{"id": "423", "text": "Nabi Yusuf kui jarene wong sing paling ganteng sak donyo iki. Kegantengane kui digambarke sak wise kedadean, Zulaikha ketauan barengan neng kamar karo Yusuf. Akeh wong wedok sing ngerasani dheweke. Kenopo iso Zulaikha kepincut karo pelayane dhewe. Krungu kui, Zulaikha keroso mangkel lan ngundang wong-wong kui neng pesta. Neng ngarape kabeh tamu kui, disediani buah karo peso sebagai jamuane. Banjur Zulaikha ngudnang Yusuf mlebu. Pas para tetamu delok, peso sing lagi ngiris buah kui ora sengojo keno tangane. Para tetame heran karo kegantengane Yusuf tekan dheweke podo ora ngeroso perah keiris peso neng tangane. Wong-wong kui ngomong sing ono neng ngarepe kui dudu menungso nanging malaikat.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "568", "text": "Salah siji cara ben alat musik tradisional kui dikenal meneh kanggo dikolaborasike kanggo alat musik lan musik modern. Akeh wong sing selarane dudu musik tradisional. Harapane yen ono sitik-sitik unsur musik daerah kui, wong-wong mulai tertarik lan paling ora ngerti swarane koyo piye. Cara iki berhasil neng lagu Lathi seko Weird Genius. Kelompok musik kuwi ngeleboke unsur musik gamelan neng lagune. Malahan lagune kui, ono sing ngaggo lirik basa Jawa. Lagu kui iso diterimo karo masyarakah Indonesia. Sing luwih ngebanggake, lagu kui uga tekan terkenal sak donyo. Harapane, bakal luwih akeh wong-wong sing gawe lagu sing mirip-mirip koyo Lathi kui. Nek iso uga alat musik lan seko basa daerah liya.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "3196", "text": "Saiki nag delok pertandingan mboh iku bal-balan utowo liyane mesti dianjurno kanggo vaksin disek soale kondisine saiki wes bedo ambek biyen. Terus saiki yo kudu meloki sing jenenge protokol kesehatan polohae sing jenenge virus corona utowo covid isek ono nang pinggir-pinggir. Aturan-aturan iku maeng ancene kudu dilakone soale iku wes didadekno peraturan sing anyar nang gonane kemenkes ben iso ngurangi penyebarane virus siji iki sing wes mateni pirang-pirang uwong. Sak liyane iku, yo kudu gowo masker barang ben ora gampang kenek udara sing ancene wes kenek inveksi virus corona iku maeng. Dadi saiki iku peraturan-peraturan sing anyar iku kudu dituruti.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "4011", "text": "Jaman biyen, iku akeh wong sing durung ngerti manfaate nabung kanggo simpenan iku opo. Mergane wong biyen roto-roto isek model deso kabeh, dadi nag ono opo-opo isek podo guyub ambek tanggane sing gantian nag ono opo-opo. Mangkane wong biyen iku arang sing duwe tabungan, terus akeh-akehe iku mesti didadekno kewan ternak sing akhire engko kenek digawe opo=opo nag ono kebutuhan sing dodok koyok musibah ambek liyane iku maeng. Nah wong biyen ancene ora ono tabungan ngunuku, tapi akeh-akehe duwike iku kanggo ngingoni kewan ternak ben duwike iku iso berkembang utowo tambah akeh. Nah nag wong saiki iku mok ditabung ambek diinvestasekno nag duwike pengen berkembang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9620", "text": "Deni mari maca kisah Nabi Ibrahim sing diobong nanging ora kobong. Deni nggumun nyatane, Allah tenanan bakal ngewangi hambane sing taqwa lan beriman. Awale, Deni kaget nalika maca crita iku Nabi Ibrahim meh diobong karo Raja Namrud amarga Nabi Ibrahim wis ngerusak patung sing disembah karo umate. Raja Namrud ngutus pasukane kanggo nggawe perapian sing gedhe lan dukur supaya kabeh wong bisa ndelok Nabi Ibrahim sing diobong. Nalika Nabi Ibrahim mlebu ing geni, Nabi Ibrahim nrima panulunge Gusti Allah. Geni iku dadi ora panas lan akhire Nabi Ibrahim selamet. Deni langsung iling kanggo luwih nggedeni iman lan taqwane marang Gusti Allah supaya panguripe tetep lancar", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "8697", "text": "Mbasio jenis transportasi umum nang Jakarta iku wes uakeh pol macem e, tapi eksistensi bajaj iku sek tetep onok. Bahkan sek akeh bajaj sing kesebar nang ben daerah nang Jakarta. Hal iku soale bajaj sek dadi pilihan gawe akeh wong, opo maneh gawe uwong sing katrok. Sak liyane iku, bajaj iku dadi kendaraan wisata ben isok nikmati dalanan nang Jakarta. Nek awakmu kepingin numpak bajaj, tutono cara iki. Siji, pilih salah siji bajaj sing ngetem nang cedekmu. Loro, ngomong nang supir bajaj e nek kate nang lokasi sing kate mbok tekani. Telu, numpak bajaj dan nikmati perjalanan. Terakhir, nek wes tutuk, bayaren.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "2128", "text": "Yen arep dodolan panganan kui, awak dhewe ora mesthi iso masak. Yen awak dhewe iso masak kui luwih apik. Soale, awak dhewe iso golek rasa sing cocok dhewe lan iso gawe resep dhewe. Awak dhewe iso eksperimen piyen carane panganan sing awak dhewe dodol kui enak nanging tetep iso didol neng rego sing paling murah. Intine, perkoro dodolan sing ono kaitane karo produk panganan sing awak dhewe dol. Nanging kui ora kudu, awak dhewe iso golek rekan bisnis utowo profesional kui kanggo masak lan ngeracik resep masakane. Senadyan mergo kui, awak dhewe dadi ngetoke duwit sing luwih. Nanging yen awak dhewe iso kenopo ora. Awak dhewe kudu ngekei sing terbaik kanggo pelanggane dhewe.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "4030", "text": "Biyen pas aku melok kegiatan boach-bocah sing senengane munggah gunung utowo muncak, aku dilangi pengalaman sing akehe pol kanggo urip nang alam sing ancene alam iku lepas teko uripe menungso utowo kenek diarane alam liar. Nah salah sijine yoiku carane kanggo gawe geni utowo ngobong kayu ambek ngakakno geni karo alat sak onone. Tibake masio ketok gampang tibake iku yo rodok angel, mergane ora tau jajal lagek pisan, dadi bocah-bocah iku golek pange kayu sing ancene wes garing terus diesek-esekno sampek berok sing akhire kenek digawe ngakakno geni sing wes ono layahane sing gampang kobong maeng. Nah mari ngunu yo iso golek kayu sing rontok-rontokan ben iso ambek kenek gawe ngobong.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7764", "text": "Jaman saiki, akeh banget olahraga banyu sing digawe sarana wisata ndek pirang panggon ndek Indonesia. Salah siji sing paling terkenal iku snorkeling utowo selam permukaan. Snorkeling iku nyelem nang njero laut nganggo alat berupa masker selam ambek snorkel. Biasane sisan nganggo alat bantu gerak berupa kaki katak gawe nambah daya surung nang sikil. Snorkeling iku salah siji olahraga banyu sing asik buanget. Awakmu gak perlu nduwe keahlian khusus gawe ngelakoni iki soale snorkeling iku mek renang nang permukaan tok, dadi resikone luwe cilik sisan timbang nyelem langsung. Wes ngono, awak dewe wes isok ndelok pemandangan laut sing uapik dan akeh maceme.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5468", "text": "Sepedaan ning dalan sing lurus kuwi wis biyasa. Nanging sepedaan ning gunung kuwi sing mesti dicoba karo kanca-kanca amarga olahraga iki nantang banget lan bisa kanggo ngasah adrenalin. Sepeda gunung iki uga ora bahaya kara motor trail lan risikone ora sedhuwur motor trail. Olahraga sepeda gunung iki mbutuhake kekuatan fisik sing luwih gedhe, kamangka kudu siap lan kudu akeh latihan sak durunge mulai olahraga. Para kanca uga kudu nyiyapake sepeda sing cocok kanggo ukuran fisik lan sarana kanggo ngelindungi kaya helm, pelindung sikut uga dengkul, kaca mata, uga nyiyapake banyu ben ora dehidrasi. Amarga kuwi, ayo saiki njajal olahraga iki!", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "1202", "text": "Jenis usaha sing paling kerep awak dhewe delok kui usaha dodolan panganan lan minuman. Usaha jenis iki iso awak dhewe bagi-bagi. Awak dhewe iso ngebagi jenis usaha panganan lan ombenan iki seko panggon usahane. Ono sing pedangan keliling ono sing ono panggone sing tetep. Usaha panganan utowo embenan sing mubeng-mubeng kui biasane nganggo gerobak. Nanging saiki, wong sing dodolan keliling kui iso wae numpak montor tekan iso diubengke nganggo trek. Jenis sing keloro kui, wong sing dodolan panganan lan minumana sing panggone tetep. Bisnis sing jenis iki ono sing neng panggon sederhana lan ono uga sing mewah. Contoh bisnis panganan lan minuman iki sing sederhana kui koyo angkringan-angkringan neng pinggir dalan lan contoh sing mewah kui koyo restoran sing ono neng hotel-hotel.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "947", "text": "Pas mesin cuci neng omah kui rusak, sing iso dienggo neng mesin cucine kui mung bagian pengeringe tok. Dadi awak dhewe yen arep ngumbah kui gabungan nganggo coro manual lan nganggo mesin. Dadi, pertama kui, klambi sing reged awak dhewe bilas disak. Yen wis resik, klambi-klambine mau nganggo diterjen. Awak dhewe biasane nganggo diterjen sing cair. Sak liyane mergo kui ora akeh busane, diterjan cair kui uga turahan pas mesin cucine isih isi dienggo, dadi kanggo ngetek-ngeteke. Banjur, klambine kui dikucek lan dibilas peng telu. Yen busane wis ora ono, klambine kui lagi direndem neng pelembet. Nah bar kui, lagi digaringke nganggo mesin cuci sing separo rusak kui.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2346", "text": "Gawe jus buah saiki ora perlu gudu nang bakul jus, soale kabeh wong iso gawe jus ambek rasane nag gawe dewe yo ora kalah ambek tuku nag bakul jus. cumak bedane nek nang bakul jus tambahan rasane luweh akeh tapi nag gawe dewe mok buah tok. Carane gawe jus buah yo gampange pol, cukup mileh buah sing ate digawe jus, terus diumbah buah sing dipileh maeng, mari ngunu, buah maeng dioceki terus diblender ambek ditambahi gulo utowo susu sak cukupe ben rasane tambah enak. Tapi nag oleh nambahi susu utowo gulo kakean yo rasane maleh ora enak, lah iki jus sing gak tak senengi nag rasane kelegen utowo kakean es, soale roso segere maleh ilang. Terus, rasane buahe maleh rodok ora kenek dirasakno.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "10164", "text": "Antawis kalih ngantos tiga jam saking Jakarta, wonten panggonan wisata ingkang naminipun The Nice Funtastic Park. Lokasinipun wonten Kecamatan Sukaresmi, Bogor. Tiket parkir motor reginipun gangsal ewu lan parkir mobil sedasa ewu. Wonten The Nice Funtastic Park gadhah regi tiket mlebet ingkang lumayan awis, inggih menika tiga dasa ewu pas dinten kerja lan tigang dasa gangsal ewu pas dinten prei. Nalika mlebet, kita sampun disambut kalih lobi ingkang ageng lan pemandangan khas Puncak Bogor ingkang ijo royo-royo. Fasilitas wonten The Nice Funtastic Park menika wonten masjid ingkang lumayan ageng, sky bridge alias jembatan ingkang dhuwur, kebon kewan ingkang mini, lan restoran. Wonten ugi panggonan kangge tumbas oleh-oleh kados boneka lan aksesoris sanesipun. Playground utawi panggonan dolan kangge bocah wonten mriku gadhah tiket mlebet ingkang reginipun kalih dasa ewu. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "444", "text": "Pas awak dhewe entuk musibah kui, awak dhewe iso wae lagi diuji karo Gusti Allah. Saking sayange Allah neng awak dhewe, delok awak dhewe sregep ngibadah, Allah kepengen ngerti sak kuat opo iman sing awak dhewe simpen neng jero ati. Yen awak dhewe iso ngeliwati cobaan kui, awak dhewe iso dadi hamba Allah sing derajate luwih apik seko wingi. Yeng Allah lagi ngekei awak dhewe musibah kui rasane mungkin abot banget. Nanging awak dhewe kudu iling lan percoyo nalika Gusti Allah ngekei kesusahan neng hambane bareng kesusahan kui Allah bakal maringi kemudahan. Lan iso uga sewalike, bar awak dhewe entuk sing nyenengke ati mengko bakal ono sing gawe atine dhewe panas.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9777", "text": "Ono macem-macem hal sing dipersiapno gawe penari saman sakdurunge tampil yoiku diantarane , bulung teleng utawi tengkuluk digawe tutupe sirah seng warnane ireng nggawe sulaman benang. nggawe kelambi kerrawang yoiku kelambi adat e suku gayo lan celono dowo. Sarung gambar batik gayo sing di blubetno ing bangkekan, stagen gawe ngencengno kelambi ne ben ora melorot. Sabuk gawe nutupi bangkekan e sing nari. Topong gelang lan serbet sing digawe ning tangane sing nari. Tarian saman iki yo ono macem-macem nyanyiane diantarane, regum digawe pembukaan e , dering regum sing dimeloki kabeh sing nari ,redet yoiku nyanyian endek sing onok tengah e lagu, syek yoiku lagu sing dowo, lan saur yoiku nyanyian sing diulang ulang sing nari.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6653", "text": "Senajan ora dianggep bencana sing serius, udan es ning ngeara tropis iki bisa dadi tandha yen iklim berubah lan bisa nyebabake ana bencana susulan kaya angin topan lan uga ombak gedhe. Udan es iki bisa ana amarga suhu sing adhem ditambah banyu sing mudhun saka langit. Udan es iki bisa kedadian cepet utawa sedilut. Amarga sing mudhun saka langit kuwi dudu banyu sing tekanane ora sepira gede, udan es kadhang bisa nyebabake genteng rusak. Hawa sing adhem uga bisa marai kewan kuwi kademen lan kadhang ana sing mati amarga ora kuwat adhem. Udan es ning gunung uga marai hipotermia lan marai kematian. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9789", "text": "Ing dhaerah Gunung Pegat, Kabupaten Blitar ana pamangku adhat utawa kerep kasebut tokoh adhat kang jenenge Pak Sumardiono. Bapak e iki dadi juru kunci saka gunung lan pertapan gunung. Pak Sumardiono iki isa diarani sekti uga lo. Lho, lha kok isa? Iya, Pak Sumardiono miturut wong-wong isa mernahke wong yen bingung nyasar ning Pegat. Nah, yen kanca-kanca nduwe kajar kang banget banget, isa ngajak juru kunci iki nang pertapan. Pak Sumardiono bakal siap patlikur jam yen diajak munggah. Ning patrape wongmunggah gunung ya gnerti wayah kan ya ca-kanca uga kudu semayanan ndisik. Nah, iki kan usum arepe ujian ta? Yen kanca-kanca pingin banget ulah raga, nyinaoni bab Gunung Pegat, lan njalulh donga saka leluhur isa banget kongsenan karo Pak Sumardiono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "2784", "text": "Sing jenege agama mesti duwe ritual utowo upacara keagamaan sing ancene apik menurut agama iku maeng. Mangkane kabeh agama mesti duwe. Lah wingi aku ambek koncoku melok acara mulutan nang kampunge koncoku. Jarene koncoku acara mulutan iku sakbenere apikpe megilan nag ora gawe geden-gedenan sing iso dadekno roso saingan ambek sing ngadakno acara mulutan nang kampung liyane. Soale nag kampunge koncoku sing jenenge acara mulutan biasane mesti saingan ambek kampung pinggire. Lah asline si apik wae nag jareku. Sing pengting saingane maeng kanggo ngeramekno agama islam ben ketok meriah soale nag meriah kan akeh wong seng seneg terus melok ngerayakno bareng.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "86", "text": "Ngonceki awoh nanas kui ora iso sembarangan kudu ono teknike. Yen salah, bukane on dadi wareg malah nambah masalah. Koyo neng bulan Ramadan utowo mangso bakdo kui, wektu-wektu sing laris kanggo bakul nanas. Mergo akeh sing gawe kui nastar. Budheke salah siji sing gawe. Pas kui, aku diajari piye carane ngonceki nanas. Soale yen coro ngupase salah, iso marake gatel-gatel neng tenggorokan. Sing kepisan, tunas nanas sing werno ijo kui kudu dipotong. Lagi kulite nanas dikupas. Engko bakal ketok bintik-bintik sing permukaan nanase kui. Bintik-bintik kui sing kudu diilangi mergo kui sing marake gatel-gatel. Cara ngilanine diparut utowo dipahat suku duwur mengisor. Bar kui, woh nanas kui iso diketok sesuai kebutuhane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5829", "text": "Ngasilake dhuwit saka omah kuwi gampang banget amarga akeh alternatif sing bisa dipilih. Sala sijine yaiku bakulan klambi bayi. Klambi bayi saka konveksi iki biyasane diproduksi massal lan regane bisa luwih murah amarga bisa didol nganggo rega luwih dhuwur. Klambi bayi iki mesti dibutuhake, apa maneh karo ibu-ibu enom sing isih tas duwe anak. Bayi kuwi perkembangane uga cepet, usaha iki bisa ngasilake akeh keuntungan yen ngedole ning akeh ukuran. Klambi sing dijupuk saka konveksi uga luwih murah yen grosiran. Kamangka kanggo para pengusaha, ayo mbuka peluang usaha liwat dodolan klambi lan piranti kanggo bayi amarga bisa dadi salah siji pilihan sing apik lan njanjekake. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7875", "text": "Robot iku sakjane nduwe manfaat sing gede banget nang kehidupane menungso iku, terutama nang bidang industri. Perusahaan sing pabrike wes gede, pasti nganggo bantuan robot sisan. Robot nang kene iku guduk ngganteni tugase menungso, tapi gawe ngeringano kerjaane menungso. Semisal nang pabrik roti sing sak dinone kudu produksi roti sampe pirang pirang ton. Kan gak mungkin menungso sing ngudek adonan roti sak mono akehe. Teko kono, robot iku mau digunakno gawe ngewangi tugas nang pabrik iku. Mulai teko ngudek adonan, nyetak adonan, ambek bungkusi roti. Engkok menungsone iku mek garek ngelakoni kerjoan sisane sing luwe enteng. Dadi yaopo maneh, pabrik iku tetep butuh banget keberadaan robot.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7335", "text": "Onok sing ngomong Al-Qur’an iku wes meliputi segalane nang dunyo iki. Kabeh sing dilakoni awak dewe sampe onok sing lagi kedaden nang dunyo iki kabeh wes tertulis nang kitab suci iku mau. Dan opo sing dilakoni awak dewe iku wes diatur sekaligus onok aturane nek awak dewe kate ngelakoni sesuatu. Semisal, awak dewe kate mangan, iku kudu dungo disik dan wes onok dungone. Terus opo sing oleh dipangan awak dewe, endi sing halal endi sing haram, iku wes onok kabeh nang Al-Qur’an. Terus maneh, awak dewe kate turu iku kudu dungo dan onok dungane. Posisi turu pun wes diatur sing bener koyok yaopo. Dadi uripe awak dewe iki wes diatur kabeh nang njero Al-Qur’an.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5065", "text": "Kabeh kitab suci agama kuwi ana irisan. Ora ana kitab suci sing ngajari babagan sing ala utawa sing bisa nuntun menungsa kanggo ngelakoni kegiyatan sing bisa marai wong cilaka. Kitab suci iki uga ngajari menungsa kanggo hormat marang menungsa liyane ben ning dunya iki uga damai lan santosa. Sekabehe rasa tepa slira iki uga diajarake ning jero kitab suci. Nanging cara lan tradisine bedha. Apa sing dilarang lan wajib dilakoni uga bedha, miturut teori lan keyakinan. Nanging ning babagan perilaku, moral, lan tata krama sekabehe uga wis dijelasake ning jero kitab suci. Sing kudu dilakoni menungsa yaiku ngurmati lan ngeregani pambedha kuwi. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "8149", "text": "Pas wayahe boyongan moleh nang kampung halaman, aku mulai ngedoli siji siji barang barangku sing onok nang Kos. Mulai teko promosikno nang konco sampe promosi nang media sosial. Siale, barang iki gak ndang kedol. Koncoku nyarano gawe ngedol nang grup grup sing onok nang Facebook. Awale aku ragu, tapi akhire tetep tak coba. Nganggo akun anyar, aku coba promosi nang grup grup Facebook iku mau. Dadakno langsung akeh kecantole dan cepet payuhe. Hal iku mergo rego sing tak dol iku luwe murah soale iku barang second. Dan akeh akehe wong nang Facebook iku sek seneng nampani barang second sing kondisine sek apik. Dadi gawe awakmu sing lagi ngedol barang second, coba dodolan nang Facebook nek gelem cepet payuh.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "4737", "text": "Yen wis rampung nggunakake fasilitas hotel, ana prosedur-prosedur sing kudu dilakoni sak durunge check-out. Prosedur iki ora wajib nanging ya bisa dilakoni kanggo ngenthengake kerjane para petugas. Kaping pisan, tamu kudu ngecek lan mastekake barang pribadi ora ketinggalan kaya charger, piranti komunikasi, lan barang penting liyane. Kaping pindho, ora perlu ngerapekake kasur kaya pertama teka ning kamar kuwi. Cukup dilempit wae ben petugas ora kangelan. Kaping telu, aja lali mateni lampu lan fasilitas elektronik kaya AC, TV lan piranti kanggo manasake banyu. Kaping papat, aja ninggalake sampah. Terakhir, yen wes resik, langsung bisa ngelanjutake administrasi check-out lan aja lali njupuk data pribadi sing dikumpulake marang resepsionis. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5813", "text": "Sak durunge prinsip kantor rintisan sing cocok kanggo bicah enom akeh ning Indo, sing wis nerapake prinsip bebas ning kantor iki yaiku Kompas Gramedia. Perusahaan media cetak sing paling gedhe ning Indonesia iki pancen formal lan nduwe prinsip sing teges karo para karyawan, nanging ya uga ngewenehi kenyamanan kaya panggon kerja sing ora marai stres, ana pojok kreatif, lan uga ada diskusi santai. Sing paling nyenengake kanggo para karyawan yaiku anake kegiyatan kaya UKM ning kantor kaya klub bulu tangkis, basket, futsal, musik, lan sak panunggale. Amarga kuwi, kantor iki uga mbangun lapangan ben karyawan ora kerasa stres amarga kerja terus-terusan.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "10057", "text": "Bilih plesiran menyang Indonesia, salah satunggaling daharan ingkang boten wonten ing mancanegara inggih punika pecel lele. Warung pecel lele kathah sanget saking Sabang tekan Merauke. Pecel lele punika daharan sederhana ingkang isinipun lele goreng, sekul, sambel, kaliyan lalapan. Kathah ingkang remen dahar pecel lele amargi reginipun mirah lan raosipun eca. Pecel lele Pak Sabar menika salah setunggaling pecel ingkang eca wonten Yogyakarta. Setunggal porsi pecel lele disade wiwit saking 12 ewu rupiah. Lokasinipun pecel lele pas wonten ngajeng kampus ISI Mantrijeron. Senadyan sederhana, pecel lele menika tansah rame pelanggan amargi porsinipun boten pelit. Menawi sampeyan madosi daharan mirah tur maregi, mangga rawuh wonten pecel lele Pak Sabar. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4777", "text": "Yen duwe waktu luang lumayan akeh, uga bisa mbuka bisnis desain undangan online. Saiki desain kuwi dibutuhake ning akeh kegiatan lan bisa dilakokake ning omah. Desain kuwi bisa digawe saka aplikasi utawa web gratis arane Canva. Canva iki nyediakake akeh komponen gratis sing bisa disinaoni lan bisa dadi kreasi sing macem-macem uga bisa dadi lahan golek dhuwit. Sak durunge nggawe desain, sing kudu dilakoni yaiku nggawe akun ning Canva. Yen wes ana akun, pilih template utawa ukuran sing dikarepake. Yen wes rampung, mulai desain apa sing dipengeni. Desain-desain iki ora terbatas, nanging ana komponen sing kudu bayar kaya komponen 3D, gambar logo, lan sapanunggale. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2448", "text": "Delok data transportasi wisata sing teko dinas perhubungan salah sijine provinsi nag pulau jawa. Transportasi wisata ancene diperhateknoe pol soale duwe fungsi sing paling penting di gawe ngeterno wong sing wisata sampek panggonan wisatae. Opo maneh saiki indonesia fokus ngembangno ekonomine teko sektor pariwisata barang mangkane transportasi wisata saiki diperhatekno karo pemerintah. Ora tanggung-tanggung pemerintah langsung nyediakno transportasi sing digawe wisata iku mulai teko telong sektor yaiku darat, laut, ambek udara. Soale ben iso ngatasi kabeh wisatawan teko endi-endi termasuk teko luar negeri barang. Mangkane ndelok aktife pemerintah sing ngembangno sektor pariwisata indonesia, Ayo wong-wong sing duwe bondo podo melok gawe transportasi wisata sing iso di gawe ngajokno perekonomiane bangsa iki. Nag gak ngunu ayo dijogo laingkungane ben ora akeh panggonan pariwisata sing rusak. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5819", "text": "Wong jaman saiki ngomong yen kantor bisa marai kenthir. Kabeh kuwi amarga nduwe kanca sing sak gawean nanging ora bisa dadi dukungan malah njegal kanca. Senajan gajine gedhe lan kerjane penak, wong sing seneng njegal kanca iki uga marai kerja ora nyaman lan bisa marai mumet amarga dadi beban ning kantor. Kanca sing njegalan iki biyasane ngarepake penilaian akhir taun sing apik nanging ora paham lan ora duwe empati marang kanca. Kamangka, wong sing seneng njegal kanca iki sukses nanging ora duwe relasi sing apik. Kamangka, yen ana ning kantor, kudune kerja sing bener lan aja golek masalah amarga kuwi ndadekake ora berkah. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7066", "text": "Aku ambek dulur-dulurku paling seneng dolen kartu remi nek wes ngumpul bareng. Onok acem-macem permainan sing isok dilakoni nganggo kartu remi. Sing dadi favorit e awak dewe kabeh iku ceblek nyamuk, soale paling menegangkan tapi paling seru. Cara dolane pun yo sing paling sederhana dibandingno sing liyane. Paling asik nek dolene ramean. Pertama, ucuten disik kartu remine, terus dibagikno nang setiap pemain. Aturan utamane, pemain gak oleh dontok kartu nduwehe dewe. Mbari ngono, siji siji pemain ngetokno kartu ndek tengah sambil berhitung urut. Nek metu kartu sesuai ambek nomer sing disebut, kudu cepet-cepetan nyeblek kartu iku. Sing paling terakhir nyeblek, berarti njupuk kabeh kartu sing ndek tengah. Permainan terus lanjut sampe sisa pemain sing sek nyekel kartu, dan de’e sing kalah nang permainan iku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "160", "text": "Biyen bapaku kui ora seneng diajak utowo ngejak dalan-dalan. Bapaku luwih seneng turu neng omah lan moco buku nek preinan. Yen pengen lungo, biasane bapaku mancing neng laut karo koncone. Sak ben ibuku ngejaki dolan bareng-bareng sak keluarga, bapaku malah goyon, jarena arep ngejak awak dhewe plesiran neng pulo kapuk. Nanging mbuk bapaku kepikiran opo kui, dheweke ngejak aku, ibu, lan adiku dalan-dalan neng Seaworld, Ancol. Pas krungu kui, aku lan adiku seneng banget. Awak dheweke menyang Jakarta seko Bandar Lampung numpak bis. Tekan kono, aku seneng banget iso delok werno-werno jenis iwak laut. Aku paling seneng delok iwak pari sing gede. Awak dhewe mlaku-mlaku neng daerah Seaworld kui tekan sore. Wengine awak dhewe langsung neng Bogor, panggone simbahku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6616", "text": "Akeh wong sing nyiapake dana darurat nanging ora ngerti kepiye carane sing bener. Kadhang dana darurat kuwi malah ora konsisten lan marai males nyelengi amarga ora terencana. Dana darurat kuwi malah kanggo tuku barang-barang liyane sing kudune ora ana ning daftar. Kamangka, nyusun rencana kanggo dana darurat kuwi mestine dipikir macem-macem risiko lan uga kebutuhan pokok. Sak durunge ngerancang dana darurat, sing kudu dilakoni yaiku nyatet kabeh jumlah dhuwit sing dinggo lan uga sing bisa disimpen. Yen bisa yaiku wis mbagi wiwit awal oleh dhuwit kuwi. Sing paling penting yaiku dhuwit kuwi kudu konsisten disimpen ben ora nyebar ning ngendi-ngendi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "2422", "text": "Gunung Bromo yaiku salah sijine gunung sing isek aktif nag daerah jawa timur. Gunung iki duwure sekitar 2.329 mdpl. Gunung iku termasuk mlebu nag petang wilayah kabupaten sing ono nag jawa timur yaiku Probolinggo, Pasuruan, Lumajang, ambek kabupaten Malang. Gunung bromo termasuk wisata alam sing paling terkenal nag jawa timur. Terkenale iku polahe isek aktif ambek pemandangan sing disuguhno yo uapike pol. Sampek saiki gunung bromo iku yo isek aktif. Mangkane nag dolan mrono kudu ngerti kondisi sekitare gunung Bromo. Nag sekitare gunung Bromo ono iku ono lautan pasire sing ambane sekitar 10 km persegi, terus ombone kawae sekitar 800 meter (iku bagian elor sampek kidol) tersu 600 meter (bagian kulon nang etan).", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9312", "text": "Ing Sidoarjo ana salah siji wisata sing ora kabeh wong ngerti lan tau mrene yaiku Tlocor. Salah siji panggon sing bisa kanggo ndelok laut lan bisa kanggo numpak perahu ing Sidoarjo. Tlocor iki diubengi karo mangrove sing nambah apiking panggon iki. Saliyane iku, akeh kapal sing nyenden ana ing Tlocor kanggo para wisatawan sing meh mubeng-mubeng utawa nyabrang lan dolan ing Pulau Lusi. Tlocor uga duweni pemandangan sing apik banget nalika srengenge mudun utawa pas sunset amarga bakalan bisa ndelok langsung proses iku lan swasanane bakalan syahdu banget. Ombak ing Tlocor iki uga ora pati banter dadine aman kanggo numpak perahu ora wedi keombang-ambing ombak.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5584", "text": "Akeh urusan administrasi ning jaman saiki dipindahake marang urusan digital. Sing maune manual lan mung bisa ditulis utawa diketik, saiki bisa langsung diatur ning komputer. Nanging kanggo mbentuk aplikasi iki, mbutuhake akeh wong lan ora mung saka jurusan teknik. Salah sijine yaiku wong saka jurusan bahasa lan sastra sing kerja ning dunia teknologi kanggo ngumpulake lan nggawe conto data sing ana hubungane karo conto aplikasi sing arep digawe. Conto aplikasi iki yaiku piranti kanggo deteksi kebohongan, piranti kanggo ngetes sentimen, lan layanan pelanggan otomatis. Akeh babagan sing butuh digatekake termasuk basa. Bisa disimpulake yen teknologi iki uga nambahi lapangan kerja. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "5038", "text": "Salah siji amalan sing paling dijaga kanggo umat muslim yaiku perkara sholat. Ning akhirat, sholat iki bakal dadi salah siji amalan sing bakal ditakokake pertama kali miturut hadist lan kitab. Sholat iki uga bisa ngindarake saka keji lan mungkar. Amalan iki wis disepakati Nabi Muhammad pas ngelakoni isra' mi'raj, saka 50 wektu dadi 5 wektu. Ibadah iki uga wajib lan kalebu ning salah sawijine rukun Islam, yaiku rukun kang nomer 2. Kamangka, awak dhewe, umat Islam kudu ngerti babagan kewajiban iki ben kabeh urip lancar lan ben ora ambruk amarga sholat kuwi sakagurune agama. Yen sholate ambruk, ya ambruk sekabehe. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "4013", "text": "Sing jenenge nyiapno dana sing ora disongko-songko iku biasane termasuk penggawean sing ancene nyiapno duwek kanggo jogo-jogo nag ono keperluan sing ancene dodoke ora karoan. Nah penggawean sing koyok nginiki ancene mandine megilan kanggo ngewangi angele urip sing ono nang dunyo mergo kadang kebutuhan urip iku ora kenek dipikir kapan iki ono butoh dodoke. Nah karo perkoro kenemaeng mesti kenek kanggo ngatasi perkoro sing ancene dodoke megilan. Opo maneh saiki iku mesti kabeh perkoro gowo duwek ambek butoh sing jenenge duwek. Ambek ora iso adoh teko sing jenenge duwek. Mangkane sing jenenge dana sing ora kenek diperkirakno maeng apike megilan kanggo jogo-jogo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "10137", "text": "Kutha Palembang lokasinipun cerak kalih laut. Wonten mriku ugi kathah kalinipun. Jumlahipun iwak ingkang melimpah dadosaken Palembang gadhah kathah kuliner ingkang didamel saking iwak. Saking kondhangipun, daharan-daharan menika dados kasebar wonten sedaya wilayah Indonesia. Pempek dados kuliner Palembang ingkang paling kondhang. Wonten Palembang, pempek didamel saking jinis iwak ingkang kathah wonten Kali Musi, inggih punika iwak Belida. Nanging, amargi sakmenika Belida sampun langka, pempek didamel saking iwak laut, mliginipun iwak tengiri. Iwak tengiri pancen kondhang amargi raosipun ingkang eca lan dagingipun ingkang kandhel. Mila reginipun awis. Nanging, khathah daharan saking iwak tengiri ingkang dados daharan favorit wonten Indonesia kados siomay, otak-otak lan krupuk iwak.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "435", "text": "Sebagai wong muslim kui menuntu ilmu kui wis dadi kewajiban. Seko enom tekan tuwo, awak dhewe kudu tetep sinau. Nanging neng jaman sosial media iki, akeh wong-wong sing sinau agama liwat unggah-unggah utowo video sing ono neng internet. Bukane kui ora entuk, kemudahan kui gawe wong-wong ora duwe alesan kanggo nuntut elmu. Nanging, tetep luwih apik yen awak dhewe iso melu teko neng kajian langsung. Hal sing ora entok pas awak dhewe sinau neng internet kui awak dhewe ora entuk berkahe. Majelis pengajian kui uga ditekoni malaikat. Malaikat kui bakal dongake sing apik-apik marang wong-wong sing teko. Awak dhewe uga ora entuk berkah seko guru utowo ustadz sing ngajar.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "10077", "text": "Saben menyang Bali, Sari mesti tumbas oleh-oleh pai susu. Pai susu khas Bali kasunyatanipun sanes nyamikan asli Bali. Miturut buku ingkang diserat Unsiyah Anggraeni, pai susu Bali menika gabunganipun antawis pai susu saking Hong Kong kaliyan pai susu saking Portugis. Amargi Indonesia nate dijajah dening bangsa Portugis, pai susu Bali langkung mirip pai saking Portugis utawi Portugal. Bagian pai susu Bali ingkang mirip kaliyan pai saking Portugal inggih menika bagian pinggiripun, dene isian pai susu Bali langkung mirip isian pai Hong Kong. Pai susu Bali menika salah satunggaling bentuk akulturasi budaya ingkang boten ngrusak budaya asli Indonesia. Malahan, pie susu menika nambahaken werni anyar wonten khazanah kuliner Indonesia.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "10081", "text": "Daerah Jawi kondang kaliyan maneka warni daharan ingkang filosofis. Saben daharan wonten artosipun piyambak-piyambak. Tuladhanipun apem ingkang kalebet jajan pasar. Panyebatan apem asalipun saling basa Arab, inggih punika afwan ingkang gadhah artos pengampunan. Pramila, wonten Jawi, kue apem didamel kangge nyambut Idul Fitri. Wonten ugi ingkang nyebat apem asalipun saking India lan sampun wonten wiwit jaman kerajaan Hindu Buddha Tiyang Jawa Barat pitados kue apem punika lambang tolak bala. Daharan ingkang gadhah pelengkap awujud kuah gedhis abrit kaliyan klapa parut menika boten medal wonten acara-acara katemtu kemawon, nanging ugi kathah disade dhateng pasar. Reginipun mirah ugi raosipun ingkang gurih manis diremeni kathah tiyang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5500", "text": "Adhiku paling seneng dolanan DOTA. Gim iki pancen apik banget gambare lan uga bisa ngelatih konsentrasi. Adhiku biyasana dolanan DOTA iki wayah rampung sinau ning wayah bengi sak durunge turu utawa dina minggu pas lagi ora sekolah. Amarga adhiku wis gedhe, dekne wis bisa dipercaya kanggo dolanan gim. Adhiku wis bisa ngatur wektu lan uga bisa oleh pelajaran akeh saka dolanan DOTA kaya sinau ngatur strategi, kerja sama ning jero tim, uga sinau babagan grafis gim sing apik. Saiki adhiku kuliah ning jurusan DKV utawa Desain Komunikasi Visual lan duwe mimpi nggawe gim sing apik lan lengkap banget kaya DOTA.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "8904", "text": "Akeh sing ngomong, nek misal arek iku mau gak isok nyetak prestasi teko nilai akademis e, de’e sek isok nyetak prestasi teko kegiatan ndek luar akademis. Salah sijine yaiku teko kegiatan ekskul. Biasane, pihak sekolah iku bakal ngekeki fasilitas nang arek ndek sekolahe gawe melu perlombaan sing sesuai ambek ekskul e iku mau. Misale ekskul basket yo melune lomba basket sisan. Teko kono, arek sekolah iku isok nyetak prestasi. Nek wes ngono, arek iku isok nduwe jeneng nang bidang perlombaan iku mau. Terus jeneng sekolah mau isok luwe dikenal sisan ndek akeh kalangan. Dadi prestasi sing dientokno teko kegiatan ekskul iku nduwe akeh manfaat gawe akeh pihak sisan.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "3104", "text": "Nag aku iling olahraga ngelangi sing tau tak senenge biyen. Aku dadi isen dewe soale kok iso yo biyen ngelakoni ngelangi tapi ora atek opo-opo. Tapi biyen pas ngelangi iku jarene bocah-bocah iku ora oleh nag sukur ngelangi tapi kudu iso sing jenenge slurup barang soale iku penting kanggo wong sing iso ngelangi ben ora klelep nang jero banyu. Mari ngunu kanggo bocah-bocah kampung biyen ngelangi iku pentinge pol soale nag ora iso ngelangi yo dadi enyek-enyekan sak konco-koncone. Terus ngelangi iku asline yo ora mok olahraga tok tapi iku pentinge pol kanggo kesehatan. Awit teko kesehatane jantung ambek otot, terus kanggo pertumbuhan awak barang yo penting.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "3233", "text": "Saiki wes jamane digital, awit teko buku sampek TV ambek Radio ae Digital. Wingi ketepakan aku tuku TV digital sing lumayan morah sing penting iso gawe nyambung nang chanel digital sing dianjurno pemerintah. Nah TV iku maeng tibake remote akehe pol petekane sampek aku bingung ate metek endi. Terus sak liyane remote, TV iku meang yo duwe slot sing kanggo ngelebokno Falshdisk ambek memori ben iso muter utowo delok dokumen sing ono nag pernagkat loro maeng. Terus mari ngunu aku yo goleh radio digital sisan, bentuke iku seje ambek radio umume, nag radio iku mok ono layar cilik ambek petek-petekan kanggo ngeleh chanele. Dadi nag pengen ngeleh chanele maeng karek metek tok.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7349", "text": "Menungso iku gak onok sing bersih teko duso. Istilah liyane menungso iku panggon gawe nampung duso nang dunyo iki. Kadang awak dewe ngeroso nek dusone awak dewe wes numpuk akeh buanget, tapi sek ngeroso ragu gawe taubat. Alesane biasane ngeroso gak pantes gawe bertaubat utowo isin ambek Allah. Gawe awakmu sing lagi ngeroso koyok ngono, ilangno pikiran elek iku. Allah iku Maha Pemaaf dan bakal nyepurani kesalahan hamba-hamba-Ne sing njaluk nang Allah. Sembarang jenis duso iku bakal diampuni ambek Allah, kecuali beberapa duso sing wes tercantum ndek Al-Qur’an dan gak bakal diampuni. Dadi gawe awakmu, cepet-cepet taubato, njaluk ampunan nang Allah, sak durunge waktune terlambat.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7734", "text": "Yoga mat iku alas sing digawe dadi alat yoga. Tapi mbasio jenenge iku gawe yoga, matras iki gak mek digawe yoga tok, tapi isok digawe olahraga sing liyane sisan, terutama olahraga lantai. Yoga mat iki sisan dinilai penting banget gawe segala jenis olahraga lantai. Hal iku mergo matras iki isok ngurangi resiko tangan ambek sikil kepleset pas lagi olahraga. Yoga mat iki terbuate teko bahan sing non-selip dan onok kesan kelet e nang lantai, dadi temenan isok ngelindungi anggota tubuh selama olahraga dan isok meminimalisir resiko cedera. Wes ngono yoga mat iki bahane empuk, dadi marakno olahraga lantai isok keroso luwe nyaman.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5564", "text": "Barang elektronik sing saiki lagi akeh dinggo karo bocah enom amarga dianggep luwih sehat yaiku airfryer utawa penggorengan listrik. Penggorengan iki ora nganggo lenga, nanging nganggo listrik. Sisteme meh padha karo oven lan duwe macem-macem ukuran. Nanging piranti iki uga boros amarga mbutuhaka tenaga listrik kang gedhe lan ora bisa dinggo ning omah-omah sing kapasitas listrike cilik. Akeh sing ngganggep yen piranti iki sajane ora ngganti fungsine teflon lan ora penting banget dinduweni. Nanging ya amarga tren lan akeh wong kang latah, banjur akeh wong sing uga pengen banget nduweni. Piranti iki pancen luwih sehat kanggo awak nanging ya malah ora sehat ning kantong.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "5509", "text": "Kanggo bocah sekolah, gim iki bisa salah siji cara siswa kanggo ngeculake rasa stres saka kegiyatan sinau lan sak panunggale. Gim iki uga bisa kanggo nyalurake emosi sing kependhem lan uga rasa kesel lan imajinasi sing ana ning sirah. Kamangka, gim iki manika werna bentuke miturut batesan umur. Gim kanggo balita kanthi wong sing wis diwasa, gim kanggo ningkatake pengetahuan kanthi kanggo seneng-seneng, lan gim sing standar kompetisi uga gim sing mung bisa kanggo santai ning omah kuwi uga tingkatane bedha-bedha. Kamangka, sak durunge main gim, awak dhewe uga kudu wis paham kebutuhan lan ayo nggolek gim sing cocok kanggo awak dhewe ben ora stres. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "8605", "text": "Akeh-akehe uwong iku erohe nek pelecehan seksual kedaden e nang uwong sing asing utowo uwong sing gak terjalin hubungan asmara ambek mereka. Padahal, pelecehan seksual iku isok sisan kedaden ndek hubungan romantis, bahkan nang pasangan sing wes rabi. Biasane iku dialami ambek wong wedok. Nek wes rabi, wong lanang iku sakjane bebas ae njaluk ngenthu nang bojone. Cuma kadangan kan wong wedok iku wes nolak mergo pegel. Onok sing isok maklumi, onok sing mekso tetep njaluk ngenthu. Nah, sing mekso iki isok dikategorikno dadi perilaku pelecehan seksual. Soale kan pelecehan seksual iku kedaden mergo gak onok persetujuan teko salah siji pihak. Contohe koyok wong wedok sing gak setuju gawe ngenthu karo bojone. Dadi nek onok uwong sing ngomong gak mungkin onok pelecehan seksual nang hubungan suami istri, iku kabeh goro.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "4753", "text": "Salah sawijining panggon sing edukatif lan cocok kanggo liburan keluarga yaiku kunjungan ning Sea World, Ancol. Sea World iki salah siji tujuan wisata sing bedha amarga bisa langsung ndelok kepiye wujude iwak lan apa wae ciri khas iwak saka akuarium-akuarium gede. Wahana iki dadi omah sekitar 11.500 biota laut. Ana 28 display sing bisa ngewenehi edukasi lan ana reptil. Sing kondhang saka Sea World iki ya terowongan Antasena sing nyiptakake suasana kaya ning jero laut amarga ana terowongan tembus kaca sing marai pengunjung bisa ndelok iwak saka cedhek ning panggon uripe langsung. Ning Sea World iki uga bisa ngejak bocah dolanan ning wahana nggambar virtual.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "4603", "text": "Panganan iki jeneng e klepon. Warnane ijo alami saka godhong pandan utawa suji. Nanging saiki wis macem-macem jenise kaya warna kaya klepon sing digawe saka tela ungu, kuning saka tela madu, utawa warna liyane saka sumba lan sari manis manika warna. Klepon digawe saka tepung ketan, lan rasane legi. Panganan iki didol bareng karo lupis utawa iso dibungkus dewe ing godhong gedhang lan plastik mika bening. Isine gula jawa sing wis leleh pas klepon digodhok. Yen seneng legi, bar diwenehi klapa parut, biasane ditambahi kinca utawa gula abang. Regane murah tur enak. Apa maneh yen sing nggawe pinter nguleni adonane sampe kalis lan pas wektu nggodhoke.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "3508", "text": "Dadi wirausaha iku ancene ora ewo yo ora gampang, kabhe iku karek wonge piye oleh ngelakoni, nag wonge iku nganggep gampang yo gampang nag nganggep ewo yo ewo. Tapi sing jenenge urip iku ora ono sing enak mesti ono ora enake. Nah koncoku sing wes buka usaha warung nang koya Pahlawan iku nganjurno nag pengen dadi wirausaha yo kudu siapno mental barang, ora mok angger bondo tok, soale nag mentale ora kuat ambek nang dunia usaha yo bakal kocar-kacir, Terus yo kudu sabar ambek tlaten, Soale nag ora tlaten mesti bakale ajor. Dadi nag iso wirausaha iku intine mok sabar ambek tlaten nag ancene ora sabar mesti bakal loro.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "8923", "text": "Onok akeh pol jenis olahraga banyu sing disediakno nang panggon wisata alam nang Indonesia. Mulai sing aman sampe sing ekstrem. Salah siji olahraga nang banyu sing ekstrem iku flyboarding. Flyboarding iku siji olahraga sing nganggo perangkat koyok papan pidekan sing kehubung ambek pipa sing dowone 18 meter nang turbin jet ski sing dilengkapi ambek nozzle gawe ngguwak banyu laut atek kekuatan duwur. Saking kuate iku mau, papan iki isok ngangkat uwong sing midak iku mau sampe nang udara. Berbekal teko kekuatan banyu sing disedot nganggo personal water craft, pengguna flyboard iki manfaatno gawe ngelakoni atraksi nang duwur laut ambek ngelakoni manuver.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2469", "text": "Jarene koncoku preian bareng kanggo uwong-uwong iku akeh manfaate gaweh jogo roso emboh iku ambek konco utowo ambek keluarga. Terus yo iso ngerukuno hubungan ambek podo-podo konco utowo keluarga. Soale lewat kegiatan iku maeng wong-wong podo tukar pikiran saling ngewangi terus atine iso seneg soale pikirane wes ngelalekno urusan penggawean sing bingungno urip. Teko masalah iku maeng wong-wong yo akhira bagi-bagi cerito ambek pengalaman sing wes dialami nang liyane, akhire liyane yo pogo melok bagi pengalaman dadine iso saling ngerasakno urip. Mangkane preian bareng iku yo perlu ben uripe ora kesusahan terus soale uwong iku makhluk sosial sing butuh liyane gawe gandolan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5510", "text": "Jaman biyen, nggonku tuku HP utawa telpon seluler iki angel banget amarga jumlah HP iki terbatas banget lan kanggo bocah cilik, HP iki ora penting amarga fungsine isih khusus kanggo telpon. HP pertamaku kuwi ukurane cilik banget lan ora canggih kaya jaman saiki. HP-ku biyen cilik nanging abot banget. Yen jare wong jaman biyen, HP iki kena nggo mathak kewan amarga saking abote. Biyen fasilitas sing ana ning HP iki mung kena kanggo telponan, SMS wae uga ana batese lan isih larang banget. Banjur HP jaman saiki wis berubah banget amarga jaman saiki kebutuhan uga tambah akeh. Saiki HP-ku wis kena kanggo sembarang kalir kaya nonton film, kamera, lan uga kebutuhan liyane. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7073", "text": "Salah siji aktivitas sing paling tak lakoni pas lagi nganggur iku moco buku. Tapi gak sekadar moco terus mari, aku moco bukune bener-bener fokus dan gak bakal isok diganggu. Bahkan nek wes wayane aku moco buku, aku bakal nyiapno lilin aromaterapi gawe ngerileksno pikiran dan isok luwe konsentrasi. Terus aku bakal moco buku nang duwur mejo. Aku yo nyiapno pulpen, stiker transparan, ambek sticky notes gawe persiapan moco. Pas aku moco dan nemu onok kata-kata sing apik teko buku iku, aku bakal nggarisi dan ngekeki tanda cek aku iling terus ambek kata-kata iku. Dengan ngono, aku bakal bener-bener isok memahami isi buku iku.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9684", "text": "Sapa sing ngerti yen ing Blitar ana upacara keagamaan kanggo mengeti Dina Nyepi? Arane upacara iku yaiku Upacara Melastri. Biasane upacara iki manggon ing Pantai Jalasutra. Kegiatan iki kanggo ngresiki lan nyucikake dhiri sakdurunge nyepi. Pangarepe ben kabeh dosa lan rereget ing awak isa katut mili karo banyu segara. Melastri iki dadi pawujudan piwulang Hindu, yaiku Tri Hita Karana ingkang anjalari telung perkara urip tentrem kreta raharja ing gesang. Kamangka, ing sawetara panggonan ana Pawai Ogoh-ogoh. Akeh banget masarakat sing ndeleng lan melu tumpuk undhung mbantu. Kamangka kui, kagyatan kaya mangkene aja nganti ilang. Melastri ing Blitar kudu tetep terus ana.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9689", "text": "Maulid Nabi dados salah satunggaling dinten ingkang dipunpengeti kanthi agung ing kathah wewengkon. Salah satunggalipun ing Yogyakarta ingkang ngewontenaken pengetan Sekaten. Pesthine kabeh nek padha ngerti ta Sekaten?. Sekaten punika dipunawuhaken kaliyan Pasar Malam Perayaan Sekaten ingkang aweh raos bingah marang sakabehing masarakat Ngayogjakarta. Ing dalu punika Gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Nagawilaga ingkang namung satunggal tahun sepindah saget dipunwedalaken, dipunbeta saking Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat anuju Mesjid Ageng mawi Alun-Alun Lor. Upacara punika dipunwastani Miyos Gangsa. Diwontenaken tengah dalu menika pesthi dipuntingali kaliyan kathah sanget masarakat. Mula, kangem sedaya ingkang jumeneng ing Jogja ugi sakiwatengenipun ayo padha mirsani Sekaten!!", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "804", "text": "Bal-balan kui menurutku olahraga paling populer neng donyo iki, terutama nganggo cah cilik. Olahraga iki ngebutuhke wong akeh sak durunge iso dolan. Bocah-bocah kui pengen ketemu bareng terus karo koncone, seko sisih iki wis ketok yen bal-balan kui cocok kanggo cah cilik. Sing keloro, bal-balan kui olahraga sing murah. Orang kabeh wong tinggal neng daerah sing makmur lan lahir neng keluarga duwe. Bal-balan kui olahraga sing ora butuh modal akeh. Sing awak dhewe butuhku kanggo dolan kui mung bal lan lapagan. Bal sing awak dhewe enggo ora kudu sing apik-apik, sing penting kui bale iso gelinding. Perkoro gawang, iso digawe seko pring, nek ora iso nganggo sandel sekedar nandai wae.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "6323", "text": "Wilayah kampung pecinan Ketandan Malioboro iki kalebu wilayah sing paling toleran ning Yogyakarta amarga akeh banget wong saka macem-macem tradisi lan uga latar belakang ngumpul ning panggonan kuwi senajan mayoritase saka wong Tionghoa. Sak liyane klenteng, ning Ketandan iki uga ana masjid lan uga gereja kanggo fasilitas para penduduk sing ana ning kono. Komunitas Madura iki uga ana ning Ketandan lan nduwe profesi dodolan ning Bringharjo. Kamangka, yen ana acara ning Ketandan, akeh banget wong padha kumpul lan Karang Tarunane uga melu ngerewangi kanthi acara iki rame, salah sijine yaiku Pekan Budaya Tionghoa Yogyakarta sing diadakake saban imlek sasi Februari.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6396", "text": "Angkutan umum utama angkot utawa angkutan kota kuwi nduweni rute utawa trayek sing kudu dlewati. Rute utawa trayek iki dibagi miturut wernane utawa nomor. Ning kutha Malang, rute angkot iki dibedakake miturut huruf utawa inisial daerah asal lan uga tujuan kaya AG yaiku Arjosari Gadang, GA yaiku Gadang Arjosari, lan uga inisial liyane. Ning Kabupaten Malang, rute angkot kuwi dibedhakake karo werna angkot. Kaya werna abang jambon kanggo angkot sing ana ning dalam kota saka Gadang menyang perbatasan kidul. Werna putih kanggo negeri angkot menyang kidul kaya daerah Sengguruh. Uga ana angkot kuning sing ngelayani wilayah Turen. Lan uga ana angkot sing ora duwe werna lan nomor kuwi berarti angkot saka Malang-Blitar. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "5806", "text": "Kanggo mulai usaha kuliner iki sajane butuh ketelatenan sing dhuwur lan uga modal sing cukup. Sak durunge usaha, modal iki kudu diitung kanthi bener lan uga ora kena ditambah lan dikurangi. Bisnis sing dimulai iki bisa dadi tahan opo ora tergantung perencanaan sing ana ning awal kaya sak durunge mulai bisnis, kudu gelem nyatet lan uga ngira apa wae barang produksi sing dibutuhake kaya alat masak, bahan panganan, lan uga dhuwit kanggo mbayar para karyawan. Sing ora kethok liyane yaiku babagan pasar lan sapa wae sing dadi sasaran dodolan iki, apa bocah sekolah, ibu-ibu, lan uga sasaran liyane. Akeh ndelok referensi sing ana ning sosial media uga penting. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7302", "text": "Dino Jum’at iki dadi dino sing spesial bagi umat Islam. Dan pas dino iki, wong lanang bakal ngumpul nang masjid gawe ngelakoni ibadah sing jenenge Jumatan. Hukum jumatan iki wajib gawe wong lanang. Ibadah iki nduwe keutamaan sing gede, dan sing sengojo ninggalno sholat Jum'at, atine bakal ditutup ambek Allah SWT. Sholat Jum'at utowo jumatan iki sholat sing dilakoni sebanyak rong rokaat. Sak durunge sholat Jum'at, bakal onok khutbah. Syarat gawe ngelakoni jumatan iku kudu beragama islam, wes baligh, gak gendeng utowo ngalami gangguan mental liyane, sehat, dan bermukim ndek siji panggon. Wong sing lagi ndek perjalanan gak wajib gawe ngelakoni jumatan.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7499", "text": "Onok siji maneh panganan khas teko Jogja sing rodok nyeleneh, yaiku rujak es krim. Panganan iki iku teko rujak sing isine nanas, pencit, timun, bengkoang, jambu, kedondong, ambek daginge jeruk bali sing diparut, terus disiram bumbu rujak sing bahane teko campuran gulo abang karo asem jowo. Bumbu ambek buah-buahan mau dicampur, terus disajikno nang mangkok, mbari ngono dikeki es puter nang duwure. Iku jenenge rujak es krim. Ketokane ancen aneh terus rodok nyeleneh, tapi dadakno rasane iku sueger banget. Roso asem pedese rujak dicampur ambek es krim sing legi dan adem, nyiptakno sensasi seger nang mulut. Gawe awakmu sing penasaran, ojok lali nyoba rujak es krim pas liburan nang Jogja yo rek.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5471", "text": "Ning sekolah ora ana ekskul catur. Amarga kuwi, Anto nggawe proposal kanggo ngewujudake ekskul kuwi amarga jebul isih ana bocah sing minat marang catur. Ekskul kuwi anggotane ana 10, annging ora ana pelatihe. Anto lan kanca-kancane sregep latihan dhewe lan mulai ndelok video ning internet babagan catur. Banjur ning salah sawijine dina, pemerintah provinsi ngadakake lomba catur pelajar. Anto lan kancane padha ndaftar nganggo dhuwit dhewe. Nanging Anto ora nyerah. Ning babak penyisihan, Anto bisa nembus karo kanca-kancane yaiku Yuli lan Burhan. Ora disangka, Anto lan Burhan iki bisa ketemu ning final. Banjur Anto juara 2 lan Buran juara 1 masio tanpa dukungan saka sekolah. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "4754", "text": "Bagian museum wayang sing paling singup lan hawane rada angker salah sijine bagian sing nyimpen boneka antik saka manca negara. Boneka-boneka iki bentuke kaya menungsa lan duwe ekspresi sing marai wedi. Tata ruang sing kurang lampu lan kurange panduan saka petugas marai ruangan iki sepi lan jarang ana pengunjunge. Uga ana wayang lang boneka gedhe sing jarang diresiki lan masange kurang rapi. Sak liyane njaga warisane bangsa, museum iki uga duwe kewajiban ngenalake warisan iki nganggo bentuk uga cara promosi sing bisa narik wisatawan. Yen bentuk museume kaya ngene, bakal angel yen dipromosekake ning masyarakat amarga ana sentimen saka tata ruange. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7722", "text": "Kim Yeon Ah utowo luwe dikenal ambek jeneng Yuna Kim iki salah siji atlet figure skating sing asale teko Korea Selatan. Yuna iki lahir tanggal 5 September 1990 nang Bucheon, Gyeonggi-do Korea Selatan. Saiki de’e urip nang Seoul. Yuna nduwe duwur 164 cm. Pelatih terakhire iku Shin Hye Sook karo Ryu Jong Hyeon. Koreografer terakhir sing ngelatih Yuna iku David Wilson. Yuna Kim iku mulai karir skating pas tahun 1996 dan ngundurno diri pas 20 Februari 2014. Yuna Kim iki onok nang peringkat 48 sak dunyo. Skor terbaik sing dicetak Yuna Kim iki 228.56 (WR) nang total kombinasi, 78.50 nang short program, ambek 150.06 (WR) nang free skate. Dan iku kabeh terjadi pas 2010 Winter Olympics.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "1225", "text": "Buka toko kelontong kui usaha sampingan sing paling cocok. Soale, awak dhewe iso gawe bisnis kui neng jejere utowo neng omahe dhewe. Iki cocok banget terutama kanggo ibu-ibu sing ora nyambut gawe. Dheweke dadi iso entuk duwit tambahan tanpa kudu metu seko omah. Dheweke tetep iso ngopeni omah omah, iso nyapu, ngepel, ngasahi piring, ngumbahi klambi, masak, lan gawean omah liyane. Mergo tetep neng omah, dheweke tetep iso jagani anake sing isih cilik, opo meneh yen anake kui sih bayi. Sakliyane kui, ibu-ibu dadi iso ngewangi tanggane. Tangga-tangga dadi ora kudu metu adoh-adoh yen arep tuku barang sing ora ono neng omahe.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7784", "text": "Panahan iku salah siji jenis olahraga sing carane nembakno anak panah nganggo busur cek isok mencapai target utowo sasaran sing dituju. Biasane nang olahraga panahan iku onok lingkaran sing digawe targete. Nek gelem isok entok nilai sempurna, berarti kudu nembakno anak panah pas nang titik tengah lingkaran iku mau. Olahraga panahan iki manfaate paling utama gawe ningkatno koordinasi mripat karo tangane awak dewe. Yaopo igak, pas awak dewe manah, tangan iki kudu ngelakoni tugas sing bedo. Siji kudu mbidik, sing siji maneh kudu narik memburi gawe nembakno anak panahe. Dan cek isok sesuai target, mripat sisan kudu fokus ndelok sasaran sing kate dibidik. Dadi teko kono, koordinasi mripat ambek tangan iku isok imbang.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "4002", "text": "Sing jenenge pasangan yaiku wong utowo gandengan sing bakal ngancani uripe uwong. Nah urip ambek pasangan iku ora gampang soale sing jenenge pasangan utowo gandengan iku mesti ono ae perkoro sing kadang iso dadekno uripe pasangan maeng rodok kendor ambek rodok ora karoan. Tapi kabeh iku ora opo-opo soale wes ngunuku sing jenenge urip. Sing penting nag ono masalah nang urip ambek pasangan utowo gandengan iku kudu diomongno ben masalahe iku cepet mari ambek ora terus-terusan sing akhire dadekno perkoro sing tambah ora karoan mergo ora nang diarekno. Nag wes diarekno kan uripe enak anteng ora kok kepikiran masalah iku terus. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "3254", "text": "Kamera sing apik iku yo angel gawene ambek ramutane. Nag ono sing ngomong kamera apik iku enak yo jelas bijuki, soale sing jelas ramutane tambah ora karuan ewohe. Contone ae kamera DSLR, nag ora iso gawe mesti ora iso apik gambare mboh iku blawur utowo ora ceto potone. Mangkane sing jenenge kamera apik yo mesti apik perawatane. Soale nag ora tlaten oleh ngeramut biasane iso metu jamure nag lensa'e utowo kadang batune barang iso ngerop. Terus masalah liyane yo mesti ono ae sing, terus biaya ramutane yo larang. Mangkane jarene koncoku tuku kamera iku sak perlune ae. Ben nag bejat iku ora geton nemen. Nag ilang yo ora nemen gelone.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "6638", "text": "Gunung kuwi nduweni cuaca sing bedha karo daratan sing ana ning ngisore. Senajan ana suminare srengenge, tekanan udara lan uga suhu kuwi bisa marai awak ngelakoni adaptasi maneh. Awak kadhang ngerasa abot banget yen sepisan munggah gunung amarga otot lan jantung durung latihan kanthi bener. Banjur awak sing durung stabil iki gampang bisa ngerasa lara lan uga sesek napas. Kanggo nguatake otot jantung, perlu anane latian fisik. Kamangka, kanggo wong sing durung kebiasa munggah gunung, kudune luwih sering latian fisik lan uga mbiyasakkae istirahat sing cukup lan tangi isuk ben paru-paru uga kebiasa karo tekanan udara lan suhu sing adhem.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "571", "text": "Aku tau takon neng ibuku, neng keluargane dhewe ono opo ora wong sing menggeluti bidang kesenian. Jawabane ibuku kui, ono. Ibuku salah sijine. Ibuku lan sedulur-dulure kui pas cilik dileske neng sanggar tari. Sing wedok lan sing lanang, kabeh anak-anake eyangku dikon melu kui. Pas cilik, sekitaran umur TK opo awal-awal SD, ibuku tau tampil. Tampile kui ora ecek-ecek neng kampung, nanging neng panggung sing gedhe. Pas kui, ibuku tampil neng Ancol. Ibu lan konco-koncone disik kui nari tarian tradisional, sing jenenge tari bondan. Aku ora nyongko pas krungu crito kui. Soale, sing tak delok saiki, pakde lan budheku kui ora terlalu ketok jiwa senine.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "4078", "text": "Ora kabeh wong sing iso nandur iku ngerti carane nandur sing tepak nag gak wong sing wes duwe pengalaman pirang-pirang tahun. Nah carane nandur iku maeng yo karek tanduran sing ditandur iku maeng, Nah bapak iku tau nyaranno nak ate icir opo-opo iku kudu didelok lemahe disek, apek opo ora kanggo tanduran sing ate diiciri maeng, nag ancene iku ora pantes kanggo tanduran sing diicir, yo palang ganti tanduran liyane sing pas ambek lemahe iku maeng, soale angger bibit sing ate diicir iku mesti jaluk lemah sing seje-seje. Dadi saran iku maeng sing diwehi pake pas biyen aku isek nang omah. Yo sampek saiki yo isek eleng masio aku wes ora tau moleh maneh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "454", "text": "Awak dhewe kerep ngarteke bakdo gur sewates perayaan biasa; awak dhewe iso mangan puas meneh bar sesasi poso. Nanging bakdo sing koyo ngono kui dudu makna bakdo sing tenanan. Bakdo idul fitri kui artine awak dhewe balik neng kondisi sing resik sing meneh. Selama setaun kepungkur, awak dhewe meshit akeh ngelakoke doso, doso sing disengojo lan ora disengojo. Pas Ramadan kui awak dhewe poso kanggo balike jiwane dhewe koyo setelan pabrik. Sasi Ramadan kui dadi wektu utowo panggone awak dhewe kanggo sinau nahan nafsu meneh. Ora mung nafsu, nanging uga sinau meneh nyregepke ibadah-ibadah cilik sing awak dhewe sepeleke. Yen awak dhewe ora ngejalani poso kanthi bener, awak dhewe ora berhak ngerayake bakdo Idul Fitri.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "4736", "text": "Kanggo wong kang kaping sepisan ning hotel, kadhang proses check-in utawa mlebu marang hotel kuwi marai bingung. Apa maneh yen hotel kuwi wis nyediakake fasilitas check-in saka aplikasi kaya Traveloka utawa Pegipegi. Carane yaiku kaping pisan kudu ngadep marang resepsionis lan nyebutake nomor pesenan kamar hotel saka aplikasi. Utawa yen pesen langsung, bisa nakokake kamar ngendi sing kosong lan fasilitase apa wae sinng disediakake. Kaping pindho, siyapke kartu identitas kaya SIM, KTP, utawa buku nikah yen nginepe pasangan bebojoan amarga ana hotel sing regulasine ketat lan cara kuwi bisa ngindarake saka kasus asusila. Rampung ngurus administrasi, resepsionis bakal ngewenehi kunci kamar lan nduduhake panggon kamare. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7450", "text": "Tahun iki sak keluarga lungo nang Pontianak soale diundang nang acara Nikahan e tanteku. Sak durunge acara Nikahan, awak dewe kabeh sempet mlaku-mlaku ngiteri kota Pontianak. Mari mlaku-mlaku, terakhir mandek nang panggon tuku oleh-oleh. Model panggone koyok Pasar tapi gak sumpek, dadi leluasa nek kate nyunguk rono rene. Onok siji sing menarik perhatianku, yaiku onok jajanan jenenge nata de aloe. Jare wong sing nduwe bakul, nata de aloe iki koyok nata de coco, cuma iki terbuat teko aloe vera alias lidah buaya. Akhire aku ambek mamaku tuku sak dus soale sing koyok ngene iki jarang ditemoni, dadi sekalian tuku akeh. Pas dicoba, dadakno teksture luwe renyah timbangane nata de coco. Rosone koyok mangan lidah buaya langsung, cuma iki gak onok rasa paite, malah legi puol. Enak sih, aku seneng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7706", "text": "Tarik tambang iku salah siji jenis permainan tradisional sing akeh banget dilakoni nang sembarang perlombaan. Mulai teko Agustusan sampe lomba akhir semester nang Sekolah. Tarik tambang iki gak mek gawe arek cilik tok, tapi isok gawe wong tuwek sisan. Tarik tambang iki isok gawe latihan beban sisan dan akeh manfaate. Nek awakmu kepingin dolen tarik tambang, tutono cara iki. Siji, siapno tali tambang sing dowone sekitar 30 sampe 50 meter. Loro, bagian tengah tali dikeki tanda nganggo cat. Telu, tentukno kelompoke dadi rong kelompok. Papat, ben kelompok nyekel tali ndek masing-masing sisi. Pemain paling ngarep kudu ngekeki jarak sekitar 2,5 meter teko tanda ndek tengah tali. Limo, ancang-ancang disik. Pas wasit wes nyebul peluit, baru dariken taline. Pemenange ditentukno nek tanda tengah nang tali tambang iku mau wes kedarik sekitar 3 meteran utowo onok salah siji sing wes gak kuat.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7898", "text": "Teknologi jaman saiki iku tambah suwe tambah canggih. Salah sijine iku onokne face recognition gawe isok ngakses sesuatu. Contohne koyok lockscreen nang hp. Face recognition iki dinilai paling aman gawe ngelindungi data-data pribadine awak dewe. Soale akses sing nganggo teknologi iki bakal angel gawe diduplikasikno utowo dipalsukno. Soale kan ekstraksi data nang profil wajah iku dilakoni ping bolak balik ndek tahap awal sing fungsine gawe ngentokno data sing paling akurat teko pengguna iku mau. Dan wajahe ben uwong ambek wong liyo kan bedo-bedo, dadi bakal angel diduplikasikno. Dadi gawe awakmu sing gelem aman, mulai nganggo face recognition ae rek, mulai teko nang hp mu dewe.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "1739", "text": "Yen awak dhewe isih pemula, awak dhewe ora usah gaya arep munggah gunung sing angel. Awak dhewe iso mulai seko gunung sing ora terlalu duwur lan dalur pendakiane kui luwih aman. Awak dhewe kudu ngebiasake disik piye rasane munggah gunung. Awak dhewe kudu ngerti piye angele lan opo tantangan sing bakal diadepi. Kabeh kui ono prosese. Yen awak dhewe pengen munggah gunung sing duwur utowo sing angel, awak dhewe kudu ngewiwiti seko sing gampang. Pancen, akeh gunung sing angel diunggahi kui pemandangane apik. Nanging yen awak dhewe durung siap, mungkin awak dhewe ora iso nikmati pemandangan kui. Awak dhewe mung iso leren neng tendo lan sambat sepanjang dalan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "19", "text": "Olive Fried Chicken terkenal banget neng Yogyakarta. Ayam goreng kui ono neng endi-endi seko acara kepanitian kampus tekan panganan sing biasa dibagi bar Jumatan. Tekan wong seko luar Yogyakarta uga setuju yen rasane ayam goreng Olive iki enak. Rasane remasuk tekan jero daging malah sak tekan balung-balunge. Tekan sing bagian dodo isih bumbune isih remasuk. Kulite kriuk-kriuk lan rasa tepunge ora marai eneg. Daginge ora alot malah lembut banget. Dipagan ngaggo saos tomat lan sambel dadi luwih mantep. Nek sing seneng kecap, yo wis dicepake neng kono. Regone yo cocok banget kanggo pelajar utowo mahasiswa. Menu sing paling murah neng kene kui Paket Ayam 1 isine ayam bagian sayap karo sego.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "3143", "text": "Nak sekolah ku biyen ancene akeh olah raga sing didadekno ekskul, salah sijine yoiku Tenis Meja tapi nag bocah-bocah nang kono iku oleh ngarani pingpong. Olahraga iki biasane dimaeno wong loro utowo wong papat sing gepuk bal enteng sing teko plastik tapi enteng, terus iku dilakoni nang duwur mejo. Sing digawe gepuk iku maeng koyok raker ngunuku tapi cilik sing diarani Bet. Terus nang tengae mejo maeng yo ono sing jenenge net kanggo batesi utowo bagi mejone maeng dadi loro. Aturan maene iku bal kudu dipendalno nang mejo lawane ambek lawane maeng yo kudu gepuk bal iku. Nag sampek ora iso gepuk berarti ora oleh poin terus sing oleh sing gepuk awitan maeng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7016", "text": "Salah siji museum sing durung akeh wong sing eroh iku jenenge De Javasche Bank nang Suroboyo. Sing paling utomo nang kene iku awak dewe isok weroh sejarah sistem perbankan ndek Indonesia. Tapi selain iku, interior e sing sek bernuansa vintage dadi spot favorit gawe foto-foto. Hal iki mergo bangunan asli bank iki sek dipertahano dan gak akeh direnovasi. Gawe awakmu sing penasaran dan pingin mrono, tutono rute iki. Berangkat teko Pasar Turi, lurus titik terus belok ngiwo cek tetep nang jalur jalan Pasar Turi. Mbari ngono njupuko jalur kiwo gawe melbu nang jalan Kebon Rojo. Lurus ae ngelewati jalan Indrapura. Terus nek nemu rong jalur nang cedek Holland Bakery, njupuk jalur kanan dan melbu nang jalan Rajawali. Jalan lurus sekitar 700 meter, terus belok ngiwo sak marine bank BRI ATM drive Thru nang tengen dalan. Dalan titik maneh, dan tujuanmu onok nang tengen dalan.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6359", "text": "Adat sing diusung ning pedalaman kuwi kadhang ana benere kaya misal njaga alas amarga ning jero kuwi ana penunggu utawa anane daerah lan alas larangan. Sajane mitos kuwi bisa didelok mung dadi cara ben masyarakat ora mlebu lan ngerusak ekosistem sing ana ning jerone. Masyarakat iki kudune pangerten yen lingkungan alam sing seimbang kuwi bisa njaga wilayan ben ora gampang kena bencana. Salah sijine yaiku nandur wit-witan kanggo ngurangi erosi lan longsor uga kanggo nyimpen cadangan banyu wayah udan. Kamangka, awak dhewe kudu bersyukur yen ana aturan adat sing ngongkok awak dhewe kanggo njaga alam semesta lan sak isine ben tetep lestari. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9752", "text": "Bakpia pathok yoiku panganan sing bahan dasare tekan tepung terigu sing dipanggang nggawe isian kacang ijo dicampur gulo. Bakpia awale digowo saking tiongkok kwik sun kwok tahun 1940 an ning Jogjakarta. Panganan iki termasuk oleh-oleh khas Jogjakarta . nanging jaman saiki bakpia pathok iki ora mung isi kacang ijo nanging iso diisi coklat, keju, nanas , duren lan lian liane. Jaman biyen bakpia iki dibungkus nganggo besek saka pring tanpa merk nanging saiki wis maju dadine dibungkus nganggo kerdus lan diwenehi merk . Asale merk ning bakpia iki saka nomer omah sing nggawe bakpia e lan digawe nganti saiki. Panganan iki terkenal ning wong-wong sing lungo tekan jogja . wis koyo hal wajib tuku bakpia nek tekan jogja. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7823", "text": "Jaman saiki, wong-wong lagi seneng banget dolanan game, bah iku nang hp utowo nang laptop. Iku sing marakno mulai akeh alat elektronik sing khusus gawe gaming, salah sijine laptop gaming. Laptop gaming iki bedo ambek laptop sing biasane onok nang pasar. Onok limo perbedaan laptop gaming karo laptop biasa teko segi komponen karo fitur e. Siji, CPU. CPU nang laptop gaming iki biasane CPU generasi anyar sing serine isok di-overclock. Loro, laptop gaming iku onok dedicated GPU ne. Telu, sistem pendingin. Kabeh laptop onok sistem pendingine, tapi sistem pendingin laptop gaming iku luwe canggih gawe ngatur suhu laptop pas lagi digawe. Papat, RAM ambek SSD ne laptop gaming iku luwe dukur timbang laptop biasa. Terakhir, laptop gaming iku biasane nganggo keyboard backling RBG sing isok nyala gawe nggampangno pemain pas dolen game nang ruang peteng.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2376", "text": "Kanggo masak sego iku gampang nag jaman saiki, ora perlu ruwet koyok biyen sing kudu nang pawon, ngakakno geni ambek kayu terus lagek iso masak sego. Saiki wes ono rice cooker utowo magiccom sing kenek digawe masak sego karo godok banyu. Masak sego saiki cukup karo ngumba beras disik sampek resik, mari ngunu dilebokno wadah sing teko rice cooker maeng, mari ngunu, diukur banyune ambek berase sing penting podo ben segone ora kelemesen koyok bubur. Mari ngunu, rice cooker cupno nang listrik terus wadah sing wes ono berase maeng dilebokno rice cooker terus ditutup maneh. Engko nag wes mateng, rice cooker'e mati dewe. Piye enak to jaman saiki, kabeh karek listrik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2487", "text": "Salah sijine situs online yaiku galeri medika njelasno nag delok film iku iso ngewei dampak apik ambek elek. Kabeh iku maeng karek film sing mok delok. Nag film sing mok delok iku maeng nyeritakno sing apik-apik yo iso ngewei pengalaman sing apik ambek sak walik'e. Contoh salah sijine film sing iso nguwei pengaruh positif nang sing delok yaiku film komedi. Jarene penelitian nag universitas of maryland sing tau nemokno fakta nag guwu pas delok film komedi iso ngambakno otot sampek 22%, artine iso ngedokno tekanan darah iku maeng kanggo wong sing duwe darah tinggi. Iku maeng podo ambek wong sing gelek olahraga. Mangkane delok film iku yo kadang apik kadang yo elek. Karek delok film sing didelok iku opo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "944", "text": "Kenopo aku ora tuku mesin cucin neng omah senadyan mesin cucine sing saiki wis rusak? Padahal, mesin cuci kui iso gawe gawean neng omah kui luwih enteng lan ora kudu kesel-kesel ngumbagi nganggo tangan. Wong omah uga akhire duwe wektus selo sing luwih akeh. Alesane kui simpel, seko segi finansial, awak dhewe ora mampu tuku mesin cuci. Sebenere iso-iso wae, nanging awak dhewe sepakat luwih penak dikumbahke neng laundry timbangane ngumab dhewe. Yen awak dhewe arep tuku mesin cuci, awak dhewe ora duwe panggon sing amot, teruma kanggo mesin cuci sing 2 tabung. Alesan sing liyo, awak dhewe kui podo duwe kesebukan dhewe-dhewe dadine luwih penak klambi kui dilaundry.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4770", "text": "Yen ana waktu luang, ibuku seneng banget masak amarga jare ibu, masak kuwi bisa nuwuhake rasa tresna kanggo keluwarga lan belajar dadi menungsa sing luwih bisa ngerasa karo lingkungan sekitar. Masio masak kuwi kewajiban, ing wektu kosong, ibu ya seneng masak camilan kaya mendhoan, roti, jajanan, lan sapanunggale. Ibu uga sregep banget golek resep saka internet utawa nonton acara masak ning TV. Aku lan adhiku kadhang ngewangi tuku bahan lan reresik bahan. Jare ibuku, masak kuwi bisa ngilangake stres lan bisa dadi penghasilan. Nanging, ibuku dhewe ya ora gelem buka usaha catering amarga masak ki sejatine mung kanggo hobi, dudu penggaweyan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7434", "text": "Akeh banget cerita rakyat sing nyambung ambek kejadian sing onok nang dunia modern saat iki. Salah sijine iku Roro Jonggrang. Legenda sing siji iki terkenal mergo kisahe Bandung Bondowoso sing isok mbangun 999 candi dalam sebengen demi isok nikahi Roro Jonggrang. Mbasio akhire de’e gagal soale syarat gawe nikahi Roro Jonggrang iku gawekno 1000 candi sak durunge fajar, tapi Bandung Bondowoso mek nggawe 999 candi. Nek awak dewe nduwe istilah sing luwe dikenal, yaiku sistem kebut semalam. Gawe sebagian uwong, garap sesuatu sing dadakan iku isok luwe memicu adrenalin dan marai utek langsung mlaku. Tujuane cek gak sampe telat ngumpulno tugas iku mau. Podo ambek Bandung Bondowoso sing rela nggawe 999 candi cek isok nikahi Roro Jonggrang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7375", "text": "Jaman saiki, akeh banget perbincangan tentang zodiak ambek shio sing onok nang kalangan arek enom. Semisal nek onok uwong sing zodiak e leo, berarti uwong iku ngene lah ngono lah. Utowo uwong sing nduwe zodiak virgo iku berarti bajingan. Iku berlaku sisan gawe shio. Nek uwong lahir ndek shio wedhus, berarti soge, dan liyan liyane maneh. Padahal sifat ambek nasibe uwong iku gak isok dinilai teko kono. Dan uwong sing percoyo koyok ngono iku termasuk ngelakoni duso gede. Percoyo karo zodiak ambek shio iku salah siji bentuk perbuatan syirik alias perbuatan sing nyekutuno Allah. Dan wong sing wes ngelakoni perbuatan syikir gak bakal diampuni dusone.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "8974", "text": "Nang Indonesia, merk hp sing onok nang pasaran iku uwakeh pol. Hal iku soale akehe masyarakat Indonesia dan mereka kabeh pasti podo nduwe selera sing bedo-bedo. Onok sing senengane gonta ganti hp, onok sing tuku hp dan dijogo banget. Aku iku termasuk uwong sing njogo hp banget. Alesanku sih nek hp iku sek isok dinggo, lapo atek tuku maneh? Nek ditakon hp opo sing tak gawe, kok isok awet banget, jawabane iku Samsung. Hp Samsung sing tak duweni iki wes umur 6 tahun, tapi sampe saiki sek enak gawe dinggo. Mbasio talah rodok lemot sitik, tapi sek isok dinggo. Dan akeh pol sing beranggapan podo, hp Samsung iku pasti awet.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "3174", "text": "Nag olahraga mesti ora kabeh wong iku iso olahraga lancar, yo ono kalane ngalami perkoro sing dadak pas waktu olahraga koyok contone weteng loro polahe kudu ngiseng ambek liyane iku maeng yo akeh. Asline perkoro iki iso ae ora bakal kedaden ang ancene wes bener-bener diniate kanggo olahraga sing bener. Dadi sak durunge budal utowo ngelakoni olahraga ikui awake wes temen-temen disiapno contone ngiseng disek sak durunge budal, terus gowo banyu ben engko ora ketelak pasa nag tengah-tengah olahraga. Yo ancene perkoro ngunuku ora kenek dibade tekone iku kapan, tapi gak-gake awak dewek iku wes ancang-ancang ben ora metu perkoro koyok ngunuku maeng. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "10008", "text": "Olahraga renang saiki wis akeh sing nyenengi. Apa maneh kanggo Dewa, adhiku sing ragil. Dewa wis melu latian renang ana ing sekolah wiwit kelas 3 SD. Kabeh kaluwargaku ndukung olahraga sing pancen duweni akeh manfaat iki. Miturut data sing ana ing website Ciputra Hospital, manfaate renang kanggo awak iki antarane yaiku, bisa ngelatih otot, bisa kanggo ngilangi stres, bisa ngurangi penyakit asma, ngobong kalori kanthi cepet. Dewa uga ngerasa dheweke bisa tambah dukur nalika rutin kanggo renang. Nalika wis ero manfaate kaya ngene, Dewa uga ora meneng wae. Saben dina dheweke ngejak kanca-kancane kanggo melu renang supaya bisa ngerasakne manfaate renang. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5095", "text": "Wilayah Maluku kuwi mayoritas wargane penganut Kristen lan Katolik. Nanging, ning Maluku lan Papua, akses ibadah ning wilayah daerah kuwi angel banget amarga ora ana perhatian saka pemerintah. Misionaris jaman biyen uga mung mlebu lan nyebarake agama nanging ya rada angel kanggo mbangun gereja. Sing paling prihatin iki, kadang ibadah diadakake ning pendapa balai desa, utawa sekolah saban dina Minggu. Nanging semangat ibadah iki isih dhuwur lan akeh warga sing wani budhal nang gereja wiwit isuk banget kanggo ibadah. Sekolah-sekolah uga nekakake biarawati kanggo ngajar ning sekolah lan ngabdi ben akses ibadah iki tetep lancar masio ora ana gedung sing layak. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2467", "text": "Preian karo konco iku duwe manfaat akehe megialan. Ora mok secara lisan utowo mental tok, tapi secara jiwa ambek emosional yo ono. Kabeh iku maeng iso bangun keakraban ambek pareke roso seduluran karo konco. Sak liyane iku, konco-konco sing prei bareng biasane yo bagi-bagi cerita ambek tukar pengalaman sing iso dadekno semangete ngadepi urip. Masio ora adoh oleh preian tapi sing penting iso kumpul iku wes enak'e ora mbloko gawe bocah-bocah enom. Soale teko kono maeng roso seduluran iso tetep kebanguan ambek kejogo masio suwe ora petok bakal kelingan terus. Mangkane preian ambek konco utow keluarga iku perlu ben roso iki tetep kejogo.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6305", "text": "Kumpul kebo utawa co-living kuwi dadi kebiasaan sing elek nanging akeh dilakoni wong sing urip ning kutha gedhe. Kumpul kebo iki dilakoni karo wong lanang lan wong wedhok sing isih pacaran lan durung rabi, nanging urip bareng ning omah utawa apartemen sing sepi. Aktvitas sing dilakoni ya ora ana sing weruh amarga tertutup. Kanggo wong kutha, babagan iki wis biyasa amarga kumpul kebo iki jarang digrebek, apa maneh yen ana ning apartemen, amarga wong jaman saiki wis mulai individualis lan ora ngurusi wong liya. Ning jero kampung, pasangan kaya ngene wis mesti digrebek amarga kudu nduduhake dokumen sing lengkap ben warga ora salah sangka. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "2756", "text": "Wingi lagek mari ngerayakno tahun baru islam sing kedaden nag tanggal 1 muharram kalender hijriyah. Nah nang tahun baru islam sing kedaden nang dino sing tanggal 1 maeng termasuk dino sing bersejarah kanggo wong islam soale nang dino iku umat islam sing ono nang Makkah pindah gede-gedean nang kota Madina sekitar tahun 622 M. Sak liyane iku, kedadean iku termasuk salah sijine peristiwa sing dadekno perkembangan islam tambah cepet. Mangkane saiki nag tanggal 1 muharram didaekno salah siji dino sing termasuk apik kanggo wong islam. Mari ngunu, teko dino iku yo kenek dijipek nilai positive kanggo generasi saiki yaiku semangat kanggo berjuang sing megilan ambek ora gampang putus asa.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "485", "text": "Haji kui ibadah sing paling angel dilakoke dadi pancen neng lafal rukun iman kui \"ngelakoke haji yen mampu\". Mampu sing neng kene iki, mampu finansial lan fisike. Biaya perjalan seko Indonesia kui ora murah. Ibadah kui uga akeh sing ngebutuh tenogo lan fisik sing sae, koyo tawaf lan sa'i. Sak liyane kui, ati lan pikiran awak dhewe kui uga dijogo selama ibadah haji lan ono neng tanah suci. Akeh crito sing menarik seko kaluarga sing wis mrono. Yen atine awak dhewe kui ora lurus, awak dhewe langsung entok cobaane neng kono. Koyo simbahku sing ora iso mlaku pas arep tawaf sak durunge bali. Dheweke ngeroso kuat kanggo jogo simbah putri selama ibadah kui. Nanging, sikil simbaku kui ngerti-ngerti keroso abot lan ora iso digerake. Bobote uga medun, tekan pas bali anak-anak podo kaget delok rupa simbahku sing pucet.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9376", "text": "Dina-dina nganggur amarga preian sekolah kudu bisa diisi karo kegiatan sing ana manfaate. Salah sijine yaiku melu kelas sing diadakno ing internet utawa bisa kasebut online class. Akeh website sing ngadakno kelas online kanti macem-macem materi kayata carane ngoding, cara ngomong ning ngarep utawa public speaking, lan liyane. Cara daftare uga gampang banget. Kaping pisan, golek website sing lagi bukak kelas online misale ing website coursera. Sawise iku mlebu utawa nggawe akun supaya bisa ndelok apa wae sing ditawarke. Kaping pindho, langsung ditulis wae materi apa sing pengin disinaui. Ning kono bakalan langsung metu sekolah utawa panggon sing nyediakake kelas online lan langsung bisa dafthar. Kelas online sing ana ing coursera uga rata-rata isih gratis.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "438", "text": "Aku ngerosone sak wise pilpres 2019 politik agama kui makin kenceng. Wong-wong podo ngeroso yen agama sing dianute kui paling bener, tekan nyalahke wong-wong bedo kepercayaan karo dheweke. Sing muslim, iso tekang ngafir-kafir wong sing nonmuslim. Secara logika, kui ora salah nanging tetep ora pener. Awak dhewe sebagai wong muslim kudune iso ramah marang kabeh agama. Agama Islam kui kudune agama sing ngajarke ketentreman lan keslametan, dudu malah manas-manasi wong tekan gelut. Sing luwih parah, akeh dulur-dulur dhewe sing podo-podo muslim, uga saling ngafir-kafirke siji karo liyane. Urip antar agama neng Indoensia iki dadi makin semrawut. Makane, awak dhewe sebagai umat Islam kudu ngiling-ngiling meneh agama awak dhewe sing adem lan ayem.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "6900", "text": "Spageti, jeneng panganan sing wis umum banget nang kupinge wong-wong, dan salah siji panganan senenganku. Jaman mbiyen, sekitar awal tahun 2000an, spageti iku mek isok dinikmati nang restoran bintang lima alias panganane wong sogeh. Kate nyoba masak dewe pun bahan-bahane sek angel digolek terus yo larang. Terus gak suwe, beberapa pabrik sing ngeproduksi pasta keringan yo ngeproduksi bumbu instan spageti sing regone lumayan terjangkau dan didol nang ndi-ndi. Saiki kate mangan spageti gak butuh ngetokno duit akeh, soale wes akeh Café ambek Rumah Makan sing nyediakno spageti sing regone murah. Wes ngono saiki rasa spageti wes tambah macem-macem. Onok spageti bolognese, spageti carbonara, spageti aglio olio, dan liyan-liyane.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "6346", "text": "Cara njaga kekancan ning tengah kesibukan dadi wong sing diwasa kuwi pancen rada angel. Penyebabe yaiku frekuensi sing bedha, topik omongan sing ora nyambung, lan wektu sing ora nutut kanggo ketemu. Akeh kanca SMA sing wis ora kontak amarga kepisah ning gawean banjur teka dadi wong sing bedha kuwi akeh lan marai ora cocok. Kanggo ngindari babagan iki, awak dhewe bisa ngontak kanca lawas lan nakoni kabare. Bagian iki uga perlu amarga wong bisa dadi luwih prihatin menyang kanca. Banjur uga ngiri hadiah miturut apa sing disenengi. Kaping pindhone yaiku cerita babagan jaman cilik lan ngirim foto jaman biyen ning sosial media kanggo mbangkitake memori sing ana. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "1769", "text": "Pas awak dhewe lagi stress, awak dhewe iso nulis kanggo ngurangi rasa sing ora enak kui. Nulis kui ketok koyo kegiatan sing sepele nanging efektif banget kanggo noto pikirane awak dhewe. Pas nulis, masalahe awak dhewe dadi luwih ketok. Maksude, awak dhewe dadi iso mengidentifikasi opo sing dadi masalahe awak dhewe selama iki. Sak durungi, mungkin awak dhewe ngerti sing salah. Nanging awak dhewe ora ngerti opo sing salah. Nulis kui iso gawe awak dhewe ngerti opo sing salah neng pikirane awak dhewe. Yen awak dhewe bingung arep nulis opo wiwitane, awak dhewe iso nulis opo wae sing lagi kepikiran. Ora mesthi sing ono kaitane karo perkoro sing gawe awak dhewe stress, awak dhewe iso nulis hal sing sepele, koyo mau isuk mangane opo, lan ngerti-ngerti awak dhewe wis nulis luwih seko sak halaman.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7488", "text": "Tokoh adat iku pasti onok nang ndi ae. Salah sijine iku nang panggon-panggon wisata alam. Tugas tokoh adat iku mau gawe njogo panggon iku cek isok tetep aman karo lestari. Selain iku, panggon wisata alam iku mesti nyambung karo hal-hal mistis. Nah biasane juru kunci iku bakal ngandani nang pengunjung tentang hal-hal iku dan opo ae sing gak oleh dilakoni pas berkunjung nang panggon wisata alam iku. Nek semisal awakmu liburan nang wisata alam, turutono sembarang kalir omongane juru kunci nek gelem aman, opo maneh nek wes dikandani onok hal-hal mistis nang kono. Atek awak dewe gak nurut, bakal onok ae kejadian sing gak diingino, contohe koyok kesurupan dan akeh liyane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7802", "text": "Jaman awak dewe cilik, pasti akeh banget jenis game sing tau didoleno nang komputer, salah sijine iku Cooking Academy. Cooking Academy iki game sing temane memasak sing dibesut karo Big Fish Games, Inc.. Nang game Cooking Academy iki, awak dewe bakal ngelakoni misi gawe masak hidangan sesuai sing diperintahno. Sak durunge ngelakoni misi, awak dewe kudu moco langkah-langkahe sing kudu dilakoni disik ben gak ngelakoni kesalahan pas prakteke. Cooking Academy iki njupuk kultur budaya Barat, makane sembarang panganane iku khas Eropa. Mulai teko menu pembuka, menu sarapan, menu makan siang, menu makan malam, sampe menu penutup iku kabeh bernuansa Eropa.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "8637", "text": "Salah siji sing biasane kudu dilakoni pas lagi ndaki gunung iku kudu isok nggawe api unggun. Fungsine iku gawe ngangetno area sekita tenda ambek njauhno pendaki teko serangan kewan buas. Nggawe api unggun iku gak isok asal, kudu onok teknik e ben gak nimbulno kebakaran. Onok akeh teknik sing isok dipraktekno, salah sijine iku nganggo teknik mound fire. Cara nggawe api unggun nganggo teknik mound fire iku koyok ngene. Siji, siapno karung beras, plastik gede, utowo lembaran aluminium foil gawe alas. Loro, kumpulno lemah, watu krikil, utowo pasir terus didekek nang nduwur alas iku mau. Telu, ratakno lemah utowo pasir iku mau, tambah tebel tambah apik. Terakhir, gawe tumpukan kayu koyok biasane nek kate nggawe api unggun, terus urupno apine.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "5166", "text": "Cara maine sasando ora oleh sembarangan amarga kadang bahan sing digawe ora sepira kuat lan kekuatan sing nabuh kudu diukur lan kudu ati-ati ben senare ora pedhot. Cara nabuh sasando yaiku nganggo tangan loro, kiwa lan tengen. Bagian kiwa kanggo kanggo mainke bas lan melodi, tangan bagian tengen kanggo mainke akord utawa kunci amarga kunci sing sasando iki bedha karo alat musik liyane. Kunci ning sasando iki ora beraturan nanging tetep ngasilake swara sing penak amarga ana resonansi mau. Teknik maine uga kudu bener lan kudu ngerti harmoni. Yen tangane cepet maine, tempo melodine uga tambah cepet lan tangane uga tambah lentur. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "8969", "text": "Jaman saiki, game iku podo isoke didoleno online. Wes jarang pol game sing isok didoleno secara offline, soale kabehe iku butuh iklan, terutama game sing didoleno nang hp. Tapi gatekno, jarang guduk berarti blas gak onok. Tetep onok kok game sing isok didoleno secara offline, yaiku Candy Crush. Nek tak gatekno, game iki cocok pol gawe kabeh kalangan umur. Mulai teko arek cilik sampe wong tuwo iku isok dolen iki. Game iki cocok banget gawe awakmu sing lagi suntuk mergo gak onok jaringan internet soale isok didoleno dalam kondisi hp offline. Gawe awakmu sing nggolek game offline nang hp, unduh ae Candy Crush.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "991", "text": "Sak ben aku dalan-dalan neng super market, aku mesthi ngubeng-ngubengi kabeh bagian sing ono neng kono. Pas kui, aku delok kompor listrik neng bagian piranti elektronik. Ket disik aku kepengen banget tuku barang kui. Soale, aku kerep delok video masak-masak sing neng Youtube nganggo kompor jenis kui. Pas aku delok-delok neng kono, akeh banget produk sing ditawarke, ono sing murah lang uga ono sing larang. Nanging, kompor sing regone murah kui nganggo listrik sing gedhe lan sak walike, kompor sing regone larang kui luwih hemat listrik. Timbangane aku bingung, akhire aku ora sido tuku kompor kui. Tak mikir engko waelah tukune, yen wis duwe duwit sing akeh.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "8618", "text": "Kadangan, uwong iku bingung nek kate mulai nabung gawe persediaan dana darurat. Durung maneh nek awak dewe nduwe penghasilan sing pas pasan. Awak dewe pasti mikir, alah gak bakalan kekumpul iki nek misal mek nabung sitik tok. Akhire awakmu maleh gak sido nabung gawe dana darurat mau. Padahal nabung piro ae iku gak masalah. Nabung sitik iku yo gak popo rek. Asalkan siji, konsisten ae. Misal sak wulan awakmu mek isok nabung 50 ewu, sak tahun awakmu isok ngumpulno sampe 600 ewu. Iku lumayan lho, opo maneh nek pengeluaranmu dadakno gak sepiro. Dadi gawe awakmu, gak usah ragu gawe nabung sitik, sing penting iku konsisten e.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7727", "text": "Awakmu pasti nduwe atlet senenganmu dan bakal terus mbok dukung sampe kapan ae. Kadangan, awak dewe iki kepingin eroh ngono yaopo seh sifat asline atlet sing awak dewe senengi iki selain pas dolen nang pertandingan utowo kejuaraan liyane. Onok cara ben awakmu eroh yaopo sifate atlet senenganmu iku. Siji, delok cara ngomonge teko wawancara nek mari dolen nang setiap kompetisi. Teko kono, awamu eroh yaopo atlet iku mau menyikapi kompetisi iku mau dan yaopo de’e nerimo hasil sing dientokno. Loro, stalk ae akun media sosial e. Nang kono dadi eroh yaopo mereka berinteraksi karo konco utowo atlet sing liyane teko akun mereka.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9659", "text": "Kuliah adoh utawa ngerantau kerja mesti duweni kanca akeh banget. Misal kanca beda agama utawa beda suku lan ras. Nalika duweni kanca beda agama, kudu bisa toleransi karo apa sing dilakoni supaya kene wong loro tetep bisa ibadah kanthi tentrem. Contohe kaya nalika kancane kene ngerayakna Natal. Kene pancen ora perlu melu ngerayakna, nanging kene bisa melu seneng lan dongakna muga-muga Natale lancar lan ora ana alangan. Bisa uga teka ning omahe nalika diundang kanggo mangan-mangan utawa ngelumpuk ning omahe karo kaluwargane. Mula ayo wiwit njaga kerukunan karo kanca dhewe diwiwiti saka babagan cilik kaya ngene supaya urip ana ing dinya tentrem lan damai.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2858", "text": "Nag delok anjuran mangan teko dokter utowo teko kementerian kesehata. Kabeh wong dikongkon mangan panganan sing ora blaheni ambek duwe kandungan gizi sing lumayan cukup kanggo awak. Oleh-oleh daerah khas Lamongan sing jenenge wingko babat iki termasuk panganan sing lumyan apik kanggo awak soale kandungane lumayan akeh koyok kalor, protein, karbohidrat, lemak, kalsium, fosfor, ambek zat besi. Mangkane nag awakmu pengen ngerti winggko babat saiki wes ono nag endi-endi ora perlu teko nang lamongan gawe tuku iku maeng. Terus regani barange yo murahe rombloko timbah oleh-oleh khas daerah liyane. Masio iku termasuk oleh-oleh khas daerah tapi rasane tetep gejogo ben tetep akeh sing seneng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "2407", "text": "Nag wista alam gratisan yo akeh, koyok sekitarane magetan. Soale ono gunung lawu sing dadi keunggulane wisata alam daerah kono. Mari ngunu ono sawah-sawah sing ombone ora karuan ambek gunung-gunung sing gede-gede terus-tumpuk. Terus awak dewek yo iso lewat nag duwure gunung-gunung iku maeng ambek iso masih pemandangan sing nag ngisore maeng, wes lengkaplah pemandangan alame nag kono. Terus nag kono yo ono wisata apik-apik. Nag pengen mlebu yo bayar, bayare yo ora sepiro larang nag dibandingno karo wisata liyane. Ya mulai teko 10ewuan sampek 20 ewuan yo ono. Terus yo ono petik strabery langsung yo ono. Sing paling enak yo iku mandek nag warung ambek ngombek teh utowo jahe panas ambek delok pemandangan sing ono.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "10018", "text": "Dulur kabeh sapa sing yen tangi turu awak rasane kerep kaku keju kabeh rasane kaya lungkrah-lungkrah o? Nah, kaya ngeneki biasane dianggep amarga awake kesel. Nanging sejatine padha ngerti ora yen iku kabeh isa amarga awake kaku ora tahu diajak obah ulah raga. Jan-jane ulah raga kui ora prelu sing abot lan ngguwak sakahe wektulan panggonan. Ulah raga iku isa saka lagi wungu, ngombe banyu putih lan lungguh sedhele kanggo pemanasan marang awake. Kaya ngene lo tuladhane, kanca-kanca tangane walang kerik terus sirahe diputer, nolah nengen, noleh ngiwa, ndhangak lan ndhingkluk saben itungane ping 8. Bubar kui genti tangane ditarik munggah, mendhuwur, nengen, ngiwa, mengarep, memburi uga saben itungan ping wolu, sikite uga. Nah, cara-cara ngeneki perlu abgnet dilakoni saben dina supaya awake ora kaku lan tetep bagas waras. Ayo, kabeh perlu dilatih mulai saiki loya Lur!.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9770", "text": "Ing wayah preian sekolah susanti diwei bu guru tugas tekan sekolahane golek berita tentang Tarian daerah. Susanti takon ing ibune opo wae jenis-jenis e tarian daerah iku. Ibu ne susanti ngomong diantarane tarian kecak, tarian reog ponorogo, tarian piring, tarian tor-tor, tarian remo lan macem-macem jenis e teko macem-macem daerah e dewe-dewe . Akhire susanti nulis kabeh sing wis di omongne karo ibune. Wayah isuk e pas melbu sekolah susanti ngumpulake tugas ing gurune. Jarene gurune tugas e susanti wis bener tentang macem macem e tarian lan asale soko ngendi tarian iku. Akhire gurune susanti bangga karo susanti amarga sreger oleh e sinau lan garap tugas sing wis diwei karo gurune. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "1755", "text": "Indonesia kui jarene lokasine ono neng cicin api. Artine neng sepanjang pulau-pulau neng negoro iki akeh gunung merapine. Sakliyane kui, daerahe negoro iki uga dadi panggon ketemune lempeng-lempeng bumi. Seko informasi kui, awak dhewe kudune ngerti yen Indonesia kui akeh bencana alame, paling ora neng negoro iki iso ngerasake gunung jeblug, lindu, lan tsunami. Nanging kenyataane luwih seko kui. Negorone dhewe kerep ngalami longsor lan neng daratan sing luwuh rendah uga kerep banjir. Seko kahanan kui, dadi penting kanggo awak dhewe ngerti carane nyelametke awake dhewe pas lagi keno bencana. Sak ben daerah kui, bencanane bedo-bedo, awak dhewe kudu nyesuaike sinau bencana sing paling iso kedadean neng daerahe dhewe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "2819", "text": "Nag awakmu dolan nang daerah padang daerah minang kabau, mesti awakmu bakal delok omah sing bentuke iku lincip-lincip. Omah iku termasuk salah sijine omah adat sing ono nang indonesi sing sampek saiki dijogo ambek wong-wong sing nang kono soale iku dadi simbol budaya ambek termasuk warisane nenek moyang sing merjuangno uripe generasi muda saiki. Nah mangkane dadi generasi enom utowo mudah ojo sampek lali ambek opo sing dilakoni nenek moyangmu soale nag ora ono nenek moyangmu durung karoan awakmu ono. Mangkane sing jenenge jogo warisan budaya iku pentinge orambloko soale ben awak dewe iku ngerti sopo nenek moyange awak kabeh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "475", "text": "Maca Alquran kui pengting kanggo awak dhewe umat muslim. Neng jero kita sucine awak dhewe akeh pedoman-pedoman urip kanggo bekel awak dhewe ngalkoni sesuatu neng donyo iki. Isine ora mung aturan-aturan nanging uga kisah-kisah sing iso awak dhewe jipuk pelajarane. Luwih cepet, dipelajari kui luwih apik. Nanging dudu artine yen ngeroso wis tuwo kui telat. Umat muslim kui salah siji kewajibane kui sinau, termasuk sinau agama seko kitab sucine. Sing jenenge sinau kui uga proses. Dadi pas awal-awal ngewiwiti moco Alquran kui ora kudu langsung bener. Nanging tetep diusahke iso moco rutin sak ben dino. Alon-alon awak dhewe dadi iso ngerti isi seko Alquran.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "67", "text": "Bidang panganan lam ombenan wis berkempang pesat. Industri iki ngasilke akeh profesi anyar. Salah sijine juru foto makanan. Profesi iki lahir mergo akeh permintaan sing duwur nggo ngesajike gampar panganan neng dunia digital. Yen Sampeyan, tetarik karo profesi iki ono langkah-langkat sing iso dietuti. Sing kepisan, Sampeyan iso golek-golek informasi neng Internet. Ben wawasan babagan juru foto panganan iki tambah luas lan dadi tambah ngerti langkah opo sing kudu dilakoni salanjute. Dadi juru foto panganan kui ora iso kudu masak, nanging tetep kudu paham soal bidang kuliner. Yen sampun ngeroso cukup informasi soal profesi iki, dianjurke langsung praktek. Motret panganan kui ora kudu nganggo piranti sing apik utowo larang. Wiwiti kanggo kamera sing ono neng HP.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "7749", "text": "Olahraga hoki iku salah siji jenis olahraga kardio sing dolene nganggo alat pemukul karo bal khusus. Olahraga iki isok didoleno nang lapangan utowo nang nduwur permukaan es. Berhubung Indonesia iku iklim e tropis, dadi hoki dilakoni nang lapangan. Pirang sekolah iku wes nyediakno ekskul hoki, cuma sayange peminate iku mek onok sitik tok. Padahal manfaat e dolen hoki iku onok lumayan akeh. Siji, ndukung kesehatan jantung. Loro, ningkatno kekuatan otot sikil karo lengen. Telu, ningkatno sistem kekebalan tubuh. Papat. ngendalikno berat badan. Terakhir, ngeduno stres ambek ningkato mood. Dadi gawe awakmu sing sekolahe onok ekskul hoki ne, coba gabung ae rek.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "8628", "text": "Onok sing ngomong nek dulur iku gak mesti sing nduwe hubungan darah ambek awak dewe. Bahkan wong njobo iku isok dadi dulure awak dewe. Salah sijine iku tonggone awak dewe. Temenan lho, tonggo iku isok dadi dulure awak dewe. Alesane iku mergo mereka iku tinggal ndek cedeke omahe awak dewe. Semisal awak dewe butuh bantuan dan dulur kandunge awak dewe podo urip nang luar kota, wong sing isok dijaluki tulung nomer siji iku tonggone awak dewe. Opo maneh nek awak dewe wes akrab pol ambek tonggo iku, pasti mereka gak bakal ragu gawe ngewangi awak dewe. Dadi gawe awakmu, ojok lali bersikap apik karo tonggomu ben isok njalin hubungan dulur sisan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "5494", "text": "Nonton bal-balan ning stadion kuwi pancen nyenengake amarga bisa ketemu suporter liya lan bisa ndukung tim langsung. Nanging ning sasi Oktober taun 2022, ana kasus sing ngelibatake para suporter, yaiku pas pertandingan Arema karo Persebaya. Akeh banget perkara sing perlu diselidiki amarga saka peristiwa iki, luwih saka 150 wong seda siya-siya. Ana sing ngomong kabeh kerusuhan iki dimulai saka suporter fanatik, uga ana sing ngomong yen dimulai saka polisi sing ora bisa ngontrol keramean. Nanging, eksekusi saka kasus pertandingan iki uga ora tinemu terang amarga akeh pihak sing ora gelem disalahke lan ora gelem tanggung jawab kalebu polisi, PSSI, pemerintah Malang, uga para sponsor. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "1752", "text": "Lindu kui becana alam sing ora iso awak dhewe kiro-kiro. Awak dhewe iso prediksi kapan lan neng endi, nanging awak dhewe ora iso ngepastike wektu lan lokasi tepate. Lindu kui seko penyebabe iso dibagi dadi beberapa jenis. Ono lindu sing disebabke lempengan sing geser utowo lindu tektonik. Yen misale lindu jenis iki ono neng laut iso wae dadi sebab bencana tsumani. Sing keloro, ono sing jenenge lindu vulkanik. Lindu jenis iki disebabke karo aktifitas magma neng gunung merapi. Biasane gunung merapi sing arep jebluk bakal ono lindu disik. Sing ketelu, ono sing jenenge lindu runtuhan. Iki biasane kedaden neng panggon-panggon lemah kapur utowo neng panggon tambang.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "4658", "text": "Bakso Kota Cak Man kuwi bakso sing wis kesohor ing endi wae. Nanging ya asline saka Malang, Jawa Timur. Biyen ceritane Pak Man kuwi dodol bakso pikulan. Amarga baksone enak lan Pak Man wong kang kreatif lan inovatif, Pak Man bisa nggawe usaha bakso dewe. Warunge ana ing njero mall, amarga kuwi regane luwih larah sitik. Rega karo rasane sumbut padha enake. Pak Man ya sering banget ngewenehi pelatihan bisnis ning warung baksone lan mesti ana variasi panganan anyar kaya goreng bakso keju, bakso mekar, lan sapanunggale. Mulane, bakso iki kudu diparani yen lagi mlaku-mlaku pengen mbakso utawa pengen mangan sing seger-seger. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2339", "text": "Panganan sing paling disenengi wong saiki yaiku salah sijine gorengan, termasuk aku karo konco-kocoku yo seneng karo gorengan soale gawe ganjel weteng nag pas lesu. Opo maneh nag gorengan iku maeng isek anget terus oleh goreng kering ora sepiro akeh lengone sing kantel malah uwenak terus ngombene karo teh, kopi, utowo es teh, wes enake pol. Tapi saiki akeh wong sing dodol gorengan iku elek'an. Koyok contone teko lengone iku lengo jelantah, terus lengo lawas wes digawe pirang-pirang dino dicampur ambek lengo anyar. Lah sing nginiki sing garai mangkel karo gorengane soale iso garai serek nag gurung, watuk, ambek sing medeni iku kangker. Mangkane aku nag tuku gorengang iku ora seneng sing lengone kantile akeh solae aku pengalaman bolak-balik nag sing lengone kantile akeh iku biasane lengone ora apik. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "1793", "text": "Bogor kui dikenal karo wong-wong kota sewu angkot. Neng kono ora bener-bener ono sewu angkot, menurutku, nanging sangking akehe tekan diarani koyo ngono. Sing marake macet neng Bogor yo angkot-angkot kui mau. Anggkot neng bogor kui akeh sing ngaggo mobil merek Carry. Mobil kui iso amot kiro-kiro sangang wong, siji wong lungguh neng ngarep lan wolu sisane neng bagian buri. Nanging ora mesthi sak mono, soale ono wong sing sok gowo bareng sing okeh. Dadine mung iso amot sitik. Cat mobile uga bedo-bedo, nanging kanggo neng daerah pusat kotane. Wernone kui ijo enom. Neng bagian bemper mobile kui bedo-bedo tergantung rutene. Misale rute 03 kui wernone biru lan rute 016 kui wernone coklat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "462", "text": "Maca Alquran kui ono tata carane, dadi ora iso sembaranga. Salah sijine kui awak dhewe kudu gateke tanda cilik neng duwur ayat sing artine kudu mandeg utowo lanjut. Tanda kui disebut waqaf. Waqaf kui ono werno-werno. Tanda huruf lam laif kui jenenge waqaf al washal artine kui awak dhewe ora oleh mandeg neng kono. Tanda huruf mim kui jenenge waqaf lazim sing artine kui kudu mandeg. Tanda sad kui jenenge waqaf murkhas artine luwih apik lanjut nanging ora opo-opo uga yen misale mandeg. Tanda sad lam ya kui artine luwih apik yen bacaane dilanjutke. Lan akeh tanda-tanda waqaf sing liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9648", "text": "Dadi wong loman iku uga prentahe agama. Donya utawa harta sing diduweni saben wong iku uga ana bagean kanggo wong liya kayata wong fakir miskin, bocah yatim, lan wong sing mbutuhake liyane. Mula ing rukun Islam ana prentah kanggo ngetokne zakat kanggo sing wis mampu. Saliyane zakat, ana sedekah sisan kanggo ngewenehi wong liya. Gunane zakat iku kanggo ngeresiki donya sing wis diwenehi karo Gusti supaya tansah berkah. Sedekah uga padha wae, kanggo wujud syukur marang Gusti lan supaya bisa tambah berkah donyane. Ayo padha sedekah nalika ana harta sing luwih kanggo ngewangi wong-wong saubenge kene lan supaya tansah berkah donyane. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "65", "text": "Dadi chef kui modale ora mung gur iso masak. Tugas chef luwih seko kui. Jaman saiki chef dipadake karo profesi koki utowo juru masak. Padahal awale tugas chef kui luwih kompleks seko kui. Chef kui seko basa Prancis sing artine sirah utowo pimpinan. Dadi awale kui chef puniko uwong sing ngatur kabeh urusan neng pawan restoran. Chef kui sing ngatur menu opo wae sing bakal digawe dino kui. Wong-wong sing masak neng ngisore dheweke kudu ngikuti opo wae omongane. Senadyan, teknik masak kui akeh banget lan sing bener kui relatif, koki kui tetep kudu manut karo chefe. Chef kui uga ngatur tekan seko ngendi bahan panganan dituku lan mikir piye carane ben ora ono bahan sing keguak", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5583", "text": "Salah sawijine teknologi kanggo keuangan sing lagi dikembangake ning Indonesia yaiku DANA. Aplikasi iki dadi salah siji aplikasi sing berhasil kerja bareng perusahaan manca negara kanggo ngadakake pembayaran liwat QR sing luwih praktis amarga lintas negara, salah sawijine Thailand lan rencanane arep nambah dari 76 negara liyane. Aplikasi iki dirilis ning tau 2018 lan dikembangake karo PT Elang Sejahtera Mandiri, salah siji anak perusahaan EMTEK sing wis kesohor amarga produk teknologine bisa nembus pasar manca negara. DANA iki uga nduwe kerja sama karo akeh bank kaya BRI, BNI, BCA, lan liyane. Fungsi DANA iki padha kaya kartu tabungan digital ning Indonesia.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "5490", "text": "Dina Sabtu wingi, Santi dijak nonton tanding basket ning kampus. Tanding iki dadi salah siji rangkaian ning acara Porseni. Santi ora tau melu dadi suporter. Nanging saiki, Santi malah melu amarga kanca kelase ana sing gabung ning tim basket kuwi. Fakultase Santi yaiku Fakultas Ekonomi tandhing karo Fakultas Psikologi. Fakultas Ekonomi iki wis terkenal karo baskete, apa maneh tim basket putri. Santi teko kanggo ndukung Ayu, sing dadi kapten tim basket uga ndukung Fania. Nanging bengi iki Fania dadi pemain cadangan amarga minggu wingi wis melu tandhing. Banjur pungkasane, tim Fakultas Ekonomi iki menang lan dadi juara siji ning cabang basket putri. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "10004", "text": "Pandemi Covid-19 sing saiki wis ana ing ngendi-endi nggarai kabeh wong wedi. Ora angel kanggo virus iki nyebar teka wong siji ning wong liya. Salah siji kegiatan sing bisa ngurangi sebaraning Covid-19 yaiku olahraga. Ora kudu olahraga sing abot utawa mara ning panggon gym, nanging olahraga sing enteng wae kaya mlaku utawa mlayu wis bisa nambah kuating awak kanggo ngelawan Covid-19. Olahraga kui akeh banget manfaate. Salah sijine yaiku mbantu kanggo nguatne imun sing ana ing awak supaya bisa ngelawan Covid-19. Untunge aku wis seneng kanggo mlayu kawit cilik, dadine saiki ora kudu dipeksa karo wong tuwa kanggo olahraga supaya ora kena Covid-19.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "1781", "text": "Almarhum bapakku duwe cita-cita pengen pensiun neng deso. Sak durunge umur 50 taun, rencanane dheweke pengen pensiun. Dheweke kepengen duwe omah neng lan buka usaha ternak perah sapi neng kono. Alhamdulillah perkoro kui wis kesampean. Bapak sempet duwe omah lan kandang sapi neng daerah Kabupaten Bogor. Malahan, bapak wis duwe sapi lan ono wong sing gelem ngewangi ngurusi omah lan usahane bapak. Ket biyen bapak ora tau neko-neko. Bapak mung kepengen urip sak cukupe. Nanging sak durunge seket, bapakku sedo. Akhire, usaha kui dilanjutke karo simbah lan paklikku. Nanging kui, ora suwe. Wong sing gelem ngewangi mau ngapusi awak dhewe. Surat lemah lan sapi-sapine didol tanpo awak dhewe ngerti. Saiki, awak dhewe ora ngerti wonge kabur neng endi. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "10087", "text": "Unjukan khasipun Jogja boten wedang ronde kemawon. Wonten jinising wedangan sanes ingkang unik. Inggih punika wedang tahu. Wedang tahu menika didamel saking kacang kedele ingkang dicampur kuah jahe kados ronde. Wedang tahu menika nambah jinisipun unjukan anget wonten Jogja. Aslinipun, wedang tahu dibeta saking Cina menyang Semarang. Wonten Cina, wedang tahu dicampur rebon, kecap asin, lan ketumbar. Raosipun gurih, benten kaliyan wedang tahu sakmenika ingkang manis senadyan sami dicaosi jahe supados saged damel badan kraos anget. Sakmenika, kathah tiyang ingkang remen ngunjuk wedang tahu nalika cuaca asrep. Bahan-bahan alami wonten wedang tahu ugi saged damel badan dados sehat lan boten gampil sakit.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "10091", "text": "Bir pletok menika salah satunggaling unjukan tradisional Jakarta. Lumrahipun unjukan menika disade nalika wonten tanggap warsa kutha Jakarta. Asmanipun unjukan menika bir, nanging bentenipun, bir pletok boten gadhah kandungan alkohol. Isinipun bir pletok awujud rempah-rempah ingkang damel badan sehat lan kraos anget. Tiyang Indonesia jaman Landha damel bir pletok kangge nyaingi bir ingkang diunjuk dening tiyang Landha kangge damel badan kraos anget. Amargi didamel saking rempah-rempah, bir pletok gadhah kathah khasiat. Jahe ingkang damel badan anget saged nambah napsu dahar. Jahe ugi saged nambani sakit lambung. Kayu secang wonten bir pletok saged ngicalaken diare, TBC, tetanus, tumor, kaliyan kathah penyakit sanesipun.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4691", "text": "Bedha maneh yen arep masak urang utawa cumi sing digawa dhewe. Ning warung sing buka jasa masak utawa omah bebakaran iwak, biyasane cumi lan urang iki duwe rega dewe amarga mbayari tenaga ngresiki. Ngresiki cumi lan urang iki rada angel-angel gampang. Nanging regane ora bedha adoh karo yen ora nggowo urang utawa cumi mentah dewe. Yen urang karo cumi, ibuku luwih milih pesen langsung lan ora leren tuku ning pelelangan iwak kuwi. Biyasane urang lan cumi iki dimasak nganggo saos padang, saos tiram, utawa saos lada hitam. Nanging saban warung ya uga coco-cocokan. Ana sing bumbune enak ono sing kurang pas kanggo ibuku.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "846", "text": "Awak dhewe mesthi kepengen eksis pas awal-awale mlebu SMA. Eksis neng keno dudu artine terkenal, nanging paling ora awak dhewe dianggep ono karo konco-konco sak sekolahan. Salah siji cara ben iso eksis neng sekolah kui melu ekskul. Iki tips milih ekskul sing cocok kanggo awak dhewe. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti kekurangan lan keluwihane awak dhewe. Sing keloro, awak dhewe milih ekskul sing kiro-kiro wong-wongane cocok karo awak dhewe. Melu ekskul kui rodo sia-sia, yen pas mlebu jebul wong-wongan sing ono neng kono ora sak pikiran karo awak dhewe. Sing ketelu, awak dhewe iso jajal kabeh ekskul sing awak dhewe senengi. Yen ora cocok, awak dhewe gari metu lan melu ekskul sing liya.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "4033", "text": "Urip nang duwur gunung iku ancene angele pol ambek ora karoan rasane. Nah ben iso urip nang duwur gunung iku maeng, yo iku kudu iso nyocokno awake ambek keadaan sing ono nang kono sak cepete ben iso urip nang kono, nah nyesuaikno iku maeng tego gaya uripe ambek lingkungan maeng, contohne carane ngadepi howo sing ademe megilan, terus carane urip nang kono barang iku koyok piye awit teko masake ambek liyan-liyane sing ancene seje ambek uripe wong sing podo umume. Yo ance urip nang gunung maeng iku abote megilan, tapi kabeh iku mesti iso diatasi nag wonge maeng iso nyesuaikno kabeh iku maeng. Terus yo kudu sabar kanggo ngadepi iku maeng ben iso tetep kuat.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6969", "text": "Tau ngerasakno susu sing rasane seger ngono gak? Susu sing bener-bener seger iku mek isok ditemukno nang wong sing angon sapi dan merah susune nang sapine langsung. Hal iku mergo susune sek asli dan durung onok campuran bahan-bahan liyane sing biasa digawe nang susu sing didol nang pasaran. Beberapa wong sing angon sapi mbuka usaha pemerahan susu dan ngedol produk e dewe. Biasane susu sing didol iku luwe sehat dan gak sepiro awet nek dijarno nang njobo soale gak onok pengawete. Dan gak mek susu tok, kadang yo ngedol yogurt, keju, dan liyane maneh. Dadi sing pingin gerasakno susu sing seger, tukuo nang pemerah sapine langsung lho rek.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "837", "text": "Yen awak dhewe kepengen latian tarung silat Muay Thai ono beberapa barang sing kudu awak dhewe cepake. Barang-barang iki fungsine kanggo pelindung supoyo awak dhewe ora cidra. Sing kesjiji, awak dhewe kudu nyepake tali sing dowo. Tali kui mengko dililitke neng bagian tangan lan pergelangane. Fungsi kui ben balunge dhewe ora geser pas lagi ngantemi. Sing keloro, sarung tinju lan pelindung sirah. Sarung tinju kui fungsi kanggo ngelindungi tangan pas ngantemi balung mungsuh sing atos lan pelindung kepala kui kanggo ngelindungi sirah seko cidro sing parah. Sing ketelu, pelindung mulut. Kui fungsine kanggo ngelindungi untu-untune dhewe supoyo ora remuk pas musuh antemi bagian sirah.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2891", "text": "Anger kota nang indonesia mesti duwe pangana sing khas ambek daerah iku maeng. Lah wingi nag gak salah ron ulanan wingi aku dolan nang Mojokerto, nag kono duwe panganan khas sing jenenge iku onde-onde. Panganan iki bentuke uku bunder tapi gedene iku macem-macem terus rasane iku legi tapi yo ora legi nemen. Terus onde-onde iki yo ono isine sing macem-macem, ono sing teko kacang ijo, ono sing teko klopa, ambek ono sing teko bolet barang. Tapi Sing garai enak teko onde-onde sak liyane sing isine ono macem-macem maeng yaiku wijene sing tutul-tutul nang kulite onde-onde maeng. Terus sak liyane iku regane yo murah, dadi sak liyane rasane enak panganan iki yo mareki. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6991", "text": "Gak onok abang gak onok ijo, moro-moro bapak moleh teko kantor sambil nggowo rong toples plastik gede sing biasane digawe wadah krupuk. Isine guduk krupuk, tapi kepiting bumbu asam manis. Dadine menu makan malam dino iki kepiting asam manis. Mergo wes suwe gak mangan kepiting, kabeh dadi kalap karepe dewe. Mbasio mangan kepiting iku rodo angel, justru iku sensasi mangan kepiting sing sebenere. Dikrikiti, dipreteli siji-siji, terus bagian sikile disesepi sampe daginge entek. Opo maneh nek dipangan nganggo sego putih anget, wes tambah embo embo terus. Dan akhire kepiting sakmono akehe isok entek resik, mek garek kulite tok. Iku jenenge luwe iyo, doyan opo maneh.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "3533", "text": "Ket pandemik sing nyerang dunyo iki, akeh wong sing ngalami rugi sampek usahae ilang barang yo ono. Terus ben ora rugi iku iku sak jane ono pirang-pirang cara salah sijine yoiku evaluasi keadaan sing kedaden pas waktu iku. Nah sing jenenge evaluasi iki maeng biasane iku dilakoni nang produk-produk ambek kondisi sing kedaden iku isek cocok opo ora, terus keadaan ambek kantor iku isek pas opo ora. Nah iki sing asline penting kanggo kabeh pengusaha ben isek tetep kejogo usahae maeng. Soale nag ora ngelakoni evaluasi utowo koreksi ku maeng mesti tambah ora iso lapo-lapo. Opo maneh wong sing lagek bangun usaha nayaran tambah dibutuhno iku.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "2865", "text": "Nag awakmu kabeh seneng dang dut mesti ngerti alat musik sing iso diarani lawas ambek sing garai musik iki duwe ciri khas. Lah alat musik iku jenenge Gendang. Alat musik iki ancene iso nguwehi suoro musik sing ancene bedo ambek liyane karek ukuran kendange. Nang situ wikipedia yo jelasno nag kendang iku maceme pirang-pirang ono sing cilik, tanggung, ambek gede. Iku kabeh karek fungsine di gawe ngiringi nyanyian opo soale bentuke iku yo iso nentokno suoro sing dibutuhno ambek nyanyian sing bakal di nyanyikno. Mangkane kadang nek nang konser dang gut mesti kendange ora siji tapi mesti nag gak loro yo telu. Soale iku dibutuhno kanggo ngiringi nyanyiane maeng ben pas ambek suaro musike.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "8667", "text": "Salah siji cara sing gak sehat gawe ngatasi stres iku stress eating. Stress eating sing berlangsung dalam waktu sing dowo bakal berdampak elek nang uwong iku, salah sijine obesitas. Teko obesitas iku mau, nyambunge isok nang penyakit liyane maneh koyok kolesterol, stroke, diabetes, sampe kanker. Aku nduwe cara gawe ngatasi stress eating ben gak keterusan. Siji, kenali pemicune mangan berlebih iku mau. Isok mergo bosen, pegel dan alesan liyane. Loro, ganti cemilan dadi buah-buahan. Telu, dadekno kacang dadi cemilan. Papat, pentelengi sesuatu sing werno abang gawe ngirim sinyal nang utek ben isok mandek mangan. Limo, ngombe teh ireng. Terakhir, olahraga sing rutin.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "5814", "text": "Ning jaman modern iki, nyambut gawe ning kantor kuwi dadi budhaya sing biyasa lan diarepake akeh wong. Nyambut gawe ning kantor iki dianggep salah siji penggawean sing paling dhuwur gengsine amarga pegawai kuwi bisa kerja ning jero ruangan AC lan ora mudhun ning lapangan, nanging gajine uga dianggep gedhe. Banjur kanggo wong sing ana ning desa, kerja ning kantor kuwi dianggep sukses lan bisa ngangkat derajat keluarga. Anggepan iki wis ana wiwit jaman biyen lan dadi isu sing kudune dilurusake. Kerja ning kantor kuwi ya tetep wae ana penak lan ora penake, kabeh penggaweyan kuwi uga mesti tinemu tantangan nanging ya mung panggonane sing bedha. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "1246", "text": "Akeh saiki wong sing dodolan panganan utowo ombenan liwat aplikasi ojek daring. Dodolan panganan lan ombenan neng kono kui penak banget, soale awak dhewe iso dodolan neng omahe dhewe. Dadi awak dhewe ora perlu duwe panggon dodolan dhewe. Cara dodolan neng kono uga gampang banget. Saiki, awak dhewe bakal sinau piye carane daftar eng GoFood. Sing kesiji, awak dhewe kudu gawe akun neng aplikasi GoBiz disik. Bar kui, awak dhewe gari ngikuti petunjuk sing wis ono neng kono. Nanging ono beberapa dokumen sing kudu awak dhewe cepake, koyo foto panggon usahane, foto KTP, foto buku tabungan, nomer rekening, lan NPWP.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "4731", "text": "Hotel ning Malang iku tansah ngelingake Ari nalika dekne isih kerja dadi salah sawijining resepsionis ning hotel. Ari ketemu tamu hotel sing macem-macem lan Ari bisa sinau carane ngeladeni wong kang duwe sifat lan karakter sing bedha. Sak liyane kuwi, Ari ya sinau basa Inggris kanggo ngelancarake komunikasi karo tamu-tamu saka manca negara. Ari uga kudu sinau perlengkapan apa wae sing kudu ana ning kamar hotel lan kudu ngapalake jam-jam sing sekirane dadi wayahe tamu mbutuhake layanan kamar. Penggaweyan kuwi nyenengake banget gawe Ari. Nanging saiki Ari kudu pindah ning Kutha Bandung amarga hotel kuwi buka cabang lan mbutuhake pegawai. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7383", "text": "Haji dijupuk teko boso Arab sing artine ngunjungi, tapi akeh sisan sing ngartikno kata haji dadi ziarah Islam tahunan. Ziarah iki dilakoni nang kota Mekkah, Arab Saudi. Haji iki termasuk rukun Islam sing terakhir. Haji iki hukume wajib gawe umat Muslim bagi sing mampu. Mampu nang kene berarti mampu secara materi ambek fisik. Ngelakoni haji pun onok tata carane alias rukun hajine. Siji, berpakaian ikhram. Loro, wukuf nang padang Arofah pas tanggal 9—10 Dzulhijjah. Telu, Tawaf alias ngiteri Ka’bah ping pitu, dilanjut ambek sholat rong rokaat nang makan Nabi Ibrahim. Papat, Sa’i sampe telung puteran. Limo, lempar jumrah sing dilanjut ambek tahallul. Terakhir, tertib.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9715", "text": "Omah kuno jaman mbiyen nduweni surasa filosofi sing jeru. Salah sijine omah adhat Joglo saka Jawa Tengah. Omah Joglo nduweni teras kang jembar angkahe kanggo njagong lan minarakake dhayoh kang mertamu. Liyane iku, cirine omah joglo nduweni saka guru kanggo pondhasi utama omah kui. Lawang lan cendhela saka omah joglo biasane ya gedhe. Omah joglo dadi sarana kanggo nggambarake papan sosial sing nduwe. Amung tiyang sing nduweni gegolongan dhuwur, kinurmatan sing nduweni Omah Joglo. Kamangka kuwi, omah joglo dadi omah adhat kang paling dipingini marang wong Jawa. Kejaba jalaran apik tur agung, ananging jalaran makna lan drajat sing ora ana ning omah biasa.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5412", "text": "Olahraga sing rada gampang ditiru ning omah yaiku yoga. Miturut basa sanskerta, yoga kuwi artine nyatu. Yoga iki dikenalke karo Maharsi Patanjali. Sing dimaksud nyatu ning kene yaiku keadaan awak lan pikiran sing nyatu uga bisa nuwuhake ketenangan ning batin uga bisa dari dadi siji karo alam semesta supaya bisa ngerteni babagan anugerah saka Gusti. Yoga iki salah siji saka enem ajaran ning agama Hindu sing saiki diadaptasi dadi olahraga sing populer. Dibandingke olahraga liya, yoga iki luwih sederhana lan bisa ngatur tingkat gerak saka sing paling gampang kanthi paling angel. Wong lanang sing ngelakoni yoga yaiku yogin, yen wedhok arane yogini. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2753", "text": "Sak minggu pisan aku biasane melok solat jumat nang masjid kampus utowo masjid pinggire kos. Lah sholat jumat iku biasane sembayang sing paling apik sing biasane dilakoni wong islam nag dino jumat. Lah sembayang jumat iku sejeambek sembayang liyane sing biasane dilakoni. Jumlahe wae mok rong rokaat, terus ono khotba'e sing ngulangno wong sing jumatan maeng karo perkoro sing ono nang agama islam sing biasane kudu ditingkatno maneh utowo diapiki maneh ben tambah amntep islame. Sak liyane iku, sing diwajibno sembayang jumat yaiku mok wong lanang tok ora ono wong wedok, tapi kadang nek nang kampung-kampung biasane yo isek ono wong wedok sing melok sembayang jumat barang. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "4074", "text": "Wong sing senengane tandor-tandor iku ancene apik soale iso dadekno pikiran iku anteng. Nah nandur iku yo tibake ora angger nandur, tapi yo ono carane ben tanduran iku maeng iso terik ambek subur. Contohne tanduran sing wes ditandur iku maeng yo kudu didangir ben ora ono sukete sing marakno tanduran iku maeng ora iso lemuh ambek subur, terus nag pengen apik maneh yo kudu digarem ambek pupuk ben tambah apike megilan dadine. Nah akeh-akehe wong sing seneng nandur iku mesti ngerti carane nandur tanduran sing ate ditandur maeng, awit bibite sing apik sampek panene meneh koyok opo yo ngerti, sing akhire dadekno panene tanduran iku maeng akeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "3266", "text": "Saiki iku lagi rame-ramene wong sing gawe wireless charging. Nah cas iki asline fungsine yo podo koyok cas-cas liyone tapi bedone ora ono kabele. Nah komponene iku teko pirang-pirang alat elektronik, koyok lampu led sing fungsine iku kanggo deteksi objek asing, mari ngunu bentuke sing rodok keset iku digawe pengaman, terus ono koil pemancar sing digawe ngisi batune maeng, Chipset pengisian ora atek kabel sing kerjone kanggo gabungno pirang-pirang fitur, senseor sing ngamanno termale, bagian sirkuit sing iso deteksi objek asing. Nah komponen sing akehe ora karoan iku maeng termasuk bagian-bagian sing ancene dadekno wireless charging iku iso ngeces hp tanpo kabel ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "9281", "text": "Mela melu plesir sekolah menyang kebon jeruk ana ing Jember. Kebon jeruk iki wis dadi destinasi wisata sing dipengeni Mela kanggo ditekani. Mela budhal karo kanca sak kelase. Perjalanan kurang luwih 2 jam. Sawise tekan, Mela langsung mblayu mlebu ana ing kebon jeruk. Dheweke ngerungokake pituduh saka petugas kepiye carane manen jeruk supaya ora ngawur. Jeruk sing dipetik karo Mela yaiku jeruk sing wis nguning. Mela metik jeruk iku kanggo digawa mulih. Sawise metik, Mela nimbang jeruk iku kanggo diwenehi rega. Jeruk sik dipetik Mela kurang luwih ana 3 kilo lan oleh rega 30 ewu. Mela seneng amarga bisa nggawakke kaluwargane jeruk asli Jember.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2102", "text": "Karakter sing kudu diduweni kabeh wong sing arep gawe usaha kui ora wedi gagal lan gelem jupuk resiko. Yen ora duwe karakter kui wong ora iso bertahan suwe neng bisnise utowo bisnis dadi ora iso berkemang. Yen bisnise dhewe arep maju, ora mungkin ora, awak dhewe gelem jupuk resiko. Pebisnis sing awak dhewe kenal sukses saiki mesthi wis ngalami mangsa pas dheweke diadepi karo keputusan sing angel. Ono pilihan sing resiko duwur nanging dheweke ngerti yen kui berhasil bisnise bakal tambah gedhe. Wong-wong kui bakal milih dalan sing kui. Dheweke iso wani milih kui mergo dheweke duwe pengalaman sing akeh. Pengalaman akeh kui artine dheweke tau ngersake akeh kegagalan.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "10055", "text": "Sakmenika sampun mlebet mangsa rendheng. Wanci cuaca asrep paling pas ngunjuk unjukan anget kados wedang ronde. Wedang ronde kadamel saking tepung ketan ingkang dicaosi isian kacang tanah. Isian ronde sanesipun inggih menika kolang kaling kaliyan roti tawar. Sedaya isian menika dicaosi sirup saking jahe bakar kaliyan sereh. Saksampunipun ngunjuk wedang ronde, awak bakal kraos anget. Ronde Mbah Payem menika dados salah satunggaling wedang ronde ingkang legendaris. Mbah Payem sampun sadeyan ronde puluhan warsa. Langganan ronde Mbah Payem kathah amargi raos rondenipun ingkang eca. Mantan presiden Indonesia nomer loro, Pak Soeharto, ugi kalebet langganan rondenipun Mbah Payem. Dugi sakmenika, Mbah Payem tesih sadeyan ronde wonten daerah Kauman.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "8141", "text": "Nek awakmu kpopers, pasti wes biasa pas krungu sing jenenge printilan kpop. Mulai teko gantungan kunci, photocard, album, dan liyan liyane maneh. Tahun iki, biasane bakal onok Season Greetings alias kalender tahunan ngono lah. Biasane sisan printilane iku bakal macem-macem. Mulai teko diari sampe photocard. Pas barange tutuk nang omah, aku temenan gak puas ambek Season Greetings grup sing tak senengi, terutama ambek photocard e. Pas tak delok nang Twitter, dadakno akeh sing protes sisan. Terus mboh opo’o akhire aku ngide gawe ngedit dan nyetak photocard dewe sing temane sek podo karo Season Greetings iku mau. Pas tak share nang Twitter, dadakno akeh sing tertarik. Akhire aku buka PO photocard deh. Lumayan, nambah pendapatan.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "2734", "text": "Nag biyen aku gelek oleh cerito-cerito sing gelek ambek ono hubungane karo ajaran agama. Salah sijine wong sing ora nyerah oleh usaha bakale hasil. Cerito iki yo diajarno ambek kabeh agama ben wong sing melok ambek agama iku maeng dadi wong sing ulet ora gampang nyerah ambek urip sing ora karuan bentuke. Nag jareku cerita sing koyok ngeneki iku apek kanggo wong saiki soale wong saiki iku butuh contoh langsung masalah agama sing ono hubungane ambek uripe menungso saiki. Mangkane saiki guru-guru agama utow wong sing cerama agama mesti jipik kisah utowo cerito sing langsung dihubungno ambek agama. Dadi wong sing ngerungokno iso bade endi sing tepak ambek endi sing salah menurute agama.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "27", "text": "Coklat anget kui ombenan sing paling cocok diombe pas musim udan koyo ngene. Tak andani piye cara gawene. Bahan-bahan sing dibutuhke kui susu 500 ml, coklat masak 125 gr, coklat bubuk 1 sendok makan, gulo sak cukupe, lan sak jumput uyah. Susu sing dienggo iso susu sapi nanging iso susu sing seko tumbuh-tumbuhan koyo susu kedelei, almond, lan sapanunggalane. Coklat masak aku saranke nganggo coklat sing pait supoyo rasa asli coklate luwih mantep lan ora kelegen. Panaske susu nganggo geni cilik. Susune dimasak nanging ojo ngasi umup ben protein susune ora pecah. Yen susu wis anget, leboke bahan-bahan sisane. Aduk terus tekan kabeh roto kecampur.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "6944", "text": "Teh nang Indonesia iku muacem-macem jenis ambek rasane. Salah sijine sing paling unik iku teh rosella. Rasane asem tapi khas, dadi akeh wong sing isok langsung ngenali rasa teh sing terbuat teko pucuk bunga rosella iki. Teh iki pun dadi salah siji jenis teh senenganku. Ternyata, teh rosella iki nduwe beberapa manfaat rek. Pertama, nduwe kandungan antioksidan sing duwur dan isok ngelindungi awak teko radikal bebas sing marai kerusakan sel ambek jaringan tubuh. Selain iku, kandungan antioksidan ambek flavonoid nang teh rosella isok ngurangi penumpukan jaringan lemak nang tubuh, dadi isok mencegah obesitas. Kedua, teh rosella iki dipercoyo isok menghambat penyerapan asam lemak jenuh sing isok ngatasi kolestrol tinggi ambek ngeduno tekanan darah. Sehubungan ambek iku pisan the rosella isok ngurangi resiko penyakit jantung.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "3525", "text": "Dodolan teko omah saiki wes ora arang koyok biyen. Saiki wes angger omah roto-roto ono sing dodolan polahe wes iso ngayai kabeh enggon sing ono nang negoro iki polahe onone media sosial. Terus dodolan sing paling enek dilakoni teko omah biasane yo dodolan online utowo jasa koyok buka umba-umba pakean sing diarani Loundry, terus ono maneh koyok sing jenenge dodolan pulsa, terus yo ono sing buka toko kelontong barang yo ono. Masio iku teko omah tapi iku hasile yo luwong rodok akeh, iso ae ngalahno hasile wong sing nyewo panggonan. Terus saiki yo iso ae rame polahe ono sing jenenge sosial media sing kenek dimanfaatno kanggo dodolan online.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "9714", "text": "Sapa sing kerep mangan sega padhang? Yen ditamatke lambang omah mangan padhang iku saka atepe omah adhat dhaerah, yaiku Omah Gadhang. Omah Gadhang dadi warisan budhaya Minangkabau saka Sumatra Barat. Lambang atep Omah Gadhang kang lincip lan luhur nduweni teges supaya ora ngaboti ngesore uga ben tahan marang udan.Dhedhasar kuwi, kamangka bisa dadi salah sijine jalaran ngapa kok Omah gadhang dadi pralambang saka warung sega padhang amarga ben tahan lan kuwat. Omah Gadhang iki miturut data saka kantor wilayah padhang uga dadi maskot kautaman kang wus kacathet ing KIK nomor PT 1220170000017. Masarakat Padang lan Sumatra Barat kudune wangga amarga Omah Gadhang wis kondhang ing saknuswantara karana dadi lambang sega padhang.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5005", "text": "Poso kuwi ora ana mung ning ramadhan, nanging akeh poso-poso liyane kaya poso sunnah utawa poso kanggo nadzar. Akeh wong islam wis weruh babagan iki. Nanging uga akeh wong sing durung ngerti yen ning agama liya ya ana poso. salah sawijine Katolik. Posoan ning katolik iki 40 dina sak durunge paskah utawa ding diarani prapaskah. Poso iki ya isine berpantang karo kegiyatan sing ora perlu lan ngilangake fokus ibadah kaya ngombe alkohol lan liyane. Ana sing poso mung ning wayah Rabu Abu lan Jumat Agung. Sak liyane kuwi, posoan Katolik kuwi ya ana ning dina Jumat miturut kitab. Kamangka kuwi, muslim ora oleh poso sunnah dina Jumat amarga kanggo mbedakake wektu poso kuwi. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9302", "text": "Pantai Indrayanti ing Jogja duwe panorama sing apik banget. Pantai sing ngentekna wektu kurang luwih 3 jam yen budhal saka Jogja kutha iki kalebu pantai sing apik nanging murah. Tiket mlebune mung 10 ewu. Pasir pantaine warna putih, ing bibir pantai uga ana karange sing dadi ciri khas pantai sing ana ing Gunungkidul. Warna banyune biru enom, biru tuwa, gradasine apik banget. Pantai Indrayanti diubengi karo bukit. Ing cedhake pantai akeh banget bakul sing dodol klambi, sandal, panganan, lan oleh-oleh khas pantai. Ora mung kuwi, ing Pantai Indrayanti uga ana bocah enom sing nawarke jasa kanggo motret kanggo sapa wae sing pengin duweni kenang-kenangan ana ing pantai iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7404", "text": "Upacara Sedekah Bumi iku salah siji upacara adat berupa prosesi seserahan hasil Bumi teko masyarakat nang alam. Upacara iki biasane ditandai ambek pesta rakyat sing diadakno nang Balai Desa utowo lahan pertanian utowo panggon-panggon sing dianggep sakral ambek masyarakat. Upacara iki wes dilakoni turun temurun teko nenek moyang wong-wong Jawa. Biasane, upacara Sedekah Bumi iki dadi ajang kekayaan wong-wong deso sing ngelakoni. Hal iku mergo wong-wong sing ngelakoni upacara iki bakal nyiapno seserahan teko bahan-bahan sing paling apik sing diduweni. Teko kono, bakal ketok endi seserahane wong sing nduwe kato wong sing pas-pasan ae, soale isi seserahan e pasti bakal ketok bedo.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "522", "text": "Meusare-sare kui lagu seko daerah Aceh. Lagu iki nyritake neng awak dhewe kehidupan koyo ngopo sing ono neh Aceh. Lagu iki gambarke kehidupan rakyat-rakyat Aceh sing dadi petani lan nelayan. Seko letak geografisi Aceh kui kerajaan utowo wilayah pesisir. Wajar wae yen akeh wong Aceh sing dadi nelayan. Sak liyane kui, Aceh uga negoro sing makmur seko asil parine. Lagu iki ngejak warga-warga Aceh ora males-males pas bertani. Lagu iki gambarke proses nandur pari tekan panen. Lagu iki uga gambarke proses pari bar dipanen, seko ditumbuk tekan diayak. Lagu iki uga ngajarke warga Aceh ben ora tuku utowo mangan baras seko luar negeri.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7419", "text": "Jakarta iki terkenal banget dadi kota megapolitan nang Indonesia. Mergo iku, omah-omah tradisionale wes akeh sing kegusur. Padahal, omah tradisional khas e Jakarta iku gak kalah apik karo omah tradisional liyane. Jenenge iku Rumah Kebaya. Rumah Kebaya iki dadi omah adate nang Betawi. Jeneng omah iki berasal teko atap omahe sing ketok koyok lipetan kebaya teko samping. Omah iki terbuat teko kayu sing nduwe ornamen khas sing ngekeki sisi estetik nang bangunane. Ornamen hiasan Gigi Balang sing biasane ngehiasi bagian ujung atap omah adat Betawi iki dadi ciri khas e dewe. Rumah Kebaya iki isok dinilai dadi salah siji omah adat sing nilai estetikane duwur. Dadi gawe awakmu sing penasaran, ojok lali mampir nang pemukiman omah wong Betawi pas liburan nang Jakarta.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "2361", "text": "Pas aku brosing-brosing , tibak'e aku nemukno videone wong sing iso moto panganan uawapik di gawe masarno panganan. Mari ngono tak woco keterangane, tibak'e moto panganan utowo masakan ben ketok enak, iku ora angger moto, tapi yo kutu iso ngerti cita rasa sing di nduweni masakan iku. Mangkane sak durunge moto, sing bagian moto kudu ngerti disek ben ero rasane terus fotone yo iso gambarno rasa sing diduweni foto iku. Mari moco keterangan iku, aku mikir, tibak'e dadi wong sing penggawehane moto masakan gawe promosi ora gambang. Kudu ngerti cita rasa'e disek lagek iso gawe model foto sing pas kanggo masakan sing difoto.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "162", "text": "Aku wis konconan karo Yacub ket awal ketemu neng kampus. Awak dhewe sering diskusi lan garap tugas kuliah bareng. Saswise lulus, awak dhewe tetep sering ketemu. Dee asale seko Demak naging ket dee SMA wis pindah neng Magelang. Aku tau nginep neng omahe dee sing ono cerak Magelang kui. Yacub lan kaluargane duwe omah neng Muntilan. Omahe sing Muntilan kui cerak karo anggota kaluargane sing liyo. Omahe kui cerak sawah. Mergo ora ono sing nunggoni omah kui lan uga ora ono sing ngopeni, omahe Yacub kui reged banget. Tekan kono awak dhewe kudu nyapu disik lan nyepaki kamar kanggo turu. Suasana neng kono adem banget. Rosone seger bedo karo howo neng Bantul sing panas lan kering.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7418", "text": "Salah siji omah adat nang Bali iku jenenge Rumah Gapura Candi Bentar. Sakjane jeneng iki iku merujuk nang bangunan gapuro sing dadi gerbang omah-omah adat Bali. Gapuro iku terdiri teko rong candi sing serupa sing mbatesi sisi kiwo karo sisi tengen pintu melbu nang pekarangan omah. Omah adat sing siji iki dinilai paling mewah di antara omah adat nang provinsi liyane. Ben omah adat sing onok nang kene, iku roto-roto bakal terbagi dadi loro, yaiku gapuro candi mau karo omah adate dewe. Dadi nek didelok ket adoh, bakal ketok megah banget koyok istana. Dadi gawe awakmu sing penasaran, ojok lali mampir nang omah adate Bali pas liburan mrene yo rek.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "4049", "text": "Biyen guruku iku mesti ngandani aku nag kancanan ambek wong utowo bocah sing sak kelas iku kudu sing apik, ojo sampek gelakno wong sing ono nang pinggire soale iso dadekno perkoro sing elek. Nah anjuran iku maeng sampek saiki tak titeni ambek tak lakoni, dadi saiki aku yo duwe konco akehe pol. Tapi, guruku yo nyaranno nag koncoan yo goleko konco sing apik, ojo sampek konconan ambek bocah sing ora bener, nah iku kedadean ambek koncoku sing tau difitnah karo koncone sampek ate ora sido kawin mergo koncone maeng iku iri ambek koncoku maeng. Nah konco sing ngeneki maeng iku ora apik nag didadekno konco soale bakal ngerugekno wong ambek marakno perkoro gedeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9338", "text": "Hotel utawa penginapan kuwi kalebu papan kang wigati digatekake nalika awake dhewe lelungan lan arep nginep. Hotel kang resik, regane cukup murah, tur fasilitase kalebu pepak wus mesthi dadi pepinginane wong akeh. Aku nate dolan menyang Kutha Malang banjur golek hotel. Anggonku golek ana apkikasi online. Regane watawis Rp 170.000 sewengi, dakdelok fasilitase cukup yen mung kanggo ngaso. Ana twin bed, handuk, sabun, shampoo, TV, banyu panas, AC, lemari sak hangere. Sadurunge booking aku delok ana google review, ratinge 4,8 \"manteb, cocog iki\" batinku. Bareng dakparani pancen kabeh mau sumadya. Nanging kang marai anyele atiku, sepreine rasane keset tur ambune ora pati wangi. Banyu panase mati ora gelem urub. Water closet e uga kudu diguyang manual awit pencetan banyune rusak. Taksawang jebul ora ana keset ing ngarep kamar mandi. Aku getun banget, basan aku bukak google review jebulane sing mengulas mung wong 5. Yen kowe arep booking hotel, anggone golek sing wigati ya Ca, mengko mundhak gela kaya aku.\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "4785", "text": "Film sing ngeweneni kesan anyar gawe film Indonesia salah sijine Pengabdi Setan. Film iki bisa nyedot akeh perhatian saka penonton amarga cerita sing ditulisake ora biasa lan bisa runtut. Film iki diproduksi ulang sak wise ditayangake taun 80-an. Sing marai fil iki laris yaiku ora ana bagian film sing ngomongake babagan seks kaya film tahun 2000-an sing mung ngandalake artis-artis panas. Film iki uga bisa mbangun dunya sing anyar, kamangka ana Pengabdi Setan 2 lan Pengabdi Setan 3 sing bakal diproduksi taun ngarep. Film iki nyeritakake korban saka pengabdi aliran terlarang sing nyembah setan kanggo oleh kamardhikan, kemakmuran, lan keturunan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2883", "text": "Negoroe awak dewek kabeh iki duwe sing jenenge pirang-pirang adat sing lahir teko pirang-pirang suku sing ono nag masyarakat indonesia iki. Masio saiki wes jaman modern, tapi iku isek dijogo masyarakat ambek pemerintah soale iku termasuk martabate negoro, lah cara jogone yoiku pemerintah ngakui onone adat iku teko oleh ngelestarikno budaya adatk iku maeng teko tokoh-tokoh adat sing sampek saiki tetep dimulyakno karo pemerintah. Lah tokoh adat yaiku wong sing dipilih karo masyarakat iku maeng gawe makili masayarakat setempat iku kanggo mimpin gawe ngelestarikno budaya ambek warisane leluhur sing apik-apik. Mangkane sing jenenge tokoh adat nag endi-endi mesti disegani ambek dimulyakno karo wong sing nang kono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "2733", "text": "Aku wingi cerito nang koncoku sing ceritane iku nyeritakno wong sing ora tau nyerah pas usaha. Aku oleh cerito iku pas moco kitab sing ono nag salah sijine perpus nang kampusku. Lah cerita iku maeng nyeritakno ono wong lanang sing pekerja keras ambek ora tau aras-arasen olehe usaha do-dolan klambi nang pasar. Budale iku mari subuh langsung budal terus tutupe sampek sore. Tapi wong iku maeng nag wayae sembayang yo sembayang. Awitane dodol ancene sepi sampek pirang-pirang dino, terus karo bojone sampek dikongkon tutup kon golek penggawean liyane soale tabungane entek terus bingung kawe nyukupi kebutuhan barang. Tapi wong iku maeng ora nyerah deke tetep usaha ambek pirang-pirang cara sing penting iku apik carane. Akhire sampek sak ulan punjul wong sing tuku akhire mulai akeh. Lah teko cerito iku wong dikongkon ojo sampek nyerah nag awakmu usaha terus ojo lali ambek dongo.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2849", "text": "Nag Ngerti suku Jawa mesti ora ngiro lali ambek sing jenenge senjata keris. Senjata iki termasuk salah sijine senjata sing ancene dijogo ambek pemerintah soaleh warisan sejarah nenek moyang. Pemerintah liwat menteri kebudayaan nganjurno nang masyarakat kanggo jogo barang-barang sing ancene diwarisno ambek nenek moyang kanggo awak dewek kabeh. Nag sing jenenge keris maeng termasuk senjata sing sakti, terus sing duwe yo kudu ngadakno ritual nang pengen senjata iki tetep sakti. Nah ritual iku yo termasuk adat dan budaya sing ancene kudu dijogo. Mangkane awak dewek kabeh sing dadi generasi enom yo kudu melok jogo. Ben jejak sejarah negeri iki isek tetepi ono sampek mene.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "4090", "text": "Pas aku numpak bis mesti godak-godakan ambek bise mergone bise iku mesti banter-banteran ora karoan. Nah wong nag lagek atu numpak wae wes ajak-ajakan polahe wedi kari opo maneh nag nang dalan sopire tambah nemen oleh godak-godakan ambek bis liyane. Pas numpak bis iku aku yo diulangi ambek dikandani karo kondekture utowo kernete pas numpak bis soale akeh wong sing tibo pas numpak bis. Nah pas medun mesti diulangi ambek kernete, biasane kernete iku mesti ngelengno nag medun iku mesti dikongkong gawe sikil kiwo ambek berok-berok. Yo iku maeng ancene wes umum kanggo kernete bis ben wong sing numpak maeng ora tibo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9649", "text": "Saben sholat Jumat mesti ana khotib sing nyampekna khotbah maneka tema. Kadhang sing disampekna babagan kewajiban Musli, kadang sing disampekna hubungan manungsa karo manungsa liyane, lan akeh liyane. Sing paling diiling nalika khotbah Jumat mesti nalika khotib mbalen-mbaleni babagan ngilingake kanggo taqwa marang Gusti. Percaya marang Gusti, ngelakoni apa sing diprentah karo Gusti, lan ngadohi apa sing dilarang karo Gusti. Senajan donya saya suwi saya rusak, akeh wong sing malah ngelakoni apa sing dilarang karo Gusti lan malah ngadohi apa sing diprentah Gusti nanging dadi wong Muslim kudu duweni pendirian sing kuwat. Ayo padha njaluk pitulungane Gusti supaya ora katut babagan ala kaya ngono. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2499", "text": "Delok keterangan sing dibagekno ambek kementerian kesehatan nag situs sehatq masalah manfaate hobi tibak'e macem-macem. Nag situs iku dijelasno nag hobi iku iso wae garai awak iki ngasoh teko stres sing disebabno teko penggawean, terus hobi iso dadekno wong iku maeng seneng terus lali karo masalah sing iso dadekno stress, terus teko hobi iku maeng uwong iso bersosial ambek liyane soale kadang uwong nag wes kakean masalah ora kenek ge jak gembul ambek cangkruan bareng. Mangkane teko hobi iku maeng wong kadang iso bagi cerita ambek wong sing duwe hobi podo, akhire iso ijol pengalaman gawe ngadepi masalah. Mangkane hobimu dadekno tomboh strese awakmu ben ora spaneng ngadepi urip.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "854", "text": "Hiburanku disik pas lagi neng omahe wae mergo pandemi kui delok cuplikan pertandingan NFL. NFL iki liga bal-balan Amerika sing paling gedhe. Salah siji cuplikan sing tak senenge kui pertandingane New England Patriots ngelawan Miami Dolphin tahun 2019. Pertandingan iki seru banget. Soale pertandingan iki dimenangke karo Dolphins. Pas jaman iki. Patriots lagi jaya-jayane. Taun sak durunge, tim iki menang super bowl. Pokokmen Patriots iki kuat bangetlah. Opo meneh neng pertandingan sak durunge Dolphins kalah letak ngelawan Patriots, skore 0-43. Pertandingan saiki dimenangke Dolphins tipis banget 27-24. Seko babak kesiji tekan terakhir, rong tim iki saling salib-saliban skor. Neng menit-menit akhir, Patriot jajal nambah skor kanggo nguncal-nguncal bale peng akeh ben bale ora mati.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "3252", "text": "Nak biyen sing jenenge poto iku gawe kodak ambek kelis. Tapi saiki wes diganti ambek sing jenenge Kamera. Nah, kamera iki yo akeh maceme salah sijine yoiku kamera digital. Nah sing diarani kamera digital yaiku poto sing kenek gawe nyimpen gambar liwat perangkat digital koyo sensor, lensa, ambek memori sing digawe nyimpen gamabr iku maeng. Nah kamera iku maeng bentuke yo we podo koyok umume kamera, tapi sing bedakno yoiku sensor sing iso goleki utowo bedakno endi sing raine menungso ambek ora, terus kenek diarahno endi sing paling beneing gambare. Terus yo kenek digawe gawe video barang koyok shoting-shoting film ngunuku. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4611", "text": "Biyen aku dijak kakangku ning Pizza Hut Kaliurang. Banjur aku ketemu karo kancaku. Bar kuwi awak dhewe mangan bareng. Aku pesen pizza sak loyang kembulan karo kakang lan kancaku. Awak dhewe ngomongke gawean lan kuliah amarga Pizza Hut penak dinggo diskusi. Ora antre lan keadaane tenang lan iyup, akeh tanduran. Masio parkirane cilik, tapi rapi lan ora sesek. Aku, kakang, lan kancaku uga mangan salad lan tuku ngombe. Nek jareku, Pizza Hut iki sumbut antarane rega karo rasa. Rasane enak ning ora seret kaya roti biasa, topping-e macem-macem tur ora medhit. Kayane suk mben aku arep ngejak kakangku utawa kancaku maneh mrene. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2426", "text": "Nag pengen liburan nang panggonan sing paling viral saiki ora atek bingung, soale iso di golek'e nag google pangonan wisata endi sing paling viral. Contone neg nag jogja mesti Tugu. Nag tugu iku ramene pol soale pangonane sing wes terkenal kat jaman biyen ambek iso foto-foto nag pinggire Tugu Jogja. Sak liyane iku, nag sekitare tugu panggonane yo enak digawe cangkruan ambek konco-konco saole akeh angkringan sing regane yo morah-morah terus pilihane akeh ambek jajane sing reno-reno. Mangkane angger sore nag Tugu Jogja mesti ramene pol sampek garai macet soale akeh bocah-bocah sing dolan rono. Terus akeh sing semliwer nyabrang akhire garai macet. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "4795", "text": "Bal-balan dadi salah sawije hobi sing nyehatake lan nyenengake, utamane gawe cah lanang sing seneng olah raga. babagan bal-balan iki ya ora beda adoh karo wong sing seneng olah raga liyane. Bal-balan iki marai seduluran raket lan atine bungah amarga dolanane mesti kudu sak tim. Nanging bal-balan kuwi bakal dadi bumerang yen fanatik. Wong kang fanatik iki biasane marai rusuh ning stadion uga ning media sosial, senengange paido penggemar saka tim liyane. Maune mung arep nonton malah dadi mala. Seng bener ya bal-balan iki kudu dilestarekake pasedulurane, dudu musuhane. Apa maneh bal-balan iki dadi olah raga sing wis kesohor solidaritas lan manfaate kanggo fisik. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9257", "text": "Jajan sing nggarakno wareg nanging cara masak lan nggolek bahane gampang yaiku roti isi sing arane sandwich. Roti iki bisa diisi tomat, sayur, sosis utawa daging, lan diwenehi caos sambel. Roti sing digawe bisa dipanggang dishik lan diwenehi mertega supaya luwih gurih. Sawise iku, isian rotine sing wis cepak bisa mulai diketoki lan ditata ana ing rotine. Sandwich uga bisa ditambahi karo keju supaya rasane luwih gurih. Yen kabeh wis ditata ana ing rotine, sandwich wis bisa dipangan bareng-bareng karo kanca utawa karo kaluwarga. Sandwich uga bisa ditambahi karo ndog dadar utawa ceplok supaya isine luwih akeh lan bisa nggarai weteng wareg.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "9613", "text": "Saben Jumat, sekolahku nekakne ustadz ana ing sekolah kanggo ngewenehi ceramah kanggo kabeh murid. Ceramah iku diwiwiti jam 7 isuk nalika jam pertama sekolah lan buyar jam 9. Dina iki ustadz sing teka yaiku ustadz Habib Ja'far. Ustadz sing isih enom lan cara ngomong nalika ceramah disenengi karo kabeh bocah enom. Ustadz Habib Ja'far nerangake masalah bakti ning guru. Guru minangka wong tuwa ana ing sekolah wis samestine pada ngurmati kaya dene ngurmati wong tuwa sing ana omah. Habib Ja'far uga nyeritakake siji cerita sing marakke bocah-bocah padha nangis kelingan dosane ning gurune. Ana sing nangis karo mingsek-mingsek, ana sing nangis nanging diempet, ana sing nangis bareng karo kancane, lan ana sing nangis buanter. Kabeh padha iling nalika tau megelne gurune karo tingkahe.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "6626", "text": "Pindahan omah kuwi bisa marai nyaman amarga nduweni lingkungan anyar kanggo nyegerake pikiran, nanging uga bisa marai ora tenang amarga adaptasi sing sering gagal. Kadhang, mbutuhake wektu sing suwe kanggo adaptasi yen nduwe tangga ora sumeh semeleh, nanging adaptasi kuwi uga bisa cepet yen duwe tangga sing kooperatif lan kepenak dijak komunikasi. Kamangka, pas awal pindahan, kudune ya dadi wong sing sumeh, yen bisa ngewenehi panganan lan uga oleh-oleh kanggo perkenalan ben tangga kuwi ngerti yen ana warga anyar. Yen ana kerja bakti utawa kumpulan, kudune melu tumandang ben bisa oleh kanca ning kampung lan uga bisa luwih kenal karo lingkungan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6615", "text": "Dana kelahiran anak kuwi kalebu dana darurat amarga ora ana sing ngerti kepiye bayi kuwi lair lan prosedur medis apa wae sing kudu dilakoni. Ana bayi sing diprediksi bisa lair normal, nanging pas lairan malah kudu operasi lan uga ana gangguan kesehatan sing ora bisa dibedhek. Banjur dana sing kudu diwenehake karo wong tuwa kuwi mestine tambah gedhe. Kamangka, wong sing wis rabi lan ana rencana nduwe anak, kudu nyiapake dana sing akeh kanggo kelairan amarga ora bakal ngerti apa wae prosedur kesehatan sing kudu dilakoni lan kabeh kuwi ora bisa dikira-kira. Amarga kuwi, nyelengi dana darurat penting kanggo anak.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9264", "text": "Dadi Chef kuwi ora gampang lho. Ing anggepan saperangan tiyang, bokmenawa pakaryan minangka Chef kuwi iya amung mangsak ana pawon. Ananging yen awake dhewe gelem ninangli luwih caket, jebulane pakaryan Chef mau ora bisa disepelekake. Dadi chef kuwi kudu mangerti teknik masak kang bener lan pener. Tegese, Chef kudu bisa nyawisake panganan kanthi tekstur kang beda-beda ana sajroning panganan. Banjur, dadi Chef kudu bisa nyawisake panganan kang porsi lan kandhungan nutrisine pas. Tegese, ana ing sajroning panganan porsi antaraning karbohidrat, protein, serat, mineral, lan sapanunggaane kudu seimbang, supaya panganan mau bisa estu nyarasake awak kita. Telu, Chef kudu bisa nyawisake panganan kanthi apik pandelenge. Yen istilahe, kudu bisa plating. Awit rasaning wong mangan bisa ngrasakake enak iya awit tampilan panganan mau. Sakjane isuh akeh bab kang akeh gayutane karo pakaryan Chef kang ora gampang. Mula aja nggampangake pakaryan Chef.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "9692", "text": "Bali dadi salah siji kutha sing masarakate paling akeh nganut agama Hindu. Ora kaget yen ing Bali uga akeh banget pura kanggo sembahyange wong Hindu. Salah sijine yaiku Pura Besakih. Pura iki dadi pura paling gedhe sing ana ing Bali amarga ing njerone pura iki uga ana pura cilik liyane sing cacahe ana 17. Sadurunge mlebu ana ing Pura Agung Besakih ana anda sing akeh banget. Anda iki dadi tandha kanggo mlebu ing Pura Penataran Agung Besakih utawa pusate pura. Yen dolan ing Pura Besakih iki bakalan ngerti akeh wong sing gawe klambi putih-putih lan nggawa sesajen sing maceme akeh banget kayata buah-buahan, kanggo sembahyang ing njero pura.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7010", "text": "Dino iki, aku ambek dulur-dulurku wes siap-siap berangkat nang Rembang gawe njupuk barang-barang nduwene tanteku sing mbari pegat ambek bojone. Teko Gresik, awak dewe berangkat nang Rembang. Perjalanane kurang lebih 3 jam an soale dalane lagi lowong dadi gak atek drama macet. Pas perjalanan balik, kabeh podo ngomong nek wetenge luwe. Berhubung iki paling cedek ambek pantai, akhire aku melbu nang Pantai Cemara nang daerah Tuban. Nang pantai kan biasane onok warung-warung, dadi cek mangan nang kono ae. Mbari parkir, guduk mangan tapi awak dewe malah terpukau ambek pantai pasir putih sing resik banget. Wes ngono, pantaine sek sepi banget, mbasio warung panganane lumayan akeh. Akhire awak dewe malah asyik dolanan banyu nang pantai iku sampe wes gak ngeroso nek wes luwe nemen.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5047", "text": "Khotbah kuwi dadi salah siji cara kanggo nyampekake wahyu utawa pitutur saka kitab suci marang umat utawa jemaat. Wong sing nyampekake khotbah iki yaiku khatib utawa imam ning salah siji omah ibadah. Nanging ya ana khatib utawa pengkhotbah sing sengaja dipilih dudu saka imam, biyasane iki ana ning ujian praktik sekolah. Kamangka, kanggo nyiyapake materi dakwah, ana cara sing bisa dilakoni yaiku kaping siji, kudu nggolek topik sing dibahas lan kudu sesuai karo jemaat, misal wayah Idul Adha ya kudu nggolek sing topike padha karo idul Adha kaya perintah nyembelih ismail. Banjur kaping pindho khotbah kuwi kudu ditulis lan dikoreksi ben ora salah omong, kaping telu yaiku akeh latian. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5577", "text": "Teknologi kanggo ngeresiki omah iki tambah maju amarga ana robot sing bisa ngeresiki omah sing ukurane cilik nanging ora perlu dikendalikake kanggo remot amarga robot iki duwe sensor sing bisa ngeresiki ruangan lan ora nabrak-nabrak. Nanging robot iki uga perlu diopeni ben ora cepet rusak lan awet nganthi pirang-pirangane taun. Beban kerjane robot iki aja digawe gedhe, yaiku robot iki fungsine kanggo ngeresiki sing entheng. Kamangka, sak durunge robot iki mlaku, omah wis disapu dhisik ben ora ana serpihan sampang lan watu krikil sing rada gedhe amarga sampah iki bisa ngganggu proses reresike robot lan marai robot iki cepet rusak. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "541", "text": "Neng Yogyakarta pas aku SD, sak ben ulang taun kota pelajar iki, murid-murid seko TK tekan SMA diwajibke nganggo klambi tradisional. Klambi tradisional kui klambi tradisional Yogyakarta, sorjan lan lurik kanggo sing lanang, lan kebaya kanggi sing wedok. Aku pas kui durung duwe klambi tradisional dhewe, dadi aku kudu nyewo. Neng penyewaan kui, aku milih sorjan werno ijo sing ono motif kembange lan jarike sing duwe latar putih, ora lali blangkone. Neng kono, aku uga nyewa keris. Pas pertama deloke wis wedi aku deloke. Aku nganggo keris kui neng sekolahan. Keris kui tak jogo ati-ati. Aku wedine bakal nyilakani konco-koncoku neng sekolah. Nanging sak durunge dibalike, aku penesaran lan buka keris kui, Jebul, keris kui dudu keris tenanan mung lempengan wesi dowo wae, ora landep blas.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "9284", "text": "Jagung kuwi salah satunggaling jinis sayur kang disenengi dening bocah. Anggepan mau ora uwal saka akehing panganan kang bisa digawe saka jagung. Tuladhane, yen dianggo lawuh, jagung bisa dadi bahan dasar utawa campuran ana sop, perkedel jagung, bubur jagung, bening bayem jagung, sayur asem jagung. Yen dadi panganan biasa jagung bisa kagawe utawa kacampur dadi panganan bakwan jagung, zuppa soup, jagung serut keju susu, jagung bakar pedas manis, popcorn, utawa puding jagung. Minangka kasenenganing bocah, pangolahing jagung kalebu simpel. Jagung dhewe uga wis duwe rasa kang legi semu gurih. Luwih-luwih saiki wis ana es krim rasa jagung kang didol ana minimarket. Bab iki mau sansaya nuduhake yen jagung pancen banget disenengi dening bocah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "7001", "text": "Bosen mek mlaku-mlaku nang Mall, aku ambek dulurku mutusno gawe mlaku-mlaku nang panggon wisata alam sesekali. Pilihane iku nang Hutan Pinus Imogiri, Bantul, Yogyakarta. Ndek tengah perjalanan, dulurku tuku jajan disik gawe nang perjalanan. Panggone gak tapak adoh, mek sekitar sak jam teko kosku. Lokasine pun gampang ditemoni. Mbari tuku tiket, aku ambek dulurku melbu nang area hutan pinus sing duwur-duwur banget iku. Suwe-suwe mlaku dadi pegel. Akhire aku nyewo tiker terus dulurku njupuk jajan sing mau dituku. Awak dewe dadi piknik ndek tengah hutan pinus sambil kelesetan. Berhubung lagi musim kemarau, dadi gak wedi bakalan udan. Akhire setelah sekian lama, aku ambek dulurku isok menikmati panggon wisata alam sing apik gawe foto-foto dan nyaman gawe piknik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9013", "text": "Nek awak dewe ndelok kamera DSLR, sing pertama kali ketok iku pasti lensane sing dowo. Lensa sing onok nang kamera DSLR iku isok dicoplok dan diganti nganggo jenis lensa sing liyane sesuai kebutuhan. Setidake onok sepoloh jenis lensa sing isok dipasang nang kamera DSLR. Siji, lensa kit utowo lensa sing wes sak paket ambek kamerane. Loro, lensa fix. Lensa iki nduwe sifat permanen, dadi pengaturane gak isok diganti-ganti. Telu, lensa standar sing apik digawe foto lanskap. Papat, lensa sudut lebar sing apik digawe nangkep area sing jembar nang siji foto. Limo, lensa tele sing dinggo gawe nangkep objek sing jarake adoh. Enem, lensa makro sing apik digawe foto sing isok ketok sampe detail paling cilik. Pitu, lensa fisheye sing isok digawe nangkep gambar sing radius e 180 derajat bek nang siji bidang pandang. Wolu, lensa tilt-shift sing isok digawe manipulasi gambar. Songo, lensa infrared sing isok nyaring kabeh gelombang cahaya kecuali gelombang infrared. Terakhir, lensa zoom sing apik digawe portofolio fotografi.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "563", "text": "Sebagai anggota sangar sing lanang, awak dhewe iso latian nari lan latian kanggo gendangi penari sing liyo. Alat musik sing dienggo kui jenenge rapai. Bentuk mirip koyo rebanae, nanging ranka kayune luwih kandel lan krincing dipasang kui mung siji neng ngarah neng pemusike. Sak liyone kui, kulit khewan kanggo rapai kui ngaggo kulit wedhus. Rapai kui uga ono jenis-jenis dhewe tergangtung kegunaane. Rapai sing diungake nari, tariane jenenge rapai geleng, kui duwe ring sing cilik. Rangkane kui uga luwih cilik dadine luwih enteng. Swara krincinge uga luwih cilik. Sing keloro, kui rapai kanggo ngiringi penari. Rapaine kui luwih gede lan swara krincinge luwih banter.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "3504", "text": "Wong sing duwe karepan kanggo buka usaha iku bener-bener disiapno kabeh, awit teko mentale sampek teko bondone barang. Mari ngunu kudu iso mutusno usaha opo sing ancene pas kanggo deke karo cocok ambek awake ben iso enak usahae maeng. Terus jarene koncoku sing wes tau buka usaha, nag pengen buka usaha iku ora mok modal ambek mental tok sing disiapno tapi yo kudu ngerti itungan untung ambek rugine ben ora sampek bangkrut. Soale sing jenenge usaha iku kudu ngerti itungane awit teko modal sampek batine karo tenogo ambek rego sewo panggonan barang yo kudu keitung ben ulane. Mangkane dadi wong usaha iku yo ora gampang koyok dadi karyawan.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "983", "text": "Kindle, piranti kanggo moco buku digital seko Amazon, bakal ngetoke produk paling anyar neng taun 2023, yaiku Kindle Scribe. Koyo jenenge, sing ngebedake piranti iki karo sing versi sing liyane kui, Kindle Scribe duwe bolpen digital sing iso kanggo ngorek-ngorek buku digital sing lagi diwoco. Bolpen digitale kui ono rong jenis, sing biasa karo sing premium. Sing premium kui, bolpen duwe fungsi kanggo ngebusak orek-orekane. Kindle Scribe iki bobote luwih abot seko versi sing liyane. Piranti iki duwe bobot 433 g. Kanggo dadi perbadingane, Kindle sing diluncurke sak durunge duwe bobot 155 g. Kindle Scribe iki iso dienggo tekan telung sasi kanggo catetan wong kui gawe piranti iki 30 min sak ben dino.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "591", "text": "Preinan bakdo wingi, aku lan sak keluarga besar dolan bareng neng Malang. Awak dhewe milih dolan neng kota Apel kui mergo mbak sepupuku ono sing kerjo neng kono lan ora iso suwe-suwe cuti. Neng kota Malang kui ora suwe, awak dhewe mung nginep 2 dino sak wengi wae. Bar kui awak dhewe langsung bali neng Yogyakarta. Sadurenge tekan omah, awak dhewe mampir sek neng Solo kanggo mangan wengi. Awak dhewe mangan sego liwet neng kono. Nanging, awak dhewe rada kuciwa karo sego liwat sing awak dhewe tuku. Porsine kui mung sitik senadyan awak dhewe wes tahan ngelih. Dadi dulur-dulurku sing isih ngelih tanduk meneh.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5820", "text": "Keripik gedhang ning kuthaku kuwi durung dadi primadona amarga isih kurang variasi lan kemasane kurang apik. Aku ngerasa tertarik amarga rampung kena PHK, aku kaya kentekan waktu lan sering ngelakoni babagan lan bisnis sing ora tinemu untung. Banjur aku duwe ide kanggo dodolan kripik gedhang sing akeh rasane kaya cokelat, susu, lan uga akeh maceme. Aku uga nyithak banner ning omah lan stiker kanggo pengemasan. Amarga toko camilan kuwi akeh, aku mbuka sosial media lan mulai masarake cara online amarga luwih gampang. Jebul untunge luwih akeh lan aku saiki wis duwe karyawan akeh lan bisa mbantu perekonomian warga ning sekitar omahku. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "10149", "text": "Gurun ugi saged dados panggonan wisata alam ingkang menarik. Wonten gurun unik ingkang lokasinipun wonten cerak Pegunungan Andes, Bolivia. Gurun menika asmanipun Salar de Uyuni. Senandyan disebat gurun, wonten Salar de Uyuni boten wonten pasir. Isinipun gurun menika uyah ingkang kathah sanget ingkang dadosaken panggonan menika garing terus kados gurun. Ambanipun ingkang ngantos sepuluh ewu kilometer persegi. Plesiran wonten Bolivia boten lengkap menawi boten nate plesiran wonten gurun uyah menika. Pemandanganipun unik. Wanci paling sae kangge plesiran dhateng Salar de Uyuni inggih menika pas mangsa rendheng wonten sasi Desember ngantos Januari amargi gurunipun uyah wanci menika saged nampilake efek kados cermin ingkang endah menawi dipunpotret.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2320", "text": "Biasane nag muleh kampung nang lamongan, aku ora lali mangan soto sing dadi andalan nag kota lamongan, tapi sak liyane soto, ono maneh sing jenenge penyetan lamongan. Penyetan Lamongan iki bedo karo penyetan nag kota liyane masio jenenge podo, nek nag lamongan asli, penyetan iku sing penting sambele trasi sing enak. Masio nag jogja yo ono sing jenenge penyetan tapi sing ora iso ngalahno yoiku rasa sambele. Ndok lamongan sambele iku luweh pedes terus gurih ono legine saitik. Soale nag kene sing jenenge sambel iku pedes ora legi. Terus resep gawe sambele yo ora angel soale bahane yo mok lombok abang, lombok rawit, bawang abang, tomat abang, trasi, ambek uya. Mari ngunu bahan-bahan iku di goreng sampek mateng. Nag wes mateng lagek digiling utowo diulek yo ora-opo nek ora pegel. Yo wes mok ngunuku tok sing jenenge sambel penyetan lamongan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "1788", "text": "Aku setuju karo progam KKN sing dilakoke neng kampus-kampus. Soale liwat program kui, aku lan kawulo enom liyane ngerti kahanan neng deso kui koyo piye. Akeh mahasiswa kui asal seko daerah-daerah sing maju. Neng kono, awak dhewe gampang entuk opo-opo. Kabeh fasilitas umum iso awak dhewe temuke. Ora mung ono, nanging kwalitas fasilitase kui uga apik lan duwe teknologi sing luwih maju. Mergo ono KKN iki, awak dhewe sebagai kawulo enom isi ngerti perkoro-perkoro opo wae sing dirasake karo ono neng daerah deso. Harapane awak dhewe kui ora mung iso ngerampung KKN kui. Nanging uga dadi paham, sebenere perkoro pemerataan kesejahteraan neng Indonesia kui isih okeh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7794", "text": "Developmental Basketball League utowo biasa disingkat DBL iku kompetisi liga bola basket nang tingakt SMP ambek SMA nang Indonesia. Pusat pertandingan DBL iku diadakno nang Suroboyo, luwe tepate nang DBL Arena. DBL Arena dewe iku stadion bola basket sing dikelola karo Jawa Pos Group. Kapasitas penontone iku isok sampe 5000 penonton. DBL arena iki dinilai dadi stadion sing paling nyaman gawe nonton pertandingan basket. Mbasio rego melbune tergolong larang timbang stadion liyane—5 ewu—tapi fasilitas sing disediakno nang kene iki jauh luwe apik timbang stadion liyane. Stadion e iku wes full AC sing marakno gak sumuk nang njero. Terus keseluruhan areane iku resik banget soale wes onok petugas kebersihan sing stand by nang kono terus.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7333", "text": "Azan utowo adzan yaiku panggilan ibadah gawe umat Islam gawe ngelaksanakno sholat. Adzan iku teko kata 'azina' sing berarti “krungu” utowo “diberitahukan”. Adzan iku panggilan pertama sing diperdengarno secara jelas nang masjid ben wayahe sholat limang wektu nganggo pengeras suara. Panggilan kedua iku jenenge iqomah, sing nandakno nek sholat kate dilaksanakno. Adzan iku onok adabe sisan sing sesuai ambek hukum Islam. Siji, muadzin utowo sing ngumandangno adzan iku kudu beragama Islam, berakal sehat, ambek cakap dalam ilmu agama. Loro, amanah dan gak nerimo upah. Telu, suara muadzin kudu lantang dan merdu. Papat, suci teko hadas karo najis. Terakhir, ngadek madep kiblat nganggo pengeras suara.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2889", "text": "Pak petinggi iku yo termasuk wong penting nang daerah nggonanku yo wes kenek diarani termasuk tokoh adat, Nah Petinggi iku asline podo ambek Kepala Desa tapi celuk'an ngunuku wes dadi adate wong daerah nggananku kat jaman biyen sak durunge aku lahir sampek saiki sing jaman hp wes layar sentuh. Nah Sing jenenge petinggi iku tanggung jawab tambah kedene mgilan soale iku sing mimpin ambek sing ngeramut tokoh-tokoh adat sing nang dusun sing ono nang daerah kono. Dadi Petinggi asline iku yo kudu dihormati tapi saiki citrai petinggi nang desaku tambah elek soale gara-gara ono wong sing dipercoyo dadi petinggi tapi ora ngelaksnakno adat ambek budaya sing wes kelakon nang kono. Dadi nag milih petinggi utowo kepolo deso iku dianjurno wong-wong sesepuh daerah nggonanku iku kudu bener-bener wong sing ngerti adate kono.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "3286", "text": "Tahun wingi iku ono berita sing bahas perkembangan teknologi Perintah Suara sing dilebokno nang montor. Teknologi iki asline wis diterapno nang salah sijine montor sing teko cino. Sistem iki ancene sangare pol soale wong sing duwe montor ora atek repot-repot metek-metek petekan karek ngomong tok. Sak liyane iku keunggulan liyane yaiku sistem iki kenek dikongkon sembarang sing penting ono menune nang montor iku contone koyok ngakakno AC, nutup cendelo, ambek akeh fungsi liyane sing durung diwerui wong polahe teknologi iki ancene lagek anyar ambek durung akeh montro sing masang teknologi iki. Dadi ambek onone teknologi iki wong sing duwe montor iso enak.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "5832", "text": "JDID dadi perusahaan sing paling maju ning bidang logistik lan perdagangan online. Nanging, ning jaman pandemi, JDID iki ngalami kerugian sing gedhe amarga akeh ngadakake promosi tanpa peritungan lan uga kalah karo jenis usaha liyane sing isih sejenis. Kamangka, kanggo nutup kerugian kuwi, JDID ngelakoni pemutusan hubungan marang karywan kanthi ewonan jumlahe. Pemutusan iki dadi pertimbangan amarga perusahaan kudu ngatasi kerugian lan kudu hemat marang anggaran sing ana lan uga nggawe skema jaga-jaga ben perusahaan ora bangkrut kena krisis ning taun 2023. Akeh pegawai JDID saiki sing nganggur lan jebul langkah iki wis dilakoni karo perusahaan rintisan bidang teknologi liyane. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "5191", "text": "Saben isuk sak durunge mangkat kuliah, aku tuku sega gudeg sing ana ning GOR. Sega gudheg iki sing dodol Mbah Siyem lan wis terkenal enak. Amarga kuwi, sega gudeg iki dadi langganan, Miturut critane wong sing omahe ana ning cedhak GOR, Mbah Siyem wis dodol ning kono luwih saka 20 taun lan dadi langganan wong akeh amarga rasa gudege sing enak lan ora sepira legi kaya akehe gudheg ning Jogja. Kamangka kuwi, aku sing saka Jawa Timur uga cocok karo rasane. Sing biyasane ora doyan gudeg dadi doyan amarga gudhege uga enak. Apa maneh ditambah daging pithik sing wis disuwir utawa ndhog pindang lan bawang goreng. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7348", "text": "Doa sing diijabah iku biasane teko uwong sing lagi kesusahan. Salah sijine iku wong sing lagi bepergian. Musafir sing lagi safar alias wong sing lagi bepergian iku disarano gawe akeh-akeh dungo soale waktu safar iku waktu sing mustajab. Hal iku mergo wong sing bepergian iki nduwe akeh banget keterbatasan mbasio kondisine lagi nyaman banget. Misale wong sing bepergian numpak mobil, pasti wong iku mek isok berkegiatan nang njero mobil iku tok. Buru isok metu iku pas leren diluk nang Rest Area utowo pas wes tutuk. Kegiatan terbatas nang njero mobil iku sing dianggep sebagai wong sing lagi kesusahan. Dadi gawe awakmu sing lagi bepergian, dungo o sing akeh, mumpung lagi mustajab.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "10044", "text": "Daharan ingkang paling asring dipunpanggihi wonten hajatanipun tiyang Jawi inggih punika tumpeng. Tumpeng menika sekul ingkang werninipun jene. Werni jene wonten budaya Jawi menika lambang urip ingkang makmur. Sekul tumpeng awujud arga ingkang nglambangipun proses ingkang dipunlampahi menungsa dugi urip ingkang makmur. Arga ugi lambang hubungan menungsa kaliyan Tuhan. Tumpeng lumrahipun didahar kangge kering tempe, tigan dadar ingkang dipun suwir, ayam goreng,abon, kaliyan urap. Wonten uga ingkang ngagem teri utawa tigan rebus kaliyan tigan semur nalika nyedhiyakake tumpeng. Lawuh tumpeng nglambangipun hubungan menungsa kaliyan menungsa sanes. Menawi hubungan kaliyan Tuhan lan menungsa sanes saged mlampah ingkang sae, gesangipun menungsa bakal makmur lan sejahtera. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2843", "text": "Aku gelek petok sing jenenge keris mboh iku nang facebook utowo nang instagram. Lah keris iku termasuk salah sijine senjata sing legendaris sing ono nang indonesia. Tapi asline senjata iki termasuk senjata tradisional sing teko jawa timur. Senjata iki duwe bentuk sing lincip nang duwure koyok pedang, tapi sing garai iku unik yaiku ora mok angger lincip tok, tapi yo mlengkung-mlengkung nang tengai keris iku. Mari ngunu keris iki yo duwe telong bagian yaiku gaman, cekelan, ambek selotong. Lah nag gawe keris iku ora angger gawe terus dadi. Tapi kudu ono rituale disek koyok nyiapno sesaji ambek mileh waktu utowo dino sing pas. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6322", "text": "Ijen Nirwana yaiku perumahan sing paling gedhe sing ana ning Kutha Malang. Perumahan iki dadi kondhang amarga dipanggoni karo para bule utawa pejabat gedhe ning Malang. Ijen iki dipisahake nganggo dalan sing gedhe banjur cedhak karo pusate kutha. Amarga kuwi, perumahan iki kalebu perumahan elit senajan omah sing ana ning Ijen Nirwana iki tinggalane jaman kolonial. Perumahan iki lengkap amarga ana ruko, komplek rumah sakit, pusat perbelanjaan lan uga fasilitas liyane. Nanging, wong sing ana ning Ijen Nirwana iki yaiku para supir lan uga pembantu. Kamangka, supir lan pembantu iki dadi saling kenal lan uga bisa raket amarga sering ketemu pas wayah reresik. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "523", "text": "Tari Ratoeh Jaroe kui asale seko Aceh. Wis semestine, lagu-lagu sing dadi iringan tari kui nganggo boso Aceh. Kanggo dadi iringan tari Ratoeh Jaroe utowo tari aceh umume, ora iso sembarangan. Sak ben tarian kui, terdiri seko rangkain lagu. Jumlahe lagu kui iso piro wae, naning paling ora ono 4 jenis lagu. Sing ke siji kui salam. Salam iki lagu sing dadi pemuka tarian. Sing keloro, salawat. Lagu iki muji-muji Kanjeng Nabi Muhammad. Sing ketelu, lagu pujian. Lagu kui intine koyo zikir sing ngelingke awak dhewe marang kebesaran Gusti Allah. Sing kepapat kui lagu kisah. Lagu kui nyeritake crito-crito sing ono neng Alquran lan sahabat-sahabat Nabi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "10059", "text": "Warung Sate Pak Dakir sampun wonten wiwit warsa 1966. Ingkang ndadosaken warung sate punika benten kaliyan warung sate sanesipun inggih punika menu ingkang asmanipun sego pliket. Sego pliket kadamel saking sekul ingkang dicaosi sumsum menda terus digoreng. Sumsum menda menika ingkang ndadosaken sekulipun pliket alias lengket. Menu sego pliket namung wonten ing warung sate Pak Dakir. Sego pliket menika salah satunggaling daharan keremenanipun seniman Jogja, inggih punika Butet Kertarajasa. Pak Butet asring dahar sego pliket wonten mriku amargi griyanipun boten tebih saking warung Sate Pak Dakir. Warung sate menika gampil dipadosi amargi panggonanipun wonten pinggir margi HOS Cokroaminoto. Sampeyan bakal ningali daging menda ingkang gumantung nalika dugi wonten warung menika. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "948", "text": "Jaman saiki awak dhewe ora kudu duwe mesin cucine neng omah. Mesin cuci kui gedhe lan bakal mangan panggon. Opo meneh yen, awak dhewe ora duwe omah sing jembar. Mesin cuci kui bakal marake omahe dhewe sesak. Sak liyone kui, senadyan musin cuci kui gawe gampang awak dhewe pas lagi ngumbah, tetep wae kui kudu awak dhewe ngumbahi dhewe. Timbange dienggo ngumbahi klambi, mending wektu selone awak dhewe kui dienggo sing liyane. Dadi mending, perkoro klambi reged kui dilaundryke wae. Emang yen diitung-itung, yen dikumbahke kui rada luwih larang. Nanging, awak dhewe dadi duwe wektu selo luwih akeh lan ora kudu ono mesin cuci sing gawe sesak omah.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7405", "text": "Nang ben daerah, pasti onok upacara adat utowo ritual sing khas dan sek dijogo kelestariane ambek masyarakat sekitare. Salah sijine iku upacara Ikipalin. Ikipalin iki tradisi sing dilakoni ambek masyarakat suku Dani, Papua. Tradisi iki dinilai ekstrem ketimbang tradisi liyane sing onok nang Indonesia. Proses ritual sing siji iki yaiku ngetok driji ben onok anggota keluargane sing mati. Nek sing mati siji, sing diketok siji. Nek sing mati telu, sing diketok yo telu. Tujuan teko motong jari iku gawe berbela sungkawa karo nyudokno rasa sedihe mergo ditinggal uwong sing disayangi ambek mereka. Nek drijine wes diketok, yo mbalik ngelakoni rutinitas biasane. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "2112", "text": "Kahanan dalan sing padet kui sing marake wong podo males menyang kantor. Neng dareah kuto ku dalanan padet banget kanggo kendaraan. Mung sitik celahe kanggo awak dhewe iso nyalip. Neng banjo, awak dhewe kudu ngenteni suwe banget. Awak dhewe lagi neng bajo nanging rasane koyo lagi ngantre sembako. Durung meneh sak ben dino kudu ngersake macet sak ben wayahe mangkat kerjo lan bali kerjo. Kui sing nganggo kendaraan dhewe. Sing numpak kendaraan umum menyang kantore uga podo ribet. Seko omah dheweke kudu numpak ojek neng stasiun. Bar kui ngelanjutke numpak bis. Seko halte kui mungkin isih uga numpak ojek meneh supoyo iso tekan ngarep kantor.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "1723", "text": "Ning lingkungan sing awak dhewe tinggali kui mesthi ono sing jenenge RT lan RW. Rong lembaga sosial kui sing nampung aspirasine wong-wong neng tingkat sing paling cilik. Ciri-ciri RT lan RW kui salah sijine, yen ono perkoro sing ono kaitan hubungane karo pentingan wong akeh, mesthi dirembug bareng-bareng. Perkoro kui ora dirampung karo beberapa wong dhewe. RT lan RW sing apik kui ngerampungke masalah bareng-bareng lan ngerungoke kabeh pendapat. Ciri liyane kui kegiatan sosiale aktif. Kegaitan koyo posyandu, kerja bakti, lan ronda kui dilaksanake. Kabeh warga kui melu kegiatan kui lan ora ono sing wegah-wegahan. Yen kabeh wong aktif neng kegiatan sosial kui artine wong-wong sing tinggal neng kono podo ngeroso seneng.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9041", "text": "Nuri iku nduwe siji keluhan, yaiku kangelen nek kate ngukur suhu tubuh anak e nganggo termometer biasa. Mesti akeh miring e, utowo hasil e maleh gak akurat soale gak pas posisine. Terus de’e iku cerito nang koncone, terus takon yaopo solusi gawe ngatasi iku mau. Ambek Vida dikon nganggo termometer tembak ae. Dadi garek ngarahno alat e nang jidat, wes langsung kedeteksi. Akhire Nuri nyoba gawe tuku dan nyoba gawe ngukur iku nang anak e. Dadakno sekali petek, wes langsung metu hasil e. De’e kaget sih, soale buru eroh onok teknologi koyok ngene. De’e langsung mbatin, lapo’o de’e gak tuku iki ket mbiyen. Soale semenjak nduwe termometer tembak, sembarangane iku dadi gampang dan cepet.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4081", "text": "Sampek saiki aku nag dikongkon muleh mesti aras-arasen polahe nang omah iku gaya uripe wong deso iku ora karoan. Aku sing asline wong kono ae yo mangkel nag delok gaya uripe wong desoku, terus sing didelok mesti dunyone, iku sing garai aku mangkele ora pokroh sampek saiki nak muleh mesti aku ora seneng nag dijak ngomong ambek wong daerah gonanku soale wes sing ditakokno iku ora kabare awak dewek, tapi mesti sing ditakokno kerjo nang endi, wes rabi opo durung, terus saiki urip nang endi. Aku nag ditakoni ngunuku mesti mbatin\"cok lambe kok ora kenek direm\". Mangkane gaya urip sing nang desoku iki wes eleke pol soale yo wes koyok ngunuku modele. mangkelno ati.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "536", "text": "Cerita rakyat saiki wis ora akeh digemari. Senadyan duwe amanat utowo moral cerito sing tetep iso digunake tekan jaman saiki, cerito kui duwe latar cerito sing ora relevan. Makne kui, awak dhewe butuh gawe crito kui dadi relevan saiki. Awak dhewe iso ngelakoke resepsi neng cerita rakyat mau. Sing kudu dilakoni kui, pertama, awak dhewe kudu paham bener isi cerita rakyat kui, opo amanat sing pengen disampeke lan garis besar alure. Sing keloro, awak dhewe kudu riset opo-opo wae sing disenengi karo wong-wong jaman saiki. Sing ketelu, awak dhewe gawe crito berdasarkan langkah siji lan loro. Awak dhewe kudu ngulik forumula tekan iso ngandani pesan awal sing pengen disampek cerito rakyat sing dijupuk nganggo coro sing disenengi wong-wong saiki.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "813", "text": "Olahraga ringan sing iso awak dhewe lakoke neng endi wae lan kapan wae kui, jenis-jenis olahraga sing ngagnggo bobot awak. Olahraga sing koyo ngene iki ora mung gampang nanging uga murah mergone ora butuh tuku alat opo-opo. Senadyan gampang lan murah, olahraga sing ngandelke bobot awak iki podo sehet koyo olahraga sing ngaggo alat sing neng pusat keburagan. Otot sing awak dhewe latih kui iso kabeh. Yen awak dhewe kepengen latian otot lengan, awak dhewe iso ngelakoke push up. Yen awak dhewe kepengen latian otot wetheng, awak dhewe iso ngelakoke plank lan sit up. Yen awak dhewe penge ngelatih otot sikil, awak dhewe iso ngelakoke squat.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "6927", "text": "Bosen mangan mie sing ngono-ngono ae? Coba dimodifikasi dadi dadar mie. Pertama siapno bahan-bahane disik. Mulai teko mie sak bungkus, ndhog sak butir, ambek daun bawang secukupe. Pertama, rebus mie koyok biasane. Sambil ngenteni mie ne mateng, daun bawange dirajang kasar disik. Nek mie ne wes mateng, tuangno nang piring. Tuangno bumbu mie dan diudek sampe roto. Nek wes roto, baru ditambah ndhog. Terus tambahi daun bawang sing wes dirajang mau, baru diudek sampe roto. Siapno teflon, terus dipanasi disik. Nek uwes, tambahi minyak titik terus diratakno. Mbari ngono tuangno adonan dadar mie mau terus masak sampe mateng. Dadar mie siap disajekno.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5408", "text": "Pembibitan atlet wiwit cilik iki penting banget kanggo masa depan olahraga ning salah sawijining negara. Salah sawijining negara sing bisa diconto yaiku Tiongkok amarga Tiongkok iki wis ndukung kedisiplinan atlet wiwit cilik. Salah siji olahraga sing kedisiplinane dijaga banget yaiku senam ritmik. Ning Tiongkok, atlet senam ritmik iki wis dilatih wiwit umur 4 taun, yaiku sak durunge mlebu TK. Wong tuwane uga disiplin. Nanging metode iki ora dilakoni ning Indonesia. Ana sisi positife nanging ya uga ngasilake bibit sing kurang unggul. Kamangka, awak dhewe kudu ndelok metode latih apa sing paling cocok kanggo anak-anak ben bisa dadi atlet sing mumpuni. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "4761", "text": "Kegiyatan sing paling nyenengake wayah ning Jogja yaiku mlaku-mlaku ning pasar Beringharjo. Salah sawijining dina, aku ngejak ibuku ning pasar iki amarga ibuku lagi liburan ning Jogja. Pancen dasare ibuku iki seneng njahit lan nggawe prakarya, bali saka Beringharjo, ibuku nggawa benang, kain, lan monte utawa manik-manik manika warna kanggo bahan nggawe tas. Banjur aku karo ibuku ndelok-ndelok kain batik kanggo wisudaan. Rampung nggolek batik, aku lan ibuku mangan sate kere sing didol ning lawangan Beringharjo. Sate iki diarani sate kere amarga bahane mung lontong karo gajih lan ora ana daginge. Nanging sate iki enak lan bisa marai wareg. Regane uga murah lan bisa dadi alternatif wisata kuliner Jogja. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5545", "text": "Ning anggaran rumah tangga, anane mesin cuci iki bisa nguntungake uga bisa ngerugikake yen ora bisa ngitung kebutuhan. Mesin cuci iki pancen mbutuhake listrik lan uga banyu kang gedhe. Nanging uga bisa irit tenaga lan bisa mbarengi karo ngurus keperluan liyane. Mesin cuci iki bisa dadi alternatif kanggo pasangan sing isih anyaran duwe bocah bayi amarga bisa marai kumbahan cepet garing yen mesin cuci kuwi ana fitur pengering lan ora kesel-kesel ngucek klambi bayi. Amarga boros ning ongkos banyu lan listrik, yen arep nganggo mesin cuci iki ya kudu didelok jadwale ben ora ngetokake akeh dhuwit, kaya misale seminggu sepisan utawa ping loro. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "890", "text": "Aku ngeroso piala dunia taun iki ora sak meriah koyo taun-taun wingi. Embuh kui peraaanku wae, opo bener pancen koyo ngono. Aku emang seko awal ora patio seneng lan ngerti-ngerti banget perkoro bal-balan. Iki mergo seko disik rame wae makane aku sitik-sitik ngetuti. Nanging, saiki aku ora ngekuti pertandingane blas. Bahkan pertandingan sing gedhe wae, misale koyo Prancis lawan Inggris, ora tak sempetke nonton. Nanging aku nonton pertandingan finale, Argentina ngelawan Prancis, senadyan aku nontone mung babak kesiji tok. Pas kui, ora sengojo aku dolan neng omahe koncoku tekan bengi. Dadi sak durunge bali, aku dijak nonton bareng pertandingan finale kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9217", "text": "Dolan lan nyoba resto kurang afdhol yen ora karo ngerjakke tugas. Nanging kabeh kuwi butuh wifi kanggo ngerjakke tugas. Ora perlu kuatir, saiki kabeh restoran wis nyediakake wifi kanggo para tamune. Restoran Merci, salah siji restoran sing nyediakake wifi sing lumayan banter ana ing Sidoarjo. Cara nyambunge ora angel. Kaping pisan, kowe pitek logo wifi ana ing HP. Sawise iku, goleki jaringan wifi sing jenenge \"merci cafe\" lan pitek connect. Kaping telu, kowe ora perlu ngelebokke password maneh lan kowe wis bisa gunakake wifi iki kanggo nugas. Panggone Merci iki uga jembar, resik, lan enak kanggo ngerjakke tugas amarga ora pati rame wong. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4616", "text": "Panganan cepat saji kuwi pancen akeh sing ora sehat. Nanging awak dhewe isa nggawe dhewe ning omah ben luwih sehat. Salah siji resepe kuwi nggawe burger sing rasane kaya restoran-restoran cepat saji. Kaping pisan, siyapna bahan-bahan kaya roti burger sing bisa dituku ning toko roti utawa nggawe dewe. Kaping pindho, campur daging giling karo bumbu-bumbu, bar kuwi panggang daging giling ben bentuke kaya \"patty\" utawa daging sing ning burger. Kaping telu, ceplok ndhog. Kaping papat, daging, ndhog, sayuran karo saos lan mayonaise. Yen wis ditata, panggang burger ning teflon utawa oven sampe mateng. Burger sehat wis siyap gawe sarapan utawa bontotan ning sekolah. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "856", "text": "Pas jaman KKN, kebetulan banget ngepasi momen pitulasan. Koyo neng daerah-daerah liyane, dino kamardikan Indonesia iki uga dirayake neng panggon KKN-ku. Pas ku awak dhewe ngewangi karang taruna Desa Sukareja ngadake lomba-lomba pitulasan. Salah siji sing awak dhewe ewangi kui bal-balan deso. Ngene carane awak dhewe sing ngadake bal-balan kui karo karang tarunane kono. Sing kesiji, awak dhewe kudu melu rapat. Awak dhewe nawarke opo wae sing awak dhewe iso ewangi, misale seko dana utowo tenogo. Sing keloro, awak dhewe nyiapke lapangane. Awak dhewe pos neng kono kui ngewangi gawe gawang lan nambal lemah-lemah sing bolong ben roto. Sing ketelu, awak dhewe gawe jadwal pertandigane. Ora lali uga, awak dhewe ngebagi sopo-sopo wae sing jogo pas dino pertandingan kui.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2815", "text": "Nag mlaku-mlaku nang daerah jawa timur opo maneh sing deso-deso mesti awakmu delok akeh omah sing modele persi koyok omah nang daerah jawa tengah ambeh Yogyakarta. Model omah adat iki maeng jenenge Omah Joglo. Lah omah adat nag telong daerah iki ancene meh podo-podo gawe bentuk sing jenenge joglo paling mok ono tambahan saitik soale keperluan funsine. Jarene Primagam, nag omah Joglo iku ancene rumah adat Jawa Timur tapi duwe ciri khar sing meh podo ambek nang jawa tengah karo Jogjakarta. Lah yo iso ae soale telung provinsi iki ancene tonggo dempetan terus kasultanan Jowo yo melok Yogyakarta sing guwe cerito dowo ambek Mojopahit jaman biyen.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5067", "text": "Ana tata cara kanggo ngopeni kitab suci ning omah ben tetep awet lan uga tetep kejaga miturut tata kramane. Kitab suci iki bisa kitab apa wae amarga kitab suci iki ora berlaku ning agama tertentu. Kaping pisan kitab suci kudu dideleh ning panggon sing kethok mripat amarga kanggo pangiling-iling yen kudu diwaca terus. Kaping pindho, kertas kitab iki uga kudu diopeni sing apik kaya kudu ngewenehi sampul lan ora oleh dioret-oret kajaba ana kitab edisi khusus sing bisa kanggo oret-oretan. Kaping telu, kitab iki uga ora oleh kena banyu ben ora gelis rusak amarga kitab sing kena banyu kuwi bisa njamur lan dirubung rayap. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "4702", "text": "Tebing Breksi iku salah sawijing wisata alam ing wilayah Jogja bagian Piyungan utawa kidule Prambanan. Tebing iki ana ing jalur wisata Candi Ijo lan uga bisa digawe panggon foto lan istirahat.Tebing Breksi iki sajane mung tebing watu kapur sing ana amarga kejadian alam, nanging ya nduwe bentuk sing apik. Akeh kang nyebut Tebing Breksi iki mini grand canyon amarga bentuke meh padha karo wisata ing tlatah Amerika kuwi. Biyen tebing breksi mung buka kanthi sore, nangi saiki wis dipasang lampu-lampu lan bisa buka kanthi bengi. Nanging dalan akses nang wisata iki rada angel lan kurang penerangane, kamangka kudu ati-ati yen arep ngunjungi Breksi wayah bengi. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7858", "text": "Awakmu onok sing bener-bener buta karo dunia fotografi tapi kepingin sinau nyekel kamera? Ojok langsung nganggo kamera DSLR, tapi nganggo kamera mirrorless disik wae. Kamera mirrorless iki dinilai jauh luwe ringkes, tapi tetep nyediakno akeh fitur sing meh mirip karo kamera DSLR. Pengaturan kamerane yok luwe sederhana dan luwe gampang dipahami gawe pemula. Wes ngono, kamera mirrorless iki ukurane jauh luwe cilik timbang kamera DSLR, dadi luwe gampang digowo nang ndi ae. Dadi gawe awakmu sing sek tas ae sinau foto-foto utowo buru ae nyekel kamera, mending tuku kamera mirrorless gawe awal-awal. Wes gampang, luwe ringkes sisan, dadi luwe mempermudah gawe sinau.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "3295", "text": "Teknologi saiki sing perkembangane cepete megilan iku yo ora mok hp tok, tapi nang sepeda montor barang yo ora ukur bantere. Sepeda motor saiki yo ono sing listrik sing saiki wes mulai akeh nang dalan-dalan. Jarene salah sijiti situs otomatis nag indonesia, saiki sepeda motor listrik ancene wes akeh sing didol nang kota-kota gede. Terus bentuku yo ora adoh ambek sepeda montor umume, bedone yoiku mok nang sing kanggo ngelakokno sepede iku tok. Terus ambek ora ono suarone karo beluke soale gawe listrik. Maringunu jarene sepeda listrik iku maeng yo irite megilan ambek ramutane barang yo gampang ora jeke sepeda montor sing itik-itik dandakno.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "413", "text": "Habib Jaf'ar kui ustaz utowo guru sing lagi kerep muncur neng TV utowo media sosiale awak dhewe. Habib sing duwe jeneng lengkap Husen Ja'far Al Hadar iki duwe karakeristik ceramah utowo syiar sing diseneng karo cah enom. Ceramah kui akeh guyone. Habib sing lahir neng Bondowoso kui ora tau nganggo atribut sing koyo wong alim banget. Dhewe ngganggo klambis sing sante lan nganggo peci. Dheweke uga ora dhuwe jenggot sing dowo banget. Ceramahe kui enteng lan arang bahas perkoro sing abot-abot. Ora koyo keakehan ustaz liyanen Habib Ja'far ngeladeni pitakonan sing iso diarani ora mutu. Dheweke gelem jawab kui ben bocah-bocah enom bakal ngerungoke dheweke pas kudu bahas perkoro-perkoro sing luwih serius.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9380", "text": "Ana film sing lagi misuwur banget minggu iki, yaiku film ''Mencuri Raden Shaleh''. Dina lan Aqilah langsung janjian kanggo ndelok film iki ning Surabaya. Bocah loro iku njupuk jadwal film jam 12 awan supaya ora kebengen yen mulih. Pas mlebu ing bioskop, Dina lan Aqilah kaget amarga kursine kebak banget. Kabeh padha kepengin ngerti kepiye apike film iki. Ning tengah ndelok film, Dina ngomong ning Aqilah yen dheweke seneng banget ndelok film iki amarga apik banget padahal filme durung rampung. Sawise film rampung, Aqilah uga setuju karo omongane Dina kanggo ndelok maneh amarga ngerasa puas pol karo film iki, ora kaget yen film iki dadi film sing paling digoleki minggu iki.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7453", "text": "Damar kurung iku lentera sing bentuke khas banget sing asale teko Gresik, Jawa Timur. Bentuke damar kurung iku kubus dan nduwe patang sisi. Terus onok hiasan nang bagian duwur bentuk segitiga siku-siku dan mbentuk huruf ‘M’ nang duwur lentera. Mbari ngono onok songgoan nang ngisore. Damar kurung iki dilapisi kertas sing onok gambar rong dimensine. Gambar iku pun gak sembarang gambar, tapi lukisan sing biasane nggambarno suasana festival sing biasa diadakno nang Gresik, contohe koyok Pasar Bandeng. Mbiyen damar kurung iku gak digawe oleh-oleh. Berhubung peminate tambah akeh, mulai akeh uwong sing gawe replika lentera iki mbari ngono didolno nang pengunjung sing liburan nang Gresik.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6953", "text": "Onok salah siji jajanan teko Bandung sing terkenal banget sak Indonesia, jenenge aci. Aci iku jeneng liyane pati utowo tepung. Dadi aci iki bahan dasare teko tepung sagu sing diolah dadi macem-macem jenis jajanan. Onok cireng alias aci goreng, cibay alias aci ngambay, cilung alias aci digulung, cilok alias aci dicolok, cimin alias cilok mini, cipuk alias aci krupuk, cimol alias aci digemol, dan sek uakeh maneh jenis olahan jajanan teko aci liyane. Sing khas teko aci iki teksture sing kenyel banget, dan iku dadi favorit hampir kakean uwong. Tapi sayange, aku gak sepiro seneng ambek sensasi kenyale aci iki. Ancen olahan aci iki guduk seleraku ae, gak onok alasan liyane opo’o aku kurang seneng ambek aci.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5827", "text": "Kanggo masarake produk, akeh perusahaan sing nawarake fasilitas kanggo para ibu sing isih enom lan pengen duwe penghasilan tambahan. Program iki ya mung modal daftar lan tuku buku katalog banjur ngelola proses penjualan sing ana kaya ngumpulake pelanggan, nulisake laporan penjualan, lan uga saka program iki bisa oleh bonus macem-macem saka produk kaya kosmetik lan piranti rumah tangga. Bisnis iki sisteme MLM utawa multi-level marketing lan uga ana jenjang karir ndhuwur lan isor. Sistem iki nguntungake para manajer nanging ya ora ngerugikake wong sing dodolan, sing penting wis ana kesepakatan sing jelas wiwit awall lan wis dijelasake bonus kerja sama iki. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7458", "text": "Salah siji jajanan sing gak oleh lali gawe dituku pas nang Bali yaiku pai susu. Pai susu iki pastri hidangan penutup tradisional sing terbuat teko kue pastri sing diisi ambek kustar sing teko ndhog karo susu kental manis. Bentuke datar terus isiane tipis tapi rasane luegi. Mbiyen pai susu pelopor pertama iku merk e Pie Susu Dhian. Tambah suwe, pai susu iki tambah terkenal soale rasane sing enak. Teko kono, mulai akeh merk-merk pai susu sing didol nang Bali. Wes ngono, regane yo lumayan terjangkau, dan mesti dadi incerane wong-wong. Dadi gawe awakmu sing nang Bali, ojok lali tuku pai susu yo rek.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5579", "text": "Anane robot iki uga ngaruh marang akeh lan orane lowongan kerja ning dunya iki. Tambah akeh robot lan mesin, lowongan kerja kanggo menungsa uka tambah sithik. Nanging ya ora nutup kemungkinan kanggo nambah lowongan miturut keahlian. Akeh kemampuan sing dibutuhake kanggo ndukung kemajuan teknologi iki. Ora mung babagan teknologi, nanging uga kemampuan ning pemasaran, bisnis, lan desain ben akeh wong tertarik kanggo tuku robot utawa nggunakake teknologi sing tambah maju iki. Kamangka kuwi, awak dhewe sing isih enom iki kudu duwe kemampuan tambahan kanggo ngademi jaman canggih iki ben ora kegeser karo para robot sing wis mulai ngganti akeh penggawean menungsa. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4668", "text": "Ana profesi sing unik lan hubungane karo ombenan kesenengane wong Indonesia, yaiku ahli teh utawa tea specialist. Ahli teh iki pancen angel ditemokake ning Indonesia amarga ora ana panggon sekolah lan wong Indonesia ora duwe pakem budaya ngombe teh kaya Inggris, Tiongkok, Jepang, lan negara sing duwe tata cara unggah-ungguh ngombe teh. Profesi iki peluange gedhe ning ya kudu njupuk jalur pendidikan ning luar negeri ndhisik. Profesi iki dibutuhake industri pabrik kayak Tong Tji, Sariwangi utawa produsen teh omahan. Amarga profesi iki kurang terkenal, pemerintah kudune bisa ngewenehi dukungan lan modal. Ayo mulai sinau teh lan industrine supaya Indonesia bisa dadi motor industri ombenan sing kondhang iki. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2337", "text": "Jangan lodeh utowo sing diarani sayur lodeh iku saiki wes seje ambek biyen. Nak saiki jangan lodeh iku mok diwei santen tok ambek isine sing iso wae teko tahu, tempe, utowo teko kenti. Jangan lodeh sing nginiki sing ora aku senengi. Tapi gawe wong-wong saiki jangan iku wes enak. Salah sijine koncoku sing teko sumatera pas tak jak mangan nang warung penggire kampus. Boca'e senenge pol, jarene jangane enak, padahal nak menurutku ono sing kurang yaiku campuran ale kemplang. Ale kemplang iki sing garai jangan lodeh enake pol timbang jangan lodeh sing ora ono ale kemplang'e. Mangkane saiki aku nag mangan nang warung terus ono jangan lodeh ora ono ale kemplange ora seneng blas.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "1219", "text": "Gaya kerjo campuran kui solusi paling cocok kanggo rong pihak, pegawe lan wong sing duwe usaha. Pegawe-pegawe podo pingine nyambut omah, senadyan wong sing duwe perusahaan kui pengene pegawene podo kerjo menyang kantor. Timbangane padu terus lan malah dadi ora produktif, solusi tengah iki kudune langsung disepakati. Dadi pegawe kui nyambut gawe seko omah pas garap gawean sing iso digarap dhewe lan ora butuh koordinasi seko pihak sing liyo. Pas butuh ketemu karo wong, misale rapat utowo ketemu calon pembeli kui, pegawe-pegawene kui lagi diundang balik neng kantor. Nganggo coro iki, kabeh pihak bakal luwih seneng lan podo-podo ngeroso untung.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "5049", "text": "Ning wayah corona, akeh pemimpin agama sing ngewenehi khotbah lewat sosial media utawa youtube. khotbah iki isine macem-macem, ana sing mbahas agama secara umum, mbahas carane ibadah wayah pandemi, uga cara ben awak dhewe tetep tenang wayah pandemi amarga psikis iki bisa ditenangake kanggo ayat-ayat suci kitab. Nanging, ana ceramah sing sifate malah ngerusak amarga sifate radikal. Kamangka kuwi, awak dhewe uga kudu luwih selektif milih khotbah sing arep ditonton. Yen bisa, milih khotbah sing sesuai karo aliran keluarga lan awak dhewe kudu bisa kritis lan ngecek, apa wis bener sing disinaoni. Ya ora salah awak dhewe mbandingake luwih saka siji sumber.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5401", "text": "Akeh sing ngomong yen bal-balan kuwi mung kanggo bocah lanang. Nanging ning sekolah bal-balan cedhak omahku sing khusus kanggo bocah wedhok. SSB iki arane SSB Kartini. Sing ngelatih mantan pemain tim kabupaten lan SSB iki duwe komitmen kanggo ngembangake bakat bal-balan wiwit cicil. Salah siji pesertane yaiku Kiki, tanggaku. Pas kancane melu sanggar tari, Kiki iki malah njaluk bal-balan amarga melu kakange. Nanging ibune maune ora setuju. Kiki iki bocahe niat lan betah. Wiwit kelas 1 kanthi kelas 6 Kiki melu ning SSB. Dekne uga dadi atlet prestasi lan bisa mlebu SMP favorit sing dipengeni. Saiki Kiki kuliah ning jurusan keolahragaan.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2357", "text": "Keripik kentang ancene enake pol, rasane gurih terus ono ciri khas kentang sing ora iso dilangi, mari ngunu ono pirang-pirang kandungan sing iso manfaat kanggo awak koyok contone bebas lemak, terus mengandung kalori, terus ono Tiamin, kalium, ambek vitamin B6. Sakliyane iku keripik kentang yo murah, terus rasane yo enak. Tapi bedo maneh ambek sing jenenge keripik lombok sing akhir-akhir iki di gawe ngeramekno kripik nag negeri iki. Rasane iku rodok aneh, pedese ora ono, mari ngunu kakean lengo kadang aku sampek watuk-watuk barang. Terus nag delok hargane yo lumayan saingan karo keripik kentang. Tapi nag dikongkon milih masio larang keripik kentang tetep milih keripik kentang. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "7324", "text": "Nabi Ismail AS iki anake Nabi Ibrahim AS ambek istrine Hajar. Nabi Ismail AS iki dikenal mergo ceritane sing terimo-terimo ae kate disembelih karo bapake dewe. Kisah iki isok diteladani sebagai bentuk baktine anak nang wong tuwo. Awak dewe sebagai umat Muslim wajib hukume gawe taat nang wong tuwo dan nurut opo jarene mereka, opo maneh nek perintahe iku sesuai karo ajaran agama. Mbasio iku diroso abot banget, tapi nek wong tuwo wes ngomong, gelem gak gelem kudu dituruti. Koyok Nabi Ismail AS sing nurut ae gawe disembelih bapake dewe. Bahkan de’e bertaruh nyowo demi matuhi perintahe Allah SWT sing dituruno nang Nabi Ibrahim AS.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "420", "text": "Crito neng Alquran sing paling tak iling kui seko surat Yusuf. Surat kui koyo jenenge, akeh nyeritake perjalanan urip nabi Yusuf. Crito nabi Yusuf kui diwiwite seko Yusuf nyeritake opo sing dheweke impike. Bapake, nabi Yaqub, ngomong ojo nyritake mimpi kui neng sopo-sopo mengko bakal ono wong sing bakal nyilakani dheweke. Yusuf kui dianggep karo kakang-kakang anak sing paling disayang karo bapake, termasuk karo adine sing paling bontot, Bunyamin. Kakang-kankange kui meri lan gawe rencana ben Yusuf kui cilaka. Kakang-kakang ngui ngejebloske Yusuf neng sumur pas lagi neng jobo omah. Lan ngomong karo Nabi Yaqub yen Yusuf dipangan karo serigala. Kakang-kakange kui ngewehi bukit sowekan klambine Yusuf sing ono getih palsune. Krungu ku, Nabi Yaqub dadi ngeroso sedih.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9681", "text": "Dina iki ana adicara tingkeban ing omahe Mbak Dhanti. Tingkeban iki salah siji adicara sing ana ing Suku Jawa kanggo mengeti umure wong meteng pitung wulan. Aku ndelok Mbak Dhanti lan bojone disiram karo banyu kembang. Banyu kembang iku disiramna karo para sesepuh kaya Bapak, Ibu, Simbah, Pakdhe, lan sesepuh liyane. Sawise siraman, adicara tingkeban diterusna karo mecah ndog sing dilebokna ana ing kain. Ora mung kuwi, ana adicara kanggo nyigar kelapa sing wis digambari karo tokoh Kamajaya lan Ratih. Adicara Tingkeban iki uga dibarengi karo pengajian kanggo dungakna jabang bayi lan Ibune supaya seger waras nganti watahe babaran mengko. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2897", "text": "Pas aku dolan nang kediri aku dijak koncoku mangan pangan khas daerah khono sing jenenge tahu taqwo. Lah awitane aku iku ora ngerti sing jenenge tahu takwo. Tibak'e sing jenenge tahu takwo iku tahu sing warnai kuning. Tapi masio iku warnai kuning tibake kandungan gizine iku akeh pol koyok kalsium, mangan, zat besi, protein, omega, ambek fosfor yo ono. Sak liyane iku tahu takwo yo duwe manfaat sing apike megilan yaiku kanggo penyakit jantung, ngedokno kolesterol, nyegah penyakit kangker, ambek ngedokno kadar gulo sing ono nang awak utowo keteh. Tahi sing garai aneh iku warna kuning iku maeng. Jarene kancoku maeng warna kuning iku teko kunir sing dicampur ambek tahune pas gawe.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7789", "text": "Awak dewe tau gak sih, wes pegel terus stres mergo akeh banget tekanan ambek beban sing onok nang njero utekke awak dewe. Nek guyonane arek jaman saiki, rasane pingin kayang ae cek ilang stres e. Guyonan iku wes lumayan terkenal sisan nang media sosial. Dadakno, kayang iku nek dilakoni dengan posisi sing tepak iku temenan isok gawe ngatasi stres lho rek. Hal iku mergone darah iku isok ngalir langsung nang utek dan marakno peredaran darah luwe lancar sisan. Nek wes ngono, rasane sira iku isok luwe enteng ngono. Nek awakmu stres terus pingin kayang, ndang kayango temenan cek sekalian ilang stres e.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "6368", "text": "Indonesia iki akeh banget wisata alam sing apik lan bisa ngilangake stres. Akeh paket perjalanan sing bisa dijupuk lan uga bisa ndadekake awak luwih santai lan siap ngadepi tantangan lan penggawean sing luwih abot. Kamangka para pemimpin perusahaan wajib ngewenehi cuti marang anggotane ben bisa dadi dina sing ideal kanggo preinan. Apa sing dibayangke karo para pegawai kuwi uga mesti diwujudake kaya ora nggoleki pas lagi cuti lan uga ora dibebani karo tanggung jawab. Stres iki bisa ngurangi produktivitas kerja. Kamangka para bos kudune luwih prihatin lan paham marang kondisi pegawai lan ora ruwet yen ngewenehi jadwal kanggo preinan utawa cuti. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "8991", "text": "Mamat iku bingung banget. Moro-moro tonggone iku ngongkon de’e gawe teko nang omahe dan jare onok sesuatu sing darurat. Mergo krungu suara tonggone sing panik pol, akhire Mamat langsung mrono. Pas tutuk kono, tonggone nakoni Mamat, opo bener Mamat iku kuliah nang jurusan Teknik. Mamat iya iyo ae. Terus tonggone iku langsung ngetokno radio sing luawas pol terus njaluk dicikno. Mamat jelas panik lah. Sing biasane ngecikno koyok ngenean iku arek Teknik Elektonik. Lah de’e iku arek Teknik Nuklir, yo gak bakalan isok. Akhire Mamat ngaku nek de’e iku kuliah e nang Teknik Nuklir dan gak isok ngecikno radio iku mau. Tonggone iku langsung lemes dan akhire ngongkon Mamat gawe mbalik ae.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "110", "text": "Pas SMA aku karo koncoku, Fariz, melu penelitian ilmiah remaja. Penelitian awak dhewe ngebahas soal peninggalan kerjaan Mataram Islam. Dadi awak dhewe, kerep mlaku-mlaku neng Kotagede, sing biyen dadi ibu kota Kerajaan Mataram. Kebutulan, SMA awak dhewe kui uga ono neng Kotagede dadi pas awak dhewe kudu observasi kanggo penelitian kui gampang. Fariz kui uga wis suwe tinggal neng Kotagede dadi dee kenal kabeh sudut kota tuwo kui. Aku karo Fariz neliti bekas-bekas beteng sing biyeng tau ngadek neng Kotagede. Awak dhewe blusuk-blusuk golek bekas benteng-benteng kui. Ono watu-watu sing koyo watu beteng dienggo warga gawe pager. Akhire awak dhewe gur iso nemu, titik-titik beteng sing wis direvitalisasi karo pemerintah daerah.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "5153", "text": "Batik Belanda kuwi salah siji oleh-oleh batik saka pesisir Pekalongan. Batik iki bisa diproduksi ning Pekalongan amarga ana pengusaha batik keturunan Landa sing ngembangake batik iki taun 1840 kanthi 1940-an. Usahane iki tutup amarga ana serangan saka Jepang lan amarga kuwi batik mulai oleh pengaruh saka Jepang. Batik Belanda iki nyeritakake pola-pola sing ana hubungane karo hiasan Eropa kaya kembang, cerita gereja, dongeng kaya Putri Salju, Hansel lan Gretel, Cinderella, lan sapanunggale. Sing mulai nggawe batik iki yaiku Carolina Josephina Franqemont, pengusaha batik keturunan Indonesia lan Landa. Perusahaan batik iki uga sing pertama nemu pewarna batik sing bahan dasare saka tanduran lan sayuran kanggo ngurangi polusi sing akeh ngerusak banyu ning Pekalongan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6989", "text": "Kurma iku ancen uakeh banget jenis jenise. Tapi tau eroh gak kurma sing bermanfaat gawe obat iku sing endi? Jenenge kurma ajwa. Kurma ajwa iki yo dikenal sebagai “raja dari segala kurma”. Onok hadist sing ngomong nek Rasulullah iku mesti mangan kurma ajwa gawe pengobatan pertama. Dadi nek misale awakmu meyakini kurma ajwa iki gawe pengobatan pertama pas awakmu lara, insyaa Allah awakmu entok pahala sunnah rek. Terus onok salah siji manfaat kurma ajwa sing paling terkenal hampir sak dunyo, yaiku ngestabilno tekanan darah. Hal iku mergo kurma ajwa mengandung serat ambek mineral koyok zat besi karo potasium. Dadi ngenteni opo maneh, ayo nyoba pengobatan sunnah nganggo kurma ajwa.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2875", "text": "Nag awakmu tau delok kesenian utowo tontonan tradisional contone koyok ludruk, gong, utowo wayang. Mesti awakmu ngerti sing jenenge remo. Lah tarian iki asline teko jawa timur sing ono nang daerah Jombang. Tarian remo iku modele koyok ono campuran jatilan, ambek joget sing koyok ono nang reog ponorogo. Nag situs gramedia iku jelasno nag remo iku ono campuran teko tarian reog ambek jatilan saitik. Lah sing garai remo rame oro mog angger jogetane tok, tapi yo carane pakean sing meh mirip koyok reog ambek jatilan. Mangkane kadang ono sing ngarani reog yo ono sing ngarani jatilan. Terus ono maneh sing garai tambah rame yoiku tabohane sing gawe ngiringi remo iku maeng.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "450", "text": "Isra Mirajj niku salah siji dinten sing dirayake kagem umat Islam. Perayaan kui dirayake sak ben tanggal 27 Rajan utowo sasi ke-7 ning kalender Islam. Ing dinten punika, kita sebagai umat muslim ngiling iling dino pertama kaline midun perintah kanggo salat limang wektu. Perentah salat kui awale 50 wektu sak dino, nanging mergo diroso umat Islam bakal akeh sing kangelan jumlahe kui dikurange tekan sing koyo umat muslim lakoni saiki. Peristawa bersejarah kui uga sebagai hadiah kangge Kanjeng Nabi sing lagi sedih neng taun kui. Wektu kui, pakdhene, Abu Thalib, lan garwane, Siti Khadijah, kui sedo. Allah kui ngewehi hadiah Isra, perjalanan seko Masjidil Haram nang Masjidil Aqsa, lan Miraj, perjalanan seko bumi neng langit ke-7.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9661", "text": "Maca Alquran ning wulan Ramadhan iku pahalane akeh banget. Iki uga dadi amalan sing paling gampang dilakoni ning wulan Ramadhan. Putri ning wulan Ramadhan taun iki nduweni target kanggo bisa khatam utawa rampung maca Alquran 30 juz. Saben dina dheweke maca Alquran saben sholat. Saliyane iku, Putri uga maca Alquran sawise terawih ing Masjid bareng karo kanca-kancane. Ing minggu pertama, Putri wis bisa tekan juz 10. Iki wis apik banget amarga yen sak minggu bisa 10 juz, wis pasti sewulan bisa rampung 30 juz. Putri uga ngajak adhi lan mase kanggo melu maca Alquran bareng supaya bisa rampung bareng khatam maca Alquran ning wulan Ramadhan taun iki.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9702", "text": "Sadurunge Pasa ing wulan Ramadhan, wong Jawa mesti ngelakoni tradhisi padusan. Tradhisi iki dilakokoni kanggo ngeresiki awak supaya cepak anggone nyambut wulan pasa Ramadhan. Ing Jogja biasane padusan ana ing sumber mata air. Yen wis wayahe sore, bakal rame banget wong sing mara ing sumber mata air iki. Sumber mata air sing digoleki biasae sing amba, resik, lan ora ambu. Ora kenal wong gedhe, cilik, kabeh padha njegur ing kene. Banyune sing adhem lan resik banget nambahi semangat kanggo adhus. Anggone adhus iku uga ora mung adhus, nanging dibarengi karo donga ning Gusti supaya sesok pas Pasa bisa ngelakoni kanti tenanan lan ora ana alangan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5571", "text": "Adhiku wiwit wingi njaluk ditukokake robot-robotan sak uwise nonton film robot sing ana ning TV. Film kuwi marai adhiku rewel amarga robot sing ana ning kono kuat lan bisa ngelawan akeh monster. Robot kuwi wernane abang lan dadi lakon utama ning serial Jepang kuwi. Senajan robot kuwi saka Jepang, tiruane wis ana ning Indonesia lan wis didol ning toko dolanan. Barang wis telung dina, adhiku wis lali karo robot kuwi lan milih dolanan liyane. Wis patang sasi kepungkur, adhiku wis ora tau mbahas robot kuwi kanthi simbahku teka ning omah lan numbasake dolanan, yaiku robot sing dadi kepengenane adhiku kuwi. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "5066", "text": "Saban sasi pasa, ana acara maca al-quran bareng ning mushola. Acara iki yaiku tadarus. Tadarus iki disunnahke amarga bisa oleh ganjaran sing akeh. Sak durunge maca al-quran wayah tadarus, ana tata cara sing bisa dilakoni. Kaping pisan yaiku wudhu, amarga sunnah sak durunge maca al-quran kuwi kudu suci. Kaping loro, wong kang maca kitab suci iki bisa mulai saka maca surat al-fatihah kanggo mbuka. Kaping telu, maca nganggo aturan sing bener, mulai saka tajwid, gharib, uga aturan liyane. Kaping papat, yen ana kancane maca, uga kudu disemak ben bisa ngerti kesalahan lan cepet didandani. Kaping lima, yen ana ayat sing bisa dibahas kanggo renungan uga bisa diomongake. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5517", "text": "Jaman saiki, kabeh HP wis nggawe layar sentuh lan wis jarang nganggo papan ketik. Kamangka, layar sentuh iki uga gampang rusak amargaKanggo ngopeni layar HP ben ora cepet rusak, ana cara sing bisa dilakoni. Kaping pisan yaiku ora nganggo barang sing landhep kaya jarum, pulpen, lan liyan-liyane yen arep dolanan HP. Kaping pindho yaiku kudu sregep ngeresiki layar saka lenga, lebu, lan kotoran liyane. Ben ora ngerusak mesin, kaping telune aja dideleh ning iso srengenge panas lan gelombang magnet. Lan sing pang penting yaiku ora ndeleh HP sembarangan. Kanggo antigores, HP uga bisa dipasangi lapisan utawa stiker sing ngindarake saka goresan. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "70", "text": "Isuk kui sak omah podo kawanen. Ibu sing biasane nangeke awak dhewe uga melu ora tangi mergo wengine kui bar rewangan neng gone Mbah Djum. Aku sing tangine paling awal. Kui wae wis jam enem lewat seperapat. Panik, aku langsung nangeke ibu lan adiku. Kabeh saiki melu panik. Aku karo adiku rebutan adus. Ibuku grasak-grusuk neng pawon gawe sarapan. Niate ben gampang, ibuku arep gawe sego goreng wae. Ibuku wis ngonceki bawang, banjur dirajang. Wortel lan bakso wis dipotong-potong. Endog yo wis dicepake. Nyalake ngompor terus nuang minyak. Pas minyake wis panas, rajangan bawang dileboke. Pas meh diudak, ibuku ora nemu sotile neng endi. Golek neng pawon kui ora ono. Mergo ra ketemu-ketemu, akhir awak dhewe sarapan sego kuning ngarep komplek.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "151", "text": "Pas cilik, aku seneng banget nonton seri dokumenter soal khewan. Aku penasaran karo tabiat khewan opo wae. Pas kelas 1 SD, aku iling banget aku kerep nonton acara koyo ngono neng LaTV sing saiki dadi Global TV. Aku paling seneng acara sing dipandu karo Steve. Dee kui wong Australia sing ngenalke khewan-khewan neng bocah-bocah cilik seko acarane. Mergo dee kencintaanku neng khewan makin nambah. Pas kelas 3 SD, ono studi wisata sing diselanggarake sekolahku neng museum zoologi neng Bogor. Kui museum sing nampilke diorama khewan-khewan lengkap karo habitat asline. Ora mung kui, neng kono ono rangakain tulang-tulang khewan. Rangkaian balung khewan sing paling gede neng kono kui balung iwak paus. Neng museum kui aku dadi iso sinau luwih akeh soalh khewan lan habitate.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "8995", "text": "Sejak awal tahun iki, kebijakan penghapusan tv analog dadi tv digital iku diberlakukno nang Indonesia. Dadi mulai saiki, kabeh TV wes podo nganggo set TV box kabeh. Nek oleh jujur, aku sakjane rodok keberatan ambek keputusan sing siji iki. Alesane opo? Masang set TV box iku biayane luwe larang timbang nek nganggo antena TV analog. Soale nang TV digital iku istilahe kudu bayar langganan ben wulane. Nek diitung itung maneh, jatuhe iku maleh luwe larang dan luwe boros timbang nek nganggo antena biasa. Iki aku ngomong dengan statusku sing tergolong mampu, ndaniyo wong-wong nang deso sing luwe gak mampu maneh. Opo gak tambah kangelen. Hiburan e mereka iku mek teko TV, iku sek digawe repot maneh.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "198", "text": "Tari punika jenis kesenian sing paling cocok karo aku. Yen guruku ngajari aku disik, tari kui ono 3 unsur, yaiku wiraga, wirama, lam wiroso. Maksude, tari kui kesinian sing ngatur pergerakaan awak, sing ngolah iringan musik ben selaras karo gerakane, lan ngolah roso ben iso menjawai tariane. Sak liyone, iso dadi luwih cerak karo budaya tradisional, nari ugo dadi paket komplit olahraga. Latian tari mesthi uga latian fisik. Empati awak dhewe yo dilatih seko kegiatan kesinian kui. Penari kudu gateke banget iringan musik supowo iso luwih menjiwai tariane. Lan roso awak dhewe uga dilatih pas nari. Sal ben tarian lan bagiane kui duwe karakter sing spefisik, ono sing kasar ono sing alus. Awak dhewe kudu nyesuaike pergerakan kui sesuai karaktere.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9034", "text": "Aku iku nduwe ponakan sing kepingin pol nduwe kewan angonan. Berhubung de’e iku nduwe alergi bulu, ambek wong tuwone gak diolehi angon kewan. Wedine engkok alergine tambah nemen. Akhire aku nyarano gawe nukokno robot peliharaan ae. Tambah berkembange jaman, teknologi iku tambah maju sisan. Salah sijine iku tambah akeh perusahaan teknologi sing nyiptakno robot peliharaan. Sak liyane gak wedi soale gak onok bulune, robot peliharaan iki sisan luwe resik soale gak atek nelek koyok kewan biasane. Wes ngono, isok dinyala matikno kapan ae sak karepe awak dewe pingin dolen ambek robot pelihataan iku mau. Ditambah mereka iki isok ngerespon ucapane awak dewe mbasio gak akeh kata sing isok dituturno ambek robot iku mau, tapi tetep rasane koyok angon kewan temenan.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "8630", "text": "Tahun iki, aku dijak dulurku gawe nginep nang omahe sing onok nang daerah pegunungan. Sakjane awale aku males pol, soale aku gak biasa turu nang daerah pegunungan. Tapi dulurku melas-melas sing marakno aku gak tego. Pas nang kono, dadakno gak seburuk sing tak bayangno. Terus isuk iki, aku dijak dulurku nggolek sayur. Nggolek, guduk tuku. Aku takon, opo’o gak tuku ae. Jare sayur sing digolek iku gak onok sing ngedol. Akhire aku nurut ae gawe nggolek sayur iku mau. Dadakno nggolek e iku nang cedek jurang. Mergo wedi, aku mek ngenteni nang pinggiran, njarno dulurno mbrosot luwe cedek karo jurang e. Aku ndelok iku mek isok heran.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6984", "text": "Awakmu bakal dikondo bucin sayur nek awakmu mulai seneng mangan godhong kates. Gak akeh uwong sing seneng ambek sayur sing siji iki mergo rasane sing pait. Padahal godhong kates iki akeh banget manfaate gawe kesehatan, salah sijine gawe masalah pencernaan. Sayur siji iki mengandung akeh serat ambek nutrisi sing bermanfaat banget gawe saluran pencernaan. Godhong kates iki yo nduwe senyawa unik sing jenenge papain. Papain iku enzim sing isok memecah protein gede dadi protein dan asam amino cilik, marai luwe gampang gawe dicerna. Senyawa sing onok nang godhong kates iki yo akeh dipercoyo gawe ngurangi masalah pencernaan, koyok sembelit ambek mules mergo sindrom iritasi usus.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4781", "text": "Ning kuthaku durung ana bioskop, amarga kuwi yen arep nonton film, aku kudu lunga ning Tegal lan kudu film sing bener-bener apik lan pengen tak tonton ben ora rugi tenaga. Salah sawijine film sing tau tak tak tonton yaiku Aladin. Aku ngerasakake ora percuma nonton adoh-adoh saka Pemalang amarga film iki garapane apik. Apa maneh sing ditawarke film 3D. Rasane kaya temenan mlebu ning duniane Aladin. Film iki bisa tak wenehi biji 100 amarga musik, gambar, lan alure pas lan nyenengake. Ora mung kanggo bocah cilik, nanging wong gedhe ya dadi bungah ndelok film iki. Film Aladin iki bisa kalebu salah siji film sing bisa tak tonton bola-bali amarga ora mboseni. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7899", "text": "Sinyal internet iku tambah suwe yo ngalami perkembangan sisan seiring berkembange teknologi. Sing paling anyar iki onok sing jenenge sinyal 5G. Sinyal 5G iku teknologi jaringan internet generasi ke-5 sing nduwe kecepatan sing luwe apik timbang generasi sak durunge. Tekonologi iki diklaim nduwe layanan internet sing luwe unggul timbang generasi sak durunge nang segi koneksi, latensi, kapasitas jaringan, ambek liyan-liyane maneh. Sinyal iki sisan dianggep dadi terobosan sing bakal akeh ngaruhe gawe perkembangan telekomunikasi digital. Maksute iku sembarang bidang teknologi bakal nganggo jaringan iki gawe dalanno sistem e mereka. Wes ngono, akses internet sing banter iku isok marakno kerjaan mari luwe cepet sisan. Dadi nek nang daerahmu wes onok jaringan 5G, langsung ganti ae rek.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7059", "text": "Setelah suwe aku gak isok balik kampung, akhire akhir tahun iki aku nyempetno moleh nang Gresik dan ketemu mama ambek bapakku. Saking senenge mergo akhire aku isok moleh, bapakku langsung ngerencanakno liburan sak keluarga. Awal rencanane kate nang Malang, cuma adekku ngekeki saran gawe nang Atlantis Land sing onok nang daerah Kenjeran, Suroboyo. Karena penasaran, akhire dicoba deh mrono. Ternyata panggone apik dan gede banget. Wes ngono, wahana modern sing onok nang kono akeh banget maceme, gak kalah ambek wahana sing onok nang panggon wisata sing liyane, bahkan luwe apik dan tertata. Wes ngono, akeh banget bakul jajanan sing onok nang kono. Aku seneng banget soale setelah sekian lama akhire aku isok liburan bareng keluarga dan gak perlu nang panggon sing adoh, wes ngono panggone apik banget. Dadi gawe awakmu sing penasaran yaopo apike Atlantis Land, langsung ae budhal mrono rek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "10122", "text": "Bangsa Mediterania lan bangsa barat kados Amerika lan Inggris gadhah jinis sayur ingkang unik lan langka. Sayur menika kalebet tanduran rumput duri ingkang asmanipun artichoke. Sayuran menika reginipun awis amargi langka dipunpanggihi. Artichoke bentukipun kados kuncup kembang. Artichoke menika tunasipun tanduran thistle ingkang saged didahar bagian intinipun. Werninipun ijem. Lumrahipun sayur artichoke bakal dikukus utawi dipanggang. Cara sanesipun kangge ngolah artichoke inggih menika didamel dados campuran salad. Ngolah artichoke boten saged sembarangan. Dahar artichoke ugi boten pareng asring sanget amargi saged damel pencernaan dados sakit. Kita saged keging diare, weteng kembung lan alergi. Menawi didahar kanthi jumlah ingkang wajar, artichoke saged ngicalaken mabuk alkohol, njagi kesehatan ati lan kadar gula darah", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4627", "text": "Kepiye wae pancen panganan omahan kuwi sing paling sehat lan paling enak. Salah sijine panganan omahan sing bisa dipraktekake langsung lan gampang digawe ya ndhog goreng ceplok. Nanging, yen pingin saya sedep, isa ditambahi kecap lan kecap asin uga bumbu lan rempah liyane ben isa dadi kaya semur. Carane ndhog digoreng ing geni cilik, yen wis setengah mateng, bisa dicampur karo kecap, kecap asin, irisan lombok, merica, brambang, uga bawang putih sing wis dicampur banyu. Banjur dienteni sampe ndhoge mateng lan kuwahe susut. Rasane asin, legi lan sedep amarga rasa ndhog asli sing wes gurih lan khas ditambah campuran bumbu kecap. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "3136", "text": "Raket iku tibak'e bahane seje yo antara raket merek A ambek merek B. Terus polahe bahan sing digawe gawe raket iku maeng yo iso mengaruhi kualitase raket maeng. Nah bahan sing gemaksud nang kene yaiku ono sing karbon ambek grafit. Bahan karbon iku teko bahan sing kebentuk teko zat arang. Terus sing bahan grafit iku maeng yaiku bahane sing kebentuk teko alotrop karbon. Mangkane nag bedakno iku ewo, soale asline iku bahane meh podo. Tapi kabeh iku kenek dibedakno masio rodok angel. Cara teko bedakno yo iku sing kawitan teko regone. Nag sing teko grafit mesti luweh larang timbang sing bahan teko karbon maeng. grafit iku luweh larang soale iku termasuk hasil olahan sing luweh apik teko karbon.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "456", "text": "Bakdo Idul Fitri kui penting kanggo umat muslim. Perayaan agama iki siji seko loro sing paling besar kanggo umat muslim. Idul Fitri maknane kui awak dhewe balik meneh dadi menungso sing suci sak wise diresiki kanggo poso. Idul Fitri kui momen keluargo podo ngumpul. Mergo kui awak dhewe kudu gawe persiapan khusus. Awak dhewe iso ngeresiki omah. Dadi pas salat Id, ora mung atine awak dhewe sing resik, nanging uga omahe, ngukuti anjuran resik kui separo seko iman. Awak dhewe uga iso ngewiwiti nyempen bahan panganan sak durunge panganan. Gunane ben awak dhewe ora ribet golek-golek pangan pas bakdo lan dino sak wise. Biasane nyeraki dino bakdo lan sak wise, panganan kui regone munggah lan ora akeh bakul sing bukak.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5837", "text": "Sak durunge mbangun bisnis, sing paling penting yaiku perlune paham babagan kekuatan, kelemahan, tantangan, lan anceman bisnis ben ora rugi. Usaha iki diarani usaha sing preventif utawa jaga-jaga ben ora kaget wayahe ana masalah lan bisa cepet ditangani. Pentinge analisis iki yaiku ben luwih kenal karo bisnis lan bisa cepet nyusun strategi pas ana kesalahan sing dilakoni. Bisnis sing dilakoni iki uga akeh banget sing kudu dicatet, apa maneh bagian kelemahan lan anceman, misal saka bisnis sing padha, modal sing kurang, lan uga akeh kemungkinan liyane. Banjur pas usaha wis mlaku, babagan iki ora nyebabake bisnis kacau lan tetep ngadek senajan akeh tantangane. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "1201", "text": "Pas neng kampus, kegiatan utamaku kui mung siji, yaiku latian nari. Aku melu sanggar tari Aceh sing ono neng jero fakultasku kuliah. Mergo ora melu opo-opo meneh neng kampus lan jobo kampus, dadi keahlian sing aku iso yo mung nari Aceh kui. Aku rodo meri lan isin karo konco-koncoku sing liyane, soale dhewke iso entuk duwit seko opo sing dheweke lakoni neng kampus. Senadyan neng sanggar, aku ora tau dibayar blas. Untunge, pas semester 7, aku dijak koncoku ngajar nari neng SMP swasta neng Yogyakarta. Aku seneng banget kerungu kui. Akhire, ono sing ngebutuhke opo sing tak iso. Pas wis nampa gaji seko kui, rasa seneng banget sendyan jumlahe ora akeh.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "9634", "text": "Urip bebarengan karo wong liya iku pancen ora gampang. Ana babagan-babagan sing dadi watesan supaya tingkah laku saben dina ora keblasuk. Salah siji contohe ana ing lingkungan sekolah. Ing lingkungan sekolah iku isine campur bocah-bocah saka macem-macem agama, suku, ras, dhaerah, lan liyane. Kudu mesti ngelakoni tindakan sing apik karo kancane kayata ora oleh ngilokna, ora oleh njupuk barange kanca, ora oleh mbujuki kanca, ora oleh medit ning kanca lan liyane. Kabeh babagan sing kudu dilakoni iki dadi standar tindakan ing agama endi wae. Kabeh agama mesti ngajari ngelakoni tindakan sing apik marang manungsa liyane supaya urip bebarengan iki saya damai lan tentrem. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "10027", "text": "Sepatu rudo iki kelebu olahraga sing iwu. ora kabeh wong iso dulinan sepatu rudo iki biasane wong wong tibo yen nyacak olahraga iki. Iki ini tata carane olahraga sepatu rudo. nomer siji cepakno piranti gawe nyelametno awak koyo tutupan sirah, selontongan tangan lan selontonge sikil. Kaping loro gaweo sepatu rudo e . Nomer telu ngadek o lirik-lirik , yen sik kaet jajal ngadek o gocolan cagak. Kaping papat ombono sikilmu sak jembare pundak. Kaping limo kudu ngerti lan belajar tata cara ne leaning,pivotinglan crouching. kaping enem belajar o munggah mudun aspal sing dalan e munggah mendisor ora sing roto. Kaping pitu lakok no sikilmu lirih lirih ojok langsung melayu iku iso nggarai tibo. Kaping wolu sikilmu maju o lirih-lirih. nomer songo aturen awakmu sing kenceng ben ora tibo. Kaping sepuluh aturen banter lirih e oleh mu dulinan. yen tata carane bener ora bakalan tibo ning dalanan. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "8110", "text": "Semenjak aku kerjo nang Jakarta, uripku iku rasane mek ngono ngono ae. Ket jam 3 isuk aku siap-siap masak gawe mangan ping telu. Mbari ngono pas krungu adzan shubuh, aku langsung sholat. Nek masake wes mari, aku langsung adhus. Tapi nek durung, tak lanjut masak buru adhus. Terus aku siap siap berangkat dan nggowo bekal loro. Siji gawe sarapan, siji gawe mangan awan. Aku milih gawe sarapan nang Kantor ben gak telat. Biasane aku berangkat ket Kos jam setengah 6 dan berangkate numpak KRL. Biasane aku tutuk kantor iku sekitar jam 7. Aku sarapan terus langsung garap kerjaan. Nek kerjaan wes mari, aku bakalan siap-siap moleh dan gak nerimo lembur. Mending digarap sesok timbang kudu lembur. Pas wes jam 5 alias wayahe moleh kantor, aku langsung gas moleh dan bakal tutuk Kos jam 7 bengi. Mbari ngono aku mangan bengi dan siap-siap kate turu. Iku ngono muter ngono terus dan gak onok variasine.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "866", "text": "Mungkin awak dhewe tau tertarik kanggo selancar. Mungkin, awak dhewe dadi kepengan bar delok video neng media sosial opo delek film. Yen, awak dhewe duwe niat kanggo selancar sing tenanan, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu iso renang. Iki syarat sing ora iso ditawar, mergone yen awak dhewe ora iso renang awak dhewe bakal kelelep yen awak dhewe ora neng duwur papan selancar. Sing keloro, awak dhewe kudu golek pantai sing iso nganggo ngelakoke olahraga ekstrem kui. Kanggo pemula, awak dhewe apike golek sing ombake cilik lan gulung-gulung. Sing ketelu, awak dhewe golek wong sing arep ngajari.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7431", "text": "Dino iki, aku bakal ngajar nang SD gawe menuhi jam program kerja KKN ku. Aku wes nyiapno materi opo ae sing bakal tak sampaino nang arek-arek SD engkok. Pas melbu kelas, aku nerangno tentang cerita rakyat sing onok nang Indonesia. Dino iki aku nyeritakno dongenge Malin Kundang. Dongeng iki berkisah tentang Malin sing durhaka ambek ibukne, dan akhire ibuke murka dan Malin dikutuk dadi watu. Aku njelasno sisan hikmah sing isok dipetik teko dongeng iku mau, yaiku gak oleh durhaka ambek wong tuwo, terutama ibu, nek gak gelem celaka. Aku berpesan sisan gawe arek-arek SD mau, pas moleh sekolah engkok, ojok lali njaluk sepuro nang ibukmu utowo bapakmu.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5562", "text": "Ning daerah sing duwe 4 musim, pemanas udara lan pemanas banyu kuwi wajib dinduweni saban omah ben penghuni sing ana ning omah kuwi ora hipotermia. Nanging piranti iki ngentekake akeh listrik, apa maneh pemanas banyu. Pemanas banyu iki miturut media Kompas, ngentekake akeh daya, yaiku 14 kanthi 15 persen saka daya total. Pemanas banyu iki rata-rata digawe 3 jam lan bisa ngetokake energi sing gedhe yaiku 4500 watt lan nambah 13,5 kWh per sasi. Kamangka, saiki akeh omah sing nggawe pemanas banyu sing nganggo energi panel surya ben luwih irit. Amarga boros, piranti iki mung digawe ning hotel lan uga omah sing gedhe banget. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "7889", "text": "Awak dewe kabeh pasti wes kenal karo mesin sing jenenge dispenser. Dispenser iku alat sing digawe njupuk ngombe teko galon ben luwe gampang. Cuma kadang awak dewe iku males nganggo dispenser mergo kudu ngangkat galon nang nduwure dispenser. Tapi jaman saiki, dispenser onok sing posisi galone iku nang ngisor, dadi gak usah repot gawe ngangkat galon maneh. Wes ngono, dispenser sing galone nang ngisor iku wes dilengkapi karo filter banyu adem karo banyu panas. Dadi nek awakmu kate nyeduh teh, utowo pingin ngombe sing adem-adem, nganggo sak alat iku tok deh wes mari. Dadi gak onok alesan gawe ngangkat galon maneh, soale saiki onok dispenser sing galone nang ngisor.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4778", "text": "Kegiyatan wektu kosong sing bisa dilakoni salah sijine dolanan game sing ana ning komputer utawa HP. Manfaate macem-macem, salah sijine ngilangi stres lan nuwuhake rasa kompetitif lan semangat kerja. Game sing bisa kanggo dolanan ya miturut kebutuhan pribadi lan ora ngerusak rutinitas sing wis dirancang kaya ora ngganggu jam turu, jam sinau, jam kerja, lan ora ngrusak sosialisasi karo wong sekitar. Game iki bisa ngerangsang otak ben bisa mikir cepet lan luwih tanggap karo masalah. Nanging game iki perlu diperhatekake babagan keamanan kanggo mripat amarga yen kesuwen bisa marai gangguan. Mulane kuwi, saiki kanca-kanca kudu nggatekake jam dolanan game lan kudu bisa ngatur waktu ben saya produktif ning gawean. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7834", "text": "Nang ben omah, iku gak mungkin gak onok TV ne. Roto-roto uwong iku nontok TV gawe hiburane. Jaman saiki, akeh uwong iiku wes podo berpaling teko TV tabung nang TV LED, termasuk awakku sisan. TV LED iku nduwe keunggulan sing luwe akeh timbangane nek nganggo TV tabung. Siji, desain e luwe tipis terus enteng, dadi isok dipindahno nang ndi ae dan kapan ae. Loro, akeh fitur tambahane. Contohe, onok USB sing isok ditancepi flashdisk dan engkok isok nonton film teko kono. Telu, perawatane gampang. Terakhir, luwe awet. Selain mergo perawatane sing gampang, TV iki luwe tahan lama bahkan isok dinggo sampe 75 ewu jam.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2404", "text": "Nag daerah karanganyar ancene pemandangane uapike pol. Soale perbatasan langsung ambek magetan sing parek karo gunung Lawu. Daerah sing duwe bukit-bukit iku maeng nguwehi pemandangan sing ora karuan apike, terus nag kono yo akeh panggonan wisata liyane sak liyane bukit-bukit maeng koyok contone air terjun. Jarene situs wisatalengkap.com nag karanganyar duwe panggonan wisata uwakeh koyok air terjun grojokan sewu, candi cetho, air terjun jumok, bukit sekipan, ambek sak piturute. Nag daerah kono ancenen akeh panggonan wisata mangkane nag dino-dino sing preinane dowo mesti rame wong teko adoh dolan rono. Nag pas dino preian dowo ngunu kadang macet barang soale akehe wong sing rekreasi. Tapi nag pengen iso nikmati pemandangan yo enak nag ora pas rame-rame ngunu, dadi iso delok pemandangan sak kateke.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7424", "text": "Yamko Rambe Yamko iki lagu daerah sing terkenal banget sing asale teko Papua. Cuma beberapa waktu iki onok sing ngomong lagu daerah siji iki dadakno guduk teko Papua. Salah siji tokoh sekaligus seniman Papua ngomong nek Yamko Rambe Yamko iki guduk lagu Papua mergo lirik lagu iku guduk teko boso Papua. Ketua Dewan Kesenian Tanah Papua pisan mastikno nek gak onok siji pun suku nang Papua sing ngakoni lagu iku nganggo bosone mereka. Onok sing ngomong pisan nek lagu iki onok kemungkinan teko modifikasi lagu boso Afrika. Roto-roto wong Papua sisan gak tau krungu lagu Yamko Rambe Yamko ket cilik nang keseharian. Alasan iku sing memperkuat nek Yamko Rambe Yamko iki gak nganggo boso Papua.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "4069", "text": "Wong streess saiki wes akeh sing ngalami mergane kakean beban urip sing ono nang pikirane. Jarene wong sing pengalaman suwe ngadepi urip iku nyaranno ben ora stres wong iku kudu duwe waktu kanggo awake dewe ben ora sampek kepikiran penggawean sing marakno pikiran iku maeng sumpek ambek kepikiran sing ora-ora nang uripe. Yo cara iku asline mandi temen, mergane sing jenenge wong iku mesti butoh waktu kanggo awake dewe ben awake iku iso ngasoh, terus pikirane barang yo iso leren. Nag wes iso leren biasane pikirane iku seger mergane awake yo seger. Mangkane ben ora strees, yo wehono waktu ngasoh kanggo awakmu dewe maeng ben iso ngasoh.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "10128", "text": "Indonesia gadhah khatah daharan ingkang lumrah didahar wonten griya. Salah satunggaling daharan ingkang asring dados pendamping sekul wonten griya inggih menika jangan asem. Jangan asem gadhah werni kuah ingkang buthek. Kulit mlinjo lan godhong so dados salah satunggaling bahan kangge damel jangan asem. Kulit mlinjo ugi saged didamel jangan brongkos khas Jogja. Godhong so lan kulit mlinjo gadhah khasiat ingkang kathah. Kerusakanipun sel wonten lebetipun badan saged dicegah kaliyan kulit mlinjo. Resiko stroke ugi bakal suda menawi kathah dahar kulit mlinjo. Godhong so ugi boten kalah. Penyakit kolesterol kaliyan diare dados ical menawi dahar godhong so. Bagian mlinjo ingkang ugi kathah diolah inggih punika wohipun. Woh mlinjo saged diolah dados emping. Nanging, emping mlinjo boten sae bilih didahar asring sanget amargi saged damel asam urat.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5048", "text": "Saban wulan ramadhan, kegiyatan ning Masjid Kampus UGM iki akeh, salah sijine yaiku safari dakwah kaya ngerungokake ceramah saka macem-macem bidang ilmu lan ilmu iku dikaitake karo al-quran. Ceramah iki bisa nggawa pemikiran sing anyar kanggo para mahasiswa, kaya pentinge ilmu teknologi sing dijelasake ning jero al-quran. Khotbah keilmuan iki dituturake karo para dosen ahli ning bidange. Ceramah iki uga ana jadwale lan mahasiswa bisa milih miturut jurusan sing disinaoni. Ning acara kuwi uga ana forum diskusi lan disediakake rekaman online uga buku cilik rangkuman khotbah, dadi ora bingung. Kamangka, yen kanca-kanca lagi ning UGM pas ramadhan, bisa langsung melu safari dakwah iki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "3511", "text": "Tahun 2018 koncoku iku metu teko kantore sing ancene deke iku maeng wes ora dianggep penting maenh karo kantore, padal jasane deke iku maeng gedene megilan masio iku statuse mok karyawan kantor biasa, tapi deke iku gelek menangno proposal kantor kanggo ngelakokno proyeke. Tapi sing jenenge kerjo nang kantor iku ora gampang nang kono iku sing jenenge sikut-sikutan ambek konco iku wes biasa. Terus saingan iku durung karoan sehat, soale sing didelok ambek perusahaan iku sing penting hasil kerjone iku nyoto ora kok mok omongan tok tapi bukti ambek data sing dijaluk. Terus masalah proses kadang kantor iku ora ngurusi sing penting hasile nyoto.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "9335", "text": "Hotel utawa penginapan dadi samubarang sing paling penting nalika plesir. Sadurunge plesir mesti kudu nggolek hotel dhisik supaya mengko ora gupuh kabeh nalika wes tekan panggon plesir. Senajan hotel saiki wis akeh banget sumebar ana ing cedhake panggon wisata, nanging tetep kudu waspada lan ati-ati nalika nggolek hotel. Mituruw website traveloka, kanggo golek hotel sing tepak kudu ndelok babagan-babagan kayata regane, lokasine strategis apa ora, fasilitase lengkap apa ora, lan kepiye review utawa ulasane wong-wong sing wis mari turu nak hotel iku. Babagan iki kudu didelok tenanan sadurunge pesen hotel supaya ora keblasuk lan kebijuk sponsor hotel sing ana ing internet.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9348", "text": "Sapa sing sarujuk yen lelungan adoh tumuju ing kutha-kutha kang dadi paraning wisatawan kaya Jogja utawa Solo paling penak numpak sepur? Kajaba sepur saiki wis kabeh nganggo AC, gerbong-gerbong, kursi, nganti jubin sepur saiki resik. Sing marai luwih kepenak yen numpak kereta jarak jauh yaiku wis mesthi oleh kursi lungguh, dadi kowe ora perlu sumelang kudu sumpeg-sumpegan karo penumpang liya. Sepur Indonesia saiki uga wis ontime, nut ing wektu kang wus katemtokake. Golek tiket sepur ya wis kepenak, praktis, cukup nganggo aplikasi KAI Acces apadene seka web www.kai.id, bisa diakses kapan wae lan ing endi wae. Pembayaren uga gampang ora ribet, bisa lewat mobile banking, apadene ing ATM utawa Indomaret. Siji meneh sing marai numpak sepur kuwi krasa penak, yaiku dheweke nyedhiani fasilitas kuliner kereta, dadi ora sumelang yen weteng krasa luwe. Ayo ca, lelungan numpak sepur.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "4686", "text": "Duren iki pancen disebut rajane buah amarga bentuk, ukuran lan rasane sing ora biasa. Sak liyane kuwi, duren uga duwe mambu sing nyengat lan bisa ngganggu wong ning sekitare sing ora seneng duren . Kamangka ana cara-cara sing iso ngilangno mambune duren. Kaping pisan yaiku ngumbah tangan ning ceruk kulite duren. Ceruk kulite duren utawa bagian jerone ngandug getah sing bisa ngilange ambu duren sing mbuleng. Ceruk kulit duren iki mau ya bisa ngilangake rasa panas ning jero awak bar mangan duren. Carane ya ngombe banyu putih saka kulit duren sing resik. Kamangka mangan duren kuwi aja dibuwak kulite disik amarga kulite kuwi ya bisa dadi tombo panas dalem bar mangan duren.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2431", "text": "Pas dolan ambek koncoku nag daerah puncak akeh sing jenenge hotel ambek penginapan sing dibuka. Hotele yo lumayan apik soale regane ora sepiro larang koyok nang tengah kota, tapi fasilitasi yo emboh soale ora sido mlebu delok regane sing ora cocok kanggo dompetku ambek koncoku. Akhire delok nang pinggir-pinggir tibak'e ono penginapan barang sing di tawakno ambek regane sing jomplange adoh ambek hotel. Padahal nag fasilitase yo meh podo cuman barange ae sing ora mewah koyok nag hotel. Tapi asline yo podo wae fungsine. Nag nang hotel mesti regane dadi pertimbangan tapi nag nang penginapan mesti fasilitasi sing dadi pertimbangan. Kabeh ono plus minuse.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "8985", "text": "Tambah suwe, laptop produk lokal iku wes akeh diminati ambek arek enom. Salah siji laptop lokal sing lagi naik daun iku merk Zyrex. Selain mergo gawe ndukung produk lokal alias ndukung karya anak bangsa, onok akeh pol kelebihan e laptop Zyrex iki. Siji, nduwe akeh pilihan tipe. Loro, spesifikasi ne isok di-upgrade. Telu, regone sing tergolong terjangkau timbang aptop liyane. Papat, toko resmi nang platform online e mesti nyediakno promo sing menarik. Limo, terbuat teko material metal sing kokoh tapi gak abot. Teko akehe kelebihan laptop Zyrex, gak heran nek akeh arek enom sing lagi seneng ambek laptop lokal sing siji iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2758", "text": "Acara mulutan iku ancene apik kanggo awak dewek wong muslim. Biasane acara iku ancene dianjurno ambek ulama-ulama ben awak dewek kabeh sing dadi generasi enom ngerti ceritane ambek perjuangane kanjeng Nabi, soale nag jero acara iku ono kisah-kisahe kangjeng Nabi sing dibahas ambek sing kenek digawe contoh karo bocah-bocah enom saiki solae kisahe kanjeng nabi jelas apiki. Karo acara maulud iku maeng kabeh ulama ngarepno mugo-mugo generasi sing bakalnerosno perjuangan islam iso jipik contoh tekoh kisahe kanceng nabi sing dakwai iku kebek ambek roso kasih sayang. Mangkane kabeh generasi enom kudune melok acara mulutan ben ngerti pentinge mulutan kanggo wong islam.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7040", "text": "Onok salah siji kegiatan tahunan sing khas teko Gresik, yaiku numpak dokar keliling kota. Dokar iki mesti ngetem nang Alun-Alun Gresik. Biasane mulai ngetem iku ket sak durunge dhuhur sampe bengi. Unike, dokar iki mek onok ben lebaran tok, gak onok nang dino liyane. Seringe seh mek onok sampe dino ke-3 lebaran, gak tau lebih teko iku. Dadi dokar sing mek onok sak tahun pisan iki isok disebut transportasi wisata. Dokar sing ngetem nang Alun-Alun iku akeh banget. Tapi berhubung mayoritas penduduk Gresik iku pendatang, dadi suasana kotane sepi banget nek pas lebaran. Dadi nek kate numpak dokar teko Alun-Alun iki gak atek ngantri suwe, malah pasti sek onok ae dokar sing jek nganggur.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "8132", "text": "Wong berbisnis iku pasti wes gak asing ambek istilah defisit anggaran. Kejadian iku wes umum kedaden ambek sopo ae bah iku individu, pebisnis, sampe negoro. Defisit anggaran dewe iku situasi ndek ndi pengeluaran iku luwe akeh timbang pendapatan. Nek wes defisit, berarti kudu ditangani ben gak dadi utang. Utang nek gak ndang dilunasi iku bakalan nambah terus. Peningkatan iku asale teko bunga utang ambek mundake suku bunga. Penyebab defisit anggaran iku biasane mergo uwong utowo kelompok sing ngetokno duit berlebih. Nek gak ngono, peristiwa gak terduga sing mbutuhno biaya lebih iku isok marakno defisit anggaran sisan. Defisit anggaran nang dunia bisnis sing dijarno iku marakno perusahaan merugi dan suwe-suwe isok kukut.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "5011", "text": "Biyen aku duwe guru ngaji. Jenenge Bu Umi. Bu Umi iki isih enom lan cara ngajare penak amarga sak liyane ngajar al-quran, Bu Umi iki pinter banget basa Arab. Sithik-sithik mesti diajari nganggo basa Arab ben wayah maca kitab, para muride iki ngerti yen pangucapan kata kuwi bedha, artine uga bisa bedha. Bu Umi iki uga teges, yen muride durung bisa, bakal dibaleni sampe bisa lan lancar. Metode sing dinggo ngajar iki metode qiroati. Kanggo murid sing al-quran wis khatam, Bu Umi kadhang ngewenehi seselan ajar kitab liyane kaya kitab akhlak utawa kitab kuning sing sering diwaca ning pondok pesantren. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "128", "text": "Studio Alam Gamplong kui dadi panggon wisata sing digandrungi wong-wong saiki. Wisata iki terkenal mergo akeh nyepake titik-titik kanggo foto-foto. Studio kui ono neng Dusun Gamplong, Sleman. Titik-titik foto sing ono neng kono biyen dadi propertif fim sutradara sing mahsyur, Hanung Bramantyo. Hanung nyumbangke propertine kui neng pemerintah Sleman kanggo didadeke panggon pariwisata. Neng kono akeh banget omah-omah sing duwe nuansa lawas-kuno. Misale, omah sing bekas proses jupuk gambar film Bumi Manusia, ninggale properti sing duwe nuansa jowo taun 1900 awal. Studio Alam Gamplong iso dadi panggon wisata sing menarik kanggo wong sing ngefans karo karya-karyane Hanung Bramantyo utowo sutradarane kui dewe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7804", "text": "Big City Adventure iku salah siji game sing dolene iku dengan cara nggolek barang teko catetan sing wes disediakno. Game iki dinilai nduwe nilai edukasi sing duwur. Hal iku mergo awak dewe isok nambah penguasaan kosakata boso Inggris teko jeneng barang sing kudu digolek. Semisal awak dewe gak eroh artine barang sing kate digolek iku mau, pasti awak dewe buka kamus cek eroh artine. Teko kono, onok kosakata anyar sing bakal awak dewe terimo. Wes ngono, dolen game iki iku bakal ningkatno ketelitian. Hal iku mergo barang sing digolek iku bakal onok nang panggon sing tersembunyi. Teko kono, awak dewe kudu teliti gawe nggolek barange siji siji.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "977", "text": "Ora kabeh wong seneng yen ono inovasi utowo produksi sing ono kaitane karo robot. Soale, akeh sing mikir yen robot kui ngacem posisi dheweke neng donyo iki. Gaweane dheweke iso digenteni karo robot-robot kui. Iki iso dadi perkoro yen awak dhewe pengen donyo iki dadi cepet maju lan canggih. Supoyo wong-wong iso luwih nrimo keberadaan robot iki, ono perkoro-perkoro sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngelakoke sosialisasi babagan penggunaan robot kui. Piye uripe menungso kui bakal berubah yen gawean kui diragap karo robot. Sing keloro, awak dhewe iso ngekei pendidikan utowo pelatian marang wong-wong sing gawean terancam dijupuk karo robot. Yen wong kui duwe gawean lan penghasilan seng mapan, dheweke ora bakal protes meneh babagan robot iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2803", "text": "Nag mari poso nangkampungku ono tradisi sing kat biyen gelakoni wong deso, yo iku kupatan sing saiki akeh wong sing ngarani lebaran utowo syawalan. Lah nang kampungku kupatan iku kayok model bacaan sing wong deso iku maeng kumpul nang omahe kepolo deso utowo panggonane sembayang ambek gowo panganan sing jenenge kupat kanggo dongo bareng ben selamat sak marine poso. Lah mari didongane maeng kupat iku dicanjak bareng utowo dipangan bareng-bareng ambek parutan klopo sing wes dioseng yaiku jenenge srundeng. Terus nag wes mari acara iku maeng wong-wong biasane ono sing muleh utowo bagek-bagekno kupat sing isek luwih nang sanak keluargae.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "6353", "text": "Gelombang panas kuwi sajana dudu bencana alam sing bisa nelen korban, nanging ning wilayah manca negara, gelombang panas iki bisa marai kekeringan, kemarau ning wektu sing dawa, lan uga krisis banyu. Sing ndadekake kabeh iki bencana yaiku kekeringan sing bisa marai akeh korban sing dilanjut paceklik. Bencana paceklik iki sajane bisa ditanggulangi yen wong wis ngerti carane nyimpen panganan lan uga njaga sumber banyu. Gelombang panas ning manca negara kadhang uga marai akeh wong males metu omah lan akeh ngelakoni kegiyatan ning jero omah sing mbutuhake akeh listrik. Kamangka, wong sing sering kena gelombang panas biyasane nyediani listrik sing luwih ramah lingkungan ben ora boros. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "4680", "text": "Ning mburi omahe simbahku ana wit nangka gedhe. Wit nangka kuwi ditandur nalika bapakku isih cilik. Saban usum nangka, aku ora oleh dolanan ning isor wite amarga wedi kerutuhan uler nangka. Yen wis panen, mesti oleh akeh banget sampe wareg. Ibuku kadang nggawe nangka goreng ben rasane luwih legi. Jare simbahku, wit nangka sing wohe arep dimatengake kudu diimbu lan ora oleh dijupuk. Nangka sing wis kulina dijupuk sak durunge mateng, rasane mesti ora enak tur mung bisa digawe janganan. Aturan iki sajane dadi pitakonan gawe aku, nanging lek tak padhakke karo wit duren ya padha. Pancen kudu ngenteni sampek wohe ceblok dewe. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "6399", "text": "KRL kuwi dadi kendaraan sing umum kanggo ngeterake wong saka akeh kalangan. Kaya misale pekerja lan uga karyawan sing omahe ana ning kutha penyangga menyang kutha gedhe. Nanging wong ning KRL kuwi ora bisa dibedhek lan uga isih akeh kriminalitas lan uga pelecehan sing ana ning KRL. Kedadian iki bisa marai wong trauma lan uga wedi numpak kendaraan umum. Kedadian sing marai trauma kuwi bisa dicegah yen awak dhewe dadi penumpang sing wani ngelapor lan uga wani ngelawan. Ning saban sepur kuwi mesti ana kontak darurat kanggo laporan. Amarga kuwi, awak dhewe kudu bisa dadi wong sing teges ben ora ana pelecehan lan uga kriminalitas. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7457", "text": "Jogja gak mek nduwe oleh-oleh panganan sing tradisional, tapi sing modern yo onok. Salah sijine iku Cokelat Monggo. Cokelat Monggo iki awale didirikno karo wong Belgia sing kuliah nang UGM terus kangen ambek coklat Belgia. Teko kono, de’e ngide gawe ndirikno pabrik coklat sing saiki dikenal dadi Cokelat Monggo. Pabrik Cokelat Monggo iki nang sebelah kidule Makam Raja-Raja Mataram. Rute gawe mrono yo gak mbulet. Berangkat teko Malioboro, lurus ae sampe nol km. Mbari ngono belok ngiwo nang jalan Panembahan Senopati. Mbari ngono belok kiwo maneh pas onok Hotel Limaran. Mlaku lurus terus sekitar 3 km, terus belok nengen melbu nang jalan Tirtodipuran. Engkok Pabrik Cokelat Monggo onok nang kiwo dalan.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7857", "text": "Kamera analog iku ancen mulai usum maneh mbasio wes onok kamera digital sing luwe praktis. Tapi kakean uwong iku kangelen pas kate ganti film nang kamera analog. Nek awakmu kate ganti film tapi sek bingung, tutono cara iki. Siji, siapno film 35 mm. Loro, petek tombol nang sisi kiwo kamera. Telu, buka penutupe alon-alon, dan ojok dipekso nek macet. Papat, mulai lebokno film nang kamera. Limo, dekek rol film secara kebalik dan nyesuaino panggone. Enem, tarik film terus kaitno nang engkol ndek sebelah tengen, terus pastikno sisan rol wes nyantol nang engkol e. Pitu, tutup kamera sampe muni ‘klik’. Wolu, nek butuh, sekalian ganti baterai sak durunge motter. Terakhir, gatekno indikator penunjuk jumlah film ben isok motret luwe efisien.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "6917", "text": "Salah siji kuliner sing terkenal nang kalangan arek kuliahan nang Jogja iku jenenge Yamie Panda. Nang kono, menu utamane wes jelas yamie, yaiku mie sing bentuke cilik-cilik, tipis, dan pipih. Regane pun lumayan terjangkau gawe kantong mahasiswa. Yamie panda iki wes akeh banget cabange nang Jogja, salah sijine nang daerah Kotabaru. Nek awakmu penasaran pingin ngampiri, tutono rute iki. Pertama awakmu berangkat teko UGM. Mbari metu teko gerbang utama UGM, awakmu lurus ae nang jalan Cik Di Tiro. Lurus terus ngelewati jalan Suroto. Njupuko jalur tengen gawe belok ngiwo nang jalan Yos Sudarso. Belok nengen cek awakmu tetep nang jalur jalan Yos Sudarso. Terus njupuko jalur kiwo, engkok Yamie Panda Kotabaru onok nang kiwo dalan.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2711", "text": "Biyen pas aku isek SMP aku ambek konco-koncoku nang sekolahan ngadakno ziarah bareng nang tokoh-tokoh agama sing ono nag jawa timur. Salah sijine yoiku nang Sunan Giri. Sunan iki termasuk salah sijini tokoh agama sing paling disegani nag jawa timur soale termasuk salah sijine wali songo sing nyebarno islam nang jawa timur. Pas tutuk panggonane maeng tibak'e akeh tingkat sing mlaku menduwur terus luamayan adoh. Aku ambek koncoku banter-banteran ambek disik-disikan sopo sing bakal tutuk nggone makame sunan iku disekan. Pas sampek kono tibak'e akeh wong sing ngaji ambek suarane sahut-sahutan. Maringono sak durunge mlebu makame yo akeh wong dodolan koyok nang pasar ngunu.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9290", "text": "Aku duwe tambak urang windu sing panggone ana ing omahe mbahku. Ambane tambak iki kurang luwih sak hektar. Saben dina Minggu aku melu Mbahku kanggo makani urang windu iki. Yen wis wayahe panen kurang luwih 5-6 wulan, aku uga dijak karo Mbahku kanggo nyebar jaring. Jaring sing disebar kanggo manen iki dipasang nalika tengah wengi kanggo ngindari srengenge sing nggarai urang mengko ora seger maneh. Urang sing wis dipanen iki bakal didol ana ing pengepul, digawa ning pasar, lan sisae didum kanggo dulur-dulurku liyane supaya kabeh bisa ngerasakna rasane urang windu. Aku paling seneng yen urang windu iki digoreng garing lan dipangan karo sego anget lan sambel kecap.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "1700", "text": "Aku duwe konco pas SMA. Aku cerake kui pas SMA nanging, aku wis kenal karo dheweke ket SD. Koncoku kui wis yang-yangan ket dheweke isih SD. Ora mung siji, nanging yange gonta-ganti terus. Aku tekan ora ngerti sopo yange pas isih SD kui. Tekan SMA barang isih koyo ngono. Nanging bedane, aku luwih cerak karo dheweke. Aku sekelas karo dee pas kelas 2. Pas kancanan karo aku kui dheweke posisi wis hijrah, wis tobat. Dheweke ngoyak koncoku sing wedhok sing sekelas karo aku biyen. Pas kui dheweke uga duwe mantan seko kelase sing biyen. Pas dheweke ceraki koncoku kui aku dadi kerep dikontak matane kanggo takon kabare. Akhire, dheweke ora jadian karo koncoku kui. Malah bar lulus kuliah, dheweke balikan karo mantane sing kui, tekan nikah.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "2877", "text": "Pas biyen aku delok TV iku kadang ono wong sing joget-joget tapi nang tangane iku ambek gowo piring. Tibak iku termasuk salah sijine tarian tradisionl sing jenenge Tari Piring sing iso ditemokno nag daerah asal minang kabau. Tari iki duwe ciri-ciri khas sing bedo ambek tarian liyane yaiku gowo nag pas joget. Tarian piring biasane dilakoni antara wong 3 sampek wong 5. Terus musik sing digawe ngiringi yaiku musik tradisional Minangkabau sing jenenge Bonang ambek Saluang. Penari piring yo biasane gawe kostum sing ngelambangno khase wong Minangkabau yoiku hiasan sing lincip nang endase, gelangan klintingan nang sikile, ambek gowo piring nang tangane.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7320", "text": "Dino iki wahaye pelajaran agama Islam. Materi sing dibahas karo guruku iku surat Al-Fil beserta artine karo kisah di balik surat iku mau. Al-Fil iki ceritone tentang kaum kafir sing kate ngerubuhno Ka’bah nganggo pasukan bergajah. Nang njeru surat iku, ceritone Allah SWT murka dan nuruno burung ababil gawe nyerang pasukan bergajah iku mau. Burung ababil iku nggowo watu langsung teko neroko dan watu-watu iku ngeneki pasukan gajah dan marakno kaum kafir sing kate nyerang Ka’bah kalah telak. Mbarine iku, ndek tahun sing podo, lahirlah Rasulullah Muhammad SAW nang Mekkah. Makane onok sing ngomong nek Rasulullah iku lahire pas tahun gajah, soale barengan ambek penyerangan kaum kafir nganggo pasukan bergajah.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "4652", "text": "Ning jogja, ana sawijining jajanan pasar sing tak senengi, yaiku arane jadah manten. Kena apa kok diarani jadah manten? Ya amarga jadah utawa ketan ini mesti ana ing dus-dusan berkat kanggo oleh-oleh wong bowo. Iki jajanan sing wajib ana. Bentuke kaya lemper nanging bedane nek lemper dibungkus godhong, jadah manten iki dibungkus kulit dadar sing digawe saka campuran endhog lan tepung. Jadah manten iki isine ya padha kaya lemper, bisa diisi abon utawa daging pithik sing wis dimasak lan disuwir-suwir. Rasane luwih enak amarga ana kulit dadar kuwi mau. Jadah manten iki biyasane dijepitake pring banjur dipanggang ben ambune sedep lan luwih awet. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4655", "text": "terang bulan utawa \"martabak manis\" kuwi dadi panganan sing umum lan bisa dicicipi karo wong akeh amarga rasane sing enak lan variasine sing akeh. Jaman biyen, martabak mung ana sing kulite warna putih lan isine coklat, ketan ireng, utawa kacang. Saiki isine akeh banget maceme. Ora mung kuwi, martabake dhewe ya saiki wis manika warna kaya martabak oreo, green tea, martabak red velvet lan liyan-liyane. Nanging sing ora umum ya produk martabak sing kaya pizza loyang sing isiane macem-macem. Akehe variasi martabak iki marai akeh sing nganggep yen ciri khas terang bulan tradisional iki wis ora katon amarga ketutupan terang bulan sing isiane macem-macem. Nanging ya menungso pancen butuh inovasi ben ora bosen. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5516", "text": "Salah sawijine keluhan sing ana ning kabeh wong sing nggunakake HP yaiku perkara batere. Ning kabeh jenis HP, akeh wong sing ngerasa yen batere HP iki boros banget. Nanging kabeh kuwi miturut penggunaane. Cara njaga batere HP ben ora rusak kuwi macem-macem. HP sing lagi diisi dayane, aja nganthi digawe amarga bisa cepet ngerusak komponen HP. Ben cepet kebak, HP sing lagi diisi iki kudu nggawe mode pesawat. Yen pengen HP awet, utamane iPhone, aja ngisi nganthi 100 persen amarga ben ora kesedot dan rusak kapasitase. Yen arep ngganti batere, sing dinggo kudu sing original utawa sing asli ben ora ngerusak mesin ning HP-ne.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "10119", "text": "Menawi pengen dahar, kita mesti betah alas utawi wadah. Wadah kangge daharan ingkang paling asring dipunangge. Sanadyan wonten alas daharan sanes kados godhong gedhang utawi kertas nasi, nanging wonten griya, kita limrahipun dahar kangge alas awujud piring, dene kangge ngunjuk, kita ngangge gelas utawi cangkir kangge wadah toya. Piring kaliyan gelas utawi cangkir sampun kathah awohipun. Sakderengipun wonten piring, tiyang Eropa dahar ngangge alas awujud roti ingkang dibolongi. Alas dahar menika lumrahipun dipunangge dening tiyang ingkang boten sugih utawi mlarat. Tiyang Cina miwiti damel piring saking bahan alumunium. Mila, tiyang Eropa pengen nyobi damel piring ngangge keramik. Sakmenika piring sampun kathah jinisipun. Wonten ingkang saking kaca, seng, utawi melamin.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2779", "text": "Biyen nag ngaji mesti guru ngajiku ngongkon sinau poso, soale poso iku dianjirno karo kanjeng nabi kanggo kabeh umat islam sing ono nang donyo. Dadi waktu iku aku jajal ngelakoni poso awit teko dongone sampek posone. Polahe dianjurno sinau maeng aku sampek mekso-mekso masio ngempet tapi ujute aku iso ngelakoni poso sak ulan muput ora ono sing bolong blas. Mari ngunu jarene guruku, lapooh poso iku dianjurno, soale poso iku iso ndadekno atimu ambek awakmu tambah kuat sembarang kalir koyok ngempet howo nafsu, tambah sabar, ambek liyan-liyane. Mangkane anjuran poso kanggo wong islam iko akeh manfaate kanggo wong sing ngelakoni poso iku maeng, ora teko agama tok tapi yo teko kesehatan barang.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9671", "text": "Haechan sinau kanggo pasa sak wulan bek taun iki. Senajan Haechan isih bocah kelas 4 SD, tapi dheweke wis niat kanggo bisa pasa Ramadhan. Dina pertama, Haechan bisa pasa nganti maghrib. Bapak Ibune seneng banget amarga Haechan bisa kuat kanggo pasa. Nalika isuk sawise saur, Haechan langsung adus lan siap-siap kanggo mlaku ing ngarep omah. Yen wis rada awan sithik Haechan leyeh-leyeh kanggo ndelok TV utawa sinau. Nalika bedug Haechan langsung turu supaya ora kerasa ngelak. Biasane yen wis jam 3 sore, Haechan wis mulai kerasa luwe. Dadine Haechan luwih milih kanggo turu ae utawa ndelok TV nganti maghrib. Yen suara adzan wis krungu, Haechan langsung mlayu ning pawon kanggo buka pasa. Haechan seneng bisa pasa nganti maghrib lan ora mokel ning tengah-tengah.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "5185", "text": "Tengkoe Amir Hamzah Pangeran Indra Poetra utawa Amir Hamzah yaiku salah sawijining sastrawan angkatan pujangga baru. Amir Hamzah nyumbangake akeh pemikiran kanggo perjuangan bangsa lewat karya-karya geguritane sing modern nanging tetep nggawa inspirasi kang gedhe, khususe kanggo warga Langkat. Amir Hamzah iki bisa ngebuktikake yen lewat tulisan lan geguritan, wong bisa ngomongake ide-idene lan apa sing dirasakake. Nanging, Amir Hamzah iki ora mung nulis geguritan, nanging uga berjuang ning jalur diplomasi lewat sekolah lan melu perserikatan sing nentang paham feodalisme. Puisi-puisi Amir Hamzah iki bisa dadi senjata sing kuat amarga pengaruhe kanthi ning jero ati lan nuwuhake semangat gedhe kanggo perjuangan. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5044", "text": "MUI saiki lagi akeh nyeleksi ustad amarga akeh ustad sing nyebarake ajaran radikal sing diseselake ning khotbah lan ceramah. Angka ceramah sing radikal iki tambah akeh sak uwise pilkada DKI Jakarta. Ceramah radikal iki nyampurake babagan politik lan agama sing dituturake mentah-mentah lan nggawe rusuh amarga ngejak jamaah kanggo jihad liwat kekerasan kaya mbakar rumah ibadah, sifat intoleran, lan uga ngewenehi label negatif kanggo umat-umat agama liyane lan wong keturuan Tionghoa ning Indonesia. Cara iki bisa dadi politik identitas lan dilarang ning forum agama amarga bisa nggawa dendam lan bisa ngerusak kerukunan bangsa Indonesia lan bisa dadi modus politik identitas. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9750", "text": "Pas perian sekolah ani lunga menyang Malang, lan batu, dee lunga ing nggon wisata, koyok selecta lan JATIM PARK 1 ing selecta dee nemoni wong dodol oleh – oleh khas jawa timur khususe malang, akeh macem - macem e seko seng asin, pedes, gurih, sampek seng legi onok. Kayata brem, brem iku panganan khas madiun tapi di dol ndek malang soale malang akeh nggon wisata lan akeh wisatawane. Dadi saling nguntungake. Brem rasane legi sanget, onok sensasi unik pas mangan e. brem digawe seko ketan tape seng banyune diendapno digae brem. Brem ing malang di dol antara 10.000 entuk 3 sampe 15.000 an tergantung akeh enggak e.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "469", "text": "Ajaran agama kui ora entuk dijupuk sing nyenengke utowo sing gampang wae kanggo awak dhewe. Yen awak dhewe wis ngaku duwe salah siji agama, awak dhewe kudu komitmen sak penuhe neng kono. Ora iso awak dhewe mung jupuk-jupuk sing penak-penake wae nanging sing gawe angel urip awak dhewe guak ngono wae. Agama kui ono sebagai siji sistem sing sempurna, paling ora sempurna seko sudut pandang penganute. Ono sing perintahke, ono sing diolehke, utowo ono sing dilarang kui pungkasane kanggo keapikane awak dhewe uga. Awak dhewe iso, misale neng Islam, pengen ngikitu ukum poligami wae nanging ora pengen keno rajam yen ngelakoke zina.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "10148", "text": "Pulau ingkang lokasinipun wonten paling timur negara Indonesia, inggih menika Papua, pancen gadhah kaendahan ingkang boten wonten ingkang mbandingi. Alamipun tesih kejaga keasrianipun. Mila, kathah bentang alamipun Papua ingkang dados panggonan ingkang menarik kangge dirawuhi. Salah satunggalipun bentang alam ingkang kondang sanesipun Kepulauan Raja Ampat inggjh menika Danau Sentani. Danau ingkang manggon wonten wilayah cagar alam pegunungan Cyclops wonten Jayapura menika gadhah pemandangan ingkang endah. Toyanipun ugi resik. Pengunjung saged ngelilingi danau ngangge perahu wisata ingkang saged disewa. Saben tengahipun sasi Juni, wonten acara Festival Danau Sentani ingkang nampilake maneka ragam budaya Papua kados tari-tarian perang, tarian wonten perahu, lan tesih kathah malih.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2881", "text": "Pas tanggal 12 ulan songo wingi ono acara sing jenenge Ruwat Nusantara. Lah acara iki maeng ditekani pirang-pirang tokoh adat teko pirang-pirang wilayah sing ono nang indonesia. Tekane pirang-pirang tokoh adat maeng kanggo ritual sing ono nang pinggire Kali Progo, Magelang, Jawa Tengah. Lah Tokoh Adat iku termasuk wong sing dianggep penting utowo wong sing paling penting ambek sing duwe jabatan nang jeru tatanan masyarakat adat nang gone wilayah panggonan adat iku maeng. Dadi Kumpule tokoh adat maeng iku iso dadi symbol nag nang indonesia iku isek ono adat sing perlu ambek butuh dilestarikno nang indonesia iki ben iso jogo kerukunan antar lapisane masyarat.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "3544", "text": "Dodolan nang online ono enake yo ono ora enake. Tapi sing garae enak yo iku ora kepikiran bayar sewo ben ulan utowo ben tahun soale mesti bayare iku teko produk sing sing payu ambek sing wes dituku wong. Nag ancene ora ono sing tuku yo ora bayar. Dadi enake iku maeng ngunuku ora kepikiran bayar tahunan ambek ora kepikiran balikno modal kanggo nyewo enggon barang. Terus sak liyane iku ono ae masalah koyok contone pengirimane barang yo kudu aman ben ora rusak pas barange iku maeng sampek nang pelanggan ambek kudu aman ben ora bejat. Mari ngunu pengirimane maeng yo kudu cepet soale wong tuku mesti jaluk cepet sampek nang omahe.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "32", "text": "Masakan khas Padang utowo Minang pancen wis dadi selera ilat wong Indonesia. Aku mlebu salah siji sing seneng panganan sing asale seko Sumatra Barat kui. Sak liyone sego Padang, panganan sing asale seko kono sing tak senengi kui sate Padang. Bedo koyo sate-sate liyane sing nganggo bumbu kacang, sate iki ono bumbu sing unik. Bumbune mirip koyo gule nanging digawe luwih kenthel. Werno bumbune kuning-coklat ngono nek dideloki terus marai ngiler. Rasane pedes gurih. Terus daging sing dienggo sate Padang kui nganggo bagian ilat sapi. Ilat sapi kui duwe tektur sing paling kenyel nanging ora ono lemake. Sate Padang langgananku ono neng daerah Lempuyangan, kidule jembatan layang.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "10034", "text": "Raket dadi salah sijining piranti wajib kang ana ing akeh ulah raga. Raket nduweni teges piranti kanggo nampek bal ing ulah raga badminton utawa tampekan, tenis lapangan, tenis meja, lan ulah raga lawas jenege skuas. Raket nduwedi wujud oval kaya endhog lan aja jaring-jaringe saka nilon uga nduweni gagang kanggo nampek. Sakehe ulah raga kui uga nduweni jinis raket kang beda-beda. Kaya dewe tening kui rakete nduweni diameter utawa amba antarane seputuh nganti rolas senti. Ana badminton kang luwih cilik uga luwih entheng. Yen raket sing rada abot iku rakete tenis meja amarga saka kayu lan luwih padhet. Mula kanca kabeh yen tuku raket ora isa sukur amarga wis ana jinise dhewe-dhewe.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7740", "text": "Nang sekolahku, basket iku dadi ekskul favorite arek-arek lanang. Biasane kan futsal ya, tapi iki mlayune malah nang basket kabeh. Hal iku mergo sekolahku iku wes dadi langganan menang lomba basket, dadi pihak sekolah yo luwe mrioritasno ekskul basket timbang sing liyane. Wes ngono, nek melbu dadi tim basket, awakmu dadi auto populer soale arek-arek wedok iku podo ngefans karo arek-arek basket. Makane arek-arek lanang sing haus popularitas dan pingin terkenal, kabeh podo melbu ekskul basket. Tapi mbasio ngono, melbune iku gak gampang. Kudu sing temenan niat dan temenan isok basketan sing isok melbu ekskul iku. Dadi nek kate melbu kono, dites disik. Nek memenuhi syarat, baru isok melbu.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "187", "text": "Nonton film neng bioskop kui pancen ono sensasi sing bedo karo nonton dhewekan neng omah. Nanging ono coro sing iso dilakoke ben nonton neng bioskop kui luwih nikmat. Sing kepisan, tuku tiket liwat aplikasi dadi ora kudu nganter lan wedi kentekan tiket. Keloro, ojo delok atau ngerungoke ulasan babagan film kui. Niate awak dhewe nonton film kui mung menikmati ora dadi juri piala citra Festival Film Indonesia. Ketelu, pilih wektu sing ora nabrak wektu solat ben ora kudu metu bioskop. Ojo lali ugo neng kamar mburi sik sakdurunge mlebu. Ketelu, dateng ning panggon nonton tepat watku ben ora ono seditik wae wektu tayang sing keliwat.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "10117", "text": "Tampah wonten pawon dipunangge nampi beras supados resik lan boten wonten barang reged kados watu, gabah, utawi barang sanesipun. Asmanipun tampah benten-benten. Wonten ingkang nyebat piranti punika nyiru utawi penampi. Bahan bakunipun tampah inggih punika saking batang pring ingkang dipunanyam dados bunder. Wonten tampah ingkang ageng, wonten ugi tampah ingkang alit. Sanesipun saged kangge nampi beras, tampah ugi saged dipunangge kagem njemur bahan masakan ingkang teles, kados krupuk, iwak asin, utawi rengginang. Nalika nyepakaken bahan masakan, ibu-ibu lumrahipun ugi ngangge tampah kangge milihi bahan ingkang sae lan boten sae. Gunanipun sampah ingkang sanes inggih menika kangge alas tumpeng lan wadah kangge jajan pasar. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2456", "text": "Preian iku iso nguwei pengalaman sing megilan nag ora direncanakno mateng-mateng soale nag direncanakno mateng-mateng jelas akeh gagale, contone pas aku budal nang jogja sing kudune liwat sragen maleh muter lewat gunung lawu soale luweh parek. Akhire polahe ora ono persiapan opo-opo ambek keadaane, terus yo durung ngerti panggonane barang koyok opo, tibak'e oleh bonus sing apike megilan yaiku pemandangan sing ora tau kepikiran sak durunge. Nag kono iku tiba'e akeh panggonan apik masio ora kudu mlebu wahana utowo panggonan sing ancene digawe preian. Tapi cukup nag pinggir dalan ambek ngombe kopi nang warung wes iso delok pemandangan sing apike megilan. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7407", "text": "Sekaten yaiku upacara ritual sing diselenggarakno ambek Kraton Yogyakarta ben tahun pisan pas kate peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW. Pelaksanaan upacara Sekaten onok limo tahapan. Siji, tahap persiapan. Nang tahap iki, mulai persipan fisik karo non-fisik. Persiapan fisik iku nyiapno peralatan sing digawe acara sekaten, nek persiapan non-fisik iku persiapan diri. Loro, tahap gamelan Sekaten sing mulai dimaino. Nang kene, gamelan mulai dimaino nang Kraton ket jam 7 bengi sampe jam 11 bengi. Telu, tahap gamelan Sekaten dipindahno nang halaman Masjid Gede. Pas jam 11 bengi, gamelan wes kudu mandek dan gamelan iku mau bakal dipindahno. Papat, tahap Sri Sultan hadir nang Masjid Gede. Nang kene, Sultan nang Masjid Gede nganggo kendaraan dan iring-iringan para pangeran. Nang kono, Sultan bakal ngelakoni pisowanan malem garebeg. Limo, tahap kondur gongsa. Yaiku boyongan balik gamelan nang Kraton.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "431", "text": "Aku isih SD pas kui, kiro-kiro kelas 2 SD. Pas umur-umur sak mono, awak dhewe durung ngerti ukum babagan ibadah akeh, termasuk ukum poso. Awak dhewe ngerteni kui, yen awak dhewe ngeleboke sesuatu neng lobang endi wae kui batal.Tuladhane, yen awak dhewe mangan opo ngombe. Kui cetho ngeleboke panganan lan ombenan neng mulut. Terus, ono sing takon yen ngupil pas poso kui batal opo ora. Kabeh guyu krungu kuwi. Let sedelo, awak dhewe bar rampung dolanan. Ono konco sing ngonangi konco sing ngupil. Koncoku sing ngupil kui bingung mergo diomongi yen posone batal. Mergo diguyoni terus, dee nangis mlayu neng bu guru.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2836", "text": "Nag awakmu dolan nang koto pahlawan sing jeneng asline kota Suroboyo, Mesti awakmu bakal ero patung iwak ambek bajol sing gede ambek ono angger pojoke kota Suroboyo. Lah patung maeng asline teko ceritoe warga kono sing garai metune jenenge kota Suroboyo. Patung maeng iku teko sejarah ambek ceritone warga nag biyen iku ono iwak sing jenege iwak Suro ambek Boyo sing nguasai laut nag daerah kono. Kewan loro maeng ganase megilan ambek bendinane iku gelut terus. Lah teko kono masyarakat kono sampet keweden dewe soale gelute ora mari-mari sampek kewan loro maeng mati polahe gelut terus. Akhire gawe iling-iling kedadean iku maeng mangkane patung iku maeng dadi simbol ambek didadekno jenenge kota iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7456", "text": "Kripik tempe iku salah siji oleh-oleh khas teko Malang. Ben uwong sing mbari nang Malang pasti tuku kripik tempe. Saiki gak perlu nang Malang nek pingin mangan kripik tempe, soale isok gawe dewe nang omah. Bahan-bahane gampang digolek terus carane guampang. Pertama, siapno disik bahan pelapis mulai teko tepung beras, tepung tapioka, tepung terigu, banyu, ndhog cilik, micin, ambek uyah. Udek kabeh bahan pelapis iku sampe roto. Saiki siapno tempene. Tempe iku diiris tuipis-tipis cek isok garing pas digoreng. Mbari ngono baluri kabeh tempe iku nang adonan pelapis mau. Panasno minyak gawe nggoreng, terus celupno tempe iku siji-siji. Goreng sampe mateng dan tirisno. Simpen kripik tempe nang toples kedap udara cek isok awet.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7307", "text": "Sholat teraweh iki sholat sunnah sing dilakoni khusus pas wulan Ramadhan tok, gak onok nang wulan liyane. Sholat teraweh iki dilakoni sak marine sholat isya’. Biasane sholat teraweh iki dilakoni nang masjid secara berjamaah. Ngelaksanakno sholat teraweh berjamaah isok dihitung dadi ngerjakno sholat tahajud sak bengenan. Nang Indonesia, sholat teraweh iku onok sing dilakoni sampe 11 rokaat utowo 23 rokaat, tergantung aliran ajaran agamane. Tata cara sholat teraweh iku gampang. Misale pilih sing 11 rokaat. Awakmu sholat rong rokaat ping papat, utowo sholat patang rokaat ping loro tapi gak atek onok tasyahud awale. Mbari ngono sholat teraweh ditutup karo sholat witir telung rokaat.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "3102", "text": "Biyen pas cilik aku senengge pol ambek sing jenenge Bentik, Nag iki termasuk olah sing disenenge bocah-bocah nang kampungku biyen. Olah raga iki iku komplet soale ono mlayune, ono konsentrasine, ambek tangkep-tangkepan. Bentik iku meh koyok olah raga kasti, tapi bedone nag kene iku gowo kayu, sing cilik iku ono telu terus sing dowo iku ono loro. Sing dowo maeng iku digawe gepuk kayu sing cilik utowo sing endek maeng. Dadi kayu sing digepuk utowo di cutik maeng kudu ditanggep ambek bocah-bocah sing melok maeng. Nag ketangkep berarti sing nangkep maeng sing nerusno terus sing sijine leren utowo gantian nangkep. Yo ancene medeni tapi akeh sing sneneg.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7", "text": "Ora ono wong sing ora seneng mangan sego Padang. Seko ujung kulon Indonesia tekan ujung wetan, kabeh seneng mangan panganan khas Padang kui. Nanging neng Jogja cara mesene rodo bedo karo daerah liyane. Kanggo mesen sing dibungkus ora ono bedane. Gari milih lawuhe terus bakal ana pegawai sing ngelayani. Bedone iki neng mangan langsung neng panggone. Biasane neng omah makan Padang bakal nyepake kabeh menune ning piring cilik-cilik terus bakal didelehke neng mejone awak dhewe. Utowo nek warung sing cilik sego karo lawuhe bakal dicepake langsung. Neng jogja ora koyo ngono. Pas mangan neng panggone langsung, awak dhewe bakal jupuk sego karo lawuhe dhewe. Dadi neng jogja, awak dhewe iso jupuk sego sak akeh-akehe lan regone bakal ora bedo karo sing njupuk sego sitik.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "955", "text": "Wong sing duwe kamera lan iso moto kui digoleki akeh wong. Maksude digoleki iki, digoleki karo konco-konco. Wong sing duwe keterampilan moto kui kerep dijak dolan neng endi-endi. Yen lagi plesiran iki, biasane wong-wong kepengen momen kui didokumentasikan kanthi apik. Dadine, konco-koncone mau kui ngejak wong sind dheweke kenal sing iso moto. Wong-wong sing koyo ngono kui arep entuk foto gratis lan hasile apik. Ora ono masalah seko ngejak, wong sing iso moto kui dolan. Nanging, awak dhewe kudu memperlakukan dheweke koyo konco dhewe dudu tukang foto. Konco sing iso moto kui yo kepengen menikmati momen plesirane koyo awak dhewe.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "3152", "text": "Pas aku SMA aku gelek delok lomba bal-balan nang kampungku. Lomba bal-balan nang desoku iku biasane mok pas Agustusan tok soale bocah-bocah ora duwe lapangan dewe. Nah bal-balan iku maeng yo sepak bola iku, tapi nek desoku diarani koyok ngunuku. Bal-balan nang desaku iku ora penting gawe sepatu opo ora, sing penting iso bal-balan, aturane iku yo podo koyok bal-balan mok pakeane tok sing seje, klambine iku yo sak senenge sing penting ora udo ambek suwek-suwek. Pokoke bal-balan nang desoku iku ora podo ambek bal-balan umume, soale bocah-bocah seneng bal-balan opo onone sing penting seneng. Nah akeh-akehe iku nyeker ora atek gawe sepatu utowo slotong tangan.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "2307", "text": "Angger uwong akeh sing wis tau mangan sing jenenge martabak endog. Nah carane gawe martabak endok iku piye? Carane sing kawitan gawe kulite martabak'e disek sing teko tepung karo sing campuri ambek uya. Uleten tepung sing wes dicampur ambek uya maeng karo tambahono banyu nggal saitik sapek roto karo kalis. Mari ngunu tambahono lengo kletik terus ratakno maneh sampek roto. Sak wise iku, bunderono ambek timbangen sekitar 75-an gram. terus dikom nak lengo goreng sampek 2 jam'an. Sak marine ngunu, lagek gawe isine sing bahane teko bawang putih, bawang abang, bawang bombai ambek ditambai gilingan daging mboh iku pitik utowo daging liyane. Terus diudek sampek roto. Sak wise gawe isine lagek ditipisno kulite sing wes dikom ambek lengo kletek maeng. Mari ngunu, isene dilebokno nang kulite sing wes ditisno maeng. Terus nag wes dilebokno lagek dogoreng.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2107", "text": "Awak dhewe ora entuk ngenyek yen ono wong utowo koncone dhewe sing gawe usaha. Opo wae usahane kui lan koyo piye wae kahanan pas kui awak dhewe ora entuk ngenyek. Soale iso wae kui lagi awal-awal usahane. Awak dhewe ora ngerti bakal koyo ngopo usahane sesok. Misale awak dhewe ngenyek ide usahane kui aneh. Awak dhewe pikir ora ono wong sing arep tuku barang utowo jasa sing koyo ngono. Sesok iso wae usahane gedhe. Ide sing awak dhewe bilang ora bakal payu kui jebul dadi solusi sing wong-wong goleki selama iki. Wong kui sing pisanan sadar peluang kui. Awak dhewe mungkin ngenyek mergo usahane ora payu. Nanging pas dheweke wis ngerti formula utowo coro dodolan sing cocok, awak dhewe ora iso ngebayangke meneh sak piro gedhene usahan dee.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7042", "text": "Awakmu kabeh pasti wes gak asing maneh ambek kendaraan sing jenenge bajaj. Bajaj iku salah siji kendaraan sing onok akeh banget ndek Jakarta. Sak liyane Jakarta, bajaj yo isok ditemoni ndek beberapa kota ndek Indonesia koyok Banjarmasin ambek Pekanbaru. Bajaj iki nduwe telung roda, siji ndek ngarep loro nang mburi. Bentuk kemudine meh meh mirip ambek motor. Nang Jakarta, onok loro werno bajaj, yaiku biru amben oren. Bedo ambek nang Banjarmasin, bajaj wernoe ijo. Terus ndek bagian nduwure onok penutup sing isok ngelindungi teko panas ambek udhan. Kapasitas bajaj iku isok gawe wong loro sing kabeh bakal lunggo nang mburine supir. Suara mesine iku mbrebeki pol, dadi kadang marai polusi suara. Tapi bajaj iki sek dadi andalan gawe nrobos macet soale bodine sing cilik timbanange montor biasa.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7469", "text": "Serunai, utowo onok sing nyebut puput serunai, yaiku alat musik tradisional sing asale teko daerah Minang. Cara munikno alat musik iki yaiku disebul koyok munikno terompet. Bagian sing unik teko serunai iki ujunge sing ngembang dan fungsine gawe nggedekno volume suara. Serunai iki nduwe lubang-lubang cilik sing fungsine gawe ngatur nada, mulai teko nada endek sampe nada duwur. Serunai iki isok dikatakno dadi alat musik sing munine nyaring buanget. Soale alat musik iki isok nggapai nada sing duwur banget dan onok kesan nyaring terus melengking banget. Tapi mbasio melengking, suara sing dihasilno tetep keroso merdu, dadi gak marakno kupinge awak dewe brebeken. Dadi gawe awakmu sing penasaran, coba awakmu nggolek alat musik iki pas liburan nang Minang. Sek akeh banget uwong Minang sing maino alat musik iki, dadi bakal gampang ketemune.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "7746", "text": "Kadangan awakmu pas buru melbu sekolah nang tahun pertama, awakmu ngeroso gak perlu gawe melu ekskul opo-opo. Pikirmu, sekolah iku mek gawe sinau, gak usah nambah kegiatan liyane. Tapi pas tahun kedua, awakmu ngeroso nek awakmu kepingin melu suatu ekskul. Tapi pendaftaran e iku biasane mek dikhususno gawe murid anyar tok, dadi bakal angel gawe awakmu sing wes nang tahun kedua. Tapi tetep onok cara ben awakmu tetep isok melbu ekskul nang tahun kedua. Carane iku ngehubungi langsung ketua ekskul e. Awakmu hubungi, terus ngomong nek awakmu pingin gabung. Cara koyok ngono iku dinilai luwe efektif dan akeh lolos e soale langsung ngejapri wong njerone.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9293", "text": "Lobster lan urang gampang didoleki ana ing pasar. Apa maneh pasar sing ana ing cedhak laut mesti bakal ngedol macem-macem lobster lan urang. Ora perlu kawatir karo kualitase, wis mesti apik amarga lobster lan urang iki kalebu seafood sing seger lan langsung didol ana ing pasar dadine yen dimasak mesti bakalan enak banget. Ing pasar laut iki contohe, lobster sing didol iku lobster sing gedhene sak tangane wong gedhe. Daginge wis mesti akeh banget, kulite warna abang lan coklat, lan ambune ora amis. Lobster sing didol ana ing pasar laut ora pati larang yen dibandingna karo lobster sing didol ana ing supermarket.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "9249", "text": "Banyu putih iku nggarai awak seger waras. Amarga awak iki kasusun karo banyu, mulane awake kene uga mbutuhake pirang-pirang persen banyu putih supaya tansah seger waras. Miturut website STIKES, banyu putih sing dibutuhake utawa sing kudu diombe sedina kurang luwih 2 liter. Manfaate ngombe banyu putih iku akeh banget. Njaga kondisi kadar cairan sing ana ing awak supaya ora kekurangan cairan, ngewenehi energi kanggo otot, njaga kesegaran kulit, nambahi oksigen, lan supaya ora gampang ngantuk utawa pegel. Yen angel ngombe banyu putih, ora apa-apa, kudu genah-genah wae. Ayo padha seneng ngombe banyu putih 2 liter sedina supaya awak tetep seger waras!.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5088", "text": "Umat Hindu Tengger iki duwe prosesi adat kanggo mengeti rasa sukur marang Sang Hyang Widhi Wasa. Upacara iki arane upacara kasada. Upacara iki dilaksanakake saban tanggal 14 sasi kasada. Upacara iki saka tradisi sing diwarisake Rara Anteng, yaiku putri saka Majapahit lan Jaka Seger, putra salah sawijining Brahmana ning tlatah Jawa. Upacara iki maune kanggo mengeti pengorbanane Raden Kusuma, yaiku salah siji saka selawe putra Jaka Seger lan Rara Anteng sing dihadiahake saka Hyang Widhi. Nanging Raden Kusuma kuwi nyemplung marang kawah Bromo amarga gunung kuwi wes arep mbledos lan mangan akeh korban. Amarga kuwi, ning Hindu Tengger ana prosesi sing bedha karo umume umat Hindu. Nanging ya awak dhewe kudu ngurmati lan ngrumat kesejahteraane warga Tengger iki. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7086", "text": "Salah siji bentuk awak dewe mendukung perfilman Indonesia iku nonton film secara legal. Salah sijine iku nonton film e langsung nang bioskop. Jaman saiki tuku tiket gawe nonton film nang bioskop iku macem macem, mulai teko tuku langsung ndek tempat sampe tuku online. Gawe uwong-uwong sing bingung cara pesen lewat online utowo kepepet, solusine yaiku pesen langsung ndek panggone. Pertama, awakmu ngantri ndek loket pemesanan tikete. Mbari ngono, pilih film sing kate mbok dontok. Terus pilih jadwal penayangan film sing mbok pingini. Nek wes mari, garek bayar dan tiket fisik langsung mbok terimo. Ojok lali tuku jajan ambek ngombe gawe ngancani nonton film.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6961", "text": "Ben ditakoni ambek uwong kerjone opo, mamaku mesti njawabe ibu rumah tangga. Padahal, meneng meneng mamaku iku dadi juragan bakul warung, tapi gak onok wong sing eroh. Hal iku polane mamaku nyiapno panganan gawe warung teko omah, terus panganan iku bakal digowo nang warung ambek karyawane mamaku dan didol nang kono. Istilahe ngono mamaku gak atek nang warung, cukup eroh perkembangane teko karyawane tok. Nek onok bahan-bahan sing entek, mamaku garek transfer duit nang karyawane dan kabeh bakal diurus. Dadi mamaku iki ketoke mek meneng tok nang omah, dan wong-wong podo percoyo, padahal penghasilane sak dino teko warung iku akeh banget. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "10115", "text": "Sekul menika daharan pokok tiyang Indonesia. Tanduran pari ingkang kathah sanget wonten Indonesia dadosaken sekul menika paling pas menawi dados daharan pokok. Pari ngasilaken beras ingkang saged dimasak dados sekul. Jaman biyen, tiyang Indonesia damel sekul kagem kukusan saking anyaman godhong pring. Kukusan menika awujud segitiga. Nalika ajeng dipunangge ngukus sekul, kukusan dipasang kuwalik supados saged dilebetaken beras. Wonten andhapipun kukusan wonten dandang ingkang sampun diisi toya. Uapipun toya menika bakal damel sekul mateng. Dandang jaman biyen ugi benten kaliyan dandang ingkang lumrahipun wonten dapur. Dandang ingkang kagem adang sekul jaman biyen didamel saking tembaga, dene dandang sakmenika didamel saking stainless steel utawi alumunium.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "9375", "text": "Nyenengke awak dhewe kudu dilakoni saben duweni wektu longgar. Kerja utawa sekolah saben isuk iku uga nggarai stress. Kudu nyepakna wektu sisan kanggo nyenengke awake dhewe utawa kasebut me time. Kanggo nyenengke awake dhewe iki macem-macem banget. Ana sing dolan dhewean, mlaku-mlaku ing mall, kulineran, pijet utawa spa ning salon, nganti ana sing turu wae wis dadi me time. Aja medhit karo awake dewe babagan nyenengke awake dewe. Ora oleh eman ngetokne dhuwit kanggo awake dhewe. Amarga yen mung kerja utawa sekolah thok lan ora tau dolan lan nyenengke awake dewe iku bakalan getun mburi lan bakal ngerasa pegel dewe.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2485", "text": "Ndelok film saiki yo iso nag endi-endi soale wes ono hp, laptop, ambek Tap. Polahe iku maeng kebutuhan ndelok film akhir-akhir iki mundak akeh. Salah siji situs nerangno nag sekitar 5 tahun terakhir iki kebutuhan chanel sing langganan film yo mulai akeh. Per koro maeng yo dijelasno sisan ambek salah sijine perusahaan sing ngalami peningkatan nang jumlah pelanggan TV kabel sing nyediakno pogram chanel movie. Tapi saiki nag delok film yo kudu iso ngerti endi sing pantes didelok ambek sing ora pantes didelok. Masalahe kadang produksi film mok gawe film tok tanpo mikirno nilai sing bakal diwehno kanggo sing delok. Mangkane nag awakmu delok movie ojo angger delok. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9381", "text": "Sahda seneng ndelok film horor utawa film sing nyeritakna babagan lelembut. Minggu iki ana film sing judule \"Pengabdi Setan\", Sahda ora kesuwen langsung budal ning bioskop kanggo ndelok film iki. Masio dewean, Sahda ora wedi amarga pancen dheweke seneng kanggo ndelok film ngene iki. Sawise 2 jam ana ing njero bioskop, Sahda metu karo keweden. Dheweke ora nyangka yen film sing nyeritakna babagan wong sing ngabdi ning setan iki medheni banget. Setan sing metu uga setan Indonesia kayata pocong, lan liyane. Sawise tekan ana ing omah Sahda uga ora wani kanggo ning jeding dewean amarga isih kelingan apa sing ana ing film iku mau.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "3549", "text": "Dodolan online iku ancene saiki wes akeh, ono sing teko sosial media koyok contone Instagram, Facebook,ambek market place barang yo ono. Tapi kanggo wong sing dodolan nang internet yo kudu ati-ati masio iku ketoke enak ambek modale ora sepiro gede tapi yo kudu merhatekno sopo sing tuku. Soale saiki iku akeh wong sing dodolan nang internet iku kenek tipu ambek dibujuki karo wong sing tuku. Mangkane kudu ati-ati nag dodolan lewat sosial media. Tapi nag ancene aman yo mesti dodolan nang market place soale ono sing ngejamin keamanane ambek ono sistem sing marakno sing tuku ambek sing adol iku aman. Dadi penipuan iku ora sepiro akeh. ", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "4758", "text": "Museum angkut ning Kutha Batu kuwi salah sawijining museum edukasi sing ora mung nyuguhake hiburan, nanging ya pengetahuan babagan transportasi lan kaitane karo kebudhayaan ning Indonesia lan manca negara. Museum angkut iki uga nyediakake pasar apung panggon tuku panganan khas lan oleh-oleh. Ning museum angkut iki uga ana hiburan kaya karnaval mobil utawa atraksi saka petugas sing marai suasanane tambah meriah. Museum iki buka tahun 2014 lan dadi museum transportasi pertama ning tingkat Asia. Amarga kuwi, awake dhewe kudu bangga marang objek wisata iki lan kudu duwe kesempatan ngunjungi museum iki. Museum iki bakalan ngewenehi pengalaman sing ora bakal bisa dilalekake. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2384", "text": "Nag desoku akeh sayuran salah sijine yaiku kangkung, Kangkung sing gelek ditandur karo wong desoku tibak'e duwe manfaat ambek kandungan sing lumayan apek kanggo awak, salah sijine beningno moto. Jarene koncoku sing ahli gizi, kangkong yo iso gawe ningkatno imunitase awak. Sak liyane iku, kangkong yo murah ambek gampang ditemokno nang endi-endi. Angger pasar mesti ono sing adol kangkung. Masio kangkong iku gampang ditemokno, tapi ono sebagian dokter nag wong sing duwe asam urat, ora ole mangan kangkung. Nag jareku, mangan kangkung ora masalah pokoke ora akeh-akeh. Sak liyane Kangkung, nag desoku yo ono buah sing paling akeh yo iku gedang. Gedang iku yo akeh manfaate. Jarene koncoku gedang iku duwe vitamin akeh koyok vitamin D3, A, ambek B5. Terus ono maneh sing ngarani nag gedang yo kenek digawe tomboh pegel. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2735", "text": "Cerito urip sing dijipek teko uripe wong sing bendinone kedaden ancene apik kanggo nyontokno ajaran agama sing kelakon nang urip. Lah salah sijine cerito iku maeng ono wong sing penggaweane senenge pol ambek wudu. Anger batal wudu, angger batal wudu sampek bendino iku mboh wes peng piro olehe wudu iku maeng. Lah pas siji dino wong iku maeng dikabarno mati, tapi masio mati tibak'e awake iku resike megilan ambek koyok isek seger. Lah teko cerito sing model ngini ancene yo apik ae soale wudu yo duwe manfaat sing gedene pol kanggo uripe menungso soale iso jogo awak teko bakteri, ambek teko endut-endut sing ora ketok karo moto.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "8136", "text": "Ngalami rugi iku wes dadi hal sing gak isok dihindari maneh. Nek misal awakmu wes rugi, terus opo sing bakal mbok lakoni? Yo hadepi lah, ojok langsung nyerah. Rugi iku pasti bakal kedaden tapi sek tetep isok diatasi. Aku nduwe cara gawe ngatasi kerugian nang perusahaan. Siji, ngelakoni evaluasi. Tujuane iku gawe ngetahui penyebab sing marakno kerugian iku mau. Loro, merbaiki sistem bisnis. Lakoni tinjauan nang SDM sing bermasalah, terus lakoni tindakan nek misal onok masalah. Telu, ngelakoni perubahan. Contohe ngubah strategi pemasaran. Papat, atur keuangan. Perbaiki manajemen keuangan ben kondisine isok membaik pisan. Terakhir, tetep fokus dan optimis. Lakoni sembarang cara gawe mertahano perusahaanmu dan tetep pede nek iki bakal berlalu.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "8680", "text": "Sakjane iku aku paling males nek dikon iling-iling tentang KKN. Hal iku mergo kenangan nang kono iku gak onok apik-apike. Bahkan aku ngelakoni program kerjo ae dirasani entek-entekan. Contohe pas aku nyetelno film sing didelok ambek arek-arek cilik. Warga sing ndelok iku langsung ngenyek aku. Jarene program kerjo kok nonton film, endi bentuk pengabdiane. Padahal film sing tak sudokno nang arek-arek mau iku Laskar Pelangi, salah siji film Indonesia sing edukatif puol. Teko kono, aku ngekeki nasehat nang arek cilik mau hikmah opo ae sing isok dijupuk. Arek-arek mau akhire nurut dan temenan ngelakoni opo jareku. Tapi ngono aku sek dirasani ae. Gak njaluk suwun mergo anak-anake dadi arek sing apik, tapi sek nyalahno ae. Ancene bedo kok cara mikire wong deso karo aku sing wong kota iki.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "3155", "text": "Pertandingan Olahraga ancene perlu dionokno mboh iku sak tahun pisan, sak ulan pisan utowo pirang tahun pisan. Nah tujuane iku maeng ben iso nguwei semangat ambek wong sing geluti olahraga iku maeng, masio ora tau menang paling gak ono sing digawe tujuan kanggo olahraga maeng. Mangkane pertandingan olahraga ancen positive selagi ora dadekno masalah koyok sing kedaden nang malang, terus ono tawurane ikukan iso marakno wong maleh mikir nag bal-balan iku elek padal asline bal-balan iku yo apike glani. Polahe iso dadekno wong sing hobi ambek seneng bal-balan maleh duwe semangat. Yo kudune nag ono pertandingan iku yo sing tertip ojo sampek garai pertanding iku maeng ajor.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9617", "text": "Nalika Jumatan mesti ana khotbah Jumat. Kanggo Jumat iki sing khotbah yaiku Ustadz Rusydi, guru ngajiku pas aku SD mbiyen. Ustadz Rusydi nalika ceramah nadae rada alus amarga wis tuwa dadine marakke ngantuk banget. Aku kadang uga kesirep nganti merem. Nanging, nalika ngerungokne khotbah jumat ora oleh nganti keturon. Iki cara supaya ora ngantuk nalika ngerungokne khutbah jumat. Kaping siji, nalika prei pas jumat aja lali turu sik sadurunge jumatan. Kaping loro, senajan ora oleh mangan utawa ngemut permen jajal kanggo njiwit tangan nalika wis mulai ngantuk. Kaping telu, aja senden ning tembok utawa manggon sing adoh saka kipas supaya ora tambah ngantuk.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7703", "text": "Balap karung iku permainan kompetitif sing wes terkenal banget nang Indonesia. Cara dolen balap karung iku dengan ngelebokno sikil nang njero karung sampe sak pinggang terus lompat-lompat ket titik awal sampe garis finish. Wong sing paling pertama tutuk garis finish iku pemenange. Balap karung iki dadi permainan sing paling akeh dilakoni pas Agustusan. Nek mbiyen, sing dolen balap karung iku akeh akehe arek cilik. Tapi tambah suwe, wong tuwek yo mulai melu dolen balap karung sisan. Lomba balap karung iki mek onok nang Indonesia, makane wong-wong luar negeri sing ndelok iki pertama kali akeh sing ngeapresiasi soale bagi mereka hal koyok ngono iku unik.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "8145", "text": "Nek tak delok delok, ibu ibu nang sekitarku iku sennegane podo dodolan online. Pas tak takon opo jeneng toko Shopee utowo Tokopedia ne, jare podo gak nganggo. Ibu-ibu iku mau promosine mek teko status WhatsApp, wes mari. Tapi nek tak gatekno maneh, dodolane iku malah laku keras. Malah dodolane iku isok ngeluweni uwong sing nduwe toko nang platform online. Alesan koyok ngono iku mergo ibu-ibu iku nduwe kontak sing luwe akeh dan pasti podo ndelok status WhatsApp e. Teko kono, konco-koncone sing ndelok podo tuku kabeh deh. Istilahe ngono ibu-ibu iku podo wes nduwe pelanggan tetap sing pasti bakal nukoni dodolane. Hal iku sing marakno ibu-ibu gak usah atek repot nggawe toko nang platform online, manfaatno ae status WhatsApp.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "2428", "text": "Nag delok data'e sing dolan nag jogja tahun iki teko situs warta.jogja.go.id tibak'e ora disongko-songko soale tambah akeh nag dibandingno karo tahun-tahun sak durunge. Akehe sing dolan nang jogja iku maeng disebabno polahe akehe panggonan wisata sing aneh-aneh ambek sing garai pengen doalan maneh nang jogja contone koyok malioboro sing legendaris ambek alun-laun keraton sing duweni sejarah dowo konggo negeri iki. Teko akehe wisata iku maeng pemerintah yogyakarta ngarepno sing teko bakale akeh maneh soale pemerintah bakal ngapiki sistem mekanisme penyambutan para wisatawan sing bakal mampir mrono. Opo maneh saiki pemerintah wes nyiapno utowo bangun pirang-pirang wasilitas sing ono nag daerah wisata iku maeng ben sing dolan tambah seneng. Mangkane saiki dolano nang jogja soale jogja saiki tambah apik.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2350", "text": "Riyoyoan tahun wingi pas aku dolan nag kediri, aku disuguhi karo kerupuk rambak sing bakale teko kulit sapi, awitane pas delok rupane koyok-koyok ora seneg, tapi pas njajal tibak'e enake pol sampe entek uwakeh. Terus jaluk mentahane sisan nang koncoku digawe nang omah. Marini ngunu koncoku yo yugohi kerupuk mlenjo, jarene koncoku iku enak, tapi pas tak jajal tibae pahite pol. Mari ngunu aku nggaber-ngaber kepaiten, terus nag jarene uwong sing duwe asam urat, iku iso kumat. Mangkane awit iku aku ora seneng karo sing jenenge krupuk melinjo, polahe rasane pahit pol, mosok wes diombeni bolak-balik ora iso ilang pahite. Seje ambek krupuk rambak, tambah akeh mangane tambah pengen nambah.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "6379", "text": "Nandur sayur organik kuwi penting kanggo uripe masyarakat saiki. Pestisida, obat, lan pupuk kimia wis kebukti bisa nggawa penyakit lan uga bisa dadi zat karsinogen utawa penyebab kanker ning jerone awak. Sayuran organik kuwi bisa marai awak luwih sehat lan nutrisi sing berkembang alami. Yen nandure bener, hasil panen organik iki ya uga bisa dadi apik. Wong sing mangan sayuran organik iki mesti ngerasakake pencernaan sing luwih lancar. Senajan jarak panen luwih adoh, biaya sing ditokke kanggo nandur sayuran organik iki luwih murah. Kamangka, aja mung konsumsi, awak dhewe uga bisa mulai nandur sayuran organik saka omah kanggo ketahanan pangan keluarga. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "7472", "text": "Jaran kepang utowo jathilan iki salah siji tarian tradisional sing asale teko Ponorogo. Tarian iki dadi siji kesatuan kalo kelompok utuhe reog. Jarang kepang iki digambarno sebagai pasukan gagah berani sing numpak jaran. Jathilan iki teko kata jathil sing maksute jarane thil-thilan utowo jaran sing joget gak karuan. Jaran kepang iki nganggo jaran dolanan pas joget sing jenenge eblek ponorogoan yaiku anyaman sing bentuke koyok jaran. Tari jaran kepang iki dadi media dakwahe Wali Songo. Salah sijine sing nganggo cara dakwah iki yaiku Sunan Kalijaga sing asli keturunan bangsawan Wengker, Ponorogo. Teko kono, akeh sing tertarik ambek ajaran Islam marine ndelok tarian sing nganggo eblek ponorogoan iku.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "10147", "text": "UNESCO sampun nobataken Wae Rebo dados warisan budaya dunia. Wae Rebo menika asmanipun desa tradisional wonten Nusa Tenggara Timur. Desa Wae Rebo dipunjuluki desa wonten dhuwur awan amargi lokasinipun ingkang wonten sewu meter saking pernukaan laut. Wae Rebo kondhang ugi amargi budayanipun ingkang unik. Warga wonten mriku manggon wonten griya ingkang bentukipun kados krucut saking godhong lontar lan ijuk ingkang dibagi dados rong tingkat. Asmanipun griya adat wonten Wae Rebo menika Mbaru Niang. Mbaru Niang dibagi dados rong tingkat supados dados panggonan kangge nyimpen bahan daharan. Bahan daharan disimpen wonten bagian inggil. Bagian andhapipun kangge kumpul bareng kulawarga. Cacahipun griya menika namung pitu. Mbaru Niang Suku Manggarai ingkang manggoni griya kasebat ugi gadhah seni bela diri tradisional ingkang kasebat Caci. Tiyang Suku Manggarai biasanipun meragakaken Caci wonten Labuhan Bajo. Plesir menyang Wae Rebo betah usaha ingkang lumayan abot amargi turis kedah ndaki bukit, nglewati pinggir jurang, lan ugi alas ingkang tesih kathah wit-witanipun. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "10152", "text": "Warisan kerajaan Hindu Buddha wonten Indonesia tesih kathah ingkang panggonanipun ndelik. Kutha Solo kasunyatanipun ugi gadhah warisan budaya awujud candi kados candi Prambanan wonten Jogja. Panggonanipun tebih saking kutha Solo. Jarakipun telung puluh enem kilo saking Surakarta. Candi menika asmanipun Candi Sukuh, salah satunggaling warisan kerajaan Hindu. Nanging, bentukipun benten kaliyan candi Hindu sanesipun ingkang ramping. Candi Sukuh malah langkung mirip situs warisan suku-suku wonten Amerika sisih kidul kados Suku Inca wonten Peru. Bentuk ingkang mekaten dibangun amargi nalika pembangunan candi, pengaruh Hindu sampun pudar. Candi Sukuh dipunpitatos dibangun kangge ngruwat utawi mbucal sial. Hal sanesipun ingkang unik wonten candi Sukuh menika patung bentuk lingga lan Yoni. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "1242", "text": "Yen awak dhewe arep dodolan neng Instagram kui salah siji kuncine kui, awak dhewe kudu gawe feed sing menarik. Kirimane kui ono informasi terkait barang dodolan dhewe kui pasti. Nanging, feed kui bakal dadi nilai tambah sing gawe pembeli kui pengen tuku barange dhewe timbangane tuku neng toko daring liyane. Yen aku arep gawe bisnis liwat Instagram dhewe aku mesthi bakal ngelakoke kui. Werno-werno sing ono neng Instagram usahaku kui kudu penak didelok. Aku kepengen ngagngo werno-werno sing lembut. Aku uga ora bakal ngekei werno sing akeh. Aku pengene nganggo tema minimalis. Sak liyane gawene kui ora ribet, kanggo aku kui model kiriman sing penak didelok.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7003", "text": "Kota Suroboyo iku ancen terkenal ambek cuaca panase, dadi rasane gak mungkin nek nang kota pahlawan iku onok pantai. Tapi buktine onok lho. Jenenge Pantai Kenjeran. Lokasine nang jalan Kenjeran, Suroboyo. Waktu tempuhe mek 19 menit nek berangkat teko pusat kota Suroboyo. Sing terkenal teko Pantai Kenjeran iku wisaha perahune sing budal menyang bukit pasir ndek tengah laut. Biasane rego sewane sekitar 30 ewu sak kapal, tapi regone isok berubah pas preian. Terus sing menarik maneh teko Pantai Kenjeran iku wisata kulinere. Nang kene tersedia sembarang kalir macem panganan khas Suroboyo. Selain iku, ndek area sentral kulinere yo akeh dodolan souvenir sing isok digawe oleh-oleh. Jam buka pantai iki ket jam 7 isuk sampe jam 4 sore. Rego tiket masuke murah, mek 5 ewu per uwong.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6611", "text": "Kiki kelabakan amarga kudu nulungi adhine sing lagi mondhok ning rumah sakit amarga kecelakaan. Kiki ora bisa mbayar nganggo asuransi amarga asuransine lagi ana hambatan ning administrasi. Terpaksane, Kiki kudu nggawe dana saka rekening. Nanging Kiki bingung amarga biaya rumah sakit kuwi gedhe banget. Rekeninge mesti kepotong akeh banget. Kiki ora nduweni dadn cadangan kanggo keperluan iki. Banjur Kiki ngerasa nyesel ora nuruti apa jare pakar keuangan babagan dana cadangan kanggo keperluan sing mendadak kaya kecelakaan lan uga sak panunggale. Amarga kedadian kuwi, Kiki rugi akeh, Nanging ning sasi ngarepe, Kiki wis mulai nggolek lan nggawe rekening sing cocok kanggo nyimpen dana darurat. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6681", "text": "Kayane rampung kejadian kuwi, Ratih pengen lunga saka desa iki. Miturut Ratih, wong sing ngomong urip ning desa kuwi penak yaiku wong sing ora tau urip suwe ning desa. Wong sing wis suwe nang desa mesti paham kepiye karakter lan tingkah asline kaya ngapa. Amarga Ratih kerja ning kutha lan gajine gedhe, kabeh wong desa ngomongake keluarga Ratih ning mburi. Wong ning desa ngomong yen Ratih kerja ora bener ning kutha, arep nanggepi, nanging Ratih ngerasa kesel dhewe. Banjur Ratih ngerasa yen saya suwe, kabeh iki saya amrai mumet. Banjur Ratih saiki arep nggawa wong tuwa lan adhine pindah menyang kutha. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "4047", "text": "Aku iku duwe konco nang kota Pahlawan, deke iku wes koyok dulur dewe, nag ono-opo mesti goleki aku ambek telfon aku, masio aku wes meh ora tau petok deke, tapi mesti isek akrape pol. Nah sing garai rakete pol iku maeng ora mergo opo-opo tapi ancene wes podo ngerteni ambek percoyo. Bocahe yo gelek jaluk tolong karo aku mboh masalah duwet utowo liyane. Podo ae, aku barang yo ngunu masio adoh yo gelek jaluk tolong masalah duwek barang. Mergane awak dewe kabeh wes podo ngerti kebiasakane ambek perekonomiane dewe-dewe dadi, nak aku kangelan yo yela deke. Nah awak dewe wes podo percoyo mangkane awak dewek kabeh iku mesti gantian nyelangi duwek nag wes kadung butoh mergo wes podo percoyo.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "6920", "text": "Aku iku seneng banget ambek delima, cuma aku males banget nek kudu mreteli buahe siji siji, terus sensasinya dadi kurang mantep ae. Akhire ambek mamaku dikon ngejus ae timbang ruwet karepe dewe. Carane buah delima dipreteli kabeh, gak usah rapi-rapi banget sing penting kekupas resik. Mbari ngono buahe dilebokno nang blender terus ditambahi air sekitar 1000 mL, isok kurang isok luwe, pokok disesuaino ae. Ojok lali ditambahi gulo sekitar 4 sendok makan utowo sesuai selera. Nek awakmu seneng legi yo isok ditambah, nek gak yo isok dilongi. Mbari ngono blender sampe alus. Nek wes mari, jus e iku mau disaring disik sakdurunge disok nang gelas. Wes deh, jus buah delima wes isok diombe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "2445", "text": "Perkemabangan wisata saiki ancene megilan nag dibanding tahun-tahun sak durunge. Masio biyen durung ono covid, tapi perkembangane yo ora koyok saiki. Perkembangan iku maeng yo sing garai alat transportasi wisata barang kudu maju. Akhire akeh transportasi wisata sing nyediakno tawaran paket wisata karo rego sing murah ambek fasilitas sing lumayan. Jareku transportasi wisata saiki ancene perkembangane melok'i perkembangan jaman, soale fasilitasi bener-bener lengkap timbang biyen, saiki kabeh transportasi wes duweni sing jenenge AC, kursi lipat, sampek TV barang wes ono. Mangkane wong-wong saiki podo seneng nag rekreasi rombongan numpak Transportasi wisata. Masio panggonane adoh sing penting transportasine enak mesti seneng.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "494", "text": "Borobudur kui awale dudu dadi panggon wisata. Borobudur kui candi Budhas sing dienggo umat-umat Budha kanggo ibadah. Nanging, beberapa tahun kepungkur, Borobudur kui dadi panggon wong kanggo plesiran. Ora ono sing salah seko kui. Neng sisi liyo, pas panggon kui dadi daearah wisata, ekonomi wong-wong sekitar kono uga kebantu. Sing disayangke kui, akeh pengungjung candi Borobudur sing ora ngerti opo malah ora sadar yen Borobudur kui panggon ibadah. Koyo wong-wong kudu ngurmati gereja utowo wong-wong kudu duwe adab neng jero masjid, candi iki uga panggon ibadah sing awak dhewe kudu kurmati. Wis sak mesthine, awak dhewe saling mengormati panggon ibadah siji karo liyane.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "822", "text": "LeBron Raymon James sr. saiki dadi salah siji pemain basket sing terkenal. Pemain basket sing duwe celukan \"King James\" iki ngewiwit karire dadi pemain basket ket dhewe ono neng SMA. Pas awal-awal karire kui, duwure sekitar 1.9 meter. Saiki pemain sing digedheke neng tim Cleveland Cavaliers iki duwur wis tekan 2.06 meter. Dheweke kui wong amerika-afrika sing duwe kulit ireng. Rambute saiki botok. Dheweke uga duwe brewok sing kandel bangian ngisor raine lan duwe kumis sing kandel nanging ora tekan gatuk karo brewok. Saiki dhewe dadi pemaine tim asal kota Los Angels, yaiku Los Angels Lakers. Neng tim sing nganggo kaos werno kuning kui dhewe nganggo nomor 6.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "7079", "text": "Onok sing nganggur terus bosen ambek kegiatan utowo hobi sing biasane dilakoni? Gawe sing muslim, iku tanda nek wayahe awakmu gawe ngaji. Opo maneh nek atimu wes mulai gundah terus rasane bingung kabeh, wes temenan awakmu kudu ngaji. Ngaji, opo maneh nek sampe arti nang Al-Qur’an e diwoco dan dimaknai, rasane ati iku isok dadi tenang. Mungkin gawe wong sing jarang ngelakoni, ketoke koyok khayal banget. Tapi gawe wong sing wes kulino dan wes rajin ngaji, onok kekuatan spiritual sing marai iku kabeh bener onone. Wong-wong sing wes rajin ngaji, mlayune pasti langsung moco Al-Qur’an nek wes gak tenang mergo masalah nang dunyo. Dadi gawe dulur-dulur muslimku, ayo mulai rajin ngaji rek.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "4628", "text": "Wedhang uwuh kuwi salah siji ombenan sing paling nyehatno lan duwe manfaat bisa nambah energi kanggo nyambut gawe. Manfaat iki ana amaraga akeh rempah-rempah sing ana ing wedang uwuh iki. Kajaba jenenge \"uwuh\" utawa \"sampah\", rasane enak lan nyegerake awak sing lagi pegel linu. Rempah-rempang sing digawe yaiku jahe, godhong salam, kencur, keningar utawa kayu manis, lan kayu secang. Ciri khas ombenan iki werna abang amarga ana campuran secang. Akeh pabrik wing wis bisa produksi wedang secang instan langsung seduh nganggo banyu panas. yen pengen legi, isa ditambah gula batu utawa gula aren. Amarga akeh kasiyate, ayo keluwargane padha dijak konsumsi ombenan sehat iki. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "9215", "text": "Dolan ning Jakarta kurang pas yen ora mampir ning lawson. Salah siji minimarket sing asale saka Jepang iki ora mung ngedol barang-barang kanggo sadina-dina. Nanging saiki wis akeh banget panganan cepat saji sing didol karo Lawson. Tuladhane kaya odeng, roti isi, sosis, nganti macem-macem sega sing bisa langsung dipanasi ning oven lan langsung dipangan. Lawson iki isih akeh ana ing Jakarta lan durung pati akeh ning kutha liyane. Menu sing paling akeh dituku yaiku odeng. Amarga odenge kerasa sedhep banget. Ora amis lan dodohne kerasa pol bumbune. Regane uga murah lan standart kanggo panganan sing bisa langsung dipangan kaya ngono.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "5025", "text": "Crita babagan kepiye asal-usule menungsa kuwi diciptakake dadi salah siji cerita sing akeh banget diceritakake kanggo ngewenehi penjelasan kepiye setan dibuwang saka swarga. Ning cerita kuwi, iblis dadi lakon utama sing nolak anane Nabi Adam amarga jare kekuatane geni luwih dhuwur tinimbang lemah. Amarga kuwi, iblis diarani sombong lan dibuwang saka swarga. Iblis akhire nggawe sumpah yen arep nggudo kabeh anak turunane Nabi Adam. Ana riwayat yen iblis iki salah siji penghuni swarga sing ahli ibadah lan paling manut, nanging amarga sombong, kamangka iblis iki dibuwang saka swarga. Babagan iki bisa dadi renungan yen takwa kuwi bisa ajur amarga ana kesombongan. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9651", "text": "Wulan juli wingi ahmad ngerayakno riyoyo kurban. ahmad iso tuku wedhus digawe kurban di deleh ing masjid cedek omah e. ahmad tuku wedhus nggawe duwit e dewe. ahmad nyelengi duwit sangune sing diwenehi karo ibune wektu sekolah. yen riyoyo kurban ahmad seneng delok beleh e sapi karo wedhus wedhus sing dilumpukno ono ing masjid. marine ndelok belehane sapi lan wedhus iku mau . daginge bakal dibagekno dadi sak deso. ahmad yen sore mesti ngewangi ibuk e masak daging sing oleh tekan masjid isuk mau. ibuk e ahmad biasane nggawe sate karo gule. nanging ahmad ora seneng gule dadine arek e mangan satene tok. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "537", "text": "Cerita rakyat duwe nilai-nilai sing penting kanggo dadi cekelan awak dhewe urip. Nilai-nilai sing apik iki luwih apik yen dikenalke seko cilik. Awak dhewe iso ngenalke crito rakyat iki sebagai bahan moconan sak durunge anak turu. Timbangane anake dhewe dolanan gawai tekan keturon, luwih mending awak dhewe cerito cerito rakyat kui neng anak. Iki uga iso dadi proses supoyo ikatan wong tuwo karo anake luwih cerak meneh. Sing keloro, penulis cerito rakyat khususe kaggo anak kui kudu luwih akeh supoyo wong tuwo duwe luwh duwe akeh pilihan. Bukune uga kudu didesain seapik mungkin supoyo anak luwih tertarik moco utowo dimocoke cerito daerah kui.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5180", "text": "Ning desaku, ana sing jenenge Mbah Supomo utawa Pomo. Mbah Pomo iki salah siji pemangku adat ning Desa Jambe iki. Mbah Pomo biyen dalang wayang kulit. Nanging barang wis sepuh lan ora kuat ndalang, Mbah Pomo luwih seneng ning omah, ternak pitik, uga melu ngarit ning sawah kanggo makani wedhus-wedhuse. Nanging yen ana acara adat kaya bersih desa, Mbah Pomo iki maju paling ngarep kanggo melu mutusake kapan kudu dilaksanakake bersih desa iki lan uga reramean liyane kaya slametan tandur. Kamangka kuwi, Mbah Pomo iki isih dihormati karo warga Desa Jambe. Mbah Pomo uga isih dadi jujugan bocah-bocah cilik yen arep sinau ndalang. ", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5431", "text": "Salah siji alat olahraga sing paling pengen tak tuku taun ini yaiku barbel sing sak set lan duwe macem-macem bobote. Barbel iki uga dadi piranti sing gampang kanggo olahraga. Nanging manfaat barbel iki gedhe, yaiku mbentuk otot sing ana ning lengan. Aku pengen mbentuk lengenku amarga katon tambah lemu lan akeh lemak sing ana ning kono. Wis njajal diet nanging ya isih gagal. Kamangka aku ngandelake barbel kanggo latian olahraga ben bisa mbentuk lengen lan mbiyasakake angkat beban ben otot ana latiane. Aku milih barbel ning toko online lan mbelanjakake dhuwitku ning toko kuwi. Saiki aku duwe barbel sing bisa tak dadekake piranti olahraga ning kos utawa ning omah. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9045", "text": "Salah siji investasi terbaikku iku nduwe filter banyu ombe alias water purifier. Alat iki nduwe fungsi gawe nyaring banyu teko sembarang kalir zat berbahaya koyok bakter, kotoran, ambek logam nganggo filter sing onok nang alat iku. Nek wes ngono, banyu iku mau isok luwe resik, gak onok wernone, gak onok mambune, dan isok diombe. Dadi banyu mentah teko kran iku isok dilebokno kono dan aman gawe diombe. Teko kono, aku iku dadi ngirit pengeluaran pol. Soale aku iku arek e seneng ngombe. Kadangan pengeluaranku iku entek nang banyu ombe tok. Semenjak nganggo filter banyu ombe, pengeluaran gawe banyu ombe iku isok tak alokasikno gawe keperluan liyane, dadi isok luwe hemat sisan. Bener-bener bermanfaat pol alat sing siji iki.", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "4094", "text": "Asline munggah bes iku yo ono carane ben ora tibo. Nah nag jareke kabeh kondektur utowo kernet bis uku yo kudu nyudohno kabeh wong sing ate numpak maeng ben slamet. Tapi buktine ora kabeh kernet gelem nyudohno wong sing ate numpak bis maeng, akhire yo ono ae wong sing tibo pas numpak bis. Masio wes diulangi barang yo isek ono ae wong sing tibo pas numpak bis maeng. Akhire yo gelem gak gelek kernete maeng ora ngulangi tapi tambah nulungi penggaweane. Yo asline apik ae se numpak bis, soale saiki bis yo wes apik-apik ora koyok bisen sing egrek-egrek ora karoan sing marakno wong sing numpak mutah-mutah ora karoan mergane ambune ora enake pol.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9379", "text": "Rembugan bab kagiyatan kang bisa katindakake ing wektu longgar kuwi yen dipantha-pantha mbok menawa bisa akeh banget. Kagiyatan workout mbok menawa biasa dadi alternatif. Menawa delok trend nalika covid-19, pranyata akeh kang migunakake wektu karantina kanggo workout. Jumbuh karo panaliten kang katindakake dening Michael Yassa ahli syaraf saka University of California, panjenengane mratelakake bilih mlaku, yoga, utawa taichi kanthi wektu 10 menit wae jebulane bisa ngundhakake ingatan ing sajroning otak. Mupangat workout saliyane kuwi ing antarane: gawe ayeming otak, njaga sarasing jantung, njaga bobot awak, nyepetake regenerasi balung, njaga sarasing paru-paru, saha bisa gawe ati tansah krasa bungah. Ngerti mupangat kang akeh iki, mula ayo padha wiwit workout!\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "8118", "text": "Sopo ae iku isok dadi karyawan kantoran, bah lanang bah wedok, utowo bah enom bah tuwek. Salah sijine iku ibu-ibu sing wes berumah tangga. Biasane mergo keterbatasan ekonomi, ibu-ibu iki sek rela kerjo nang Kantor demi ngestabilno kondisi ekonomine. Bahkan mereka kudu rela ninggalno anak nang omah gawe kerjo. Gawe awakmu ibu-ibu, nek semisal kantormu iku nawarno kerjo hybrid, mending awakmu langsung terimo tawaran iku. Kerjo hybrid iki dadi kerjane iku pirang dino nang Kantor dan pirang dino nang omah. Istilahe ngono, engkok awakmu isok nduwe wektu luwe akeh gawe bareng-bareng ambek anakmu, dadi anakmu gak bakal ngeroso kesepian nemen. Selain iku, awakmu isok sisan mbecikno keadaan omah ben gak berantakan nemen mergo mbok tinggal kerjo nang Kantor soale awakmu nduwe wektu nang omah.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "7788", "text": "Jaman saiki, wong-wong iku lagi seneng banget dolanan billiard. Bahkan saiki iku akeh banget panggon gawe nyangkruk utowo ngopi sing onok billiard e. Awak dewe nek ndelok kadang bingung, opo asike dolen billiard kan ya, wong mek nyodok bal ngono tok. Dadakno mbasio dolene ngono tok, billiard iku bermanfaat banget gawe ningkatno konsentrasi sing marakno awak dewe isok luwe fokus. Soale kan pas dolen billiard iku, wong bakal fokus nentukno sudut karo posisi sing pas ben isok ngelebokno bal iku kabeh nang lubang e kabeh. Dadi gawe awakmu sing sek ngeremehno billiard, cobaen disik lah. Wong manfaate apik, opo salahe gawe nyoba kan ya.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5054", "text": "Salah siji kebiyasaan nyepi sing kudu dadi teladan yaiku anane pecalang utawa keamanan adat sing ngamanake desa-desa ning Bali wayah nyepi. Salah siji desa sing duwe tradisi iki yaiku Desa Adat Tuban, Badung, Bali. Ana sawijining penduduk muslim, asmane Pak Toyib. Pak Toyib iki generasi pertama pecalang muslim sing ana ning kampung kuwi. Toleransi sing dhuwur marai Pak Toyib gelem jaga wayah Nyepi. Pak Toyib wis dadi pecalang 20 taun lan mesti ngelakoni jaga wayah Nyepi. Desa Adat Tuban iki mayoritas penduduke non-Hindu. Nanging ya amarga lingkungan kudu dijaga, pemuka adat ning kono setuju yen Pecalang iki ora mung saka agama Hindu ben ada keserasian. Toleransi sing kuat iki uga bisa marai kampung adem ayem. ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "9368", "text": "Kegiatan sing bisa ditindakake nalika preian iku akeh banget. Nanging yen bisa golek kegiatan iku sing ana manfaate supaya bisa duweni ilmu anyar nalika ngisi preian iki. Salah siji kegiatan sing bisa dilakoni pas preian yaiku melu kelas online. Miturut website coursera, ana pirang-piranh atus kelas online sing ditawarna kanggo sapa wae sing pengin sinau babagan ilmu anyar lan wektune bebas. Kelas online iku ana sing mbayar lan ana sing gratis. Kanggo ngisi wektu longgar nalika preian bisa jupuk kelas online iki bareng-bareng karo kanca supaya padha semangat. Ayo padha golek kegiatan sing bermanfaat nalika preian supaya tansah duweni ilmu anyar!.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2103", "text": "Salah siji hal sing dadi penting kanggo diduweni wong sing usaha kui visi. Yen pengusaha kui ora duwe bayangan arep digowe neng endi usahane kui, dheweke bakal angel ngedalanke usahane kui. Visi kui penting supoyo bisnisi ngerti akhire kui bakal koyo piye. Yen wis ngerti tujuan akhire, awak dhewe sebagai pengusaha dadi iso gawe rencana-rencana janka pendeke. Recana sing cilik koyo ngono kui penting supoyo gawe awak dhewe koyo visine dhewe. Nanging awak dhewe uga iling yen rencana janka pendek kui kudu disesuaike karo visine lan ora entuk berlawanan. Rong rencana kui kudune saling mengisi. Makane kui penting kanggo awak dhewe duwe visi yen gawe usaha.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "5539", "text": "Ning jaman saiki, TV kuwi sing paling penting dudu informasi sing diwenehake. Nanging rating sing dihasilake saka acara TV. Akeh sinetron lan drama sing sajane ora layak tayang uga marai akeh perdebatan sing bisa ngerusak mental. Sak liyane kuwi, uga akeh TV sing nyiarke berita sing ora aktual lan penonton ora oleh informasi sing cepet. Mestine acara TV sing sehat kuwi informasi, hiburan lan rating uga kudu seimbang. Wong sing kerja ning TV mesti kebayar senenge yen bisa ngasilake acara sing berkualitas lan bisa narik penonton. Kamangka, saiki para kantor TV kudu pinter milih pegawe sing kreatif lan bisa ngewenehi kemajuan marah siaran ning Indonesia ben ora mung sinetron sing ditayangke. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "2403", "text": "Wingi bocah-bocah podo ngomongno enggon sing jenenge cemoro sewu. Cemaro sewu iku nag daerah magetan sing parek karo gunung lawu. Panggonane iku nag deso ngancar, kecamatan plaosan, kabupaten magetan. Panggonane enake pol digawe dolan ambek cangkrukan karo delok pemandangan alam. Kerungu iku maeng aku terus aku pengen weru iku panggonan opo. Mari ngunu aku golek-golek info masalah panggonan iku. Tibak'e panggonan iku gelek tak lewati pas aku dolan nang magetan. Cemoro sewe iku asline lawange utowo gapuro sing digawe mlebu wong sing ate munggo gunung. Ancene nag kono panggonane uapike pol. Terus nag bengi to wes lumayan apik. Akeh warung, ambek penginapan sing buka nag daerha kono. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "2394", "text": "Nag situs panganan sehat gelek jelasno nag seafood duweni kandungan gizi sing ora diduweni sak liyane seafood. Koyok contone situse halodoc sing jelasno nag panganan seafood iku duwe kandungan lemak omega-3. Knadungan iki sing biasane iso bantu nyehatno jantung, termasuk ngurangi resikone penyakit kardiovaskuler contone koyok stroke, serangan jantung sampek aritmia. Sak liyane iku, asam lemak omega-3 yo apik gawe njogo kesehatane balung ambek sendi. terus yo iso gampangno obahe sendi ambek ngurangi kakune sendi polahe radang kronis nag sendi. Masio manfaate akeh tapi ora kabeh uwong seneng iwak laut karo macem-macem alasan. Ono sing polahe alerge, ono sing alasan ambune amis mbek liyan-liyane. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "6947", "text": "Alesan paling umum sing tau tak rungokno pas aku takon opo’o awakmu isok gak seneng ambek salah siji jenis ombean, yaiku mergo rasane. Onok sing mergo kelegen lah, aneh, lah, ga cocok lah, dan sek akeh maneh alesan liyane. Tapi onok rahasiane cek awakmu tetep isok nikmati ombean sing gak mbok senengi, yaiku ojok diambu. Soale terkadang ambu teko ombean iku isok ngaruh nang indra pencecap pisan. Cara iki isok mbok lakoni pas bener-bener lagi kepepet soale rodo ruwet. Pertama, penceten irungmu nganggo rong jarimu sampe awakmu gak isok ngambu opo-opo. Terus langsung ngombe ombean iku mau sing cepet. Nek wes mari ngombe, baru lepasno jarimu teko irungmu.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "437", "text": "Kematian kui ora iso dihindari. Kanggo wong sing isih urip, kematian kui dadi penginget yen awak dhewe sesok uga bakal koyo jenezah sing neng ngarape awak dhewe. Kanggo ngewehi penghormatan terakhir sadurunge jenazah kui, awak dhewe iso ngelakoke salat jenazah. Salat jenazah kui rukune salat biasane. Salat iki mung terdiri seko 4 takbir lan dipungkasi nganggo salan. Sadurune salat, awak dhewe niat disik. Bar takbir peratma, awak dhewe moco surah Al-Fatihah. Sak wise moco surat kui, awak dhewe ora rukuk, nanging takbir meneh.Takbir keloro, awak dhewe moco salawar. Takbir ketelu lan kepapat kui, moco dongo kanggo almarhum utowo almarhumah. Bar kui dipungkasi kanggo salam.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2321", "text": "Aku nag pas budal nang Jogja mesti pengen lewat Mediun. Soale nang kono ono pecel legenda sing jenenge pecel mediun. Yo kadang pecel iku diarane pecel pincuk madiun barang karek wonge sing dodol. Lah sing garai pecel iki enak yoiku teko sambel kacange, kulup-kulupan sing digawe ngelengkapi pecele, ambek macem-macem lawo sing disuguhno.Terus pecel madiun iku koyok opo se? Nah pecel madiun iku bahane yo teko kacang goreng, bawang putih, lombok abang, lombok rawit, godong jeruk, gula abang, asem jowo, ambek kencur. Lah bahan-bahan iku maeng digiling lembut. Nah, nag wes dadi karek dike'i banyu sak cukupe sampek dadi koyok sambel. Tapi sakdurunge ngecurno sambel pecel nang sego'e, ojo lali kulup-kulupane disek digeleh nag duwure sego nek kenek sambel pecele.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4689", "text": "Mlinjo iki bisa diarani tanduran sing manfaate segudang. Mulai saka buah, kulit buah, wiji, lan godhonge sing bisa dadi tambahan vitamin. Mlinjo iki bisa ngatasi macem-macem penyakit kaya anemia, hipertensi, pencernaan sing ora lancar, lan liyan-liyane. Buahe bisa diolah dadi emping lan rasane enak. Sing luwih enak maneh ya kulite sing bisa dioseng-oseng nganggo bumbu pedes legi lan godhonge bisa digawe jangan asem, lalapan, lan masakan liyane. Ana apoteker obat tradisional uga nggawe sari melinjo kanggo obat, nanging regane larang. Kamangka kuwi, saiki ayo golek manfaat saka tandurane langsung, salah sijine konsumsi mlinjo lan bagiane sing bisa dipangan ben luwih murah lan alami. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "447", "text": "Salat duha kui salat sunah sing apik. Jarene wong-wong kui, yen arep dibukake pintu rejekeni awak dhewe kudu kerep-kerep salat duha. Wektu pelaksanaane kui sing paling apik ku jam 7 tekan jam 9 WIB. Tata carane kui podo koyo salat wajib liyane. Salat duha kui ono dua rakaat lan awak dhewe iso ngelakoe salat kui tekan 6 kali utowo dadi 12 rakaat. Bedane, neng rakaat pertama dianjur ke moco surat Ad-Duha lan neng rakaat keloro moco surat As-Syams. Sak liyane, ngelancarke rejeki, salat wiwitan awan iki duwe keutamen liyane, koyo pengganti sedekah. Salat duha uga dadi bukti yen awak dhewe ora lalai utowo lali yen awak dhewe neng donyo iki mung dadi hamba Allah.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7000", "text": "Liburan semester iki, aku ambek keluargaku preian nang Gunung Bromo, salah siji gunung aktif sing lokasine nang Probolinggo, Jawa Timur. Awak dewe berangkat rodo awan soale bakal mlaku-mlaku pas sesoke. Tutuk penginapane wes rodo sore. Karena pegel, dadi kene kabeh mutusno gawe istirahat soale sesok kudu tangi sak durunge shubuh. Sesoke, kene kabeh langsung berangkat nang Penanjakan, yaiku spot ndek Bromo sing biasa digawe nontok sunrise. Ngenteni rodok suwe, tapi akhire keturutan sisan isok ndelok sunrise sing uapik pol iku. Marine iku, bapakku nyewo mobil jip terus mlaku-mlaku nang padang pasire. Sakjane kate mlaku munggah nang puncak Bromo ne, cuma adikku wes rewel njaluk balik penginapan. Dadi nang kono awak dewe mek komanan ndelok sunrise, gak sempet nikmati sing liyane. Tapi aku tetep seneng kok.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "10100", "text": "Lumpia dados oleh oleh ingkang paling asring dipunpadosi saking kutha Semarang. Nyamikan ingkang asalipun saking Cina menika wonten kalih macem, inggih punika lumpia kering lan lumpia basah. Lumpia kering utawi lumpia goreng luwih awet menawi dibeta kangge oleh oleh. Wonten Semarang, reginipun lumpia lumayan awis. Nanging, regi awis menika sebanding kaliyan raosipun ingkang eca. Isinipun lumpia wonten tigan godhog, rebung, lan suwiran daging ayam utawi urang. Pelopor ingkang damel nyamikan menika inggih punika tiyang saking Cina ingkang asmanipun Tjoa Thay Joe. Semahipun Joe menika tiyang Semarang. Mila, piyambakipun nyobi damel nyamikan ingkang nggabungaken budaya Cina kaliyan Indonesia, inggih menika lumpia ingkang diremeni ngantos sakmenika.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "595", "text": "Rendang kui salah satu panganan khas Minang sing disenenge karo wong-wong Indonesia. Iki iso dibutike neng omah makan padang sing akeh sak Indonesia lan menu rendange sing kerep entek. Saking enake, olahan daging sing dimasak suwe tekan ireng iki tau dinobatke dadi panganan paling enak sak donyo. Nanging, ora wong Indonesia to sing seneng, wong Malaysia uga seneng panganan kui. Awak dhewe lan tonggone dhewe kui rebutan sopo sing sebenere duwe masakan kui. Padu koyo ngono kui sebenere ora perlu, mergo rendang kui duwe ke loro negoro kui. Luwih tepate, angel kanggo nelusuri sopo sing pertama nyiptake rendang. Ono sejarah sing jlimet sing ono hubungane karo loro negoro kui.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5482", "text": "Pilates kuwi olahraga sing ngandelake kelenturan awak nanging konsepe luwih modern saka yoga. PIlates iki dadi olahraga sing digandrungi ning Korea Selatan, utamane para artis amarga bisa njaga bentuk awak kanthi apik uga bisa ngelatih konsentrasi. Gerakan pilates iki meh padha kaya yoga, nanging ana kombinasine kaya nganggo alat sing canggih uga variasi gerakan sing luwih angel. Pilates iki fungsine yaiku uga bisa ngoreksi bentuke awak, utamane sing bungkuk lan pundak sing ora imbang. Pilates iki bisa ngelancarake peredaran getih saka jantung amarga gerakane bisa ngetutake bentuk pembuluh darah sing ana ning awak. Pilates iki uga bisa kanggo ningkatake kualitas seks kanggo pasangan. ", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "6314", "text": "Dana darurat ning jaman saiki kuwi dadi kepentingan wajib sing kudune kabeh wong paham fungsine lan uga ngerti kepiye pembagiane. Dana darurat iki bisa kanggo ngganteni asuransi yen kabeh kebutuhan kuwi ora bisa terpenuhi. Kadhang dana darurat iki disimpen ning salah siji rekening dhewe. Dana darurat iki uga kudune disimpen ning panggonan sing gampang diakses amarga pas wayah darurat uga kudu bisa dijupuk. Kadhang, dana darurat iki kudu rahasia ben ora gampang dijupuk lan uga kudu bisa diwarisake. Wong bisa nyiyapake dana darurat, nanging kadhang sing angel yaiku piye carane ben teratur lan uga ora medhit marang dana darurat iki. ", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "9", "text": "Sebagai wong sing cilikan neng luar Jogja, aku ngeroso ora cocok karo bakso sing ono neng kene. Bakso neng Jogja iki duduhe butek dadi neng tenggorokan kerosone kurang seger. Tekstur baksone yo kurang pas. Lan ono bakso kering sing ora biasa ono neng bakso-bakso liyane. Sing kepingin mangan bakso sing gayane koyo bakso cino. Aku ono warung rekomendasi. Jenenge Bakso Kepala Sapi. Bakso neng kono duduhe bening nanging roso tetep gurih. Tekstur baksone kenyel nanging roso danginge keroso banget. Sak porsine isine werno-werno, pilihane ono bakso biasa, bakso urat, tahu bakso, pangsit goreng, lan pangsit rebus. Pokokmen bakso iki cocoklah kanggo mahasiswa luar Jogja sing kangen bakso gaya cino koyo neng omahe.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "465", "text": "Ono wong sing takon yen Alquran kui ora entuk digowo neng kamar mburi, piye ukume gawe HP sing wis dipasang aplikasi Alquran neng neng jerone. Alquran kui kitab suci agama Islam sing umate kudu dikurmati. Wis sak yogyane, kitab kui ora digowo neng panggon-panggon sing reged, koyo kamar mburi. Nanging sing dilarang kui, gowo musaf utowo bentuk fisik seko Alquran utowo bukune. Yen aplikasi sing ono neng HP kui dianggep koyo pikiran utowo ingetan. Wong sing apal Alquran 30 juz kui ora dilarang mlebu kamar mburi. Podo koyo aplikasi neng HP, kui koyo memori sing disimpen neng perangkat gawaine awak dhewe.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "2301", "text": "Pas aku budal nang Jogja, tiba'e aku nemokno panggonan sing ramene pol karo wong mangan. Lah, aku terus pengen ngerti iku ono opo nang kunu. Terus aku marek melok delok, tiba'e iku wong dodol sego pecel. Nag njero pikiranku, \" ngunu ae ramene pol, paling yo pecel biasa.\" Terus aku melok nyobak menisan pengen ngerasakno pecele. Sak marine antri 10 menit, aku diteri pecele sing dikerubungi uwong akeh maeng. Mari ngunu, aku jajal disek sak sendok, heeemmmm... tiba'e rasane bedoe pol karo pecel-pecel liyane. Terus sing garai tambah enak maneh yaiku bumbune ono uletan kembang turi karo camba sing garai krenyes-krenyes. Nah, sing terakhir, ono maneh sing garai tambah enak maneh yaiku regane sing murahe pol 6 ewu wes oleh pecele, nag nambah gorengan ambek liyane takokno dewe nang bakule. ", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "1705", "text": "Nikah kui ora mung gatuke wong lanang karo wedhok tok, nanging uga gatuke rong keluarga seko masing-masing mempelai. Pas nikah awak dhewe ora mung mikir piye carane awak dhewe urip bareng karo wong sing anyar neng jero uripe dhewe, nanging awak dhewe uga kudu ngerti carane gatuke loro keluraga sing bedo. Gatuke pikirane dhewe lan pasangane dhewe kui ora gampang. Luwih angel meneh, gatuke loro keluarga mau. Senadyan, keluarga-keluarga kui ora bakal ketemu terus. Nanging mesthi ono momen-momen, dheweke podo kumpul. Yen awak dhewe ora iso gawe akur keluarga kui, iso dadi malah tekan sengit-sengitan, urip pernikahan dhewe iso dadi ora karuan.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "442", "text": "Salat kui tiyang agama kanggo wong sing nganut agama Islam. Nanging pas salat, mungkin sebagian seko awak dhewem ono sing ngeroso ragu yen salate dhewe kui wis bener opo durung. Awak dhewe sok-sok lali rakaat utowo woconan salate wis bener opo durung. Sak liyane kui, sing kerep marake ragu babagan sah opo orane salat kui, perkoro kentut. Kentut kui ngebatalku wudu lan sisan salate. Nanging pas sak jane, awak dhewe ora terlalu yakin, awak dhewe kui tenanan kentut opo mung dibayange dhewe wae. Yen pas salat kui, awak dhewe kudu gatek rong tanda. Tanda sing kesiji, awak dhewe krungu swarane. Yen awak dhewe ora krungu swara kentut, awak dhewe iso ngelanjutke salat. Sing keloro, awak dhewe ora ngambu kentut. Yen ora mambu opo-opo, awak dhewe oleh ngelanjutke salat meneh.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "6300", "text": "Aku duwe tangga arane Mbak Suci. Mbak Suci iki wis rabi karo wong sing kerjane ana ning laut lan baline 3 sasi sepisan. Bojone iki kerja ning industri pengepakan iwak. Mbak Suci iki urip ning omah cilik sing resik lan uripe katon adem ayem. Yen wayah bojone bali, Mbak Suci iki mesti sregep menyang pasar karo bojone lan masak macem-macem. Wis 2 taun kerja, Mbak Suci iki akhire digawa bojone menyang Bali amarga gaweane wis pindah ben ora sering ninggalake bojone. Mbak Suci lan bojone iki durung duwe anak amarga isih pengen stabil dhisik panggonan omahe. Kamangka, yen aku lunga menyang Bali, aku pengen dolan ning omahe.", "label": 5, "label_text": "slice of life"} {"id": "5430", "text": "Aku wis suwe banget pengen tuku sepeda statis kanggo olahraga ning omah. Sepeda statis iki wis dadi kepengenanku wiwit jaman pandemi 2020 amarga aku ora bisa metu marang jaba omah amarga kasus pandemi isih akeh banget. Banjur aku nyelengi saka dhuwit kerja sing tak kumpulake setaun lan akhire bisa tuku sepeda statis. Maune ibuku ora ngolehi amarga ibuku pengen aku nganggo sepeda biyasa ben bisa irit. Nanging, barang wis ngerti manfaate akeh, ibu langsung setuju amarga ben tetep bisa sepedaan ning jero omah wayah udan. Sepeda iki irit amarga tanpa listrik lan bisa disimpen ning panggon sing ora sepira amba amarga ukurane sing cilik.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5566", "text": "Babagan ngeresiki blender utawa penggiling kuwi dadi salah siji kewajiban sing kudu dilakoni saban rampung masak. Blender iki bisa dadi sarang penyakit amarga ora diopeni lan bisa dadi pemicu rasa masakan sing kurang enak. Kamangka, ana cara-cara kanggo ngeresiki blender. Kaping pisan yaiku yen blender rampung dinggo, kudu langsung diumbah amarga yen ora langsung diumbah, sisane panganan kuwi bisa nemplek lan ora bisa diilangi. Kaping pindho, blender kuwi kudu diumbang nganggo banyu anget sak durunge uga sak uwise masak ben ora gampang kena bakteri. Kaping telu yaiku ngeresiki kanthi titen, kaya ning sela-selane mata ladhing sing cilik uga perlu diresiki. ", "label": 6, "label_text": "technology"} {"id": "1226", "text": "Sakdurunge awak dhewe mutuske yen awak dhewe arep golek duwit tambahan seko dodolan neng omah. Ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu takon neng awak dhewe sak piro gedhe niate awak dhewe gawe usaha kui. Awak dhewe uga kudu ngerti opo tujuane. Yen tujuane kui ora kuwat, awak dhewe mengko bakal kangelan dalani bisnise kui. Sing keloro, awak dhewe kudu mastike yen jadwale awak dhewe selo. Awak dhewe ora kekeselan mergo gaweane dhewe sing utama. Sing ketelu, awak dhewe kudu duwe modal sing cukup kanggo bukak lan biaya operasional, paling ora 3 sasi. Yen durung cukup, awak dhewe iso nabing disik.", "label": 7, "label_text": "business"} {"id": "8914", "text": "Aku iku tau dicurhati ambek tanteku mergo anake iku gak leren gawe dolen game PUBG. Ket isuk sampe bengi iku dolen terus. Leren e iku mek pas mangan, sholat, karo turu tok. Tanteku heran sisan ambek tujuan anake sing rajin dolen PUBG ben isok dadi atlet. Batin e tanteku, atlet opo sing dolen game terus iku. Mbiyen aku yo mikir ngono, tapi aku wes eroh nek game iku isok dikondo dadi olahraga bahkan wes onok cabang olahragane sing jenenge Esports. Onok alesan e kok opo’o Esports iku dadi cabang olahraga sing bergengsi jaman saiki. Hal iku mergo cabang olahraga iki butuh tenaga manusia berupa kecepatan, ketangkasan, ambek strategi koyok olahraga pada umume. Makane Esports iki ancen layak dikondo dadi cabang olahraga.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5182", "text": "Swargi Mbah Maridjan iku salah siji tokoh adat sing kondhang ning Jogja amarga pengabdiane marang Sultan Hamengkubuwono kaping IX kanggo njaga Gunung Merapi. Mbah Maridjan iki duwe gelar yaiku Mas Penewu Surakso Hargo. Saban ana Gunung Merapi mbledos, Mbah Maridjan iki mesti ngewenehi komando marang warga kanggo ngungsi ning panggon sing luwih aman. Amanat dadi juru kunci kuwi dilakoni kanthi Swargi Mbah Maridjan mangkat taun 2010 sasi Oktober amarga kena awan panas sing dhuwure wis 1,5 meter karo 16 wong liyane lan ditemokake ing kondisi awak kebak luka bakar. Taun 2011, Mbah Maridjan oleh penghargaan saka provinsi, yaiku kategori pelestari adat lan tradisi.", "label": 4, "label_text": "culture & heritage"} {"id": "5001", "text": "Saban dina minggu, aku mesti nggolek wektu sing pas kanggo lunga karo kancaku amarga aku ngenteni kancaku sembahyan ning Gereja Kota Baru Jogja. Ning kekancanan kuwi, aku dhewe sing muslim. Saban minggu isuk, kancaku mesti ibadah jam 7 kanthi jam 9. Rampung kuwi biyasane ana acara ning gereja. Pas wayah natal, kancaku mesti akeh kegiyatan ning gereja kaya dadi panitia gereja, melu dekorasi, utawa ngelayani ning gereja dadi penyanyi paduan suara. Bocah iki pancen sregep lan mesti ngewenehi pitutur babagan ibadah masio duwe keyakinan sing bedha. Saban natal, aku uga mesti oleh jajan sing bentuke lucu-lucu lan uga akeh buah-buahan.", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "800", "text": "Olahraga favorit kui pas cilik kui bal-balan. Alasane kui sepele sak jane. Aku lahir neng Lampung. Neng Lampung kui ono patung gajah sing lagi midak utowo nyekel bal. Seko kui, aku jupuk kesimpulan. sebagai wong sing lahir neng Lampung kui aku udu seneng bal-balan. Dadi tekan aku SD, pokokmen sadurunge aku dadi lemu, aku kerep dolan bal-balan karo konco-koncoku. Mergo pas kui, aku ora duwe tonggo sing sak umuran karo aku, aku mung iso bal-balan neng sekolahan. Aku jajal kabeh posisi seko dadi penyerang, gelandang, bek, tekan kiper. Nangging jebul, aku ora dolane kui ora seapik sing tak bayangke. Dadi aku kerep dideleh neng posisi bek, karo konco-koncoku. Pas awakku wis lemu, aku wis arang dolanan bal-balan meneh.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "5076", "text": "Ning agama Islam, ana salah siji ajaran babagan ngabekti marang wong tuwa. Ngabekti marang wong tuwa iki dadi kautamaan amarga wong tua ning agama islam iki dimuliyakake uga wis akeh berkorban marang anak. Ning al-quran iki ana 6 ayat sing njelaskake babagan dadi anak sing apik gawe wong tuwa. Miturut al-quran, cara ngabekti marang wong tuwa ana akeh carane, salah sijine yaiku dadi anak soleh sing terus ndedunga marang Gusti Allah. Banjur kaping pindhone, kudu nduwe tata krama marang wong tuwa. Kaping telu, anak kudu ngopeni wong tuwa. Kaping papat, ora oleh nyentak marang wong tuwa nganggo kata kasar utawa omongan \"ah\". ", "label": 3, "label_text": "religion"} {"id": "7018", "text": "Restoran utowo Kafé sing berbau ala ala Korea ancen wes akeh banget nang Suroboyo. Cuma Kafé sing siji iki koyoke sek durung akeh wong sing eroh, jenenge Café Jalan Korea. Lokasine nang jalan Raya Jemurasi, kecamatan Wonocolo. Acer acer e iku nang mburine Holland Bakery, dan onok nang njero kawasan ruko. Sing marai Kafé iki spesial adalah porsi panganane sing jauh luwe akeh timbang Restoran dan Kafé korea liyane sing onok nang Suroboyo. Ancen regane luwe larang seh, soale porsi panganane sing jumbo. Wes ngono, rasa panganane gak onok sing gak enak. Mulai teko panganan utama, dessert, sampe ngombene. Dadi awakmu kabeh sing penasaran, ndang langsung budhal mrene.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "197", "text": "Seko cilik, awak dhewe mesthi ono pelajaran gambar. Sebagian besar bocah cilik kui iso dipastike seneng gambar. Nanging pas wis gede, ora akeh wong sing neruske hobi gambare kui. Alasane mungkin akeh sing ngeroso ora ono bakat. Wong sing mandeg ngelukis kui ngeroso neng gambare elek. Padahal, ono wong sing ngeroso koyo ngono kui nanging sakjane tetep iseh pengen gambar nanging isin karo konco-koncone. Wong sing wis ngubur minate neng gambar kui tetep iso berkarya lewat gambare saiki. Ngelukis kui salah siji medium kanggo berekpresi. Sopo ngerti kegiatan sing wis suwe ora dilakoke kui iso ngewehi dampak apik neng kesehatan mentale.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "9349", "text": "Nalika dolan menyang wisata alam kaya gunung utawa segara, bab kang kapetung wigati yaiku transportasi. Apamaneh yen wisata kanthi rombongan nganggo bus apa minibus, nyok dhong transportasi mau kudu diparkir ana papan parkir banjur anggone nuju papan wisata nganggo transportasi liya. Bisa becak, sepur kelinci, motor, jeep, mobil offroad, lan liya-liyane. Sakjane yen pengelola transportasi wisata nggatekake rasa ayeming wisatawan, mula papan kuwi bakal kaloka awit hospitalityne sing apik. Nanging isih akeh wae supir transportasi lokal sing kerep 'nuthuk' rega sewa jasa transportasi. Umpane ana ing gunung, wong kang kepengin munggah tekan pucuk gunung langsung dithuthuk misale \"500ewu ya Mas\". Padahal luwih prayoga yen antarane wisatawan lan pengelola bisa rembugan apadene nyang-nyangan sikik. Mula, yen kepethuk pengelola wisata kang kaya mangkono mau, diniati wae sedekah kareben dadi berkah.\r", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "140", "text": "Minggu wingi, aku lan ibuku neng Bogor. Awak dhewe neng Bogor bar jenguk eyang putri sing lagi lara. Aku lan ibuku neng Bogor wis rong minggunan. Dino Kemis bengi, aku lan ibuku arep balik meneh neng Yogyakarta. Awak dhewe bali numpak sepur Bogowonto seko Stasiun Pasar Senen. Tiket sepur kui aku tuku neng aplikasi resmi seko KAI kanggo rego Rp315.000. Seko Bogor aku numpak KRL neng Jakarta. Awak dhewe nganggo KRL sing tujuan Stasiun Kota. Mergo ora ono KRL sing medun neng Stasiun Pasar Senen, awak dhewe mudun neng Stasiun Gondangdia. Seko stasiun kui, awak dhewe nganggo bajaj neng Stasiun Pasarsen. Aku lan ibuku tekan stasiun kui jam 08.000. Awak dhewe kudu ngenteni 3 jam sadurenge sepur Bogowonto teko.", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "6919", "text": "Restoran cepat saji wes uakeh nang kota Suroboyo. Brand e yo onok muacem-macem. Tapi onok siji restoran cepat saji sing dodolan burger uenak, yaiku Carls jr. Cabang e wes onok beberapa nang Suroboyo dan gampang banget ditemoni. Sing marai burger nang kene bedo teko liyane iku daging burger e sing tebel terus gak amis. Nek rasa gak usah komen maneh, wenak pokoke. Terus ukuran rotine iku gede puol. Durung maneh isian sayur e sing uwakeh. Mangan iki siji tok, wareg e isok sampe sesok e. Mbasio regone luwe larang teko burger nang restoran cepat saji liyane, tapi iling rek, onok rego onok rupo, dadi sepadan lah. Dadi gak usah ragu maneh nek kate nyoba burger nang Carls jr.", "label": 0, "label_text": "food & beverages"} {"id": "4743", "text": "Sepur kelinci wis dadi salah sawijing transportasi wisata ning Pemalang sing kesohor amarga rutene sing ora terbatas. Sepur kelinci iki muat kanthi kira-kira 20 wong sak gerbong. Yen 2 gerbong ya kira-kira 40-an wong. Sepur kelinci iki disewakake kanggo kebutuhan wisata kaya ning Pantai Widuri, alun-alun Pemalang, pabrik gula lawasan, lan nang panggonan sing dikarepake karo sing nyewa. Sepur kelinci iki bisa mlebu lan metu kampung lan regane luwih murah yen dibandingke karo nyewa mobil. Ana macem-macem werna mobil lan bahan bakare mobil iki saka solar, kamangka kuwi regane bisa luwih murah. Rega sewane sepur kelinci iki bisa 300 ewu kanthi 500 ewu miturut rute sing dikarepake. ", "label": 2, "label_text": "leisures"} {"id": "7770", "text": "Koyok biasa, dino iki lagi praktek gawe njupuk nilai pelajaran Penjaskes. Kali iki praktek e olahraga basket khusus gawe murid wedok. Soale sing lanang wes mari dinilai minggu lalu. Penilaiane gampang, mek dribble karo ngelebokno bola basket nang ring e. Engkok siji-siji diceluki sesuai absen dan bakal praktekno iku mau. Pertama, wayahe Andin. Arek iku langsung njupuk bal werno oren iku dan mulai nge-dribble nak panggon tok. Terus pas guruku wes ngongkon mlaku, baru Andin mlaku dan mulai nyedek nang ring. Pas kate ngelebokno nang ring, de’e nguncal kegeten dan ngelewati ring e iku mau. Siale, bal e iku mau malah mleset dan ngeneki sirane arek liyo. Untunge ae gak kenek get nemen, dadi arek sing dadi korban iku mau gak sampe cedera.", "label": 1, "label_text": "sports"} {"id": "9695", "text": "Fungsi rumah ibadah ora mung kanggo ngelakoni ibadah marang Gusti wae. Ana fungsi-fungsi kemanusiaan, kemasyarakatan, lan pendidikan sing bisa dilakoni ana ing rumah ibadah. Kayata saiki masjid ora mung kanggo sholat wae. Masjid bisa digunakake kanggo rapat, kanggo komunitas pengajian, kanggo melayani masarakat, lan liyane. Masjid uga dadi pusat ekonomi kanggo ngewangi ekonomine masarakat saubenge masjid sisan. Misal ning masjid ana sing bukak bazar utawa dodol barang sing disenengi jamaah. Operasional utawa manajemen masjid uga kudu apik supaya ora ngabotna masarakat lan malah nggawe masarakat bisa seneng. Mula, ora perlu wedi kanggo ngeramekna masjid supaya masjid tetep bisa dadi panggon sing akeh manfaate.", "label": 3, "label_text": "religion"}