tau oleh data teko pawang jaran sing ono nag daerah kono ambek nginfono nag kabeh pasangan sing podo-podo seneng terus pacaran ambek dolan nong enggon iku bakale pedot soale kenek kekuatan barang ghoib sing rupane kutukan. Tapi, ancene nag dolan nang endi-endi kudu duwe sopan santun nag ora pengen ono masalah sing dikarepno. Tapi sing jenenge mitos iku kenek dipercoyo yo kenek ora dipercoyo, soale jarene yo ono pasangan sing dolan mrono tapi ora ono opo-opo. Mangkane sampek saiki akeh ae bocah-bocah enom karo pacare dolan mrono gawe rekreasi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8146", "text": "Sopo ae iku isok dodolan online. Platform sing digawe iku isok sembarang kalir. Gak mek nang Shopee utowo Tokopedia tok, tapi nang media sosial yo isok. Salah siji media sosial sing paling akeh digawe dodolan online iku Twitter. Alesane iku mergo barang sing didol iku luwe gampang digolek karo uwong teko fitur tagar e. Cara gawe dodolan nang Twitter iku koyok ngene. Siji, fotoen barang sing kate mbok dol. Loro, gaweo caption sing menarik. Telu, delok rego pasar, ojok digawe kelarangen. Papat, ojok lali cantumno lokasi dan isok di-checkout nang Shopee opo Tokopedia ta igak. Terakhir sing paling penting, cantumno sisan tagar sing berhubungan ambek barang iku mau. Mari deh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1743", "text": "Aku urip wis 24 taun. Selama kui, aku ketemu karo akeh wong. Seko akeh wong kui, ono beberapa sing dadi konco lan kenal lumayan cerak. Seko konco-koncoku sing cerak kui aku nemuke ono sing podo. Tabiate pancen bedo-bedo, ono sing kendel banget, ono sing pinter. Sing podo karo konco-koncoku kui dheweke podo pinter ngomong lan duwe konco sing akeh. Nanging sing paling podo kui, dheweke podo duwe ciri fisik sing miri-mirip, terutama neng rupane. Kulite konco-koncoku kui werno coklat koyo werno sawo. Bentuk sirahe kui lonjong nanging bagian pipine rodo ngotak. Aku bingung kui kenopo. Aku ngeroso lucu wae. Aku ora duwe konco sing akeh, nanging konco-konco sing ono kui raine rodo mirip.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5051", "text": "Masio aku dudu Konghuchu, aku ya isih mengeti imlek amarga keluwargaku isih ana trah Tionghoa. Kamangka saban imlek, aku lan keluargaku ngumpul ning Semarang. Amarga aku ora sembahyang ning klenteng, aku lan keluargaku sing ora sembahyang marang klenteng, nyiyapakae panganan kaya permen, mie, dimsum, lan buah sing kudu ana ning wayah imlek. Kabeh sekeluwarga nganggo klambi abang amarga jare bisa mberakahi. Sing terakhir yaiku sing paling tak enteni amarga bagi angpao utawa amplop abang sing ana dhuwite. Ning keluwargaku, sing ngewenehi amplop kuwi sing wis rabi utawa sing wis kerja kamangka dadi simbol ngewangi sedulur sing durung bisa mapan ekonomine. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4715", "text": "babagan promosi wisata sing kurang iki uga kedaden ning objek wisata Lembah Indah. Lembah Indah iki ana ning cedhak Gunung Kawi. Lembah Indah iki duwe akeh wahana sing bisa dadi salah siji sorotan ning wilayah Malang Kidul. Lembah Indah iki dibuka tahun 2019 lan nawarake macem-macem spot foto. Nanging, yen sing ditawarake mung spot foto ya ora bakal berkembang amarga wisata saiki sakliyane ngewenehi hiburan ya kudu ana edukasine. Lembah Indah iki bisa dadi luwih gedhe yen pemerintah Malang bisa ngewenehi dukungan sing gedhe kaya dana masyarakat, perizinan, lan promosi amarga promosi wisata isih kurang. Perbaikan dalan ya kudune bisa dilakoni ben pariwisata iki tambah kondhang. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6662", "text": "Melukat kuwi salah swijining tradisi sing ana ning Bali kanggo ngilangake rasa stres, ngeresiki Jiwa sing susah, lan uga mbuka aura ben pikiran luwih seger lan kuwih kepenak didelok wong. Upacara iki dilakoni karo umat Hindu, nanging amarga manfaate sing gedhe miturut terapis jiwa, melukat iki bisa dilakoni karo wong saka agama liya. Melukat iki kaya semedi, nanging ana media lan uga pakar ben awak dhewe luwih ngerasa tenang lan oleh sugesti positif. Melukat kuwi saka tembung sulukat. Su kuwi artine apik, lukat kuwi proses nyuceni apa sing elek ning awak. Melukat iki biyasane dilakoni massal utawa ana wong akeh sing dibarengake. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2385", "text": "Jarene wong nag desoku bayem iku apek gawe tambah darah, terus akeh vitamine. Tapi saiki akeh wong desoku ngadohi bayem soale akeh sing duwe asam urat. Aku dewe yo heran lapo'o sayuran bayem sing akeh gizine ora apik. Sak wise aku takok koncoku sing ahli gizi, tibak'e bayam duwe kandungan purin sing lumayan gede mangkane wong sing duweh asam urat ora oleh mangan bayem. Ket iku wong nag desaku ora ono sing icir bayem. Tapi saiki malah akeh sing icir buah-buahan contone koyok pelem. Jarene salah sijine tonggoku, pelem iku enak rasane nyegerno, opo maneh nag pas ketigo enake pol. Yo aku percoyo ae se, soale nag pas ketigo mesti pelem-pelem podo akeh sing mateng terus diganyang nag awan-awan enake pol. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "935", "text": "Ibuku utowo wong-wong sing neng generasine kerep cerito yen pas kui radio kui lagi jaya-jayane. Disik wong iso terkenal utowo dikenal seko dadi penyiar radio. Saiki penyiar radio sing arep terkenal kui kudu pindah-pindah neng media liya, koyo neng Youtube utowo siniar misale. Penyebab radio ora akeh diminati saiki werno-werno. Salah sijine, wong saiki luwih seneng delok konten sing ono gambar lan swarane, ora mung swara tok. Konten video sing cekak sing wong podo seneng saiki kui ora iso digawe karo radio. Radio kui media sing ngandelke swara dadi ora mungkin ono gambar lan video ditampilke. Nanging, dudu uga radio kui bakal mati. Radio bakal tetep ono nanging mungkin bakal berubah akeh banget seko taun-taun 2000-an.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2359", "text": "Akeh wong sing seneng ambek keripik gedang, termasuk aku yo seneng karo keripik siji iki. Sakliyane regane murah, kandungane yo lumayan apik. Nag jarenen situs sehatq.com, keripik gedang iku duwe kandungan koyok, kalori, protein Karbohidrat, serat, gulo, lemak, lemak jenuh, kalium, ambek vitamin B6. Dadi, vitamin-vitamin iku maeng lumayan manfaat kanggo awak dewek kabeh. masio vitamin iku maeng ora sepiro akeh nag dibandingno ambek gedang sing asli durung diolah, tapi vitamine yo lumayan akeh. Terus ono maneh keripik sing kandungane yo lumayan akeh, koyok keripik mlinjo sing duwe kalsium, protein, zat besi, ambek fosfor. Tapi ora kabeh wong seneng ambek keripik iku soale rasane sing pahit, termasuk aku yo ora seneng ambek keripik melinjo. saolae rasane pahit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5132", "text": "Crita Malin Kundang yaiku crita saka Sumatera Barat sing nyeritakake akibat durhaka marang wong tuwa. Crita iki uga duwe kemiripan karo crita sing ana ning asia lan khususe daerah-daerah rumpun Melayu kaya si Tanggang. Crita rakyat iki uga tau didadekake ilustrasi ning prangko Indonesia taun 1998. Alure crita iki yaiku Malin lan ibune sing mlarat. Banjur Malin melu kapal pedagang sugih lan dadi pegawe. Amarga nasibe apik, Malin dirabi karo anak juragane. Pas wis sukses, Malin balik nang kampung lan ora ngenali ibune. Kamangka ibune ngewenehi sabda banjur kapale kegulung ombak lan Malin dikutuk dadi watu. Watu Malin kundang iki ana ning Pantai Air Manis ning cedhak Kutha Padang. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6658", "text": "Menungsa sing siaga kuwi yaiku sing ngerti kepiye kondisi omah lan alam sing ana sekitare saiki. Wong sing peduli karo alam kuwi mesti bakal bisa maca tandha bencana kaya anane gunung mbledhos, tsunami, lan uga sak panunggale. Wong kang peduli alam kuwi kudune ya bisa peduli marang awake dhewe lan bisa nyusun rencana kanggo ngurangi risiko bencana. Persiapan kanggo ngurangi risiko bencana iki uga akeh kaya sinau babagan bencana sing arep teka lan uga nyiyapake kelengkapan kanggo ngilangake rasa kuatir. Amarga kuwi, ning jaman saiki sing akeh bencana, awak dhewe kudu dadi wong sing waspada lan uga wong sing peduli marang lingkungan. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8937", "text": "Sak liyane cedera otot, onok sisan cedera tulang sing isok dialami ambek sopo ae. Salah sijine iku patah tulang nang bagian lengen. Salah siji penyebabe iku mergo pas olahraga, onok benturan nang bagian lengen terus onok tekanan berlebih sing marakno tulang iku akhire putung. Nek wes krungu onok muni “krek!”, langsung lakoni penanganan pertama gawe korban iku mau. Salah siji sing efektif iku ngestabilno posisi lengan sing putung iku mau. Carane ngene. Siji, dekek belat nang ngisor karo duwur lengan iku mau. Loro, bebet nganggo kain utowo perban gawe nahan belat ben gak geser. Nek wes ngono, baru telpon tenaga medis sing luwe ahli.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2483", "text": "Ndelok film iku biasane penggawean sing delok cerito sing ono nag layare TV, Bioskop, Utowo sak jenise iku maeng. Tapi saiki delok Tv iso teko endi-endi soale jamane wes maju. Ndelok Film saiki wae yo wes iso teko Hp sing penting Hp iku maeng ono internete. Ndelok film iku iso didadekno penggawean alternatife nag awak dewe ngeroso pegel ambek aktifitas sing sakbendinoe mbok lakoni. Ndelok film iku aktifas sing asline iso ngilangno stress soale iso hibur awak. Terus delok film saiki yo gampang soale iso didelok nang endi-edni terus regane yo murah. Ora angger murah tok ndelok film saiki iso macem-maceme yo akeh, ona sing film action, film cerito, film dokumetary, ambek liyan-liyane karek milih dewe endi film sing mok senengi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1233", "text": "Salah siji alesan kenopo bisnis-bisnis cilik kui cepet bangkrut utowo ora berkembang-berkembang kui mergo bisnis kui keakehan pegawe. Biasane bisnis-bisnis ciliki iki sing duwe wong deso sing ora duwe pengetahuan akeh perkoro jalanke bisnis. Biasane dheweke kerep dititipi sedulur utowo tanggane wong-wong sing lagi butuh gawean. Mergo ora ngerti bisnis kui, wong sing duwe bisnis cilik iki ngiyani wae. Niate awale pengen nulungi dulur lan tetonggone. Dheweke mungkin percoyo banget yen bisnis bakal gedhe. Dheweke durung iso ngebayangke yen keakehan wong sing dititipi kui gawe buntung usahane. Makin akeh pegawene artine uga makin akeh biaya gaji sing kudu dheweke toke. Padahal bisnis kui mungkin tetep iso mlaku ngango seporo jumlah pegawene sing saiki.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5492", "text": "Fasilitas kuwi dadi salah siji babagan sing penting kanggo nonton olahraga. Salah sijine yaiku anane stadion amarga stadion iki layanan umum sing wajib oleh anggaran saka daerah lan negara. Stadion sing paling gede ning manca negara yaiku Narendra Modi Stadium. Narenda Modi Stadium iki ana ning India, yaiku Ahmedabad. Stadion iki dudu kanggo olahraga bal sepak, nanging kanggo olahraga criket. Stadion sing duwe kapasitas 132.000 penonton iki dibangun taun 1983 lan dipipimpin karo federasi cricket ning India. Banjur stadion iki ditutup kanggo dibangun maneh wiwit Februari 2020. Ambane stadion iki yaiku 63 hektar lan akeh banget fasilitas pendukung sing ana ning jerone. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5807", "text": "Mulai usaha konveksi iki mbutuhake proses sing suwe amarga awak dhewe kudu paham tren lan ora bisa asal mbuka distro utawa toko klambi. Awak dhewe kudu ngerti perkembangan pasar nanging uga bisa konsisten marang identitas lan ciri khas ben bisa dadi jujugan karo wong sing arep tuku. Sing dibutuhake saka industri konveksi iki yaiku kepercayaan saka pengusaha marang penjahit lan wong sing tukang gambar utawa desain klambine. Banjur dadi pengusaha konveksi iki kudu kreatif lan uga pinter promosi marang sosial media ben wong padha ngerti babagan bisnis iki. Kamangka, bisnis iki ya bisa diomong angel-angel gampang amarga butuh wong sing gelem telaten.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "973", "text": "Aku tau delok video robot sing iso gawe sego goreng dhewe. Kui ono neng salah siji restoran sing ono neng Singapura. Robote kui dudu robot sing bentuke koyo wong tenanan lan masuk sego goreng koyo koki-koki. Robot kui luwih mirip koyo blender. Dadi neng tengahe kui ono wajan biasa. Neg sampinge wajan kui ono wadah-wadah kanggo deleh bahan-bahan sego gorenge. Bahane kui diseleh karo pegawene sesuai koro pesenan. Mengko, bahan-bahane kui ditumpleke dadi siji neng wajane. Mengko ono robot sing bentuke koyo tutup mingkup neng wajane. Neng ngisore tutupe kui, ono alat piranti sing nganggo ngaduk bahan-bahane mau kanthi rata.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7437", "text": "Jaman saiki, media gawe moco buku iku wes macem-macem. Opo maneh saiki iku jaman wes serba digital, dadi buku pun onok bentuk digitale. Buku digital mau jenenge e-book. Platform sing nyediakno e-book sing legal iku yo onok akeh, salah sijine Google Play Books. Cara moco buku teko kono iku gampang. Pertama, gawe akun disik dan verifikasi akunmu. Mbari ngono, klik nang bagian pencarian, dan golek buku sing kate mbok golek. Semisal awakmu kate nggolek cerita rakyat, golek ae nganggo judule. Nek ketemu, klik gambar bukune dan pilih metode pembayaran gawe bayar buku iku. Nek wes mari, awakmu wes isok moco e-book iku dengan aman dan legal.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3204", "text": "Game aspalt 8 iku ancene apike megilan soale montor-montore sing digawe iku koyok nyoto, terus lintasan ambek panggonan sing digawe balapan yo macem-macem ambek pemandangane maeng apike megilan. Nag sing garai aku seneng ambek game iki yoiku montor-montore sing ancene iku termasuk montor sing larange megilan. Masio aku durung iso duwe tapi nag nang game mesti iso gawe montor iku. Tapi senggarai eman teko game iki yoiku ukurane sing gedene orambloko, tapi iku sih lumrah opo maneh gambar sing ono nang game iki apike ora karuan dadi yo rodok apik lah. Terus ono maneh sing garai eman yaiku butoh RAM sing gede soale kanggo ngelakokno game maeng.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2308", "text": "Jare sopo ngombe kopi iku ora apik gae kesehatan mergo ngandung kafein dukur? Nyatane, kopi yo nduwe akeh khasiat digawe kesehatane awak. Jare akun Halosehat, kopi nduwe manfaat ono 7 kabehe. Siji, kopi apik kanggo kesehatane jantung. Wong sing ngombe kopi 4 cangkir ben dinane dipercoyo iso ngurangi sampek 20% resiko stroke timbangane wong sing gak ngombe kopi.Sing kelara, penelitian teko Europan Journal of Clinical Nutrition yo nyataknno nek wong sing gelek ngombe kopi luwih enak awak'e dibanding sing ora ngombe kopi. Telu, kopi iso ngurangi resiko diabetes tipe 2. Papat, kopi apik kanggo kesehatane otak. Lima, kopi apik kanggo kesehatane ati. enem, kopi iso digawe ngurangi resiko kanker. Pitu, kopi yo iso digawe ngurangi resiko batu empedu. Ngombe kopi tetep ono aturane, yaiku kudu pas dosise, sedino dibatesi mek 3-5 cangkir/400 mg kafein ben dinane tergantung umur lan kondisi kesehatane awak. Mergane iku dianjurno ngombe kopi sing pas dosise.Ayo ngombe kopi . sak liyane kenek gawe tombo ngantuk yo apik kanggo kesehatan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "58", "text": "Panganan sing bahan dasare aci kui akeh banget. Ono sing jenenge cimol. Ono sing jenenge cilok utowo aci dicolak. Ono sing jenenge cireng utowo aci digoreng. Nanging durung suwe iki, aku nemu olahan aci sing menurutku paling enak. Jenenge cilor utowo aci telor. Olahan aci siji iki duwe tekstur lan roso sing unik. Bayangke perbaduan kenyele aci karo gurihe endog kecampur neng jero mulut. Gurih seko telor sing wis nempel neng acine kui tetep ono neng sak ben kunyahane. Dimbuhi, bumbu-bumu micin sing rasa balado karo jagung bakar kui marai rasane soyo nendang. Nanging tuku cilor iki ojo akeh-akeh ben ora eneg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7300", "text": "Ibadah sunnah sing isok dilakoni kapan ae gawe umat Muslim iku akeh banget. Salah siji sing tak rutini iku sholat dhuha. Awale iku mergo aku nganggur dan gak lapo-lapo pas marine lulus kuliah. Nang omah kerjaanku selain ngelamar kerjo yo mek luntang-luntung. Ambek mamaku, dikongkon ngelakoni kegiatan sing bermanfaat dan isok berpahala. Akhire aku disarano karo mamaku gawe sholat dhuha. Awale aku males banget, tapi tetep tak coba ngerutini. Awal-awal mek tak rutini rong rokaat tok. Suwe-suwe tak tambah dan saiki wes isok rutin sholat dhuha sampe wolong rokaat ben dino. Malah saiki nek gak sholat dhuha iku rasane koyok onok sing kurang.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5133", "text": "Salah sawijining crita sing terkenal ning Jogja yaiku legendane Candi Prambanan. Candi iki dibangun abad ke-9 masehi lan alirane Hindu Syiwa. Candi iki dadi sesembahan marang trimurti utawa telu utama dewa Hindu. Nanging Prambanan iki uga diceritakake ning salah siji crita yaiku Roro Jonggrang lan Bandung Bondowoso sing sakti. Crita iki dimulai saka peperangan Kerajaan Pengging lan Kerajaan Baka. Amarga Prabu Baka gugur, Bandung Bondowoso mulai nyerang Pengging lan ketemu karo Roro Jonggrang uga seneng lan pengen ngerabi. Kamangka kuwi, Roro Jonggrang duwe cara ben ora bisa dirabi musuhe dhewe, yaiku ngongkon mbangun sewu candi. Nanging candi kuwi ora rampung ning candi ke 999, Roro Jonggrang dikutuk dadi patung kesewu. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2446", "text": "Transportasi wisata saiki wes macem-macem, salah sijine yaiku Bus Pariwisata. Kendaraan iki wes ono nag endi-endi, sing duwe transportasi iku yo wes akeh masio nag deso yo akeh. Nag awakmu pengen golek transportasi wisata sing cocok ambek awakmu, sing awitan golek'o info panggonan wisata endi sing ate mok parani soale kadang ono panggonan wisata sing ora kenek dilewati transportasi wisata sing gede. Mari ngunu lagek golek info nang konco-konco masalah transportasi wisata sing wes pengalaman tau wisata soale kadang ono transportasi wisata sing fasilitasi wes ora pantes di gawe wisata maneh. Terus cocokno ambek regane, nak iso ditowo sampek oelh rego sing cocok. Soale wong sing duwe transportasi wisata mesti yo pengen bati akeh. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "449", "text": "Allah ora butuh salat utowo ibadahe awak dhewe. Allah kui zat sing Maha Kuasa, ora ono kekuatan liyo sing iso ngalahke. Yen awak dhewe, ora ngelakoke opo sing diperentah karo Allah lan ngadohi larangane, Allah ora bakal kelangan keagungane sebagai Tuhan. Yen kabeh menungso lan kabeh ciptaane ora nyembah meneh, Allah tetep ora bakal turun derajate. Sing butuh Allah kui, makhluk-makhluke, termasuk awak dhewe menungso iki. Awak dhewe ora biso ngopo-ngopo yen Allah ora berkehendak. Yen awak dhewe ngelkoke kesalahan lan doso sing gede, Allah bakal ono kanggo ngebusak doso-doso kui. Allah kui zat sing paling awal ono neng jagad iki, lan dadi zat sing terakhir ono neng jagad iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4027", "text": "Saiki akeh wong sing ora sepiro rukun ambek tonggone mergone gaya uripe wong saiki iku wes seje ambek wong biyen. Saiki gaya uripe iku wes koyok wong sing mentingno awake dewe timbang wong sing ono nang pinggir-pinggire. Dadi nag ono opo-opo karo tonggone mesti podo nutupi kuping ambek moto. Mangkane karo perkoro iku maeng saiki wong-wong koyok nang perumahan gede iku biasane gelek ora ngerti tanggane timbang ngertine polahe yo gaya uripe maeng sing luwih mentingno uripe dewe timbang wong liyane. Asline sin genenge urip ambek tonggo nag iso yo kudu sing rukun ben nag ono-opo iku ngerti ambek nag ono opo-opo iso jaluk tolong ambek tonggone.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7776", "text": "Pergelangan tangan iku paling rentan ngalami kondisi sing marakno rasa lara. Contohne nek pas tibo utowo nyusruk pas olahraga, iku pasti marakno bagian pergelangan tangan lara dan berpotensi cedera. Nek wes ngono, tangan iku kudu cepet-cepet dibalut disik sak durunge digowo nang Rumah Sakit nek misal kondisine nemen. Siji, siapno kain balute disik, dan bahane sing elastis. Loro, mulai balut ndek seputar jari pas ndek ngisor kepalan terus nutupi telapak tangan. Telu, lanjut balut sampe nang area sikut ben ngasilno kestabilan sing apik dan isok nyegah cedera luwe lanjut. Pastikno sisan ben balutan iku nutupi 50 persen teko balutan sak durunge. Terakhir, kunci nganggo pengunci balutan sing onok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8967", "text": "Salah siji game sing luawas pol yaiku Zuma. Zuma iku permainan teka teki gawe nyocokno ubin sing dipublikasikno ambek PopCap Games. Game iki nduwe level sing akeh, dan tambah gede level e tambah angel sisan permainan e. Cara gawe dolen Zuma iku koyok ngene. Siji, pertama kali game dimulai, engkok bakal akeh bal werno werni sing metu nang jalur garis e. Terus engkok kodok e iku bakal nyokot bal sing wernone bedo bedo. Loro, tembakno bal sing dicokot zuma mau sesuai ambek wernone nang barisan bal sing onok ndek jalur garis iku mau. Terakhir, lakoni terus sampe bal iku mau entek. Ojok sampe bal sing onok nang jalur garis iku kesedot ambek kodok e ben awakmu gak kalah.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1748", "text": "Awak dhewe mending ojo ngelakoke hubungan konconan ning ono batine karo sopo wae. Maksudku, kui hubungan sing konco nanging mirip koyo yang-yangan. Kontekse neng Barat kui konconan nanging ngelakoke hubungan badan. Sing cetho kui, tetep neng jobo lembaga pernikahan. Soale, hubungan sing koyo ngono kui ora sehat menurutku. Iso wae pas ngalakoke kui sing wedho metheng lan sing lanang ora gelem tanggung jawab. Sebenere, kui uga iso dilakoke karo wong sing yang-yangan. Nanging neng hubungan konconan sing ono batine kui, statuse luwih ora cetho meneh. Kui luwih ora serius karo yang-yangan. Biasane iki dilakoke karo wong-wong sing ora gelem utowo wedi karo komitmen.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "468", "text": "Kabeh agama kui duwe kitab sucine dhewe-dhewe. Kitab suci kui dudu mung dadi sekadar simbol seko agama kui dhewe-dhewe nanging mesthine dadi cekelan kanggo menungso sing beragama. Kitab suci kui isine mesthi beda-beda, merga kabeh agama kui duwe kepercayaan sesembahan sing bedo. Naning yen ono sing podo seko kitab suci kui kabeh ngajarke perkoro-perkoro sing apik lan ngilingke perkoro-perkoro sing olo. Neng jerone kui uga ono kisah-kisah seko jaman biyen, sing iso awak jupuk pelajarane, sing apik-apik awak dhewe terapke lan sing olo-olo awak dhewe hindarke. Makane, awak dhewe kudu moco lan nyinauni kitab sucine agamane dhewe-dhewe supoyo awak dhewe iso dadi menungso sing disayang karo Tuhan lan duweni tabiat sing apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3117", "text": "Olahraga sing paling gambang ambek entenge pol nag dilakoni iku akehe pol, tapi ora kabeh wong iku ngerti nag iku termasuk olahraga. Olahraga iku maeng jenenge ngumetno gulu. Olahraga iki biasane pasepol kanggo nambani gulu sing kaku ambek sing kemeng polahe kakean penggawean. Carane oleh ngelakoni olahraga iki ya gampange pol yoiku carane kudu lunggoh terus awake kudu tegak ambek bahune iku maeng dilemesno, terus gulune maeng diumetno nang kiwo sak adoh-adohe, terus ditahan sampek sekitar limang menitan, terus nang sise sing tengen yo ngunu podo ae, terus ngunuku ora cukup mok pisan tok, tapi kudu dibolan-baleni sampek peng bolak-balik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2864", "text": "Nag angger ngeringekno nyanyian dangdut mesti keringi suarane kendang. Lah kendang iki asline alat musik tradisonal sing akeh-akehe ditemokno nang Jawa. Lah suarane kendang iki ancene enake pol, ambek duwe ciri khas sing ora ono nang alat musik liyane. Jarene koncoku sing tau naboh soale bocahe jurusan seni budaya, suarane kendang iku iso molah maleh karek sing naboh iku iso opo ora nabohe, nag ora iso nabohe yo dadi ora karuan suarane, iso-iso ora kenek diringekno kupinge wong. Mangkane wong sing naboh kendang yo kudu sinau disek ben suarane enak ambek ora bejatno kendange maeng soale kendang iku ono sing gampang jebol soale sing ditaboh maeng teko kulite sapi utowo wedos.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4084", "text": "Wong urip sing nang deso saiki iku wes gaya-gaya ambek sombong-sombong polahe kenek gayae wong sing teko kota. Nah sing garai maeng yoiku ono ne budaya sing teko kota iku mlebu nang deso sing biasane digowo ambek bocah-bocah enom sing kerjo nang kota. Terus bocah-bocah enom iku maeng sing nularno budaya sing ora tepak iku. Nah akhire yo koyok ngeneiki dadine. Wong deso sing ora ero uripe wong kota tapi gayae ngalah-ngalahi wong kota. Nag wes koyok ngeneki kan ngesakno. Wong deso dadi korban budaya sing ora tepak iku maeng. Nah sak jane wong sing generasi tuo maeng iku kudu ngandani generasi enom sing rodok ora tepak maeng ben ora keblinger.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5570", "text": "Ning kampusku, ana UKM sing khusus ngembangake hobi ngerakit robot. Anggotane uga akeh lan ora mung saka fakultas teknik. UKM robot iki seneng baget ngadakake pameran saban semester lan nggawe majalah khusus kanggo UKM robot. Banjur saban taun, UKM robot iki melu lomba ning tingkat nasional uga manca negara. Kancaku, Rika dadi anggota UKM kuwi senajan dekne kuliah ning Fakultas Ekonomi Bisnis. Rika iki bagian ngurusi proposal yen arep ana lomba. Nanging ya suwe-suwe Rika sinau babagan cara nggawe robot saka kanca-kancane. Saiki, pas wis senior Rika dadi sing bagian ngawasi perkembangan UKM lan nggolek-ngolekake lomba kanggo anggota UKM kuwi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9003", "text": "Mesin cuci rong tabung iku nduwe jeneng liyo mesin cuci manual. Komponen sing onok nang mesin cuci iki onok akeh. Siji, display selector sing fungsine gawe ngatur sesi kumbahan. Loro, inner wash tube yaiku tabung sing digawe ngumbah klambi. Telu, pulsator sing fungsine gawe nyiptakno pusaran banyu gawe ngumbah klambi. Papat, spin tube yaiku tabung gawe panggon pengering. Limo, billows sing fungsine gawe nyatukno body tabung pengering bagian ngisor ambek motor spin. Enem, wash timer sing fungsine gawe ngatur wektu ngumbah klambi. Pitu, spin timer sing fungsine gawe ngatur waktu ngeringno klambi. Wolu, speed reducer sing fungsine gawe nggerakno pulsator. Songo, motor wash sing nduwe kecepatan rendah gawe nggerakno pulsator pas lagi ngumbah. Sepoloh, motor spin sing nduwe kecepatan duwur gawe ngeringno klambi. Sulas, van belt sing fungsine gawe ngehubungno motor wash ambek speed reducer. Rolas, case divi alias saluran pembuangan. Terakhir, selang pembuangan sing fungsine gawe ngguwak banyu bekas kumbahan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1726", "text": "Awak dhewe kudu ngewangi tonggone sing lagi keno musibah. Awak dhewe kudu ngelakoke kui mergo kui wong sing cerak karo awak dhewe lan awak dhewe uga kepengen ditulungi pas lagi keno musibah. Kanggo nulung tonggo sing lagi kesusahan kui ono beberapa perkoro sing awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu takon disik neng wonge opo sing iso awak dhewe ewangi. Duwe inisiatif dhewe kui apik, nanging uga iso malah nambah ngerepoti wong sing keno musibah mau. Sing keloro, awak dhewe iso ngewangi tenogo neng omahe. Misale, ono tonggone dhewe sing anggota keluargane sedo, awak dhewe iso ewangi nganggkat kursi seko balai deso utowo ngerisik dalan ngarep omahe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2416", "text": "Nag pengen golek wisata alam sing nyempel terus panggonane apik yo dolan wae nang malang. Nag kono akeh enggon sing apik-apik terus ragene tikete yo murah-murah salah sijine yaiku pantai balekambang. Pantai iku duwe keunikan sing ora ono nag pantai liyane koyok contone ono pulau cilik sing nag duwure ono Pura sing diarani \"Pura Amarta Jati\" yo podo ambek sing koyok nag bali asline. Cumak nang kene pantaine luwih asrih soale pengunjunge ora sepiro rame koyok nang bali sing wes bek ambek Bule. Terus pantai iki posisine nag daerah Balekambang, Sumber Jambe, Srigonco, Bantur, Malang, Jawa Timur. Terus nag pingir-pingire yo ono pulau cilik-cilik maneh sing jenenge Anoman ambek Wisanggeni. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7810", "text": "Dino iki aku sak keluarga berangkat nang WTC, salah siji Mall nang Suroboyo sing ngedol sembarang kalir jenis hp. Tujuane mrono iku mergo adekku ketrimo nang kampus favorit e, wes ngono ketrimone nang jurusan pilihan pertamane. Bapakku nawari, gelem hadiah opo gawe ngerayakno iku mau. Adekku ngomong nek kepingin hp anyar. Makane saiki awak dewe kabeh onok nang WTC. Berhubung adekku wes nduwe daftar hp sing dikepingini, akhire de’e langsung njujuk nang iBox. Nang kono, gak atek suwe-suwe, adekku langsung milih iPhone 11. Pas didelok dadakno onok pilihan wernoe. Adekku langsung milih werno ungu enom alias werno senengane. Wes mari, teko kono langsung moleh soale sing digolek wes ketemu.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5163", "text": "Sasando kuwi yaiku salah sawijine alat musik saka NTT sing dimainke nganggo senar lan dipetik kaya gitar. Alat musik iki bentuke sederhana yaiku saka pring sing ukurane 7 kanthi 30 cm banjur pinggirane ditutup godhong lontar kanggo panggon resonansi swarane. Bentuk penutup iki kaya lekukan-lekukan kaya piranti kanggo nampung banyu. Ning sasando iki ana sejenis senar sing maune digawe saka benang fifik. Nanging benang iki gampang pedhot banjur diganti nganggo serat godhong lontar. Bagian ndhuwur pring kuwi ana sing kanggo ngatur kendho lan kencenge dawai alat iki ben suarane ora fals. Ning pring kuwi ana senda kanggo ngatur nada saka sasando iki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9053", "text": "Hyperloop iki konsep sistem transportasi berkecepatan super duwur sing diajukno ambek wiraswasta sing jenenge Elon Musk. Hyperloop iki gerak atek nyiptakno tekanan sing rendah dan mungkino kapsul iku gerak nganggo kecepatan sing duwur. Konsep hyperloop iki diumumno pas Agustus 2013, sing nyakup usulan rute teko Los Angeles nang San Fransisco. Analisis awal nyudokno nek rute iku isok ditempuh dalam wektu 35 menit, sing berarti penumpang isok nempuh jarak 560 km atek roto-roto kecepatan 970 km/jam dan atek kecepatan penuh 1200 km/jam. Teknologi Hyperloop iki wes didadikno sumber terbuka ambek Elon Musk dan SpaceX, dan publik wes dijak gawe njupuk gagasan iku dan ngembangno luwe lanjut. Makane iku, pirang perusahaan iku wes dibentuk dan sekitar 10 tim mahasiswa interdisipliner lagi nyoba ngewujudno gagasan iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5195", "text": "Menu panganan ning Jogja sing angel ditiru karo daerah liyane yaiku sambel goreng krecek utawa kerupuk kulit sapi. Krecek iki nggoleke angel lan ora kabeh daerah nduwe panggon kanggo produksi krecek iki. Yen wong arep nggawe sambel goreng krecek, ya krupuk iki kudu digawa saka Jogja amarga pengolahane wes khusus lan ora kaya krupuk kulit liyane. Ana sing njajal nganggo krupuk kulit merk liyane tapi ora berhasil amarga tekstue luwih alot lan ora bisa nyerep bumbu kaya krecek Jogja. Yen gudeg pancen akeh sing bisa niru, tapi krecek iki rada angel lan kudu duwe bumbu sing pas ben ora prengus utawa amis. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6362", "text": "Ana wong sing ngilangake rasa stres liwat gim. Salah siji gim sing populer ning kalangane bocah nom jaman saiki yaiku Genshin Impact utawa Genshin. Genshin iki jenis dolanan bentuk video animasi sing nggawa para pemaine ning jero dunya digital sing wis dirancang nganggo fasilitas lengkap. Dolanan digital iki dirilis 28 September 2020 lan wis nduwe jutaan pelanggan ning manca negara. Indonesia iki uga akeh banget komunitas Genshin Impact. Komunitas iki mbahas cara main lan uga kekancan ning dolanan kuwi. Genshin iki akeh dipilih amarga ana dalan crita sing menarik lan cocok banget kanggo bocah sekolah kanthi wong sing wis umuran.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5454", "text": "Pendidikan kuwi ora mung babagan sinau lan tugas sekolah sing ana hubungane akademik. Pertandingan olahraga ning sekolah iki uga dadi sarana kanggo ngewenehi edukasi babagan pentinge kegiyatan fisik lan sportifitas. Nalika para siswa rampung ujian, mesti ana pikiran sing sumpek lan bisa marai bosen sak durunge liburan. Amarga kuwi, guru lan para anggota OSIS nggawe alternatif acara sekolah kaya classmeeting yaiku lomba-lomba ning sekolah, salah sijine olahraga. Acara iki bisa dadi meriah yen ana dukungan para guru uga staf. Lomba iki bisa nuwuhake keakraban ning anggota kelas ben saling ndukung kanca masio ora kabeh melu tanding bareng ning lapangan sekolah. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2313", "text": "Gado-gado iku panganan sing asline terkenal nang Betawi. Tapi saiki gado-gado gelek ditemokno nang endi-endi. Gado-gado iku isine ono irisane kupat, ditambah irisan sayur seger koyok timun, tomat, kecambah, selada, kentang godog, ndog godok, tempe, tahu goreng, trus nduwure diwuwuri brambang goreng. Mari nggunu disiram ambek umbu kacang, trus nduwure ditambahi kerupuk urang utowo emping mlinjo. Gado-gado biasane dipangan pas wayah sarapan mergo garai warek, trus gizine yo akeh. Protein, karbohidrat, vitamin, karo serat sing ono nang gado-gado apik kanggo nutrisine awak. Gado-gado mlebu panganan sing sehat mergo lengkap sayurane. Umume, regane ono sing 10 ewu sampek 15 ewu didelok teko nang ndi panggonane dodolan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "869", "text": "Mergo delok konco-koncoku munggah gunung, aku uga ngelakoke olahraga kui. Didelok seko foto-fotone neng media sosial kui ketoke pemandangan neng puncak gunung kui ketok endah banget. Rasane aku kepengen delok pemandangan koyo ngono langsungan. Aku uga pengen munggah gunung mergo perjalanan sing ora gampang. Ketoke kui, mungguh gunung kui abot banget. Aku seneng golek wates awakku saiki sepiro. Dadi aku iso ngebuktike neng awakku dhewe, aku kui wis kuat opo durung. Koyo sing tak omongke mau, munggah gunung kui rosone ora gampang. Sak durunge aku mutuske nganggo munggah gunung, aku kudu mastike kondisi fisikku. Aku ora entuk lara pas arep munggah lan staminaku wis kudu akeh. Supoyo pas lagi munggah, aku ora ciloko.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8120", "text": "Arek SMA ku iku gak onok sing gak kenal karo martabake buk Tun. Bahkan martabak iku wes terkenal nang kalangan arek SMA liyane sisan saking enake. Wong e iku dodolane nang omahe dewe, dadi kadang nek pas rame kudu umpel umpelan. Mbasio ngono, sek tetep akeh sing tuku. Salah sijine sing wes langganan sisan iku awakku dewe. Dino iku, aku tuku martabak buk Tun sing ketepakan lagi sepi. Mergo iku, aku dadi isok akeh ngobrol karo buk Tun. Aku iseng takon, opo’o kok gak dodolan nang Ruko sing luwe jembar. Jarene enak dodolan nang omah ae. Urusan omah isok kecandak, dan tetep isok entok pendapatan teko dodolan martabak. Bener sisan seh. Aku dadi terinspirasi karo kata katane buk Tun iku mau.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "4719", "text": "Ana sawijining pantai sing nanging kurang dipromosekake karo pemerintah setempat, yaiku Pantai Gatra. Pantai iki ana ing wilayah Malang bagian kidul. Pantai iki kesohor amarga pemandangane kaya Raja Ampat nanging luwih cilik lan duwe medan sing luwih gampang ditemokake. Pantai Gatra iki duwe pasir sing warnane putih. Pantai iki sepi, resik lan isih alami. Ora kaya Pantai Balekambang sing rame, Gatra luwih sepi amarga kurang dikenal. Kudune Pantai iki bisa dadi lokasi iklan uga shooting film. Pantai iki termasuk pantai sing ongkos mlebune murah. Mangkane kuwi awak dhewe kudu majokake pariwisata iki. Ngunjungi, ngejak keluwarga lan ngadakke promosi ing media sosial.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6377", "text": "Anggrek kuwi dadi kembang sing kondhang amarga jenis lan warnane sing apik. Ning Indonesia, Anggrek iki dadi kembang sing larang lan diminati wisatawan manca negara. Kamangka, pertanian anggrek iki potensine gede kanggo ekonomi. Cara ngembangake Anggrek iki nganggo metode cangkok amarga cepet banget ngembange. Cara cangkok anggrek iki yaiku milih cabang utawa ranting sing enom lan ora sepira tuwa. Cabang utawa ranting kuwi dionceki 5 kanthi 10 senti ben bisa nyerep nutrisi lan banjur diangin-anginke. Tutup cabang sing wis dionceki iki ditutup tanah lan sabut kelapa banjur ditutup plastik lan ditaleni. Saban dina kudu disiram lan yen akare wis tuwuh banjur bisa ditandur. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4059", "text": "Bencana alam ancene ora kenek diprediksi kapan tekoe, nah awak dewek kabeh iku isoe yo mok nyiapno awak dewek kabeh tok kanggo ngadepi nag sak wayah-wayah ono bencana alam sing ate kedaden. Nah bencana sing gelek kedaden ancene banjir nag apan rendeng. Nah petugas BPBD iku akeh-akehe nyarano kanggo ngadepi perkoro iku karo sabar soale bencana iku wes dianggep cobaan, tapi koncoku sing gelek ngadepi iku nyaranno, nag barang-barang sing sekirane iku penting iku kudu disimpen nang panggonan sing sekirane ora kenek banjir mergone nak kenek banjir mesti angel golekane ambek urusane. Contone barang-barang koyok surat-surat sing berharga ambek liyan-liyane iku maeng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9708", "text": "Hayo, sapa sing saiki akeh sambat amarga akeh banget wong kang padha rabi?. Sasi Rejeb sasi akeh wong padha nindakake ngibadah rabi. Becekan akeh banget nganti akeh wong padha sambat. Becekan yaiku tetembungan kang mligi kanggo nyebut wong sing diulemi kanggo teka ing mantenane sing nduwe gawe. Adhate becek ing Udanawu, Blitar biasane nggawa beras lan dhuwit sing diparingke marang temanten. Ananging, jaman saiki wis rada beda. Bocah nom-noman milih menehi barang kayata spring bed, bed cover, set masak lsp. Mula, kanggo kanca-kanca sing ngrumangsani kanthonge wis tipis tips iku mau bisa dinggo tuladha. Nah, saiki dadi wis ora perlu alesan ora teka mbecek amarga bingung menehi cacahe duit pira, ayo padha nyumbang sak mampune.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9328", "text": "Salah siji panggon wisata viral sing ana ing Indonesia yaiku Heha Sky View sing ana ing Gunungkidul, Jogja. Ing kene kira-kira saben dina ana kurang luwih 100 wong sing teka. Apa maneh nalika preian bakal luwih akeh banget. Wong sing teka biasane pengin ndelok pemandangan Jogja saka duwur. Soale yen sore nganti bengi pemandangane apik banget. Bisa ndelok lampu kelap kelip saka nduwur utawa ndelok srengnge sing mudhun. Nanging yen panggon wisata viral mesti ana kurange. Amarga sing teka wonge akeh banget, dadine kadang lali karo lingkungan. Wong-wong padha ngguwak sampah sak penake dhewe padahal wis disediakna tempat sampah. Mula, nalika ana ing panggon wisata ngendi wae ayo padha jaga karesika supaya panggone tetep resik!.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7735", "text": "Nek awakmu pas nang Gym, pasti tau ndelok bal sing ukurane lumayan gede. Nek wong awam pasti ngirone iku mek gawe dolanan tok. Iku jenengen gym ball dan iku temenan digawe olahraga. Dadakno olahraga gawe gym ball iku akeh banget manfaate gawe ibu hamil. Siji, ngeredano loro geger. Loro, merbaiki postur tubuh ibu hamil. Telu, ngurangi tekanan ndek pinggul, geger, karo tulang mburi ibu hamil, dadi nek longgo nang kono iku isok luwe nyaman timbang longgo nang kursi biasa. Papat, mbantu nyeimbangno ligamen, tendon, ambek nguatno otot ndek area pinggul. Limo, mbantu ningkatno aliran darah nang rahim, dadi janin isok tumbuh optimal. Makane akeh banget dokter sing nyarano ibu hamil olahraga nganggo gym ball iki.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9246", "text": "Ocha utawa teh Jepang saiki wis misuwur banget ana ing Indonesia. Teh ijo iki wis gampang banget digawe amarga wis ana ocha sing langsung dadi utawa instan. Kaping pisan, tuku ocha instan sing ana ing warung utawa supermarket. Kaping pindho, nggodhog banyu kanthi umup. Kaping telu, teh ijone sing wis ana kari dicam karo banyu panase. Teh ijo iki bisa diombe kanthi ditambahi gula nanging wong-wong luwih seneng yen ngombe teh iki tanpa nganggo gula supaya rasane isih asli. Nanging yen ora diwenehi gula bakal krasa puait pol. Teh ijo iki akeh banget kasiyate. Mula, yen kowe pengin jaga kesarasan aja lali kanggo njajal lan ngombe teh ijo iki.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9703", "text": "Ning adat jawa onok sing jenenge kenduren tingkeban. ning acara iki akeh macem e panganan sing kudu onok ning acara iki. onok pitu macem e bubur onok bubur sruntul,bubur menir, bubur sengkala,bubur abang,bubur putih,bubur procot. onok tumpeng e sisan. ning tingkeban iki yo onok jajan pasar e wakeh macem e jajan pasar e wong jowo iki. wong wong yo nggawe rujak tingkep iki isine koyok buah buah , iki biasane sing disenengi wong wong. onok dawet e sisan . ora lali keleman e panganan iki isine telo, pohong lan polo pendem liane. wong jowo yen nggawe kenduren tingkeban iki mesti akeh tonggo kiwo tengen e sing diundangi kongkon nak omah e . biasane omah e rame rame tonggone lan dulure podo ngelumpuk dungakno sing kenduren lan mangan mangan jajan sing wis di kek i iku mau. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9618", "text": "Cara dakwah Islam pancen ora oleh kolot lan kuna. Iki sing dilakokake karo Sunan Kalijaga. Salah siji wali sanga sing dakwah ana ing daerah Jawa Tengah iki nggawe cara dakwah sing efektif banget. Sunan Kalijaga nyebar lan ngenalake Islam ning masarakat daerah kono kanti budaya lan musik kayata wayang, gamelan, lan liyan-liyane. Cara iki jebule efektif amarga ora langsung ngilangi kebiasaan masarakat sing ana, nanging bisa kolaborasi karo budaya sing ana. Sunan Kalijaga uga mikir yen masarakat langsung diserang pendiriane, bakalan ora gelem. Salah siji lagu suluk ciptaane Sunan Kalijaga yaiku Lir-Ilir lan Gundul Pacul. Mula, ayo padha duweni toleransi sing gedhe kanggo urip damai karo wong liya lan supaya wong liya bisa kenal Islam luwih apik!. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9382", "text": "Ndelok film wis biasa yen ana ing studio 2D. Kala wingi, Dina lan kanca-kancane njajal ndelok film ana ing studi 4DX. Film sing didelok yaiku flm NCT DREAM \"In a Dream\". Iki dadi pengalaman pertamae Dina ndelok film ing swasana iku. Nalika filme mulai, Dina lan kanca-kancane pada mbengok nalika kursine mulai obah. Kursine bakal obah nalika filme nayangke adegan sing ngetokke swara banter kaya adegan nyanyi utawa joget. Saliyane kursi obah, ing studio 4DX uga bisa ngetokke keluk saengga para penonton bisa ngerasa kaya lagi ning njerone film. Ndelok film ana ing studio 4DX senajan regane larang yaiku 220 ewu kanggo film siji, tapi Dina lan kanca-kancane seneng banget. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5079", "text": "Ning al-quran, ana ayat sing njelasake babagan tresna marang Gusti Allah. Tresna marang Gusti Allah iki dijelasake ning surat Ali Imran ayat 31. Ning surat iki dijelasake yen tresna marang Gusti Allah, kamangka wong iki uga bakal diampuni marang Gusti Allah. Wong kang tresna marang Gusti Allah kuwi mesti oleh rahmat kang gedhe. Carane ya mung ibadah sing sregep lan kudu paham yen ana larangan-larangan sing diharamake lan ora oleh dilakoni. Wong sing tresna marang Gusti Allah iki bakal melu marang kabeh ajaran lan wahyu Allah. Kamangka kuwi, yen pengen slamet lan diampuni, awak dhewe kudu bisa dari wong sing tresna marang Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7313", "text": "Dr. Firanda Andirja Abidin utowo biasa dikenal sebagai ustad Firanda Andirja iki lahir nang Suroboyo tanggal 28 Oktober 1979. Beliau nduwe jeneng liyo, yaiku Abu Abdil Muhsin. Ustad Firanda iki ulama Salafi sing aktif ngisi macem-macem kajian Islam ndek Indonesia. Mbiyene tau melu ngerantau karo wong tuwone nang Sorong, Papua. Masa cilike dientekno nang kono. Baru pas lulus SMA, ustad Firanda lanjut kuliah nang Fakultas Teknik UGM program studi Teknik Kimia, tapi mek dilakoni rong tahun tok. Beliau luwe milih sinau agama nang Pondok Pesantren Jamilurrahman Bantul selama sak tahun setengah. Mbari ngono beliau lanjut kuliah nang Universitas Islam Madinah sampe nduwe gelar doktoral.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4095", "text": "Kernete bis tibake yo ono sing ngulangi wong sing ate numpak ambek sing ate mudun teko bis. Padal sak ngertiku nag numpak bis iku roto-roto kernete yo menengae ora gelem ngulangi. Tapi yo apik se, kernet gelem ngulangi carane iku maeng, soale akeh wong sing tibo polahe numpak ambek mudun teko bis sing biasane ditumpaki wong-wong akeh. Nah kernet sing ngeneki asline perlu dikei jempol sing akeh solae gelem ngulangi ambek peduli karo penumpange iku maeng. Nah arang lo ono kernet sing koyok nginiki opo maneh jaman saiki, yo tambah arange megilan. Mangkane nag ono kernet sing koyok nginiki yo kudu diwei penghormatan lah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2124", "text": "Dodolan neng omah kui iso dadi salah siji pilihan kanggo nambah-nambah penghasilan sak ben sasine. Mungkin iso wae, awak dhewe iso entuk penghasilan sak ben dino. Nanging aku wedi ngewiwiti dodolan neng omah. Aku wedine yen gawe dodolan neng omah, garapan sing liyane dadi bubar. Sing awake pengen golek duwit tambahan, aku malah iso ditoke seko gawean sing tetep. Dudu ngerampungke perkoro, nek kedadenane koyo ngono, aku malah nambahi perkoro yen koyo ngono ceritane. Soale, gawe usaha sak cilik-cilike kui ora gampang. Ono akeh sing kudu disinauni lan uga ono akeh sing dikorbanke. Salah siji sing kudu dikorban kui wektu lan mungkin uga kesehatan. Yen aku wis kesel ngurusi usaha sampingan kui, wedine aku dadi keteteran neng gawean sing tetep.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "143", "text": "Jaman SMA kelas siji biyen aku kerep banget numpak Transjogja mergo pas kui aku durung iso numpak montor dhewe menyang sekolah. Transportasi kui ora mung dieengo karo pelajar koyo aku, nanging wistawan sing seko luar Yogyakarta kerep nganggo bus ijo iki. Wektu kui jalur Transjogja mung ono 8. Saiki jalur sing diliwati Transjogja wis luwih seko 12 jalur. Seko jobo bis kui ora ketok koyo bisa anyar. Nanging isih nyaman ditumpaki. Kursi neng jerone isih iso diengo lan ACne lumayan adem. Biasane akeh neng awak buse kui, akeh stiker-stiker sponsor koyo Bank BRI lan Aqua. Saiki kondisi bis Transjogja luwih apik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10001", "text": "Bapak mesti nyritani aku sadurunge turu. Bengi iki Bapak crita babagan olahraga sing disenengi jaman cilikane biyen. Kawit cilik Bapak wis seneng olahraga, mulane awake bisa apik lan seger waras. Olahraga senengane Bapak yaiku panahan. Saben dina Sabtu lan Minggu Bapak budal menyang lapangan desa kanggo latian panahan karo kanca-kancane. Guru sing mulang panahan yaiku Cak Bandi, Pakdhene Bapak dhewe. Ing latian panahan, Bapak mesti dadi murid sing paling cepet kanggo mraktekna apa sing diulang karo Cak Bandi. Panahan uga ngeterna Bapak kanggo ketemu karo Ibuk ing lomba panahan tingkat nasional ana ing Jakarta. Bapak lan Ibukku padha-padha atlet panahan sing paling masyhur ana ing desaku.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2750", "text": "Pas aku isek sekolah nang suroboyo, aku duwe konco sing teko macem-macem agamane, ono sing teko kristen, teko islam, ambek liyane-liyane. Jareku si ora masalah sing penting ora melok ibadahe. Lah pas iku desember, aku dolan nang omahe koncoku maeng ambek bocah-bocah tibak'e deke ora ono nang omah soale pas Natalan, dadi bocahe nang Gerejo. Terus esoke aku ambek bocah-bocah takon, piye natalane wingi? rame opo ora? terus bocahe jawab \"yo ramelah\". Terus koncoku sing sijine nguwei hadiah natalan nang bocahe. Terus bocah ngomong \"Wah matersuwun yo, awakmu kabeh ancene bedo yo, masio aku nag kene ora podo mbek awakmu agamone tapi awakmu apike pol. Terus koncoku sing sijine jawa \"Ora opo-opolah, agamone awak dewek kabeh mboh iku islam utowo kristen kan podo-podo ngulangi toleransi ambek kerukunan masio bedo agama\". ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4710", "text": "Aku lan kanca-kanca UKM teaterku tau ngadakake acara malam keaakraban ing sawijining pantai ning Gunung Kidul. Pantai iki jenenge Pantai Siung. Pantai Siung iki adoh banget saka Kutha Jogja. Ombake gedhe nanging nenangake lan nyenengake amarga isi akeh karang lan pemandangane isih alami. Rasanya awakku lara kabeh nalika ning Siung numpak motor. Untunge bisa gantian motoran karo kancaku. Ning pantai siung kuwi bisa ngerasakake gelombang laut kidul sing gedhe nanging ora medeni. Ing kiwa lan tengen diapit bukit cilik sing bisa dinggo ndelok srengege wayah surup. Nanging aku lunga ning Siung pas lagi udhan dadi kurang bisa ndelok srengege kuwi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9718", "text": "Yen ngomongke omah adhat kabeh nek mesthi mikir omah kuna lan ketinggalan jaman. Nanging, enek salah siji omah adhat sing malah dadi inceran lan idhamane para kolektor lan nom-noman. Omah Joglo, omah adhat saka Jawa sing jaman saiki akeh dialih guna amarga klasik lan otentik. Omah Joglo saiki akeh direnovasi tatanan, pakem, lan gunane amarga kanggo kebutuhan marketing. Yen ditamatke, saiki akeh omah Joglo sing malih dadi panggon ngopi utawa nongkronge bocah nom. Omah Joglo sing katon gagah, rosa, kuna tur estetik yen didadekake warung kopi, tibakna nggawa aji mumpung ing sapira wewengkon. Nah, mula saka kuwi alih fungsi omah adhat kaya Joglo iki prelu banget ditiru supaya para generasi sesk tetep weruh. Mula, ayo kanca kabeh yen pingin mbangun usaha sing estetik isa banget niru cara iki. Ngleluri adhat iya, gawa untung ya isa!", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10088", "text": "Jajanan Taiwan sakmenika saweg dados tren wonten Indonesia. Salah sawijing unjukan saking Taiwan ingkang kathah peminatipun inggih menika unjukan boba. Boba menika raosipun kenyel. Bentukipun bunder alit-alit. Lumrahipun boba didadosaken campuran unjukan. Unjukan ingkang didamel saking susu maneka rasa dicaosi boba ingkang werninipun cemeng. Werni cemeng damel boba dados menarik pas dicampur unjukan ingkang werninipun terang, kados abrit, ungu, lan ijem enem. Lare enem kathah ingkang remen ngunjuk unjukan ingkang dicaosi boba amargi raosipun manis lan kenyel. Manisipun kapendhet saking raosipun unjukan ingkang didamel saking susu. Menawi boba didahar tanpa unjukan, raosipun anyep. Nalika dicampur, unjukan susu ingkang dicaosi boba raosipun pas. Boten manis sanget. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9367", "text": "Natal taun iki keluargane Simbahku ngajak dolan ing Bali. Wis dadi tradhisi yen saben Natal iku aku lan keluargaku mesti dolan utawa plesiran. Ning Bali, tujuan utama wis mesti ana ing pantai. Panggon sing dituju nomer siji yaiku Pantai Kuta. Jam 3 sore aku wis siap kanggo dolan ing pantai sing duweni pemandangan srengenge sore sing apik banget. Kanggo bisa nikmati pantai kanti seneng lan asik ana carane. Nomer siji, aja lali nggawe handbody utawa sunblock supaya kulite ora gosong. Nomer loro, nggawe klambi sing nyaman kanggo dolanan banyu lan lemah pantai. Sing terakhir, aja lali nggawa panganan supaya bisa dipangan pas luwe amarga dolanan banyu mesti bakalan cepet luwe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2869", "text": "Nag wong jowo biasane wes ngerti sing jenege gong. Alat iki termasuk salah sijine alat musik tradisional sing biasane gelek gawe ngiringi wayang, tayup, ambek campur sari. Tapi saiki alat iki wes arang dikawe soale jarene bocah enom iku wes ora apik. Tapi sing jenenge warisan budaya kabeh iku ono artine mangkane alat iku digawe ambek dimainno karo wong jaman biyen. Saiki nag pengen ngelestarikno utowo alat musik iki ben tetep kejogo. Wong-wong kudune sadar ambek kebudayaan daerah, iku kabeh asline tugase dinas kebudayaan sing asline wes ditugasno karo pemerintah supoyo jogah kebudayaan sing ono nang daerah iku. Masio wes dianjurno, masyarakat yo kudu melok jogo menisan ben iso kompak.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5536", "text": "Jaman saiki, yen arep nonton TV kuwi kudu nggatekake muatan acara lan muatan label sing ngewenehi informasi kanggo umur sing oleh nonton. Acara TV kuwi isine akeh maceme lan biyasane saban stasiun TV nduwe acara khas sing wis diprogram. Sing paling penting kuwi ya nggatekake kebutuhan acara TV kanggo anak, apa maneh sing umure durung mlebu TK. Wong tuwa bisa ndelok jadwal acara TV sing ana ning koran, internet, uga media liyane lan bisa ngapalake acara apa wae sing cocok. Yen wes ngerti jadwale, bar kuwi nggawe kesepakatan karo anak babagan jam nonton, acara sing oleh lan ora, uga jadwal sinau ben anak iso disiplin nanging ora ketinggalan acara TV. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8125", "text": "Jaman saiki, sembarang usaha iku isok dimulai teko omah dewe. Jenis usaha sing isok dicoba yo onok sembarang kalir. Salah sijine iku jasa printing. Usaha iki pasti bakal akeh banget untunge, opo maneh nek awakmu urip nang area sing cedek karo kampus. Sing jenenge mahasiswa iku pasti nduwe tugas sing engkok hasile kudu dicetak. Terus gak kabeh mahasiswa iku nduwe printer dewe. Teko kono, para mahasiswa iki pasti nggolek panggon jasa printing gawe nyetak tugase. Jumlah mahasiswa iku pasti onok akeh puol, dadi bakalan akeh sisan mahasiswa sing nggolek panggon jasa printing. Teko kono, awakmu isok entok untung sing akeh teko omah dewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2824", "text": "Nag endi-endi daerah sing ono nang indonesia iku mesti duwe lagu sing dadi cir khase daerah iku maeng. Lah salah sijini lagu daerah sing jareku iku enak dirungokno ambek pesane iku apik kanggo wong-wong utowo masyarakat yaiku lagu daerah sing teko Jawa Tengah sing diciptakno ambek Sunan Kali Jaga yaiku lagu Gundul-Gundul Pacol. Lagi iki ket biyen mula kat aku cilik iku wes terkenal. Sampek konco-koncoku iku gawe nyanyekno lagu iki nang ngarep kelas soale saking senenge pol ambek lagu ini. Masio lagu iku termasuk endek tapi jareku iki lagu sing paling enak direngekno, gampang diapal, ambek kata-katae iku ora ketinggalan jaman masio nganggo bosoe wong biyen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7811", "text": "Aku lagi enak-enak garap kerjaan. Moro-moro adekku iku ngampiri aku nang kamar dan ngeluh nek hp ne gak isok dinggo, padahal mbari ngene de’e onok kelas nang Zoom. Timbangane suwe, sementara tak silihi hp ku disik. Terus aku ndelok kondisi hp ne adekku sing temenan gak isok murup. Coba tak cas, tetep gak murup. Akhire aku langsung nggowo nang tukang service. Dadakno batrene bocor dan bocore wes nemen. Hal iku sing marakno hp ne adekku gak isok murup. Istilahe ngono wes gak isok ketulung dan kudu tuku hp anyar. Akhire nang kono aku sekalian nukokno adekku hp anyar, soale de’e kan butuh gawe sekolahe sisan. Tutuk omah, tak kekno iku hp anyare nang adekku. Awale de’e gak terimo soale gak seneng modele. Tapi aku langsung ngomel, penting diterimo disik ben awakmu isok sekolah.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5152", "text": "Salah sawijining oleh-oleh sing ana ning Pekalongan yaiku kain batik. Batik iki bedha saka batik Jogja utawa batik Solo amarga motife nyeritakake uripe wong Pekalongan. Batik Pekalongan iki wis terkenal saka Kerajaan Majapahit. Wiwit 1958, batik wis dadi salah siji ornamen logo Kutha Pekalongan. Batik iki beda karo Jogja Solo sing pakeme kuat. Batik iki luwih manika warna kreasine amarga batik iki campuran saka budhaya Arab, Tiongkok, Jepang, lan Beland amarga Pekalongan iki salah siji kutha sing ana ning pesisir lor Jawa. Warnane uga luwih akeh maceme kaya ijo, kuning, abang, lan biru. Salah siji motif sing terkenal yaiku batik Jawa Hokokai, yaiku campuran Jawa lan Jepang. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9278", "text": "Masak kuwi kanggone saperangan wong mbok menawa bisa dadi gaweyan kang ngaboti lan ngentekake wektu. Naging sak ora-orane, miturut penggalihku piranti masak kang bakal dakandharake iki kudu mbok duweni ana omah utawa kosmu. Siji, panci. Panci kuwi piranti masak kang wigati sebab gunane akeh, kaya nggodhog banyu, gawe mie instant, gawe lauk jejanganan, ngenget sayur kang ntas dituku apa dinei. Loro magicom. Ya wis mesthi perlu magicom sebabe kanggo masak sega, awit wong Indonesia mligine Jawa duwe pamanggih \"yen durung mangan sega kuwi padha karo durung mangan\". Telu, wajan utawa teflon serbaguna anti lengket. Piranti iki wigati banget kanggo masakan kang digoreng utawa ditumis. Mula yen duwe piranti masak, yen bisa anggone ngrumat kang setiti supaya bisa awet dianggo terus.\r", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3194", "text": "Jareku balapan motogp tahun 2021 iku ora rame blas opo maneh sing tahun 2020 soale Marquez ora iso melok balapan blas polahe tibo sampek tangane pedot. Nah kabe wong-wong sing seneng balapan nag sosial media yo cerito masalah iku, terus Rossi barang yo diprank ambek pabrik sing dibelo sampek pirang-prang tahun sing dadekno deke ora iso menang. Akhire akeh wong sing males polahe balapane wes ora seru maneh polahe ora ono sing nyalip-nyalipan, ambek ora ono sing wani banter-banteran koyok wong loro iku maeng. Akhire sing seneng maeng yo getune pol soale balapane wes ora rame blas akhire balapan maeng maleh sepi opo maneh wayai pandemik tambah sepine pol.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "923", "text": "Perkembangan jaman gawe laptop saiki akeh jenise. Perubahan kui ono mergo werno-werono tujuan wong gunake laptop. Laptop iso dibagi dadi beberapa jenis tergantung karo fungsine. Sing kesiji, laptop biasa. Ora ono sing spesial karo laptop iki, seko ukuran lan performani. Funsine kanggo sekadar ngetik-ngetik wae. Sing keloro subnote book. Iki laptop kanggo kerjo kantoran biasa sing kerep lunga-lunga. Laptop iki luwih enteng seko laptop bisa. Obote sekitar 0,8 kg tekan 2 kg wae. Sing ketelu, laptop campuran. Dadi laptop iki iso difungsike gawe laptop utowo layare iso dicopot ben iso digunake koyo tablet. Laptop kui bisane wis nganggo layar sentuh lan wis termasuk bolpen digitale.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7084", "text": "Me Before You iku salah siji film drama romantis teko New York sing rilis tahun 2016. Film e iku tentang crito cinta antara Will, wong lanang sing cacat terus sifate dingin karo Lou, perawate sing ceria. Film iki dadi salah siji crito adaptasi novel sing apik. Aku gak sepiro seneng ambek genre film romantis soale roto-roto ceritane pasti menye-menye. Tapi film iki isok matahno penilaianku nang film romantis. Soale film iki blas gak menye-menye, kemistri antara pemaine yo apik, terus emosine yo dapet banget. Terus bagiku film iki rodo plot twist, karena biasane film romantis iku akhire pasti bahagia, tapi iki enggak, malah sedih karena pemeran utamane malah berpisah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "68", "text": "Gawean pelayan utowo pramusaji kui ora entuk disepeleke. Dadi pelayan kui ora gampang. Yen didelok gaweane pramusaji kui ono nyatet pesanan pelangangga, gaweke pesenanan, lan ngangkuti piring sing reged bar uwong rampung madang. Nanging awak dhewe sok lali, yen industri panganan lan minuman iki mlebu sektor jasa sing endi sukses opo orane tergantung seko pelayanan sing dideloke. Neng industri iki pramusaji melu megang peran sing penting. Gelem ora gelem sing dadi rupo restoran kui pelayane amargo pelayan kui sing ketemu langsung karo pelanggan. Dadi pramusaji kui kudu ngerti tata krama, boso sing digunake kudu sing alus, lan ora entuk sak penake dhewe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5572", "text": "ASIMO yaiku robot saka Jepang sing diproduksi karo pabrik elektronik lan motor Honda. Robot iki kalebu jenis humanoid utawa sing mirip menungsa. Robot iki wernane putih lan bentuke kaya astronot sing kerja ning luar angkasa. Robot iki dadi salah siji proyek Honda sing ngentekake wetu paling dawa nanging hasile uga sumbut. Robot iki dirancang taun 1986 lan mulai ditampilake taun 2000. Robot iki bisa ngelakoni akeh kegiyatan kaya manusia, yaiku mlaku, mlayu, obah, ngindari tabrakan, munggah lan mudhun tanjakan tanpa kontrol saka menungsa. Robot ASIMO iki diramalake bakal nggateni akeh penggaweyan umum ning Jepang kaya pramusaji, petugas bandara, lan sapanunggale. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5464", "text": "Olahraga ekstrem kuwi dadi salah siji cara kanggo nantang adrenalin amarga olahraga ekstrem iki ngasilake rasa wani lan tantangan sing luwih gedhe. Olahraga iki uga ngilangi stres amarga kanggo wong sing seneng tantangan, olahraga iki bisa ngeculake stres sing ana ning sirah lan uga ndadekake awak luwih semangat. Olahraga ekstrem iki kaya beladiri, bungee-jumping, nyilem, lan sak panunggale. Nanging, olahraga ekstrem iki uga rawan anane kasus doping utawa konsumsi obat sing ning nduwur ambang wates kanggo nambah tenaga lan ora gampang kesel. Kamangka, kanggo olahraga sing ekstrem, panitia kompetisi biyasane melu mriksa para atlet ben ora kejebak kasus sing bahaya kanggo saraf iki. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4678", "text": "Jaman biyen, wong nganggo mangkok saka bahan keramik utawa lempung lan bisa awet nganti pirang puluh taun. Jaman saiki, wong=wong padha nganggo plastik lan melanin sing kadang ada bahan ora sehat sing bisa nyampur ning panganan. Bahan utawa zat kuwi yaiku BPA, biasane bahan iki ana alat mangan kanggo bayi lan bisa marai kanker. Piranti mangan jaman biyen kuwi bisa diarani luwih aman lan bisa ngindarake saka penyakit. Mula sing kudu dingerteni kabeh, saiki awak dhewe ya kudu pinter nggolek piranti mangan kaya mangkok sing bebas saka BPA utawa mbalik maneh nganggo piranti mangan sing digawe saka wesi stainless lan mangkok keramik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "876", "text": "Olahraga opo wae kui iso duwe kemungkinan gawe awak dhewe dadi cidro. Olahraga sing awak dhewe sok sepeleke koyo mlayu lan mlaku kui iso gawe sikile dhewe keseleo. Dadi sak enteng opo wae olahragane, wis sakyogyane awak dhewe ngelakoke pemanasan disik supoyo ora kedaden hal-hal sing ora dipengeni. Kabeh olahraga kui duwe cara pemasane dhewe-dhewe, soale sak ben olahraga kui bagian otot sing digunake kui bedo-bedo. Nanging pemasane kui secara umum ngene. Sing kesiji, awak dhewe ngelakoke peregangan otot seko duwur tekan ngisor. Urutane kui seko sirah, medun neng tangan, medun neng pinggan, lagi sing terakhir kui sikil. Sing keloro, awak dhewe ngelakoke sing jenenge kui pemasan aktif.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10159", "text": "Pengen plesiran wonten grojogan kaliyan pantai, naging bingung milih ingkang pundi dhisik? Plesir mawon wonten grojogan lan pantai ingkang dados setunggal wonten grojogan Kiti-kiti wonten Fakfak, Papua Barat. Grojogan wonten mriku muaranipun sanes wonten kali, nanging wonten kawasan selat Misalasi. Wonten grojogan Kiti-kiti, sampeyan boten bakal rugi sampun rawuh waking tebih amargi pemandangan grojogan Kiti-kiti endah sanget. Sampeyan saged mirsani endahipun grojogan nyambi nglangi wonten laut. Kangge plesir wonten Kiti-kiti kedah nempuh perjalanan antawis gangsal ngantos enem jam nitih prau Phinisi Korabesi. Toyanipun selat Misalasi gadhah werni ijem tosca ingkang jernih. Panggonanipun ugi dikelilingi alas ingkang tesih rimbun. Menyang grojogan Kiti-kiti langkung sae pas toyanipun surut supados saged menikmati pemandangan ugi kangge kaslametan sampeyan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7805", "text": "Salah siji game sing marakno ketagihan iku jenenge Pizza Frenzy. Pizza Frenzy iku game sing nduwe genre arcade dan ngusung konsep chef. Nang game iki, awak dewe iku istilahe berperan dari tukang anter pizza. Game siji iki dinilai nduwe akeh kelebihan. Siji, kecepatan ambek ketepatan. Nang game iki, awak dewe kudu nerimo pesenane pelanggan sesuai waktu sing wes ditentukno. Dan onok beberapa momen ndek ndi onok penjahat sing bakal pesen pisan. Nek nemu penjahat, awak dewe gak oleh nerimo pesenan iku dan kudu lapor nang polisi. Peletakan pesanan sing tepak ambek ngelaporno polisi iku isok ngelatih ketepatan pisan. Loro, ngelatih ingatan. Awak dewe dilatih gawe iling pelanggan iku mau pesen topping pizza opo ae. Tambah munggah level, topping sing tersedia iku bakal akeh dan awak dewe kudu ngiling iku kabeh. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "487", "text": "Khewan sing iso dienggo kurban kui ora iso sembarang. Islam wis duwe kriteria hewan sing sesuai karo syariat. Intine kui khewan sing arep disembilih kudu duwe kondisi sing paling apik. Sing pertama kui, awak dhewe kudu ngecek disik umure khewane. Kanggo lembu utowo kebo umure paling ora 2 taun, senadyan kanggo wedhus utowo domba, paling ora umure wis 1 taun. Sing keloro, khewane kui kudu sehat. Awak dhewe iso delok seko bagian awake, yen ono lendir utowo getih, artine khewan kui lagi loro. Sing ketelu, khewene ora entuk kuru. Ojo ngasi balung rusuk khewane kui ketok. Sing kepapat, khewane kui ora entuk cacat fisike.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "474", "text": "Aku iling banget kisah Rasulallah pas arep sedo. Dheweke isih wae kepikiran umate senadyan dheweke lagi sakaratul maut. Nabi nyebut \"umatku, umatku, umatku\". Dheweke khawatir bar ditinggal seko donyo kui piye nasib umate. Crito kui ngajarke awak dhewe ben awak dhewe tetep iling wong liyo sendyan awak dhewe lagi kesusahan. Awal dhewe kui dudu nabi opo rasul, dosone awak dhewe kui akeh, nanging kui ora iso dadi alasen kanggo awak dhewe ora gateke wong-wong neng sekitare dhewe. Awak dhewe kudu nulungi wong-wong sing neng cerak awak dhewe. Sederhanane, awak dhewe iso ngajak wong-wong neng kebaikan lan ngaeadohke wong-wong seko sifat-sifat utowo panggon-panggon sing olo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6310", "text": "Wiwit mulai kerja ning kantor, Reni wis duwe rencana kanggo ngerancang pembagian gaji kanggo dekne dhewe, keluarga, lan uga kebutuhan. Bagian sing ora tau ketinggalan yaiku babagan duit cadangan lan uga sedekah. Dana cadangan iki dikumpulake rada akeh amarga Reni saiki dadi bocah rantau ning Jakarta. Sak liyane kuwi, Reni iki dadi wong sing hemat lan uga mulia peduli marang kesehatan lan pendidikan. Dana kuwi karepe kanggo adhine kuliah lan uga dana kesehatan kanggo darurat yen misal ana lara utawa ana kecelakaan. Amarga pinter ngatur dhuwit iki, Reni saiki bisa budhal liburan lan mbudhalke bapak lan ibune umroh menyang Makkah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "93", "text": "Pempek kui salah siji panganan utowo cemilan sing nganggo bahan dasar iwak laut. Panganan iki asale seko kota Palembang, Sumatra Selatan. Biasane digawe nganggo iwak tenggiri utowo belida sing duwe karakteristik daging sing putih lan lembut. Pempek kui jenise werno-werno. Pempek lenjer kui bentuk dowo. Pempek kapal selem kui neng jerone ono endog. Pempek adaan kui pempek sing campuran tepunge luwih sitik. Pempek kulit kui ono tambahan campuran kulit iwake. Panganan khas Palembang kui dipangan nganggo cuko. Duduh cuer werno iteng sing rasane pedes, kecut, lan rodo legi. Cuko iki sing marake pempek tambah enak. Gurih iwak laut seko pempek dicampur karo cuko sing kecut marai ora gampang eneg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1768", "text": "Yen awak dhewe ngerti yen lagi ngeroso stress utowo awak dhewe wis delok tondo-tondone, awak dhewe kudu langsung nangani kui. Nek ora cepet awak dhewe ngurus perkoro stress kui mengko masalah iso dadi luwih ruwet. Sumber masalahe iso luwih jlimet lan awak dhewe iso dadi lara mergo stresse mau. Stress sing enteng kui luwih gampang marine. Sumber masalah seko stress kui isih sederhana lan kemungkinane luwih gampang kanggo awak dhewe ngerampungke perkoro kui. Yen awak dhewe ngebenke kui suwe banget, bakal luwih angel. Ora mung awak dhewe kudu ngerampung sumber stress sing wis ruwit, nanging awak dhewe uga kudu ngerampungke kui neng kondisi awak sing lara-laranan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2326", "text": "Ngolah pare sing rasane pait tibak'e ora ewo. Pare iku kenek digawe osengan sing garai rasa paite ora sepiro kroso. Masio akeh wong sing ngerti carane tapi nag wes jajal ngolah dewe tetep kewohan. Terus sing paling penting sak liyane ngolah pare yaiku manfaate panganan sing teko pare. Salah sijine yaiku kenek digawe tomboh diabetes. Lah terus piye carane ngolah pare sing paite pol iku, carane yaiku pare maeng diumbah disek terus ditugel-tugel ambek isine ditokno. Sak marine diumbah karo ditugel-tugel, Iso wae diumbak karo uya utowo diumbah bolak-balik ben ora pait. Sak marine diumbah, pare wes kenek diolah sak enak'e sing ngolah contone, osengan, tumis, mbek sak teruse.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10022", "text": "Yen ditakoni sapa olahragawan bal-balan sing paling disenengi karo kaluwargaku jawabane mesti Cak Rubi. Tanggaku iki ora ngawur yen dolanan bal-balan. Ora mung kuwi, nalika Cak Rubi main mesti tim iku bakalan menang amarga Cak Rubi mesti ngegolna. Pawakane Cak Rubi iki gedhe dhuwur, kulite sawo mateng, mripate amba, irunge mancung. Kabeh wong sing ndelok Cak Rubi mesti ngerti yen dheweke wong sing seneng olahraga. Saben dina, aku ngerti yen Cak Rubi latian kayata mlayu, push up, utawa latian nempak bal supaya pas ana tanding bal-balan ora nggawe kecewa. Aku lan kaluwargaku mesti ndelok Cak Rubi nalika tanding ana ing ngendi wae.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1214", "text": "Nyambut gawe neng kantor kui luwih nguntungke wong sing duwe usaha. Wong-wong sing mung dadi pegawe neng kantor kui mesthi luwih seneng yen iso nyambut gawe seko omah. Soale wong dadi ora perlu ngadepi kahanan lalu lintas kotane sing ruwet. Dheweke dadi ora ngeroso wektu keguak neng dalan mergo bola-bali neng kantor sing ora dheweke senengi. Nanging, yen pegawe kantor podo geleme koyo ngono sing repot wong sing duwe usahane. Dheweke dadi ora iso ngatur lan ngawasi polah-polahe pegawe sing kerjo karo dheweke. Wong sing duwe ora tenanan ngerti yen pegawene kui kerjo tenanan neng omah opo malah males-malesan. Dheweke ora seneng ngeroso perkoro-perkoro sing iso gawe bisnise bangkrut kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5196", "text": "Ning budaya Batak, ana salah sawijine kuliner sing diarani sashimi lokal amarga panganan iki iwak mentah sing dibumboni karo rempah-rempang sing akeh lan bisa langsung mateng amarga rempah-rempah kuwi. Kunci saka matenge iki yaiku akeh diwenehi asam batak, yaiku jeruk nipis sing banyune diparut ben rasa iwake luwih seger lan ana rempah andaliman, yaiku rempah khas batak. Nanging ora kabeh wong bisa masak panganan iki. Carane ben enak sak liyane nambah bumbu lan rempah yaiku milih iwak sing seger. Pas masak uga kudu resik ben ora ana kuman utawa bakteri sing bisa ngurangi rasa seger ning iwak, banjur iwak iki kudu disimpen pirang-pirang jam ben bumbune luwih ngerasuk. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7034", "text": "Ndek Indonesia, akeh banget jeneng hotel bintang lima. Salah sijine Hotel Shangri-La sing cabange wes onok nang ndi ae, gak mek nang Indonesia tapi sampe luar negeri sisan. Hotel Shangri-La dinilai dadi salah siji hotel terbaik sak Indonesia. Hal iki mergo fasilitas hotel e sing super eksklusif. Sing paling populer iku onok kolam renang, WiFi gratis, antar-jemput bandara, parkir gratis, kamar bebas rokok, dan Bar. Kamare pun bener-bener didesain senyaman mungkin, mulai teko dipan, kasur, sampe sofa kamare. Terus biasane kan perlengkapan jedhing nang hotel yo sing iku iku ae, tapi bedo nek nang kene. Perlengkapan jedhing nang hotel iki nganggo produk bermerk impor tanpa onok label jeneng hotele.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3279", "text": "Saiki kabeh negoro wes podo ngembangno sing jenenge robot kanggo nyukupi kebutuhan karo kemajuane negoro iku. Maringunu anjuran ambek saran teko pirang-pirang pihak termasuk ahli robot sing nang negoro iki yo wes nganjurno nak potensi ngembangno robot nag kene iki yo gede. Contoh potensi pengembangan robot sing dianjurno teko ahli iku maeng yoiku nag bidang pertanian, ndok bidang pertanian ancene potensine gedene pol opo maneh sawah nag negoro iki ancene ombohe megilan, terus generasi sing bakal nerosno pertanian yo tambah suwe tambah ilang. Mangkane anjuran nag bidang iku luweh pas. Sak liyane nag bidang pertanian yo ono maneh sing luwih cocok yo iku nag bidang kesehatan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9315", "text": "Ing Indonesia saiki wis akeh banget thukulan papan wisata anyar. Papan wisata anyar iki biasane isih kurang ditekani wong liya saengga bisa kasebut hidden gems utawa papan sing ora akeh dingerteni wong liya. Papan wisata iki biasane isih sepi banget lan fasilitase ora pati lengkap. Supaya hidden gems iki tetep bisa rame ditekani wong saka endi-endi, pihak pengelola kudu bisa ngembangake papan wisata iki. Misale dipromosina ana ing sosial media, dipromosina lewat pamrentah dhaerah, nganti dipromosina liwat gethok tular. Karo promosi, pihak pengelola uga kudu ngapik i papan wisata iki supaya nalika wong-wong padha teka ora dadi gelo amarga jebule panggone kurang keramut.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7498", "text": "Gak onok arek Jogja sing gak eroh ambek panganan sing siji iki, yaiku ayam krispine Olive Chicken. Ayam krispi sing siji iki mesti dadi andelane arek rantau nang Jogja soale rasane sing uwenak terus ukurane guede dan regane murah puol. 10 ewu isok entok paket sego karo ayam ambek es teh, iku pun sek susuk. Sing marakno Olive Chicken iki dadi panganan khas e Jogja iku mergo Olive Chicken iku mek onok nang Jogja tok, gak onok nang daerah liyane. Pemilike dewe sing ngomong nek Olive Chicken gak bakal buka nang daerah liyo sak liyane Jogja. Dadi gawe awakmu sing liburan nang Jogja, ojok lali nyicipi ayam krispine Olive Chicken rek.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "25", "text": "Endog panganan sak yuto umat. Seko wong sing sugih banget tekan wong sing opo onone mesthi kerep mangan endog. Olahan endog sing paling gampang salah sijine endog dadar. Olahan endog kui gampang digawe lan iso dituku neng warteg-warteg. Akeh sing ngeroso, endog dadar sing didol neng warteg-warteg kui luwih enak timabangan endog dadar omah. Ono telung bahan utowo coro sing marake bedo. Sing kepisan, dadaran neng warteg ditambahi tepung. Biasane nganggo tepung maizena utowo tepung pati jagung. Tepung kui ngewehi tektur kenyal lan marai luwih padet. Keloro, banyu putih. Ketoke sepele sepele ning banyu kui iso gawe gareng pinggiran endoge ben ono tektur renyah. Ketelu, bakul warteg masake langsung nggo poris akeh, luwih seko telu endog.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4776", "text": "Kegiyatan sing bisa dinggo ngisi waktu luang salah sijine yaiku ngopeni lele. Nanging ternak lele iki akeh maceme lan salah sawijine jenis budikdamber utawa \"Budidaya Ikan dalam Ember\" sing bisa diterapake masyarakat kutha sing minim lahan. Budikdamber iki uga nawarake panen sayuran kaya sawi utawa kangkung amarga iwak lan sayuran bisa diopeni sak panggon. Carane kaping pisan nyiapake ember khusus budikdamber, yaiku ember sing nduwure wis dibolongi lan disediakake media tandur. Kaping pidho nyiyapake bibit lele sing apik. Biyasane sak ember kuwi bisa diisi 20 kanthi 40 bibit sing kudu diawasi amarga sifate lele kuwi kanibal. Media kuwi uga mulai ditanduri lan ora butuh disiram amarga bisa nyerep nutrisi saka lele. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2736", "text": "Saiki jamane ora karuan, kabeh wes podo modern. Tapi sing jenenge menungso iku kudu tetep jogo sifat ambek atine ben uwong nang pinggire tetep adem ayem ambekruku. Nah cerito sing saiki gelek diberitakno yaiku akeh wong-wong sing ora ngerti agama tapi sok ngerti utowo kemeroh, terus akeh bocah-bocah enom sing belajar agama tapi salah milih agama. Nah cerito sing koyok nginiki wes gelek tak petuki, salah sijine pas aku sembayang nang masjid kampus ono bocah sing kerudungan tapi nyekel ambek ngejak dolanan asu, mari ngunu asune iku melayuh nang gonanku. Mari ngunu bocahe ngomong lapooh aku kok mencolot ambek wedi. terus tak omongi, aku ora wedi ambek asumu, tapi aku wedi ambek najis sing digowo asumu soale aku lagek mari wudu terus awaku isek akeh sing teles. Lapooh asu kok najis? soale nag ajaran islam asu iku ancene dinajisno ambek kitab suji soale ono bakteri sing blaekno kanggo kesehatane wong. Lah teko kene bocah maeng ora ngerti soale jarene iku podo wae lah wong podo-podo kewane kok ono sing dibedakno. Mari ngunu tak omongi, perkoro iki iku podo ambek uripe menungso. Menungso iku ono sing sehat ono sing loro yo ono sing gendeng nak kabeh iku dipadakno opo dunyo iki gak ojor?, mari ngunu bocah iki mikir suwe terus ngomong oh iyo ya.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5118", "text": "Ning desa-desa, isih akeh omah-omah lawas sing isih dijaga lan ora dibongkar kaya omah-omah ning Jawa Timur. Omah iki arane omah joglo Situbondo. Bentuke bedha amarga luwih cilik saka joglo ning daerah liyane lan luwih amba tanpa sekat amarga fungsi omah iki uga kanggo lumbung pari uga kanggo omah tinggal. Omah iki isih ana pengaruhe saka Madura amarga isih ana pembagian latar sing dikhususake kanggo tamu putra lan tamu putri sing dipisah. Omah jogo Situbondo iki uga nduwe dalem ageng, yaiku panggon kanggo urusan pribadi. Sajane omah joglo Situbondo iki akeh filosofine kanggo hubungan menungsa, nanging ora ana sing bisa njelaske. Kamangka kuwi, ayo ngenal omah adat iki lan paham karo filosofine ben ora ilang jawane. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "87", "text": "Belakangan iki aku lagi seneng sayur buncis. Biasae sayuran sing mirip kacang panjang kui ditumis. Nanging amergo kekerepen maganan tumis buncis, aku dadi males. Ibuku nyarepke buncise kui digawe campuran sop. Cara gawe ne kui sing kepisan ngegodong daging utowo ayam kanggo gawe kaldu. Sambil nunggu kaldune, sayuran-sayuran sing dibutuhke koyo kol, wortel, buncis, lan loncang dicepake. Neng panci sing kepisah gongsong geprekan bawang putih. Yen wes wangi, tuang kaldu neng panci kui. Enteni tekan mendidih. Bar kui, leboke sayur-sayurane mau. Dileboke alon-alon seko sayuran sing paling atos. Sayuran kui digodog tekan kabeh sayuran empuk. Pungkasane, tambah uyah, gulo, lan penyedap.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5438", "text": "Ning taun iki, mulai akeh olahraga populer sing bisa dilakoni ning jero omah lan nganggo alat sing bisa dipasake karo hobi. Piranti olahraga sing penting kanggo ngelatih otot awak bagian ndhuwur yaiku samsak tinju. Akeh wong sing saiki milih olahraga tinju kanggo alternatif olahraga sing bisa ngubah emosi dadi tenaga sing bener. Banjur tinju iki dadi olahraga sing bisa ningkatake kekuatan lengen. Anane samsak iki uga bisa dadi latihan sasaran tinju ben ana target sing dikepengenake. Samsak tinju iki ukurane ora gedhe lan ora boros kaya treadmill. Nanging samsak tinju iki cukup nggantung ning kamar sing gedhe utawa cilik. Kamangka, ayo mulai ngalih marang tinju amarga piranti olahragane uga luwih gampang. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5068", "text": "Wahyu kaping pisan ning al-quran yaiku surat al-alaq ayat 1. Surat kuwi yaiku perintah saka Gusti Allah lewat malaikat Jibril kanggo Nabi Muhammad ben maca ayat utawa wahyu diwenehake. Nanging uga akeh tafsir yen iqra iki ana maknane dhewe kanggo umat sak uwise nabi utawa umat jaman saiki. \"Iqra\" utawa artine \"Wocoen\" kuwi uga bisa diartekake awak dhewe kudu maca kabeh ayat al-qur'an lan tandha-tandha alam ning ngarep mripat amarga ning kana mesti ana hikmah sing bisa dijupuk. Hikmah iki uga bisa nulung awak dhewe urip ning dunya. Kamangka, awak dhewe kudu peka lan bisa maca lan ngerasa babagan tandha-tandha sing ana ning alam iki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4788", "text": "Budhaya sing wis mulai ditinggalake kuwi salah sijine anane bioskop misbar utawa layar tancep. Kena apa kok diarani misbar? Misbar kuwi singkatan saka \"yen gerimis bubar\" amarga bioskop iki mung bisa ditayangake rame-rame ning tengah lapangan. Bioskop iki ana ing sadurunge tahun 90-an, jamane bioskop durung terkenal, akeh, lan kualitas filme isih durung seapik kaya saiki. Misbar iki biyasane nayangake film-film sing rame diomongke kaya film india, film setan, utawa film sing nayangake babagan perjuangan kayak film G30S/PKI sing tayang saban wulan Oktober kanggo mengeti dina kesaktian Pancasila. Misbar kuwi bisa nayangake film ning jero desa, kamangka kuwi, saiki kudune mulai digalakake fasilitas desa sing bisa nampung misbar ben warga ora ketinggalan jaman. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5448", "text": "Mbentuk ekskul ning sekolah kuwi pancen angel yen ora didasari minat sing kuwat lan uga ora ana wong sing ndukung kesenengan kuwi. Nanging ning akeh sekolah wis mulai dibebasake mbentuk ekskul olahraga, sing penting anggotane nyukupi lan administrasine gampang. Salah sijine sing lagi akeh dikembangke yaiku e-sport utawa olahraga elektronik. E-sport iki muai disorot ning manca negara amarga ora mung dolanan gim ning komputer utawa HP, nanging uga belajar ngatur strategi lan ngelatih konsentrasi. Ekskul iki uga bisa nembus tingkat nasional yen diopeni kanthi bener. Kamangka, ayo ngejak adhi-adhi SMP utawa SMA kanggo inisiatif mbentuk tim e-sport ning sekolah lan diawasi pembibitan anggotane. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7075", "text": "Onok beberapa kemampuan dasar sing kudu dikuasai cek isok ngadepi urip, dan iku berlaku gawe lanang karo wedok. Salah sijine iku kemampuan masak. Nek awakmu wes isok masak, sebagian permasalahan uripmu bakal teratasi. Gak perlu masak sing ruwet, sing sederhana disik ae. Contohne ngrebus mie, nyeplok ndhog, dan masak sego nang magic jar. Dan sinau masak iku isok dilakoni pas lagi nganggur. Dadi timbang ngelakoni kegiatan sing kurang bermanfaat pas lagi prei kerjo utowo kuliah, mending coba praktek masak sitik-sitik. Dijamin, awakmu gak bakal nyesel nek wes isok masak. Soale kemampuan masak iku bakal berguna banget sampe engkok awakmu tuwek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9699", "text": "Ing panggon ibadah ngendi wae ora oleh rame utawa nggawe gaduh. Panggon ibadah digawe kanggo wong-wong sing meh ketemu karo Gustine dhewe-dhewe lan donga. Swasana ing panggon ibadah iku uga kudu sepi, fokus, supaya bisa khusuk nalika donga. Nanging kadang kene ora bisa ngerti. Ana ing panggon ibadah malah guyu cekikikan, dolanan hp, ngerasani wong liya kanti swara banter, mlayu-mlayu, lan nindakake apa wae sing guda lan ganggu wong sing lagi donga. Mula, ayo padha waspada nalika ana ing panggon ibadah kanggo ngurmati wong sing lagi donga lan ngurmati Gusti! Aja nganti wong sing ibadah dadi ora khusyuk lan ora fokus kanggo donga marang Gusti.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9219", "text": "Salah satunggaling restoran cepat saji kang wus sumebar ing maneka papan ing donya iki yaiku McDonald's. Restoran iki mula bukane ana ing Amerika Serikat kurang luwih tahun 1955. Biyen panganan kang dadi andalane yaiku burger. Saiki McDonald's wus duwe ewonan toko kang sumebar ana 100 negara. Ing Indonesia, kang njalari restoran iki tansah rame lan diminati dening warga yaiku awit dheweke gawe menu kang kajumbuhake karo selera wong Indonesia. Umpamane, ana menu Ayam Kremes Sambel Uleg, Burger Rendang, Burger Sate, Burger Balado, McFlurry Markisa, McFlurry Rujak, lan liya-liyane. Ya pancen rega panganan ing resto iki kalebu ora murah banget ning ya ora larang banget. Yen kanggo self reward, sepisan-pisan bisalah awake dhewe tuku McDonald's supaya tau uga ngrasakake panganan enak, hehehe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9701", "text": "Dina iki aku ndelok langsung proses upacara tedhak siten anake Budheku. Tedhak siten iki salah siji tradhisi wong Jawa nalika anake lagek bisa mlaku. Aku ndelok adicarane akeh banget. Anake Budheku diresiki sikile. Sawise iku, anake Budheku dituntun kanggo mlaku ana ing lemah sing wis dicepakna. Ora mung mlaku ana ing ndukure lemah, ana 7 wadah sing isi 7 macem jenang uga kudu diliwati karo bocahe. Wis rampung babagan mlaku, anake Budheku lagek dikurung ing kurungan pitik. Ing kurungan pitik iki, dheweke diwenehi macem-macem barang kayata dhuwit, buku, petelot, lan barang liyane. Anake Budheku akhire milih kanggo njupuk dhuwit lan kabeh wong sing teka keplok-keplok amarga bisa wae iki tandha yen anake jange bakalan dadi wong sugih.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "1745", "text": "Makin akeh umure, makin awak dhewe sadar yen konco sing bener-bener dadi iso dadi koncone dhewe kui ora akeh. Pas isih enom, awak dhewe ketemu karo akeh wong. Sangking akehe, awak dhewe ora iso nyaring wong-wong kui. Wong sing nganggep dhewe konco lan sak walike wis awak dhewe anggep dadi konco. Akeh kepentingan lan sifat-sifat sing awak dhewe durung ngerti. Pas makin tambah umur, awak dhewe makin akeh urusane, wektune dhewe dadi ora akeh kanggo dolan, lan masalah sing awak dhewe adepi uga makin akeh. Awak dhewe alon-alon bakal nyadar endi wae konco sing manfaate awak dhewe lan endi konco-konco sing bener-bener pengen ngacani awak dhewe, pas lagi angel utowo pas lagi seneng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "161", "text": "Pas tingkat PKKM wis mudun dadi tingkat loro neng Yogyakarta, akeh panggon kerjo, sekolah, lan toko-toko podo buka. Alon-alon dalan wis mulai rame karo montor lan mobil sing liwat. Bocah-bocah wis mangkat sekolah. Kota Yogyakarta alon-alon bangkit seko mangsa nestapane. Mergo wis akeh panggon dodol sing bukak, aku diajak karo konco-konco kuliahku biyen sarapan bareng neng Alun-Alun Pakualaman. Aku, Yacub, Ayub, karo Eva janjian ketemuan neng kono dino Minggu jam 8 isuk. Neng alun-alun kowe akeh bakul sing dodol. Aku karo Eva mesen lontong sayur. Yacub mesen soto ayam. Ayub mesen sego kuning. Awak dhewe sarapan lan ngobrol bareng-bareng tekan duhur.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7391", "text": "Sesok bakal onok gerhana matahari dan pasti ben Masjid ngadakno sholat gerhana matahari. Akhire diputusno gawe sholat nang Masjid Agung Surabaya. Berhubung gerhanane iku ket jam 7 isuk, aku ambek keluargaku berangkat ket marine sholat shubuh. Pas tutuk kono, wes akeh banget jamaah sing melbu nang njero Masjid e. Wes ngono, nang kono onok teropong gawe mantau gerhanane sisan, dadi ramene gak mek jamaah sing kate sholat, tapi uwong liyane sing penasaran ambek bentukan gerhana mataharine. Bener-bener meriah banget, sayange aku pas ibadah sholat gerhana dadi gak isok konsetrasi saking ramene wong-wong nang njobo Masjid. Wes ngono speaker Masjid e rodok bermasalah, dadi aku gak isok fokus ngerungkokno khutbah e.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "31", "text": "Sarapan kui menurutku penting. Sak durunge ono aktivitas kudu disempetke sarapan disik. Dino kui, ngepasi banget gas neng omahku entek. Nek arep tuku warung durung enek sing buka. Kepeksone aku kudu sarapan neng jobo. Nek misali golek sarapan, aku biasane golek bubur ayam. Ono bakul bubur sing biyen enak. Jenenge Bubur Ayam Musdalifah. Panggone cerak XT Square. Mergo kesusu ono ketemuan karo konco, bar adus aku langsung mancal. Jebul tekon kono, rasane bedo karo sing disik. Rasane luwih ora enak. Asine dadi kurang. Bubure kurang kenthel. Porsine yo ngurang lumayan akeh senadyan regone tetep. Wis gelo aku mangan neng kono meneh. Sesok-sesok mending golek bakul sing liyo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5072", "text": "Al-Maidah, utawa artine ning bahasa Indonesia \"hidangan\" iki salah siji wahyu sing mudhun sak uwise Kanjeng Nabi Muhammad hijrah marang Madinah. Surat iki ana 120 ayat lan akeh mbahas hukum lan tata cara. Ajaran agama babagan panganan haram kuwi uga dijelasake ning njero al-quran, yaiku ning jero surat Al-Maidah ayat 3. Ning ayat kuwi, panganan sing diharamake yaiku daging babi utawa celeng, bathang, getih, kewan sing disembelih tanpa asmane Gusti Allah, ketekek, digepuk, ceblok, ditubruk sungu, sing diserang kewan buas, kajaba sempet dibeleh, lan kewan sing dibeleh kanggo sesembahan berhala utawa sajen. Ayat iki uga dadi ayat sing pamungkas saka al-quran. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6940", "text": "Dasarane aku iki arek e gak sepiro seneng ambek minuman sing rasane legi pol. Opo maneh minuman kekinian sing legine gak nguati, sampe kadang aku girik-girik dewe ngombene saking legine. Tapi onok pengecualian, aku seneng banget ambek minuman rasa green tea. Sembarang jenis minuman sing rasa green tea wajib tak coba. Mbasio wong-wong ngomonge nek rasa green tea iku koyok rumput, bagiku green tea iku enak pol. Dasarane rasa green tea kan pait, tapi nek dicampur ambek susuk terus ditambah gulo, rasane isok seimbang ngono lho. Dadi minuman sing rasa green tea iku rata-rata gak eneg, iku sing marai aku seneng, asal gulane yo diatur cek gak kelegen.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "892", "text": "Kanggo para fans bal-balan, nonton tim kesayangane main kui kebanggaan sing awak dhewe ora iso kiro. Opo meneh yen, tim sing dheweke dukung kuwe meneg. Dheweke dadi wong sing paling bahagya dino kui. Ameh nonton dhewe utowo nonton rame-rame, ora ngurangi kesenengane dheweke pas lagi dukung tim kesayangane. Akeh cara wong ngerayake tim sing lagi menang kui. Cara sing paling kerep awak dhewe temuke kui, wonge kui ngunggah kiriman time menang neng media sosial. Kirimane kui iso bentuk tulisan utowo foto utowo gabungan loro-lorone. Yen misale, lagi nonton bareng tim nasionale main. Pas meneng, wong-wong kui iso ngadek lan bareng-bareng nyanyike lagu kebangsaan tim sing didukung kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6654", "text": "Pemerintah ning Indonesia iki ora peduli marang bencana sing ana ning Indonesia. Para politisi kuwi mung teka lan nggawe banner spanduk sing dideleh ning panggon pengungsian sisan kanggo kampanye. Partai sing ngewenehi bantuan kuwi mung ndadekake korban bencana kuwi objek kanggo kepentingan pribadi lan uga kelompok. Pendeteksi bencana tsunami ning laut ora diopeni kanti rusak lan pemerintah ora nganggarke kanggo tuku sing anyar. Bencana ning Indonesia kuwi dadi prioritas sing ora penting kanggo pemerintah amarga saiki pemerintah isih fokus marang perekonomian sing lagi dibangun. Yen ana bencana, kabeh macak ora peduli. Kamangka, rakyat kudune bisa ndelok kepiye model ati nurani pemimpin saka tanggap bencana. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2113", "text": "Neng Yogyakarta, yen awak dhewe arep neng endi-endi kui kudu nganggo kendaraan dhewe, termasuk yen awak dhewe arep mangkat lan bali neng kantor. Soale, awak dhewe durung iso ngadelke sarane tranportasi umum sing ono neng kene. Sebenere ono, nanging durung iso nyambung neng akeh daerah neng Kota Yogyakarta lan sekitare. Kendaraan umum sing ono kui sing iso diandelke kui mung ojek lan taksi daring. Awak dhewe dadi ora duwe pilihan liyo sak liyone duwe kendaraan pribadi neng kuto iki. Mergo UMR neng Yogyakarta lan sekitare kui cilik banget. Wong-wong dadi podo milih montor timbangane mobil. Disik kota iki duwe julukan dadi kota sewu pit nanging saiki ketoke kudu berubah dadi kota sewu montor.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5415", "text": "Sepedahan kuwi dadi salah siji olahraga sing gampang dilakoni amarga sepedahan kuwi ngandelake kabeh otot ning awak. Sepedahan iki kadhang mung butuh sepeda sing cocok lan penak dinggo. Nanging ya isih ana wong sing mikir yen gengsi kuwi nomer siji. Sepeda sing dinggo kudu apik, ana seragame, regane ning duwur seyuta, lan melu klub sepeda. Sing kudu digatekake yaiku ego para pesepeda iki amarga ning dalan, kadhang pesepeda iki ora gelem ngalam kalo pengendara gedhe. Kamangka para pesepeda iki rawan kecelakaan. Yen sepedaan mung kanggo gengsi ya mending ora usah amarga bisa marai pecah kekancan lan mbahayakake awak dhewe lan pengendara. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2380", "text": "Wingi pas tuku pecel, koncoku jaluk lalapan sing teko bayem ambek kembang turine sing uwake. Bocahe ngomong nag bayem jarenene vitamine akeh, terus ditambah ambek kembang turi, tambah enak. Akhire aku melok jajal sisan, terus pas tak coba, tibak'e bener enak'e pol. Opo maneh sing kembang turi-ne. Mari ngunu, sak liyane bayem ambek kembang turi, bocahe yo jaluk cambah sisan, soale krenyes-krenyes. Nag aku ora sepiro'o seneng. Mangkane ora melok jaluk cambah sisan. Tapi aku jaluk sambel pecele sing akeh. Mari mangan pecel sing akeh bayem ambek kembang turine. Aku karo koncoku goleh buah gedang sing murah-murah nag pasar. Yaiku gedang korem sing cilik-cilik sak jempol-jempolan di gawe cemilan nag apan delok film nak kos.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7099", "text": "Salah siji hobi sing ternyata akeh banget dilakoni para wadon iku ngerajut. Ngerajut iki metode nggawe kain utowo busana liyane teko bahan rajut. Mulai teko ngerajut klambi, syal, topi, selontongan tangan, dan sek akeh liyane. Kain teko benang rajut iki tebel, dadi cocok digawe pas cuaca adem. Nek misal hobi iki luwe ditekuni maneh, isok dadi ladang duit gawe awakmu kabeh. Saiki lagi rame banget uwong sing nggolek klambi rajut, mulai digawe bayi sampe gawe koleksi bonekane. Kain-kain rajut iki isok sisan dadi kado sing apik dan bermanfaat. Dadi gawe awakmu kabeh sing nduwe hobi ngerajut, isok mulai sinau bisnis sisan lho nek awakmu gelem entok duit dengan cara menyenangkan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5042", "text": "Salah siji cerita ning sejarah nabi yaiku anane khotbah terakhir sing dituturake Nabi Muhammad. Khotbah iki dilaksanakake ning taun ke-10 kalender hijriyah, tanggal 9 sasi Dzulhijah. Khotbah iki dilaksanakake ning lembah Uranah, Gunung Arafah pas wayah ibadah haji terakhir nabi sing arane haji wada'. Anane khotbah iki diabadekake ning hadist sing diriwayatake Muhammad Al-Bukhari. Khutbah iki isine yaiku pitutur kanggo umat muslim sak durunge nabi mangkat. Isi khutbah kuwi yaiku kudu njaga seduluran, ngancurake kabeh sing ora adil, ngurmati para wanita, lan waspada marang godhane setan. Khutbah iki biyen dari isyarat yen nabi arep seda, kamangka akeh umat sing susah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5435", "text": "Piranti olahraga sing katone paling boros yaiku treadmill. Treadmill iki piranti olahraga sing sajanae butuh ora butuh amarga lek arep tuku kudu ndelok kapasitas omah, listrik, lan frekuensi nganggone saban dina. Treadmill iki paling eman yen dinggo mung sedela lan ora maksimal amarga ukurane gedhe banget lan uga kadhang mung nyesek-nyeseki omah. Tinimbang duwe dhewe, treadmill iki mending nyilih ning gym amarga biyasane luwih kopen lan ana panduane miturut ukuran awak ben luwih efektif. Piranti iki uga bisa diganti kaya mlayu isuk utawa numpak sepeda amarga manfaate uga padha wae lan bisa dadi luwih murah amarga ora mbutuhake listrik lan ngentek-ngenteki panggon. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3135", "text": "Bal takraw iku ancene bentuke paling bedo dewe ambek bal-bal liyane. Awit teko bentuke bale sing bolong-bolong, terus yo ora roto koyok bal umume polahe gawene ae dianyam, mari ngunu sing aneh iku bakale ora kayok umume bal, tapi teko menjalin sing dianyam sampek bentok bal ben kenek digawe. Bal iki barang yo aneh soale bentuke ambek ukurane ae seje-seje antara wong wedok ambek wong lanang. Terus oleh mainoe yo ora koyok bal-bal liyane, tapi bal iki oleh maenoe iku koyk voli, tapi gawe sikil terus ora oleh sampek cicir nag lemah koyok voli. Terus oleh mainoe iku disaduk koyok bal-balan ngunuku. Yo iki se koyok gabungan voli ambek bal-balan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9716", "text": "Bale gede yaiku sebutan gawe omah adat ing daerah Bali. Bale gede nduweni ruang sing gedhe. Biasane digawe nggon ngerayakake uapacara adat daerah, gawe keluarga utawa masyarakat. Gawe ngelestarikake omah adat Bali, saengga wong sing ana ing Bali mesti yen gawe omah kudu rupane kaya bali gede. Wong asli Bali kudu weruh carane ngelestarikake omah adat khas Bali. Cara sing kaping pisan, kudu nyinaui filosofine, kaping pindo njaga lan ngunjungi situs sejarah lan kabudayan, sing kaping telu yaiku pemerintah kudu gawe kebijakan ngenani perlindungan situs omah adat. Carane njaga omah ben bersih, yaiku kudu sering mberseni kayata nyapu, ngepel, lan ngeresikake sawang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7072", "text": "Akeh banget aktivitas sing biasa tak lakoni pas lagi nganggur. Salah sijine sing paling jarang uwong laoki iku ngguak-ngguaki barang sing wes gak dinggo nang kamarku. Sembarang kalir jenis barang isok dadi ‘korban’ku. Mulai teko meja rias, aku ngguaki skincare ambek makeup sing wes gak tau dinggo dan kadaluarsa. Terus mlipir nang lemari, aku bakal ngetokno klambi sing wes elek utowo sing jarang tak nggo dan bakal tak pisahno dewe nang kardus. Biasane nek klambi bakal tak sumbangno nang panti asuhan. Geser maneh nang rak buku. Buku-buku sing wes gak menarik maneh gawe diwoco tak jupuki dan tak lebokno nang kardus. Buku-buku iku biasane yo bakal tak sumbangno nang panti asuhan. Kegiatan iki rutin tak lakoni ben 6 wulan pisan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8903", "text": "Karate iku seni bela diri sing asale teko Jepang. Seni bela diri iki rodok dipengaruhi ambek kempo sing asale teko China. Karate iku pertama kali disebut dadi “tote” sing artine “tinju China”. Mbari ngono, jeneng \"tote\" iku mau diganti jeneng atek cara ngganti kanji Okinawa dadi kanji Jepang. “Kara” iku berarti “kosong”, terus “Te” iku berarti “tangan”. Rong kata kanji iku digabungno dadi \"Karate\" sing artine “tangan kosong”. Pencipta karate dewe yaiku Sakukawa Kanga, Matsumura Sokon, Itosu Anko, ambek Gichin Funakoshi. Fokus gerakan nang karate iku strike alias penyerangan. Kekerasan sing dilakoni iku nganggo kontak penuh. Latihan dasar karate iku kebagi dadi telu. Mulai teko kihon, kata, ambek kumite.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "3532", "text": "Polahe pandemik wingi akeh wong sing ngalami kerugian nang usaha sing wes dibangun. Nah sing jenenge rugi iku maeng yaiku wonge sing duwe usaha iku ora oleh keuntungan opo-opo teko usaha sing dibangun maeng, tapi tambah ngetokno duwek terus kanggo ngelakokno usaha iku maeng. Nah iku maeng sing jenenge rugi. Biasane wong sing ngalami rugi iku nag wonge kendel mesti goleh modal maneh ben iso tetep nguripno usahae soale deke iku duwe kekarepan sing sekirane usaha iku tetep urip masio keadaane iku ora kenek dijepno pas masa pandemi winggi. Nah polahe iku maeng saiki akeh wong usaha sing tetep ora iso nyaur utang kahire akeh aset-aset sing didol kanggo balekno modale.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6327", "text": "Njaga keamanan kampung kuwi bagian sing penting ning urip tangganan. Iki bentuk waspada, apa maneh yen ning kampung kuwi akeh bocah cilik lan uga wong wedhok sing manggoni. lingkungan sing aman kuwi uga bisa nduwkung pertumbuhan lan kudune uga ramah anak kaya ana panggonan kanggo dolan, lapangan, lan para ibu bapak ngewenehi kesempatan kanggo dolanan lan interaksi kanthi gayeng. Sing marai mumet kadhang yaiku tangga sing ora ndukung lan ora setuju babagan gagasan apik iki. Nanging kuwi ora dadi masalah yen wonge tetep lelaku apik marang tangga liyane. Cara-cara kuwi yaiku cara sing bisa dilakoni kanggo njaga lingkugan tangga ben tetep gayeng. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2131", "text": "Usaha sing arep rugi kui iso awak dhewe delok ciri-cirine seko awal, malah mungkin awak dhewe iso ngerti usahane bakal bangkrut opo ora sak durunge bisnis kui ono fisike. Awak dhewe iso delok seko visi lan misi usaha kui. Yen visine kui ditulis kanthi ringkes nanging tetep ono bobote kui artine sing duwe bisnis kui ngerti arep diapake usahane kui sesok. Visine kui uga kudu mikirke kahananan ekonomi lan sosial 10 taun neng ngarep. Terus misi sing digawe kui babagan opo wae sing kudu dilakoke supoyo visi sing diduweni kui kewujud. Yen visi lan misi seko perusahaan ora koyo ngono, iso dijamin durung suwe bar perusahaane kui ngadeg let ora suwe langsung bangkrut.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "505", "text": "Film-film sing nyeritake budaya utowo kebudayaan daerah kui kudu luwih kerep digawe meneh. Koyo film Ngeri-Ngeri Sedap sing metu neng biokop taun 2022 iki. Senadyan, film iki kenthel unsur kebudayaan batake nanging film iki mlebu film sing paling laris neng Indonesia. Film iki wis ditonton 2,7 yuto wong neng bioskop. Film sing disturadarai karo Bene Dion Rajaguguk kui iso ngenalke acara adat Batak liwat filme. Adat Batak sing ditontonke kui adat sulang-sulang pahompu, adat perkoro pernikahan. Yen misale, film sing koyone iso digawe karo putra daerah liyo. Bakal luwih akeh wong sing iso kenal karo acara adat daerah kui. Sineas enom iso luwih semangat gawe karya sing kentel karo budaya daerahe mergo wis ono buktine, film daerah kui uga iso bati.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6349", "text": "Pas awak dhewe wis gedhe, awake baru ngerasa yen kekancan iki penting banget. Akeh wong sing ngerasa kesepian amarga ngerasa ora duwe kanca sing cocok karo dekne. Kaya misale duwe pemikiran lan latar belakang pendidikan sing bedha, karakter, frekuesi omongan, lan uga cara nyikapi masalah. Babagan kuwi marai menungsa luwih milih-milih kanca ning jaman saiki. Kamangka, akeh wong sing milih urip dewe lan nggolek kesenengan saka sosial media, nanging ning sosial media uga marai wong tambah kesepian. Amarga kuwi, yen ana kanca kaya iki, luwih becik awak dhewe nakoni lan ngelikuri kabare piye saiki, senajan mung basa-basi kuwi salah siji cara ngindari saka kesepian. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9736", "text": "Kanggo wong sing KKN mesti kudu duweni kemampuan kanggo crita. Kemampuan kanggo crita iki bakal migunani amarga ning desa akeh bocah sing bisa dijak sinau bareng. Nanging uga ora kabeh bisa ngerti kepiye carane crita sing bener. Iki aca cara supaya bisa nyritakna crita sing bener. Kaping siji, kudu ngerti alur critane. Ora oleh mencolot-colot nalika crita supaya critane tansah urut. Kaping loro, yen ngomong kudu jelas. Wong bakal luwih seneng ngerungokna kene crita nalika kene bisa ngomong sing jelas. Kaping telu, kudu bisa nggawe miik wajah lan gestur sing apik. Wong uga seneng ndelok kene crita kanti mimik wajah sing macem-macem.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9791", "text": "Sabtu wingi ismail lunga menyang malang. Ing malang terkenal seko panganan khas e yoiku bakso. Mail nang malang gak lali dee njobak mangan bakso khas malang, bedane bakso khas malang lan daerah- daerah liyane yoiku bakso ing malang dodoh e lueh bening lan gurih, saiki bakso akeh macem jenis e lan isianne. Misale bakso mercon, bakso puyuh ,bakso iga, bakso tetelan, bakso jamur sampe bakso isi lobster onok. Saiki seng paleng terkenal lan iso digae oleh- oleh soale iso disimpen suwe yoiku bakso aci. Mergo mail seneng panganan pedes , ismail pesen bakso mercon terus dikeki sambel Lombok sneg pedes. Terus Ismail tuku bakso aci frozen gae oleh – oleh . ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7400", "text": "Dino iki, bakal diadakno Ngunduh Mantu nang omahe budeku. Sak marine acara Resepsi nang Madura Minggu wingi, saiki acara Ngunduh Mantu ne nang Gresik. Aku ambek kabeh dulur-dulurku melu rewang nang omahe budeku gawe nyiapno kabeh. Mulai teko ngadekno terop sampe nyiapno gawan gawe tamune sesok. Pas hari-H, awak dewe kabeh wes siap-siap ket jam 7 isuk gawe nyambut tamune. Jam 8, keluarga besar teko Madura tutuk Gresik dan awak dewe kabeh wes jejer nang ngarep terop. Gak suwe, mereka tutuk omah iki dan teko pihak awak dewe nyambut dengan hangat. Aku ambek dulur-dulurku sempet nggudo dulur lanangku sing dadi pengantin iku dan gak lali ngucapno selamat. Acara Ngunduh Mantu dino iki isok terlaksana dengan lancar dan gak onok halangan blas.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3139", "text": "Bal-balan ancene olahraga sing paling disenenge wong akeh nang endi-endi teko bocah cilik sampek wong gerang barang yo mesti seneng. Tapi nang bal-balan iku mesti ono anjuran-anjuran ambek saran sing perlu dituruti soale iku ben aman kanggo sing bal-balan. Nah anjuran iku contone koyok pemanasan disek sak durunge main bal-balan, saole nag ora pemanasan disek iku mesti ono kedadean sing elek koyok contone kesleo, sikile loro, ambek liyan-liyane. Nah tujuane pemanasan maeng iki kanggo ngelemsno otot ambek ngelentuno persendian ben ora ono opo-opo pas dijak kerjo abot koyok nyadok bal, koyok mencolot, ambek sak teruse iku. Mangkane sak durunge bal-balan ancen sing apik kudu pemanasan disek.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8911", "text": "Berhubung lagi jamkos, Fitri dijak karo Hasna gawe nonton sesuatu nang laptop e. Fitri sing gak lapo-lapo yo gelem-gelem ae dijak nonton. Dadakno Hasna iku ngajaki gawe nonton ISAC alias acara olimpik e gawe idol Korea Selatan. Mbasio gak kenal sopo-sopo, Fitri tetep nonton ae soale acarane asik pol. Mulai teko lari maraton, lari estafet, lompat duwur, lompat adoh, dan akeh liyane maneh. Terus onok bagian tari gymnastic. Awale Fitri bingung iki olahraga e kudu lapo. Terus pas didontok, dadakno uapik apik tariane. Onok sing nganggo tali, bal, hulahop, dan liyane maneh gawe properti tariane iku mau. Ndelok wong-wong sing nari iku isok ketok luentur pol iku rasane puas karepe dewe ngono lah.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5455", "text": "Pertandingan olahraga sing paling nyenengake pas jaman cilik biyen yaiku tinju. Tinju iki ana saben dina minggu isuk lan ditonton karo para bapak wayah prei kerja. Nanging jaman saiki, pertandingan tinju kuwi wis ora oleh ditayangake amarga jare bisa marai conto kekerasan anak. Anggepan kuwi marai pertandingan tinju saiki dibatesi lan kudu ana ning jam bengi lan siaran tunda. Miturut aturane, pertandingan tinju iki kudu diwenehi label kanggo wong diwasa ben bocah ora tiru-tiru. Nanging ilange siaran tinju saka TV iki uga dadi masalah nalika bocah ora ngerti cara ngontrol emosi amarga saka tinju, pada pemudha bisa ngerti yen ana olahraga kanggo nyalurake emosi. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7478", "text": "Tari kecak iku tari tradisional sing asale teko Bali. Tari kecak iki dadi pertunjukan drama tari tradisional sing akeh banget peminate. Awale tari kecak iki mek onok nang sak panggon tok, yaiku nang deso Bona, kebupaten Ginanyar. Berhubung tambah suwe Bali tambah rame dan akeh banget uwong sing nggolek pertunjukan iku, akhire suwe-suwe pertunjukan tari iku mulai diadakno nang beberapa panggon. Tapi tetep pusate iku nang desa Bona iku mau. Sing marakno uwong seneng banget ndelok tari kecak iku iringane sing rame dan serentak. Dadi marakno suasana pertunjukane iku meriah banget. Dadi gawe awakmu sing nang Bali, ojok lali ndelok pertunjukan tari kecak, yakin deh gak bakal nyesel.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "428", "text": "Yaqub kui sosok bapak sing kudu ditiru karo kabeh wong tuwa. Yaqub kui sayang banget karo anak-anake. Dheweke mesthi ngewehi nasihat marang anak-anake. Koyo pas Yusuf ngimpike wulan karo bintung sujud neng ngarape dee. Yaqub ngerti yen ono wong sing ngerti anake mimpi koyo ngono bakal ono sing nyilakake anake. Dadi Yaqub ngandani neg Yusuf ojo ngasi crtio mimpi kui neng sopo-sopo. Nabi Yaqub uga khawatir yen anake dilepas dhewekan neng panggon sing ora dikenal. Tekan pas Bunyamin arep digowo. Dheweke mikir piye carane ben Bunyamin lan kakang-kakange iso slamet neng perjalanan. Pas akhire Yaqub iso ketemu meneh karo anake sing suwe ilang, Yusuf, dheweke tetep sayang karo anake kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "144", "text": "Montor kui transportasi sing paling akeh diduweni wong sak Indonesia. Dadi akeh wong sing nganggo plesiran neng luar kota nganggo kendaraan rodo loro kui. Nanging sak durunge ngelakoke perjalanan adoh, kendaraan iki kudu dicek kondisine. Ngecek kesehatan motor kui penting ben ora ono kedadean sing ora dipengeni. Paling ora sing kudu dicek kui kondisi ban, oli, lan kampas rem. Luwih apik meneh yen montor kui dicek secara keseluruhan. Daerah neng Indonesia iki akeh dalan sing bergelombang, akeh dalan sing munggah mudun. Sebagiane ono sing terjal utowo curam. Nek kondisi dalan neng kene lan kondisi montor awak dhewe ora apik, ora nutup kemungkinan awak dhewe iso ciloko. Misale, kampas rem montor kui wis aus kuwi bahaya banget neng dalan sing curam.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8957", "text": "Onok salah siji anggapan negatif teko suporter sepak bola, yaiku anarkis. Wes dadi hal sing biasa dirungokno nek suporter sepak bola iku anarkis bahkan sampe ngelakoni tawuran ben marine nonton pertandingan sepak bola nang ndi ae. Padahal sing koyok ngono iku isok dihindari lho. Dadi suporter sepak bola iku gak kudu anarkis. Iki carane dadi suporter sing sehat dan anti anarkis. Siji, tumbuhno sikap saling ngehargai sing tujuane gawe ngurangi rasa fanatisme. Loro, akehno ilmu ambek khazanah tentang dunyo sepak bola. Telu, guwak ego sing onok nang atimu dewe. Papat, pahami nek sepak bola iku mek pertandingan biasa, guduk ajang gladiator. Terakhir coba pahami maneh makna sejati dadi suporter sepak bola. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9345", "text": "Transportasi wisata iku dadi bagian penting ing papan wisata. Transportasi iki dadi piranti kanggo nuju panggon wisata iku mau. Mula yen ana utawa mbangun papan wisata anyar, kudu didelok lan dirancang dhisik babagan transportasine supaya pas papan wisata iku wis dadi ora bingung babagan transportasine. Kadhang ana papan wisata sing apik banget lan akeh sing meh dolan ana ing kono nanging kealang karo transportasi sing elek. Misale ora ana sepur sing bisa njangkau papan wisata iku, utawa mung bisa dijangkau karo numpak prau getek. Sing kaya ngono iku uga nggarai wong sing pengin dolan ing papan wisata iku mau dadine wegah lan ora gelem teka maneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6963", "text": "Nek awakmu tau ndelok kue sing dekorasine apik banget, iku jenenge cake decoration. Nah wong sing ndekorasi kue koyok ngono jenenge cake decorator. Cake decoration dewe iku salah siji jenis kesenian artistik, dadi cake decorator iku wes mesti nduwe jiwa seni ambek estetika. Iku mergone cake decorator iku onok sekolahe dewe, soale nek kate ngelakoni cake decoration iku kudu nduwe ilmune. Selain kudu nduwe jiwa seni, cake decorator kudu eroh jenis-jenis bahan baku dekorasi. Selain iku, cake decorator kudu eroh macem-macem jenis kue dan dekorasi model opo sing cocok digawe jenis kue iku. Bedo jenis kue, bedo sisan dekorasi sing digunakno cek tampilane luwe apik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9792", "text": "Rawon iku panganan khas daerah Jawa Wetan sing wis misuwur saka jaman nenek moyang. Senajan dikenal dadi masakan khas Jawa Wetan, rawon uga dikenal karo masarakat Surakarta. Rawon iku panganan tradisional sing digawe teka kaldu daghing sing warnane ireng. Warna irenge iku digawe teko kluwek. Rawon nduweni cita rasa khas karo aroma ambek rasa seng menggugah selera. Daging sapi seng dadi bahan utama ing rawon dimasak sampe empuk. Rasa masakan rawon yoiku gabungan rasa legi, gurih, lan legit. Rawon biasae disajekna ambek kecambah endek, sego panas, bawang goreng, lan sambel. Rawon yo cocok di pangan nganggo kerupuk urang, endog asin lan daging sapi goreng utawa empal.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6921", "text": "Jaman saiki arek-arek enom iku senengane eksperimen resep panganan, salah sijine nyampur indomie sing bedo rasa. Onok sing nyampur indomie gorang ambek indomie rasa soto, indomie goreng ambek indomie rasa kari, bahkan onok sing nyampur indomie goreng ambek mie sedaap goreng sisan. Nek andalanku iku indomie goreng rasa sambal matah dicampur ambek indomie goreng rasa sambal rica-rica. Ketokane ancen aneh sih, tapi pas tak coba dadakno enak rasane. Dadi pertama mie ne direbus koyok biasane, terus dua bumbune langsung dituang nang piring dadi siji. Nek mie ne wes mateng, langsung ditirisno terus dituangno nang piring. Campur mie ambek bumbune sampe roto, dan siap dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10162", "text": "Wiwit wontenipun margi tol Cipali, kathah tiyang dados gampil menawi pengen plesiran menyang kutha-kutha wonten Jawa Barat, kalebet Subang. Pengusaha sektor pariwisata ugi dados saged mbikak panggonan plesir anyar ingkang dados viral. Astro Highland wonten kecamatan Ciater, cerak pintu mlebet kawasan wisata Gunung Tangkuban Prau kalebet panggonan wisata anyar ingkang nembe bikak wonten warsa 2020. Reginipun tiket mlebet Astro Highland inggih menika selangkung ewu. Regi semanten ugi kalebet reginipun unjukan soda. Wonten mriku, kathah panggonan ingkang endah kangge foto-foto. Wonten ugi tenda-tenda kangge camping ingkang saged diisi gangsal ngantos wolu pengunjung. Sampeyan ingkang pengen ngrendem badan wonten padusan toya benter ugi saged plesiran wonten mriku. Menawi sayah keliling, wonten restoran saklebeting kawasan Astro Ciater menika. Sampeyan saged dahar nyambi mirsani pemandangan endah wonten mriku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "90", "text": "Aku seneng banget pangan laut. Seko urang, cumi, kerang, tekan kepiting aku seneng kabeh. Amergo panganan laut sing seger kui goleke angel, aku dadi arang mangan olahan panganan kui. Aku iling pas isih SMP aku dijak plesiran neng pantai Depok. Pantai kui pemandangane ora apik-apik banget, nanging neng kono ono panggon sing ngedol olahan panganan laut seger sing ora ono neng pantai-pantai liyane. Neng kono awak dhewe mesen cumi, urang, lan kepiting. Bumbune sing dienggo bedo-bedo ono sing nganggo saos mrico ireng, asem legi, pedes legi, lan saos padang. Neng kono aku seneng banget amargo kui pertama kaline aku mangan kepiting.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2739", "text": "Pas aku dolan nang Suroboyo aku diceritane ambek koncoku nag saiki iku akeh wong wedok sing wani ambek bojone. Tambah sampek ono sing nyeneni barang. Padal anjuran nang islam utowo kabeh agama kabeh wong wedok iku ora oleh wani ambek bojone opo maneh nyentak. Soale kanjeng nabi pas isro miroj iku metuki wong medok sing disikso ora karuan ambek akeh sing mlebu neroko polahe iku maeng. Mangkane ben wong wedok maeng ora akeh sing klebu neroko kanjeng nabi nganjurno ambek mesen nang kabeh wong wedok iku kuduh nurut nang bojone ben iso slamet. Dadi kabeh wong wedok iku kudu nurut ambek bojone sing penting ora ngelanggar aturan agama.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4724", "text": "Kebun Binatang dadi salah sawijine panggon pariwisata sing bisa dadi alternatif liburan kanggo bocah-bocah amarga bisa ndadekake ati bungah nanging ya bisa kenal jenise satwa. Salah sijine yaiku kebun binatang ning wilayah Jogja yaiku Gembira Loka. Gembira Loka wis kesohor dadi siji-sijine kebun binatang sing nyuguhake satwa lengkap ning Jogja. Nanging kebun binatang iki saiki katon rusuh lan ora kopen amarga pengunjung sing teka ora sepiro akeh kaya zaman biyen. Kondhange Gembira Loka iki kalah karo panggon-panggon sing jujugane mung kanggo foto-foto kaya HEHA Sky View, padahal ya akeh kegiyatan sing bisa dilakoni ning Gembira Loka kaya wisata banyu utawa sepur kelinci. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2369", "text": "Teko situs kompas.com nomongno nag Chef yaiku profesi sing paling tepak kanggo wong sing hobi masak. Tugase Chef yaiku ngolah macem-macem masakan nag pawon, awit teko menu sampek omben-ombenan sing bakal disuguhno naggonane wong sing bakal tuku. Sak luyane iku, tugase Chef yo milih-milih bahan, masak, ambek noto masakan sing ate dikehno nang gonane sing tuku panganan iku maeng. Perkemabangan profesi iki saiki cepete pol, sampek wong lanang wae ono sing dadi chef. Mangkane awak dewek kabeh gelek petok wong sing masak nag restoran utowo warung cilik-cilik kadang akeh wong lanange. Iku maeng disebabno polahe kebutuhan kanggo profesi iku maeng tambah akeh. Terus sing duwe pikiran pengen gawe warung utowo usaha masakan yo ora mok wong wedok tok. Tapi wong lanang barang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8906", "text": "Tapak suci iku salah siji seni bela diri sing onok nang Indonesia. Organisasi tapak suci iki dadi bagian teko Muhammadiyah. Biasane, kabeh sekolah Muhammadiyah iku pasti onok ekskul tapak suci. Koyok seni bela diri liyane, tapak suci iku nduwe jurus dasare dewe sing kudu dipelajari. Tata gerak dasar sing onok nang tapak suci iku ngelibatno lontaran, berlintasan, ambek bertumpu nang kecepatan, ketepatan, karo kekuatan. Gawe awakmu sing kepingin sinau tapak suci, awakmu kudu eroh kabeh jurus dasar tapak suci, yaiku koyok ngene. Siji, bunga mawar mekar. Loro, bunga mawar layu. Telu, katak melempar tubuh. Papat, naga terbang. Limo, tandukan lembu jantan. Enem, harimau membuka jalan. Pitu, ikan terbang menjulang ke angkasa. Wolu, ikan terbang menggoyang sirip. Terakhir, tangkai mawar tertiup angin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10123", "text": "Okra kalebet salah satunggaling sayuran ingkang saged thukul wonten negara ingkang gadhah iklim tropis kados Indonesia. Tanduran okra gadhah lendir wonten wohipun. Mila, kathah tiyang ingkang tesih bingung bab caranipun ngolah okra. Okra menika saged didamel sambel, oseng, utawi tumis okra. Menawi ajeng tumbas okra, sampeyan kedah milih okra ingkang ukuranipun sedeng amargi menawi ukuranipun kegeden, raosipun okra bakal dados anyep. Saksampunipun dikumbah, sayur okra kedah langsung dimasak supados boten kathah medalaken lendir. Langkung sae ngiris okra boten melintang. Larutan cuka ugi saged mbantu ngilangkaken lendir okra. Sampun kesupen sakderengipun masak, sampeyan kedah ngeresiki wulunipun okra. Sayur ingkang tekstur lebetipun kados terong menika saged nyegah kanker lan nambani penyakit diabetes. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7839", "text": "Gak tapak akeh sing eroh, tapi wong-wong iku sek akeh sing dadi pendengar setiane radio. Opo maneh wong wong tuwo sing hiburane teko ngerungokno berita nang radio. Wes eroh koyok ngono, awakmu isok manfaatno radio iku gawe promosi lho. Salah sijine promosikno acara sing lagi mbok urus. Ajang promosi nang radio koyok ngono iku sek dinilai efektif, soale jangkauane iku isok sampe wong tuwo sisan. Dadi nek awak dewe promosi acarane gawe arek enom iku lewat media sosial, awak dewe isok menjangkau luwe luas maneh nang wong tuwo lewat siaran radio. Nek wes ngono, acara iku mau isok kesebar luwe akeh maneh. Dadi awakmu sing lagi nduwe acara, coba ae promosikno lewat radio.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3147", "text": "Aku ambek koncoku pas sekolah paling seneng melok ekskul tenis meja soale ora sepiro ngoyoh oleh olahragae. Ganggo wong anyar iku kudu iso nguasai teknik dasar koyok contone carane nyeket rakete maeng sing diarani Bet. Carane nyekel maeng iku ono loro yaiku nyekele koyok nyekel polpen ambek koyok saliman. Iku termasuk teknik dasare nyekel rakete maeng. Terus nag posisi awake iku kudu tegak tapi rodok bungkuk terus sikile iku kudu dibukak sing bentuk kuda ben iso bebas obahe. Mari ngunu carane gepuk, cara iki yo ono loro yaiku forehand ambek backhand. Terus ono maenh sing jenenge servis, nag servis iki sing awitan gepok bal pas pindahan bal utowo ngawite main.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6956", "text": "Aku iku sek seneng nyemili jajanan sing kudune gawe bayi, koyok biskuit milna utowo biskuit regal marie. Nek gak dipangan langsung, yo dijur nganggo banyu dadi bubur. Nah sing paling enak digawe bubur iku sing biskuit regal marie. Rasane isok luwe legit timbang nek dipangan langsung. Cara nggawene pun yo guampang pol. Bahane mek loro tok, biskuit regal marie karo banyu anget. Pertama, biskuite diremukno nang njero mangkok tapi gak usah sampe sing alus nemen. Terus ditambahi banyu anget. Mbari ngono diudek sampe biskuite ajur. Udeken terus sampe kentel terus teksture dari koyok bubur. Nek kekentelen isok ditambahi banyu titik maneh. Pokok sesuaino karo seleramu dewe lah. Nek wes dadi, garek dipangan deh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7819", "text": "Wong jaman saiki iku gak isok nek gak nyekel hp. Opo maneh saiki iku sembarangane nganggo hp kabeh. Mulai teko transaksi bisnis sampe berita. Salah siji fenomena iku sing marakno awak dewe dadi kecanduan karo hp. Padahal nyawang layar hp terus terusan iku akeh gak apike lho rek. Akeh banget efek negatif e, opo maneh gawe mripat. Mripat sing kesuwen ndelok layar hp iku marakno kenek radiasi dan isok marakno garing. Nek wes garing, awak dewe pasti bakal ngucek mripat iku mau mergo kroso gatel. Nek iku dilakoni terus-terusan, isok marakno mripat iritasi. Gak mek iku tok, engkok bakal onok komplikasi liyane sing isok memperburuk kondisi mripat nek awak dewe terus-terusan nyawang layar hp. Dadi mulai saiki ayo nganggo hp sing bijak gawe kesehatan mripatmu dewe.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9753", "text": "Lapis Surabaya utowo spiku yoiku jajan khas Surabaya seko tinggalane walandhi. Kaitane jajanan iki mek dipangan wong londo, seko merdeka sampe saiki jajanan spiku akeh dipanagn kabeh kalangan. Sekilas jajanan iki memper karo roti lapis, tapi rasane seje. Jajan lapis saiki yoiku modifikasi seko jajan spiku asli utowo spiku kuno. Jajanan iki akeh di dol ndek Surabaya dadi akeh seng nyebut lapis Surabaya kaya seng dikenal saiki. Lapis Surabaya bentuk e isine biasane ana 3 lapis , seng original 2 lapis terus ing tengah e dikeki lapis rasa coklat biasae dikei selai utawa krim gae perekat e, saiki akeh dimodifikasi rasae . ana seng rasa pandan lan dikei keju utawa coklat gae toppinge. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4008", "text": "Guruku iku gelek ngandani nag uripe wong sing wes duwe pasangan iku mesti nganjurno nag ono opo-opo iku diomongno apik-apik disek ben ora marakno ati panas sing akhire gegeran. Nah aku sing ngerti anjuran ambek omongan iku, yo dadi mikir so emben nag duwe pasangan kudu temen-temen iso ngelakoni anjuran iku maeng, soale nag dipikir ancene yo iyo temen, nag ngomonge enak yo mesti bakal aman-aman ae ngelakoni urip ambek pasangan uripe maeng. Tapi saiki nag tak delok nang berita-berita akeh wong sing langsung nyentak-nyentak nag ngomong ambek pasangane mergane wes pegel terus digoroi. Padal asline masio pegel yo palang ora atek nyentak tapi yo lansung tinggal mirih ae.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9008", "text": "Merk e mesin cuci sing dipasarno nang Indonesia iku onok uwakeh pol. Mulai sing regone murah sampe luarang yo onok kabeh. Sing jelas, awakmu nek kate tuku mesin cuci iku kudu disesuaino ambek kebutuhanmu dewe. Nek misal awakmu nggolek mesin cuci sing kualitas e juara tapi regane sek masuk akal, pilihanmu isok nang merk Aqua Japan. Mesin cuci asal Jepang iki nduwe akeh pol kelebihan. Siji, merek e terpercaya. Loro, desain e menarik. Telu, produk e lengkap. Terakhir, fitur e canggih. Dibandingno ambek merk liyane sing nduwe fitur sing podo, Aqua Japan iki tergolong luwe murah. Dadi gawe awakmu kabeh sing nggolek mesin cuci canggih dan regane rodok miring, tuku ae Aqua Japan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5444", "text": "Salah siji ekskul sing anggotane ora akeh nanging uga perlu diadakake ning sekolah yaiku catur. Ekskul catur iki pancen kalah pamor tinimbang basket utawa voli. Nanging tandig catur kanggo bocah sekolah iki dadi tanding sing paling gedhe gengsine amarga sing ditandingke babagan strategi lan biyasane seng melu bocah-bocah pinter sing wis dilatih ning sekolah. Lomba catur iki uga dadi olahraga sing peminate durung akeh, kamangka saingane uga ora ketat kaya basket, voli, lan futsal. Kanggo anggaran sekolah, catur iki ora ngentekake biaya sing akeh amarga ora mbudhalake tim sing jumlahe akeh lan ora butuh seragam. Nanging peminate catur iki isih setitik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9232", "text": "Kates yaiku buah sing duweni akeh serat. Buah iki migunani yen duwe perkara babagan pencernaan. Nanging, Yanti panggah ora seneng banget karo kates. Kanggo Yanti, kates iku buah sing ora enak lan kadang pait. Apa maneh tekstur kates rada jemek lan mambune rada ora enak. Warnane uga oren rada kuning. Isine kates bunder-bunder cilik ireng tambah nggarai Yanti wegah anggone mangan kates amarga Yanti kelingan samubarang kang kurang resik. Senajan kates sing ana kates kang apik, ora jemek, lan seger tuku langsung ana ing swalayan. Nalika Yanti duweni perkara babagan pencernaan, Yanti luwih milih langsung nemoni dhokter tinimbang diobati karo sregep anggone mangan kates. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "848", "text": "Pas awak dhewe iso sekolah, akeh ekskul sing ditawarke sekolahane dhewe. Nanging seko akehe ekskul kui, menurutku luwih apik yen awak dhewe milih ekskul olahraga sing bentuke tim, koyo futsal lan basket. Ora ono salahe milih ekskul olahraga tunggal koyo catur lan bela diri. Kabeh ekskul kui marake awak dhewe sehat lan dadi iso gerake awak terus. Nanging, yen awak dhewe ngelakoke olahraga tim kui awak dhewe iso entuk luwih. Awak dhewe iso sinau piye carane kerja sama neng jero tim. Awak dhewe iso sinau ngewoco lan memahami watak konco-konco time dhewe. Sing paling penting kui, awak dhewe iso latian nahan egone awak dhewe. Kemenangan seko olahraga tim kui ora mung kanggo sak wong tok nanging kudu dirayake rame-rame.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6342", "text": "Nggolek kanca ning manca negara saiki tambah gampang amarga akeh aplikasi sing ndukung kanggo golek kanca liwat percakapan online. Salah siji aplikasi kuwi yaiku Hello Talk. Hello Talk kuw aplikasi sing akeh banget fungsine, wiwit saka nggolek kanca, dagang, utawa sinau bahasa karo wong sing ana ning manca negara. Aplikasi iki bisa diunduh ning Play Store utawa App Store lan bisa dinggo ning android lan iOs. Aplikasi iki bisa ngirim percakapan, ngirim swara, lan ngomong liwat telpon. Aplikasi iki nguntungake banget amarga wong bisa nganggo layanan alih basa ben ora bingung ngomong karo wong sing bedha basane kamangka aplikasi iki dadi akses sinau basa asing sing gampang. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "101", "text": "Tahun 2006 Gunung Merapi neng Yogyakarta jebluk. Seko beberapa dekade terkahir iki, erupsi taun kui sing dampake parah banget. Setaun kemudian, daerah sing keno dampak erupsi kui dadi panggon wisata. Aku karo keluargaku merono pas preinan bakdo. Pas awak dhewe dono isih ketok banget bekas-bekas erupsi taun 2006 kui. Ono montor sing angus kobongan dipajang. Montor kui didadeke semacam monumen ben uwong-uwong sing teko mrono iso ngebayangke sak parah opo kondisi neng daerah kui pas erupsi. Neng kono ono bunker sing wis rusak mergo lahar lan awan panas seko merapi. Aku dadi ngebayangke tempat paling aman koyo bunker kui wae iso remuk opo meneh omah-omah sing biasa.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "59", "text": "Golek jajan sing jenenge kipo kui saiki wis angel banget. Jajanan pasar kui wis arang sing ngedol. Kipo kui cemilan khas Kotagede, Yogyakarta. Kipo kui nek seko coro bahan-bahane mirip banget koyo klepon. Panganan kui digawe seko tepung beras, gulo jowo, lan parutan kelopo. Bedane kipo kui bentuke pipih utowo gepeng. Wong-wong kudu ngicipi koyo piye enake kipo ben akeh sing goleki lan dadi luwih akeh produsen sing gawe jajanan pasar kui. Sing unik seko kipo kui, jajanan iki wis ono seko jaman mataram biyen. Dadi kanggo Sampeyan sing seneng sejarah lan penasaran wong-wong disik panganane koyo ngopo, kipo kui iso dadi bayangane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6699", "text": "Numpak angkutan umum iki sing kudu digatekake yaiku keamanan sing ana ning jerone, utamane yaiku yen perjalanan adoh. Kanggo wong sing numpak perjalanan adoh, sing kudu dipastikake yaiku anane alat keamanan kaya piranti kanggo mecah kaca lan uga tabung kanggo pemadam kebakaran. Senajan ana ning jero kendaraan, awak dhewe kudu waspada lan kudu ngapalake rute evakuasi yen ana kecelakaan. Ning pesawat, biyasane ana lawang kanggo kebutuhan darurat. Ning sepur uga ana lampu sing ana ning ngisor sikil kanggo nduduhake jalur evakuasi. Awak dhewe uga kudu ngerti panggonan piranti darurat kuwi ben yen ana kecelakaan, bisa cepet dievakuasi lan selamet saka kecelakaan. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4746", "text": "Transportasi wisata sing lagi rame ning sosial media yaiku bis lintas pulau sing fasilitase penak kaya ning pesawat. Bis iki nduwe sekat-sekat kanggo penumpang lan didesain kanggo perjalanan adoh kaya saka Jakarta nang Jawa Timur utawa Bali. Bis iki isa dipesen langsung ning terminal amarga kadhang ora ana ning aplikasi amarga cepet entek lan jumlahe mung setitik. Ning bis iki, disediakake jajan lan panganan sing luwih akeh. Uga ana bantal lan selimut. Nanging sak durunge numpak bisa iki, aja lali barang-barange dicek amarga koper lan liyane dideleh ning bagian isor lan adoh saka bangku penumpang. Kaping pindho, kudu njaga karesikane bangku penumpang lan wc. Kaping telu, fasilitas sing disediakake kuwi ora oleh digawa balik. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6922", "text": "Akeh uwong sing bingung bedakno antara sushi karo kimbap. Loro lorone ancen teko negara ndek Asia Timur. Nek sushi iku teko Jepang, kimbap teko Korea Selatan. Sekilas rupone ancen meh podo, sego sing dikeki isian terus digulung nganggo nori alias rumput laut lembaran. Sing mbedakno sushi ambek kimbap iki bahan-bahan isiane. Sushi luwe sering nganggo isian iwak sing sek mentah, mbasio gak jarang pisan nganggo isian iwak sing wes mateng. Nek kimbap iku isiane jauh luwe akeh dan didadikno siji. Biasane sushi sing paling umum isiane onok telung jenis, yaiku iwak, timun, karo wortel. Nek kimbap, minimal isiane onok limang jenis, yaiku ndhog, wortel, danmuji alias acar lobak, bayem, karo crabstick.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2114", "text": "Ora ono salahe yen wong wedhok kui kerjo kantoran lan sing lanang kui kerjo neng omah. Saiki wis ora jamane, ngebeda-bedake pekerjaan seko gender. Menurutku, saiki lanang lan wedhok wis diperlakoke podo neng donyo kerjo. Perkoro gaji wong sing nyambut gawe neng kantor lan neng omah kui ora ono bedane. Loro-lorone iso sitik lan loro-lorone iso ngehasilke duwit sing gedhe. Sing pengaruh kui, hasil kerjone awak dhewe lan profesine dhewe sing ono neng bidang opo. Awak dhewe uga ora iso ngeremehke wong lanang garap garapan omah. Dheweke iso ngeresiki omah podo koyo wong wedhok. Wong lanang uga iso masak lan uga iso jogo anak.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7752", "text": "Grand Prix Sepeda Motor yaiku seri kejuaraan balap motor sing diselenggarakno nang sirkuit dalanan sing disetujui karo Fédération Internationale de Motocyclisme utowo disingkat dadi FIM. Grand Prix Sepeda Motor iki dadi kejuaraan balap motor sing paling tuwo sepanjang sejarah. Musim pertama kejuaraan iki diadakno pas tahun 1949. Motor sing digawe pertandingan iki dirancang khusus gawe balapan dan gak oleh didol nang masyarakat umum. Wes ngono, kendaraan iku sisan gak oleh dikendarai nang dalan umum. Saiki Grand Prix Sepeda Motor dibagi dadi patang kelas, yaiku MotoGP, Moto2, Moto3, karo MotoE. Sing telu pertama iku nganggo mesin patang tak, terus sing MotoE nganggo sepeda motor listrik dan buru onok mulai tahun 2019.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "8633", "text": "Salah siji wadah sing dinggo pas wayahe munggah gunung iku tas ransel. Tapi kudu digatekno, jenis tas ransel iku onok akeh, dan gak kabeh jenis iku isok dinggo gawe munggah gunung. Onok patang jenis tas ransel, yaiku backpack, rucksack, carrier, karo daypack. Backpack iku dikenal dadi tas punggung sing biasa digawe sekolah utowo kerjo soale muatane cilik. Rucksack iku tas punggung sing nduwe penutup tali dan nganggo sistem serut. Meh podo ambek backpack, muatane cilik. Carrier iku tas punggung sing biasa digawe munggah gunung. Tas iki didesain khusus gawe nggowo barang sing abot dan akeh. Daypack iku meh podo karo carrier, cuma muatane luwe cilik ngono ae.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1753", "text": "Wong-wong reaksine bedo-bedo pas ngerasake ono lindu neng daerahe. Awak dhewe iso delok ngerine lindu kui seko pawartos-pawartos utowo cerito-cerito seko wong liyo. Nanging, yen ngerasake dhewe piye rasane lindu kui, mesthi ono sing bedo. Wong-wong sing biasa urip neng daerah sing kerep keno lindu bakal biasa-biasa wae. Dheweke mungkin uga luwih ngerti endi lindu sing nyilakani lan sing ora. Yen lindune cilik dhewe ora bakal panik lan nek lindune gedhe, dheweke uga ora bakal panik. Dheweke bakal golek carane slamet koyo sing wis diajari. Bedane karo wong sing ora biasa ngerasake lindu kui neng panike. Wong arep ngerti kabeh opo sing kudu dilakoke pas lagi ono lindu. Nanging wong sing durung biasa, bakal ono polah panike. Malah panike kui sing bahaya. Awak dhewe iso luwih ciloko mergo awak dhewe panik.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6636", "text": "Urip ning gunung kuwi sajana ana kaitane karo kondisi fisik sing bisa adaptasi. Salah sijine marang tekanan udara. Wong sing omahe ning gunung mesti betah adhem lan uga ora masalah yen dijak muncak menyang gunung ngendi wae. Nanging kanggo wong sing ora kulina, kuwi marai awak lara lan ngerasa sesek. Kamangka, yen arep munggah gunung kuwi kudu nggadakake persiapan fisik ben otot jantung kuwi terlatih, kaya misale mlayu utawa renang. Jantung uga bisa adaptasi amrang tekanan udara yen mlayune wayah bengi utawa subuh. Sing paling penting yaiku njaga pola turu ben ora gampang kesel lan uga akeh ngombe vitamin ben pas arep budhal ora lara. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5531", "text": "Amarga ndelok film Pengabdi Setan, adhiku dadi rada wedi ndelok radio lawas amarga sering mbayangke adegan horor sing ana kaitane karo radio. Jebul alesane ora mung kuwi. Ning omahku, ana radio tuwa sing wis ana wiwit tahun 80-an. Radio kuwi saka simbahku lan wis suwe ora dinggo amarga kabele ana sing rusak. Nanging, pas adhiku lagi dewean ning omah, adhiku krungu yen radio kuwi murup dhewe lan nyiarake siaran basa Jepang banjur ganti ning basa Jawa lan ganti marang basa Jepang maneh. Pas didelok, kabele ora dipasang lan kuwi sing marai tambah aneh. Banjur jare bapak, radio kuwi dikongkon nyimpen ning gudhang ben ora ngganggu maneh. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "805", "text": "Pas cilik, aku seneng dolan bal-balan. Aku melu mergo yen aku ngelakoke olahraga liya ora ono koncone. Dadi emang aku kui ora begitu nikmati olaharaga bal-balan iki. Nanging sing tekan saiki aku angel nikmati kui, nonton bal-bal. Aku isih ora ngerti opo serune nonton wong rebutan bal neng lapangan jembar. Yen aku ngelakoke duwe, ceto aku entuk manfaate, sak ora-orane aku entuk keringet. Yen mung delok tok, rasane boseni banget kanggo aku. Aku uga ora paham posisi-posisi neng bal-balan kui. Aku mung ngerti jeneng-jenenge tok nanging ora ngerti opo fungsine. Sak liyane kui, mumet aku delok bale dioper-oper. Mripatku ora iso fokus neng ngarep layar TV.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7371", "text": "Ket mbiyen SMP, guru-guru iku mesti ngajak murid-murid nang sekolahan gawe hafalan Al-Mulk karo rong ayat terakhir Al-Baqoroh. Pas iku aku sek dadi murid sing naif dan asal nurut ae opo jare guru tanpa eroh iku fungsi hafalane gawe opo. Pas tambah gede, mamaku ngekeki eroh gawe rutin moco rong surat iku sisan. Berhubung aku wes gede dan luwe kritis, aku takon lah opo fungsine moco rong ayat iku. Jarene mamaku, rong ayat iku isok ngeringano siksa kubur gawe awak dewe nek diwoco rutin. Ben menungso iku pasti onok siksa kubure. Dadi nek rutin moco iku, siksa kubure bakal diringano. Semenjak iku, aku dadi luwe rutin moco rong surat iku mau.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7354", "text": "Tahun baru imlek iku perayaan sing paling penting gawe wong Tionghoa. Perayaan tahun baru iki dimulai pas dino pertama bulan siji nang penanggalan Tionghoa dan berakhir ambek Cap Go Meh pas tanggal ke-15. Imlek iki identik banget ambek angpao sing dibagikno pas perayaan iki. Biasane angpao iki isine duit dan gak sitik. Hal iki mergo wong Tionghoa iki dikenal banget ambek rasa cintane ambek duit. Bahkan sing unik, ucapan selamat tahun baru Imlek, Gong Xi Fa Cai, iku artine gak mek selamat tahun baru, tapi “selamat dan semoga banyak rejeki”. Tujuan pengucapan selamat iku cekne uwong sing diucapno nduwe duit akeh dan iku isok berbalik nang de’e pisan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1782", "text": "Aku kepengen duwe omah neng deso pas wis tuwo. Harapanku, pas aku umur-umur arep pensiun, aku wis iso tuku omah neng deso. Pas aku bener-bener wis pansiun, dadine aku iso langsung tinggal neng kono. Aku durung ngerti arep tinggal neng deso endi. Nanging aku wis ngerti, koyo ngopo kahanane deso sing tak pengeni. Aku ora kepengen tinggal neng deso koyo neng Bantul. Aku kepengen tinggal neng panggon sing luwih adem. Aku kepengen tinggal neng daerah gunung. Nek iso, aku pengene sing ora terlalu adem, soale aku uga ora kuat ngadepi suhu sing keademen. Aku tau tinggal neng Boyolali lan beberapa kali liwat kono. Aku ora kepengen tinggal neng daerah sing seadem kui.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6925", "text": "Tau krungu resep obat sing isok ngatasi covid-19 sing terbuat teko bahan dasar banyu klopo? Dadakno iku hoaks rek. Tapi mbasio ngono, resep iki tetep isok dinikmati gawe minuman sing nyegerno awak ndek tengah panase kota Suroboyo. Terus dibandingno ambek es degan biasa, resep sing kate tak tulis iki rasane jauh luwe enak timbang es degan biasa. Pertama, awakmu tuku degan disik dan gak atek gulo, terus dikeki madu secukupe, baru dikeki garem sak jumput. Mbari ngono diudek sampe roto, wes dadi. Nek arep ngombe garek nambah es batu. Rasa degane isok luwe jangkep soale dikeki garem, terus rasa legi teko madune gak marai serik ndek gulu.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1237", "text": "Nalika pendapatane dhewe utowo duwit sing awak dhewe olehke kui luwih sitik seko biasane, awak dhewe ora iso meneng wae. Kebetuhane dhewe kui okeh lan ora iso ditunda. Neng kahanan koyo ngono, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Awak dhewe ora mungkin golek gawean liyo utowo awak dhewe ora iso ngono wae langsung ngubah bisnise dhewe, sing pertama kudu awak dhewe lakoke kui, awak dhewe kudu delok tabungan disik. Awak dhewe ngitung-ngitung kira-kira duwit sing ono kui iso kanggo urip tekan kapan yen perkoro bisnis kui iso gawe bayar biaya operasional tekan kapan. Yen iso ono luwih seko 3 sasi, awak dhewew iso nganggo duwit sing luwih kui kanggo kebutuhan inovasi bisnise dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9280", "text": "Bapak nandur lombok ana ing plataran omah. Saben dina, Bapak nyiram lombok iku supaya bisa cukul apik lan bisa dipanen. Lombok iki asline diwenehi karo Simbah sing omahe ana ing desa ngisor gunung lawu. Bibit lombok sing diwenehno uga bibit lombok sing apik banget saengga ora suwi nandure wis bisa dipanen. Nalika lombok wis padha abang, Bapak nyeluk aku kanggo ngewangi manen lan milihi menawa ana lombok sing elek lan ora siap dipetik. Lombok-lombok iki bakal disimpen ana ing pawon kanggo Ibu masak lan sisane bakalan ditawarke nang tangga-tangga omah menawa ana sing pengin njaluk. Saliyane iku, Bapak uga nitipke lombok-lombok iki ana ing bakul sayur supaya bisa ndang entek.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9706", "text": "Wong Bali kususe wong sing agamane Hindu mesti bakal ngelakoni upacara adat metatah. Upacara iki kanggo bocah sing wis mlebu umur 20 taun. Tata cara upacara iki kaping siji, wong sing meh dikethok utawa dikikir untune kudu dipingit sik lan ora oleh metu ning ngendi-endi. Upacara metatah iki biasane dilakoni pas isuk, nanging ana pirang-pirang wong sing ngelakoni upacara iki pas shubuh utawa sadurunge srengenge metu. Kaping loro, sawise untune dikikir bocahe kudu njajal macem-macem rasa kaya pait, kecut, legi, asin, pedhes, lan sepet. Upacara metatah iki kudu ngetokna dhuwit sing ora sithik, mulane kadang ana sing ngadakna metatah massal supaya bisa mbantu kaluwarga sing ora nduwe dhuwit.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5172", "text": "Salah sawijining tari sing lagi digalakake ning Malang yaiku tari topeng. Tari topeng iki budhaya sing diwariske kerajaan Majapahit lan Singorasi. Nanging miturut sejarahe, tari iki diciptakake karo Airlangga, putrane Dharmawangsa Beguh saka Kediri. Tari topeng iki diangkat saka cerita panji utawa cerita babagan pahlawan sing ngelindungi wilayah negara. Tokoh sing sering ditampilke yaiku lakon Panji Asmarabangung. Tarian iki dinggo pelengkap ning upacara adat utawa persembahan kanggo leluhur. Upacara leluhur iki dilakoni saban Senin Legi lan diadakake karo Sanggar Asmarabangun ning Malang. Tari topeng malangan iki uga dadi dilestarikake miturut amanate saka Mbah Karimun, salah siji maestro topeng ning Malang. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10187", "text": "Wonten Nusa Tenggara Barat wonten transportasi tradisional ingkang bentukipun kados delman nanging langkung alit. Warga lokal nyebat kendaraan menika Cidomo ingkang dipendhet saking singkatan cikar, dokar, lan mobil. Kendaraan menika ugi biasa disebat benhur amargi bentukipun mirip kaliyan kendaraan ingkang naminipun sami wonten satunggaling film negara manca. Cidomo gadhah pinten-pinten hal ingkang benten kaliyan delman. Roda cidomo didamel saking roda mobil. Benten kaliyan delman ingkang rodanipun saking kayu ingkang langkung ageng. Kursi kusir kaliyan penumpang cidomo ugi benten kaliyan delman. Penumpang lan kusir lungguh jejer wonten ngarep nalika numpak Cidomo. Cidomo menika sami kaliyan alat transportasi sanesipun ingkang awalipun didamel kangge ngangkut barang. Ngantos sakmenika, cidomo tesih digunakaken wotwen daerah daerah ingkang minim akses transportasi utawi wonten pasar tradisional.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1227", "text": "Gawe bisnis utowo usaha seko omah kui ora butuhke omah sing gedhe. Omah cilik uga iso digawe bisnis. Carane kui, awak dewe ora dodol langsung neng ngarep omah naning barange kui awak dhewe dol neng Internet. Supoyo barang sing arep didol kui amot neng omah, awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal iki. Sing kesiji, awak dhewe iso guak peraboton neng omahe dhewe sing ora dienggo. Awak dhewe iso ngedol meneh perobotane kui yen isih ono nilaine. Yen wis ora ono, awak dhewe iso sumbanget barang-barang sing ora dibutuhke kui neng wong sing luwih butuh. Sing keloro, awak dhewe iso noto meneh barang-barang neng omahe dhewe lan nyisake sak ruangan utowo sak sudut ruangan, kanggo nyelehke barang sing arep awake dol.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "1749", "text": "Misale, awak dhewe wis ketemu konco sing iso ngerteni awak dhewe, luwih seko wong-wong sing ono nek cerake dhewe, awak dhewe ora oleh nyia-nyiane dheweke. Mergo golek wong sing koyo ngono kui angel. Wong-wong akeh sing iso ngaku dadi koncone dhewe, tekan wong sing ora awak dhewe kenal iso ngomong koyo ngono, nanging konco sing iso ngerti perasaane dhewe tanpa awak dhewe ngomong kui arang banget. Dheweke bakal ono neng sisihe dhewe pas kahanane lagi koyo ngopo wae, pas lagi angel lan pas lagi seneng. Dheweke ngelakoke kui tanpa jaluk opo-opo. Dheweke iklas ngelakoke kui mergo, dheweke pancen sayang karo dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8920", "text": "Obi iku arek e sueneng pol ambek sembarang kalir kegiatan sing ekstrem, terutama olahraga sing ekstrem. Dino iki, Obi manjat tebing sing duwur pol. De’e gak dewean, onok Nikola sing ngancani de’e. Arek loro iku manjat tebing sing ngisore iku laut lepas. Guduk tanpa alesan arek loro iku milih tebing iku. Mbari berhasil manjat tebing sampe puncak e, arek loro iku leren dilut gawe ngatur napas. Mbari ngono, mereka nyoplok klambi dan mek nganggo katok ndek tok. Mbari ngono Obi ancang-ancang mlayu dan langsung terjun nang laut iku mau. Gak lali sisan Nikola ngerekam Obi sampe isok nyemplung nang laut.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7011", "text": "Sak wise acara halal bi halal nang omahe pakdheku, aku sak keluarga langsung berencana kate moleh. Ndek tengah perjalanan, adek-adekku sek ngeluh luwe soale mau nang kono mek mangan sitik tok. Bapakku langsung nyetir nang arah Kupang Indah, dan ndelok-ndelok endi restoran sing sepi. Soale nang daerah kono, sak deret dalanan iku isine restoran kabeh dan podo rame, dadi mending nggolek sing sepi cek gak atek ngenteni. Akhire nemu onok warung jenenge Sop Kaki Sapi Haji Munir. Menu nang kono mek onok siji tok, yaiku sop kaki sapi. Tapi daginge isok request, gelem atek tambah babat ambek jeroan opo daging polosan tok, dan aku sak keluarga milih daging polosan tok. Pas diicipi, dadakno rasane enak banget. Bahkan adekku sing pilah pilih panganan yo doyan ambek sop kaki sapi iki. Sing aku heran, opo’o warung iki rodo sepi padahal rasa panganane enak banget.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "909", "text": "Aku pertama kali kenal karo gim kui pas aku delok pakdhe dolan neng komputer. Aku iling banget gim sing lagi didolanke pakde ku Age of Empire II lan Warcraft III. Rong gim kui mlebu genre RTS utowo strategi wektu nyata. Iki gim genre gim paling apik, lan kudune wong iso kudu dolan gim iki meneh. Soale iki gim sing iso ngasah fokuse awak dhewe kanggo fokus. Awak dhewe kudu ngumpulke sumber daya, bangun gedung, nyiapke pasangan neng wektu sing podo. Sak liyane kui, awak dhewe kudu jaga pertahanan lan nyerang neng wektu sing uga podo. Kemampuan dhewe kanggo gawe prioritas kui penting banget neng kene. Dadi, luwih mending awak dhewe dolan gim sing genre iki timbange MOBA sing mung gerake sak unit.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8638", "text": "Aku tau dikandani karo koncoku, nek kate ndaki gunung iku kudu jaga sikap. Sing paling kudu dititeni iku yaopo awakmu njogo lambemu. Teko ucapan iku, onok akeh sing isok kedaden, salah sijine iku nek awakmu sampe misuh-misuh. Gunung iku panggon alam sing sek akeh peghuni ghaib e. Dan penghuni iku mau gak bakal seneng nek misal menungso iku sampe misuh-misuh. Kadangan nek wes ngono iku isok sisan disasarno, mek mergo misuh tok. Dadi gawe awakmu sing kate ndaki gunung, jogo lambe karo sikapmu yo rek. Tujuane jaga lambe ambek sikap iku ben awakmu tetep selamat sampe engkok awakmu moleh maneh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "4085", "text": "Wong nang desoku iku saiki wes seje karo biyen, biyen nang desoku iku isek ono sing gotong royong saiki nag ora digeleki yo ora ngiro teko dewe mesti jaluk diparani, terus gaya uripe barang yo wes seje ambek wong biyen, saiki gayai iku kemenyek koyok ketek sing ono nang petite uwit. Saiki gayae iku wes koyok wong kota, saingan numpuk duwek ben ketok sugeh. Soale nag desoku saiki iku nag ora dadi wong sugeh jelas ora ngiro diregani, opo maneh wong sing sekolah tapi ora lulus utowo durung dadi opo-opo yo tambah ajor mumur. Sing diregani nang desoku yo mog wong sugeh tok masio wonge korupsi, terus karo wong sing duwe jabatan masio jabatane iku maeng nyogok.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8983", "text": "Dell iku siji perusahaan berbasis elektronik. Perusahaan iki mroduksi ambek masarno perangkat keras komputer sing kakean teko klon IBM. Dell didirikno nang Austin, Texas, Amerika Serikat. Pendiri Dell iku Michael Dell. Perusahaan iki didirikno pas tanggal 1 Mei 1984, dan terus beroperasi sampe detik iki. Kantor pusate Dell iku onok nang 1 Dell Way, Round Rock, Texas, Amerika Serikat. Akeh-akehe pasare onok nang komputer pribadi, tapi Dell iku sisan ngedol server, alat penyimpanan data, switch jaringan, ambek kluster komputer gawe perusahaan. Mbasio ngono, onok pirang produk teko Dell sing luwe dikenal maneh. Antara lain netbook, laptop, mesin cetak, TV, periferal, desktop, ambek pemindai.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6338", "text": "Lunga menyang alam kuwi pancen nyenengake amarga bisa ndelok ciptaane Gusti, kaya gunung, laut, alas, lan uga kewan sing ana ning jerone. Kamangka, akeh sing ndadekake iki sarana wisata, salah sijine yaiku pendakian ning gunung, Bedha kaya wisata biasa, munggah gunung iki butuh persiapan sing akeh kaya persiapan fisik, mental, lan uga ana persiapan barnag kebutuhan. Munggah gunung iki senajan nyenengake, nanging kudu luiwh waspada amarga tantangane gedhe. Sak liyane ngurusi kebutuhan dhewe, keamanan tim kudu dijaga. Amarga kuwi, kanggo kanca-kanca sing arep muncak, luwih becik lunga sak tim, ya. Risiko ning gunung kuwi gedhe banget yen arep lunga dhewenan. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9660", "text": "Sawise lulus kuliah, Ulul dadi guru ngaji ning TK ngarep omah. Saben dina Ulul gaweane muruki bocah-bocah supaya bisa maca Alquran. Carane Ulul uga gampang banget dingerteni karo bocah-bocah. Ulul ngewenehi ayat sing endek sik supaya bocahe padha ora kaget. Sawise dirasa lancar, Ulul nambah ayat sing rada dawa. Alquran sing biasane padha angel macane akhire luwih gampang diwaca lan dingerteni. Saben kate mulih, Ulul uga mesti ngewenehi hadiah kanggo sapa wae sing lancar maca Alquran dina iki. Carane Ulul kanggo ngewenehi hadiah iki bisa nambah semangat bocah-bocah kanggo luwih semangat maca Alquran saben dina. Alquran wis dadi kancae bocah-bocah.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2846", "text": "Kabeh wong sing nang indonesia opo mane sing nang jowo mesti ngerti sing jenege keris. Keris iki termasuk senjata tradisional sing duwe keistimewaan sing ora diduweni ambek senjata tradisional liyane. Lah terus asal usule iku teko endi? Asal usule keris iku diperkirakno metu nag abad 9 Masehi. Nah jeneng keris iku asline singkatan teko \"mlungker-mlungker kang iso ngiris\" iku kabeh maeng jarene wikipedia. Mari ngunu saiki keris iki didadekno senjata tradisional sing duweni sejarah dowo. Mangkane karo pemerintah keris saiki didaekno warisan budoyo sing kudu dijogo soale termasuk warisan budaya ambek adat sing ono ambek tau gawe keris nang jaman biyen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2856", "text": "Nag awakmu seneng ambek oleh-oleh khas daerah jogja sing jenenge Bakpia, Awakmu yo iso gawe dewe nang omah. Dadi ora perlu adoh-adoh tuku nang jogja. Sing awitan awakmu kudu nyiapno bahan sing digawe bakpia maeng, awit teko kulit, sampek isine maeng. Mari ngunu kacang ijo sing ate digawe isi maeng dikukus ambek dialusno, terus dimasak ambek santen, gulo, uya, vanili, ambek pandan sampek mateng. Nag wes mateng kacang sing dikukus maeng. Lagek gawe kulite sing teko bahan sing wes disiapno maeng. Carane bahan maeng kuli sing awitan diudek-udek ambek dimasak karo geni sing cilik sampek adonane maeng kalis. Nag wes mateng kulite maeng lagek dibagi roto sepiro gedene bakpia maeng. Terus nag wes dibagi, lagek ditipisno ben iso kanggo bungkus isine bakpia maeng. Mari ngunu nag wes dibungkus isi bakpia maeng lagek dipanggan utowo dioven sekitar 15 menit mari ngunu dilaburi ambek kunige endok. Mari ngunu bakbiah siap sijajikan", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "51", "text": "Rapat karo dosen kui mesthi rampunge sue. Untunge, bar rampung rapate entuk cemilan kotakan. Atine tetep kesel sih ning paling ora wareg. APas tak buka, isine ono arem-arem, puding, karo sus. Delok sus kui aku dadi kelingan. Ibuku disik tau ngandani yen kue sus kui panganan kesenangane. Biyen pas ibuku cilik, ibuku melu eyang putriku arisan. Pas kui sing duwe gawe pejabat tentoro sing pangkate duwur dadi panggon arisane apik lan panganane luwih mewah. Neng kono, ibuku dadi cah cilik dewe. Ben ora bosen, eyang putri ngekei kue sus sing ono neng ono. Ibuku seneng banget. Tekan saiki, ibuku ora lali rasane kue sus kui.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5422", "text": "Ning Korea, akeh artis sing milih jalur dadi penyanyi tinimbang tetep dadi atlet. Salah sijine yaiku Shen Xiaoting. Xiaoting iki salah siji artis grup Korea nanging lair lan gedhe ning Tiongkok. Xiaoting iki salah siji anggota grup Kep1er sing paling pinter nari. Xiaoting iki lair taun 1999. Xiaoting kuwi ning negarane sak durunge dadi penyanyi, dekne kuwi atlet sport dance yaiku tarian sing dicampur karo olahraga. Bocah sing dhuwure 168 iki wis menangake akeh penghargaan ning manca negara lan dadi juara ning akeh lomba. Kamangka kuwi, Xiaoting iki oleh beasiswa kuliah jurusan seni pertunjukan ning salah siji kampus kondhang ning Tiongkok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2354", "text": "Lak menurutku kripik menyok iku enak tapi menurut koncoku enak neg dikei rasa-rasa koyok keju, pedes, ambek gurih. Tapi ono maneh sing ngomong nag kripik meyok enak dipangan tanpo rasa-rasa soale isek murni khas'e menyok. Sakliyane iku nag situs doktersehat.com yo jelasno nag kripik singkong iku duwe kandungan sing akeh koyok karbohidrat, serat, protein, kalsium, zat besi, magnesium, fosfor, kalium, ambek zinc. Menyok barang yo duwe pirang-pirang jenis vitamin seperti vitamin A, vitamin B kompleks, vitamin E, dan vitamin K. Tapi ono kripik sing paling ora tak senengi yo iku kripik mlinjo. Soale rasane pahit. Masio diolah nag macem-macem rasa, tetep pahite iku ono.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7885", "text": "Saiki endi arek kos sing gak nduwe rice cooker? Sampe kabeh iku hapal merk rice cooker opo sing biasa digawe karo arek kos. Tapi ancene, rice cooker iku dadi penyelamat arek kos banget. Biasane iku arek kos pasti bakal nggawe sego dewe, terus baru tuku iwak nang njobo. Itungane isok luwe murah sisan timbang tuku sego nang njobo. Wes ngono, nek awakmu kreatif, rice cooker iku isok digawe masak sing enteng-enteng. Contohe koyok mie instan sing dadi andelane arek kos. Terus rice cooker sisan isok digawe ngengetno panganan sing wes adem. Wes talah, pokoke rice cooker iki akeh banget manfaate gawe arek kos.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4708", "text": "Pas aku budhal KKN ning Bengkulu, ana sawijining pantai yaiku Pantai Muara Ketahun. Pantai iki isih alami lan dadi pantai sing kesohor amarga langsung bebatesan karo muarane kali Dusun Urai, Bengkulu Utara. Pantai ning Muara Ketahun iki jenis pantai sing pasire ireng lan akeh sukete, ora umum kaya pantai biyasane. Nanging sing paling eman yaiku kurang saka semeter, penduduk Dusun Urai iki nandur wit klapa sawit. Miturut penelitian, klapa sawit iki ora bisa nahan abrasi, malah wit iki nyebabake abrasi. Lan miturut masyarakat, abrasi ning Muara Ketahun iki wis kanthi 4 kilometer. Amarga kuwi, pemerintah lan masyarakat kudune bisa ngadakake kerja sama kanggo ngurangi abrasi iki kaya nggawe beton pemecah ombak lan mbangun kawasan sing aman. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4793", "text": "Hobi sing jarang wong duwe yaiku ngopeni reptil. Hobi iki bisa dadi larang utawa murah tergantung reptil apa sing diopeni. Sing paling sering saiki ya ngopeni ula ball phyton utawa sanca bola. Kewan iki nduwe warna sing macem-macem lan corake tergantung karo indukan lan kombinasi genetik. Ula iki regane mulai saka atusan ewu kanthi jutaan tergantung saka corake. Hobi ngopeni reptil iki kudu telaten masio reptil ora butuh akeh perawatan kajaba mangan, ngombe, lan ngresiki kandang. Nanging ora kabeh wong hobi ngopeni reptil amarga ono sing jijik. Nanging ya ora sithik wong sing ngopeni reptil kanthi dadi penghasilan sing gedhe, ora mung ula, nanging ya ana bunglon, kadal, lan sapanunggale. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10066", "text": "Daharan diet boten namung daharan saking negara manca kados salad utawi oat. Kathah daharan sehat saking Indonesia ingkang raosipun eca nanging tetep sehat lan boten damel lema. Tuladhanipun pecel, gado-gado, bubur Manado, kaliyan sayur asem. Kathah tiyang saking negara manca ingkang nyebataken menawi gado-gado menika salad ingkang paling eca wonten donya. Caranipun damel gado-gado ugi gampil. Sampeyan saged nggoreng tahu tempe, nggodhog tigan, kentang, kaliyan wortel utawi sayuran sanes. Lajeng, bahan-bahan ingkang digoreng kaliyan digodhong wau dicaosi bumbu kacang ingkang raosipun gurih manis. Boten sah ajrih bosen sebab saben daerah wonten Indonesia gadhah gado-gado khasipun piyambak-piyambak. Monggo dipuncobi mbaka setunggal kangge variasi menu diet sampeyan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2409", "text": "Ora kabeh enggon wisata alam iku enak ambek nyaman nag digawe rekreasi. Salah sijine air terjun grojokan sewu nag karanganyar. Panggonane ancene apik, tapi fasilitasi keamana tego petugase sing kurang garai aman nang gone pengunjung. Nag panggonan iku akeh bedese sing garai wedi pengunjung soale kadang bedes iku gelut ambek tawuran karo koncone. Aku sing tau mrono rong ulan wingi ae isek keweden nag dolan mrono dewe maneh. Soale nag ora ono koncone bakal wedi dewe. Opo maneh nag gowo barang-barang sing warnai koyok buah-buahan, bakal diajaki bedese. Aku tau diajaki bedese soale gara-gara hand sanitizer tak deket gantungan dlerekane tas. Warnae ancene koyok gedang. Tibak'e aku diajaki bedes uwakeh dikirone aku gowo gedang. Sampek oyok-oyok'an ambek bedese barang. Tapi petugase ora ngamanno tambah mok gorok tok ora njogo pengunjunge sampek aman. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8121", "text": "Hilmi iku dadi salah siji korban PHK mergo pandemi covid-19. Awale de’e wes akeh nyebar lamaran nang sembarang kantor, tapi gak onok sing ketompo blas. Mergo iku, de’e sempet stres. Karo ibuke, dikongkon nyoba dodolan nang omah ae. Berhubung onok panggon jembar nang ngarep omah, akhire Hilmi nyoba gawe dodolan panganan. De’e iku dodolan mie ayam ket awan sampe bengi. Awale sepi, terus de’e nyoba promosi nang media sosial e sisan. Akhire mulai akeh sing teko soale ndelok postingan e Hilmi mau. Teko kono, mie ayam e Hilmi dadi laris manis. Padahal niat awale iku mek iseng coba-coba, eh malah untung akeh. Hal iku sing marakno Hilmi mantep gawe nekuni bisnis iki dan gak pusing ngelamar kerjoan maneh.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7473", "text": "Tari piring iki salah siji tari tradisional sing asale teko wilayah Sumatera Barat. Tarian iki dilakoni dengan nggowo piring nang tangane terus joget ngetuti pola lantai sing wes ditentukno sak durunge. Tarian iki nduwe makna ngungkapno rasa syukur sing gak terhingga nang Tuhan Yang Masa Esa mergo limpahan rejeki ambek karunia-Nya. Tari piring iku terkenal mergo propertine. Siji, wes jelas, piring. Pas nari iki, nganggo rong piring sing dicekel nang tangan kiwo tengen. Loro, damar. Telu, baju kurung. Baju kurung sing dinggo nang pertunjukan tari piring biasane wernone cerah. Papat, kain kodek. Limo, selendang. Enem, ikat pinggang. Pitu, alat musik. Alat musik gawe ngiringi tari piring iku saluang, rebab, talempong, bansi, ambek saruni.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6689", "text": "Pemberdayaan desa kuwi penting banget amarga jaman saiki, desa ning manca negara kuwi wis modern lan uga wis nduweni akses sing gampang marang industri, teknologi, lan uga pemerintahan. Desa sing ana ning Asia Tenggara, utamane Indonesia kuwi isih akeh sing tertinggal. Desa-desa iki biyasane mbutuhake akses pendidikan sing layak lan uga irigasi. Para sarjana pendidikan lan uga sarjana teknik kudune bisa luwih peduli marang program iki liwat KKN lan uga program sing dibiayai karo perusahaan swasta. Yen ora, ya ndaftar kegiyatan amal lan uga sukarelawanngajar ning desa amarga kegiyatan iki mesti disenengi karo wong sing ana ning desa ben bisa luwih berkembang. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "844", "text": "Masa-masa SMA kui masa sing paling nyenengke neng tahap uripe wong. Supoyo awak dhewe ora mblasuk neng pergaulan sing salah ono apike awak dhewe mikirke kanggo melu salah siji ekskul sing ono neng sekolahane dhewe. Pas umur sak mono kui, awak dhewe duwe kepinginan sing kuat kanggo luwih ngerti jati dirine awak dhewe sebenere kui koyo piye. Dadi awak dhewe jajal opo wae sing menurut awak dhewe menarik. Yen awak dhewe iso mekso milih salah siji ekskul neng sekolah timbangane melu kelompok sing kerep tawuran, awak dhewe iso nyelametke masa remajane dhewe. Yen awak dhewe melu ekskul, awak dhewe iso ngembangke minat lan baket sing awak dhewe duwe. Nanging yen awak dhewe wis mlebu neng kelompok sing ora cetho, awak dhewe mung guak-guak masa enome dhewe. Sing luwih parah, iso wae awak dhewe keno kasus sing ngelibatke ora mung kepala sekolah nanging uga polisi.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "486", "text": "Ajaran Islam kui ngatur kabeh perkoro neng donyo iki, termasuk tata cara pemakaman. Sak durunge, awak dhewe kudu ngerti posisine disik. Sirah kui posisine ono neng lor lan sekile ono neng kidul. Sing pertama sing kudu dilakoke kui ngeleboke jenazah ning liang kubur. Jenazah diselehke neng sisih kulon lan dimiringke neng arah kiblat, utowo kulon. Bar kuli tali-tali sing ngekit kain kafan kui dicopot bonjor. Neng duwur jenazahe kui dipasangi panan seko kayo utow pring. Tujuane ben posisi jenazah kui kekunci. Selehke, tanah neng pipi tengen lan sikile. Bar kui, timbun jenazah kanggo lemah. Neng duwur gundukan lemah ku mau diwehi tanda neng bagian sirahe, watu misale. Bar kui, lemah kui ditelesi.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4675", "text": "Nggunakake botol ngombe kuwi saiki wis dadi budayane wong jaman saiki kanggo ngurangi sampah plasti lan limbah sing wis suwe numpuk. Kampanye iki wis dimulai saka salah sawijining restoran sing nyediakake menu kopi. Kampanye iki apik lan bisa ndukung program pemerintah lan organisasi manca negara sing nduwe tanggung jawab kanggo masa depane lingkungan. Botol sing lagi kesohor saiki botol sing bisa nyimpen ombenan lan njaga ben tetep anget utawa tetep adem. Botol iki pancen regane larang nanging manfaate ya akeh. Yen durung perlu lan durung penting banget, bisa manfaatke botol sing fungsine podho nanging ya ana sing regane luwih murah. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10080", "text": "Rendang sampun dipunpilih dados daharan paling eca wonten donya miturut CNN Internasional wonten warsa 2011 lan saged bertahan pinten-pinten warsa. Nanging, kalangkungan rendang sanes raosipun ingkang eca kemawon. Rendang ugi kalebet daharan ingkang tahan lama amargi dimasak kaliyan rempah-rempah ingkang kathah. Rempah menika dadosaken rendang tetep sehat senandyan lisahipun kathah. Menawi boten enten daging, sampeyan saged damel rendang ayam, rendang bebek, utawi rendang tigan. Boten kados daharan sanes ingkang raosipun dados boten eca menawi disimpen dangu. Raosipun rendang malah bakal langkung eca menawi disimpen dangu. Daharan sanes ingkang ugi kraos eca menawi disimpen dangu inggih punika jangan lodeh. Jangan lodeh dipunpitados bakal langkung eca menawi dinget kaping pinten-pinten", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3278", "text": "Perkembangan robot ancene saiki wes ora karuan ambek wes kedaden ang endi-endi. Mari ngunu saiki robot yo wes akeh sing gawe ambek akeh sing wes gunakno kanggo ngewangi nyambut gawe. Salah sijine pakar robotik nag negoro iki nganjurno nang pemerintah ben iso ngembangno robot kususe nag bidang pertanian ben iso maju pertaniane. Anjuran iku ora mergo asal ngomong tapi ancene manfaate gedeh kanggo ngembangno ekonomi teko sektor pertanian polahe indonesia iki penduduke akeh sing tani ambek sakeh sing duwe sawah. Sak liyane iku sing jenenge sektor pertanian nag indonesia iku perlu dikembangno maneh ben iso berkembang luweh apik maneh. Nah teko pengembangan robot sing nag bidang pertanian maeng, iku iso ngewangi wong tani ben ora pegel.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8968", "text": "Salah siji game lawas sing sampe saiki akeh didoleno ambek wong-wong yaiku Cake Mania. Cake Mania iku game sing nggawe kue dan nganggo dekorasi sing muacem macem nganggo bahan sing macem-macem sisan. Aku sering banget nyarano nang ponakanku gawe dolen game iki. Alesane iku ben mereka isok ngenal jenis-jenis kue sing onok nang dunyo iki. Terus ben mereka sisan isok ngenal bahan-bahan sing dinggo gawe kue iku mau. Wes ngono, game iki isok ngelatih time management tanpa marai arek cilik dadi stres. Dadi gawe awakmu sing kepingin nyarano game sing apik dan onok manfaate nang arek cilik, sudokno ae game Cake Mania iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "430", "text": "Wektu kui, aku lagi rampung ujian sore-sore. Pertanyaane kui angel banget. Sing tak sinauni isuk mau gur sitik sing metu. Sirahku rasane mumet banget. Nanging aku iling, bar ujian kui aku isih ono latian nari. Pas aku delok jam neng HP wektu wis mepet banget 20 menit lagi wis mulai. Aku ora seneng dadi wong sing telatan. Aku luwih seneng teko gasik timbangane telat. Neng tengah dalan, aku lagi sadar yen aku durung salat dzuhur. Langsung wae aku golek musala. Jikuk wudu, banjur dilanjutke salat. Pas aku ora gateke wong-wong disekitarku. Aku mung fokus neng salat, kudu cepet ben ora dadi telat. Ngerti-ngerti, ono sing nepuk pundakku. Kaget. Aku meneng dilit. Arep nesu, mergo tak kiro ono sing iseng. Nanging aku lagi sadar kui maksude ono wong sing pengen dadi makmum. Aku ngelanjutke salate bareng karao dee.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7816", "text": "Sampe tahun iki, aku sek nduwe hp android sing RAM e mek 2 GB dan internal storage e mek 16 GB. Nek dibandingno karo hp jaman saiki, jelas wes ketinggalan jaman buanget. Tapi mbasio ngono, hpku iki sek enak dan nyaman dinggo mbasio kadang rodo lemot. Padahal hp iki wes umur luwe teko enem tahun lho. Yaopo carane ngeramut hp cek isok awet koyok ngono? Ngene carane. Siji, ngecas hp sak durunge 30 persen terus cabut sak durunge 90 persen. Terus ngecas e iku hp dalam kondisi mati. Loro, rajin rajin mindahno foto utowo video utowo liyane liyane cek storage nang hp isok kejogo dan gak sampe kebak. Telu, rajin ngresikno file file sing gak kanggo nang hp. Wes ngono tok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7494", "text": "Awakmu kabeh, terutama arek Suroboyo, pasti wes biasa banget mangan sego pecel utowo sego rawon. Tapi isok bayangno gak nek rong panganan iku digabung dadi pecel rawon? Dadakno kuliner sing asale teko Banyuwangi iki wes terkenal banget nang daerah Jawa Timur soale rasane sing marai kaget saking enake. Ancen pas awal ndelok ketoke koyok aneh, tapi perpaduan gurih legite bumbu pecel sing kecampur karo kuah rawon sing sedep iku dadakno enak banget. Onok sensasi segere sisan sing dientok teko sayuran pecele mau. Penyajiane pecel rawon iki disusun urut, mulai teko sego ambek sayuran rebus, terus disiram kuah rawon, mbari ngono disiram bumbu pecel nang duwure sayuran.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5081", "text": "Saban wayah sasi imlek, keluargaku mesti ana ibadah wajib yaiku sembahyang arwah. Sembahyang arwah yaiku sembahyang kanggo mengeti sedane para leluhur ning keluwarga. Para leluhur iki dianggep teka ning wayah bengi ning sasi imlek. Ibuku nyiyapake buah lan jajan kanggo suguhan ning altar. Mbakku nyiyapake dupa abang utawa hio kanggo sembahyangan. Jare ibuku, upacara iki dadi wujud bekti marang leluhur amarga ning kepercayaan Tionghoa, wong kuwi ora oleh lali karo sumber banyun utawa sedhange. kamangka disediani penganan kaya buah, sega, jajanan lan manisan. Nanging penganan iki uga manut karo kondisi keluwargane. Banjur wayah sembahyan kabeh keluwarga iki kudu ngumpul lan melu ndedunga. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3215", "text": "Perkembangan teknologi nang Handphone ancene gendeng-gendengan soale saingan nang pasar wes ora kenek diprediksi. Endi pabrik sing iso ngewei teknologi sing maju luwih disik bakal diserbu pasar, opo maneh nag sing murah tambah digoleki wong-wong. Tapi dampake kakean gawe teknologi sing sangar maeng yo ono nang kesehata. Salah sijine Hp saiki kan ganti LCD kabeh awit teko petekane sing maleh layar sentuh ambek terus kabeh iku mok diusap layare tok wes kenek. Tapi iku yo dadekno utowo marakno motone menungso iso loro nag ora iso ngatur layare maeng. Mari ngunu, kanggo bocah sing cilik sing durung ngerti carani gawe hap bakal kenek efek sing elek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8665", "text": "Awak dewe pasti akeh ndelok utowo krungu pendapat nek wong stres iku bakal uakeh mangane. Tapi kadangan, onok sisan uwong sing tambah males mangan pas lagi stres. Ketoke aneh, tapi temenan kedaden nang pirang uwong lho. Dadakno onk alesane opo’o uwong sing stres iku malah males mangan. Pas tubuh ngalami stres, tubuh iku bakal ngekeki sinyal nang utek seakan lagi dalam bahaya. Terus utek iku bakal ngerespon atek ngelepasno hormon adrenalin. Hormon iku mau marakno jantung berdetak luwe kenceng tapi sistem pencernaan dadi lambat suwe. Mergo perlambatan nang sistem pencernaan iku mau sing marakno penurunan nafsu mangan. Dadi onok alesane sisang wong stres iku maleh males mangan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9037", "text": "Robot iku gak mek dalam bentuk wujud koyok Transformers ngono, tapi onok sing berwujud bunder cilik dan bermanfaat. Robot sing tak maksud iku vacuum cleaner otomatis. Vacuum cleaner iki isok secara otomatis ngresikno lantai tanpa kudu digatekno soale wes nduwe sensor e dewe dan isok njangkau sampe bagian kolong kasur. Fitur sing disediakno yo akeh, makane mulai akeh uwong sing tertarik gawe nganggo robot sing siji iki. Cara dasar gawe nyalakno vacuum cleaner sing siji iki koyok ngene. Petek suwe tombol power gawe nyalakno pel vakum. Nek indikator daya berubah dadi putih pekat, pel vakum wes nang mode siaga dan wes isok dinggo. Wes ngono tok. Baru nek kate nganggo fitur liyane, petek tombol sing liyane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6614", "text": "Sajane kabeh wong sing wis umur 20 taunan mendhuwur kuwi wis kudune nduwe dana cadangan ben tetep bisa ngerampungake masalah sing ana ning uripe. Dana cadangan utawa dana darurat iki nduweni akeh manfaat kanggo wong sing wis kerja utawa pas kuliah. Wong sing ora nyiapake dana darurat iki bisa kebingungan lan rekeninge bisa kacau. Kamangka dana darurat iki kudune disiyapke kanggo kepentingan sing ora bisa dikira-kira kaya kecelakaan, dana pendidikan, pembayaran utang lan dana sing ora terduga, lan uga sak panunggale. Anane dana darurat iki bisa dadi bukti yen wong kuwi bisa ngatur arus keuangan amarga dana darurat iki dijupuk saka dana sing disisihake. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2484", "text": "Ndelok film iku ancene iso gawe santai ambek kenek digawe hiburan nag pas waktu luang. Tapi kadang ndelok film yo kedu ngerti film sing apik ambek layak didelok. Opo maneh saiki film sing tayang ora karuan jenise ambek ora karuan ceritane. Jare berita-berita nag situse pemenrintah sing bahas masalah film. Film sing oleh ditayangno ambek sing oleh didelok nak TV iku ono aturane. Salah sijine yaiku kudu ngetokno kode 18+ nag kanggo wong gedeh. Nag kanggo bocah cilik- utowo remaja yo kudu nayangno sing sekirane ora ono hal negative koyok contone gelut-gelutan ambek pornografi. Tapi jarene bocah-bocah utowo nitizen sing nag medsos. Timbangane ngetokno aturan ndelok film koyok ngunu palang ora atek ngetokno film. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "7019", "text": "Salah siji wisata alam nang Suroboyo sing durung akeh wong eruh iku jenenge Hutan Mangrove Gunung Anyar. Lokasine nang daerah Rungkut, Suroboyo. Panggon wisata sing siji iki cocok banget gawe awakmu sing gak nduwe duit tapi butuh liburan. Soale nek kate melbu nang area hutan iki gak dipungut biaya alias gratis. Melbu gratis, tapi awakmu tetep isok menikmati keasrian hutan bakau sing rimbun lan sejuk. Nek awakmu bosen mlaku nang area jembatan hutan iku tok, awakmu isok numpak prahu gawe ndelok pesona hutan bakau sing luwe luas maneh. Tapi awakmu kudu ngetokno duit maneh gawe nyewo prahu iku mau. Ayo rek, gak gelem ta preian gratis? Ndang budhal nang Hutan Mangrove Gunung Anyar.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3131", "text": "Minggu wingi aku dijak koncoku nang toko sepatu olahraga soale sepatune wes jebol kabeh. Nah, deke iku pengen sepatu sing awet, tapi murah, terus regane yo orah larang-larang nemen. Pas tutuk nang panggonane maeng, bocahe bingung mileh sing endi soale pilihane akehe megilan. Tapi mari ngunu bocah kondo nang bakule nag duwite wok sak munu. Akhire karo bakule disudohno sing pas ambek duwete maeng. Terus koncoku maeng jajal sepatune terus digawe mencolot-mencolot enak opo ora. Mari ngunu bocahe wes seneng yo wes, langsung di duwite. Mari ngunu isoke bocahe ngejak mlayu-mlayu ambek jajal sepatu anyar maeng. Tibake sepatu maeng jarene enake orambloko.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5469", "text": "Objek wisata ning Indonesia kuwi akeh sing duwe potensi gedhe marang olahraga selancar. Ombak sing gedhe marai akeh wisatawan saka manca negara teka ning Indonesia kanggo ngerasakake apike ombak ning Indonesia amarga ning negara asal, ombake kurang ndukung kanggo lomba selancar. Saka peristiwa kuwi, sing bisa disimpulake yaiku olahraga selancar iki bisa narik minat wisatawan uga bisa tetep ngenalake olahraga iki kanggo warga lokal. Kamangka kuwi, pemerintah kudu bisa ndukung lan ngewenehi anggaran luwih kanggo olahraga iki lan mbentuk organisasi kanthi bener ben selancar iki tetep urip lan bisa oleh prestasi kang dhuwur. Uga para kanca, ayo padha nyoba olahraga sing wis kondhang iki!", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2493", "text": "Nag didelok teko artine Hobi yaiku aktifitas sing bakal awak dewek kabeh lakoni teru-terusan gawe olehkesenegan ambek kepuasan. Contone hobi yaiku koyok penggawean sing mok lakoni teru-terusan pas awakmu duwe waktu laung kanggo awaknmu koyok ndelok film, dolanan game, mlaku-mlaku ora jelas tujuane nang endi, turu, cangkruan ambek konco, wes akelah penggawean sing ancene iso dadekno awak iki kehibur polahae akehe aktifitas sing garai awak dewek kakean mikir. Hobi dewe yo duwe manfaat kanggo awak dewek kabeh salah sijine kanggo nyalurno kesenengane awak dewek, terus nyenengno awak, ngilangno stress, ambek menghibur pikiran sing repot terus polahe aktifitas bendinane. Mangkane saiki akeh aktifitas sing aneh-aneh soale hobine wong yo aneh-aneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3145", "text": "Nag sekolahku biyen iku ono telong ekskul sekolah sing kabeh siswa utowo siswi-ne iku diwajibno melok salah sijine ae. Masio iku dikongkon milih tapi akhire iku ora enak soale mesti dipekso urunan gawe nganyarno alat olahraga iku maeng. Sak jane nag ancene iku program sekolah jane yo ora perlu koyok ngunu terus nag iso iku diomongno nang ngarep ben bocah-bocah mikir melok endi sing biayae murah. Nag wes kadong melok terus dipekso koyok ngunu mesti marakno gelone bocah-bocah. Opo maneh nang daerah gonanku roto-roto sing sekolah iku anake wong tani dadi yo rodok ngabotno. Padal jarene ngunuku kan oleh Bos tapi kok bose ora onok buktine.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10142", "text": "Saking acara study tour sekolah, kula nembe ngertos menawi sabana alias padang rumput ingkang biasanipun saged dipunpanggihi wonten daerah ingkang cuacanipun langkung garing kados daerah Indonesia sisih timur ugi saged dipunpanggihi wonten Bali.Bayangan bab Bali ingkang kathah sawah ingkang werninipun katon ijo royo-royo langsung ical nalika sampun nate plesir ingkang naminipun Savana Tianyar menika. Kula boten nate mikir Bali ugi gadhah savana kados menika. Padang rumput ingkang amba katon endah lan unik. Gunung Agung ingkang nambah endahing pemandangan saged dados latar belakang foto ingkang menarik. Raosipun boten sia-sia study tour tebih wonten Bali. Panggonan ingkang dipunrawuhi sedaya unik, endah lan boten mboseni.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8631", "text": "Kisahku sing dijak nginep nang gunung karo dulurku sek berlanjut. Selama hampir sak minggu aku nang kene, aku dadi maleh kulino. Wes ngono nang pegunungan iku angine sueger pol, gak koyok nang kota sing akeh polusine. Cuma siji tok sing tak keluhno, dalanane iku nanjak kabeh. Koyok dino iki, aku dijak dulurku gawe jogging nang daerah omahe. Jare mek sak km tok, gak adoh. Aku sing wes kulino mlaku adoh nang kene dadi ngeiyoni ae. Dadakno dulurku iku ngajak jogging nang dalan sing nanjak puol. Mergo iku, buru seprapat dalan aku wes nyerah. Ndelok dulurku wes jogging tutuk adoh, aku milih gawe mbalik omah ae timbang semaput nang tengah dalan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7732", "text": "Barbel iku peralatan latihan olahraga sing digawe dadi latihan beban ambek angkat wesi. Dawane barbel iku variatif, onok sing dawane 1,2 meter sampe 2,4 meter. Bagian tengah batange iku yo variatif, mulai teko 25 milimeter sampe 51 milimeter. Biasane nang batange iku dikeki guratan berpola gawe ningkatno daya genggem dan cek gak gampang selip. Cakram beban sing dilebokno nang bagian njobo batang iku digawe nambah beban total sing dikepingini. Nek cakram beban wes dipasang, bakal dipasangi semacam cincin ben cakrame rapet. Nek cakrame wes rapet, engkok gak bakal ucul dan gak marakno engkok terjadi cedera utowo hal liyane sing gak dikepingini. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2703", "text": "Kegiatan rutin keagamaan angger deso utowo wilayah iku bedo-bedo, kawit jenenge, acarae, sampek wayae barang yo bedo-bedo karek wong kono gelem ngelakonine kapan. Tapi sing jenenge kegiatan keagamaan yaiku kegiatan sing biasane dilakoni bolak-balik ambek masyarakat sing ono nang gone penggonan iku. Terus penggawean iku biasane ora adoh ambek ilmu agama sing ngulangi pengawean apik utowo sing ngulangi ben tambah parek karo pengeran utowo tuhan yang maha esa. Mangkane angger ono kegiatan rutin keagamaan mesti rame soale wong-wong mikire nag ngelakoni penggawean iku mesti iso parek ambek sing gawe urip. Sak liyane iku yo iso bagi-bagi utowo tukar piiran alias ilmu agama ambek sing wes ngerti.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7438", "text": "Sakjane akeh banget hikmah sing isok dijupuk teko cerita rakyat sing biasane digawe ceritone guru-guru pas jaman TK, dan hikmah iku isok diterapno nang kehidupan sehari-hari. Salah sijine iku kisahe Kancil karo Boyo. Singkate, ceritane iku tentang Kancil sing kate nyebrang danau cek isok mangan timun nang sebrang. Tapi de’e kudu ngelewati danau sing isine geombolan Boyo. Boyo-Boyo iku janji ambek Kancil nek gak bakal mangan de’e, dadi Kancil isok mlaku lewat sirahe Boyo. Kancil iya iyo ae dan mulai mlaku. Nang tengah dalan, hampir ae Kancil gak selamat mergo onok Boyo sing ingkar janji. Tapi Kancil nduwe taktik sing marakno de’e selamat. Teko kono, isok dijupuk hikmahe nek awak dewe iku gak oleh gampang percoyo karo uwong asing. Soale awak dewe gak eroh wong iku temenan apik opo gak.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7832", "text": "Televisi utowo biasa disingkat dadi TV iku media telekomunikasi sing fungsine gawe nerimo siaran gambar sing obah ambek suarane, bah iku monokrom utowo onok wernoe. Televisi iku gabungan teko kata ‘tele’ sing artine adoh, terus ‘visio’ sing artine penglihatan, dadi isok diartikno sisan dadi alat komunikasi jarak adoh sing nganggo media visual utowo penglihatan. Perangkat output gambar TV iki nganggo berbagai teknologi penampil koyok CRT, LCD, Plasma, DLP, utowo OLED. Nang terminal input tambahane, TV iki dilengkapi gawe DVD player, konsol permainan video, alat pendengar personal, RCA, mini-DIN, HDMI, SCART, ambek D-terminal. Kabeh TV dilengkapi remot sing fungsine gawe ngontrol saluran siaran, suara, kecerahan, kontras, werno, dan liyane maneh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8672", "text": "Media tanam hidroponik iku siji media sing terbuat teko material sak liyane lemah sing gunane gawe panggon tumbuh berkembange akar taneman. Media tanam hidroponik iku fungsine gawe panggon nopang taneman ben isok ngadek tegak terus gak gampang roboh. Kriteria sing kudu diduweni ben tanaman hidroponik isok tumbuh apik iku koyok ngene. Siji, media kudu isok nyimpen kandungan banyu ben taneman entok nutrisi sing cukup. Loro, media nduwe struktur sing gembur, subur, dan isok nyerap banyu. Telu, nduwe kandungan uyah sing endek. Papat, gak gampang berubah bentuk utowo gak gampang dadi garing pas suhu ruangan berubah. Limo, gak nduwe hama utowo penyakit sing isok nganggu pertumbuhan taneman. Terakhir, media nduwe kandungan kapur utowo unsur kalsium.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10158", "text": "Mbahas panggonan plesir wonten Indonesia pancen boten wonten telasipun. Sektor pariwisata wonten Indonesia terus nyaosi panggonan anyar ingkang dereng kathah kejamah. Meh saben provinsi wonten Indonesia gadhah panggonan plesir ingkang kados mekaten, tesih sepi turisipun. Tuladhanipun Sumatra Utara ingkang gadhah grojogan ingkang asmanipun Sipiso-piso. Grojogan menika unik amargi kita disuguhi pemandangan ingkang endah saking grojogan ingkang dhuwuripun 120 meter kasebat. Saking sisih inggil, grojogan menika katon kados peso ingkang nusuk kolam wonten adhapipun. Grojogan Sipiso-piso lokasinipun cerak Danau Toba, nanging tesih sepi turis. Jarak saking kutha Medan tekan grojogan Sipiso-piso kalebet tebih, inggih menika 117 kilo utawi 4 jam perjalanan. Tiket mlebet diregani limang ewu rupiah. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10134", "text": "Restoran Jepang kondhang kaliyan sajian saking iwak mentah. Olahan iwak mentah paling terkenal inggih punika sushi lan sashimi. Porsi daharan ingkang disade wonten restoran Jepang biasanipun alit. Reginipun ugi langkung awis. Nanging, menawi sampeyan remen sanget dahar iwak mentah, boten sah sumelang reginipun awis amargi Indonesia ugi gadhah olahan saking iwak mentah ingkang gampil didamel. Porsinipun ugi saged dipasaken kaliyan seleranipun sampeyan. Gohu iwak tuna menika daharan saking Ternate ingkang didamel saking tuna mentah ingkang dicampur uyah, jeram nipis, lan lombok. Kathah ingkang nyebat olahan menika sashiminipun Indonesia. Gohu tuna saged didahar sareng sekul utawi papeda kados ikan kuah kuning. Raosipun gurih pedes lan kecut amargi campuran bumbu-bumbu menika.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2110", "text": "Aku ora ngebyangke yen aku kudu kerjo kantoran neng Jakarta. Yen misale aku kudu kerjo neng Jakarta, mungkin aku bakal tinggal neng Bogor disik. Soale neng kono ono omahe paklikku. Aku iso ngenip neng kono selama beberapa bulan sisan aku golek ngerti kos sing cerak kantor. Aku wis kebayang angele mangkat kerjo seko Bogor neng Jakarta. Sak ben isuk, aku kudu tangi jam 4. Aku kudu tangi luwih isuk mergo aku wonge kudu sarapan dadi kudu masak disik. Bar kui mangkat neng stasiun kanggo numpak KRL. Seko sepur kui midun lanjut meneh numpak Trans Jakarta. Seko halte kui numpak ojek ben iso langsung neng ngarep kantor. Baline uga nganggo coro sing podo.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3119", "text": "Olahraga saiki wes dadi kebutuhan wong sing pengen sehat nang uripe. Tapi ora kabeh wong iso ngelakoni iku maeng polahe kakean penggawean. Nah saiki akeh dokter nang situs-situs online utowo acara TV sing ngusung topik urip sehat iku nyarano neglakoni olahraga sing iso dibarengi ambek ngelakoni penggawean nang omah, contoni munggo mudun tingkat, nglemesno tangan karo muter-muter pergelangane tangan, terus pergelangane sikil barang, terus yo iso ngumetno endas barang ben darah sing mili nang endas iso mili lancar. Olahraga sing enteng dilakoni maeng iku yo ketbiyen mulo wes dilakoni mabek uwong cumak ora ngerti nag iku termasuk olahraga sing enteng. Mangkane saiki iku kenek digawe olahraga. Dadi lakonono olahraga masio awakmu ewoe koyok opo.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7049", "text": "Onok akeh banget alternatif kendaraan sing isok dipilih nek kate nyebrang nang pulau Bali. Salah sijine numpak kapal feri. Pilihan iki pun dadi pilihan sing umum gawe uwong-uwong. Biasane wong-wong sing numpak kendaraan darat pasti bakal numpak kapal feri sisan. Timbangane ndekem nang njero mobil, gak onok salahe munggah menduwur nang bagian ruang tunggu sing onok nang kapal feri. Nang kono, awakmu isok menikmati suasana tengah laut sing gak biasa mbok temoni. Opo maneh gawe wong-wong kuto sing kulinone ndeloki gedung tok. Pemandangan sing gak biasa iku isok nyegerno pikiran cek gak sumpek maneh. Ditambah semilir angin laut sing adem, rosone sejuk banget. Wes ngunu regone murah sisan. Dadi gak onok salahe gawe awakmu nyoba numpak kapal feri rek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9635", "text": "Jaman saiki akeh banget wong sing seneng nipu wong liya. Anggep wae ana ing sosial media. Akeh banget wong dodolan nanging jebule nipu. Misale dodol klambi, dodol barang antik, lan dodol liyane. Wong sing senengane nipu ngene akhire mengko ora berkah uripe. Kabeh agama ora ana sing ngajari dadi penipu amarga iku dosa lan ngerugino wong liya. Ning agama ngendi wae uga mesti pesen supaya golek dhuwit iku kanti cara sing halal. Ora oleh golek dhuwit kanti cara sing haram kayata nipu, nyolong, lan cara haram liyane. Duwhit sing dioleh saka cara haram mengko bakal dadi dosa sing terus ngalir ana ing awake kene. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9647", "text": "Yen ngerungokno khutbah ojok mung dirungokno nanging yo di lakoni ben uripmu iki tambah bener ora kakean ngelakoni duso. ono pirang pirang cara ben awakmu iling karo khutbah sing wes mbok rungokno yoiku. nomer siji nggowo o buku lan pensil yen wak yai mu ngomong tulisen ben ora gampang lali. nomer loro yen awakmu nggowo hp ojok mung gawe gawan gawanan nanging gawe en ngerekam suarane sing khotbah ben iso mbok iling iling nganti suwe. nomer telu vidio en isine khotbah sing mbok rungokno. nomer papat tulisan sing wes tak catet mau tak woco maneh ning omah banjur tak lakoni opo wae sing wis diomongi karo sing khotbah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7884", "text": "Kulkas iku alat pendingin sing isok digawe nyimpen segala jenis panganan cek isok luwe awet. Jaman saiki, hampir gak onok omah sing gak nduwe kulkas, opo maneh omah nang perkotaan. Ibu-ibu jaman saiki iku gak bakal isok urip nek gak onok kulkas. Soale kabeh bahan panganan ambek panganan sing dadi pun kabeh onok nang kulkas. Nek pisan ae listrik mati, sing diselamatno paling pertama pasti panganan sing onok nang kulkas. Pasti bakalan bingung soale nek kulkase mati, engkok panganane mambu kabeh dan maleh mubazir. Soale kan ibu-ibu iku senengane tuku bahan panganan sekalian akeh ben isok disimpen terus digawe suwe. Istilahe ngono ngehemat waktu ambek ngehemat tenogo pisan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "171", "text": "Dino sebtu wengi, sak dino kui aku selo. Biasane neng dino Sebtu kui, aku ono latian joged karo konco-konco neng sanggar nek ora dadi panitia acara neng kampus. Senadyan wis suwe ora tuku buku anyar, aku duwe rencena seko suwe kanggo mlaku-mlaku neng toko buku. Pas kui, aku lagi kepingin neng Gramedia sing ono neng dalan Jenderal Sudirman. Toko buku kui toko buku sing paling gedhe nek Yogyakarta. Koleksi buku neng kono akeh lan werno-werno. Neng kono, bukune ditoto rapi dadi sesuai kategori dadi gampang nek arep tuku buku sing spesifik. Yen neng Gramedia, aku iso betah banget. Aku iso mubeng-mubeng delok buka tekan 2 jam.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3239", "text": "Saiki nag pengen tuku TV iku kudu ati-ati masio iku mereke apik. Polahe masio mereke apik sing jenenge gawe bareng mesti ono cacate. Mangkane karo wong sing pengalaman nag tuku opo-opo mesti dikongkon delok disek, nag TV dikongkon ngakakno disek ben ngerti layare normal opo ora, terus iso nangkep siaran opo ora ambek iso makan normal opo ora. Perkoro jajal barang yo nag TV tok, nag tuku Radio barang yo kudu dijajal ben ngerti radio iku normal opo ora. Awit teko makane, terus sing kanggo mileh chanele normal opo ora, mari ngunu iso nangkep chanel to ogak. Kabeh iku ancene kudu dijaja. soale nag ora dijajal terus nag wes kadung dituku terus ono sing ora tepak kan gelakno.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5524", "text": "Kanggo bocah sekolah taun 2010-an, laptop kuwi barang sing mewah banget amarga ora kabeh siswa SMA duwe lan ora kabeh pelajaran mbutuhake laptop. Siswa kuwi paling apik duwe komputer ning omah lan uga mung ana ning laboratorium komputer. Nanging tambah majune jaman, laptop kuwi dadi barang sing penting kanggo siswa. Apa maneh saiki didukung karo rega laptop khusus siswa sing ora larang kaya biyen. Akehe siswa sing mbutuhake laptop iki uga didukung kewajiban sekolah saka omah sing digagas pemerintah amarga pandemi tahun 2020. Nanging kebijakan iki uga marai bingung wong tuwa sing ora bisa numbasake laptop anake kanggo keperluan sekolah. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "545", "text": "Sebagian besar senjata tradisonal neng Indonesia kui digawe seko wesi utowo logam liyane. Jajal awak dhewe gateke senjoto koyo rencong seko Aceh, keris seko Jowo, mandau seko Kalimatan, badik seko Sulawesi, lan parang salawaku seko Maluku. Kui senjata salah siji tradisonal seko sak ben pulau gedhe neng Indonesia. Senadyan, daerah-daerah kui dipisahke karo segoro, kabeh suku utowo peradaan neng Indonesia duwe senjata wesine dhewe-dhewe. Kui artine tanpa ono jalur transportasi sing gampang, kabeh duwe teknologi sing maju sing iso ngolah wesi. Iso ngolah wesi kui dadi salah siji indikator majune suatu peradabaan. Ora mung iso gawe, senjata wesi khas Indonesia kui uga duwe ornamen sing estetik sing artine peradaan Nusatara biyen luwih maju dibandingke opo sing awak dhewe bayangke.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9267", "text": "Juru masak utawa koki saiki dadi pegawean sing misuwur banget. Kabeh wong sing mung seneng masak kanggo dadi hobi, ndilalah pengen nemeni hobi iki kanggo dadi pegawean. Sekolah kanggo dadi juru masak saiki uga wis akeh banget. 4 cara iki bakalan dadi pituduh kepiye carane dadi juru masak sing profesional. Nomer siji pastine njupuk sekolah masak. Ing sekolah masak, akeh babagan sing bakal disinau kayata teknik masak, teknik ngethok bahan panganan, kanti sinau cara ngelola restoran. Nomer loro, jajal kanggo golek pengalaman kerja ing restoran. Iki bakal dadi pengalaman sing apik kanggo miwiti pegawean dadi juru masak. Nomer telu, melu kursus masak. Senajan wis sekolah masak, nanging iku ora cukup kanggo nambah pengalaman. Dadi kowe bisa njupuk kursus masak kanggo nambah ilmu lan pengalaman. Nomer papat, aja lali kanggo njupuk sertifikasi. Yen wis duwe sertifikasi juru masak, bakal luwih gampang kanggo miwiti pegawean dadi juru masak lan dadi duweni pambeda yen kemampuan masakmu luwih apik tinimbang wong liya.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2329", "text": "Nag endi-endi sing jenenge sate sing paling terkenal yaiku sate madura. Tapi ora kabeh sate medura iku rasane podo koyok nag maduro, contone sate ayam madura nag jogja, jenenge ancene podo tapi rasane bedo adoh. Terus sing garai bedo rasane iku opo? sing garai bedo yaiku teko bumbu satene. Lah saiki aku duwe resep bumbu sate madura. Bahan-bahane yaiku acek'an 200 gram kacang cino (kacang tanah), terus disangrai, mari ngunu diulekno 3 biji lombok merah keriting. Sak marine iku lagek digorengno kemiri 4 iji ambek digorengno lombok abang 2 iji, terus, 3 sendok gede gula abang karo 1 sendok cilik uya. Mari ngunu lagek ditambahi 500 ml banyu panas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4617", "text": "Sing arane panganan cepat saji kuwi maceme akeh, tapi sing paling akeh lan gampang ditiru kuwi pithik sing digoreng nganggo tepung utawa \"ayam kentucky\". Nggawe panganan iki angel-angel gampang amarga ora kabeh wong weruh cara goreng sing bener. Akeh sing gagal pas nggoreng panganan iki. Salah sijine amarga tepunge ora ngembang. Yen pengen tepunge ngembang lan \"kriting\" kaya gorengane restoran, lenga sing dinggo nggoreng kudu akeh lan panas. Sak durunge nggoreng, tepunge ditambah ndhog karo pengembang sithik ben ora gosong. Pas nguleni adonan, aja diremet ben ora bantet. Nggorenge aja kakehan lan genine aja gedhe-gedhe. Yen genine kegedhen, bisa gosong lan ora mateng tekan jero.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6360", "text": "Ning kantor, Dinda kerep ngerasa sumpek amarga akeh wong kang marai mangkel lan rasane Dinda pengen mbuwang emosi kuwi. Nanging Dinda ora mungkin muring-muring ning kantor. Amarga kuwi, Dinda luwih milih olahraga Muay Thai. Dinda wis ana telung taun melu olahraga Muay Thai. Olahraga iki salah siji jenis bela diri sing bisa marai sehat lan uga bisa ngilangake stres. Kamangka, Dina milih olahraga iki. Dina budhal ning salah siji panggon latihan ning Jakarta lan mulai latihan wiwit 3 sasi. Dinda maune latihan karo kancane, nanging kancane Dinda saiki milih olahraga liyane. Sak uwise olahraga, Dinda ngerasa awake lan pikirane luwih entheng. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2322", "text": "Kabeh wong mesti iso gawe soto, mboh iku soto pitik, soto daging, utowo soto liyan-liyane. Tapi soto lamongan iku duwe ciri ambek rasa sing khas sing ora di duweni karo soto-soto liyane. Nah terus sing garai bedo opo yo kiro-kiro? ben tambah jelas ikiloh bahan-bahan karo cara nyiapnoe. Bahan-bahan bumbune yaiku bawang abang, bawang putih, kemiri, jahe, ambek kunir. Terus sak marine bumbu iku maeng dialusno, lagek gemasak karo banyu sing bakale dadi jangan soto. Nag wes dileboni banyune maeng lagek ditambai serei, gorengan bawang, karo jeruk purut. Lah mari ngunu ojo lali karo koya'e sing bakale teko krupuk urang sing digiling utowo dele sing wes dialusno. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9234", "text": "Keju yaiku salah siji olahan teka susu sing taksenengi. Keju bisa dadi kanca kanggo mangan apa wae kayata roti nganti pithik geprek saiki bisa diwenehi keju. Rasane keju sing asin lan gurih dadi nggarai aku tambah seneng yen mangan panganan sing ana kejune. Maceme keju uga macem-macem. Ana sing keju biyasa, ana sing arane keju mozarella utawa keju sing bakal molor yen dipanaske. Rasa keju mozarella pancen rada beda karo keju biyasa. Keju mozarella ora pati ana rasane. Rasa asine uga ora pati kuat kaya keju biyasa, nanging rega keju mozarella biyasane luwih larang tinimbang keju biyasa. Keju dadi panganan senenganku saben dina.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "136", "text": "Mesen hotel utowo penginepan saiki wis luwih gampil. Awak dhewe ora mesthi tuku langsung neng penginepane. Awak dhewe wis iso mesen penginepan kui liwat aplikasi. Dadi awak dhewe wis iso mesen seko sak durung-durunge. Awak dhewe ugo ora wedi keentekan kamar. Salah siji aplikasi sing iso dienggo mesen penginepan kui Traveloka. Yen sampun ngunduh aplikasine kui, awak dhewe kudu registrasi disik. Bar kui mlebu neng menu pencarian hotel. Neng kono, awak dhewe kudu milih penginepan, tanggal mlebu, lan suwine nginep. Pilih jenis kamar sing arep dipesen. Bar kui, awak dhewe ngisi data sopo-sopo wae sing bakal nginep. Yen wis yakin karo data-data sing iso, pembayarane iso nganngo coro tranfer ATM utowo m-banking. Konfirmasi pembayaran. Bar kui, awak dhewe wis oleh e-voucher kamar sing dipesen mau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10170", "text": "Jakarta Selatan gadhah panggonan wisata anyar ingkang kasebat Lotte Alley. Konsepipun Korea lan Jepang. Wonten Lotte Alley, warga saged mlampah-mlampah, dolanan wonten maneka arena dolanan games, lan madosi panggonan foto ingkang estetik. Lokasinipun wonten lantai andhap salah sawijining mall wonten Jakarta Selatan. Kangge foto-foto, kathah sudutipun Lotte Alley ingkang saged dipilih, kados ngajengipun tenant, zebra cross, telpon umum, pager ireng, lan kathah malih. Supados saya mirip kaliyan serial Jepang utawi Korea, wonten toko ingkang nyewakaken seragam pelajar Korea kangge foto, lho. Sedaya tenant wonten Lotte Alley boten nampi duit cash kangge pembayaran. Pengunjung kedah gadhah e-wallet menawi pengen blanja wonten mriku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2497", "text": "Hobi sing kadang utowo gelek mbok lokoni iku asline duwe manfaat sing gede kanggo awakmu cuma awak dewe kabeh iki arang sing ngerti masalah iku. Jikik contoh salah sijine hobi sing saiki gelek dilakoni wong yaiku mlaku-mlaku utowo boso sangare iku Travelling. Hobi iki iku iso nguwei manfaat yaiku gawe wong sing ngelakoni hobine dadi anteng pikirane, terus atine maleh seneng, ambek iso ngelonggarno pikiran sing pegel polahe kakean penggawean. Tapi wong sing duwe hobi iki yo kudu ngerti nag Travelling yo ora kudu golek enggon sing apik ambek adoh, tapi sing penting iso mlaku terus iso nambah wawasan ambek hobi iku maeng mboh pengalaman urip utowo nambah konco sing anyar.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5803", "text": "Keripik tempe dadi salah siji panganan sing kalebu ciri khas kutha Malang sak liyane kripik buah. Iklim sing cocok marai pengusaha tempe ning Sanan, salah siji wilayah sing ana ning Malang, optimis ngasilake tempe sing kualitase apik lan bedha saka daerah liyane. Sanan iki terkenal karo industri kripik tempe sing wis mlaku wiwit puluhan taun lan wis berkembang saka industri omahan dadi industri gedhe. Produk sing dihasilake yaiku kripik tempe aneka rasa lan uga rupa. Sing paling terkenal yaiku kripik tempe rasa bawang lan uga rasa godhong jeruk sing wis diekspor menyang daerah manca negara kaya Korea, Jepang, lan Taiwan. ", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9054", "text": "Tambah maju jaman nang dunyo iki, tambah berkembang sisan teknologi sing onok nang sekitar awak dewe. Saiki koyok hp ne awak dewe ae wes canggih pol. Sing mbiyene onok akeh tombol e, saiki wes serba touch-screen. Sing mbiyen nek kate ngefoto iku kudu nganggo kamera analog dan nyetak e kudu cuci film disik, saiki isok moto nganggo kamera hp dan dicetak awak dewe. Kabeh iku dadi tambah canggih. Tapi sadar gak, tambah canggih teknologi, menungso iku dadi tambah males. Yaopo gak, wong mek gatek petek, kabeh wes mlaku. Utowo garek ngomong, wes langsung dideteksi dan alat iku isok ngelakoni dewe. Terus menungsone lapo? Turu tok lah. Makane iku teknologi canggih iku tambah marakno menungsone males.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9325", "text": "Teknologi wis dadi bagian saka pariwisata. Anane teknologi sing maju bisa nggawe panggon wisata iku dadi rame utawa viral. Miturut website Kominfo, teknologi wis ngubah tindakane manungsa wiwit saka ngerencanakna wisata, pas ana ing perjalanan, lan sak marine wisata. Wong-wong nalika wis mari wisata mesti uplod fotone ana ing media sosial. Kadang ora mung uplod foto, nanging bisa ngewenehi komentar utawa testimoni nalika dolan ana ing panggon iku. Postingn utawa komentar iki sing bisa nggarai wong liya akhire katut lan kepengin jajal dolan ning kono saengga panggon iku akhire viral. Nanging panggon viral kaya ngene kadang mung bertahan setaun amarga yen wis ora viral wong-wong ora bakal mbaleni kanggo teka lan dolan ning kono maneh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6686", "text": "Miturut ahli saka UGM, ngembangake desa ekowisata kuwi ana sing kudu digatekake ben tetep maju lan ora gampang ilang usahane. Ekowisata iki manfaate akeh banget amarga bisa dadi lahan perkembangan UMKM kanggo warga sing ana ning sekitar. Ekowisata iki ndadekake desa tabah maju ning segi teknologi, industri lan uga pariwisata. Babagan sing kudu digatekake kuwi ana telu, yaiku kaping siji, ekowisata kuwi kudune minim limbah utawa ora nyiptakake sampah kanthi akeh. Kaping loro, ekowisata kuwi kudune nganggo transportasi ramah lingkungan. Banjur kaping telu, ning desa kudu ana program pemberdayaan wanita. Yen telu cara kuwi dinggo, mestine ekowisata ning desa iki bisa ngadheg lan nguntungake. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2873", "text": "Tarian daerah utowo sing saiki disarani ambek tarian tradisional yaiku tarian utowo jogetan sing metu teko perkembangan masyarakat nang daerah iku. Sak liyane iku yo ono sing ngarani nang tarian tradisional yaiku tarian sing digawe amebk siji kelompok masyarakat nag enggon sing bedo-bedo sing iso ngelambangno utowo sing gambarno masyarakat sing gawe iku maeng awit teko karakter, obahane, ambek klambi utowo pakean sing digawe. Sak liyane iku wong sing ngerti seni utowo budaya, biasane iso langsung ngerti iku tarian teko sudu utowo adat endi. Soale teko obahe tangan ambek awak sing digawe bentuk tarian waeng iso ngelambangno daerah asale tarain iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "9039", "text": "Robot sing nyerupai menungso utowo biasa diarani robot humanoid iku mulai akeh diciptakno karo menungso gawe ngeringano kerjone menungso iku dewe. Roto-roto uwong iku nyongkone robot humanoid iku pasti gawenane wong-wong luar negeri sing luwe pinter. Wong-wong koyok ngono iku biasane wong sing ngeremehno kemampuane anak bangsa. Padahal, arek Indonesia iku isok sisan nyiptakno robot humanoid sing canggih. Salah sijine iku Bimax, robot humanoid sing diciptakno ambek arek Binus. Bimax iki gak kalah canggih sisan ambek robot humanoid sing diciptakno ambek wong luar negeri. Salah sijine iku isok deteksi ucapan menungso dan ngerespon dalam boso Indonesia. Dadi gawe awakmu kabeh, dukung terus karyane arek Indonesia ben jeneng negara iki isok tambah apik nang mancanegara.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6622", "text": "Acara keluarga favorit ning TV sing nduwe tema urip rukun karo tangga yaiku Tetangga Masa Gitu. Acara iki tayang ning NetTV lan kondang amrga ceritane sing lucu lan uga nggambarake urip karo tangga sing ana ning urip saban dinane. Acara iki alirane komedi lan nggambarake kedadian sing temenan ana ning urip masyarakat sing duwe tangga lan sifate sing macem-macem. Lakon sing ana ning acara iki yaiku Bastian lan Bintang, pasangan sing isih dadi manten anyar lan uga isih manis-manise. Tanggane Bastian lan Bintang iki yaiku Adi lan Angel, pasangan sing wis rabi suwe banget lan sering gelut nanging tetep lucu. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "460", "text": "Pertama kali, aku ngapalke Alquran kui pas aku kelas 1 SD. Neng cerak omahku, ono musala cilik sing kebetulan nempel karo sekolahan kui. Aku karo wong tuaku dikon sinau ngaji neng kono. Neng kono, awale aku diajari moco Iqro utowo buku kanggo sinau moco Alquran. Sinau moco Alquran liwat Iqro mau uga diselengi kanggo ngapalke Alquran. Ngapalkane kui diwiwiti seko juz 30. Neng TPA musala cerak sekolahan kui aku sinau sekitar 10 surat. Pas neng sekolahan kui surat tak apal kui nambah 10-an. Dadine pas kui aku wis apal sekitar 20 surat. Nanging, apalanku mandeg neng ongko kui. Pas SMP tekan SMA aku ora ngelanjut ngapalke Alquran meneh. Lagi neng SMA kelas telu ujian kelulusane kui kudu ngapalku kabeh surat neng juz 30.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7351", "text": "Saiki bertepatan ambek tanggal 10 Dzulhijjah, sing tandane barengan ambek sholat Idul Adha. Koyok biasane, aku karo keluargaku bakal sholat Ied nang lapangan masjid cedek omah. Mari sholat, aku ngerungokno khutbah teko khotib e. Mari ngono, aku ambek keluargaku mbalik nang omah dan langsung siap-siap gawe nang area kantore bapakku, ndek ndi gorokan sapi bakal dilakoni. Nang kono, aku isok ndelok yaopo proses nyembeleh sapi ambek wedhus sing dadi qurban tahun iki. Pas iku totale onok enem sapi karo 10 wedhus. Sebagian besar hasil qurban iku bakal dibagi-bagino nang deso karo tonggo omah sing gak mampu. Nang omah yo entok sisan pastine.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5040", "text": "Ibuku sering banget melu kajian al-quran ning masjid. Saiki kajiane dina Senin lan rampung maghrib. Amarga ora ana kegiyatan, aku melu ibuku ngaji lan ngerungokake ceramah. Dina kuwi, materi ceramahe yaiku perkara piye pentinge ngabekti marang keluwarga, apa maneh sing durung nikah, kudu ngabekti marang bapak lan ibu. Ning ceramah kuwi diceritakake babagan cara ngabekti marang wong tuwa lan apa wae keutamaane. Aku dadi ngerti yen ibuku kuwi salah sawijine wong tuwa sing kudu tak hormati amarga saiki bapakku wes seda. Ceramah kuwi marai aku sadar yen aku kudu dadi bocah sing manut marang wong tuwa saklawase urip kanthi seda. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2300", "text": "Aku wingi iku mari mlaku-mlaku nang Suroboyo, tiba'e pas moco sponsor nang jero HP nang Gresik iku tiba'e akeh panganan sing awak dewek bendino pangan. Awakmu ngerti ora panganan opo iku? panganan iku wes umum nag endi-endi yaiku Sego Krawu ambek Pudak. Tapi ono maneh sing garai Gresik iku seje nag kulinerane yaiku panganan Tape. Panganan tape sing nang gresik iku asline cemilan sing teko tape ambek beras ketan sing difermentasi. Terus, sing garai tambah bedo karo liyane yaiku tape iki gebungkus karo Godonge Jambu klampok karo Godong Gedang. Salah sijine wong sing gawe tape iku ngomong, panganan tape iki asline berkatan nek ono Rebo Wekasan tok. Tapi kok tiba'e akeh sing seneng akhire wong-wong podo gawe terus didol,\" Jarene Muslih ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4752", "text": "Museum Wayang ning Kota Tua iki pancen museum bisa dikunjungi amarga bisa nambahi wawasan babagan pewayangan, pagelaran boneka, lan upacara adat. Museum iki ana ning komplek Kota Tua lan dibangun ing bekas gereja lan kuburan Londo. Kenyataane ana prasasti sing nandakake yen ing jero museum iki ana makam salah sawijing gubenur Batavia, yaiku Jan Pieterzoon Coen utawa JP. Coen. Gedung iki suasanane luwih singup lan adhem dibandingke karo museum liyane uga luwih sepi. Nanging wayang ning jero museum iki manika warna lan diopeni kanthi apik amarga akeh wayang lan boneka iki digawe utawa disimpen saka jaman biyen ning kothakan kaca. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9316", "text": "Lunga menyang gili labak madura bisa dadi alternatif yen wis jeleh lunga ana ing mall. Pantai sing ana ing pucukan MAdura iki gampang-gampang angel kanggo ditekani. Kaping pisan, yen teka luar kutha Madura, kudu nyabrang liwat Jembatan Suramadu sik supaya bisa tekan Madura lan kudu mandeg ing Sumenep. Kaping pindho, nalika wis tekan Sumenep kudu nuju pelabuhan Kalianget kanggo nyabrang nganggo kapal iki. Nyabrang mbutuhake wektu kurang luwih 1 jam. Aja lali nggawa panganan kanggo jaga-jaga dipangan ana ing kapal supaya weteng ora kosong sing bisa nyebabake mutah utawa mabuk laut. Nalika wes tekan ana ing Gili Labak mangga kanggo milih kegiyatan apa wae sing bisa dilakokake kayata renang, snorkeling, utawa gur foto-foto lan mangan ana ing pinggir pantai.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3242", "text": "Wong nag umba-umba saiki ora atek pegel-pegel soale wes ono mesine. Nag wing mak'e iku tung mesin iku. Nag mesin iku bentuke kotak, ambek ono koyok timbohe nag pas dibuka tutupe. Tibake iku sing digawe umba-umba. Terus nang kono iku yo ono petek-petekane sing rodok aekh koyok remote tv. Terus tak woco-woco petekan iku ono sing jengen untir-untiran sing gunane ganggo ngekei suweni oleh umbah-umbah iku sampek pirang menit, terus ono tulisane ambek ongkone barang dadi sing ora tau duwe janji iso moco mesti iso gawe alat iki. Terus alat iki yo ono pilihan ukuran ambek wate, wes pokoe karek nari sing tuku mileh sing endi soale to akeh pilhane.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1707", "text": "Hubungane kui ora mungkin dalan mulus-mulus wae. Mesthi pisan-pisan, pasangan kui iso podo nesu. Alesane werno-werno lan ora ono sing bener-bener iso disalahke. Supoyo awak dhewe iso tetep balikan pas lagi nesu kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngakoni kesalahan sing awak dhewe lakoke. Sak walike, awak dhewe uga kudu maafke pasangane dhewe yen dheweke ngaku salah. Sing keloro, ojo ngehakimi pasangane dhewe tanpa ngerungoke penjelasane. Sing ketelu, pasangane kui iso ngobrol meneh, piye cara sing paling apik supoyo kesalahane kui ora dibaline meneh. Sing kelimo, awak dhewe kudu tetep perocoyo karo pasangane dhewe senadyan dheweke wis tau ngelakoke kesalahan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3515", "text": "Kerjo nang kantor iku asline enake pol karek wonge iku maeng tlaten opo ora, soale nag ora tlaten ambek sabar kerjo nang kantor yo mesti kroso ora enak polahe nang kantor penggaweane iku ora mok siji tapi sak pirang-pirang ono sing kudu ngene, terus ono sing kudu mrono ambek liyan-liyane. Kadang nang kantor iku yo kudu sabar soale mesti penggaweane iku ono jatahe, nag jatahe sak meneh yo kudu sak meneh terus kudu mari sedinohan, nag ora mari sedinohan yo mesti bakal diseneni, ambek nang kantor iku ora iso sak enake dewe soale mesti ono aturan sing kudu dilakono ambek dituruti ben iso jogo upahe ambek ben ora dielongi upahe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7401", "text": "Dino iki dadi dino terakhir aku study tour nang Bali. Kabeh tujuan wes dikunjungi dan wayahe balik nang pulau Jawa. Pas perjalanan moleh, ketepakan banget ketemon ambek penduduk sing ngadakno upacara Ngaben. Guruku langsung nyarano gawe mandek disik, mudun teko bus, dan ndelok proses e teko adoh. Awale aku bingung kok sing dibakar onok akeh banget, ternyata iku lagi ngelakoni Ngaben massal. Wong sing hadir nang upacara iku yo ruame, kemungkinan seh kerabat teko jenazah sing dibakar iku mau. Pas wes mulai buyaran dan abune bakal digowo nang laut, aku ambek konco-koncoku balik maneh nang bus gawe ngelanjutno perjalanan moleh sing mau sempet ketunda mergo ndelok upacara Ngaben massal dadakan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2316", "text": "Sopo sing ora ngerti ambek sing jenenge ndog asin? Ndog asin iku digawe teko ndoge bebek. Rasane gurih-gurih asin nggarai wong ketagihan. Ndog asin iku salah siji panganan sing diawetno gak atek bahan pengawet gaweane pabrik. Nek pengen nggawe ndog asin dewe nang omah, mek butuh ndog bebek, uyah, karo boto sing dilembutno. Ndog bebek dikom sek 2 menit, trus diumbah resik. Mari nggunu pendem ambek remuk'an boto karo uyah kiro-kiro kandele sampek 3 cm. Mari diadahi ember, disimpen sampek 14 dino, bar nggunu iso digodog sampek 1 jam. Ndog asin iso awet suwe sampek pirang-pirang dino tanpo kuatir mambu. Kandungan gizine yo akeh, ono kandungan kalsium ambek mineral sing apik kanggo kesehatane awak. Ndog asin iki nduwe kandungan gizi luwih gedhe timbangane ndog bebek biasa. Ndog asin iso digawe panganan sehat sing gampang dipangan sak wayah-wayah. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6371", "text": "Omhaku saiki ana ning tengah kutha. Aku pindah amarga ana gawean lan oleh omah dinas ning tengah kutha, Aku saka desa lan ning desaku akeh banget panggonan kanggo nandur. Ning kene ora ana tanah sing amba lan mung ana paving lan latar sing katon sesek. Aku pengen duwe panggon nandur. Kamangka aku ngumpulake barang bekas kaya botol, gelas banyu mineral, lan uga paralon bekas renovasi. Aku nandur tanduran ning kono kaya misal ana sawi, lombok, lan uga kembang-kembangan. Sayuran sing tak tandur kuwi gedhe-gedhe amarga aku melu cara sing ana ning Youtube. banjur pas wis panen, aku iso bagi-bagi marang tangga kiwa lan tengen. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7041", "text": "Dino iki, gak onok abang gak onok ijo, moro aku ambek adek-adekku dijak ambek omku nang Trawas ambek anak-anake omku sisan. Pas aku takon kate dijak nang ndi, jare kate dijak nyobai paralayang. Awale adekku sing wedok wes keweden soale dewe wedi duwur. Tapi omku nenangno adekku, jare paralayang iku aman banget. Akhire awak dewe kabeh tutuk nang puncak gawe penerjunan paralayange. Omku langsung milihno paralayang tandem gawe kabehe. Paralayang tandem iku dadi engkok awakmu bakal terjun dikancani ambek pemandu sing wes berlisensi, dadi sembarange bakal aman. Pas wes wayahe giliran, aku langsung masang kabeh pengaman sing disediakno nang kono. Marine ngono pemandune mau mlayu ket adoh dan awak dewe wong loro terjun teko puncak gunung mau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9310", "text": "Nafis wingi nemu panggon air terjun nyelempit ana ing Probolinggo yaiku air terjun madakaripura. Nafis mrene karo kanca-kanca sekolahe. Air Terjun iki ora pati rame amarga pancen ora kabeh wong ngerti panggone air terjun iki. Sadurunge budhal, Nafis ngelumpuk ana ing omahe Asep kanggo nyepakne kabeh sing kudu digawa kayata panganan, klambi kanggo ganti, ndelok lan ngecek sepeda montore, lan liyane. Sawise kabeh wis dirasa cepak, Nafis lan kancane langsung budal menyang Air Terjun Madakaripura. Perjalanan sing ditempuh kurang luwih 2 jam. Nalika wis tekan, Nafis kaget nyatane ana air terjun sing apik banget nanging ora kabeh wong ngerti. Nafis uga foto-foto karo kancane kanggo didukna ana ing sosial media.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3198", "text": "Wes sekitar rong tahun kat ono covid kabeh sing pengen delok pertandingan ora oleh kejobo nang TV. Tapi, saiki ancene wes diolehno maneh karo pemerintah kanggo delok pertandingan olahraga sembereng kalir, mboh iku nag jero negeri utowo nang luar negeri. Masio pemerintah wes ngoliehno tapi kudu ono peraturan sing kudu dilakoni karo wong sing pengen delok pertandingan iku maeng, salah sijine yoiku kudu nuruti aturan utowo anjurane covid, soale sampek saiki sing jenenge covid iku isek ono. Mari ngunu nag ora nuruti iku maeng yo bakal dikongkon metu. Dadi nag awakmu pengen delok pertandingan bal-balan iku maeng yo kudu meloki peraturan iku ben iso delok.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7739", "text": "Sepeda statis iku alat olahraga sepeda tapi sing gak atek pindah-pindah panggon ben digawe, dadi bakal terus ndek panggon siji iku tok obahe. Sepeda statis iki dadi alat sing praktis, aman, dan gampang banget digawene. Praktise iku mergo gak butuh panggon akeh gawe nganggo, soale bakal nang kono ae. Alat iki sisan dinilai aman, terutama gawe awakmu sing nduwe masalah keseimbangan tubuh, soale isok meminimalisir resiko cedera. Alat iki sisan gampang banget digawene, soale garek munggah terus dipancal koyok nek mancal sepedo biasane, dan alat iku bakal otomatis nyala dan bakal ngukur detak jantung karo kalori sing wes kebakar. Dadi gawe awakmu sing gak nduwe akeh waktu gawe olahraga, awakmu isok tuku sepeda statis gawe nang omah.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2797", "text": "Gereja iku ono nang endi-endi podo ambek Masjid. Tapi Gerejo iku panggonan ibadahe wong kristen ambek wong katholik. Masio nang indonesia iku mayoritas wong islam, tapi wong sing agama kristen ambek katolik yo ono. Nah nang indonesia gereja sing paling terkenal yaiku Gereja Bethany nang Suroboyo, GKI Kerajaan Allah nang Semarang lor, GKI Mawar Sharon nang kelapa Gading Jakarta, ambek liyan-liyane soale akehe pol gereja sing ono nag indonesia iku. Nah fungsine gereja yo akeh, ora mog angger kanggo panggonan ibadah tok, tapi yo ono fungsi liyane koyo panggonan komunitas, panggonan wong sing ora mampu ben iso oleh panggonan sing layak ambek liyan-liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7711", "text": "Ninis bingung banget, de’e iki pingin banget olahraga, tapi gak gelem nek engkok olahragane iku angel dan larang. Akhire Yoyok nyarano gawe munggah mudun tangga kantor ae. Dadi ben engkok kate nang ruang kantor, gak usah nganggo Lift, tapi munggah tangga ae. Engkok nek kate nang ndi ae, tetep nganggo tangga. Jare iku sek termasuk jenis olahraga. Wes ngono gampang banget dilakoni. Mulai teko kono, Ninis mulai ngerutini gawe munggah mudun tangga nek nang kantore. Awale de’e menggas menggos soale kantore onok nang lantai limo. Tapi karo de’e tetep dilakoni ae, demi cek isok olahraga. Suwe-suwe de’e dadi kulino dan gak ngeroso pegel blas gawe munggah mudun tangga. Mbasio sampe tutuk lantai sepoloh, de’e sek kuat.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9270", "text": "Wulan oleh undangan saka kancane sing meh rabi minggu iki. Sawise Wulan nerima undangan, Wulan bingung meh ngewenehi kancane barang utawa dhuwit wae. Akhire, Wulan mutusake kanggo ngewenehi alat masak supaya mengko bisa migunani. Alat masak sing dituku Wulan kayata sutil, wajan, serok, cedhok, lan piring, gelas, sendok. Alat sing wis dituku karo Wulan iki uga dadi kesenangne kancane yaiku seneng masak saben dina. Wulan uga gelek disambati yen alat-alat masak ning omahe wis padha rusak, mangkane Wulan duwe ide kanggo nukokke kancane alat-alat masak. Kabeh alat-alat iku diwadahi lan dihias karo Wulan saengga ketok apik banget kanggo kado rabine kancane. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9308", "text": "Ngelengke wektu kanggo mara ning papan pariwisata mligine wisata alam kuwi perlu lho, Ca. Wisata alam kuwi jinise ana akeh, umpamane: weruh palemahan sawah jembar kang ijo royo-royo, weruh lan ngrasakake adheme banyu ing grojogan utawa curug, kungkum ana ing pemandian air panas, delok gegulunganing ombak segara lan sumiliring angin laut, ngrasakake hawa adhem pegunungan, lan sapanunggalane. Kanca-kanca perlu mangerteni yen dolan ing alam terbuka kuwi bisa gawe pikiran luwih tinarbuka. Beban kang kasangga bisa krasa luwar sithik mbaka sithik. Sebabe nalika awake dhewe dolan ing alam terbuka, awake dhewe bakal oleh cumloroting srengenge kang alami, udara kang dadi oksigen uga alami awit durung kacampur polusi. Saliyaning kuwi, kahanan alam bisa nambah rasa syukur dhateng Gusti awit awake dhewe bisa weruh kuwasaning Gusti awujud papan kang endah. Mula aja lali ngonjukake syukur nalika piknik ing alam tinarbuka.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2133", "text": "Wong sing lagi rugi utowo ora duwe duwit kui akeh-akehane mentale dadi keganggu. Pengusaha kui ngebayangke dheweke ora iso bangkrut. Dheweke ora ngebayangke yen dheweke bakal rugi pas dodolan. Rugi kui perkoro sing ora bioso kanggo dheweke. Kabeh hal sing ora biasa kui, iso marake awak dhewe kepikiran. Yen terlalu dipikirke banget, akhire dadi stress. Yen wis stress biasane fungsi otake dhewe dadi keganggu lan ora iso gawe keputusans sing rasional koyo biasane. Sing ono neng pikirane kui piye carane dheweke ora rugi meneh, malah dheweke iso mikir piye carane ben dheweke iso cepet balik sugih. Yen wis koyo ngono, wong kui bakal luwih mlarat seko kahanan sing wis rugi mau.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9665", "text": "Kitab suci iku ora mung buku bacaan bisa. Njerone kitab suci amot pedoman urip kanggo manungsa. Ngamot tata cara urip, crita jaman biyen, hukum, lan moral sarta akhlak sing kudu diterapna ing pnguripan saben dina. Anane kitab suci iku wis ana tujune dhewe. Saliyane dadi pedoman uripe manungsa, kitab suci uga digawe kanggo ndelok crita ndek jaman biyen supaya apa sing ala bisa diadohi lan apa sing apik bisa ditiru lan diterapake. Nalika duweni kaluwarga, yen bisa wiwit cilik wis dikenalna karo kitab sucine supaya ora nganti ora weruh endi pedoman uripe. Kitab suci bisa ngeweni pituduh marang manungsa endi dalan sing bener lan endi dalan sing keliru.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6336", "text": "Pelajaran cara urip ning gunung lan alas iki dadi pelajaran sing penting kanggo bocah sekolah lan bisa dadi pelatihan ning universitas. Senajan ora dinggo munggah gunung, keterampilan iki bakal bisa migunani wayah darurat kaya bencana alam, situasi darurat kaya kecelakaan, lan uga cara bertahan pas ana cuaca sing elek. Pelatihan iki bisa marai tambah percaya diri lan uga bisa marai tambah kemampuan sing bisa dinggo nulung wong sing lagi kesusahan. Ning manca negara, akeh wong sing wis terlatih urip ning alam lan seneng nggawe tutorial ning sosial media. Yen arep munggah gunung uga bisa persiapan saka nonton video sing wis digawe kuwi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9230", "text": "Luthfi ora seneng mangan tempe. Panganan kang digawe saka kedele iki padahal saben dina dimasak karo ibune. Alesan Luthfi ora seneng mangan tempe amarga Luthfi tau murus sawise mangan tempe. Ibune ya kaget kok bisa Luthfi murus, padahal tempe sing dimasak ya tempe anyar sing dituku ana ing pasar. Sawise kedadian iku, Luthfi wegah yen ning omah ana tempe. Ibune Luthfi nyoba tekon ning bakule tempe ana ing pasar, lan ibune kaget amarga nyatane tempe sing nggarai Luthfi murus yaiku tempe sing wis suwi. Bakule lali ora mbuwak tempe kui. Dheweke trauma amarga wedi murus maneh. Senajan Luthfi ora mangan tempe, nanging Luthfi isih arep panganan kang asline saka tempe kaya kripik tempe sing asale saka Malang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5462", "text": "Muay Thai kuwi salah siji olahraga ekstrem jenis bela diri saka kerajaan Thailand. Olahraga iki nduwe gaya sing mirip karo beladiri Indo Cina lan nganggo teknik sing padha kaya tendangan tungkal, pukulan, sikut, lan ana 8 titik kanggo serangan. Kamangka, poin dhuwur kanggo bela diri iki yaiku poin gaya barat yaiku 2 poin lan 4 poin gaya Thailand. Miturut sejarah, Muay Thai iki saka India lan dikombinasi pas teka ning Thailand. Teknik Muay Thai iki kebagi marang 2 jenis, yaiku teknik mayor sing kasebut mae mai uga teknik minor yaiku luk mai. Muay Thai iki dadi olahraga sing bisa ngurangi lemak ning awak amarga ngobahake kabeh anggota awak. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10133", "text": "Nalika kita ajeng dahar daharan laut, biasanipun kita bakal ngolah daharan laut menika ngantos mateng lajeng nembe dipundahar. Nanging wonten daharan laut saking Korea Selatan ingkang didahar mentah. Boten namung mentah, daharan menika didahar nalika tesih urip. Asmanipun sannakji. Daharan saking gurita urip menika boten dimasak blas sakderengipun didahar. Gurita ingkang disade tesih urip lan obah-obah. Tiyang Korea ingkang remen dahar daharan menika langkung remen gurita ingkang tesih kathah obah amargi kraos langkung seger. Sannakji didahar kaliyan pendamping awujud saos kecap asin utawi campuran saos gochujang kaliyan cuka lan gendhis pasir. Gurita urip ingkang didahar tesih saged obah senadyan sampun dipunkethoki. Mila, menawi dahar sannakji kedah mastekaken gurita sampun dimamah kanthi alus. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3500", "text": "Ulan wingi aku dolan nang kancaku sing dadi wirausaha. Nah usahae iku ancene ora sepiro gede tapi yo luong titip rodok rame. Terus mari ngunu deke yo wes iso ngejak koncone sing ancene nganggur durung oleh penggawean. Terus sak liyani iku sing garai bangga ambek deke iku bocahe iku ora isin masio deke iku wes S2 tapi deke niate bapoe pol kanggo gawe lapangan pekerjaan ben iso ngerangkol konco-konco terus iso buka lapangan pekerjaan sing anyar kanggo ngelongi pengangguran sing duwe ijasah duwur. Terus nang usahae iku maeng deke yo enak soale nang warunge kampus sing ancene disewo ambek deke kanggo buka usaha maeng.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5121", "text": "Rombongan paduan suara ning kampusku bar menangke lomba ning Italia. Paduan suara iki wis latian 6 sasi. Ana akeh kategori sing dilombakake. Nanging kanggo mahasiswa, kategorine lagu wajib, lagu populer, lan lagu daerah. Sing mesti menange yaiku lagu daerah amarga lagu daerah Indonesia iki aransemene apik lan bisa divariasi karo gerakan tarian daerah. Amarga penampilan sing apik iki, tim kampusku sing dadi perwakilan Indonesia iki oleh medali emas. Lagu daerah sing dinyanyekake kuwi lagu \"Yamko Rambe Yamko\". Lagu iki dipilih karo tim amarga lagune semangat lan nyeritakake usaha rakyat adat Papua sing ngelindungi tlatah panggon uripe saka penjajah lan perang suku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2140", "text": "Neng kampusku disik, awak dhewe wajib melu KKN. Biasane kui poro mahasiswa jupuk KKN neng periode loro, yaiku pas preinan semester enem. Sak durunge, awak dhewe kudu gawe tim. Timku biyen ngeroso yen awak dhewe butuh duwit tambahan yen awak dhewe arep ngelakoke proker sing direncanake. Dadi awak dhewe putuske gawe usaha bareng. Usaha sing kesiji kui, awak dhewe dodolan kripik pisang Lampung. Awak dhewe ngedol kui liwat media sosiale awak dhewe masing-masing. Sisteme nganggo pesen disikan. Sak liyane kui, awak dhewe uga gawe jasa promosi akun Instagram e wong liyo. Biasane kui akun sing digawe khusus kanggo dodolan. Akhire nganggo usaha kui, awak dhewe iso duwe duwit sing cukup nganggo ngelaksanake prokere dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5532", "text": "TV LED wis dadi pilihan wajib kanggo wong jaman saiki, apa maneh sing omahe ora sepira gedhe amarga TV LED iki irit panggon. Salah siji merk LED TV sing paling apik yaiku saka LG. TV LED sing diproduksi karo LG iki nyediakake akeh fungsi sing marai nonton uga tambah kepenak, yaiku HDR lan nanocell sing marai gambar kethok san saya jelas. Banjur uga ana teknologi eco-sensor sing bisa ngatur terang lan petenge layar ben luwih hemat energi. Kaya TV liyane, TV LED saka LG iki wis nyediakake fasilitas swara sing mumpuni saka Dolby Atmos. TV iki uga nyediakake ukuran sing manika warna miturut kebutuhan masyarakat. Regane uga macem-macem. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9011", "text": "Ben artis senengene iku ngadakno konser nang Indonesia, Rina iku pasti langsung tuku tiket konser sampe mbelani melu war ticket e. De’e iku pasti entok tiket pas lagi nge-war. Alesane iku Rina mesti milih tiket sing paling murah. Aku bingung, soale nek tiket e murah berarti de’e entok panggon paling mburi. Aku mbatin, lapo arek iki milih panggon mburi. Tapi Rina gak tau wedi, soale de’e iku mesti wes nyiapno kamera ambek lensa telefoto. Pas tak delok, bentukan lensane iku koyok bazooka alias guede pol. Nek nganggo iku, teko jarak ndi ae, de’e isok ndelok konser dengan jelas. Wes ngono, de’e dadi isok nduwe foto ambek rekaman teko konser artis senengane iku mau.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5128", "text": "Upacara 17 Agustus taun iki ning Jakarta meriah banget amarga tema acarane akeh pentas seni lan lagu-lagu sing dinyanyekake karo Gita Bahana Nusantara, yaiku grup paduan swara sing diseleksi kaya paskibra kanggo ngisi acara ning Istana Negara. Sing paling akeh disorot saka GBN iki yaiku perkembangan lagu-lagu daerah sing dinyanyekake amarga tambah akeh variasi lan ana lagu-lagu anyar sing dikenalke. Lagu-lagu iki uga dadi salah siji cara kanggo ngenalake budhaya ning wayah kamardhikan. Kamangka kuwi, kanggo instansi ning Indonesia, yen ana acara, mangga bisa nampilake lagu-lagu daerah kanggo nguri-uri budhaya tradisional sing mulai ilang amarga iki penting banget kanggo wawasan bangsa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5441", "text": "Bedha maneh karo kancaku sing arane Tiara. Tiara iki babar blas ora tau melu ekskul olahraga. Nanging Tiara iki uga banjur gabung ning ekskul pencak silat. Tiara iki siji-sijine bocah anyar sing ora tau nyicipi pencak silat. Pas mlebu uga Tiara iki sing paling cilik awake. Tiara iki pancen disiplin uga niat amarga dekne mlebu terus.Tiara iki mlebu kategori seni amarga yen gelut mesti kalah dhuwur. Kamangka Tiara iki ora mlebu kategori gelut, dekne duwe latian khusus nganggo senjata kaya golok, toya, lan senjata liyane. Wis latian 6 sasi, Tiara banjur melu lomba ning tingkat kabupaten lan dadi tambah sregep latian. Amarga kuwi, Tiara bisa oleh juara 2. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7315", "text": "Tengku Hanan Attaki, Lc. Utowo luwe dikenal sebagai ustad Hanan Attaki iki salah siji pendakwah nang Indonesia sing asale teko Aceh. Beliau iki ustad sing terkenal nang kalangan remaja mergo ceramahe sing menarik gawe arek enom dan nganggo boso sing gampang dimengerti. Ceramah sing disampaino ambek beliau iki gak adoh-adoh teko keseharian ambek gayane arek enom jaman saiki. Beliau sisan aktif berdakwah nang komunitase arek enom koyok punk, genk bermotor, skateboard, sepeda BMX, parkour, ambek komunitas arek enom liyane. Tujuan utamane ustad Hanan Attaki iki mek siji, nyudokno nang arek-arek enom iku gawe hijrah nang jalan sing bener, cekne arek-arek iku gak terjerumus luwe adoh maneh.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2137", "text": "Neng kahanan sing angel, awak dhewe mesthi tau kepikiran ngutang. Ngutang kui pancen ngejanjike entuk duwit cepet. Ngutang uga cepet ngerampungke perkara finansial sing lagi diadepi. Nanging ngutang kui ono corono. Coro ngutang sing bener kui, sing kesiji, ojo ngutang. Yen ora duwe duwit, coro paling bener kui ngemat. Ngutang kui ora ngerampung opo-opo. Sing keloro, awak dhewe ora oleh banget nganggo pinjeman duwit daring. Ketoke awak dhewe iso entuk duwit akeh tonpo ono watesan lan syarat sing ribet. Nanging awak dhewe ora ngerti kui lembaga peminjaman duwite aman opo ora. Yen kui lembaga ilegal, uripe awak dhewe ora bakal lego bar kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "112", "text": "Wisata bengi sing durung kabeh wong ngerti neng Yogyakarta kui Bukit Bintang. Bukit Bintang iki ono daerah Patuk. Panggon wisata kui nyajike pemandangan sing apik seko sore tekan sore. Pas sore awak dhewe iso delok seko adoh lampu-lampu neng kota Yogyakarta sing mulai ngurup. Ditambah langit sing werno abang lan mulai peteng nambah keendahan pemandang. Pas bengi, langit wis peteng banget. Lampu-lampu kota mau wis ketok cetho. Lampu-lampu kui gawe pola-pola sing menarik. Senadyan peteng, awak dhewe dadi iso ngebayangke bentuk kotane seko pola-pola kui. Pemandangan kui luwih apik pas ora mendung. Sak liyone iso delok cahya sing ono neng ngisor, awak dhewe uga dadi iso delok bintang-bintang lan wulan sing ono neng langit.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8990", "text": "Berhubung bapakku opname nang Rumah Sakit, aku dadi kebagian njogo nang kono pas bengi. Pas dino iki, aku lali gak nggowo laptop gawe hiburanku. Terus hp ku sisan lagi dicas. Akhire gelem gak gelem aku mek isok nonton TV. Sing marakno aku emosi iku kabeh saluran TV iku burek kabeh. Aku terus-terusan ganti saluran, tapi kabeh iku podo burek e. Akhire aku mandek nang saluran Space Toon, siji-sijine saluran sing gak burek blas, malah juernih pol. Akhire mergo gak onok tontonan liyane, aku karo bapakku maleh ndelok kartun. Gak masalah wes, sing penting gak bosen nemen dan isok ndelok TV.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1204", "text": "Yen awak dhewe iso dodolan kui awak dhewe sing iso dadi bose dhewe. Ora bakal ono wong sing ngatur-ngatur. Awak dhewe iso dodolan dhewe awak dhewe iso jikuk prei kapan wae utowo awak dhewe iso milih kapan wae awak dhewe pengin leren. Yen awak dhewe kerjo kantoran, ora iso awak dhewe koyo ngono. Awak dhewe kudu ngikuti aturan-aturan sing wis ono neng kontrak kerja sing wis awak dhewe tanda tangani. Yen awak dhewe sak peneke dhewe ngelanggar kui, awak dhewe bakal ciloko. Awak dhewe dudu mung dipecat seko perusahaane kui nangingg malah uga iso bayar ganti rugi. Yen awak dhewe iso dodolan dhewe kan penak, soale aturane awak dhewe sing gawe dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8129", "text": "Awakmu kepingin buka usaha, tapi modale sek sitik? Gak usah kuatir, garek buka franchise ae. Gak kabeh franchise iku larang kok, onok sisan franchise sing murah. Salah sijine iku franchise Teh Poci. Mek butuh duit 10 juta, awakmu wes entok sepaket dodolan. Mulai teko gerobak, meja counter, gelas, container es teh, teko listrik, mesin seal, saringan, sendok gede, centong kayu, cooler box, sedotan, bahan bakune es teh, ambek seragam. Iku pun awakmu isok buka nang omahmu dewe. Wes ngono, Teh Poci iki dadi produk es teh sing disenengi akeh uwong, dadi bakal akeh payuhe dan kemungkinan balik modal iku bakal cepet. Dadi gawe awakmu sing sek bingung mulai usaha opo, coba ae buka franchise Teh Poci.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "3126", "text": "Saiki balapan montor tahun iki wes mari terus akeh wong sing beberno lapooh Mark Marquez gak iso menang ambek kalah terus. Salah sijine alasan lapooh deke iku ora iso menang yoiku polahe isek ono roso trauma ambek wedi soale mari kecelakaan sampek tangane pedot, terus warase iku maeng sampek pirang-pirang ulan. Sak liyane iku yo polahe cidera sing tangane tugel maeng isek durung waras blas mergane nag digawe balapan isek kroso loro. Terus mari ngunu yo awake barang isek durung kuat koyok biyen maneh soale wes pirang-pirang ulan ora balapan, mangkane deke isek durung wani banter-banter polahe perkoro-perkoro iku maeng. Dadine balapan tahun iki deke mok menang peng pisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5022", "text": "Salah siji crita nabi sing ana ning al-quran yaiku crita babagan Isra Mi'raj. Isra' Mi'raj iki yaiku perjalanane nabi sing dilakoni sewengi. kejadian iki penting anane kanggo umat muslim amarga ning perjalanan iki, Nabi Muhammad nampa titah saka Gusti Allah kanggo ngelakoni sholat 5 wektu. Akeh versi sing mbahas kapan Isra' Mi'raj ini kedaden, nanging narasi sing akeh ning masyarakat yaiku wayah amul huzni utawa taun kesedihan amarga Khadijah lan Abu Thalib seda. Banjur malaikat Jibril nggawa Nabi Muhammad saka Masjidil Haram nang Masjidil Aqsa banjur nang langit. Ning 7 langit kanthi Sidratul Muntaha kuwi Nabi Muhammad ketemu para nabi lan nampa kewajiban sholat sing dilakoni kanthi saiki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2132", "text": "Usaha sing arep bangkrut kui ono tanda-tandane. Yen awak dhewe pengen usahane dhewe kui awet, awak dhewe kudu gateke tanda-tanda iki. Menurutku, tanda sing paling pentung kui ora ketok. Sifate abstrak. Tondo sing tak maksud kui yen sing duwe usaha utowo sing ngejalanke usaha kui ora gelem sinau meneh. Dheweke ngeroso yen usahane wis sukses lan wong-wong bakal golek barang dagangane terus. Nanging konsep neng donyo iki ora ngono. Donyo kui sak ben detike berubah. Yen awak dhewe ora ngikuti kui, awak dhewe iso dadi wong sing kalah. Termasuk neng usaha sing awak dhewe lakoke. Bisnis kui kudu ngikuti wong sing tuku. Yen pembeline berubah nanging sing dodol ora, mengko bakal ono hal sing kurang neng barang utowo pelayanan sing awak dhewe tawarke.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "10171", "text": "Turis saking kutha ingkang mlancong menyang Jogja kathah ingkang madosi suasana ingkang asri khas desa tradisional wonten Jawa. Khayangan Resort wonten Donoharjo Ngaglik Sleman nawakake pemandangan lan suasana khas desa wonten Jogja. Kathah sawah lan wit-witan ingkang dadosaken mata lan ati tentrem. Keliling sawah ngangge pit saged dicobi menawi wonten mriki. Fasilitas kang sedia kangge turis inggih menika kamar ingkang saged dipilih sesuai kabetahan. Kolam renang pribadi ugi wonten. Griya utami lan pekarangan ingkang jembar damel suasana tambah tentrem. Wonten wifi kangge sampeyan ingkang tetep pengen eksis foto-foto lan upload wonten media sosial utawi turis ingkang betah ngrampungaken padamelan wonten kantor. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5169", "text": "Salah siji alat musik sing bisa marai tenang yaiku suling bambu. Suling iki akeh jenise lan akeh banget lagu-lagu sunda sing nambah musik ning lagune ben alat musik iki ora ilang. Suling bambu iki uga dadi salah siji alat musik sing manika warna miturut ukuran lan cara maine. Jaman sekolah biyen, awak dhewe dikenalake karo alat musik sing nabuhe nganggo nyebul, yaiku recorder. Nanging ora tau dikenalke karo alat musik iki, padahal sing asli saka Indonesia yaiku suling bambu iki. Suling sing digawe saka pring iki uga ora kalah kepenak unine. Kamangka, kanggo calon guru kesenian, saiki kudu ngutamakake pengenalan alat musik saka sing tradisional kaya suling bambu utawa gamelan ben bocah saiki ora ucul saka budhayane. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10083", "text": "Saben dinten Ibu ngunjuk teh tawar benter. Ibu ngunjuk teh tawar ping pindho. Pisan kala enjing kaliyan pisan kala sonten. Sanesipun teh, ibu ugi asring ngunjuk toya pethak. Ibu ngunjuk toya pethak pas wungu saking sare dalu. Nalika ajeng sare, ibu ugi ngunjuk toya pethak. Ibu ngendika toya pethak saged damel metabolisme badan dados sae. Badan saged dados langkung sehat. Mila, ibu tansah ngelingaken kula supados kathah ngunjuk toya pethak. Bapak remen sanget ngunjuk kopi. Sedaya jinising kopi saged diunjuk. Nanging bapak paling remen kopi tubruk ingkang didamel ibu kaliyan dahar roti. Menawi wonten gorengan utawi nyamikan sanesipun, bapak ugi nyuwun ibu supados didamelaken kopi ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7854", "text": "Jaman saiki, keberadaan smartphone iku mulai nggeser beberapa jenis barang elektronik. Salah sijine iku kamera. Smartphone iki nduwe kamera sing apik banget, bahkan jare isok ngeluweni kamera biasa. Padahal, kate yaopo yaopo maneh, kamera biasa, terutama kamera DSLR, iku jauh luwe unggul timbang kamera sing onok nang smartphone. Siji, ragam fungsi kamera DSLR iku jauh luwe canggih dan hasil sing dihasilno luwe tajam timbang nek nganggo smartphone. Loro, kamera DSLR iku nduwe fitur video sing engkok hasile isok luwe stabil terus jernih timbang kamera smartphone. Telu, kamera DSLR iku nduwe akeh pilihan lensa sing isok digonta ganti. Papat, kamera DSLR iku nduwe kinerja sing apik dalam hal autofokus cepat, penundaan rana sing luwe endek, kapasitas memori sing luwe gede, terus respons sing cepet pas syuting berkesinambungan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9370", "text": "Desa Sukamaju duweni perpustakaan desa kanggo bocah-bocah desa. Jamal wong asli desa iki dadi salah siji wong sing seneng maca ing perpustakaan iki. Saben dina sawine mulih sekolah, Jamal ngajak kanca sakelase menyang perpustakaan desa kanggo maca buku utawa kanggo ngerjakke PR bareng-bareng.Buku sing diwaca Jamal yaku buku-buku bocah SD kayata majalah bocah, ensiklopedia kewan, lan liyane. Jamal uga gelek nyilih buku kanggo diwaca ana ing omah. Ora kenal wektu anggone Jamal maca buku ana ing perpustakaan, kadang nganti disusul karo ibune supaya ndang mulih. Ora kaget yen Jamal dadi bocah sing paling pinter lan mesthi oleh biji apik ning kelas.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5115", "text": "Akeh wong kang lali yen omah adat kuwi bisa dadi ciri khas utawa dadi identitas ben wong bisa ngenali budhaya apa wae sing dianut penghunine. Nanging, saiki omah adat iki wis jarang ditemokake, nanging nuansane ya isih ono amarga kegerus modernisasi. Kaya misal wong sing duwe omah modern nanging ning jerone ana hiasan gerbang bali utawa ana panggonan kanggo ndeleh sesaji. Wis bisa didelok yen sing duwe omah kuwi ya nganut kebudhayaan Bali. Nanging, omah adat pengertiane ya ora mung dadi hiasan, nanging ya ana proses sosial ning jerone kaya upacara adat, lair lan matine keluwarga, fungsi saka ruangan, uga filosofine.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5446", "text": "Ngatur utawa mimpin ekskul ning sekolah kuwi ya kadhang angel amarga ora mung wong sing dadi anggota, nanging uga ana hubungane marang wong sing ana ning sekolah kaya guru, kepala sekolah, administrasi, uga pelatih. Wong sing ngurus ekskul iki kadhang ya ngerangkep dadi anggota sing melu lomba. Yen miturut saka ilmu manajemen tim olahraga, struktur organisasi ning ekskul kuwi perlu ana divisi sing fokus ngurus tim sing lagi tandhing, jadwal, proposal, lan uga kabeh keperluan administrasi ben ora kepecah-pecah. Nanging divisi iki uga kudu ngerti babagan olahraga senajan setitik ben ngerti tata carane nyusun strategi ning lapangan. Divisi iki anggotane uga kudu bisa dadi wakil pelatih.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7353", "text": "Waisak utowo Waisaka yaiku dino suci agama Buddha. Jeneng liyane waisak onok maneh, yaiku trisuci waisak. Hal iki mergo hari raya iki tujuane gawe memperingati telung peristiwa penting. Siji, lahire Pangeran Siddharta nang Taman Lumbini pas tahun 623 sak durunge Masehi. Loro, pangeran Siddharta mencapai penerangan agung dan dadi Buddha nang Buddha-Gaya (Bodh Gaya) pas usia 35 tahun pas tahun 588 sak durunge Masehi. Telu, Buddha Gautama parinibbana utowo mati nang Kusinara pas umur 80 tahun pas tahun 543 sak durunge Masehi. Kegiatan sing dilakoni pas waisak iku mulai teko meditasi, mraktekno wolong sila, berdana, ambek “ngedusi” rupang bayi Pangeran Siddharta.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "55", "text": "Yen kowe ngiler delok kue coklat lava neng media sosial nanging bingung tumbase neng endi utowo ora ono duwite. Aku duwe alternatif cemilan sing iso lumer neng mulut sing murah lan asli seko Indonesia. Jenenge klepon. Seko warna, bentuk, karo rosone, kue klepon pancen adoh seko kue coklat lava. Nanging aku luwih seneg jajanan pasar iki mergo luwih cocok neng ilat wong Indonesia. Kue klepon digawe seko tepung beras ketan. Jajanan kui bentuke bunder koyo bal. Wernone ijo. Lan neng permukaan ono parutan kelopo. Neng jero kue bal ijo kui, ono gulo jowo. Gulo jowo sing awale rupone padet kui iso nyair pas dimasak. Lan pas awak dhewe nyokot kue kelepon kui gulo lumer neng mulut.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5826", "text": "Usaha camilan saka omah kuwi ora angel yen ngerti target lan uga ngerti pasar. Salah siji camilan sing gampang banget dadi sumber usaha yaiku camilan pedhesan kaya makaroni, bakso goreng, kripik, lan uga sak panunggale. Camilan pedhes iki wis kondhang wiwit biyen lan uga dadi solusi pas lagi pengen ngemil utawa bisa dadi lawuhan. Nanging, tantangan saka bisnis iki yaiku anane selera pasar sing kudu didelok kaya misale maceme rasa apa wae sing disenengi bocah enom, banjur ndelok ning sosial media modhel pemasaran sing pas lan uga nyenengake mripat sing kaya apa, lan sing pungkasan yaiku rasa, kualitas, lan uga kemasan sing bisa narik pelanggan kuwi sing kaya apa.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7851", "text": "Mbah kakungku iku terkenal banget seneng foto-foto sembarang kalir. Mulai teko ngefoto pemandangan sampe ngefoto putu-putune. Aku eroh iku mergo ndelok koleksi album fotone sing onok akeh banget nang omahe. Nek tak gatekno, mbak kakung iku mek nganggo siji kamera analog sing engkok bakal diganti film e nek film sing digawe wes kebak. Pas mbah kakung wes meninggal, aku dikon bongkar-bongkar kamare mbah kakung gawe ngresikno barang-barange. Pas aku mbuka lemari, aku kaget banget soale isine kebak kamera jaman lawas kabeh. Nek diitung, meh onok 15 kamera sing onok nang kono. Setelahe didiskusikno, kamera-kamera mau bakal didol dan hasil duite baru diwarisno nang anak-anake.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8905", "text": "Aku iku nduwe konco sing semangat pol nek wayahe moleh sekolah. Guduk semangat mergo kate moleh, tapi semangat soale kate melu ekskul. Nek wes bel moleh sekolah muni, de’e pasti cepet-cepet ganti klambi dan siap-siap gawe melu ekskul iku mau. Tapi ancene sih, kadangan ekskul iku isok dadi pelepas penat gawe arek sekolah. Biasane iku dialami ambek arek sing gak sepiro nduwe bakat nang akademis dan ngeroso sinau akademis iku angel dan marakno ndas ngelu. Kegiatan ekskul iku mau isok dadi healing e arek iku mau mbarine pegel sinau. Wes ngono, ngelakoni ekskul iku iso sisan dadi wadah gawe ngembangno hobine arek iku.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "150", "text": "Aku pindah sekolahan Taman Kanak-Kanak kui tekan peng 3. Sing pertama neng TK Al-Amin, keloro TK Persit Bandar Lampung, lan sing Ketelu TK Sempur Bogor. Neng sak ben sekolahan kui mesti ono studi wisatane. Sing paling berkesan kanggo aku kui pas aku neng TK Sempur Bogor kui, sekolahku sing ketelu. Studi wisata kui lungo neng Taman Safari neng Cisarua. Aku seneng banget neng panggon konservasi khewan kui. Biyen aku seneng banget nonton film dokumenter sing ngebahas babagan khewan liar. Aku mrono aku ibuku. Mergo adiku yo pengen melu dadi pembatu ku, sing biasa diceluk Mbak Wati uga dijak supoyo bisa ngewangi jagani adiku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6390", "text": "Iki kaping pisan aku numpak bis menyang Malang. Aku njupuk sing perjalanan bengi amarga rasane luwih enak lan aku uga bisa istirahat. Aku wis kulina bali Malang-Jakarta utawa sak walike numpak bis. Aku pesen tiket ning agen bis banjur aku kudu teka sak jam sak durunge bis kuwi budhal. Ning bis, aku weruh ora sepira rame amarga iki dudu musim liburan. Nanging sing paling nyenengake yaiku fasilitas bis sing lengkap kaya ana jajan, bantal lan uga selimut. Senajan perjalanane kuwi suwe banget, aku tetep ngerasa betah. Bis iki bakal mandheg ning panggonan mangan kanggo para penumpang sing butuh sarapan lan uga menyang jedhing lan sembahyang. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1720", "text": "Aku wonge ora terlalu seneng bersosialisasi. Aku ora tau melu akeh acara kegiatan neng kampungku. Pas ono kerja bakti aku ora melu pakdheku. Opo meneh masku uga ora merono, aku dadi tambah males. Yen misale ono kerja bakti neng ngarep omahku, aku ora metu seko omah, malah ora metu seko kamer. Nanging pas misale aku ono acara isuk pas lagi ono kerja bakti kui, aku metu seko omahe mruput sak durunge kerja bakti kuine mulai. Ora opo-opo, aku tekan neng panggon acarane kui kecepeten, sing penting aku ora isin ketemu tonggo-tonggoku sing podo lagi resik-resik. Rasane pancen isin sih ora melu acara kanggo lingkungan sekitar omahku, nanging piye meneh, aku males banget melu rasane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5487", "text": "Pencak silat iki pancen manfaate akeh banget. Sak liyane ngelatih awak ben tanggep marang lingkungan, pencak silat iki uga kalebu olah rasa amarga kudu sinau carane ngerteni batine awake dhewe lan uga bisa ngempet emosi kang gedhe. Nanging jaman saiki, akeh bocah enom ning pencak silat melu mung kanggo motivasi ben bisa dadi jagoan tanpa ngerteni teknik. Kanggo ngeredem kuwi, miturut para pelatih, siswa pencak silat kuwi kudu sadar yen kemampuan iki ana amarga anugerah saka Gusti. Banjur bocah pencak silat iki uga kudu siap nulungi kanca ning jero utawa njaba perguruan lan sing paling penting yaiku ora oleh sombong lan nantangan. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7783", "text": "Berkuda iku ngerujuk nang ketrampilan uwong gawe ngendalikno, ngendarai, utowo nunggang jaran. Berkuda iki isok sisan digawe transportasi, kegiatan rekreasi, sampe olahraga sisan. Awale berkuda iki mek digawe kegiatan militer, terus tambah suwe dadi kegiatan sing onok nang salah siji cabang olahraga. Olahraga iki isok dilatih secara khusus gawe engkok dimelokno nang perlombaan berkuda sing tujuane iku gawe menuju garis finish paling cepet. Onok beberapa manfaat teko berkuda. Siji, ngatasi kram nang otot. Loro, nguatno otot. Telu, ningkatno refleks tubuh. Papat, nguatno tulang karo sendi. Limo, mbantu ngelancarno sirkulasi darah. Pitu, ngurangi penyakit kardiovaskular. Terakhir, isok gawe ngurangi resiko penyakit jantung.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "103", "text": "Kanggo leren seko aktivitas kampus, biyen aku lan konco-koncoku tau nginep neng Puncak Becici. Puncak becici iki ono neng daerah Muntuk, Kabupaten Bantul. Awak dhewe mrono montoran. Perjalanane tekan panggone kui angel banget. Dalane ora roto lan akeh lobange. Mergo neng daratan sing duwur, dalan neng kono ugo mungggah midum. Ono akeh tanjakan utowo turunan sing curam. Neng kono awak dhewe nyewa semacam pendopo. Daerah Puncak Becici iki digawe alas pinus. Aku dadi ileng cilikan pas dalan-dalan neng Puncak, Bogor. Howone neng kono adem lan akeh panggon foto sing apik. Neng panggon wisata kui uga dicepak panggung sing gede nganggo latar kota Yogyakarta sing didelok seko adoh.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3518", "text": "Saiki ancene akeh wong sing kerjo nang kantor, mboh iku dadi sekertaris, customer service, utowo liyan-liyane. Kerjo nang kantor iku ora kok mok angger kerjo tok, tapi yo mesti kudu ngerti aturane kantor. Terus nag kerjo nang kantor iku kudu merhatekno aturane nang kantor ambek ojo sampek gawe perkoro karo koncomu soale iso dadekno perkoro sing garai awakmu bentrok ambek koncone, sing akhire dadekno persaingan sing ora sehat utowo ora adil. Dadi nag ancene pengen kerjo nang kantor iku kudu nurut ambek aturan kono ojo sampek gawe masalah utowo perkoro sing marakno dipecat utowo marakno jenenge awakmu iku elek nang kantor.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9009", "text": "Mesin cuci iku salah siji alat elektronik sing didesain tahan lama dan isok awet sampe pirang-pirang tahun. Mesin cuci iku dadi alat elektronik sing gak perlu gawe terlalu rutin diservis. Tapi guduk berarti mesin cuci blas gak butuh diservis lho yo. Sembarang kalir alat elektronik sing onok tanda-tanda kerusakan yo perlu gawe diservis, termasuk mesin cuci. Mesin cuci sing butuh diservis iku onok tandane, salah sijine iku ngalami kebocoran. Biasane iku pas ngumbah klambi, bakal onok genangan nang sekitar mesin cuci. Sing koyok ngono iku onok kemungkinan mesin cuci ngalami keretakan. Nek awakmu wes ngonangi tanda kerusakan sing koyok ngono, ojok ragu gawe nyeluk tukang servis lho rek.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "847", "text": "Pas jamanku SMA kui, akeh sing kepengen mlebu tim pleton inti utowo tonti neng sekolahane dhewe-dhewe. Wong sing mlebu tim tonti kui dianggep sing kerenlah gampangane. Ben iso mlebu, awak dhewe kudu gateke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe kudu duwe postur awak sing apik. Perawakan sing ideal kui koyo awak sing diduweni karo tentara, tinggu dhuwur lan duwe dada sing bidang, sikile lurus, lan ora bongkok. Iki kudu awak dhewe siapke adoh-adoh seko dino selesksi. Sing keloro, awak dhewe kudu disiplin. Pas latian utowo seleski kui awak ora entok telat lan kudu cepet teko yen awak dhewe diundang kakak-kakak pembinane. Sing ketelu, awak dhewe iso fokus lan taat karo komando sing diwehi.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "38", "text": "Ayam goreng tepung ning ono kuahe. Kebayang ora rasane. Percoyo ora percoyo ono sing dodol ayam sing diolah koyo ngono lan rasane enak banget. Bakul sing ngedol panganan unik kui jenenge Ayam Kuah Giok neng samping Stadion Mandala Krida. Koyo sing tak jelaske mau, ayam sing dienggo kui ayam goreng tepung sing sadurenge diungkep karo bumbu kuning. Roso kuahe mirip koyo kuah mie Jowo. Ditambah karo potongan sawi, marake pangan kui makin seger. Sak porsi regone Rp15.000. Segone dipisah nambah Rp3.000. Ayam Kuah Giok iki cocok bangen dipangan pas musin udan utowo howo lagi adem-ademe ben awake anget lan weteng wareg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5418", "text": "Olahraga kuwi ora butuh alat sing larang kanggo ngelakoni. Sing dibutuhake kuwi niat amarga tanpa niat, olahraga kuwi ya dadi ora bisa kelaksanan. Salah siji contone yaiku olahraga mlayu-mlayu saban isuk. Olahraga iki ora mbutuhake alat khusus kaya klambi renang, sepeda, lan sapanunggale alat sing bisa dadi sarana olahraga. Olahraga iki uga orang butuh lapangan lan ora kudu ning jalur mlayu kanggo atlet. Ngiteri kampung lan oleh keringet wae wes cukup. Olahraga iki uga bisa dadi cara gampang kanggo njaga jantung. Kamangka, ayo mlayu isuk ben awak seger lan bisa ngelancarake aktivitas saben dinane amarga olahraga iki murah lan gampang. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7089", "text": "Salah siji film teko Korea Selatan sing dadi rekomendasine wong akeh iku judule Parasite. Film sing disutradarai Bong Joon Ho iki bercerita tentang perjuangan keluarga Kim sing urip ndek lingkungan sing miskin. Berawal teko Ki Woo sing entuk kerjaan dadi guru les nang keluarga Park, akhire nyambung dadi kabeh sak keluarga isok kerjo nang kono kabeh. Tujuane cek mereka isok keluar teko zona kemiskinan sing nyikso. Kesuksesan film iki gak usah diragukno maneh. Film sing nduwe alur sederhana tapi plot twist e sing ngena isok ngedol sampe sepoloh juta tiket nang bioskop. Dan disusul kesuksesan liyane, Parasite isok menang dadi film terbaik ndek Oscar. Sing penasaran ambek ceritane, langsung ae nonton ndek platform legal yo rek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3274", "text": "Jarene salah sijine ahli robotik nag indonesia yaiku Ataka, ngomong nag negoro indonesia saiki yo kudu melok ambek perlu ngembangno robot soale iku penting kanggo ngewangi menungso nyambut gawe. Terus sak liyane iku ngembang no robot diawiti teko pontensi sing paling gede sing kenek dikembangno yo iku teko sektor pertanian. Teko sektor iku maeng robot bakal iso nguwehi manfaat sing gedene megilan. Tapi kabeh iku maeng lagek pendapate wonge, soale nag gak ngunu negoro iki bakal ketinggalan adoh teko negoro-negoro liyane. Mari ngunu kabeh iku karek tanggepane pemerintah koyok opo nang pendapat iku maeng. Nag delok berita liyane sing nag luar negeri, ancene akeh robot sing ancene dirancang kanggo ngewangi menungso nyambut gawe. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9683", "text": "Ning daerah Nusa Tenggara Timur saben paskah ewonan wong teko ning kapel Tuan Ma sing ana ning kutha Larantuka. gawe ngormati Mater Doloroso utowo patung Bunda Maria. ewon-ewonan wong katolik tekan macem macem daerah ngantri nganti suwe ben iso ndelok Kapel Tuan Ma. ning panggon iki acarane mberseni patung e Bunda Maria. marine upacara e lawang lawang sing ana ing kapela e di buka i . ning jerone kapela e wong wong podo nyumet lilin ambek nyanyi-nyanyi gawe muji Mater Dolorosa. patung Dolorosa iki mung isok di delok setahun pisan wayah e riyoyo paskah. iku ngunu macem macem acara sing dilakokno wong katolik yen wayah e riyoyo paskah. isih akeh adicara sing dilakokake wong indonesia sing macem-macem tergantung saka suku, daerah ngendi lan lian liane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2811", "text": "Pas dolan nang alun-alun lor Yogyakarta aku delok omah sing gedeh tapi bentuke iku koyok pendopo sing guwede megilan nag dibandingo ambek omah-omah pendopo utowo joglo biasane sing dibangun wong. Tibak'e bangunan iku jenenge omah adat Bangsal Kencono Yogyakarta. Omah iki termasuk adat omah sing ono nag Yogyakarta. Omah adat iki fungsine yaiku kanggo rojo-rojo keraton yogyakarta. Sak liyane kanggo omah rojo, omah iki yo biasane digawe panggonan rapat utowo kumpul-kumpul sing penting. Omah iki angger cagak ambek bangunane akeh ukir-ukirane terus liyane yo wes koyok omah Joglo sing biasane ono utowo digawe ambek wong-wong jowo umume opomaneh sing nang daerah Yogyakarta.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6364", "text": "Ngentekake dhuwit kuwi pancen hak kabeh menungsa, apa maneh yen alesane amarga kebutuhan sing penting. Nanging ana wong sing ngetokake dhuwit amarga stres kaya misal liburan, mangan sing enak, lan uga ngentekake wektu ning pusat perbelanjaan. Kadhang ana sing ngetokake akeh dhuwit kanggo joget ning diskotik. Kabeh wong mesti duwe cara sing bedha kanggo ngguwak stres. Apa maneh yen wong kuwi nduweni penggawean sing mapan lan kebutuhan primer wis terpenuhi. Nanging ya ana wong sing ora bisa ngendalikake malah tambah stres amarga dhuwite cepet entek lan ora bisa ngatur pengeluaran sing semestine. Sing bener yaiku senajan ngetokake dhuwit kudu tetep waspada ben ora kalap.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "7367", "text": "Kadang onok koncone awak dewe sing muslim sing semangat pas diajak ngaji Al-Qur’an nang awal, tapi buru sedino wes balik males maneh. Nek iku kedaden nang awakmu, berarti awakmu kehasut karo bisikan setan, dan ojok sampe awakmu dikalahno karo setan. Mulai saiki, awakmu kudu ngelawan sitik-sitik cek isok rajin ngaji. Onok cara jitu cek awakmu rajin ngaji. Ojok langsung ngaji akeh mbari ngono sesoke gak ngaji maneh. Pertama, ngaji telung ayat disik ben dino. Dan iku dilakoni selama seminggu. Nek wes kulino, ditambah dadi setengah halaman dan dirutini sampe seminggu disik. Nek wes keroso enteng, baru ditambah maneh dadi sak halaman, terus sak lembar, dan ngono sak teruse. Dan neng utekmu iku kudu dicamno nek awakmu iku butuh ngaji, dadi ben onok kecenderungan nek pas gak ngaji bakal onok sesuatu sing kurang pas dino iku. Nek wes ngono, awakmu pasti bakal luwe rajin gawe ngaji.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2472", "text": "Aktivitas nag waktu anggur yaiku aktifitas sing endi awak dewek iki iso gunakno waktu iku kanggo menghibur awak dewek ben awak dewek kabeh iso santai. Contone aktivitas iku maeng koyok nge-game, dolan ambek bocah-bocah utowo karo konco-konco, Mlaku-mlaku, turu, utowo penggawean liyane sing iso dadekno awakmu ngelalekno penggawean sing ngaboti pikiranmu. Saiki nag media sosial wes akeh contone aktivitas digawe ngisi waktu luang, koyok olahraga kanggo wong sing seneng olah raga, terus mancing, ambek liyan-liyane. Tapi akeh-akehe wong gambarno aktivitas waktu luang maeng ambek penggawean sing iso parek ambek keluarga karo konco-konco soale awak dewek kadang butuh konco ngomong gawe nyenengno awak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "584", "text": "Tokoh adat kui duwe peranan penting kanggo pembangunan neng desa. Pemerintah daerah kudu iso berkolaborasi karo tokoh adat neng kono supoyo program-program sing arep diselenggarake pemerintah iso lancar. Tokoh adat kui dipilih karo masyarakat mergo duwe wibawa lan dipercoyo kanggo ngurus urusan adat. Tokoh adat kui neng sudut pandang pemerintah iso dadi represntasi seko masyarakat sing dipimpin karo tokoh adat kui mau. Pendapate tokoh adat kui uga pendapat masyarakat sing liyo. Iki malah gawe gampang garapan pemirintah. Uga sewalike, yen pemerintah iso ngeyakin tokoh adat mau babagan program sing arep dijalanke. Program kui bakal berjaln luwih mulus. Tokoh adat iso ngeyakinke meneh masyarakat sing dipimpine.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2334", "text": "Nag ngomongno masalah lalapan sing akeh-akehe wong ora seneng yaiku pare, lalapan pare iku termasuk salah sijine lalapan sing ora kabeh wong iku seneng. Asline pare nduwe kandungan gizi sing akeh. Vitamin A, B, C, folat, lan minerale sing dukur apik kanggo nutrisine awak. Ana siji kandungan sing nggarai wong podo gak seneng karo rasane, yaiku quinine. Zat iki sing nggarai pare rasane pahit trus akeh wong sing podo emoh mangan lalapan siji iki. Sak liyane pare,sing rasane enak dirasakno nang ilat lan iso digawe nyukupi kebutuhan nutrisi ono reno-reno. Kecambah, kecipir, bayem, kangkung, terong, karo timun klebu lalapan sing luwih disenengi mergo rasane gak ono pahit-pahite.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7892", "text": "Virtual Reality utowo biasa disingkat VR iku siji teknologi sing isok marakno penggunane isok berinteraksi ambek lingkungan hasil simulasi komputer. Lingkungan hasil simulasi komputer iku mau dijupuk teko lingkungan sing nyata terus disalin nang VR iku mau. Nek nganggo VR iku mau, pengguna iku isok ngerasakno lagi onok nang lingkungan iku mau. VR iku bentukane kotak gede, terus bakal dipasangno nang mripat nganggo karet pengerate. Teknologi iki onok nang pelatihan militer sampe digawe dolanan sisan. Mbasio VR iki wes dikembangno ket tahun 1982, buru usum e ndek masyarakat umum, terutama Indonesia, iku sekitar pirang tahun terakhir iki. Hal iku mergo jaman saiki VR didol nang akeh nggon dan gampang dientokno.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6333", "text": "Lilin parafin kuwi dudu jenis lilis senajan jenenge ana liline. Lilin iki bisa dari bahan bakar sing ramah lingkungan lan uga cepet panas yen dinggo urip ning alam. Parafin iki asale saka senyawa kimia hidrokarbon alkana. Warna parafin iki putih lan luwih padhet saka lilin. Bentuke kaya sabun lan biyasane dimanfaatke karo para tentara sing butuh latian fisik ning jero alas lan butuh masak darurat. Parafin iki awet lan uga ora gampang rusak kaya korek batang. Parafin iki bisa dadi bahan bakar sing diselipake ning kayu utawa api unggun ben panase luwih awet. Amarga praktis, parafin iki sering digawa munggah menyang gunung. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2", "text": "Mie ayam Bu Tumini wis dadi legenda neng Yogyakarta. Meh kabeh wong Jogja mesti wes ngeraksake mie ayam neng daerah Giwangan iki. Koyo mie ayam neng Jowo biasane, duduhe wis dadi siji karo miene. Duduhe wes ono rasane, rodo asin lan pedes seko mrico karo jahe. Miene gede-gede lan teksture kenyel-kenyel. Porsine ono 2 jenis: biasa karo jumbo. Sing biasa regone Rp10.000 sing jumbo Rp15.000. Nek meh marem mesen wae sing jumbo, ning menurutku sing porsi sing biasa wes cukup tetep marai wareg. Sing marai bedo karo mie ayam liyane kui iku neng bumbu ayame. Bumbune kenthel lan warnane coklat peteng. Rasane legi. Pas nggo ilate wong Jogja.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "1200", "text": "Pengalamanku dodolan kui wis ket cilik. Aku pertamakali dodolan kui pas kelas 3 SD. Aku dodolan neng sekolahan. Sekolahanku kui nyediake fasilitas koyo pasar kaget neng sekolahan pas wali-wali murid lagi ono acara neng jero sekolah. Awak dhewe dibagi kelompok-kelompok. Sak kelompok ono 4 bocah. Kelompok kui mengko ngerencanake opo wae sing arep didol. Mengko, modale dikei seko sekolah lan mengkone bakal dibalike. Pas kelas 3 kui, kelompoku dodolan bakso tusuk, kue bolu kukus, karo es jeruk. Awak dhewe seneng banget kui pas dodolan. Awak dhewe ngedol panganan lan ombenan sing digawe dhewe neng wali-wali murid. Pas itung-itungan bati karo kelompoku, awak dhewe pas kui iso bati Rp10.000.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5585", "text": "Pemerintah lagi giat banget promosi babagan perbankan sing arep dipindahake secara digital lan uga melu nyambut kemajuane teknologi sing ana ning manca negara. Teknologi iki pancen nguntungake sektor ekonomi amarga bank bisa ngawasi mlebu lan metune dhuwit nganggo cara sing luwih gampang lan uga luwih mutakhir. Perbankan online iki diawali saka cara bayar sing cukup nganggo kode QR lan ora mbutuhake kartu. Banjur uga ana aplikasi sing bisa dadi celengan lan tuku saham kamangka masyarakat saiki wis akeh sing melu mbangun ekonomi nasional. Nanging perbankan digital iki isih kurang dipromosikake marang warga sing ana ning pedalaman lan isih fokus ning Jawa. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "186", "text": "Saiki yen arep tuku, tiket kangge nonton bioskop ora kudu langsung neng pangoone. Tiket film kui iso tuku liwat internet. Carane, unduh disik aplikasi neng Play Store utow App Store, misale m.tix. Daftarke surelmu kanggo akun platform kui. Sak durunge milih film sing arep ditonton. pilih disik kota sing sesuai karo lokasimu saiki. Yen wis dipilih kotane, bakal muncul daftar bioskop endi wae sing iso dituku tikete. Pilih film sing ono neng layar. Bar kui bakal muncul deskripsi filme seko rangkuman crito, informasi soal produser, sutradara , penulis, lan sopo wae sing dadi lakon. Nek wis yakin bakal nonton film kui, pilih tuku tiket. Neng kono bakal muncul, bioskop endi wae sing nayangke film kui. Neng tampilan kui ugo ono informasi jam tayang filme. Pilih panggon lan jam sing paling cocok. Bar kui tentuke arep tuku pirang tiket lan panggon lungguhe. Pilih bayar. Bayare iso nganggo dompet digital, gopay.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8608", "text": "Nek tak gatekno maneh, uakeh pol wong sing wes rabi tapi gak suwe iku maleh pegat. Onok akeh pol alesane, cuma salah siji sing paling akeh iku mergo mereka atek ngungkit masa lalu. Jarene mergo nang masa lalune mantan pasangane iku bermasalah terus wedi engkok diulangi maneh. Onok benere sih. Cuma awak dewe, terutama umat Muslim, iku kudu iling ajaran Islam. Rasulullah SAW iku ngelarang awak dewe gawe ngungkit masa lalune sopo ae, termasuk pasanganmu dewe. Kabeh uwong iku pasti tau ngelakoni kesalahan ndek masa lalu. Sing wes berlalu iku yo jarno berlalu. Wong awak dewe iku urip ndek masa saiki, dan bakal ngelakoni urip gawe masa depan. Dadi gawe awakmu sing buru ae rabi, gak usah atek ngungkit masa lalune pasaganmu, mending fokus nang masa depane awakmu.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9652", "text": "Wulan iki kelebu wayah e riyoyo nyepi aku karo keluarga ku kudu siap siap nyepakne barang-barang sing dinggo gawe nyepi ne. amarga yen wes nyepi iki wong wong bali khusus e wong hindu ora oleh rame-rame. nyepi iki swasana ne kudu sepi ora oleh onok suoro rame-rame, ora oleh nandi nandi . ora oleh metu omah opo maneh lungo-lungo ning jobo kuto. wong hindu kudu meneng onok jero omah ket serngenge muncul sampek engkok yen serngengene ilang. nak jero omah iki ora oleh nggawe lampu dadine peteng dedet. ora oleh nyumet geni . ora oleh nyumet lagu , radio, lan ora oleh nyetel tv. wes pokok e kudu sepi pol gak oleh onok suoro gak oleh onok serngenge. aku yo ora oleh mangan wong hindu kudu poso sedino muput.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1210", "text": "Aku durung tau kerjo kantoran. Soale, pas aku lulus kuliha aku sempet kerjo neng perusahaan naning nyambut gawene seko omah. Dadi aku ora tau sing tenanan kerjo neng kantor utowo neng gedung perusahaan. Naning pas aku ngerungoke ceritane koncoku sing kerjo kantoran kui aku rasane dadi wegah nyambut gawe sing model koyo ngono. Dhewek tau sambat neng aku yen dheweke rodo ora kerasan kerjo neng kono. Dheweke ngeroso wis kerjo keras banget naning ora dihargai karo atasan lan konco-koncone. Dheweke uga kerep entuk gawean sing kudune ora dadi gaweane dheweke. Koncoku kui ngeroso abot banget pas arep mangket kerjo. Dheweke cerita pengen ngundurke diri seko kantore kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "10151", "text": "Sakmenika kathah tiyang sibuk milih panggonan plesir kangge preinan akhir taun. Kula lan rencang-rencang ugi sami kados mekaten. Nanging, kita milih panggonan ingkang boten kathah dirawuhi turis amargi panggonaipun ndelik. Wonten Jogja, wonten curug ingkang asmanipun Curug Sidoharjo. Lokasinipun wonten Kecamatan Samigaluh, Kulonprogo. Curug Sidoharjo menika curug ingkang paling dhuwur seantero Jogja. Dhuwuripun pitung puluh lima meter. Panggonan menika dereng dikelola dening pemerintah. Akses dalanipun tesih angel dilewati lan boten wonten tiket mlebetipun. Menawi lokasnipun ketebihan, Jogja ugi gadhah curug wonten Bantul. Asmanipun Grojogan Lepo Dlingo. Dlingo menika asmanipun kecamatan anggonipun grojogan menika. Asma jangkepe grojogan menika Ledok Pokoh. Senadyan boten dhuwur kados curug Sidoharjo, Grojogan Lepo Dlingo ugi gadhah pemandangan ingkang boten kalah endahipun.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "821", "text": "Sak wise ujian, biasane neng sekolahan kui ngadake lomba-lomba. Sing ora tau ketinggalan kui, turnamen futsal antar kelas neng sekolahanku. Paling ora ono 24 kelas sing tanding pas acara bar ujian kui. Seko kelas 1 tekan kelas 3 podo melu kabeh. Senadyan, awak dhewe neng sekolah kui munggah kelas konco-koncone podo bedo, nanging aku mesthi sekelas karo koncoku sing dadi kiper iki ket kelas 1. Dhewke dudu melu tim futsal sekolahan, nanging kemampuane dadi kiper ora iso disepeleke. Dhewke dadi kiper pas kelas ku juara, seko kelas 1, awak dhewe juara 3 lan sisane awak dhewe iso dadi juara siji terus.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6696", "text": "Sepur bandara kuwi manfaate akeh banget amarga para pengguna pesawat bisa luwih cepet lan luwih murah tinimbang numpak travel bandara. Sepur bandara kuwi cara pembayarane akeh banget lan uga praktis amarga wong ora perlu mbayar kanggo tunai lan bisa langsung diakses ning internet. Cara tuku tiket sepur bandara kuwi yaiku bisa saka vending machine tiket sing ana ning bandara utawa stasiun. Karcis uga bisa tuku ning laman KAI Bandara utawa toko karcis online sak durunge sepur kuwi budhal. Nanging yen kabeh kuwi isih angel, karcis uga bisa tuku ning meja informasi nganggo pembayaran tunai uga kartu debet lan bisa nganggo promo saka bank. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2704", "text": "Kegiatan rutin agama ancene apik kanggo wong sing percoyo ambek agama iku maeng, soale iso nambah ilmu ambek pengetahuane wong sing duwe agama iku maeng. Sak liyane iku yo iso dadekno wong sing melok acara iku maeng tambah apik soale atine ambek pikirane maleh dadi positif utowo mikir sing apik-apik. Terus teko kegiatan iku maeng wong-wong sing melok yo iso tambah dadi wong apik soale kabeh agama mesti ngulango perkoro apik. Lah teko kegiatan rutin iku maeng wong sing teko biasane tambah jembar atine ambek raine iku ketok sumringah soale atine padang pikirane plong polahe oleh siraman rohani. Nag jarene koncoku sing kegiatan iku apik ae janji ngejak wong nang apik.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "564", "text": "Awak dhewe kudu luwih menghargai meneh pagelaran musik tradisional. Alasane sing pertama, awak dhewe kudu ngehargai pagelaran kui mergo piranti-piranti musike kui angel gawene. Pengerajin alat musik kui duwe keterampilan sing ora gampang dipelajari. Sing keloro, alat musike kui uga sitik sing duwe. Mergo gawene sing ora gampang, regone dadi larang. Sak liyane larang, alasen liyane alat musik kui sitik mergo ora akeh wong sing pengen main utowo ngerungoke alat musik daerah kui. Alat musik modern luwih akeh sing mainke mergo luwih familiar neng kuping wong akeh. Sing paling penting, awak dhewe kudu menghargai alat musik tradisional kui mergo kui salah siji warisan saking leluhur. Warisan kui sing bakal dadi bukti identitas awak dhewe neng masyarakat global iki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2139", "text": "Awak dhewe ora entuk ngeguak wektu sing awak dhewe duwe saiki kanggo perkoro sing ora ono manfaate. Soale yen awak dhewe ngeguwak wektu kui, wektu ora iso balik koyo duwit. Duwit isih iso digoleki meneh yen ilang. Nanging wektu kui pisan ilang bakal tetep ilang. Senadyan wektu kui bakal ono terus neng ngarepe awak dhewe. Nanging wektu sing neng ngarepi dhewe kui kudu sing biyen. Misale awak dhewe pas kuliah kerep males-malesan lan ora sinau bener. Pas awak dhewe wis lulus, wis nyambut gawe, awak dhewe ora iso balik neng wektu kui. Awak dhewe ora iso bener-bener nyauri wektu sing awak dhewe guak pas isih enom utowo luwih enom.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "4773", "text": "Sinau bahasa Inggris kuwi wis bisa dadi salah siji kegiyatan sing wajib dilakoni karo generasi enom jaman saiki. Sinau bahasa Inggris kuwi bisa saka akeh sumber, salah sawijine saka les bahasa Inggris sing ana ning sosial media. Kegiyatan iki biasane mung dilakoni 4 kanthi 8 minggu. Sak kelas online biyasane mung ana 5 kanthi 7 murid lan 1 pengajar kelas. Materi sing disuguhake yaiku ngerungokake, ngomong, nulis, lan maca. Kegiyatan iki ora mung isine latihan soal, nanging ya anak diskusi materi sing sekirane angel lan bisa dibahasa bareng. Manfaate kegiyatan iki akeh lan bisa ndukung karir. Yen rampung melu kelas iki, murid bisa njupuk tes bahasa Inggris kanggo sertifikasi. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4086", "text": "Wong deso iku ancene uripe seje ambek wong kota, nag wong deso biasane uripe iku roto-roto guyub ambek tanggane terus ketok rukune pol ambek kiwo tengene. Nah sing garai iku maeng yo mok perkoro sing sepele, yoiku gelek ngomong bareng ambek cangkrukan bareng. Sak liyane iku yo ono perkoro liyane maneh yoiku gelek kondangan ambek kumpul-kumpul bareng karo tonggone nah perkoro iku sing marakno wong deso gaya uripe iku sederhana ambek ora neko-neko utowo kakean pola koyok wong kota, yo ancene ono siji loro sing rodok aneh-aneh tapi roto-roto wong deso iku uripe mesti sederhana ambek mesti gelek gotong royong nag ono opo-opo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9256", "text": "Tuku kripik tempe saiki ora kudu mara ning Malang. Keripik tempe didol ana ing akeh toko ning meh kabeh kutha. Kaya ning Sidoarjo, keripik tempe wis akeh ditemoni. Saliyane iku, bisa tuku keripik tempe liwat internet. Kaping pisan, bisa buka aplikasi internet utawa gofood. Kaping pindho, klik lan goleki keripik tempe. Kaping telu, lebokke alamat omah kanggo proses ngirim keripik tempene. Sawise iku, wis bisa ngenteni keripik tempe ana ing omah. Keripik tempe sing didol ana ing internet uga keripik tempe sing ana ing toko terkenal dadi ora usah wedi babagan rasane bakal tetep enak kaya nalika tuku ing toko langsung. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "529", "text": "Ngerungoke lagu-lagu daerah wong liyo kui iso nambah wawasane awak dhewe. Wawasan neng kene kui dudu koyo elmu sing iso dienggo golek gawean. Wawasan neng kene maksude awak dhewe dadi iso ngerti suku tertentu utowo kebiasaan seko daerah tertenu seko lagu-lagu daerah sing awak dhewe rungoke. Saiki golek lagu-lagu daerah kui luwih gamapng. Akeh musisi-musisi daerah saiki sing wis ngunggah karya-karyane neng media sosial. Mungkin, golek lagu daerah kui ora segampang golek lagu-lagu pop, nanging paling ora ngerungoke lagu daerah kui ora mustahil. Awak dhewe iso golek arti seko lagu daerah neng internet. Seko beberapa lagu sing awak dhewe rungoke, awak dhewe iso narik kesimpulan babagan tabiat utowo sifat wong-wong neng daerah kui.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2745", "text": "Koncoku sing wingi jumatan bareng ambek aku iku ngomong nag isine khotbae wingi rodok ora sepiro enak nag diringekno bocah enom. Soale sing dibahas mok nyalahno wong enom tok. Opo polahe sing khotbah wong tua yo dadi pengen diregani ambek dimulyakno mangkane judule mulyakno wong tuo. Lah nag jareku khotbah iku kabeh apik, karek awak dewek iso jipik sing apik-apik wae. Soale wong sing khotah yo kat terus-terusan bener. Opo maneh nag sing khotbah wong sing lagek sinau agama ambek isek cilik, yo tambah ora karuan isine mencolot kono-mencolot kene. Dadi koncoku wingi ancene ora sepiro seneng ambek khotbae yo polahe sing khotbah ora meloki perkembangan jaman materine. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7435", "text": "Salah siji cerita rakyat sing terkenal teko Kalimantan Selatan iku judule Telaga Bidadari. Ceritane iku tentang 7 bidadari sing adhus nang Telaga. Terus onok lanang sing gak sengojo ndelok mereka, jenenge Awang Sukma. Awang Sukma sing kesepian njupuk salah siji selendang pekne salah siji bidadari iku. Alhasil bidadari iku gak isok mbalik nang kahyangan maneh. Nang kono Awang Sukma ambek Bidadari mau ketemu dan tambah akrab. Suwe-suwe mereka nikah dan nduwe anak. Tapi gak suwe, konangan nek Awang Sukma iku sing nyolong selendange Bidadari sing marai de’e gak isok balik nang Kahyangan. Akhire Awang Sukma ngerelakno Bidadari nang Kahyangan. Cerita iki nduwe nilai nek sembarangane nang dunyo iki gak isok dimiliki selamanya dan kudu diikhlasno mbasio awakmu lagi sayang-sayange. Koyok kisahe Awang Sukma sing kudu ngeikhlasno bojone gawe balik nang Kahyangan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7342", "text": "Istilah birrul walidain iki luwe dikenal dengan kata-kata berbakti nang wong tuwo. Birrul walidain iki hukume fardhu ‘ain alias wajib gawe umat Muslim, nek gak dilakoni bakal kenek duso gede. Mbasio talah wong tuwone iku guduk wong Muslim, utowo wong tuwone berlaku gak apik nang anake, tetep wajib hukume bakti nang wong tuwo. Birrul walidain iki dadi amalan sing paling dicintai Allah. Keutaman e iki setara ambek sholat tepat waktu sampe ngelakoni jihad fii sabilillah. Keutamaan birrul walidain sing liyane iku jalan menuju Surga gawe seluruh umat Muslim, dungo luwe mustajab dan luwe cepet dikabulno, terus taubat bakal diterimo ambek gusti Allah SWT. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6668", "text": "Ngilangake stres kuwi ora butuh kegiyatan sing larang. Ngobrol karo wong tuwa pas wayah preinan kuwi bisa marai pikiran luwih enteng lan uga komunikasi tambah apik. Obrolan kuwi penting, apa maneh yen wis umur 20 taun mendhuwur. Senajan wis diwasa, umur sak mene iki biyasane malah tambah stres amarga ora ana wong sing dijak ngomong lan dianggep cukup umur kanggo ngadepi masalah urip. Wong sing sering ngobrol karo keluarga iki biyasane bisa ngendalikake stres sing ana ning uripe. Kamangka, awak dhewe bisa niru cara kuwi lan mulai akeh komunikasi karo keluarga kaya ibu, bapak, lan uga dulur sing ana ning omah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "10082", "text": "Wanci rendheng kados menika pancen cocok ngunjuk unjukan ingkang anget. Kula paling remen damel wedang sereh kangge unjukan pas cuaca saweg asrep. Wedang sereh gadhah aroma ingkang wangi. Raosipun manis amargi wonten gendhis pasiripun. Menawi pengen raosipun rada kecut, wedang sereh saged dicaosi peresan jeram nipis. Kula remen sanget ngunjuk wedang sereh ingkang didamel budhe wiwit kula tesih alit. Sakmenika kula sampun saged damel wedang sereh piyambak. Budhe ngendika menawi wedang sereh ingkang kula damel langkung eca ketimbang wedang serehipun Budhe. Budhe ugi ngendika menawi kula sadeyan wedang sereh, mesti bakal akeh ingkang langganan. Mila, kula cobi sadeyan wedang sereh botolan wonten toko online.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6954", "text": "Salah siji cemilan sing gak tau salah bagi kebanyakan uwong adalah kripik kentang. Hampir gak onok wong sing tau tak temoni sing ngomong kripik kentang iku gak enak. Roto-roto pasti seneng ambek kripik kentang. Nek onok sing ngomong gak seneng, berarti wong iku durung nemu jenis utowo brand kripik kentang sing cocok nang ilate. Wong saiki macem macem e kripik kentang iku akeh pol. Mulai sing digoreng sampe sing dipanggang, sing gak onok rasane sampe sing rasane macem-macem, terus rasa dan tekstur kripik kentang ben brand iku bedo bedo. Dadi garek nggolek ae kriping kentang endi sing cocok nang ilatmu, dijamin bakal nemu.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9307", "text": "Pantai Papuma Jember panggone cerak omahe simbahku. Ora butuh wektu 2 jam kanggo tekan ana ing Pantai Papuma iki. Yen dolan ana ing Pantai Papuma ana akeh kegiyatan sing bisa dilakoni kayata dolan layangan, dolan pasir, lan liyane. Dolan layangan ing Pantai Papuma uga seru banget. Kaping pisan, aja lali kanggo gawa layangan saka omah. Yen durung duwe layangan, bisa tuku layangan sing didol karo bakul sing ana ing Pantai Papuma. Kaping pindho, golek panggon sing rada sepi supaya bisa leluasa kanggo ngulukke layangan. Sing terakhir, aja lali ndelok arah angine ning ndi supaya bisa gampang kanggo ngulukke layangane. Kegiatan iki bisa ndadekake dolan ing Pantai Papuma ora njelehke. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6692", "text": "Sleeper Bus utawa bus jarak jauh sing nyediakake fasilitas kanggo penumpang ben bisa turu saiki lagi rame dipromosikake ning sosial media. Akeh wong sing nganggo bus iki kanggo wisata lintas Jawa-Bali. Para PO utawa depo perjalanan bus saiki mulai ngembangake usaha sleeper bus iki. Bus iki kalebu bus sing mewah lan bisa dituku liwat online amarga jumlahe sing uga terbatas. Kanggo wong sing seneng perjalanan darat lan ora ana ning kondisi sing darurat, bus iki bisa dadi pilihana amarga luwih murah saka pesawat. Bus iki uga nyediakake sekat ben privasi penumpang tetep kejaga. Barang-barang penumpang uga bakale tetep aman amarga ana panggon penyimpanane dhewe. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2835", "text": "Nag awakmu gelek liwat mojokerto mesti ketok gunung gede duwur. Lah gunung gede iku jenenge Gunung Arjuno. Jarene wong daerah kono asal usule gunung arjuna iku biyen panggonane won topo sing jenenge arjuno lah saking nemene oleh topo sampek lali sembarang-barang sampek ora ngerti nag enggon sing dipanggoni topo maeng maleh munggah sampek dadi gunun sing duwure megilan. Lah teko cerito sing model ngunuku yo kenek ae dipercoyo yo kenek ora dipercoyo kabeh iku karek sing ngerungokno. Soale sing jenege cerito sing wes nyebar nang masyarakat kampung ngunuku kadang-kadang iku akeh benere soale cerito iku biasane wes turun-temurun teko mbah-mbah biyen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "6918", "text": "Akeh banget arek enom nang Gresik sing males banget mangan bandeng, termasuk awakku. Alasan utamane mergo bandeng iku akeh banget durine, marai males nitili. Tapi saiki wes gak onok alesan gawe males mangan bandeng rek, soale awakmu isok mangan bandeng tanpa duri nang Warung Sembilang Manyar Gresik. Mbasio jenenge warung sembilang, tapi yo dodolan sing liyane sisan, koyok bandeng, gurami, ayam, dan liyan liyane. Menu andalanku nek mangan nang kene iku asem bandeng. Kuah asem e sueger pol, tapi yo puedes pol. Sing gak kuat mangan pedes, siap-siap ngombe sing akeh. Terus bandeng e nganggo bandeng tanpa duri, terus gak amis blas. Porsi segone yo isok request, gelem akeh tak sitik, dadi isok disesuaino ambek kapasitas perut dewe-dewe. Nek nang Gresik, ojok lali mampir nang warung iki yo rek!", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4646", "text": "Olahan buah sing paling umum dadi ombenan iki salah sijine jus. Saka akeh buah sih umum digawe jus, aku paling seneng jus apel, utamane apel sing digawe jus apel malang lan apel fuji. Rasane luwih seger. Cara nggawene apel diumbah dhisik, bar kuwi diiris ben cukup mlebu blender utawa juicer. Kulit apel sing tipis mau marai luwih praktis amarga bisa dionceki utawa digiling langsung. Kaping pindho lebokake apel ning jero alat lan ditambah banyu setithik. Amarga apel wis ana pemanis alami, yaiku zat fruktosa, ora usah nganggo gula ya ora ngopo-ngopo. Yen pengen bening, jus iki kena disaring sak durunge diombe. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2117", "text": "Kanggo wong sing males ketemu wong akeh, kerjo kantoran kui pancen gawe kesel. Awak dhewe kudu ketemu wong akeh seko isuk tekan sore. Kui iso dadi luwih suwe yen awak dhewe kudu lembur sak kantor. Supoyo awak dhewe iso tetep ngeroso nyaman neng lingkungan sing okeh wong kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngomong neng konco-koncone dhewe yen awak dhewe ora gelem diganggu sak liyone sing ono hubungane karo gawean. Sing keloro, awak dhewe iso ngelakoke koordinasi kerjo karo konco neng awal. Sing ketelu, awak dhewe iso ngerungoke musik sing awak dhewe senengi.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7751", "text": "Selama pandemi iki, kerjaanku mek nggolek kerjo, nonton, mangan, turu, wes muter ngono-ngono ae. Berhubung kabeh tontonan sing pingin tak tonton wes tuntas kabeh, aku dadi bingung kate nonton opo maneh. Akhire mbari gonta ganti saluran TV, aku mandek pas onok sing nayangno acara Olimpiade 2021. Pas iku ketepakan lagi nayangno cabang panahan dan wes pertandingan final e. Akhire tak tontok ae iku. Nang kono, aku terpukau banget karo atlet panahan sing jenenge An San. Tak kiro awale iku lanang mergo potongan rambute, dadakno iku wedok. Ndek hasil akhir, pemenang umum olimpiade cabang panahan iku Korea Selatan sing isok entok patang medali emas.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7753", "text": "Thomas dan Uber iki dadi salah siji turnamen bulu tangkis sing paling bergengsi. Turnamen iki mempertandingkan beregu lanang gawe ngentokno piala Thomas ambek beregu wedok gawe ngentokno piala Uber. Jeneng Thomas ambek Uber iki dijupuk teko jeneng pemain legendaris nang permainan bulu tangkis. Piala Thomas dijupuk teko jeneng ketua IBF pertama asal Inggris sekaligus pemain legendaris bulu tangkis sing jenenge Sir George Alan Thomas. Piala iki duwure 28 inci sing onok tulisane “The International Badminton Championship Cup presented to the International Badminton Federation by Sir George Thomas, Bart., 1939\". Terus nang bagian duwure iku onok patung cilik atlet bulu tangkis. Piala Uber iki dijupuk teko jenenge sang legendaris teko Inggris nang era 193-an sing jenenge Betty Uber. Piala Uber iki nduwe bentuk globe terus bagian duwure onok patung pemain bulu tangkis wedok sing lagi ngayunno raket.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7396", "text": "Masjid K. H. Ahmad Dahlan iki salah siji Masjid sing onok nang Cerme, Gresik. Masjid iki dinilai super strategis soale letake iku pas banget nang daerah perbatasan kabupaten Gresik karo kabupaten Lamongan dan cedek banget karo Terminal Bunder. Dadi akeh-akehe pengunjung Masjid iki yaiku musafir sing lagi ngelakoni perjalanan jarak adoh. Nek awakmu pingin coba mampir, coba ituti rute iki. Awakmu mudun teko Tol Kebomas, mbari ngono belok kiwo nang jalan Dr. Wahidin Sudirohusodo. Mbari ngono terus mlaku nang jalan Raya Gresik-Babat. Ituti dalan iku ae, terus belok nengen nang jalan Raya Gresik-Lamongan. Engkok Masjid e onok nang kiwo dalan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3185", "text": "Akeh wong sing ora ngerti manfaat sing sak temene olahraga iku opo. Manfaate iku ancene kanggo nyehatno awak. Tapi iku kabeh karek olahraga opo sing dilakoni wong iku maeng. Tapi nag sirus keshatan online iku mesti ngomong nag olahraga iku iso normalno kolesterol sing nang awak, terus yo iso ngobong kalori nang jerone awak, terus mari ngunu yo iso nyehatno jantung polahe jantunge mlayune banter nag digawe olahraga. Mari ngunu iso nyego diabetes sing saiki akeh wong sing kenek penyakit iku maeng. Terus yo iso ngurangi stres barang. Nah ancene manfaate olahraga iku akehe orambloko mergone iku maeng wes gelek dinajurno karo dokter nag wong iku kudu olahraga rutin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "111", "text": "Aku duwe konco dolan neng omah. Ning pas wis SMA awak dhewe sing arang ketemu. Pas awak dhewe umur 20, awak dhewe pengen dolan bareng. Awale awak dhewe rodo bingung arep lungo neng endi mergo kumpule iki dadak banget. Siji koncoku ono sing ngusulke neng Kebun Buah Mangunan. Jarane dee delok ning internet panggone kui bagus kanggo foto-foto. Mergo ora ono usulan meneh, awak dhewe sepakat neng panggon kui. Awak dhewe cah limo numpak montor neng Mangunan. Bocah 5 kui mangkat seko omah wis sore dadine tekan kono wis mepet maghrib. Tekan kono, awak dhewe foto bareng-bareng. Kebetulan pas kui ngepasi bulan poso dadine pas bali awak dhewe sisan golek buko.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9363", "text": "Aku duweni toko sing wis suwe dibangun karo keluargaku. Ing preian wingi, aku nyobak ngewangi bapak lan ibuku kanggo jaga toko. Awale aku bingung banget nalika ana wong sing tuku samubarang sing aku ora ngerti jenenge. Kayata nalika ana wong sing tuku bumbu masak nangis aku ora ngerti bumbu endi sing dikarepi. Banjur aku nyeluk ibuku lan akhire diewangi karo ibuku. Ndelok riwa-riwine wong sing tuku ning tokoku, aku dadi seneng amarga ana sing dijak ngomong, sinau kanggo ngeladeni song liya, lan sing penting yaiku ngisi kegiyatan preian sekolah kanthi kegiyatan kang migunani. Ibuku uga seneng ndelok aku sing wis kendhel ngadepi wong liya.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4688", "text": "Wortel kuwi sayuran sing wis kesohor manfaate gawe mripat. Wortel ngandung vitamin A lan betakaroten sing bisa marai mripat bening, awas lan bisa ngindarake katarak ning umur sepuh. Wortel iki nduwe rasa sing khas, mulane akeh wong sing seneng. Nanging ya ora sitik sing ora seneng wortel lan ndadekake wortel tambahan panganan kaya dadi cemilan kripik, bakwan, utawa campuran bahan kripik bawang. Regane ya ora larang amarga wortel iki gampang dibudidayakake. Mulane kuwi, saiki ayo padha konsumsi wortel sing tujuane kanggo nyehatake mata, opo maneh sing saben dina kerja ing ngarep komputer lan ngerasakake mripat kesel, perih lan mulai ana gangguan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5505", "text": "Gim sing katone nyenengake jebul bisa dadi salah siji sumber kriminal kanggo wong sing ana ning sekitare. Salah sijine yaiku kasus pembunuhan anak sing pelakune bocah umur 14 taun sing wis kena pengaruh gim sing nyeritakake crita horor lan psikopat. Gim iki sadis lan sajane dudu kanggo bocah ning umur 14 taun. Nanging amarga kurang pengawasan, gim iki bisa dadi dolanan lan bisa ngewenehi efek sing kurang apik marang bocah. Kamangka, gim jaman saiki kuwi terbatas lan ana fasilitas kanggo ngewatesi sapa wae sing bisa dolanan kuwi. Wong tuwa uga ngewenehi pengawasan sing gedhe kanggo bocah sing lagi masa pertumbuhan ben bisa milih hiburan. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "1760", "text": "Pas isih jamane sekolah, carane aku ngilangi stress kui dolanan gim neng komputer. Bocah sing isih sekolah kui masalah sing diadepi kui durung akeh. Paling banter mergo mumet bar garap ujian. Aku biasane bar bali seko ujian, aku langsung neng ngarep komputer. Tanpa salin seragam sing tak enggo, aku langsung dolanan gim. Sangkin ora sabarane, aku disik kerep dolane tak sambi karo mangan. Pas SD aku kerep dolanan Pokemon lan Harvest Moon. Pas dolanan gim kui aku ngeroso ora mumet meneh. Rasa getun sing dirasake mergo ora iso jawab soal mau uga dadi ilang. Aku biasane dolan kui tekan sore. Bar dolan neng jobo karo konco, aku lanjut dolanan komputer meneh bengine.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "138", "text": "Penginepan utowo hotel kui dadi aspek penting pas liburan. Nanging hotel kui ora kudu sing larang-larang opo meneh kanggo mahasiswa sing duwe budget terbatas. Penginepan kui sing penting iso dienggo leren utowo turu lan nyelehi barang uga iso kanggo reresik awak. Hotel ora kudu sing fasilitasi komplit lan nyaman. Selama 3 kebutuhan kui iso diterpenuhi, penginepan kui wis cukup. Pinginepan kui uga sing penting lokasine. Panggon nginep kui kudu cerak karo destinasi wisata sing arep dikunjugi. Yen misale kepeksone penginepan kui adoh, kudu dipastike akses tranportasi neng panggon wisatane kui gampang. Nganggo prinsip kui, mahasiswa sing iso luwih ngemat pengeluarane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3232", "text": "Wingi aku tuku TV Led sing paling anyar ben iso delok siaran TV. Nah TV digital sing paling anyar iku maeng duwe gambar sing apike megilan soale wes ono grapic sing ancene gawe beningno warna. Terus tv iku maeng yo wes iso nangkep siaran chanele tv digital sing saiki dianjurno pemerintah. TV iku maeng gedene 35 inch. Dadi yo luamayan gede, terus yo kenek di gawe muter siaran luar negeri barang soale wes iso dipasang TV kabel. Terus pas tuku Tv maeng iku oleh hadiah Radio Digital, Radio iku bentuke yo koyok umume radio, bedane iku ono layare cilik sing iso nampilno siaran radioe maeng ambek jenenge chanele maeng opo. Terus yo ono petekan kanggo ngeleh chanele maeng. Dadi wes ora untiran maneh.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9050", "text": "Mergo Tika iku lagi dewean nang omah, de’e ngongkon Bela gawe ngancani de’e selama telung dino alias sampe keluargane moleh. Bela sih gelem gelem ae, opo maneh Tika iku pinter masak, dadi pasti bakal disediakno panganan sing enak-enak. Nang kono, mereka iku dolanan nonstop. Pas bengine, Bela nunut nang jedhing gawe cuci muka ambek sikatan. Pas kate sikatan, de’e bingung iki odol e nang ndi. Pas takon, Tika langsung nyuding nang arah mesin matic nang cedek wastafel. Awale Bela bingung. Terus pas de’e ngelebokno sikat e nang lubang e, odol e langsung metu teko mesin iku. Jelas Belas kaget dan kagum, soale alat e iku canggih pol.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "513", "text": "Kabeh daerah neng Indonesia kui duwe omah adate dhewe-dhewe. Bentuk lan ornamen sing ngehiasi omah kui nunjukke karakteristik seko budaya utowo wong seko daerah sing bersangkutan. Salah siji omah tradisional neng Indonesia kui omah hanoi. Omah hanoi iki omah adat seko daerah Papua daerah pegunungane. Bentuk omahe kui koyo jamur sing kerep awak delok neng kartun-kartun. Atepe digawe seko jerami kering lan tembok omah kayu sing dipasang ngelingker. Omahe kui cilik, jarak seko lemah neng atape kui cekak. Tujuane kui supoyo anget lan ngelindungi awak seko ademe hawa pegunungan. Omah kui, mergo cilik kui mau, fungsi mung dienggo turu wae. Ruangan liyane koyo jeding lan pawon ono neng neng jobo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2365", "text": "Baker utowo wong sing pengawehane gawe roti mesti duwe keahlian sing apik gawe bentuk utowo gawe roti. Jarene koncoku Baker iku wonge kudu telaten, solae nag ora telaten rotine bakalan ora dadi apik, terus wonge yo kudu kreatif ben iso gawe model-model sing aneh-aneh. Nag jarene situ kompas Baker iku kudu duweni keahlian ngatur bahan-bahan, manggang, hias, ambeh ngatur suhu nag wes mlebu open. Profesi iki ancene ora kabeh wong duwe. Masion ono sing pinter tapi kabeh wong sing podo sak profesi duwe cekelan dewe-dewe nag gawe roti. Cekalan iku maeng teko pengalaman-pengalaman sing wes dilewati wong-wong iku maeng. Dadi, biasane wong sing wes pengalamane akeh iso ngeregani wong sing bedo cara nag gawe roti.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "139", "text": "Aku karo sanggar tariku tau nampil neng Malaysia. Penampilan kui kanggo memprosike pariwisata Aceh neng pameran travel muslim neng salah siji gedung universitas neng Selangor. Aku karo rombongan nginep neng Citin Hotel. Aku dewe ngerkomendadike hotel kui yen, ono wong sing pengen plesiran neng Selangor, Malaysia. Panggone lumayan nyaman. Kasure lan bantal empuk. Kemule uga lumayan kandel. ACne ngurup. Pas tekan kamar wis dicepaki toyo mineral. Hotel uga nyepake ceret eletrik lengkap karo bubuk kopi, teh celup, gulo, lan krimer. Panggone kui cerak tekan karo pusat oleh-oleh. Ora ono keluhan seko pelayanane. Pegawane lumayan ramah. Sarapane uga cukup akeh lawuhe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9787", "text": "Tokoh adat iku wong sing kudu dikurmati ana ing daerah. Iki mana amarga tokoh adt dadi salah siji wong sing paling ngeruwat kabudayan sing ana ing daerah iku. Nanging kadang tokoh adat ora pati dikurmati. Kabeh padha saenake dhewe karo tokoh adat. Iki cara supaya tokoh adat bisa nrima perlakuan sing apik teka masarakat. Kaping siji, tokoh adat bisa diundang lan dikenalna nalika ana adicara kabudayan. Iki supaya kabeh wong sing ning daerah iku bisa kenal karo tokoh adate. Kaping loro, ngejak diskusi utawa rundingan karo tokoh adat saben kate njupuk keputusan babagan kabudayan. Sing terakhir, aja lali kanggo sowan ning omahe tokoh adat. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4610", "text": "Udin nyambut gawe ning KFC cabang Jogja Mall wis ana kira-kira 3 tahun. Saben dina, Udin kerja manut karo jadwal shift, kadang budhal isuk, awan, utawa budhal bengi amarga KFC Jogja Mall buka 24 jam. Saben dina ana wae tugas sing dilakoni Udin kaya reresik panggon masak, ngumbah alat, nyiapake kemasan, melu masak, utawa ngelayani wong tuku. Pancen penggaweane marai awak pegel linu, nanging Udin seneng saben weruh bocah cilik bisa ngguyu seneng karo wong tuwane mangan ning panggone. Nanging yo kadang ana sing marai mangkel kaya wong kang lali mbuwak bekas panganane dhewe padahal kuwi kegiyatan sing iso dilakoni dhewe. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10121", "text": "Wit ingkang saged disebat multifungsi amargi sedaya bagianipun saged dipunmanfaataken wonten pinten-pinten. Salah sawijining wit ingkang kalebet wit multifungsi inggih menika wit gedhang. Kula nandur wit gedhang wonten pekarangan wingking griya. Gedhang ingkang kula tandur menika kalebet jenis gedhang ambon. Sedaya jinis gedhang namung saged dipanen sepisan. Menawi sampun dipanen, wit gedhang kedah ditegor supados boten bosok. Wit gedhang gadhah batang ingkang kandhel. Batangipun gedhang ingkang biasa disebat debog saged diolah dados jangan. Gedhang ugi gadhah bagian ingkang boten dipungadhahi tanduran sanesipun inggih menika jantung gedhang. Kula remen sanget dahar jangan jantung gedhang. Nyamikan keremenan kaluwarga kula uga didamel saking gedhang, inggih menika gedhang goreng. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3536", "text": "Sing jenege wong dodolan iku yo kadang ora bati terus, tapi yo kadang mesti tau ngalami rugi. Nah nak apan rugi biasane iku ono pirang-pirang perkoro sing kudu diteliti ambek dibenerno ben ora rugi maneh. Contone perkorosing biasane gelek rugi maeng yoiku oleh ngedol produk iku nag ngisor roto-roto sing akhire dadekno barang sing didol maeng kelewat murah. Terus oleh ngitung antara bati karo tenogo ora imbang akhire dadekno rugi sing ancene ora nemen. Terus ora tau ngitung rego maneh padal bahan-bahan kanggo produksi maeng podo mundak. Nah perkoro iku maeng ancene gelek dipetuki nang wong sing ancene gawe utowo dadi pengusaha.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7387", "text": "Kupatan iku salah siji tradisi wong Islam nang Jowo gawe nyambut kemenangan ndek hari raya Idul Fitri. Biasane kupatan iki dilakoni pas seminggu ssak marine lebaran. Kupatan identik ambek lontong sing diwadahi kupat. Iki carane gawe kupat. Siji, siapno pirang helai daun klopo enom. Pilih sing kualitase apik, lebar, terus dowo. Loro, jupuk sehelai daun mau, terus gulung ping telu nang tangan kiwo dengan posisi ngisor daun madep duwur. Telu, jupuk siji daun maneh, terus gulung maneh nang tangan kiwo ping telu, tapi posisine pangkal daun madep ngisor. Papat, gawe gulungan daun mau dadi saling bersilangan, tapi daun iku posisine kudu tetep kegulung. Jupuk salah siji ujung daun terus puter memburi susunan daun mau. Limo, lebokno ujung daun sing wes diputer memburi mau nang tengah koyok nek nganyam. Enem, terusno anyaman sampe tutuk ngisor. Lakoni iki nang ujung daun sing sijine sisan dan pastikno anyaman mau rapet. Terakhir, pangkal daun sing wes nang samping, kudu langsung isok dianyam menduwur. Lakoni sisan nang rong pangkal daun sampe ketemu nang bagian duwur kupat.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "9040", "text": "Aku iku nduwe keluhan, yaiku ngeroso repot nek kudu metu gawe nugas. Soale aku butuh internet nang ndi ae nek nggarap tugas. Nek nang njobo, otomatis aku kudu nggolek panggon sing onok Wifi ne. Tapi sayange, gak kabeh panggon iku Wifi ne banter. Kadangan aku nyalakno hotspot teko hp, tapi sering e iku putus putus. Akhire ambek koncoku disarano nganggo modem hotspot. Dadi aku garek tuku paketan modem e ben wulan, dan iku isok digawe nang ndi ae. Pas tak coba, dadakno bener-bener mbantu pol. Laptop ku isok nyambung nang modem iku nang ndi ae. Wes ngono, aku gak atek paketan internet nang hp maneh, soale tak sambungno nang modem iku mau. Lumayan ngirit sisan nduwe modem hotspot iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5447", "text": "Olahraga sing akeh peminate yaiku basket. Tim basket iki ngurusine akeh banget administrasi lan ora mung latian. Yen akeh latian. tim iki uga kadhang bisa dadi bosen. Kanggo njaga suasana ning jero ekskul iki akeh carane. Kaping pisan yaiku sregep melu lomba amarga lomba iki bisa dadi sarana kanggo njaga keseriusan pemain ning jeru tim. Kaping pindho yaiku ngadakakae variasi latian kaya latihan iki diselipi karo dolanan sing bisa ngasah otak lan kemampuan para anggota ekskul. Kaping telu yaiku ngadakake tandhing karo sekolah liya sing gunane kanggo golek kanca lan ningkatake kemampuan. Kaping papat yaiku ngadakake nonton bareng tandhing basket senior sing wis profesional kanggo analisis cara maine. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9334", "text": "Mangun hotel ora salawase gawe undhaking karaharjaning utawa kesejahteraan masyarakat. Tuladhane ana ing Kutha Ngayogyakarta. Miturut artikel kang katulis dening Angalih Bayu ana medium.com, dheweke nate nganakake survey tumrap responden bab sarujuk apa ora menawa hotel ngundhakake karaharjaning warga. Pranyata amung 28% kang nyarujuki lan liyane duwe pamanggih ora sarujuk. Ing Jogja tuladhane, hotel kang dibangun ana satengahing pomahan warga nyebabake susuting banyu lemah saben taune. Yen kahanan iki kabacutake, suwe-suwe banyu lemah mau bisa entek mung dinggo nyukupi kabutuhaning hotel. Banjur, warga arang dikaryakke dadi pegawe ana hotel mau. Saora-orane pagaweyan kaya satpam, juru parkir, petugas kebersihan apadene staff restoran bisa dijupuk saka warga sekitar kang isih nganggu lan diwenehi pelatihan kerja ana hotel. Saliyane, UMKM warga uga ora pati dilirik dening hotel. Padahal, bisa luwih prayogi menawa hotel bisa nglatih pengusaha UMKM supaya dagangane bisa digawekake stand souvenir kepara dadi oleh-oleh khas Jogja saka hotel mau. \r\n\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "4718", "text": "Salah sijine objek wisata sing apik nanging kurang terkenal kuwi Puncak Becici, ning Bantul. Puncak Becici iki bisa diarani kembarane alas pinus Mangunan amarga isih dibangun sak komplek nanging rada adoh. Ning Becici ana penginepan, panggon kemah, panggung, dolanan anak, pendopo, lan akeh panggon liyane. Yen wayah isu, akeh kabut kang nutupi nanging isih katon asri lan saka ndhuwur, bisa ndelok Kutha Jogja lan kelap-kelipe lampu wayah bengi. Puncak Becici iki ora segedhe Mangunan nanging resik lan rapi. Yen pengen mlaku-mlaku ning panggonan semi-alami nanging ora rame, ya Puncak Becici iki bisa dadi pilihan sing pas kanggo keluarga, dulur, kanca, lan kena digawe wahana ngakrabake organisasi. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6633", "text": "Mbok Yem kuwi lakon sing terkenal ning kalangane para pendaki amarga nduwe warung ning Gunung Lawu. Warung Mbok Yem iki dadi warung sing paling dhuwur ning Indonesia amarga panggone sing ana ning puncak. Mbok Yem iki warunge cilik, nanging dodolan kaeh kebutuhan kaya panganan, jajanan, banyu lan uga nyediakake panggonan kanggo istirahat. Mbok Yem wis dodolan ing Lawu iki wiwit taun 1980-an lan kanthi saiki umure wis luwih saka 60 taun. Warung Mbok Yem iki ana mung pirang atus meter saka puncak Hargo Dumilah, Kamangka, Mbok Yem direwangi sedulur sing riwa-riwi ngeterake bahan kanggo masak lan njupuk banyu saka Sendang Drajat. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "514", "text": "Jaman saiki, omah adat kui wis ora populer meneh. Biaya kanggo gawe omah tradisional kui ora murah lan bahan-bahan kui angel digoleki. Ora ono wong sing arep tuku omah tradisional kui kanggo panggon turu utowo istirahat. Omah tradisional saiki luwih akeh dienggo dadi restoran utowo penginepan. Inti omah tradisional kui dadi salah siji objek wisata. Wong-wong saiki akeh sing ora tau ngerasake utowo delok omah tradisional. Restoran lan penginepan iki dadi salah siji daya tarik wisatawan mergo iso ngewehi pengalaman sing ora iso dirasake sak ben dinane. Yen misale, ono wong sing nganggo omah tradisional lan digunake semestine, omahe kui dudu omah utama. Dheweke duwe omah liyo sing sak dino-dinone ditanggali.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "525", "text": "Lagu daerah kui iso dadi salah siji cara ngajarke anak kebudayaan asli Indonesia. Lagu-lagu daerah kui mesthi nganggo boso daerah. Seko kui, anak iso sinau basa daerah. Sak ora-orane, anak iso ngerti basa daerah sing adoh karo dheweke kui munine koyo piye. Anak uga iso sinau sastra tradisonal Indonesia, tuladane lagu Kicir-Kicir. Lirik lagu kui ngikuti cara gawe pantun. Sak ben baite ono telung baris lan sak ben barise kui terdiri seko 8 tekan 12 guru gatra uga nganggo guru lagu a-b-a-b. Yen, anak-anak dhewe ngerti lagu-lagu daerah iki, anak ora duwe bekel neng donyo sing wis nyambung kabeh. Dheweke mengko tetep duwe identitas bangsa Indonesia sing cetho.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7030", "text": "Keluarga gedeku iku pasti ngadakno liburan sak keluarga ben liburan semester. Tahun iki budeku mesenno vila nang daerah Landungsari, kecamatan Dau, kabupaten Malang. Panggone lumayan cedek ambek Sengkaling. Vila iku milike keluarga dewe, dadi ancen gak nduwe jeneng. Seng isok mesen yo sing nduwe kontak pemilike. Akhire aku ambek keluarga gedeku budhal mrono. Perjalanane kurang lebih 3 jam. Tutuk kono, kabeh podo melongo pas ndelok vilane. Yaopo gak, bangunane guede puol, gak koyok vila pada umume. Kamare pun yo onok uakeh, dadi isok muat gawe wong akeh. Padahal keluarga gedeku jumlahe onok 50 orang, tapi kabeh isok melbu nang vila iku terus gak onok sing gak kebagian tempat tidur. Wes ngono, onok lapangan gede sing isok digawe outbound keluarga ambek kolam renang. Wes gak atek dolen menjobo soale kabeh wes onok nang vila iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5493", "text": "Rungrado May Day Stadium utawa Stadion Hari Buruh Rungrado yaiku salah siji stadion sing paling gedhe ning Korea Utara. Kapasitas stadion iki 114.000 lan dadi pusat pelatihan tim nasional sepak bola putra lan putri saka Korea Utara. Ambane stadion iki yaiku 20,7 Hektar lan dibangun ning Pulau Rungra, Pyongyang, Korea Utara. Sak durunge renovasi, kapasitas stadion iki 150.000, nanging sak uwise renovasi taun 2014 lan pergantian bangku, kapasitase uga tambah sithik. Stadion iki bentuke parasut, senajan ning rancangan awal, bentuke kaya kembang Magnolia. Banjur saiki, stadion iki dadi multifungsi. Sak liyane olahraga, stadion iki uga dadi panggon latihan parade militer. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7008", "text": "Malang terkenal banget dengan panggon wisata alam e, salah sijine iku air terjun Coban Rondo. Lokasine nang Pujon, Kabupaten Malang. Wisata alam sing siji iki wes terkenal banget, dan mesti dadi pilihan gawe liburan keluarga. Selain keindahan alame sing sek terjogo banget, panggon wisata iki cocok gawe wong sing gak kuat mlaku adoh. Nek teko loket masuk, awakmu mek perlu nyetir kendaraan sekitaran 4 kilometer sampe nang parkirane.Teko kono, awakmu mek perlu mlaku sekita 200 meter gawe ndelok air terjune. Wes ngono dalanane cenderung datar, dadi gak bakal ngeroso pegel selama mlaku. Gawe awakmu sing pingin liburan nang wisata alam tapi gak pingin mlaku adoh, air terjun Coban Rondo isok dadi pilihan utama.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9793", "text": "Wayah melbu sekolah wes teko. Dino senin wayahe upacara bendera. Para murid-murid baris nganti tertib lan rapi. Sakwise upacara murid-murid melbu kelase dewe-dewe. Riza lan kanca-kancane melbu ing kelas 4 sekolah dasar. Ing kelas deweke melu pelajaran. Wayah istirahat wes teko, Riza lan kanca-kancae mangan bontotan teko omahe dewe-dewe. Riza ngawa renginang akeh kanggo di dum ning kanca-kancae. Renginang iku di wehi mbah yute sing omahe ana jawa barat. Riza preian neng omahe mbahe lan pas moleh ing sidoarjo riza di gowoki rengginang dening mbah yut. Jarene kancae rengginang iku enak tenan, lan pengen di gowokno maneh dening Riza. Riza matur dening kancane yen rengginang iku panganan khas jawa barat lan rasane bedo dening ing sidoarjo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4732", "text": "Ana sawijining hotel sing dadi incerane para wisatawan saka njaba Kutha Malang lan Batu. Hotel iki arane Pohon Inn. Hotel iki ana ning komplek Batu Secret Zoo. Dekorasi hotele mirip karo wit ringin sing gede. Dekorasi iki diselarasake karo Batu Secret Zoo, yaiku wahana wisata sing ning jerone ana kebun binatang mini lan wahana dolanan anak. Hotel iki cedhek karo panggonan wisata ngendi wae lan duwe akses nang kabeh cabang Jawa Timur Park. Pohon Inn iki ya nyediakake fasilitas sing nyaman, resik lan staf kang profesional lan ngerewangi saka proses check-in kanthi proses check-out. Hotel iki bisa dadi alternatif kanggo wong sing pengen ngentekake liburan ning Kutha Batu.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "560", "text": "Pas aku isih nyekel kepengurusan neng sanggarku, aku mlebu divisi inventaris. Bagian kui tugase ngurusi-ngurusi barang-barang sanggar, seko kostum tekan alat musik. Kebetulan, aku neng divisi kui ngasi 2 taun lan sak wisi kui aku tetep ngewangi pengurus selanjute ngurusi barang-barang kui. Mergo suwe banget neng kono, aku ngasi apal panggon-panggone barang-barang kui diselehke. Pas kui, ono adik tingkatku sing arep nyilih salah siji alat musik gonne sanggar. Aku ngomong neng dee, yen bakal tak kei minggu ngarep. Sesoke aku langsung neng sekre. Sejam golek alat musik kui, nanging durung ketemu. Keringetku ngati ngucur deres mergo wedi aku sing ngilangi barang kui. Sesok meneh aku takon seniorku, jarene lagi disilih koncone. Aku lego mergo alat musike kui ora sido ilang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4663", "text": "babagan panganan khas ning Jogja, gudheg wis dadi pusakane. Apa maneh yen bakul gudhege wis kondang lan masakane enak. Biyasane, bakul gudheg iki buka wayah bengi ing trotoar utawa ngarep toko sing wis tutup. Warung-warung tenda iki akehe ing dalan Affandi daerah Gejayan. Dodolane ya lungguh ning dingklik lan ning pinggire ana sega, gudheg, lan lawuhan manika warna. Utawa yen pingin gudheg kaleng ya ana ing daerah Taman Sari, ning sentra industri utawa Jalan Kaliurang mburi UGM. Gudheg iki umume bisnis warisan saka simbah nganggo resep sing umure puluhan kanthi atusan taun. Sejatine bakul gudheg kuwi penggawean sing istimewa sebabe sak liyane nyediakake panganan ya uga nguri-uri budaya kuliner sing dadi warisane leluhur. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2807", "text": "Nang jogja iku ancene akeh sejarah sing ancene garai wong budayawan kepincut dolan mrono, awit teko kerajaan, prasasti, sampek acara-acara adat sing sampek saiki isek dijogo soale ancene warisan leluhur. Nah nang Jogja ono Upacara Adat sing Jenenge iki Grebeg sing dilakoni setahun peng telu sing ono nag dino-dino sucine islam yaiku Grebeg Syawal sing dilakoni pas ono idul fitri, Grebeg Besar pas nang riyoyo idul Adha, ambek Grebeg Maulud sing biasane paling dikenal ambek jeneng Skaten utowo Grebeg Sekaten sing gawe meringati lahire Nabi Muhammad S.A.W. Nag acara iku yo ono sing jenege gunungan sing didadekno simbol kemakmurane sing makili wong wedok ambek lanang. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2492", "text": "Hobi yaiku kegiatan sing paling nyenengno uwong kanggo dilakoni utowo penggawean rekreasi sing nyenengno ambek pantes dilakoni gawe nyenengno awak nang pas ono waktu luang. Hobi yo kenek diarane koyok penggawean sing paling enak dilakonni ambek nyenengno ati nag pas dilakoni. Kabeh uwong pasti duwe hobi sing bedo-bedo, soale wong yo duwe kesenengan penggawean dewe-dewe, salah siji contone wong siji ambek sijine mesti duwe kepinginan aktifitas sing bedo-bedo. Aku ambek koncoku yo duwe hobi sing bedo-bedo, ono sing hobi ndelok film, mlaku-mlaku, turu, ngerungokno nyanyian, mancing, ambek liyan-liyane. Hobi asline iku yo duwe tujuan, yaiku kanggon nyenengno awak utowo jangkepi kepinginan sing durung kekarepan. Tapi sak iki kawe mujudno hobi wes ora ewo koyok jaman biyen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "6962", "text": "Kata “barista” wes gak asing maneh nang kalangan arek enom, opo maneh ditambah akehe Coffee Shop sing menjamur nang ndi-ndi. Dadi barista iku wong sing nggawe ombean kopi sing basise espreso. Biasane barista kerjone nang kedai kopi dan kerjaane iku sing khusus dewe. Nek kate dadi barista, kudu nduwe ilmu khusus tentang perkopian. Bahkan onok dewe sekolah khusus gawe barista. Soale espreso iku gak isok sembarangan gawene, onok ilmu cara nggawene dewe. Salah nggawe espreso isok ngaruh nang rasa kopine, isok dadi terlalu kecut, terlalu pait, utowo sek berampas. Barista sing wes prosesional eruh cara gawe espreso sing tepak sesuai dengan standar perkopian.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9761", "text": "Mas Dhani kuliah ing salah sawijining kampus ing daerah Surabaya. Saiki wayahe preian semester kuliah. Amarga preian semester suwi, Mas Dhani mutusake bakal balik kampung. Rafa, adike Mas Dhani seneng sanget amarga Mas Dhani mulih. Mas Dhani duweni janji marang Rafa yen bakal ngajak Rafa ndelok kanca-kancane latihan gamelan. Dheweke budhal marang pusat kabudayaan Yogyakarta numpak motor. Ing perjalanan, Rafa ora sabar totok marang panggone. Sawise totok ing pusat kabudayan Yogyakarta, Mas Dhani lan Rafa ngenteni kanca-kancane Mas Dhani. Sawise teko, dheweke latihan bareng-bareng. Rafa diajari dolanan gamelan karo Mas Rizal, kancane Mas Dhani. Rafa pinter sanget, amarga butuhake waktu sediluk gawe ngajari Rafa dulinan gamelan. Sawise suwi dolanan, akhire Mas Dhani ngajak Rafa mulih. Rafa seneng banget.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2411", "text": "Pas biyen isek sekolah nag Suraboyo. Konco-konco ngejak aku dolan nag probolinggo. Jarene nag kono akeh panggonan sing uapik ambek blusuk-blusuk terus tikete yo morah. Sampek saiki aku isek iling panggonan iku jenenge air terjun madakaripura sing ono nak ngisore lerenge gunung Bromo, Desa Tlogorejo, Lumbang, Probolinggo. Sak durunge kepetok air terjun iki aku ambek konco-konco iku kudu mlaku sekitar setengah jaman teko enggon lerene sepeda soale dalane ora kenek diliwati karo sepeda. Terus pas nag tengah-tangah dalan, bener-bener pemandangane uapike pol soale kiwo tengen akeh banyu mili koyok air terjun terus awak dewek kabeh iku browot libat gurine banyu iku maeng. Wes apike pol lah panggonan iku. Ora rugi dolan ado-ado mrono. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "72", "text": "Aku arang banget neng pawon. Aku bukane males masak ning malas ngeresiki pawon bar rampung masak. Mergo kui, aku dadi arang nyekel peso. Keterampilan nyekel peso kui penting ben ora ciloko pas lagi masak. Yen peso kanggo ngetok sayuran utowo daging-dagingan kui aku isih iso, nanging aku rodo wedi pas lagi ngonceki wortel. Ben aku luwih kerep neng dapur ibuku nukoke alat sing ngupas sayuran. Bentuke mirip banget koyo cukuran jenggot, nanging moto pesone ono loro. Dadi arah marute iso munggah, iso mengisor. Wernone alat pengupase kui biru muda. Kenopo biru mergo ibuku pancen seneng warna biru. Tekan saiki alate kui isih tak enggo.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9248", "text": "Seafood utawa iwak laut iku pancen salah siji panganan sing paling disenengi karo wong Indonesia. Apa maneh nalika seafood dimasak karo bumbu-bumbu sing nambah semangat kanggo mangan kayata bumbu asam manis, lan bumbu enak liyane. Nanging seafood uga ana sing ngandung kolestrol dhuwur lan iki bisa nggarai penyakit ing awak. Kanggo wong-wong sing wis duweni riwayat penyakit kolestrol, kudu ngewatesi mangan iwak laut iki kayata urang, lobster, kepiting, lan kerang. Wong sing duwe kolestrol dhuwur uga kudu ngindari panganan sing digoreng. Iku bisa nggarai tambah dhuwur kolestrole. Mula ayo padha ndelok kesehatane awak dewe lan ngewatesi panganan sing bisa ngundang penyakit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "50", "text": "Tahun 2015, aku plesiran karo keluargaku neng Ciwidey, Jawa Barat. Awak dhewe bareng-bareng numpak mobil menyang panggon wisatane. Awak dhewe wong 8, aku, ibuku, adiku, budheku, pakdeku, lan 3 sepupuku, nyewo salah siji penginepan sing ono neng Ciwidey. Neng daerah kui adem banget. Aku ora kuat tekan aku ora iso turu. Tangi turune howone makin adhem. Aku lan kaluargaku metu seko penginepan. Bejone neng ngarepan ono sing dodol gandos, kue seko tepung beras sing ono campuran kelopone. Gandos kui cemilan senenganku. Biasane dicocol nganggo gulo ben luwih mantep. Mangan cemilan kui paling pas neng howo sing adem ngeneki. Opo meneh dipangane barengan karo ngombe kopi anget utowo teh anget.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9265", "text": "Profesi sing ana hubungane karo panganan sing lagi tren saiki yaiku barista. Tukang ngeracik kopi sing ana ing restoran utawa panggon ngopi iki dadi penggawean sing cukup menjanjikan. Nanging supaya bisa dadi barista sing profesional uga kudu duweni ilmu sing akeh. Akeh banget wong sing goleki barista sing handal kanggo dideleh ing resotarane. Supaya dadi barista sing duweni ilmu akeh lan bisa digoleki karo wong aja lali kanggo melu kelas barista. Kelas barista iki wis akeh banget sing nggawe. Sawise melu kelas, bisa ngelatih skill anggone ngeracik kopi ing lomba. Nalika menang lomba iku bakal nambahi portofolio kanggo mbuktekake yen wis bisa ngeracik kopi. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "422", "text": "Salah siji crito sing ono neng surat Yusuf kui pas Nabi Yusuf ono neng sak kamar karo Zulaikha. Loro wong ku podo-podo saling seneng. Yusuf duwe roso neng Zulaikha lan Zulaikha kuwi ngersake sing podo. Zulaikha ngunci lawang lan nutup kabeh jendelo. Wong loro kui mung dhewekan, ora ono sing iso delok. Zulaikha kepengen berhubungan karo Yusuf. Pas kui perasaan nabi Yusuf meshti keroso campur aduk. Dheweke pengen nompo tawaran seko Zulaikha. Naning mergo loro wong kui dudu pasangan suami-istri, dheweke kudu nahan hawa napsune. Misal Nabi Yusuf kui kepengan banget ngelakoke kui, ora bakal ono sing ngerti, kecuali Allah. Nanging mergo dheweke duwe iman sing kuat, dheweke donga supoyo diadohke seko doso kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "985", "text": "Progam sistem oprasi sing akeh dienggo wong-wong neng donyo iki Windows, dibandingke loro sistem oprasi sing gedhe liyane, iOS lan Linux. Yen dibandingke seko iOS, Windows kui iso dienggo neng piranti komputer utowo laptop merk opo wae. Yen iOS, kui khusus kanggo sistem operasi sing ditoke karo Apple. Regone uga luwih murah timbangane iOS. Windows uga luwih duwe fitur utowo keuntugan sing mirip-mirp karo iOS senadyan regone luwih murah. Yen dibandingke karo sistem operasi Linux, Windows kui duwe tampilan sing luwih menarik. Senadyan, Linux kui regone nol rupiah utowo gratis nanging tampilan neng Linux kui dianggep kurang nyaman karo akeh wong.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2135", "text": "Penting kanggo awak dhewe duwe rencana kanggo masa depanne awak dhewe. Yen awak dhewe rencana, uripe dhewe bakal luwih teratur. Awak dhewe iso ngindari masalah sing wong-wong mesthi ora pengen ngerasake, kere. Rencana kui ngewangi awak dhewe ngelakoke opo sing awak dhewe lakoke saiki kanggo perkoro sing awak dhewe pengen lakoke yen wis gedhe. Misale, awak dhewe kepengen dadi pilot. Artine awak saiki wis iso nyicil rutin olahraga. Soale awak dhewe ngerti yen neng sekolah pilot kui fisik dadi penting. Terus awak dhewe ngerti sekolah pilot kui larang, makane ket saiki awak dhewe wis golok sekolah sing nompo murid beasiswa. Yen awak dhewe duwe rencana kui, awak dhewe iso ngindari ngeroso rugi neng urip sing mung pisan iki.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "9251", "text": "Roti sing diwenehi mertega dadi panganan sing ora disenengi adhiku. Dika, adhiku saben dina yen ana ing sekolah mesthi oleh sarapan roti karo mertega. Dika ora seneng amarga rasane mertega aneh lan kaya ora ana rasane. Nanging Dika tetep mangan apa sing diwenehi karo sekolah kayata roti karo mertega iki. Yen dikongkon milih, Dika bakal milih kanggo ora njupuk roti mertega iku.Nalika Dika mangan roti mertega, dheweke mesthi langsung ngerasa wetenge lara. Kadang Dika ngerasa yen dheweke kaya gatel kabeh nalika mangan roti mertega. Dika wes tau njajal priksa nang dhokter lan diwarah lek aku alergi mertega. Dadine aku kudu ngadohi mangan roti sing diwenehi mertega.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3138", "text": "Nag tuku raket ancene kudu pinter ambek iso milih endi sing apik karo endi sing elek soale rego nag jaman saiki ora kenek digawe patokan mergane akeh wong sing bujuk. Ben ora kebujuk ayok jajal anjuran ambek saran sing teko hellosehat.com. Anjurane maeng yaiku dikongkon delok abote, soale akeh-akeh raket sing apik iku eneng ora sepiro abot. Terus ceken endase raket maeng, abot, eneng, to paspasan, soale iku mengaruhi nag digawe nyemes. Deloken kelenturane tengahe raket maeng utowo awake raket kaku, semedengan, utowo rodok lemes. Nah kabeh iku maeng carane ngecek raket ben iso nyocokno ambek kebutuhan sing awak dewek butuhno nang bulu tangkis utowo badminton.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7765", "text": "Parkur iku salah siji aktivitas sing tujuane gawe ngelewati rintangan sing efisien dan kudu cepet-cepetan. Parkur iku gak nganggo alat opo-opo, mek butuh awak tok. Parkur iki mek khusus gawe wong-wong sing atine tatak. Nek gak tatak, gak bakal wani ngelakoni parkur iku. Soale rintangan sing dilalui pas parkur iku ekstrem pol. Sing paling akeh didapeti iku ngelewati siji omah nang omah liyane, mencolot nang atape omah siji terus nang omah liyane, dan iku gak nganggo pelindung blas. Dan mek wong sing tatak sing isok ngelakoni dengan cepat. Nek wong iku gocik utowo wedian, gak bakalan isok ngelakoni rintangan iku kabeh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2136", "text": "Pas pandemi kui, akeh wong sing keno PHK. Saiki yen masa selanjute, kedadean sing mekso perusahaan utowo kantor mecat wonge kui bakal ono meneh. Ora akeh sing iso awak dhewe lakoke supoyo kui ora kedadean. Awak dhewe iso sinau seko pengalaman pas pandemi disik piye carane iso ngemat sak durunge dhewe entuk gawean meneh. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngitung duwit sing awak dhewe duwe pas kui. Iki bakal dadi patokane dhewe kudu ngopo selanjute. Sing keloro, awak dhewe ngedol barang sing ora awak dhewe butuhke. Koyo misale yen awak dhewe duwe mobil, mobile kui iso didol disik terus tuku mobil sing luwih murah utowo ganti ngaggo motor disik. Sing ketelu, awak dhewe iso midunke gaya uripe awak dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2122", "text": "Koncoku tau cerito yen dheweke pengen gawe usaha neng omahe. Dheweke jaluk saranku penake dodolan opo. Nanging mergo aku durung tau neng omahe sing kui, aku kepengen delok disik. Akhire, awak dhewe janjian ketemuan neng kono. Pas aku delok omahe, kondisine apik banget. Omahe kui ora iso dibilang jembar nanging ora iso disebut cilik uga. Mergo wis ora tau dienggo, omahe kui kosongan. Perabotoan sing ono neng kono sitik banget. Terus tak delok-delok meneh, omahe kui dui garasi sing kosong banget. Menurutku kui cocok banget dadi panggon dodolan. Nanging sayange neng cerak lawang garasine kui langsung ketemu karo kamar mburi. Nek kanggo dodolan panganan utowo ombenan koyo kui bakal ora penak sih, nanging kui iso diakali.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7044", "text": "Salah siji kendaraan sing wes jarang ditemukno iku becak. Mbiyene becak iku dadi kendaraan andelan gawe nang ndi ae, tapi tambah suwe wong-wong luwe milih numpak montor timbangane numpak becak. Padahal, becak iku salah siji kendaraan sing murah dan ramah lingkungan soale gak atek bahan bakar apa pun, opo maneh sing becak pancal. Wes ngono becak iku pasti ngetem nang ndi ae, dadi gampang digoleke. Cocok banget gawe wong-wong sing gaptek utowo gak nduwe hp gawe mesen kendaraan online. Dan awakmu yo isok nikmati suasana perkotaan selama perjalanan numpak becak. Sing paling nyenengno, roto-roto tukang becake yo ramah, dadi mesti dijaki ngobrol terus dan gak bakal bosen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5033", "text": "Ning umat Hindu, ana cerita babagan Dewi Parvati sing nyiptakake bocah lanang kanggo njaga saka sapa wae ning ngarep lawang pas Dewi Parvati lagi adus. Banjur Dewa Siwa teka lan ketemu karo bocah iki, nanging bocah iki njaga amanat saka ibune lan marai Dewa Siwa nesu. Banjur Siwa lan bocah kuwi gelut kanthi sirahe bocah kuwi tugel. Dewi Parvati seng ngerti kedadian kuwi, langsung jaluk bocah kuwi diuripake maneh. Saka nasihat Brahma, Dewa Siwa nggolek sirah bocah sing bisa ngganteni lan nemune sirah anak gajah. Banjur Ganesha dadi dewa sirah gajah lan dadi simbol ilmu pengetahuan lan kepinteran amarga Ganesha iki mesti bisa njawab kabeh pitakon para Dewa.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6977", "text": "Panci iku dadi salah sji alat masak sing paling sering dinggo. Gak heran nek bagian ngisore onok bekas gosonge. Kadang uwong gak kolu nguwasi panci sing wes gosong dan luwe milih tuku panci anyar. Padahal bekas gosong iku mau isok diresikno lho. Bahan-bahan sing diperluno iku banyu, cuka, baking soda, ambek sabun cuci piring. Carane yo sederhana. Pertama, campur banyu ambek cuka dengan perbandingan sing podo. Terus disok nang njeru panci terus panasno sampe umep dan jarno umep mungkul-mungkul sampe sak menit. Mbari ngono, angkat panci dan guwak cairan mau. Terus tambahno sak sendok baking soda nang njeru panci. Jarno dilut, terus gosok nganggo sabut sampe resik. Terakhir, cuci panci nganggo sabun koyok biasa. Wes deh, pancimu wes balik dadi anyar maneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9324", "text": "Panggon wisata sing viral mesti langsung akeh banget sing nekani. Biasane panggon wisata kaya ngene iki viral ana ing sosial media. Wong-wong liyane padha kepengin ngerti rasane dolan ana ing panggon viral. Nanging kadhang ing panggon viral iku rame banget dadi ora penak kanggo dolan. Apa maneh wong sing ora pati seneng ndek panggon rame. Panggon viral uga biasae dadi panggon golek rejeki kanggo masarakat saubenge kayata misal wong-wong dadi bakul panganan, bakul souvenir, bakul oleh-oleh lan penggawean liyane. Mula anane panggon viral iku sakjane nguntungake wong-wong masarakat saubenge panggon iku mau supaya bisa ngangkat ekonomine lan dadi makmur tentrem.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2392", "text": "Seafood yaiku panganan sing bahane akeh-akehe teko laut utowo dijipek teko laut, koyok dipancing, di jaring ambek liyan-liyane. Panganan laut iku salah sijine contone koyok iwak sing teko laut yaiku iwak-iwak'an, cumi-cumi, udang, teripang, ubur-ubur, rumput laut, ambek liyan-liyane. Panganan laut iku macem-macem, terus kandungan gizine yo lumayan tapi ora kabeh wong seneng soale kabeh iku duwe selera dewe-dewe. Koyok koncoku, deke ora seneng ora polahe gak enak, tapi deke duwe alergi nag manga mesti gatel-gatel. Mangkane masio bocahe pengen mangan iwak laut, tapi deke mesti ngadohi panganan iku, soale duwe alergi ambek panganan sing teko laut. Masio kadang marakno alergi tapi akeh wong sing seneng ambek panganan teko laut. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5443", "text": "Voli yaiku olahraga sing dimainke karo 2 grup sing isine saban tim ana 6 wong. Voli iki kalebu salah siji olahraga sing nganggo bal kanggo nentokake poin kemenangane. Ning saban tim, ana pemain sing nganggo klambi bedha, yaiku libero. Voli iki ditemokake 4 taun tak uwise basket, yaiku taun 1895 karo salah siji terapis William Morgan ning Amerika. Olahraga iki maune digawe kanggo anggota alumni kampus sing wis ora enom maneh, amarga kuwi, voli ora seaktif basket. Ukuran lapangan iki 9x18 meter lan ana net utawa jaring ning tengahe. Voli iki dadi salah siji olahraga sing bentuk paduan saka bola basket, bisbol, tenis, lan bola tangan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10097", "text": "Wonten camilan awujud kue basah ingkang nate dados tren wonten Indonesia, inggih punika kue cubit. Asmanipun kue cubit dipendhet saking proses damel nyamikan menika. Kue cubit ingkang sampun mateng dipendhet saking cetakan kangge penjepit kados tiyang ingkang dipunjiwit. Kathah tiyang remen dahar nyamikan menika amargi raosipun eca lan reginipun mirah. Nyamikan menika saged didamel mateng utawi setengah mateng. Kue cubit ingkang nate viral menika kasunyatanipun sampun wonten wiwit jaman Landha. Kaliyan bangsa Landha, nyamikan menika disebat pofftertjes. Inovasi kue cubit saya kathah sakmenika. Mila, nyamikan manis kasebat saged bertahan lan diremeni kathah tiyang.Tuladhanipun variasi kue cubit inggih menika kue cubit green tea, red velvet, lan keju.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9392", "text": "Ndelok konser wis dadi hobiku nalika aku umur 20 taun. Senajan aku kudu ngetokke dhuwit rada akeh kanggo ndelok konser, nanging aku ngerasa yen aku bisa oleh pengalaman langsung tinimbang ndelok artis lewat tv utawa internet. Konser pertama sing tak tekani yaiku konser NCT 127 salah siji grup Korea sing wingi konser ana ing Jakarta. Pertama mlebu panggon konser aku gumun marang panggunge sing guedhe lan natane ya apik banget. Warna biru sing dadi warna inti ya ngehiasi panggung lan kabeh panggon konser saka lawang kanggo mlebu nganti lawang kanggo metu isine warna biru kabeh. Nalika konser wis diwiwiti, artise padha metu lan wis padha nyanyi aku gumun amarga swarane bisa nganti nggarai kuping ngerungokke swara kang enak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8977", "text": "Awaku tau gak niteni hp sing keterangan RAM e 8 + 4 GB? Sing 4 GB ne iku RAM tambahan sing isok ditambahno kapan ae. Fungsi RAM dewe iku ben kinerja hp mu luwe lancar dan gak gampang nge-lag. Tambah gede RAM e, tambah mulus pergerakan hp mu. Salah siji hp sing onok RAM tambahan koyok ngono iku hp Samsung. Nek awakmu kepingin nambahno RAM, carane ngene. Siji, Buka opsi “Pengaturan”, terus pilih menu “Perawatan perangkat dan Baterai”. Loro, teko kene, petek “Memori”, terus pilih opsi “RAM Plus”. Telu, pilih kapasitan RAM sing mbok butuhno. Terakhir, pilih “Restart Now” gawe ngelanjutno dan enteni proses e sampe mari.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9351", "text": "Sawise rabi, Dimas lan Dian duweni rencana kanggo dolan rada adoh. Maldives utawa Maladewa dadi tujuane. Pulau sing ana ing Sri Lanka iki wis dadi kepengine Dian wiwit sadurunge rabi. Dimas lan Dian wis nabung kawit suwi uga kanggo dolan ing Maldives iki sing ngentekna dhuwit puluhan yuta. Nalika tekan ana ing Maldives, Dian seneng banget amarga akhire apa sing dipengeni bisa keturutan apa maneh mara ing Maldives karo Dimas, wong sing paling ditresnani. Ing Maldives, Dian lan Dimas ngentekna wektu wong loro ana ing pantai. Dolan kawit isuk nganti sore, sawise iku mangan panganan khas laut utawa seafood ning restoran cedhak penginapane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8609", "text": "Nek jare akeh uwong, rahasia hubungan uwong isok awet iku mergo saling jogo komunikasi. Dadi nek onok opo-opo, pasti diobrolno. Yo iku tepak sisan kok. Cuma nek jareku, onok sing luwe penting maneh teko komunikasi ben hubungan iku isok tetep awet, yaiku saling ngerti. Durung akeh wong sing nyadar nek iku puenting pol. Nek awakmu ambek pasanganmu isok saling ngerti, jenenge konflik iku isok ditangani dengan cara sing adem. Komunikasi tok, tapi nek gak saling ngerti, yo podo ae. Sing onok isine mek debat tok dan maleh marakno hubungan iku dadi renggang. Dadi gawe awakmu sing nduwe pasangan, coba ajak gawe saling ngerti satu sama lain.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5495", "text": "Nonton wong tandhing olahraga iki kalebu dadi salah siji kegiyatan sing bisa ngilangi stres amarga bisa mbangkitake hormon dopamin lan adrenalin. Kanggo wong sing seneng nonton tandhing olahraga, wayah olimpiade kuwi dadi acara sing paling dienteni amarga biyasane disiarake ning TV. Sosial media uga melu ngeramekake acara tandhing olahraga iki lan ngelaporake perolehan medali. Nanging kadhang komisi penyiaran ning Indonesia iki ora ndukung acara pertandingan sak liyane bal-balan, basket, lan voli senajan ana tim Indonesiane amarga kurang nguntungake lan ratinge ora dhuwur kanggo stasiun TV. Amarga kuwi, akeh masyarakat sing ora bisa ngakses lan ngerasakake kemeriahan iki lan kudu golek informasi ning sosial media. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10184", "text": "Para penyilem biasanipun menyang laut nitih Jukung, prau nelayan ingkang bentukipun alit lan gadhah desain kados capit kepiting kangge nyeimbangake prau supados boten kelep. Sanesipun kangge ngeterke penyilem skuba, jukung ugi saged digunakake kangge ngangkut ternak utawi mancing iwak. Wonten Kalimantan Selatan, jukung digunakake kangge blanja wonten pasar terapung, jinisipun pasar ingkang para bakulipun sadeyan wonten prau sampan. Pasar terapung kalebet salah sawijining objek wisata ingkang kondhang wonten mriku. Pasar terapung ingkang kondhang wonten Indonesia wonten tiga, inggih menika Pasar Terapung Teluk Baitan wonten Kalimantan Selatan, kaliyan Pasar Terapung Langkat wonten Sumatra Utara. Wonten Bangkok, Thailand, pasar terapung ugi wonten lan kalebet wisata ingkang diminati. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "145", "text": "Yen pemerintah kepengen pariwsita neng daerah maju salah siji sing kudu dibangun utowo diapike kui sarana tranportasi. Ngebangun lan dandani objek wisata ben dadi luwih wangun kui bener nanging yen akses dalan lan tranporasi neng panggon wisata kui minim utowo angel, objek wisata kui ora iso maksimal ngundang wisatawan. Sing paling penting kui dandani dalan. Dalan kui ora mung penting kanggo bidang pariwisata nanging uga perdaganan. Sing keloro, bangun sistem dalur tranportasi umum sing nyambung siji karo liyane. Saiki wis pemerintah wis akeh ngebanung, bandara, terminal, lan bis-bis kota sing nyaman lan terjangkau. Nanging moda tranportasi sji karo liyane durung nyambung kanggo coro sing efektif. Salah siji sing wis dirancang apik kui neg Yogyakarta. Seko Bandara Internasional Yogyakarta wisatawan iso nganggo sepur khusus bandara neng Stasiun Tugu. Seko stasiun kui, wong-wong iso nganggo TransJogja kanggo plesir nong daerah wisata sing ono neng kotane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "5405", "text": "Anane sekolah sepak bola utawa SBB kuwi pancen nguntungake kanggo bocah sing seneng bal-balan. Wong tuwa kuwi uga duwe peran sing gedhe kanggo prestasi anak amarga tanpa ijin wong tuwa, anak-anak uga ora ngasilake apa-apa ning SSB. Nanging SSB iki uga akeh masalah yen ora dikembangake lan diawasi. Kadhang bocah sing ana ning SSB iki malah kegeser karo wong liya sing ora tau latihan amarga bayaran marang wong jero. Nanging ya SSB sing resmi diawasi tim gedhe wis bisa ngatasi iki amarga mesti ngutamakake nyeleksi pemain saka SSB sing diopeni iki. Sing diseleksi uga kudu saka bocah sing paling sregep lan wis nguwasai teknik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6673", "text": "Inovasi pertanian lan panganan jaman saiki kuwi akeh banget, salah sijine yaiku kripik bayem. Bayem sing digawe kuwi ora bisa sembarangan. Bayem sing bisa dinggo yaiku bayem sing ijo kandel. Bayem iki biyasane ditandur utawa dadi bayem liar sing ana ning pinggir saluran banyu resik. Bayem iki bisa ditandur ning ngarep omah nanging nutrisine kaya pupuk lan banyu ditambahi ben bisa gedhe lan ngasilake godhong sing amba. Bayem iki ngandung zat besi sing apik kanggo penderita darah rendah. Wong sing sering konsumsi bayem jenis iki bakale jarang lara lan uga ngerasa awake luwih seger. Sak liyane kripik, bayem iki enak dinggo lalapan sambel. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "824", "text": "Akeh wong sing setuju yen Kobe Bryant kui pemain basket neng liga paling gedhe neng Amerika, NBA. Dheweke dikenal karo wong sing sregep latian. Pas latian dheweke teko luwih awal lan pas konco-koncone podo balik disikan dheweke tetep neng lapangan kanggo latian meneh. Dheweke kui setya karo time ket awal karire. Seko taun 1996 tekan 2000 dheweke tetep ono neng tim Los Angels Lakers. Barengan karo tim kui, dheweke iso menang juara siji NBA tekan peng 5. Mergo terus-terus ono neng tim sing podo, konco time ora akeh sing berubah. Kabeh podo ngakoni yen dheweke kui pemain sing apik. Senadyan, Kobe kui dikenal wonge egois soale seneng main dhewe lan ora gelem ngoper neng time.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2748", "text": "Kotbah terakhir sang tak ringekno wingi iku nganjurno nag wong islam iku kudu sabar ambek kudu sregep sinau. Soale teko sabar ambek sregep sinau maeng kabeh wong bakale iso urip rukun. Sabar iso dadekno wong iso mikir apik ambek iso nyegok perkoro elek, terus sing sregep sinau iku bakale iso nambai ilmu terus teko ilmu maeng dadekno wong ngerti opo sing apik ambek opo sing elek. Teko khobah iku kabeh wong sing teko nang sembayang jumat maeng dianjurno ngelakoni perkoro loro soale perkoro loro iku pentinge pol kanggo uripe wong sing ono nang dunyo iki opo maneh kanggo wong muslim. Mangkane sak ben wong ben uripe iso apik maeng kudu iso ngelakoni perkoro loro maeng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "4632", "text": "Aku seneng mangan perkedel tahu. Perkedel tahu iki wujude kaya perkedek kentang tapi isine tahu. Rasane asin gurih lan empuk. Perkedel tahu iki tergolong pangangan omahan amarga iso digawe dewe ning omah nganggo bahan sakonone. Ben luwih padet, biasane ditambah ndhog. Ning Jawa Timur, panganan iki uga diarani rempah tahu amarga digawe saka tahu sing dicampur rempah-rempah. Yen dicokot, ana rasa merica utawa kencur lan pedese lombok. Ben tambah enak lan ana teksture, rempah tahu iki uga bisa ditambahi parutan kelapa. Yen ora seneng tahu, isa diganti karo tempe lan ditambah godhong jeruk ben ambune sedep, ning ya rasane padha enake. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8980", "text": "Onok siji kepinginane Moana sing kudu cepet-cepet dikabulno, yaiku nduwe laptop anyar. Berhubung laptop e de’e mbari logor sampe pecah, de’e bener-bener kepingin nduwe laptop anyar gawe nggarap tugas kuliah e. Bapak e Moana sing ndelok iku jelas cepet-cepet nukokno laptop gawe anak e. Dadakno entok e iku Macbook bekas sing wes luawas pol. Berhubung wes ditukokno, Moana tetep nerimo nerimo ae. Ndek awak de’e iku gak kulino nganggo Macbook sing bedo ambek laptop sing biasa dinggo karo de’e. Suwe-suwe de’e iku dadi kulino nganggo Macbook iku. Bahkan de’e dadi ngganti kabeh gadget e dadi produk iOS kabeh soaleh wes kadung nyaman nganggo produk teko brand Apple iku.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9626", "text": "Nalika maca kisah Nabi Muhammad SAW sing nggegirisi ati, wis samesthine awakdhewe kudu bisa neladani apa sing wis diajarke dening Nabi Muhammad. Iki langkah supaya bisa neladani crita Nabi Muhammad ing urip antarane nomer siji saben dina maca shalawat. Maca shalawat ing kabeh kegiyatan kayata nalika nyetir, nalika mlaku, lan sapanunggale. Pahala maca sholawat iki gedhe banget. Nomer loro, kudu bisa ngelakoni sunnah Nabi. Kegiyatan sing melbu sunnah Nabi uga akeh banget saka tangi turu nganti turu maneh. Sing terakhir, maca lan ngamalke Alquran. Ora mung diwaca tok, nanging yen bisa apa sing ana ning Alquran uga diamalke saben dina.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3116", "text": "Olahraga sing paling gampang dilakoni ambek sing saiki gelek dilakono wong yoiku Jumping Jacks. Olahraga iki termasuk olah raga sing entenge orambloka soale ora ono alat tambahan ambek liyane-liyane. Terus grakane olahraga iki yo iso gawe nyepetno jantung ambek ngobong kalori. Nah jarane ngelakoni olahraga iki gampange pol yaiku diawiti ambek sikile iku dirapetno kabeh amringunu lagek disusul karo tangane lurus mengisor. Terus maringunu mencoloto ambek buka sikil sing dirapetno sing ombne maeng sak mondo ombone bahu. Sak wise mencolot, obahno tangan sampek lurus nag duwure endas ambek nag mudun sikile balik rapet maneh, ngunuku dibalen-baleni sampek sak cukupe sing sekirane awake iku wes neoroso seger maneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2393", "text": "Seafood utowo kenek diarane dadi panganan hasil teko laut yaiku sumber panganan sing teko laut. Panganan teko laut biasane akeh protein ambek omega 3. Jenise iwak'e yo macem-macem koyok iwak, udang, kepiting, tiram, ambek kerang. Jenis iku maeng sing paling gelek disuguhno nag warung-warung sing duwe konsep panganan seafood. Masio kandungan gizi-ne lumayan apik, tapi ora kabeh uwong seneng ambek seafood iku maeng. Alasane ambune amis, terus ono sing duwe alergi ambek iwak laut, soale nag wong sing duwe alergi ambek iwak laut nag mangan biasane ono wae lorone, contone alergi iku maeng koyok gatel-gatel, terus muntah-muntah, awak adem panas, ambek liyan-liyane. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3285", "text": "Berita teknologi saiki wes ora karuan soale saiki ancene kabeh pabrik sing produksi barang elektronik podo saingan teknologi. Asline berita sing tayang iku termasuk salah sijine promosine pabrik sing pengen ngenalno produk iku maeng nang wong akeh, soale teko berita iku maeng pabrik iku yo kenek diarani bati, soale iso promosikno teknologi sing bakal didol nang wong akeh. Tapi ono sing ngarani nag teknologi sing diberitakno iku maeng durung karoan bener. Soale berita sing ancene diterbitno ambek media massa mok gawe rame-ramean tok ben ketok ono. Mangkane kadang ono pabrik sing diberitakno ate ngetokno teknologi ngene, tapi wes pirang-pirang ulang terus ora ono kabar. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "6635", "text": "Kanggo warga sing omahe ana ning gunung, mesti paham babagan cuaca lan uga tandha alam yen gunung kuwi arep mbledhos utawa ana musibah kaya anane awan petruk lan uga kewan-kewan sing mlebu perkampungan. Tandha iki mesti ana hubungan karo babagan mistis amarga keterbatasan pengetahuan wong jaman biyen. Nanging ning jaman saiki, kabeh kuwi kalebu kearifan lokal sing bisa diuji karo sains. Kepercayaan iki uga dibuktikake karo BMKG lan uga wis dipahami karo warga. Senajan akeh sing ora percaya, nanging tandha alam iki kudu tetep digatekake amarga kabeh kuwi ana kaitane karo kepercayaan warga lan uga bencana gunung sing arep kedadian. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "158", "text": "Wektu aku studi wisata pas SMA aku menyang neng kota Batu, Jawa Timur. Aku lan konco-koncoku ngunjungi beberapa objek wisata. Salah siji sing menurutku paling apik kui Jatim Park 2. Menurutku, Jatim Park 2 ora mung iso dienggo tujuan studi wisata SMA, nanging taman bermain iki uga cocok dienggo liburan bareng anggota kaluarga. Jatim Park 2 iki paket komplit kanggo ngenteke wektu bareng keluarga. Awak dhewe iso oleh ilmu lan seneng-seneng sekaligus. Jatim Park 2 duwe kebun binatang. Awak dhewe iso nggateki perilaku khewan-khewan sing ono. Neng kono uga ono kebun binatang sing iso dijak berinteraksi langsung. Bocah-bocah neng kono iso luwih cerak karo khewan lan harapane iso dadi peduli karo keberlangusungan satwa. Neng Jatim Park uga ono wahana sing seru-seru. Dadi neng kono awak dhewe ora mung teredukasi babagan khewan nanging uga terhibur.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10029", "text": "Hayo sapa sing ora kenal marang atlet balbalan kang jenegne Cristiano Ronaldo?. Ronaldo kang bagus banget rupane, dhuwur dadi primadonane kaum wanita. Akeh wong wadon ora preduli Ronaldo main ning tim apa bakal mbela tim e, amarga wis kesengsem marang dheweke. Ronaldo saiki wis mlebu tim saka Arab. Wong arap kesengsem marang cara maine dheweke nalika piala dunia wingi. Aja salah ngira lo ya, masio ngana Ronaldo iku wong kang andhap asor lan aweh marang sapa kang mbutuhake. Sikape sing kaya mengkana patut banget dituladhani. Ora mung rupane kang nggantheng ananging uga ajine kang dinduweni. Mula ta,wis patut yen dheweke iku diidham-idhamke marang sakehe wong.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9640", "text": "Kanggo wong islam saben dino jumat iku kewajibane kudu sembayang jumat. ali iki kelebu bocah sing sregep oleh e sembayang jumat. ali yen budal mesti karo bapak e . yen budal mesti melaku amarga masjid e mung ning mburi omah. sembayang jumat iku mesti onok khotbah e sakdurunge sembayang. ali ngerungkno khotbah nganti ngantuk-ngantuk amarga pas bedug unsume wong ngantuk. pas mulih tekan sembayang jumat bapak ne ali takon opo wae isine khotbah jumat iku mau. untung e ali ora ngantuk nemen nemen dadine ali iso jawab yen khotbah iki mau yai ne ngomong no masalah wujud e menungso ning akhirat mene mene. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "61", "text": "Pas taun 2020, sak donyo lagi ngalemi pandemi COVID-19. Wong-wong dianjurke ora metu omah yen ora ono keperluan sing mendesak. Aku koyo wong-wong liyane ora ono gawean. Selang beberapa bar pengumuman pandemi, aku dikontak koncoku kanggo bantu dheweke buka usaha. Dee arep buka waralaba ombenan sing jenenge Kam Sia Boba. Dito, koncoku kui, arep buka warunge ning daerah Pogung cerak UGM. Dheweke milih panggon kui mergo durung ono sing akeh dodaln ombenan boba neng daerah pogung. Akhire, warunge dijenengi Kam Sia Boba UGM. Aku ngewangi Dito seko beberes warunge tekan ngewangi dodolan. Aku neng kono mung seminggunan, bar kui dheweke wis duwe karyawan dhewe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5429", "text": "Perkara kerja sama tim sing apik uga ditampilke karo pasangan Mohammad Ahsan lan Hendra Setiawan. Pasangan ganda putra bulu tangkis iki dadi pasangan senior sing isih ngabdi marang bulu tangkis ning Indonesia senajan umure wis ora enom. Tenagane uga isih kuat lan isih bisa saingan karo para junior uga ngasilake prestasi sing ora kalah gedhe. Ahsan lan Hendra iki uga ora ketemu sepisan langsung cocok. Ana proses bongkar lan pasang pemain kanggo ndelok pasangan ngendi sing paling cocok. Banjur pasangan iki ketemu lan dadi pasangan ganda putra paling apik. Kamangka, awak dhewe wajib ngewenehi apresiasi kanggo Ahsan lan Hendra lan ndukung prestasine. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4690", "text": "Ning Pemalang, saben isuk ana sing arane lelang iwak. Iwak sing dilelang kuwi macem-macem, ana iwak tongkol, tuna, uga ana urang, cumi, kerang lan sapanunggale. Iwak-iwak ning pelelangan iwak iki regane luwih murah lan luwih seger tinimbang ning pasar. Ning cedhake, aka warung-warung sing mbuka jasa mbakarake iwak. Salah sawijine dina, aku lan ibuku tuku iwak lan oleh iwak kakap. Banjur ibuku pengen masak iwak bakar nanging ning omah rasane males masah amarga gas lagi entek lan bumbune ya mesti bedha. Rampung tuku iwak, aku lan ibuku lunga ning tukang bakar iwak sing ana ing cedha pasar pelelangan kuwi. Yen nggawa iwak dhewe rega iwak kakap bakar iki mau dadi luwih murah. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10068", "text": "Tempe kalebet daharan asli Indonesia ingkang sehat lan murah. Daharan menika saged diolah dados maneka warna daharan, wiwit janganan ngantos nyamikan. Nyamikan ingkang kondang saking tempe inggih punika kripik tempe. Kripik tempe kathah dipunpanggihi wonten Jawi. Caranipun damel kripik tempe kalebet gampil. Tempe diiris kanthi tipis, dicaosi bumbu-bumbu kados bawang putih, kemiri, ketumbar, uyah, lan mrica. Adonan kangge nggoreng kripik tempe inggih punika glepung sagu, glepung beras, kaliyan santen encer. Wonten ugi ingkang nambahi adonan glepung kaliyan bubuk kari supados raosipun kripik tempe langkung gurih. Menawi sampun dicelupaken wonten adonan glepung, tempe ingkang tipis wau digoreng ngantos garing lan mateng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9625", "text": "Bocah-bocah saiki kadang males maca Alquran apa maneh ngerteni isi kitab suci iki. Nanging ana wae wong utawa lembaga sing gelem kanggo nggawe bocah-bocah iki semangat sinau babagan kisah sing ana ing Alquran lewat video utawa buku. Kisah sing ana ing Alquran iki diterjemahna dan didadekna crita ana ing buku lan video Youtube. Buku lan video Youtube iku diwenehi animasi sing bakal nggarai bocah seneng lan ora nggarai jeleh. Ana suara sing nyeritakna uga nggarai bocah luwih semangat kanggo sinau kisah sing ana ing Alquran. Untunge jaman wis maju, dadine bocah isih bisa sinau kisah sing ana ing Alquran kanti seneng lan ora ngersula. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5514", "text": "Akeh wong tuwa sing seneng banget nyalahke HP yen ana masalah sing diadepi anake, kaya ora munggah kelas, lara mripat, telat tangi, lan bijine dadi elek. Nanging, kanggo para bocah, sajane akibat saka dolanan HP kuwi ora sepira kerasa amarga sajane sing paling ana pengaruhe kuwi ya kontrol saka wong tuwa sing kudune dilatih wiwit bayi. Wong tuwa jaman saiki luwih milih anake nonton video saka HP tinimbang maca buku sing ana gambare kanggo ngelatih saraf lan konsentrasi. Penelitian sing wis suwe ana iki dadi pedoman yen wong tuwa kuwi pengaruhe luwih gedhe marang kedisiplinan anak lan kemampuan kanggo ngontrol wektu nganggo HP kuwi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "491", "text": "Pas KKN disik taun 2019, aku ditempatke neng Desa Sukareja, Kecamatan Balongan, Kabupaten Indramayu, Jawa Barat. Aku lan konco-koncoku nentep neng kono kurang 2 sasi utowo 50 dino. Pas awak dhewe KKN kui, panggon sing kerep awak dhewe enggo kui masjid deso. Masjide kui jenenge Masjid Jami Al Muhajirin. Awak dhewe akeh berinteraksi karo warga-warga setempat neng kono. Awak dhewe neng kono ngajar ngaji kanggo bocah-bocah desa Sukareja. Awak dhewe uga rapat bareng takmir masjid lan remaja mesjid kui kanggo ngebahas babagan Idul Adha. Pas nyerak-nyerak tanggal 17 Agustus, awak dhewe uga rapat bareng pemuda karang taruna Desa Sukaraje neng serambi masjid sing podo.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "176", "text": "Kabeh uwong ngerti yen olahraga kui penting. Ora mung kanggo awak, nanging ugo kesehatan mental. Sendayan paham manfaate olahraga, awak dhewe kerep ngeroso males. Ono wae perkoro-perkoro sing ngalangi kanggo ngelakoke hal penting kui. Salah siji coro ben awak dhewe tetep ngelakoke olah raga kui diwiwiti seko sing enteng-enteng wae. Olahraga kui ora kudu mlayu sing adoh opo ngangkat beban sing obat. Mergo wes kebayangan angele koyo piye, awak dhewe dadi wegah gerak. Timbangane kepikiran kui, luwih apik olahraga kui diwiwiti seko sing awak dhewe anggep enteng. Misale, neng pengen mlayu, target awale ojo adoh-adoh, cukup 1 km. Jarake kui cerak ora opo-opo nanging kudu konsisten.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2707", "text": "Biyen sampek saiki kegiatan diba'an nang desaku iku dadi kegiatan rutin sing ora iso ditinggalno kejobo ancene dipreikno polahe ono perkoro sing luwih penting. Lah Diba'an yaiku acara rutin keagamaan kanggo bocah-bocah remaja sing ono nang kampungku sing biasane dilakoni nag dino minggu. Lah Diba'an iku ancene ora angger panggonan ono soale tujuan gawe kegiatan iki karo tokoh agama sing nang deso yaiku ben bocah-bocah enom iki melok syiar agama islam kanggo bocah-bocah enom sing biyen biasane nag dino minggu iku podo ngeluyur nang jobo deso sampek akeh kedaden sing ora dikarepno. Lah mangkane kegiatan iki ora angger diadakno ngunu ae. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2430", "text": "Rong minggu sing wes kepungkur koncoku dolan nang Jogja. Dek'e dolan nag jogja sekitar 3 dinoan. Terus nginepe jarene nag Hotel. Biayane yo lumayan soale Hotele lumayan apik. Terus sak liyane fasilitasi, ono panganane barang, ket teko sarapan barang yo wes ono. Mangkane koncoku nag dolan-dolan saiki senengane golek hotel sing murah-murah sing penting enak istirahate nag pegel pas waktu dolan nag kota sing adoh teko omah. Terus tau tak takoni, lak nag penginapan piye? Jarene, \"Yo podo enake, cuman fasilitase lengkapan hotel, soale regane yo kacek.\" Yo bener se, soale hotel ambek penginapan regane wae kaceke lumayan. Mosok fasilitase podo kan yo aneh nag podo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "904", "text": "Gim pokemon pertama kali metu taun 1996 neng Jepang. Rong taun setelahe kui gim iki rilis ning Internasional. Pas kui gime isih werno iteng karo putih, utowo werno sing ono neng gime kui isih sitik. Taun 2022 pokemon wis mlebu neng generasi 9. Seko generasi siji tekan songo iki, wis akeh pokemon sing wis dicipatek. Jumlahe iso arep tekan 1000 pokemon. Nanging makin mrene, desain pokemon kui makin aneh. Bukane desain sing saiki elek, nanging desaine kui bedo banget karo sing sak durunge. Saiki akeh pokomen sing jupuk inspirasi seko benda mati, koyo motor lan mobil. Padahal, kudune pokemon kui dijupuk inspirasne seko makhluk sing urip, mbuh kui khewan opo taneman.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2144", "text": "Sing tak mangkeli seko dodolan neng internet kui pas ngadepi komplen seko pembeli. Nompo komplen seko pembeli utowo calon pembli kui ora iso dihandari yen awak dhewe dadi bakul, bakul opo wae. Nanging nompo komplen neng internet kui rasane ora penak banget. Soale awak dhewe ora iso ketemu langsung karo wonge. Yen awak dhewe mung omong-omongan liwat pesan teks kui, mbuh awak dhewe utowo wong sing komplen kui iso salah paham. Ditambah meneh yen wonge kui nesu-nesu, terus awak dhewe digawe mangkel karo dheweke. Awak dhewe arep balik nesoni kui uga dadi ora lego. Awak dhewe dadi ngeroso serba salah.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "199", "text": "Moco kui iso nambah wawasan pengetahuan. Wong sing ora kerep moco kui kurang peka karo lingkungane. Makin akeh woconane wong, wong kui makin iso ngerti utowo paham karo kahanan sing ono neng sekitare. Moco kui sebetule kebutuhan. Nangin ben ora keroso abot moco kui kudu dadi hobi. Dadi kanggo ngelatih ben terbiasa moco, wong kudu moco sing woconan sing menurut dee menarik. Komik kui iso dadi pilihan sing ngewiwiti numbuhke minat moco, opo meneh wonge kui seneng buku sing ono ilustrasi visiuale. Seko kui, iso ngelebar meneh neng bidang-bidang sing diperluke, koyo wawasan babagan sosial-politik lan literasi finansial. Seko kebiasan moco kui, wong iso munggahke tingkat kemakmurane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2353", "text": "Krupuk Ramba sing teko kulit sapi warnai putih mangkak terus rasane gurihe pol ambek nag dipangan iku kriuk-kriiuk gurih enake pol. Opomaneh nag dipangan karo petis, tambah mantep. Mangkane aku seneng karo krupuk iku soale rasane enak terus regane yo morah. Masio arang sing dodol tapi nag aku dolan nang kediri mesti aku jaluk krupuk iku terus tak entekno dewe. Masio aku di sugoni cemilan liyane koyok mlenjo ambek liyan-liyane aku ora kepencot, opo maneh ambek mlenjo masio bentukane macem-macem aku ora seneng blas, soale rasane pahit. Terus nag aku mangan mlenjo kadang wetengku loro ambek paite ora ilang-ilang, tapi kok yo ono yo sing ngoloah mlenjo padahal rasane pahite ora ukur. mosok diombeni -bolak-balik ora gelem ilang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5097", "text": "Cara njaga protokol omah ibadah iki uga dilakoni ning gereja. Akeh gereja sing padha kuatir lan langsung nggawe rancangan tindak lanjut kanggo tetep njaga keamanan lan karesikan. Cara-carane yaiku ngeresiki gereja saben dina, utamane sak durung karo sak uwise ibadah, nganggo piranti reresik sing ana desinfektan. Kaping pindho, ngeresiki bagian altar lan ngewenehi tandha kanggo ngatur jarak jemaat. Kaping telu, kanggo jemaat sing isih ning gereja, saka gereja nyediakake masker lan uga hand sanitizer kanggo njaga kestrerilane para jemaat. Kaping papat, ngurangi kegiatan pertemuan sing ana ning gereja kaya misa utawa ibadah lan khotbah lan dialihake marang ibadah online lan terbatas.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "7806", "text": "Burger Island iku salah siji game time management tentang restoran cepat saji sing menu utamane iku burger. Nek dolen iki, butuh kecepatan, ketelitian, ambek ketepatan teko awak dewe. Awak dewe iku kudu nyiapno panganan ambek ngelayani dalam waktu bersamaan dalam waktu singkat. Sak durunge mulai misi, awakmu butuh latihan disik. Carane iku mulai teko masak daging burger e. Delok sisan iku jenis burger opo sing dipesen. Bedo burger bedo daging. Mbari masak daging, terus susun topping sing sesuai ambek jenis burger sing dipesen. Urutan topping e kudu urut sisan, gak oleh keliru blas. Pisan e salah, mbalik maneh teko awal. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8131", "text": "Aku iku dodolan pulsa nang kelasku. Dan arek-arek iku wes langganan tuku pulsa nang aku. Awale sih lancar-lancar ae, bahkan wes balik modal sisan. Cuma, onok siji kejadian ndek ndi pendapatanku iku defisit. Pas tak gatekno catetan keuanganku, dadakno sek akeh banget arek-arek sing ngutang pulsa nang aku. Yo nek koyok ngene, aku gak bakal isok kulakan saldo pulsa maneh. Akhire mulai dino iki, aku nagihi utang pulsane konco koncoku. Onok sing langsung bayar, onok sing kakean alesan. Sing kakean alesan iku langsung tak ancem gak oleh tuku pulsa nang aku maneh. Otomatis mereka podo keweden, soale mereka gak bakal isok tuku pulsa dengan rego murah maneh. Mergo iku, akhire mereka janji bakal nempoi utange sesok.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "8666", "text": "Rasa stres sing dialami ambek menungso iku dadi hal sing wajar nek wong iku lagi ngalami tekanan. Tapi, stres iku isok dadi sesuatu sing berbahaya nek kedaden dalam waktu sing suwe. Nek wes ngono, uwong iku bakal ngalami berbagai masalah kesehatan sing isok nganggu aktivitas sak dinoane. Dan nek wes ngono, stres iku maleh nimbulno perasaan gak nyaman gawe awak dewe. Iki carane gawe ngatasi perasaan gak nyaman mergo stres. Siji, akehno ibadah nang Allah SWT utowo Tuhan mu masing-masing. Loro, jogo kesehatan dengan olahraga sing rajin. Telu, ngelakoni hobi sing sesuai ambek minat dan bakat. Papat, mikirno hal-hal sing nyenengno nang urip. Terakhir, mbicarakno perasaan ambek keluhan sing dialami nang uwong sing mbok percoyo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "9241", "text": "Leon duweni penyakit maag. Penyakit iki nyebabake weteng lara sing bisa nganti mlungker-mlungker. Ombenan sing bisa nyebabake maag kumat yaiku ombenan sing kecut banget kayata jus pelem, jus stroberi, es jeruk. Leon saben dinane bisa ngombe apa wae sing penting legi utawa kecut. Senajan bisa nyebabake lara weteng, tapi Leon wis kadung seneng banget karo ombenan kecut kaya es jeruk. Saben mari mangan ning warung, Leon mesthi pesen es jeruk. Ombenan kecut kanggo Leon bisa langung ngilangake rasa ngelak. Nganti dheweke diilingke ro dhokter amarga yen wis parah banget bisa bahaya. Nanging Leon panggah wae saben dina ngombe ombenan kecut karo dedunga supaya maage ora kumat. Senajan maage kumat, Leon kari nguntal obat lan langsung lanjut ngombe kecut maneh ombenan senengane dheweke. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "817", "text": "Aku kui wonge malas gerak. Yen dikon olahraga kui, aku gampang ngeroso kesel. Mergo, aku ngerti olahraga kui penting kanggo kesehatanku. Aku gawe porsi olahragaku dhewe. Sing kesiji kui, aku mlayu sak ora-orane seminggu peng 3. Pisan mlayu ora usah adoh-adoh, paling sekitar 1 km. Yen misale ora ono kegiatan sing abot lan lagi selo, tak usaheke kui iso mlayu tekan 5 km. Sing keloro, aku olahraga sing nganggo bobot awak ben dino. Biasane tak lakoke pas isuk, naning sak jane ora tak wetesi wektune kui. Sing penting, dino kui aku wis gerak. Gerakan sing tak lakoke kui 10 push up, 10 sit up, 10 squat, lan 30 detik plank. Pengulanange lan wektu iso tak tambahi pas lagi ono semangat sing luwih.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4755", "text": "Ngenalake kewan-kewan nang bocah cilik kuwi salah sawijine nganggo cara wisata dan liburan sing ninggalake kesan sing apik. Salah sawijine ya ngunjungi Sea World. Ora mung kanggo cah enom lan wong tuwane, Sea World, Ancol iki bisa dadi panggonan sing paling diiling karo bocah-bocah nalika wis gedhe amarga Sea World iki bisa ngajari bocah piye carane njaga laut lan kewan ning jero laut. Sea World iki uga dadi panggon sing nyenengake kanggo sinau lan bisa interaksi langsung karo satwa-satwa banyu sing ning kono. Apa maneh yen bocah-bocah kuwi didampingi karo wong tuwa, guru, lan pemandu sing bisa njelasake kepiye perane satwa kanggo kelangsungan uripe jagad bumi iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2423", "text": "Jodipan yaiku kelurahan sing nag daerah Blimbing, Kota Malang, Jawa Timur. Kampung iki dicet ambek pirang-pirang warna sing seje-seje. Anger siji omah ambek omah liyane cet'e bedo. Dadi nag diwasi maleh ketok apik soale warnai macem-macem. Nag tengae kanpung iki yo ono sing jenenge jembatan koco, dowone siktar 100 meter'an. Jembatan iki dimodel koyok jembatan sing ono nag eropa dadi ketok apik. Opo maneh nag nang tengahe jembatane tambah iso delok miline banyu kali sing bantere pol ambek jerune kaline sing garai wedi dewe soale jembatane teko koco bening. Nag dolan mrono tikete yo murah sekitar 5 ewuan. Terus buka'e iku teko jam 7 esok sampek jam 5 sore. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "562", "text": "Alat musik neng sanggarku kui akeh sing wis rusak. Sanggar tari kui sanggar tari Aceh. Alat musik sing awak dhewe enggo kui jenenge rapai. Insturmen sing ditabuh sing bentuke koyo rebane nanging luwih kandel lan krincinge mung siji. Pas aku awal-awal dadi pengurus, ono rapai anyar sing teko. Totale ono 16 rapai sing anyar kui. Kui pas taun 2016. Neng taun 2022, rapai neng sanggarku dadi akeh sing rusak. Mergone, selama pandemi ora ono sing ngopeni alat musik kui. Ditambah, sekre sing dienggo nyimpen kui keno rayap. Kahanan sekre kui dadi makin lembab marake swara rapaine kui dadi ngebas. Rapaine uga akeh sing ilang seko taun 2016 kui, saiki mung sisa 12.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "4077", "text": "Sing jenenge nandur tanduran iku ancene nyenengno, tapi ora kabeh nandur tanduran iku podo carane, contohne nandur jagung ambek nandur bolet. Masio podo-podo nandure, tapi carane iku maeng bedone pol. Nag nandur jagung iku carane isine jagung iku maeng kudu gareng, maring ngunu dikombanyu terus dientas. Terus nag wes dientas engko lagek ditutupi plastek itowo kaeng sing sekirane iso digawe buntel isine maeng sampek terik. Engko nag wes tukul lagek ditandur nang lemah. nah sak durunge nandur nang lemah, lemahe iku maeng kudu di caju disek ben iso dilebokno isine jagunge maeng. Mari ngunu nag wes mlebu cajonan maeng lagek ditutupi gawe awu ben gampang oleh terike.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "97", "text": "Yen duwe bahan panganan laut, koyo cumi lan urang, nanging bingung arep digawe masakan opo, mending paganan laut kui dienggo campuran sego goreng. Bahane gampang. Sak liyone panganan laut sing wis disebut mau, awak dhewe butuh sego, bakso iwak, lan endog. Kanggo bumbune, awak dhewe butuh bawang putih, brambang, saos tiram, kecap asin, minyak iwak, uyah, lan penyedap. Sing pertama, cepake protein sing disebut mau. Urang, cumi, bakso, diketok-ketok sesuai karo selera. Banjur gonso rajangan bawang lan brambang neng wajan sing panas. Yen wis harum, pecahke endog lan digawe orak-orik. Banjur leboke protein sing wis diketok mau, masak tekan mateng. Yen wis matang lebok segone. Tambahke bumbu sing wis disebutke mau. Aduk tekan roto.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6679", "text": "Kembang kuwi pancen ora ngasilake buah, nanging kembang iki sak mestine uga diopeni kanthi bener amarga kabeh kewan kaya tawon, kupu, lan uga sak panunggale ya butuh sari saka kembang kuwi. Kembang ya apik yen disawang, sing penting cara ngopenine bener. Kadang ana wong sing ora bisa ngopeni kembang amarga kurang banyu, kakean banyu, kakean pupuk, utawa kurang sumunar srengenge. Yen ora pas, berarti ilmu sing ana ya kurang kanggo ngopeni kembang. Amarga kuwi, awak dhewe ora sukur nandur. Kudu ana ilmu sing disinaoni ben kembang kuwi ora mati lan ora ilang wangine amarga kembang kuwi apik kanggo hiasan ning omah. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "100", "text": "Tahun 2017, aku lan sanggarku nyelanggarake makrab neng Pantai Sepanjang. Pantai kui panggone ono neng Kabutan Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta. Aku pas kui dadi panitia pelaksanane. Pas hari keberangkata, poro peserta numpak truk seko kampus tekan pantai kui. Wektu tempuh perjalanane sekitar 2 jam. Tekon kono, poro peserta noto-noto barange lan istirahat. Bar mangan wengi, awak dhewe gawe acara semacam pentas seni tekan jam 11.00. Banjur poro peserta dikon turu. Isuke, awak dhewe ono senam bersama neng pantai. Bar kui awak dewe dolan dolananan tradisional bareng. Kesel dolan, awak dhewe adus lan sarapan. Jam sepuluh liwat telung puluh menit, awak dhewe bali neng kampus numpak trek koyo wingi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "79", "text": "Saiki wis ono kompor listrik, alternatif sing luwih ramah lingkungan seko kompor gas biasa. Beralih seko kompor gas neng kompor listrik kui iso dadi salah siji usaha kanggo ngurangi pemanasan global. Sak liyone kui, ono manfaat liyo nalika awak dhewe nganggo kompor listrik. Panas sing dihasilke seko kompor ramah lingkungan kui luwih roto. Panas sing roto kui penting neng proses masak. Makin roto panase panganan sing dimasak bakal luwih roto matange. Kui iso ngurangi kemungkinan ono salah siji sisi panganan sing gosong senadyan sisi liyane durung mateng. Kaluwihan liyane kui kompor listrik gampang diresiki. Permukaan kompor kui roto dadi pas diresiki kompore ora kudu dibongkar.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9754", "text": "Ngomongke kutra kang istimewa, pesthine kabeh kelingan Yogyakarta. Kutha endah kang nyimpen sakehe potensi saka adhat budhayane, ngalame, uga panganane. Salah siji panganan kang dipesthekake dadi oleh-oleh yaiku bakpia. Bakpia yaiku panganan kaya roti kang isine kacang ijo.panganan iki wis dadi oleh-oleh wajib kang kudu digawa bali saka Jogja. Yen ndisek, Bakpia Pathok kang dadi idamane para turis, saiki wis werna-werna merk tur jinis sing dadi idhaman e para turis. Saiki ana bakpia kukus, ana bakpia isi kekinian, ana uga bakpia kang wujude roti kaya brownis. Saking akehe werna bakpia, pesthine kabeh bakal kalap amarga akeh tur beda kabeh. Mula bakpia sing asli iku bakpia biasa sing isine kacang ijo. Kamangka kui, yen ning Jogja aja lali tuku bakpia otentik sing isi kacang ijo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10065", "text": "Kimchi menika olahan sayur ingkang difermentasi. Daharan saking Korea menika gadhah kathah jenisipun. Meh sedaya jinising sayur saged diolah dados kimchi. Jinising kimchi ingkang paling umum menika kimchi sawi kaliyan kimchi lobak. Kimchi gadhah werni ingkang abang mbranang amargi dicampur kaliyan sambel tradisional Korea ingkang asmanipun gochujang. Kados daharan fermentasi sanesipun, kimchi kraos kecut. Kombinasi raos pedes saking gochujang kaliyan kecut amargi proses fermentasi dipunremeni sanget dening tiyang Korea kangge side dish alias lawuh pendamping rikala dahar. Caranipun damel kimchi ingkang gampil inggih punika kanthi nyampuraken sayuran kaliyan gochujang terus disimpen wonten wadhah ketutup salami pinten-pinten dinten dugi aromanipun dados owah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7332", "text": "Salah siji acara sing umum dilakoni ambek umat muslim nang Indonesia iku jenenge tahlilan. Tahlilan nang Indonesia iki acara selametan gawe memperingati wong sing wes mati. Biasane tahlilan iki dilakoni pas dino pertama kematian sampe dino kepitu, terus dilanjut pas dino ke-40, dino ke-100, tahun pertama, tahun kedua, tahun ketiga, sampe seteruse. Onok sisan sing ngadakno tahlinan pas dino ke-1000. Tahlilan iki diadakno nang omahe wong sing mati mau. Biasane tahlinan iki meliputi teko sambutan lurah, lanjut ambek sholawatan, yasinan, terus penutup. Marine ngono pemilik omah bakal bagi-bagi berkatan gawe kabeh tamu. Berkatan iku mau biasane isine sego kotakan komplit.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "5404", "text": "Salah siji faktor kenapa atlet Tiongkok sering menangke pertandingan yaiku amarga latian wiwit cilik sing keras uga disiplin. Wong tuwa sing ning Tiongkok iki ngerti banget anake arep dadi apa. Yen wong tuwane atlet, anake uga diarahke dadi atlet. Sing paling kethok sak liyane Wushu yaiku bulu tangkis. Atlet-atlet iki uga dididik mentale lan diarahke ning skeolah atlet. Taun 2020 kuwi wis kesebar salah siji metode latihan atlet kaya latihan fisik wiwit bocah isih umur 4 taun. Kamangka, ana sing ngomong yen rahasia sing paling peteng saka atlet iki yaiku masalah eksploitasi anak lan wong tuwa sing ora kompromi marang kebebasan anak.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "183", "text": "La La Land kui film favoritku. Aku nonton film kui wis peng loro. Saking senenge, aku ugo wis moco naskah filme tekan peng 3. Film kui disutradai karo Damien Chazelle. Film iki nyeritake kisah cinta Mia sing kepengen dadi artis lan musisi jazz, Sebastian, sing kepengen duwe klub jazz dhewe. Ora mung ngomong soal tresno-tresnoan, film iki crito wong sing kerja keras kanggo ngewujudke impiane. Podo koyo judule, La La Land, iki kisah 2 wong sing berusaha keras neng Las Vegas. Las Vegas kui dadi kota pusat hiburan neng Amerika Serikat. Selain seko ceritane, lagu-lagu sing enggo neng kene uga apik. Lagune kui digawe karo Justin Hurwitz, komposer sing wis kerja sama karo Chazelle ning film Whipsplash.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10064", "text": "Indonesia gadhah maneka warni daharan. Wonten ingkang tradisional, wonten ugi ingkang warisan bangsa Landa. Salah satunggaling daharan warisan Landa inggih punika makaroni schotel. Makaroni menika salah sawijining jenis pasta ingkang kadamel saking gandum. Daharan ingkang aslinipun saking Italia menika gadhah tekstur ingkang lembut menawi didahar. Werninipun makaroni schotel inggih menika jene semu soklat menawi mateng amargi keju ingkang wonten inggillipun sami mateng kaliyan makaroni datheng andhapipun. Makaroni schotel saged dikukus utawi dipanggang. Teksturipun ingkang lembut cocok kangge balita ingkang betah MPASI. Kangge nambah gizinipun makaroni schotel, sampeyan saged nyaosi daging wonten lebetipun adonan makaroni saderengipun dipanggang utawi dikukus. Makaroni schotel ugi saged ditambah saos sambel kaliyan saos tomat supados raosipun langkung eca.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9396", "text": "Wiwit ana ing bangku sekolah SD, nulis wis dadi kesenenganku. Senajan kanggo pirang-pirang wong nulis iku dadi babagan kang nyebahi, nanging kanggo aku nulis iku salah sijine cara kanggo bisa nublekna apa wae sing ana ing utek. Nulis bisa dadi babagan kang nyenengke yen kowe bisa ngerti cara supaya nulis ora dadi kegiyatan sing njelehi. Kaping pisan, kudu dibiyasakake nulis jujur apa wae sing dirasakke saben dina. Bisa ditulis ana ing HP, utawa buku cilik. Kaping pindho, ora perlu wedi ana sing nyalahke amarga nulis iku ora ana sing bener lan salah. Kabeh tulisan iku miturut apa sing dirasakke karo panyerate. Wasana, njaluk kanca cedhak kanggo ndelok tulisanmu apa wis dadi tulisan kang enak diwaca apa durung lan bisa dadi bahan sinau utawa evaluasi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9010", "text": "Mbarine kecelakaan, tangane Lita iku putung dan kudu dioperasi. Bodoh e, de’e iku lali gak ngurus BPJS e, dadi de’e gak isok nganggo iku dan kudu nganggo duit e dewe. Berhubung kondisi finansial wong tuwone iku lagi gak stabil, akhire Lita mek isok ngandelno tabungane tok. Tapi pas dihitung, tabungan iku mau durung cukup gawe nutupi kabeh biaya perawatan tangane sampe engkok waras. Akhire de’e mutusno gawe ngedol sembarang kalir barang sing nilaine lumayan, salah sijine iku kamera DSLR. Awale de’e rodok gak ikhlas gawe ngedol kamera sing wes dinggo terus terusan karo de’e, tapi de’e sadar nek kesehatane iku luwe penting. Dadi Lita tetep mutusno gawe ngedol kamera DSLR e.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "9202", "text": "Es krim dadi salah siji panganan sing tak senengi. Rasa es krim sing macem-macem kaya soklat, vanilla, stroberi, lan liyan-liyane dadi salah siji alesanku seneng panganan sing digawe saka susu iki. Ana rasa anyar sing pirang-pirang wulan kepungkur tak coba ana ing salah siji warung es krim, yaiku rasa mint choco. Es krim rasa mint choco iki yaiku campuran saka rasa soklat lan rasa godhong mint. Rasa awal pas dipangan rada pahit ana ing ilat lan ana sithik rasa isis kaya yen aku sikat untu. Nanging saya suwi saya enak apa maneh yen ora seneng rasa es krim sing legi. Es krim rasa choco mint uga duwe warna sing apik lan nyegerne mripat yaiku warna biru enom lan ana campuran soklat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9369", "text": "Preian dadi dina sing paling dienteni karo kabeh wong. Apa maneh nalika preian suwi kayata prei riyaya. Kabeh kaluwarga bakal kumpul dadi siji lan bisa nindakake akeh babagan. Ora kudu lunga adoh utawa ngentekna dhuwit sing akeh kanggo bisa preian karo kaluwarga lan sanak sadulur. Ing omah wae wis bisa nggawe kegiatan sing seru banget. Misale masak bareng, ndelok film bareng, lan sing paling anyar bisa gawe lomba bareng. Ora perlu kuwatir kanggo ngetokna dhuwit akeh amarga kegiatan sederhana wae nalika dilakoni karo wong sak kaluwarga wis bisa seru. Ayo wiwit golek kegiatan sing sederhana nanging seru kanggo kumpul karo kaluwarga.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2344", "text": "Jahe sak liyane iso digawe wedang sing nyegerno yo iso nyehatno. jarene dinas kesehatan Yogyakarta nag situse, Wedang jahe iku manfaate gedeh koyok ngurangi radang sendi, loro polahe menstruasi, geger loro ambek sak piturute. Mangkane wong biyen akeh sing sehat-sehat polahe akeh sing seneng gawe wedang jahe, terus panganane yo ora neko-neko koyok saiki. Seje karo saiki wedang jahe barang yo wes dicampur ambek sing aneh-aneh ben rasane tambah enak padahal iku sing garai kasiate jahe medun ora manjur maneh. Terus wedang jange sing akeh campurane nginike sing paling aku ora seneng. Soale rasane jahene akeh sing ilang wes ora asli maneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "510", "text": "Neng mata pelajaran geografi neng SMP biyen, aku lan murid-murid liyane tau entuk tugas gawe kliping babagan omah adat neng Indonesia. Nanging, aku ora ngerti-ngerti banget perkoro omah adat kui. Aku disik lahir neng Lampung nanging durung tau delok omah adate. Aku disik tau tinggal neng Jawa Barat uga ora ngerti omah adate. Malah, koyo pas kui aku wis ono neng Yogyakarta, aku ora tau delok langsung omah adate koyo piye. Dadine aku mung iso delok-delok liwat internet. Mergo informasi-informasi seko Internet kui ono sing ora iso dipercoyo. Aku golek informasi perkoro kui seakeh mungkin, yen informasi sing tak woco pertama kui muncul neng laman liyane, tak anggep kui informasi sing valid. Wis suwe golek kui, akhire tak putuske gawe kliping omah adat Lampung, yaiku nuwo sesat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "78", "text": "Timbangan kui penting banget dienggo pas masak, utamane pas masak kue. Amargo masak kue kui kudu sesuai banget karo resep supoyo asile maksimal. Timbangan kui akeh jenise, ono timbangan sing nganggu pemberat manual, timbangan biasa, lan timbangan digital. Menurutku, tembangan sing paling cocok digunake nggo masakan omahan kui timbangan digital. Keluwihan timbangan digital kui sing pertama ukurane cilik. Timbangane kui gampang disimpen lan ora magan panggon sing gede. Keloro, hasil seko timbangan sing dihasilke karo jenis sing digital kui luwih akurat. Timbangan digital nganggo teknologi lan sensor paling canggih dadi hasil timbangan bahan-bahan masakan iso luwih sesuai. Senadyan regone larang, nanging seimbang karo manfaate sing akeh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3154", "text": "Kabeh wong sing seneng olahraga nag delok pertandingan olahraga mesti senenge megilan soale ancene deke iku ngerti olahragae. Tapi koncoku iku ora pinter bal-balan tapi nag delok bal-balan bocahe senenge pol. Jarene bocahe masio aku ora iso maen apik tapi aku iso delok carane maen sing bakal iso tak pelajario ambek tak praktekno. Yo iku poaling salah sijine alasan lapooh angger ono lomba utowo pertandingan olahraga mboh iku antar negoro, antar klup sing ono nag negoro iku mesti rame. Terus yo iso dadekno tukar pengalaman barang ambek wong sing delok dadi yo iso ae dadekno oleh konco nayar yo iso dadekno oleh mungso anyar polahe jagone kalah.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4618", "text": "Panganan cepat saji iku pancen enak, praktis, lan murah. Nanging risikone gede gawe kesehatan. Opo maneh dipangan sering-sering. Ing restoran-restoran cepat saji iki uga ana ombenan soda, kopi, lan es krim sing duwe kandungan gula ing ndhuwur wates normal. Jaman saiki akeh penyakit, salah siji faktore ya amarga akeh glukosa lan lemak sing ora diatur. Nanging wong padha ora sadar lan ora njaga kesehatane dhewe tur lali olahraga. Kanggo kuwi, awak dhewe kudu nggawe wates normal kanggo njaga kesehatan. Salah sawijine ngurangi panganan cepat saji kaya pizza, burger, lan sak liyan-liyane. Uga kudu ngurangi ombenan legi kaya es krim, soda, lan kopi sing bisa marai diabetes. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "16", "text": "Hoka-Hoka Bento utowo sing kerep wong-wong singkat dadi HokBen kui rumah makan cepat saji a la panganan Jepang. HokBen hampir mesthi ono neng kabeh kota-kota gedhe neng Indonesia. Seko terakhir aku neng rumah makan cepat saji Jepang kui arep ora ono sing berubah, kecuali carane mesen. Saiki mesen Hoka-Hoka Bento modele kudu ngelayani dhewe-dhewe. Pas pertama teko neng tokone, awak dhewe jupuk nampan disik. Nampan iki fungsine kanggo gowo panganan sing wis dipesen. Mengko ono pegawe sing bantu nawari milih menu dadi ora usah bingung tetep bakal ono sing ngewangi. Pegawe kui mau uga sing nyelehke panganan sing dipesan ning nampane sing digowo. Nek wes rampung mesen, langsung bayar neng kasir.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "10042", "text": "Kangge sampeyan ingkang mboten remen manis, Oseng Mercon Bu Narti saged dados salah satunggaling daharan ingkang kedah dipuncobi nalika plesir dhateng Jogja. Oseng Mercon Bu Narti sampun sadeyan oseng mercon wiwiting warsa 1998 lan dados pelopor daharan pedes wonten Jogja. Pramila, warung lesehan wonten margi KHA. Dahlan menika kalebet warung ingkang legendaris. Sanesipun sadeyan oseng mercon ingkang dipundamel saking daging lembu, Oseng Mercon Bu Narti ugi nyade olahan ayam,bebek, lele, kalih jeroan. Mbok bilih ajeng dahar wonten Oseng Mercon Bu Narti, sampeyan kedah dugi sakderengipun bikak sakwetawis jam 5 amargi bakal kathah tiyang ingkang ajeng antri kangge ngraosaken sedhepipun Oseng Mercon Bu Narti.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7026", "text": "Kota Tua iku salah siji panggon wisata sing onok wes suwe dan terkenal banget nang Jakarta. Akehe museum sing onok nang kono dadi kekhasan teko Kota Tua iku. Sayange, nek arep lungo numpak montor dewe iku rodo angel soale jarang onok panggon parkir nang kono. Solusine yaiku numpak KRL. Pertama siapno disik kartu e-money sing digawe bayar numpak KRL engkok. Paling gampang berangkate teko stasiun Manggarai. Nek wes mari nge-tap kartu dan melbu nang stasiun, golekono KRL sing jalur Bogor line. Nek keretone wes teko, cepet-cepet melbu soale keretone cepet banget dalane. Mbari ngono engkok awakmu mudun nang pemberhentian terakhir yaiku nang stasiun Jakarta Kota. Terus mlaku sekitar 450 meter, wes deh nyampe nang Kota Tua.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "993", "text": "Pembangkit listrik tenogo angin kui dadi salah siji sumber energi sing ramah lingkungan. Bentuk pembangkit listrik kui koyo kipas utowo kitiran dolanan sing awak dhewe tau delok pas cilik. Bagian-bagian pembangkit listrik tenogo angin kui, siji, ono bagian kipase. Kipas kui biasane ono telung bilah lan bentuke melengkung. Bentuke sing melengkung kui ben luwih gampang mubenge pas keno angin. Keloro, kui ono bagian omah mesine. Omah mesin kui isine ono generator sing gawe tenogo kinetik dadi listrik. Sing ketelu, ono bagian tiange. Makin duwur tiange kui, makin gedhe energi utowo listrik sing iso dihasilke. Bagian sing kepapat kui ono alat sing iso ngukur kecepatan angin sing jenenge anemometer.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7842", "text": "Mesin cuci iku wes dadi alat rumah tangga sing wajib diduweni karo ibu rumah tangga. Fungsi mesin cuci iku gawe nyuci klambi dalam jumlah akeh. Mesin cuci iki onok rong jenis, sing otomatis karo manual. Fungsine tetep podo, tapi tetep onok perbedaane. Siji, mesin cuci otomatis iku nduwe siji tabung, tapi nek mesin cuci manual iku nduwe rong tabung. Loro, biasane regane mesin cuci otomatis iku luwe larang timbang mesin cuci manual. Terakhir, mesin cuci otomatis iku luwe efisien ambek hemat panggon timbang mesin cuci manual. Loro-lorone nduwe kelebihan karo kekurangane masing-masing, tapi mesin cuci yo tetep mesin cuci sing fungsine gawe ngumbah klambi.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "10074", "text": "Kula gadhah kanca saking Ambon. Asmanipun Maria. Piyambakipun asring crita bab daharan keremenanipun wonten kampung. Asmanipun daharan menika Papeda. Maria crita menawi papeda menika daharan khas Indonesia timur kalebet Ambon. Papeda awujud kados lem ingkang werninipun putih lan lengket. Lumrahipun, papeda didahar sareng ikan kuah kuning. Papeda menika asring dados daharan pokok wonten mriku sebab wit sagu kangge damel papeda gampil dipunpanggihi. Caranipun dahar papeda kalebet unik. Teksturipun ingkang lengket lan lunyu dadosaken papeda boten saged dipundhut kangge sendok. Tiyang Ambon ngangge pring ingkang bentukipun kados sumpit kangge nggulung papeda. Papeda kraos eca menawi didahar wanci sonten nalika tesih anget", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "3203", "text": "Game sing dadi favoritku saiki yoiku game sing jenise strategi koyok model Empire Earth ngunuku. Soale nang game iki sing maekno iku ora mok angger maen tok, tapi kudu duwe strategi ben iso menang ngelaawan mungsoi. Nah nag game iku maeng sak liyane iso mileh panggonan sing bakal dadi omah utowo markas yo iso njajah wilayahe wong liyo utowo musohe sing isek durung gede. Dadi nag game iku sing maen iku iso dadi koyok wong sing paling kuoso, yo iso dadi wong sing paling ketindes soale prajurite iku durung apik. Terus iso munggahno level barang nag wes nyukupi duwite. Pokoke game iki jareku apike megilan soale iso sinau strategi kanggo ngadepi urip barang.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7865", "text": "Onok salah siji alat elektronik sing lagi usum ndek kalangan arek-arek enom, yaiku wireless charger. Alat iki fungsine isok gawe ngecas hp tanpa nyambung nang kabel. Dadi ditemplekno ngono ae, engkok hpne isok kecas. Wireless charger iki dianggap aman soale isok terhindar teko korsleting listrik. Tapi mbasio ngono, akeh banget efek buruk sing dimarakno alat iki. Siji, kinerja baterai sing tambah abot. Nek wes ngono, resiko baterai bocor iku luwe gede. Loro, gak seefektif nek ngisi nganggo kabel. Mergo dayane cilik, marakno ngecas nganggo wireless charger iki luwe suwe. Telu, marakno baterai hp luwe cepet entek. Papat, marakno hp cepet panas. Nek hp sering panas terus dijarno ae, isok marakno komponen hp liyane melu rusak sisan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3178", "text": "Nag olahraga mesti kabeh uwong ngongkon persiapan masio iku ora nemen periapane soale olahraga sing dilakoni mok sepele. Nah anjuran periapan iku kanggo gadepi nag ono perkoro sing bakal kedaden tapi awak dewek iku ora ngerti kapan iku bakal metu. Contone nag bulu tangkis iku moro-moro kesosop, terus nag bal-balan iku moro-moro tubrukan sampek ora iso tangi, terus nag mlayu iku kebreset sampek sikile aboh polahe kaget. Nah kabeh iku maeng ancene kudu ono persiapan ben pas iku maeng kedaden awake ora kaget utowo jumbul. Dadi anjuran sing dikongonkon persiapan nag ate ngelokni olahraga yo kudu dilakoni. Soale anjuran iku biasane teko wong sing wes tau ngadepi perkoro iku.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2853", "text": "Nag biasane akeh dolan nang daerah utowo kota endi ngunu mesti goleh sing jenenge oleh-oleh khas daerah kunu. Lah sing jenenge oleh-oleh khas daerah kunu yaiki panganan utowo jajan sing didadekno koyok model cinderamata sing iso nandakno wilayah iku mboh iku teko rasane, bentuke, utowo warnai. Lah perkoro iku asli gawean teko daerah kono utowo ora iku wes ora karuan ceritane soale kadang kabeh oleh-oleh khas yo ono sing digawe teko wong liya sing netep utowo manggon nang daerah kono, mari ngunu di modifikasi saitik soale bahan-bahane sing ora kabeh enggon duwe. Akhire oleh-oleh khas iku duwe ciri-ciri khas sing bedo-bedo soale nyocokno bahan sing ono nag daerah kono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "7856", "text": "Kabeh kamera iku didukung ambek baterai gawe dayane ben isok dinggo. Nek kamera DSRL, berhubung iku salah siji jenis kamera digital, engkok bateraine isok dicas. Cara ngecas sing paling aman iku nyoplok kamera terus dicas nang port kamerane dewe. Carane iku coplok disik baterai ne nek wes onok peringatan nang layar kamerane. Terus pasang ndek port kamera sing wes sak paket karo kamerane. Mbari ngono pasang salah siji sisi kabel nang port iku, baru cupno kabel nang stop kontak. Nek isok, ngecas baterai kamera iku ojok ngenteni sampe ndek ngisor 20 persen. Terus nek gelem awet, ojok ngecas terlalu suwe pisan. Pokok nek ketok lampu port e wes nyala ijo, langsung cabut.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "577", "text": "Neng sanggarku, tarian kui ono tingakatane. Awak dhewe ora diolehke nari suatu tarian sak durunge wis iso nguasai tingkat tarian sing luwih rendah. Neng sanggarku, ono telung tarian sing iso diajarke kanggo wong sing lanang. Tarian sing dimaksud mau yaiku likok pulo, rapai geleng, lan saman. Tingkatan sing paling rendah kui tari likok pula. Tarian iki sederhana lan ora ono variasine. Neng Aceh, iki tarian sing kerep dipentaske karo cah cilik. Bar kui, awak dhewe lagi iso mlebu tari rapai geleng. Tarian iki kudu duwe bekel stamina lan fokus sing luwih tinggi. Soal, tarian kui ora mung nari nanging uga gerak bareng nabuh alat musik sing jenenge rapai. Yen wis iso kui, awak dhewe lagi iso tari saman sing paling butuhke kelenturan lan stamina sin luwih okeh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "5409", "text": "Bocah sing ana ning Indonesia Timur kuwi mesti duwe potensi fisik sing gedhe amarga keadaan alam sing ndukung kanggo nduwe awak lan postur sing cocok dadi atlet. Akeh atlet bal-balan, futsal, lan maraton sing dihasilake saka Indonesia Timur. Nanging pemerintah isih kurang nggatekake potensi atlet sing ana ning Indonesia Timur kaya penyediaan fasilitas latian uga anggaran pelatih, padahal Indonesia Timur kuwi gudhange calon atlet ning Indonesia sing bisa majokake jeneng Indonesia ning manca negara. Kamangka, ayo para pemerhati olahraga rame-rame nggawe petisi kanggo ndandani fasilitas olahraga ning Indonesia Timur ben atlet-atlen enom jenenge tambah gedhe ning Indonesia utawa ning manca negara. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7017", "text": "Ben awak dewe nang Restoran utowo Kafé sing sepi, tapi panganane enak dan sembarangane apik, awak dewe pasti nggumun dewe. Kok isok yo, panggon iki sepi banget padahal seapik iki. Nek wes ngono, awak dewe pasti gatel pengen ngekeki eroh uwong-uwong nek onok panggon apik dan kudu dikunjungi. Onok beberapa cara sing isok mbok lakoni gawe ngepromosino hidden gems iku. Pertama, posting nang kabeh media sosial sing mbok duweni. Mulai teko Instagram, Twitter, Tiktok, sampe Facebook, pokok posting kabeh. Mbari ngono, kek i ulasan sing apik nang Google Review nang Restoran utowo Kafé iku cek alon-alon isok munggah dan dadi rekomendasi teko Google ben uwong nggoleki. Cara-cara iku mau sing paling gampang dan efektif.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8122", "text": "Warehouse iku sistem pergudangan sing biasane digawe perusahaan gawe nyimpen ambek nyediakno barang. Bedo karo Gudang biasa, Warehouse iku sistem sing ngekeki informasi tentang ketersediaan utowo stok barang iku, sampe status pengiriman barang. Nek nang perusahaan, Warehouse iku nduwe Gudang khusus gawe nyimpen barange. Tapi jaman saiki, Warehouse iku ngalami pergeseran makna. Tambah akehe permintaan pembelian teko luar negeri, mulai akeh uwong sing buka jasa Warehouse gawe ngeringano biaya pajak teko bea cukai. Warehouse iku mau fungsine mek dadi panggon pengiriman barang sing engkok bakal didistribusikno nang pemilik barang iku. Dadi pada akhire Warehouse iku isok dalam wujud omah biasa, gak perlu atek nyediakno Gudang nek misal barange iku gak sing akeh nemen.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "2852", "text": "Oleh-oleh khas daerah yaiku panganan utowo jajanan sing ancene digawe utowo sing biasane dipangan nang daerah iku. Lah oleh-oleh khas daerah iku biasane rupane yo koyok jajanan sing ancene dipangan nang daerah kono ambek sing biasane sing diweh-wehno nang uwong-uwong pas ono dayo. Tapi biasane oleh-oleh khas daerah iku onone yo nang daerah iku tok. Soale daerah liyane durung karoan iso gawe, masio nag iso gawe durung karoan iso nyaingi rasane ambek bentuk terus warnai durung karoan iso podo. Mangkane sing jenenge oleh-oleh khas yaiku panganan sing ancene khas nang daerah iku maeng. Mangkane daerah liyane durung karoan ono ambek podo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "133", "text": "Bapak kulo duwe cita-cita kepengen tinggal neng deso. Alhamdulillah, taun 2005, tabungan bapakku wis cukup kanggo tuku omah lan lemah sing bakal dienggo usaha. Omahe sing dituku kui ono neng daerah Kunak, Bogor, Jawa Barat. Omah kui ora gede mung 2 kamar turu. Nanging neng jejer omah kui digawe kandang sapi. Rencanane bapak arep usah ternak sapi kanggo dijupuk susune. Kiro-kiro kandang sapi kui isu amot 6 tekan 8 ekor sapi. Kunak kui daerah gunung. Yen neng Yogyakarta kui mirip koyo Kulon Progo. Neng kono omah ora rapet koyo neng perkotaan. Omah liyo sing cerak omahku iso diitung nganggo driji.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "974", "text": "Robot kui pancen iso gawe gawean menungso kui luwih gampang lan enteng. Nanging, robot kui ora kudu digawe kanggo ngeringanke gawean menungso neng berbagai bidang. Robot sing ora perlu digawe kui robot militer sing iso dienggo perang. Pancen, perang kui, ora iso dihindari mangan korban jiwa. Yen robot kui genteni menungso neng medan perang kui awak dhewe iso ngurangi wong sing mati neng peperangan. Nanging, tetep wae robot kanggo perang kui ora butuh. Kui rada ora masalah yen robot kui ngelawan robot sing liyane. Yen robot ngelawan menungso kui dadi ora etis. Negoro sing sugih sing iso gawe robot kui bakal diuntunge neng kabeh peperangan. Iki gawe perang sing wis ora adil makin ora adil.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "3191", "text": "Pas wingi aku delok balapan montor aku sing disiarno nang TV, aku moro-moro mangkel ambek gara-gara pemain sing tak senenge delosor. Mari ngunu wes ora ono sing seru maneh soale ora ono sing salip-salipan ambek ora ono sing banter-banteran. Terus sing ono iku mok baris tok. Nah iku sing garai aku wes aras-arasen delok maneh, tapi nag sing wong tak senenge iku metu, biasane mesti ngewei atraksi utowo pertunjukan sing apike megilan koyok contone nyalip, terus ngebob, terus mepet terus lawane, ambek liyane. Nah sing koyok nginike ora kabeh pembalap iku gelem soale ancene resikone iku nyowo sing dadi totoane. Mangkane pembalap saiki ora sepiro wani.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "6996", "text": "Pingin ngajari arek cilik sing angel mangan iwak laut utowo seafood? Coba dimasak goreng tepung. Urang isok dadi pilihan soale rasane sing bakal disenengi ambek arek cilik. Bahan bahane yo gampang, mek butuh urang, tepung serbaguna, banyu, ambek minyak gawe nggoreng. Pertama, kupas disik urang sampe resik dan sisa mek daginge tok. Mbari ngono gawe adonan basah dan adonan kering teko tepung serbaguna. Adonan keringe cukup nggawe tepung serbaguna iku ae tanpa dicampur opo-opo. Cara gawe adonan basahe yaiku tepung serbaguna dikeki banyu, terus diudek sampe kentel. Saiki jupuk urang sing wes dikupas. Mbari ngono dibaluri nganggo adonan kering, terus celupno nang adonan basah, dan balik dibaluri nganggo adonan kering maneh. Ulangi sampe kabeh urang wes kebalur tepung. Terus urang iku digoreng sampe kecoklatan. Urang goreng tepung siap disajekno.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6930", "text": "Aku iku seneng banget ambek panganan sing jenenge mie. Mboh iku mie instan utowo mie sing buru ae diolah dan langsung dimasak, pokoke aku seneng banget sembarang kalir jenis mie. Mulai teko mie kuning, bihun, kwetiauw, pasta, ramen, udon, dan liyan liyane, aku sueneng kabeh. Hampir sak minggu pisan aku pasti mangan mie. Nek ditakoni opo’o aku seneng mie, aku dewe yo bingung rek. Aku seneng ae ambek sensasi rasa mie iku dewe. Opo maneh nek mie ne dowo-dowo terus gampang disruput koyok wong-wong nek mukbang, wah kenikmatane bertambah-tambah wes. Mbasio talah jarene kalorine duwur, tapi aku sek tetep seneng, asal mangane gak berlebihan ngono ae.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "6639", "text": "Rasa panik kuwi mesti ana yen wong kesasar, apa maneh ning alas utawa ning gunung amarga menungsa sing ana ning kono mung setitik. Banjur rasa panik iki tambah gedhe yen pikirane awak dhewe negatif kaya ana kewan liar lan buas, cuaca sing ekstrem, lan uga barang sing gaib. Wong sing duwe kekhawatiran iki biyasane gampang panik lan marai kondisi awak lan mental ora stabil, apa maneh kanggo wong sing durung biasa munggah gunung dewean. Kamangka, wong sing durung tau munggah gunung, luwih becik nggolek kanca sing wis pengalaman lan uga ngerti ilmune ben ora gampang bingung lan marai bahaya marang awak. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6674", "text": "Para peminat tanduran nduweni mitos yaiku tanduran kuwi bisa tuwuh kanthi apik yen dijak ngomong lan uga diwenehi tuturan sing positif kaya ngongkon dekne thukul kanthi apik utawa yen tanduran kuwi lara, kudu disiram lan diomongi cepet waras ben apik maneh tuwuhe. Nanging kabeh iki durung terbukti ilmiah bisa ngasilake kesimpulan sing cocok amarga dasar kebutuhane tanduran kuwi ya suminare srengenge lan uga zat kimia saka tanah lan uga banyu. Tembung kang apik kuwi mung sugesti menungsa ben bisa tetep ngopeni tandurane kanthi niat lan apik. Kamangka, sajane ora ana gunane ngomong karo tanduran kajaba kepengen ngilangi stres lan rasa ora percaya diri. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "6959", "text": "Saiki sopo seh sing gak seneng terang bulan? Aku yo gak kalah seneng ambek cita rasa legi campur legit e terang bulan. Cuma aku gak seneng karo terang bulan sing topping e berlebihan sampe luber-luber ngono. Ndelok e ae wes gak kolu mangan, ndaniyo mangan langsung. Wes kebayang yaopo eneg e rasane. Terus dasarane terang bulan iku kalori ambek kandungan gulone wes duwur, sek ditambah topping sing berlebihan, opo gak tambah marai diabetes nek dikonsumsi terus-terusan? Mangan sembarang iku sing secukupe ae rek, gak perlu berlebihan. Sing onok malah mubazir kabeh. Dadi wes gak usah kakean polah atek pesen terang bulang topping berlebih, sing biasa biasa ae luweh nikmat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4738", "text": "Karesikane hotel lan penginepan pas wayah preinan kuwi kudu digatekake. Tingkatan karesikan iki bisa dadi dalah siji faktor kualitas ning hotel utawa penginepan kuwi. Mulai saka banyu, piranti, kasur, bantal lan sekabehane uga jedhing. Ora mung tanggung jawabe petugas utawa wong kang duwe hotel lan penginepan. Nanging uga tamu sing teka. Tamu-tamu kuwi kudu ngerti unggah-ungguh ben ora nyebabake panggonan dadi rusuh. Kamangka kuwi, mulai saiki ayo dadi tamu sing pangerten kanggo tetep njaga karesikane panggon umum lan mbantu hotel lan penginepan mundhakake kualitase. Yen ana saran utawa komplain, aja lali disampekake marang resepsionis kanggo cara sing apik lan sopan. Yen ora, nulis ning kolom komentar ning internet. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10047", "text": "Daharan saking Korea sakmenika sampun gampil dipunpanggihi wonten Indonesia. Kathah lare enem ingkang remen dahar daharan saking Korea amargi kepengaruh tetingalan drama Korea ingkang asring maringi prisa adegan dahar. Malahan wonten daharan utawi unjukan ingkang dados tren amargi drama. Tuladhanipun permen Dalgona ingkang dados populer amargi drama Squid Game. Kathah ingkang kepengen mundhut permen menika supaya saged ngraosaken dahar daharan kados wonten drama Korea. Padahal, Indonesia ugi gadhah permen kados menika, inggih punika gulali. Sakmenika bakul gulali sampun langka dipunpanggihi amargi peminatipun pernen menika ugi sampun langka. Kita namung saged manggihaken bakul gulali wonten acara-acara khusus, kados peken dalu utawi acara tanggap warsa kutha.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7780", "text": "Akhir-akhir iki, rasane aku sering pegel karepe dewe padahal aku gak lagi lapo-lapo. Terus aku curhat kan nang koncoku, aku iki opo’o. Wedine ae aku moro kenek lara opo ngono kan. Koncoku langsung ngomong yo mergo aku gak lapo-lapo iku marakno aku pegel kabeh. Aku dikon gawe nyoba rutin jogging ben dino. Jare gak usah adoh-adoh, mek muteri area RT ae pisan, terus uwes. Iku disik dirutini, jare engkok bakal kroso efeke. Akhire tak coba. Pertama sih kroso banget awakku malah njarem. Tapi koncoku terus mekso gawe jogging terus. Suwe-suwe aku ngeroso nek awakmu kroso luwe enteng dan akhire aku malah tak rutini gawe jogging ben dino. Dan gak mek area RT tok, aku sampe keliling area perumahanku sisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "401", "text": "Pas aku kelas 6 SD, aku wis diajari karo simbahku bayar zakat fitrah. Isuk-isuk aku dijak karo simbah neng pasar kanggo tuku beras. Sak ben wong kui kudu zakat beras 2,5 Kg. Pas kui neng omah ono 8 wong. Eyangku dadi numbaske 20 Kg beres kanggo dienggo sak omah. Beras 20 Kg kui abot banget dadi aku ora ngewangi simbah gowo karung kui. Aku mung ngewangi bukae lawang mobil, ben simbah luwih gampang delehe. Seko pasar, awak dhewe langsung menyang masjid ketemu karo panita zakat fitrah. Aku lagi ngerti yen meh ngewehi berase kui kudu ono akad utowo perjanjiane. Dadi pas kui, simabku salaman karo panitiane, ngomong yen beras iki seko sopo-sopo wae. Bar dianggep sah, lagi berase kui ditompo karo panitiane.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2780", "text": "Ulan wingi pas aku muleh aku petok koncoku sing dadi guru agama nag salah sijine sekolah nang kota santri nag jawa timur. Bocahe ngomong nag kabeh agomo iku duwe upacara keagaaman nek nang islma yaiku dino jum'at sing diarani jum'atan. Upacara iki biasanae rutin gelaksnakno karo wong islam nang endi-endi enggon nag kabeh negoro pas dino jumatan. Upacara iki wajib kanggo wong muslim lanang sak liyane wong muslim lanang ora kudu teko utowo melok jumatan maeng solae ancene anjurane iku wajibe iku ancen kanggo wong lanang tok. Mangkane nag pas dino jumat utowo jumatan akeh masjid sing ora ono wong wedok'e soale wong wedok ora wajib utowo ora kudu melok jumatan.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "2863", "text": "Alat musik tradisonal yaiku alat tabuhan utowo sing iso hasilno suara sing wes dikembangno utowo berkembang kat jaman leluhur utowo nenek moyang nang daerah utowo suku iku maeng. Lah alat iku maeng biasane bedo-bedo angger daerah nang endonesia iki. Soale alat musik iku maeng di gawe polahe ancene gecocokno ambek karaktere wong sing nang daerah kono. Mangkane nang indonesia sing duwe pirang-pirang adat, suku, ambek budaya yo mesti duwe pirang-pirang alat musik tradisional sing akehe megilan soale nang negoro awak dewek iki duwe pirang-pirang suku sing ora iso diitung jumlae. Masio ngunu saiki pemerintah mulai ngupayakno yo opo carane alat tradisional maeng isek tetep ono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "10072", "text": "Saben menungsa mesti gadhah daharan ingkang diremeni. Boten kejawi Pak Joko Widodo. Senadyan piyambakipun presiden, daharan ingkang diremeni boten neko-neko. Pak Jokowi remen dahar soto ayam, oseng kates, kaliyan jangan bening. Daharan sanesipun ingkang diremeni presiden nomer pitu wonten Indonesia menika lento, tempe bacem, orek tempe. Bab unjukan, piyambakipun remen ngunjuk jamu kaliyan jus buah. Jus buahipun dipungantos terus supados boten bosen. Nyamikan keremenanipun Pak Jokowi inggih punika bakwan jagung, jagung rebus, kaliyan tela goreng. Menawi saweg wonten Solo, salah satunggaling daharan langganaipun Pak Jokowi inggih menika Ayam Goreng Mbah Karto. Wonten mriku, menu ingkang dipesen lumrahipun ayam goreng kagem sambel blondho.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9729", "text": "Mbentuk dhasaring bebuden marang bocah prelu waktu sing ora sedhela. Akeh cara, akeh tuladha, lan akeh kegiatan kanggo nglatih bebudhene bocah. Nanging, nggolek cara sing asik lan senenge bocah iku sing sisah. Nah, iki ana salah sijining cara yaitu mawi ngajak nembangake tembang dhaerah. Tembang dhaerah iku nduweni akeh piwulang kang bisa dituladhani dening bocak. Tembang dhaerah sing gampang diapalake uga gampang dipahami amerga ngenggo basane dhewe isa luwih gampang mbentuk dhasaring bebuden bocah. Nadane tembah dhaerah uga nada sing gampang diapalake lan ora angel kanggo ditembangake. Kamangka kuwi, ayo kabeh padha nglakoni lan mirengke tembang dhaerah dening bocah-bocah ing dhaerahe dhewe-dhewe!!", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "175", "text": "Jalur komunikasi menungso kui ono loro. Awak dhewe iso berinteraksi kanggo coro lisan lan tulisan. Kabeh duwe baket dhewe-dhewe, ono sing iso ngomonge apik nanging tulisane ora runtut lan sak walikane. Kanggo wong-wong sing ora iso ngomong utowo wedi ngomong neng wong akeh, komunikasi liwat tulisan dadi coro sing paling cocok. Nanging koyo sinau moco pidato, nulis kui kudu diaasah. Ora ono wong sing ngerti-ngerti tulisane apik lang gampang dipahami karo wong-wong. Neng tengah-tengah kesibukan, kudu disempetke latian nulis. Ora kudu gawe naskah sesorah opo cerpen. Awak dhewe iso mulai nulis seko opo sing lagi dipikirke. Dadi senadyan ora iso ngomong karo wong liyo, wong kui tetep iso mengekpresike perasaane.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8147", "text": "Tokopedia iku salah siji platform toko online sing lagi diminati akeh uwong sisan. Sopo ae isok dodolan nang Tokopedia, termasuk awak dewe kabeh. Nek awakmu kate ndirikno toko nang Tokopedia, awakmu kudu nggawe akun disik. Iki carane nggawe akun toko nang Tokopedia. Siji, buka aplikasi Tokopedia, terus petek ‘Menu utama’. Loro, petek ‘Mau mulai berbisnis? Buka Toko Gratis’. Telu, awakmu bakal diarahno nang halaman buka toko, lanjut petek ‘Buka Toko Gratis’. Papat, tulis jeneng tokomu. Pastikno jenenge wes tepak, soale jeneng toko iku mau gak bakal isok diubah. Mbari ngono isi domain toko sing fungsine gawe link tokomu nang Tokopedia. Terakhir, lebokno alamat toko sing lengkap, terus petek ‘Simpan’.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "5472", "text": "Anita Alvarez kuwi salah siji perenang saka Amerika sing wis langganan melu kejuaraan dunia akuatik utawa renang. Berita kelelepe Anita iki dadi gedhe pas lagi ana pertandingan ning Budapest, Hungaria. Kedadian iki ana ning tanggal 25 Juni 2022. Penyebabe dekne bisa kelem yaiku kurange ketahanan awak lan ora tinemu tanda-tanda vital sing rusak. Untunge, pelatih renang iki gelem nulungi lan ngewenehi penjelasam babagan kondisi perenang iki. Anita Alvares iki duwe kondisi fisik sing lemah lan sempet semaput pas tanding ning Barcelona. Kamangka kuwi, akeh wartawan lan para ahli sing nyimpulake yen ana tekanan mental sing marai Anita gampang grogi lan panik sak durunge lomba. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "1759", "text": "Awak dhewe ora iso nyepeleke bencana alam opo wae. Mergone, awak dhewe ora iso ngiro-ngiro bakal segede opo utowo sak piro dampak sing disebabke karo bencana alam kui. Mungkin neng panggone dhewe kui kerep keno lindu utowo banjir. Sangking kerepe, awak dhewe wis ngeroso biasa wae sak ben keno bencana kui. Nanging, awak dhewe ora entuk lengah. Awak dhewe tetep kudu wasapada. Sopo ngerti becana sing saiki luwih parah seko sing kedadean-kedadean sak durunge. Yen awak dhewe nyepeleke, awak dhewe iso celoko. Bencana sing awak dhewe anggep biasa kui iso gawe nyowo sing ono neng jerone awake dhewe kui ilang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5410", "text": "Mingu isuk, Ani lan keluwargane ngerencanakake kanggo mlayu-mlayu ning stadion. Mlayu ning stadion iki murah banget amarga ora mbutuhake fasilitas sing akeh. Sing butuhke ya mung sepatu lan aja lali nggawa ngombe ben ora dehidrasi. Mlayu-mayu iki dadi olah raga sing disenengi amarga bisa marai sehat uga bisa dadi acara kumpul keluwarga kanggo Ani sak uwise seminggu kerja lan sekolah. Rampung mlayu-mlayu, biyasane bapak lan ibu ngejak mangan bubur ayam ning stadion sing rasane wis kesohor enak. Senajan mlayune ora sepira, nanging sarapan kudu tetep ana amarga kuwi dadi energi kanggo ngelakoni aktivitas minggu kuwi kaya resik-resik omah lan liyan-liyane. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "2486", "text": "Ndelok film iku ancene enake megilan opomane nag karo konco-konco terus delok bareng karo cangkruk bareng, wes enake megilan. Tapi nag delok film yo kudu ngerti iku jenise opo soale kadang film yo iso ngewei dampak nanggonane sing delok. Contone salah sijine yoiku film drama, film iki iso nguwei dampak sing reno-reno nanggonane sing delok contone berempati, sedih, bebas, stres, ambek nyantai. Kadang yo iso wae film iki garai awak dewek emosian soale kegowo karo salah sijine karakter sing iso mengaruhi pikirane awak dewek. Nah pas delok film sing jenis drama iki kadang iso ngewei pengaruh sing apik koyok iso nambah konsntrasi soale drama mesti butuh konsentrasi sing fokus gawe ngerteni alur filme. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8932", "text": "Hamstring iku otot sing terdiri teko telung otot gede dan letake nang pupu bagian mburi terus njalar teko pinggul sampe bagian ngisor lutut. Otot iku nduwe peran penting gawe ngelakoni aktivitasi mlayu, lompat, ambek manjat. Cedera hamstring iku kondisi nek otot pupu bagian mburi ngalami tarikan utowo robekan. Cedera iki isok dialami sopo ae dan akeh akehe dialami ambek olahragawan utowo atlet. Faktor sing isok ningkato cedera jenis iki onok enem. Siji, nduwe otot hamstring sing lemah. Loro, gak ngelakoni peregangan sak durunge olahraga. Telu, ngabaino kondisi awak sing wes pegel gawe tetep olahraga. Papat, nduwe riwayat cedera hamstring sak durunge. Limo, nduwe kelenturan otot sing elek. Terakhir, lemahe otot mergo umur.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "10169", "text": "Menawi boten pengen plesiran tebih ngantos Kaliurang kangge madosi panggonan foto ingkang endah, warga Jogja saged plesir menyang Taman Pelangi wonten Ring Road Lor, Ngaglik. Taman Pelangi boten bikak wonten enjing kados panggonan wisata biasanipun. Bikakipun sonten ngantos dalu. Nanging, turis langkung sae boten plesir mriku kala cuaca udan amargi Taman Pelangi kalebet taman outdoor. Atraksi ingkang utami ingkang damel panggonan menika dados viral inggih menika taman lampion. Lampion maneka rupa dados spot foto ingkang menarik kangge turis ingkang rawuh. Lampion-lampion bunder ingkang dipasang wonten lorong-lorong, lampion awujud tokoh kartun, kendaraan, ngantos lampion awujud rupanipun tokoh nasional kathah wonten mrika.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "99", "text": "Kerang kui pangan laut sing gampang ditemoni di daerah pesisir, koyo Jakarta, Cirebon, lan Semarang. Neng daerah kono, akeh banget sing ngedol werno-werno olahan kerang, seko sing gerobakan kaki lima tekan restoran gede. Mergo daerah kui cerak karo laut, kerang sing didol podo seger-seger. Dadi kerang kui wis enak sadurunge diolah nganggo bumbu sing werno-werno. Sak liyane enak, kerang kui ono akeh manfaate neng awak. Salah siji panganan laut kui iso ningkatke jumlah getih neng awak. Kerang kui mengandung zat besi sing duwur dadi iso ngatasi penyakit anemia. Kerang sing seger kui duwe kandungan omega-3. Zat kui berguna banget kanggo kesehatan jantung lan ngurangi resiko keno penyakit jantung.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5580", "text": "Roni kerja ning salah siji perusahaan sing nggarap aplikasi khusus kanggo sinau ning omah. Aplikasi kuwi pas jaman pandemi akeh sing nganggo amarga guru-guru akeh sing kurang bisa njelasake liwat online. Perusahaan aplikasi iki uga mbuka peluang gedhe kanggo akeh wong ning jaman pandemi. Nanging, saya suwe, perusahaan iki pailit lan rugi amarga para siswa wis mulai mlebu sekolah lan mulai sekolah langsung. Akeh pelanggan padha mlayu saka aplikasi iki lan uga milih sekolah konvensional. Kamangka, perusahaan aplikasi iki mutusake PHK kanggo akeh karyawane, kalebu Roni. Saka kasus iki, roni uga paham yen bisnis teknologi lan aplikasi iki kadhang ya ora kuat suwe lan ora bisa diprediksi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "410", "text": "Pas, jaman SMA, Ustaz Zakir Naik sempet teko neng Indonesia, tepate neng Yogyakarta. Dheweke ngisi tabligh akbar neng Universitas Muhammadiyah Yogyakarta. Konco-konco ora pengen ngilangke kesempatan langka kui. Dheweke ngejak aku melu kajiane kui. Dheweke pengen delok langusng ustaz sing biasane dheweke nonton neng Youtube. Sakjane aku yo kepengen mrono nanging aku ngerti yen akeh uga wong sing seneng karo ustaz seko India kui. Carane dheweke ngejawab wong-wong nonmuslim perkoro kitab Injil utow Zabur ngelawan Alquran kui wangun. Mesthine, ono wong-wong sing nonmuslim uga sing bakal takon neng UMY kui. Aku penasran sak jane. Nanging pas tekan hari H, rasane malas banget. Aku malah keturon neng omah dadine ora mangkat kajian kui.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10154", "text": "Daerah pantai ingkang tasih sepi lan dereng kathah dipunrawuhi dening wisatawan kasunyatanipun tesih kathah. Salah satunggalipun inggih punika pantai wonten wilayah Tapanuli Tengah. Asmanipun Mursala. Mursala menika asmanipun kepulauan wonten Tapanuli Utara ingkang werni lautipun biru jernih. Senadyan dipotret ngangge kamera henpon biasa, nanging hasil fotonipun tetep bakal jernih. Kepulauan Mursala tesih sepi. Boten kathah aktivitas warga. Wonten fasilitas awujud pondok lan warung. Wit klapa kathah thukul wonten salah sawijining pulau, inggih menika Pulau Bakar. Wohipun klapa wonten mriku saged dinikmati kanthi gratis. Wonten Pulau Mursala boten wonten pasir. Ingkang wonten inggih punika watu granit ingkang cemeng, ageng, lan landhep.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1744", "text": "Menurutku, wong lanang karo wong wedhok kui ora iso ono kancanan. Maksude, dheweke tetep iso kerja sama misale ono gawean lan liyane, nanging wong wedhok kui ora iso genteni konco lananga kango wong lanang lan sak walike. Yen wong lanang karo wedhok kui cerak, mesthi sing jedul kui rasa sayang. Paling ora, salah sijine ngerasake kui. Sing dadi masalahe kui, yen wong siji mau sing ngerasake. Sing siji ngeroso yen dheweke konconan lan sijine meneh nganggep hubungane luwih seko kui. Suwe-suwe hubungan konconane kui remuk. Senadyan arep balikan dadi konco meneh koyo biasane, hubungan kui ora bakal bener-bener balik koyo biyen.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "8648", "text": "Awak dewe kabeh sing nduwe sahabat, pasti berharape persahabatan iku bakal terus kejalin. Nyatane, gak kabeh iku isok dilakoni. Onok masane ndek ndi awak dewe alon alon bakal kepisah ambek sahabate awak dewe. Dan iku wajar kok. Nang dunyo iki gak onok sing bersifat abadi, koyok hubungan persahabatan. Onok akeh alesan opo’o hubungan persahabatan iku maleh dadi kepisah. Siji, hubungan iku mau nggowo dampak negatif gawe salah siji pihak. Loro, wes gak sak frekuensi maneh, dan iku sejalan ambek perubahan kepribadian sesuai berjalane wektu. Telu, hubungan iku mek mlaku sak pihak tok. Papat, mulai onok bibit racun nang hubungan iku mau. Terakhir, sering slek. Dadi gawe awakmu sing kepekso kudu pisah ambek sahabat mergo wektu, ikhlasno ae ya. Engkok awakmu pasti entok pengganti sing luwe apik kok.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "922", "text": "Pas SMP, aku ditukoke laptop sing mereke Toshiba. Aku lali disik aku duwene seri sing endi, nanging wernone kui ireng. Laptop kui lumayan obat, padahal pas SMP tekan SMA aku kerep gowo laptop kui neng sekolahan. Prosesor sing digunake laptop kui AMD E1. Pancen, kui dudu laptop sing performane apik. Yen laptop kui dienggo ngegim kui lelet banget, opo meneh kanggo gim sing abot. Saiki, laptope kui wis ora ono, wis diloake neng toko elektronik. Sak durunge diloake wae, kondisine wis elek. Proses bootinge kui suwe banget. Uga kondisi fisike kui wis rusak. Bagian nggok colokan charger kui rompal. Pas akhir-akhir sak durunge rusak banget kui, laptopku dadine ora iso digowo-gowo.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "8960", "text": "Ket cilik, aku iku wes dikenalno akeh pol jenis game sing onok nang komputer ambek bapakku. Salah sijine iku Stronghold. Game e iku engkok bakal mbangun kerajaan, terus ngelakoni perang gawe nyerang kerajaan liyane dan nguasai teritorial kerajaan lawan iku mau. Awale aku bingung, opo maneh perintah e iku nganggo boso Inggris kabeh dan pas iku aku sek kelas 1 SD. Tapi pas dilakoni, suwe-suwe aku paham dewe. Dan suwe-suwe aku sisan dadi ketagihan pol gawe dolen game iku. Bahkan aku sampe mbelani tangi isuk gawe nyalakno komputer dan dolen Stronghold iku mau. Nek pisane dolen iku, pasti rasane sampe lali wektu. Tau aku dolen iku ket jam 6 isuk sampe jam 12 awan.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "4664", "text": "Salah sawijine wong kang duwe peranan gedhe kanggo rante pangan ning dunya iki ya buruh tani. Sing dadi masalah kuwi, wong jaman saiki ora sadar yen panganan kuwi sak durunge diolah asale saka bahan baku sing dipanen saka buruh tani. Nanging buruh tani jaman saiki masalahe ora mung amarga rega tanah lan tenaga kanggo mbajak sawah, nanging ana masalah kaya tengkulak dan mlebune bahan panganan impor kaya beras. Salah siji contohe ya ing periode 1980 kantih 1990-an, Indonesia bisa swasembada beras, nanging akeh banget faktor sing marai Indonesia kudu impor. Nasibe petani iki mung gumlegar pas wayah panen, ning ya sakdurunge panen, buruh tani iki kaya disia-sia. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9227", "text": "Dolan sore-sore ana ing lapangan desa kurang jangkep yen ora tuku jajan tahu gejrot. Tahu gejrot sing asale saka Cirebon iki pancen wis misuwur banget ning Indonesia. Meh saben kutha mesthi ana sing dodol tahu gejrot. Menawa pengin gawe dewe, cara masake gampang. Kaping pisan, goreng tahu sing wis diresiki, banjur disisihke. Banjur gawe duduh kanggo tahu gejrote saka banyu panas kang wis umup, ditambahi kecap, kecap asin, gula bathok, lan banyu asem. Kaping telu, uleg dadi siji brambang, bawang putih, lombok, lan ditambahi uyah sathithik banjur dicampur karo tahu sing wis digoreng lan disiram karo minyak sing panas. Wasana, tahu sing wis dicampur karo ulegan bumbu iku langsung disiram maneh karo duduh sing wis dimasak, tahu gejrot wis siap dipangan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "803", "text": "Saiki cah ciliki lagi podo seneng sepatu roda meneh. Pas jamanku cilik disik, ora soale. Terakhir aku ngerti rame-rame sepatu roda kui taun 90-an utowo 80-an. Saiki olahraga kui populer meneh. Fenomena kui ketok seko opo sing tak dilok. Neng lapangan sing biasane tak enggo jogging ku, ono bagian sing dideweke kanggo dalur sepatu roda. Biasane sing nganggo bagian kui, anak-anak sing les utowo atlet-atlet sing lagi latian. Sing latian sepatu roda kui nganggo pelindung komplit, ono helme, ono pelindung sikut, karo pelindung lutut. Sing latian kui pas dino-dino biasa kui, pas sore tok. Nanging yen lagi ono pertandingan, porda misale, atlet kui bakal latian seko isuk tekan sore.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "7340", "text": "Dino iki aku ambek keluargaku berangkat nang Jogja. Pas ketepakan iki dino Jum'at, dadi nang tengah perjalanan mandek disik cekne bapak ambek adikku sing lanang isok Jum'atan disik. Sedangkan aku, adikku sing wedok, karo mamaku ngenteni nang njero mobil. Tapi mbasio ngono, awak dewe sek isok krungu khutbah sing disampaino nang Jum'atan iku. Materi khutbahe iku tentang poligami. Nang kono, ustad e iku membolehkan para suami sing kate berpoligami. Aku sakjane kurang sreg sih, soale aku tim anti poligami. Tapi ustad iku nerusno, poligami iku oleh nek suami isok adil nang kabeh istrine, gak oleh onok sing kurang utowo berat sebelah. Teko kono aku langsung mantuk-mantuk setuju.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6995", "text": "Akeh pakar kesehatan sing sering nyarano gawe ngonsumsi iwak salmon. Tapi ancen salmon iki wes terkenal banget nduwe manfaat sing baik gawe kesehatan. Kandungan protein sing berkualitas duwur, terus salmon yo nduwe kandungan asam lemak omega-3 sing apik gawe kesehatan jantung, otak, mripat, ambek organ tubuh liyane. Selain iku, fungsi asam lemak omega-3 sing apik gawe pertumbuhan rambut dan marai rambut luwe berkilau. Salmon yo nduwe kandungan vitamin D sing apik gawe kesehatan tulang ambek unthu. Rasa salmon yo enak terus gampang banget diolahe. Jaman saiki yo gampang nek kate nggolek salmon, soale wes akeh didol nang toko-toko frozen food.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "7490", "text": "Koncoku sing teko Jogja ngabari nek de’e kate nang Gresik gawe ngunjungi awakku. Aku langsung siap-siap gawe nyusul de’e nang Stasiun Gubeng soale nang Gresik gak onok Stasiun. Pas wes tutuk, awak dewe langsung pelukan eret banget soale saking kangene mergo gak ketemu pirang-pirang tahun. Awale de’e njaluk keliling Suroboyo disik, dan tak turuti. Pas eroh isine mek gedung duwur-duwur tok, de’e langsung njaluk nang Gresik ae. Akhire balik deh nang Gresik. Sak durunge moleh, aku ngajak koncoku nang rumah makan legendaris e Gresik, yaiku Sego Krawu Bu Ria. Pas mangan sego krawu, koncoku kaget banget ambek roso daging krawu sing kaya rempah iku dan gak onok rasa legine blas, gak koyok nang Jogja. Dan pas aku ngomong nek roto-roto panganan khas e Gresik iku rasane akeh rempahe koyok ngene, de’e langsung semangat gawe ngajak aku kulineran sesoke. De’e njaluke selama nang Gresik kudu nyoba kabeh panganan khas Gresik. Aku sih iyo iyo ae. Kapan maneh to koncoku mangan panganan khas Gresik, asli nang kotane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "8663", "text": "Ngelansir teko laman Good Therapy, coping mechanism utowo mekanisme koping iku strategi sing dilakoni gawe ngadepi situasi sing isok marakno stres utowo trauma psikologis. Strategi iku isok mbantu mereka ben isok ngontrol perasaan emosional sing muncul mergo stres. Mekasime koping iku tergantung ambek kepribadian ben uwong siji ambek uwong liyane. Jenis strategi mekanisme koping iku onok loro, yaiku emotion-focused coping ambek problem-focused coping. Tipe-tipe mekanisme koping iku luwe akeh maneh. Secara umum dibagi dadi aktif ambek maladaptif. Tipe mekanisme koping aktif iku mulai teko nggolek dukungan, relaksasi, pemecahan masalah, humor, ambek ngelakoni aktivitas fisik. Tipe mekanisme koping maladaptif iku mulai teko menyendiri, nenangno diri nganggo cara sing gak sehat, numbing, dorongan perilaku kompulsif, sampe nyakiti diri sendiri.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "3284", "text": "Kabeh bocah enom ambek generasi X mesti ngerti sing jenenge tik tok ambek piye cara gawene. Nah akeh-akehe bocah sing gawe maeng iku kanggo videoan ambek konco-koncone. Polahe akeh sing gawe maeng akhire tiktok ngetokno fitur anyar kanggo video. Nah fitur iku maeng wes diumumno ambek diberitakno nang sosial media. Jarene berita nag techno.okezone.com fitur iku diarani fitur lanskap sing marakno videone maeng dadi ombo. Terus berita iku maeng yo ngomonga nag pas maen video tiktok bakal ono fitur iku sing metu. Tapi sampek saiki kok isek durung ono kabar masalah iku maeng. Terus tiktoke bocah-bocah yo isek pancet. Yo paling pihak konone isek bingung. ", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "2360", "text": "Rabu wingi aku ketemu koncoku sing buka warung nang surabooyo. Deke pengen warung pecele duwe ciri khas pecel sing paling bedo karo liyane. Akhire deke bingung golek cara sing iso garai bedo karo liyane. Terus bocahe maeng tak kandani, palang awakmu jipik bumbu asli wae teko kota penghasil pecel, akhire bocahe ngandel terus tak sambungno karo koncoku. Bocahe diwei resepi terus coba ngeracik dewe. Sak wirse belajar sak minggu karo resep pecel sing anyar, akhire bocae iso gawe pecel sing enak nag warunge. terus warunge maleh rame. Mari ngunu bocahe ngembangno menu-menu liyane sing berhubungan karo pecel iku maeng, koyok lawu'e, terus lalapane, krupuke, ambek ono sing nganggo peyek barang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8683", "text": "Nang Indonesia, desa iku satuan pemerintah sing paling endek nang ngisore kecamatan. Kadangan, masyarakat iku nyebut desa iku kampung, dukuh, utowo dusun. Dukuh karo dusun iku sakjane podo cuma bedo penyebutan ae. Dusun utowo dukuh iku bagian nang njero desa sing merupakan lingkungan kerja pelaksanaan pemerintahan desa. Nang UU nomer 6 tahun 2014 tentang Desa, dijelasno nek desa dewe iku kesatuan masyarakat hukum sing nduwe batas wilayan sing berwenang gawe ngatur ambek ngurus urusan pemerintahan, kepentingan masyarakat setempat berdasarno prakasa masyarakat, hak asal usul, dan/utowo hak tradisional sing diakui ambek dihormati nang sistem pemerintahan NKRI. Kampung ambek desa iku podo, mek bedo penyebutan ae.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "74", "text": "Menurutku ruangan sing paling penting neng omah kui pawon. Mergo seko ruangan kui, wong-wong omah iso duwe tenogo dienggo ngelakoke aktifitas. Yen neng omah ora ono wong sing wetenge wareg, omah kui rasane koyo mati, ora ono gaiarahe. Makane kui, keresikan lan kerapian pawon kui penting. Pawon sing resik bakal ngehasilke masakan sing sehat. Nanging, pawon sing reged malah iso gawe wong sing mangan panganan seko kono dadi lara. Yen wong omah wis loro, ora ono sing iso beraktifitas lan omahe dadi ora kopen. Senadyan, pawon sing murah rapikui bakal gawe proses masak cepet rampung. Bayangke wae yen ngenteke wektu 10 menit dewe nggo golek piranti-piranti masak, koyo wajin, soil, peso, lan liya-liyane. Padahal, masake kui paling ngenteke waktu 6--8 menit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5104", "text": "Acara adat sing paling khas, rame, lan akeh jenis upacarane yaiku mantenan. Ana macem-macem acara adat ning Indonesia sing duwe tradisi unik lan bedha karo adat ning manca negara. Acara adat ning Indonesia iki akeh banget keperluane, kaya salah siji contohe kuwi mantenan adat Batak. Adat Batak iki prosesine dawa lan uga bisa ngentekake dhuwit akeh amarga resepsine bisa paling suwe seminggu amarga rangkaian acarane kuwi akeh banget, yaiku saka acara gereja kanthi adat lan keluwarga. Kamangka kuwi, adat iki ya ana pengaruhe karo panguripane masyarakat amarga wong enome dadi kerja luwih sregep kanggo mbiayani acara iki masio dibantu karo keluwargane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "153", "text": "Cilikanku, aku iling seneng pas diajak liburan neng Taman Mini Indonesia Indah. Taman hiburan sing sono neng daerah Jakarta Timur kui, gede bangat. Ambane tekan 150 hektar. Taman kui wis koyo dadi miniatur Indonesia mergo neng kono akeh omah-omah khas daerah seko propinsi paling ujung kulon tekan wetan. Ora mung omahe, nanging klambi khas daerah kui ugo dipajang neng kono. Taman mini kui duwe danau buatan sing tengahe ono miniatur pulau Indonesia. Pulau buatan kuli iso ketok cetok ning kreto gantung sing liwat neng duwure. Nanging saiki, Taman Mini Indonesia Indah kui wis direnovasi. Dadi kudune, taman miniatur Indonesia kui luwih apa seko pas terakhir tak kunjungi.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "10045", "text": "Indonesia gadhah maneka warna daharan kaliyan unjukan tradisional. Wonten daerah Jawi, mliginipun Yogyakarta, wonten salah satunggaling unjukan tradisional. Asmanipun wedang uwuh. Senadyan uwuh gadhah artos sampah, wedhang menika kadamel saking rempah-rempah ingkang manfaat kagem kesarasan. Rempah-rempah menika antawisipun kayu manis, kayu secang, godhong kaliyan wiji pala, kapulaga, jahe, kaliyan sereh. rempah-rempah kasebat diseduh kaliyan toya benter lajeng dipunsukani gendhis batu supados raosipun manis. Jahe kaliyan rempah-rempah sanesipun ingkang namung diseduh ketingal kados sampah wonten gelas. Werninipun wedang uwuh menika abrit lan kraos anget bilih dipunjuk. Wedang uwuh dipunpitados saged nyegah maneka penyakit. Amargi kathah manfaatipun, wedang uwuh kalebet salah satunggaling unjukan tradisional ingkang tasih bertahan ngantos sakpunika.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4699", "text": "Salah sawijining jenis kerang sing khas saka Medura ya kuwi lorjuk. Lorjuk kuwi jenise padha kaya kerang bambu nanging luwih cilik. Lorjuk iki bisa dadi panganan macem-macem kaya campuran rengginang, janganan lorjuk, lan liyan-liyane. Lorjuk iki anane mung ning Meduro lan Surabaya. Kewan iki sajane duwe potensi sing gede gawe dipasarake. Nanging ya kurang oleh dukungan saka pemerintah. Kudune, ana program sing bisa ngerewangi promosi lan budhidaya lorjuk ben lorjuk iki tambah kondhang lan bisa dikonsumsi wong akeh. Lorjuk iki ya nduwe kandungan gizi dhuwur nanging durung ana wong saka tekning pangan sing ngolah lan nemu formula apik gawe variasi ngolah lorjuk. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5027", "text": "Yen ngomongake perjuangan dakwah Nabi Nuh, seumur uripe Nabi Nuh iki dientekake kanggo dakwah lan nyampekake ajaran sing bener miturut kenabian lan umat sing percaya karo ajarane. Nabi Nuh iki uga duwe strategi kanggo dakwah, yaiku sing kaping pisan dakwah ndelik-ndelik amarga ora pengen umate nerima ajaran kuwi karo ati sing kepeksa. Sing kaping pindho, Nabi Nuh uga nggawe strategi dakwah terang-terangan lan ning ngaerp umum ben swarane dirungokake. Nabi Nuh uga ora meksa cara dakwahe nanging ya ngejak renungan karo ndelok bentuk alam dunya lan langit sing akeh lintang lan ana rembulan banjur dihubungake karo wahyu saka Gusti Allah. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "825", "text": "Mungkin akeh seko awak dhewe sing kenal Denny Sumargo kui seko kanal Youtube sing dheweke duwe. Nanging sebenere dheweke kui pemain basket sing ora ecek-ecek neng masane. Emane, karire dheweke kudu mandeg mergo cedero. Bar kui dheweke mutuske kanggo nyemplung neng donyo hiburan. Biasane yen ono wong sing pindah profesi kui awak dhewe sangsi dhewe. Awak dhewe ngeraguke bakete neng bidang sing saiki. Awale, aku yo koyo ngono. Nanging saiki dheweke terbukti dadi aktor sing ora kaleng-kaleng. Taun 2022, dheweke entuk meneh penghargaan neng bisang keaktoren. Neng Festival Film Wartawan Indonesia taun iki, dheweke meneng nominasi pemeran aktor film drama paling apik.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5473", "text": "Kedadian sing uga ora bisa diprediksi ning dunya atlet iki salah sijine crita babagan Kurao Toda. Kurao Toda iki atlet balap motor saka Jepang. Toda uga terkenal amarga semangate sing dhuwur lan uga bondo nekat amarga dekne tetep nantang maut senajan lumpuh amarga taun 2008 kecelakaan amarga ngetes motor. Sing paling ora disangka yaiku ning taun 2015, Toda iki ngadakake latian kanggo tanding motor. Banjur motore tiba ning tumpukan gabus plastik. Amarga panas sing sumbere saka mesin motor, gabus kuwi kobong lan Toda ora bisa nyelametake awake dhewe. Motore uga melu kobong amarga kebocoran tangki bensin sing nambahi geni kuwi. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "190", "text": "Pas cilik, aku tau dilesi musik karo wong tuoku. Neng panggon les-lesan musik kui, aku ora dhewean. Aku barengan karo dulurku. Neng kono, aku sinau nabuh drum. Masku lan mbakyuku latian dolan gitar. Lan adiku, sinau keyboard. Aku biyen milih dolan drum kui mergo menurutku wong sing iso nabuh drum kui keren banget. Nanging aku ora suwe sinau drum neng kono. Aku mung sinau musik kui sekatar 3 sasi. Selama sesi kui, aku mung iso dolan 3 lagu sing ketukane sederhana. Saiki aku lagi paham, aku kui ora patio berbakat neng bidang musik. Aku kui ora peka karo tempo. Pas aku iling-iling meneh, tempoku pas main drum kui ora karuan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "8929", "text": "Aku iku seneng nyobaki sembarang kalir olahraga ekstrem sing onok nang dunyo iki. Tapi onok siji sing durung keturutan tak coba, yaiku base jumping. Dadi olahraga iku koyok parkur, tapi awak dewe bakal nganggo parasut ben awak dewe gak tibo. Nek parkur iku kan mek lompat nang bangunan bangunan tok, nek base jumping iki isok sampe midak menara dan tiang listrik sisan. Makane iku opo’o base jumping disebut dadi olahraga esktrem, soale pidakane iku luwe duwur timbang nek ngelakoni parkur mbasio nganggo parasut. Tapi nek semisal awakmu iku seneng menantang maut dan nguji mentalmu, gak onok salahe nyoba base jumping sing dinilai isok memacu adrenalin.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4751", "text": "Ing sawijining dina, bapakku ngejak mlaku-mlaku ning salah sawijining kolam renang sing paling tuwo ning Kutha Blitar. Kolam renang iki ana ing sawijining hotel arane Herlingga Jaya. Kolam renange resik, sepi, lan mlebune gratis. Ana kolam gawe anak, ana kolam sing kanggo wong dewasa. Nanging saking sepine ya marai mrinding amarga suasanane sing bedha karo kolam renang umume. Kolam renang iki kaya nduwe aura sing rada medheni amarga pengunjunge mung sethitik lan panggone ana ing mburi. Nanging kajaba kuwi, aku lan adhiku bisa nglangi kanthi kesel amarga kunjungane ya bebas. Nanging ya ora ana fasilitas sing apik kaya jedhing sing resik lan panggon mangan kaya ing taman wisata.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "9397", "text": "Nyekel lan ngotak-atik kamera wis dadi penggaweanku. Kesenengan kanggo motret, ngerekam, lan sapanunggale nurun saka bapakku sing dadi juru foto ana ing kantor. Kanggo wong sing seneng motret, ana pirang-pirang babagan sing kudu diiling. Kaping pisan, babagan apa sing meh dipotret. Bisa babagan manungsa, kewan, utawa liyane. Kaping pindho, ora perlu kudu duweni kamera sing larang kanggo ngasilake foto sing apik. Wis cukup nggawe apa sing diduweni lan ditemeni nganti dadi juru foto sing masyhur. Kaping telu, motret uga dibarengi karo rasa. Kabeh bakal busa didelok saka kasil foto sing kokjepret iku mau. Yen motret kanthi rasa seneng kasile bakal seje karo motret karo rasa sing susah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "3166", "text": "Salah sijine olahraga eksterm sing tau tak lagoni yoiku skydiving. Olahraga iku maeng ancene medeni uwong soale dilakoni teko duwur pesawa cilik terus nyicir teko duwu pesawat iku maeng. Nah uwong nag ora duwe mentak kandel ambek sing wedih karo duwur mesti bakal ketinggingen koyok koncoku sing moro-mor ora iso obah pas atene nyicir teko duwur pesawat. Nah persiapane oalhraga iku maeng rodok larang soale ancen nyowo dadi totoane. Nah peralatane iku maeng koyok contone tas parasut sing jumlae iku ora mok siji tapi loro soale sing siji digawe cadangan nag apan ora kenek pas waktu medon teko pesawat. Terus sing siji iku helem sing kanggo jogone benturan pas medun.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "9231", "text": "Aku seneng mangan pithik. Pithik sing diolah lan dimasak apa wae bakal takpangan. Saben dina, Simbokku ngewenehi aku pithik kanggo dipangan sadurunge budhal sekolah. Ana ing sekolah aku uga tuku pithik yen ngaso. Biyasane, yen ngaso ana ing sekolah aku tuku pithik sing digoreng cilik-cilik lan dicampur karo terigu. Nalika dolan karo kancaku, aku ya bakal tuku pithik yen dijak mangan ning warung. Nganti kanca-kancaku padha nakok apa aku ora jeleh amarga mangan pithik saben dina. Untunge, aku ora duwe alergi utawa gatel-gatel amarga keakehan mangan pithik. Simbokku saben dina ya ngati-ati aku aja sampe kena alergi utawa gatel-gatel, dadine kadang sak minggu ana sedina utawa rong dina aku ora diwenehi pithik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "8971", "text": "Jaman saiki iku pasti kabeh uwong iku nduwe hp touch-screen sing koyok biasane. Tapi onok siji dosenku sing bedo pol. Jenenge iku Prof. Putu. Sing bedo teko beliau iku Prof. Putu gak nduwe smartphone. Hp sing dinggo iku sek hp Nokia lawas. Dadi nek kate ngehubungi beliau iku mek isok teko SMS utowo nelpon langsung. Dosen liyane iku wes ngongkon beliau gawe ganti hp, tapi Prof. Putu sek gak gelem. Jujur, aku salut pol ndelok dosenku sing siji iku. Beliau iki bener-bener sek betah nganggo barang lawas dan gak kepengaruh ambek perkembangan jaman. Beliau iki temenan wes gak ngurus perkoro dunyo tok. Sing dipikiri iku yaopo beliau isok mengabdi sampe pensiun engkok.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "5037", "text": "Nuturi babagan agama marang bocah kuwi carane akeh, salah sijine ya nganggo buku crita utawa media liyane kaya lagu lan video. Salah sawijine yaiku buku-buku sing nyeritakake adab ning cara urip sabendinane yaiku saka tangi turu kanthi arep turu. Nanging kanggo maca buku iki uga butuh pendampingan saka wong tuwa. Pendampingan iki kaya nukokake buku sing cocok karo umure ben ora bosen lan bisa diiling-iling karo bocah- bocah iki. Kaping pindho, kudu ndelok isine, apa ana isi sing temane ngejak anak kanggo intoleran lan ngelek-ngelekake agama liya. Kaping telu, wong tuwa kudu gelem maca buku kuwi sak durunge turu utawa manut jam aktif anak ben buku kuwi gampang dipahami. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "10185", "text": "Bangsa maritim kados Indonesia gadhah kathah jinis prau tradisional kangge melaut. Suku Mandar wonten Sulawesi Barat gadhah Sandeq, prau tradisional ingkang kondhang kacepetanipun. Saking cepetipun prau sandeq, wonten Sulawesi Barat sering diselenggarakake kompetisi prau Sandeq ingkang dados daya tarik wisata wonten Sulawesi Barat. Sandeq gadhah artos landhep amargi bentukipun layar kapal menika awujud segitiga ingkang landhep. Kecepatan maksimalipun prau Sandeq ngantos tigang dasa kilo per jam. Prau menika ugi saged nampung ratusan kilo barang. Padahal, ukuranipun kalebet alit. Ambanipun namung sakmeter, dawanipun sedasa meter. Bentuk ingkang alit menika dadosaken sandeq cepet lakunipun. Prau Sandeq gadhah keunikan saking teknik berlayaripun ingkang zigzag lan nglawan arahipun angin. Sanesipun kangge nampung barang, sandeq ugi saged digunakaken kangge nyebrang pulau. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "2134", "text": "Yen awak dhewe lagi ora ono duwit, usahake awak dhewe ojo ngasi utang. Utang kui iso dadi solusi sementara kanggo perkoro sing awak dhewe adepi. Nanging, kui ora ngerampungke perkorone. Sifate mung sementara. Yen awak dhewe tetep ora duwe duwit kanggo nyauri utang kui, awak dhewe tetep ono neng posisi sing podo. Perkoro sing kudu awak dhewe rampungke seko awal kui masalah golek duwit mau. Yen awak dhewe ora iso ngerampungke akar seko perkorone, perkorone malah tambah ruwet yeng awak dhewe ngutang. Ngutang kui biasane ono bungane, sing kudu awak dhewe bayar sak ben sasi. Dadi misale awak dhewe ngutang seyuto. Duwit sing awak dhewe balike luwih seko kui.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "7430", "text": "Aku seneng banget njaluk mamaku wacakno dongeng sak durunge turu. Dino iki, mamaku ceritakno tentang kisahe Bawang Merah karo Bawang Putih. Ceritane iku tentang Bawang Putih sing tertindas mergo Ibu Tiri karo Bawang Merah sing semena-mena karo de’e. Tapi ndek akhir Bawang Putih isok selamet, sedangkan Ibu Tiri karo Bawang Merah mati mergo diserang hewan-hewan berbahaya. Ibukku langsung nasehati aku ojok dadi wong sing jahat nek gak gelem koyok Bawang Merah karo Ibu Tiri. Kabeh perbuatan iku onok balesane. Sikap apik yo balesane bakal apik. Sikap jahat yo balesane bakal jahat sisan. Mbari mamaku ngedongeng, aku isok turu dengan nyenyak.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "2724", "text": "Kisah utowo cerito sing ono nang jero kitab suci iku asline certo sing dijepek teko uripe wong sing nag jaman biyen. Jarene koncoku sing ngulang sejarah kebudayaan islam, kisah sing dilebokno nang jero kitab iku ancene dilebobno ben wong sing moco kitab suci iku maeng iso oleh pengalaman ambek ilmu kanggo ngadepi masa depane. Mangkane wong sing gelek moco ambek ngerti kisah nang jeroni kitab suci pengalaman uripe iku ketok akeh timbang wong sing ora tau moco kitab suci. Terus sak liyane iku, kisah nang jero kitap suci yo iso dadi ilmu olahe kisah iku maeng saline didadekno contoh teko ajaran agama sing digowo ambek agama iku maeng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6676", "text": "Nandur wit kuwi bisa dadi salah siji bentuk terapi hijau sing dilakoni kanggo ngilangake stres. Miturut para peneliti, nandur kembang utawa wit-witan bisa marai ati seneng amarga ngerasa duwe bagian marang urip makhluk hidup sing anyar. Wong sing seneng nandur wit-witan iki bakal sadar yen keselamatan lingkungan kuwi penting banget lan bisa nyelametake saka marabahaya sing ana kaya tanah longsor lan kewan sing kelangan panggon. Nandur wit iki bisa ngilangake depresi amarga nandur iki padha karo ngerumat wit anyar sing bisa tuwuh lan yen wis dhuhwur kuwi bakal nyenengake ati. Nandur wit iki uga bisa ningkatake motivasi kanggo urip sehat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5000", "text": "Aku paling seneng yen wayah wulan poso amarga mesti hawane kaya anget nanging rame. Akeh acara TV sing isine mbahas ramadhan lan hawa ibadahe bisa luwih khusyuk. Aku wis mulai poso wiwit kelas 1 SD lan mesti kebak sampe maghrib. Biyen yen posoku kebak sak wulan, aku diwenehi hadiah pas riyaya karo bapakku. Sing paling nyenengake ya pas traweh. Pas aku isih cilik, aku mesti sholat traweh ning shaf paling mburi amarga bar traweh mesti aku dijak dolanan karo kancaku. Wayah traweh iki mesti rame akeh bocah cilik. Pas rampung traweh, kanca-kancaku mesti ngumpul lan dolanan macem-macem kaya dolanan engklek, mercon, lan dolanan jumprit singit. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "8623", "text": "Menurut Wikipedia, Karang Taruna iku organisasi kepemudaan nang Indonesia sing dibentuk karo masyarakat sebagai wadah generasi enom gawe ngembangno diri, tumbuh, ambek berkembang atas dasar kesadaran ambek tanggung jawab sosial dari, oleh, ambek untuk generasi enom. Karang Taruna iku anggotane pemuda pemudi ket umur 11 sampe 45 tahun, dan batesan dadi Pengurus iku mulai umur 17 sampe 35 tahun. Fungsi dibentuke Karang Taruna iku onok pitu. Siji, sebagai penyelenggara terlaksanane usaha kesejahteraan sosial. Loro, penyelenggara kegiatan penddikan ambek pelatihan gawe masyarakat. Telu, penyelenggara pemberdayaan masyarakat. Papat, penyelenggara kegiatan dalam hal pengembangan jiwa kewirausahaan gawe generasi enom nang lingkungane. Limo, penanaman pengertian, mupuk, ambek ningkatno kesadaran ambek rasa tanggung jawab sosial generasi enom. Enem, penumbuhan ambek pengembangan kebersamaan, jiwa kekeluargaan, kesetiakawanan sosial, ambek nguatno nilai-nilai kearifan nang bingkai NKRI. Terakhir, pemupukan kreativitas generasi enom ben isok ngembangno tanggung jawab sosial sing sifate rekreatif, kreatif, edukatif, ekonomis, produktif, ambek kegiatan praktis liyane atek ndayagunakno sembarang sumber ambek potensi kesejahteraan sosial ndek lingkungane.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "1207", "text": "Salah siji cita-cita kui aku pengen duwe usaha laundry. Usahane kui dudu kanggo aku golek bati sing akeh. Nanging kui mung kepengenanku wae, soale disik aku kerep bolak-balik laundry kanggo ngumbahi klambi tari sanggarku. Sak durunge buka usaha kui, ono beberapa hal sing bakal tak lakoke. Sing kesiji, aku bakal golek panggon sing cerak kos-kosan mahasiwa. Aku kepengen target pasarku kui mahasiswa. Sing keloro, aku golek pegawe sing iso tak percoyo. Sing keloro, aku bakal ngitung-ngitung modale lan perkiraan biaya oprasionale. Aku pengene kui rego laundryane kui murah dadi terjangkau kanggo mahasiswa. Senadyan regone dimurahi, aku tetep kepengen pegaweku untuk gaji sing sak ora-orane podo karo UMR Yogyakarta pas bisnise kui digawe.", "label": 7, "label_text": "business"} +{"id": "6666", "text": "Stres kuwi mesti ana pemicune lan kadhang wong ora bisa sadar lan ngerti apa wae sing nyebabakae stres. Stres iki kadhang uga ora kerasa lan bisa ngerasuk marang ati lan marai lara kaya maag. Sing lali dilakoni karo wong liya yaiku nyatet uga mikirake pemicu sing ana kaya misal gawean, keluarga, lan utawa anane kebutuhan liyane. Pelampiasan stres kuwi kadhang kudu cocok karo apa penyebabe ben cepet ilang kaya misal yen ana masalah keluarga, kudune ya lunga menyang konselor keluarga ben masalahe cepet rampung. Yen stres amarga kebutuhan sing ora terpenuhi, ya pemenuhan kebutuhan kuwi salah siji cara ngilangake stres. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "5470", "text": "Rudi kuwi salah siji atlet mlayu sing paling berprestasi ning sekolahku amarga wis akeh menangke lomba ning tingkat nasional. Sing marai Rudi hebat iki yaiku dekne tetep bisa njaga kemampuane ning bidang akademik lan uga isih ranking 10 besar. Kamangka kuwi, Rudi iki dijuluki \"anak ajaib\". Nanging pas kelas 3 SMA, Rudi milih prei saka kabeh kegiyatan olahraga amarga arep ujian. Nanging akeh wong kang eman yen Rudi iki prei amarga durung ana sing bisa ngganteni. Amarga kuwi, Rudi uga meksa melu lomba mlayu, nanging malah ora konsentrasi lan kalah ning tingkat kabupaten. Wiwit kuwi, wong ning sekolah mulai paham yen Rudi ana priotitas kanggo ngejar pendidikane dhisik. ", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5154", "text": "Apel Malang wis dadi oleh-oleh sing khas saka kutha sing adem kuwi. Ning daerah gunun kaya Batu utawa Pujon, apel iki didol kiloan utawa ning jaring kuning lan ditata apik. Jaman biyen mutu apel isih apik lan isih seger amarga nutrisi saka lemahe uga kecampur karo zat awu gunung sing sifate nyuburake. Nanging jaman saiki, apel kuwi wis ora sepira enak amarga akeh sing nggawe obat-obatan kaya pestisida lan fungisida sing marai rasa seger apel kuwi ilang lan sepa utawa ora ana rasane. Panjalukan babagan stok ning pasar dhuwur, nanging ya ora kabeh apel bisa dipanen cepet. Kamangka kuwi akeh petani sing nganggo karbit kanggo matengake apel lan ngerusak rasa. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} +{"id": "3186", "text": "Manfaat olahraga ancene gedene pol kanggo awak iki. Opo maneh dampake nang kesehatan yo tambah mesti akeh. Nah dampake nang kesehtan iku maeng koyok contone iso nekan ostoporosis, biasane iki nag wonge gelek ngelakoni olahraga angkat beban soale iso bentuk tulang sing kuat. Maringunu yo isi nunda keterbatasan fisik nag wes tuwek mene, olahraga iki biasane olahraga mlayu ambek latiha aerobik. Mari ngunu yo iso menangkal obesitas soale lemak-lamak sing ora dibutuhno iku mesti diobong nag pas olahraga, dadi sing jenenge lemak ora sampek numpuk. Terus iso nyegah loro geger soale gegeri wes kebentuk kekuatane teko olahraga maeng. Mangkane olahraga iku penting kanggo awak dewek kabeh.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4666", "text": "Profesi sing lagi kondhang ning jagad kuliner salah sijine barista utawa tukang nggawe kopi. Tugase barista iki ora mung nggawe kopi nanging ya njaga mutu kopi lan konsistensi rasane kopi sing digawe mau. Carane dadi barista kuwi umume magang utawa daftar ning kafe cilik-cilikan kanggo nggolek pengalaman lan sinau babagan kualitas kopi. Barista uga kudu ngapalake jeneng piranti, takeran, lan apa bedane menu siji karo menu liyane. Bar kuwi yen wis oleh pengalaman, bisa njupuk sertifikasi saka pemerintah lewat UMKM utawa lembaga sing ngurusi tenaga kerja. Sak liyane kuwi ya ana pihak swasta sing nyediakake beasiswa kanggo barista. Sing penting ngumpulake portofolio, pengalaman, karo akeh sinau babagan kopi. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9698", "text": "Panggon ibadah ana ing Indonesia iku akeh cacahe miturut agama sing ana. Agama iku mesti duweni panggon ibadah dhewe-dhewe. Kayata masjid kanggo wong Islam, gereja kanggo wong Kristen, vihara kanggo wong Budha, pura kanggo wong Hindu, lan klenteng kanggo wong Konghucu. Saben panggon ibadah bisa mlaku bebarengan lan berdampingan amarga masarat Indonesia sing bisa toleransi karo padha umat beragama liyane. Wiwit cilik kudu wis ngerti panggon ibadahe dewe minimal supaya ora nganti keliru mlebu ing panggon ibadahe umat liya. Saliyane iku melajari panggon ibadah umat liya ora apa apa supaya tambah ngerti yen Indonesia iku pancen akeh ragam lan maceme. Mula, ayo padha sinau babagan papan ibadah ing Indonesia supaya luwih bisa toleransi karo wong liya. ", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "3164", "text": "Olahraga sing mrawasno iku jarene koncoku yo menek, sing asaiki diarani panjat tebing. Olahraga iku nag ora ati-ati iso nyowo sing dadi ilang. Soale sing dipenek iku ora kayu tapi koyok bukit utowo tebing sing ancene iku ora ono pange tapi mok ono watu sing dadi gandolan nag sing jenenge watu yo mesti kadang iso breset terus iso metet barang. Tapi saiki sing jenenge panjat tebing iku dilakoni nang panggonan sing dirupakno koyok tebing tapi iku teko wesi sing diwei petelan digae gandolan. Nah iku sing saiki marakno aman terus saiki yo wes ono pengamane tali sing digawe jogo-jogo nag pas breset barang. Dadi daiki masio iku termasuk olahraga ekstrem tapi wes rodok aman.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "4784", "text": "Yuni dadi film sing bisa tembus festival ing manca negara tahun 2021. Film iki nggambarake piye perjuangane wong wadon ngadepi permasalahan kaya pendidikan, omah-omah, bebojoan, lan nggambarake piye perane wong wadon kanggo masyarakat. Ning film iki pancen akeh pitutur sing bisa dadi semangat kanggo bocah-bocah wadon ben duwe pendidikan dhuwur, nanging film iki akeh sing ora setuju amarga nggambarake situasi sing ora cocok karo Cilegon, latar film kuwi amarga Cilegon digambarake nduwe penduduk sing pemikirane kuno lan duwe budhaya kawin enom. Nanging film iki ya akeh pendukunge amarga nyeritakake keadaan sing ana ning daerah liyane, utamane ning njero desa lan dusun sing adoh saka kutha,", "label": 2, "label_text": "leisures"} +{"id": "1789", "text": "Kanggo wong sing duwe penyakit paru-paru utowo duwe penyakit pernapasan, tinggal neng deso neng daerah gunung kui iso dadi pilihan sing palin apik. Soale, udara neng deso kui adoh luwih resik timbangane neng kota. Neng deso ora akeh polusi sing ditoke karo montor lan mobil. Neng kono mesthi ora bakal akeh pabrik. Udara sing resik kui mungkin ora iso gawe mari penyakit peranapasane mau, nanging paling ora penyembuhane iso luwih cepat lan napase iso luwih lego. Sakliyane kui, neng deso kui uga luwih tenang. Ora seribut lan sekebak neng kota. Dadi ora mung napase wae sing lego, nanging pikirane iso dadi luwih kalem.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2373", "text": "Saiki jamane wes moderen. Kompor wae ono sing jenenge kompor induksi alias kompor listrik. Kompor induksi iku bentuk'e luwih sederhana tapi teknologine ruwet. Bentuke kompor iki yo meh mirip koyok kompor biasane cumak ora ono sing jenenge bolongan geni, tapi ono untir-untiran digawe nyerel suhu panase. Kompor iki asline mirip koyok kompor listrik biasane, cumak kompor iki duwe gelombang elektromagnetik sing digawe manasno peralatane masak. Kompor iki yo podo wae diakakno karo listrik ben iso panas. Cuman bedane kompor iki luweh ifisience nag ngatur panas. Kompor iki iso luweh cepet sampek 50% timbang kompor listrik biasane. Mangkane saiki kompor induksi mulai diminate wong-wong kota. Tapi kelemahane nag listrik mati awakmu ora iso masak. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "4672", "text": "Ana salah sawijine alat masak sing wis jarang digawe karo wong jaman saiki yaiku bokor. Bokor kuwi bentuke kaya mangkok, umume digawe saka wesi, kuningan, emas, utawa lempung. Ning prosesi umat hindu, bokor kuwi fungsine kanggo wadah kembang, kemenyan, lan piranti sembahyang. Nanging, bokor iki ya kena dinggo pengganti tungku cilik. Sing digawe pengganti tungku iki bokor sing digawe saka lempung amarga bisa luwih awet yen kena geni. Bedhane sing kuningan utawa wesi dinggo wadah banyu amarga ora ngerusak rasane banyu lan bisa njaga suhu banyu. Bokor sing digawe saka kuningan biasane uga digawe prosesi adat kaya mantenan utawa acara keagamaan. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "35", "text": "Sate klatak wis dadi wisata kuliner sing kudu diparani nek misale plesiran neng Yogyakarta. Sate klatak iki asal seko Bantul. Neng dalan Imogiri Timur lan Imogiri Barat, jenis sate iki gampang ditemoni neng pinggir dalan. Nanging, menurutku, sate klatak iki rasane biasa wae, enak ning ora spesial. Sate klatak kui sate wedhus sing dibakar nganggo ruji wesi. Sate iki ora ngaggo bumbu kacang. Daginge mung dibumboni uyah karo mrico. Disajike nganggo kuah gule. Biasane sak porsi sate klatak isine ono sego lan rong tusuk sate. Sak sate isine kiro-kiro ono limang potong daging wedhus. Seko bumbune kui, kebayang nek rasane ora patio istimewa. Kuah gulene yo cuer lan bumbu rempahe ora nendang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "5402", "text": "Wushu yaiku olahraga saka Tiongkok sing artine seni tempur utawa seni bela diri. Seni sing ana ning wushu iki ora mung seni gerak, nanging uga seni nganggo senjata, ngatur logistik lan ngatur strategi perang. Wushu kuwi ora mung ngandelake gerak, nanging uga ana seni ngatur konsentrasi, pikiran, lan uga mental. Wushu klasik uga sinau obat-obatan kanggo nyehatake lan ngobati awak. Wushu iki ngandelake keleturan awak lan keindahan gerak. Elemen wushu kuwi ana tanah, geni, banyu, udara, lan logam. Wushu iki uga ora bisa disinaoni instan kaya beladiri liyane, nanging uga kudu dilatih wiwit cilik, amarga wushu iki uga dadi misi nguri-uri budhaya Tionghoa.", "label": 1, "label_text": "sports"} +{"id": "5023", "text": "Crita keluwarga Nabi Ibrahim iki uga dadi salah siji kisah sing ana ning jero Al-quran. Salah siji crita iki yaiku babagan asal-usule sumur zam-zam. Miturut Imam Al Bukhari saka hadits Ibnu Abbas, sumur sing dadi jujugan jamaah haji iki ditemokake karo Siti Hajar, garwanipun Nabi Ibrahim sing lagi ngelak lan lagi golek banyu ning sekabehe penjuru Kutha Makkah pas ditinggal karo Nabi Ibrahim. Siti Hajar mlayu nang Bukit Shafa lan mbalik marang Bukit Marwah kanthi ping 7, kamangka iki disimbolake ning tata cara haji yaiku sa'i. Pas wis kepitu, Siti Hajar ndelok Jibril nyentakake sikile ning tanah lan banjur kuwi metu banyu sing saiki dadi banyu zam-zam.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "6949", "text": "Sakjane aku rodo bingung nek dikon milih rasa minuman opo sing paling gak mbok senengi. Tapi nek tenan dikon milih siji ndil, rasa minuman sing aku kurang seneng iku taro. Taro iku bahan dasare teko telo ungu. Aku nek dikon mangan telone yo langsung sregep, tapi nek wes diolah dadi taro dadi kurang seneng. Kudune kan nek ngono rasane luwe dominan telo, tapi anehe sembarang kalir minuman taro sing wes tau tak coba rasane malah dominan koyok rasa kacang. Dadi rasane gak dadi rasa legi taro, malah condong nang gurih koyok kacang. Nek awakmu kabeh nggolek ombean sing rasane legi, aku sih gak rekomen, mending milih rasa liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "2717", "text": "Nang kotaku iku ono sing jenenge Romo yai. Nah Romo yai iku termasuk wong sing dianggep tokoh penting nang masyarakat nang perkoro agama. Romo yai iku termasuk wong sing paling penting termasuk mutusno opo-opo sing ancene dianggep penting karo wong deso biasane mesti jaluk rasan nang romo yai. Opo maneh nag wayae pemilu, biasane wong deso mesti melok opo sing dipilih karo Romo yai. Romo yai nang daerah gonanku iku termasuk duwure kyai sing mangku pondok-pondok pesantren. Dadi opo sing diomongno ambek romo yai iku wong-wong mesti manut soale mesti akeh apike. Mangkane uripe nang daerah nggonanku jenenge wong islam iku enake megilan soale kabeh wong mesti melok Romo yai iku maeng.", "label": 3, "label_text": "religion"} +{"id": "1758", "text": "Taun 2020, awak dhewe ngerasake pademi kanggo pertama kaline. Rasane ora penak banget. Akeh sing kelangan wong disayang lan ono uga wong sing kelangan gaweane. Akeh wong sing uripe angel mergo bencana kui. Nanging, senadyan durung suwe iki, status pandemi neng Indonesia wis dicabut. Nanging, awak dhewe kudu wis cepak-cepak meneh kanggo pandemi sing berikute. Durung ono berito sing resmi bakal ono pandemi meneh. Nanging koyo sejarang sing berulang, pandemi uga koyo ngono. Sakdurunge iki, pandemi terakhir ono pas taun 1908. Senadyan wis suwe, nanging iso wae pandemi sing saiki ora kudu nunggu sak abad ben balik meneh. Soale saiki kabeh negoro wis terhubung dadi luwih gampang kanggo virus kui nyebar. Makane kui, supoyo awak dhewe ora uripe ora seangel pas jaman covid biyen, awak dhewe wis kudu cepak-cepak dana darurat seko saiki.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} +{"id": "2375", "text": "Chopper iku alat masak sing digawe ngalusno sembarang bahan masak. awit teko daging sampek bumbu-bumbu masak koyok jahe, kunir, bawang, brambang, ambek liyan-liyane. Jarene briliofood chopper fungsine luweh akeh koyok contone nugel, giling, ngalusno, ambek nyampur bahan panganan polahe gamane chopper iki lumayan gede. Tapi nag jareku chopper iku luweh multifungsi, soale iso dadi penggantine blender barang. Terus ukurane barang luwih cilik timbangane blender, soale daya tampunge luwih saitik tapi kekuatane digawe giling mengilan. Mangkane saiki wong sing senengane masak-masak luweh milih chopper timbang blender soale yo iku maeng, fungsine luweh akeh timbang blender. Masio regane rodok larang sitik, sing penting kekuatane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} +{"id": "9031", "text": "Aku lagi butuh tontonan anyar. Terus ambek koncoku moro dikeki anime Jepang sing judule Tokyo Mew-Mew. Jarene ceritane apik, dan bener-bener pas ambek seleraku lah. Akhire pas nang omah, aku langsung nonton anime iku. Pas tak dontok, bener-bener aku kelingan ambek Sailor Moon. Soale alur e iku gak bedo adoh, cuma bedo cara pengemasane ae. Terus aku fokus ambek robot peliharaan e Ichigo sing jenenge Masya. Terus aku mikir, koyoke enak yo nduwe robot peliharaan koyok Masya. Dikeki mangan iku isok kapan ae, tapi gak usah leren ngresikno kotorane soale de’e wes isok mandiri. Ah, dadi pingin nduwe robot peliharaan koyok Masya.", "label": 6, "label_text": "technology"} +{"id": "7713", "text": "Sit up iku salah siji latihan otot sing dadi andelan wong-wong dan paling akeh dilakoni sopo ae. Sit up iku dilakoni dengan cara ngeleset nang ngisor terus sikil ditekuk, terus awak bagian duwur munggah sampe isok nempel nang bagian pupu. Sit up iki latihan penguatan otot weteng sing isok dilakoni tanpa nganggo alat opo ae. Tapi selain iku, sit up iku latihan multi otot sing isok ngelatih otot sing liyane sisan. Sak liyane otot weteng, onok otot dodo, otot fleksor pinggul, otot geger ngisor, ambek otot gulu. Selain gawe ngelatih otot, sit up sisan isok gawe mbakar kalori sing nang njero awak. Selain iku sisan, sit up iki isok sisan gawe ngecikno postur tubuh.", "label": 1, "label_text": "sports"}